Anda di halaman 1dari 2

Tugas Bahasa Jawa

Anggota

Aulia Pradnya
Laura Virgine H.
Timothy T.Y
Galang Ahmad B.

Legenda Candi Prambanan


Ana ing jaman kerajaan Hindu-Budha wonten satunggaling pangeran kang nduwe jeneng
Raden Bandung Bondowoso, panjenenganipun nun injih putra saking raja Pengging Prabu
Damar Moyo. Raden Bandung Bondowoso sawong pangeran sing terkenal kuwat lan sekti
mandraguna.
Kajaba Pengging, ana kerajan sing liya sing nduwe jeneng Keraton Boko. Raja Keraton
Boko nun injih Prabu Boko lan satunggal patih kanti asma Patih Gupalo. Prabu Boko nduwe
putri sing ayu banget kanthi jeneng Lorojonggrang.
Ana ing sawijining dina Prabu Boko nduwe pepinginan ngambakne wilayah kerajan
kanthi nyerang kerajan Pengging. Prabu Boko ngumpulake pasukan kanggo nyerng kerajan
Pengging. Peerangan gedhe banjur kedadean, korban jiwa lan bandha tansah katon ana ing pihak
kerajaan Pengging ugo kerajaan Boko. Kanggo ngurangi rakyate sing mati, Prabu Damar Moyo
dawuh dening anake yaiku Raden Bandung Bondowoso supaya perang ngelawan Prabu Boko.
Mergo kekuwatan lan kesektian saka Raden Bandung Bondowoso, Prabu Boko banjur bisa
dikalahake nganti tekan patine.
Krungu Prabu Boko mati, Patih Gupala dawuh marang pasukane kanggo mundur saka
kerajaan Pengging mlayu menyang kraton Boko. Raden Bandung Bondowoso kang ngerteni yen
prajurit saka kerajaan Boko mundur banjur ngoyak Patih Gupala lan pasukan sing mlayu
menyang Keraton Boko. Patih Gupala sing ketok dhisik dewe ana Keraton nemoni Roro
Jonggrong lan ngandhani menawi Prabu Boko wis mati neng tangan Raden Bandung
Bondowoso. Ora suwe banjur Raden Bandung Bondowoso dugi ing keraton Boko. Pas dheweke
lagi nggoleki Patih Gupala neng jero istana, dheweke ketemu karo anak Prabu Boko yaiku Roro
Jonggrang. Amarga ayune Roro Jonggrang, Raden Bandung Bondowoso langsung katresnan
marang piyambake. Lan njaluk kanggo bebatihan. Ananging Roro Jonggrang ora gelem, amarga
dheweke ngerti menawi Raden Bandung Bondowoso sing wis mateni bapake.

Kanggo nolak lamaran Raden Bandung Bondowoso, Roro Jonggrang menehake syarat
yen Raden Bandung Bondowoso pengen ngrabeni piyambake. Roro Jonggrang banjur
ngendikan: Yen sampean pengen ngrabeni aku, Samoean kudu nggawekne aku siji sumur lan
sewu candi ana wektu sewengi.
Panjaluk Roro Jonggrang pancen mustahil dilakoni. Ananging Raden Bandung
Bondowoso nyaguhi penjaluk saka Roro Jonggrang kasebut. Piyambake banjur nggawe sumur
sing saiki dikenal kanthi jeneng Jalatunda. Lan nggawe 1000 candi kanthi njaluk bantuan para
lelembut kanggo mbangun candi kasebut.
Kawatir Raden Bandung Bondowoso bisa nggrampungake gaweane banjur Roro
Jonggrang njaluk dayang-dayang kanggo nutu pari lan ngobong damen neng siseh wetan supaya
dikira menawi esuk wis teka. Para lelembut sing ngewangi Raden Bandung Bondowoso kanggo
mbangun 1000 candi pada kabur amarga wedi arep esuk. Bangunan 1000 candi durung genep,
Raden Bandung Bondowoso mung bisa nutugake nganti 999 candi.
Raden bandung Bondowoso nesu, murka amarga saktemene srengenge durung njedul.
Piyambake nesu basan reti yen Roro Jonggrang sing wis nglakoni kabeh mau supaya para
lelembut ngiri srengenge wis njedul. Raden Bandung Bondowoso nesu lan ngutuk Roro
Jonggrang dadi arca sing kanthi saiki dikenal kanthi jengen Arca Dewi Durga kanggo mepaki
1000 candi kesebut.

Anda mungkin juga menyukai