Anda di halaman 1dari 1

PIDATO SAKING KELUARGA MEMPELAI PUTRA

Assalamualiakum wr.wb
Hadirin ingkang kula hormati.
Sumangga kita ngraosaken puja lan puji syukur dumateng ngersanipun gusti
Allah SWT ingkang sampun maringi kita mapinten pinten kerahmatan lan
kenikmatanipun, sahingga kita saget kempal wonten meriki kaperlu ndugeni
undangipun bapak Hatta Rajasa sakeluarga. Mugiyo ing dalem kehadiran kita niki
dipun ridhai kaliyan Allah SWT.
Mboten kesupen shalawat serta salam, mugiya tetep kunjuk dumateng nabi
kita Nabi Muhammad SAW ingkang sampun mbeto umatipun saking jaman
jahiliah dhumugi jaman islamiah ingkang kita alami sakniki.
Hadirin ingkang bahagia
Kula wonten mriki atas nami wakil saking rombongan pengaten jaler bade
matur agunge pangapunten mbok menawi wonten lelampahan lan prilaku kita
ingkang kirang sopan kados wonten mriki lan ugi ing dalem wicantenan lan lintu
lintunipun. Lajeng kula atas nami wakil saking rombongan pengaten jaler inggih
meniko bapak Susilo Bambang Yudhoyono sekeluarga nyampekaken salam
ingkang ucapanipun inggih menika Assalamualaikum Warakmatullahi
Wabarakatu dumateng keluarga estri inggih meniko bapak Hatta Rajasa
sekeluarga.
Semanten ugi bapak Susilo Bambang Yudhoyono sekeluarga nyampekaken
salam dumateng keluarga penganten estri, ugi bapak Susilo Bambang Yudhoyono
nitipaken putraipun, ingkang dereng saget nopo nopo babar blas niki. Pramilo
saking niku, ampun ngatos segan segan meringi petedah lan nasihatipun,
keranten adik kula Edhi Baskoro Yudhoyono niki taksih mbutuhaken bimbingan
saking bapak Hatta Rajasa sekeluarga.
Akhiripin kula atas nami wakil saking rombongan pengaten jaler niki
nyuwun agunge pangapunten beleh nopo ingkang kula aturaken wahu wonten
kelepatanipun.
Akhirul kalam bilahi taufik walhidayah waridho wainayah
Wasalamualaikum wr.wb
ANUGRAH TAMAM BASRONI
XII IPA 5/01

Anda mungkin juga menyukai