Anda di halaman 1dari 1

Surabaya Isuk

Dening : Teguh
Bocah wadon …
Ndhelik onok mburine lampu abang
Rambute sing dikepang …
Karo nganggo sandal jepit

Bocah wadon …
Mesam – mesem antarane barisan ruko
Bengak – bengok suarane
Onok ewunan montor dalanan

Bocah wadon …
Rupamu sing ireng peteng
Keno asape knalpot
Gawe klambi ijo onok antarane
Kebun kutho

Bocah wadon …
Awe – awe ngajak kabeh wong
Podo tuku koran
Koran … koran …

Anda mungkin juga menyukai