Anda di halaman 1dari 8

GUGUR GUNUNG

Ayo (Ayo)

Konco (Konco)

Ngayahi karyaning projo

Kene (kene)

Kene (kene)

Gugur gunung tandang gawe

Sayuk sayuk rukun

Bebarengan ro kancane

Lila lan legowo

Kanggo mulyaning nagoro

Siji (loro)

Telu (papat)

Maju papat papat

Diulang ulungake

Mesthi enggal rampunge

Holobis kuntul baris

Holobis kuntul baris

Holobis kuntul baris

Holobis kuntul baris

Pencipta : Ki Nartosabdo
SLUKU-SLUKU BATOK

Sluku-sluku bathok

Bathoke ela-elo

Si Rama menyang Solo

Oleh-olehe payung motha

Mak jenthit lolo lobah

Wong mati ora obah

Nek obah medeni bocah

Nek urip goleka dhuwit


Gethuk

Sore-sore padang bulan

Ayo konco podo dolanan

Rene-rene bebarengan

Rame-rame e..do gegojegan

Kae-kae rembulane

Yen disawang kok ngawe-awe

Koyo-koyo ngelingake

Konco kabeh ojo turu sore-sore

Gethuk, asale soko telo

Moto ngantuk, iku tambane opo?

Ach ach.. halah getuk asale soko telo

Yen ra petuk atine rodo gelo

Jo ngono mas

ojo-ojo ngono

kadung janji mas

aku mengko gelo


Waru Doyong

By DeoBrak_Nada

Waru waru doyong mas

Doyong neng pinggir kali

Ayu moblong moblong

Saikine ono ngendi

Tuku duku opo langsep

Kangenku wis mencep – mencep

Waru waru doyong mas

Doyong neng pinggir kali

Ayu kinclong - kinclong

Kowe tansah tak enteni

Benang lawe kloso amoh

Yen ra kowe aku emoh

Waru waru doyong mas

Doyong kayune waru

Aku wis mbetotong

Kamu kok gak tahu

Tahu kupat bumbune mrica

Aku wis sekarat kowe pijer endo

Waru waru doyong mas

Doyong neng pinggir kali

Jo mung pinter ngomong

Sing becik biso nyontoni


Tuku cangkir sak tutupe

Ayo mikir nasib bangsane

Waru waru doyong mas

Doyong neng prapatan

Ojo mung waton ngomong

Seneng nyalahake liyan

Kebut kebutan ono ndalan

Sikut sikutan golek jabatan

Waru waru doyong mas

Doyong didoyongake

Jo mung pinter ngomong

Sing penting tandang gawene

Sama – sama bareng – bareng

Tanpa nama rodo gayeng

Waru waru doyong mas

Doyong neng pinggir kali

Ayo gotong royong

Mbangun negeri iki

Limo enem wolu songo

Murih tentrem lan raharjo

DiGoyong Bro

By DeoBrak_Nada
Waru waru doyong mas

Doyong neng pinggir kali

Ayu moblong moblong

Kowe tansah tak goleki

Ono sapi menek wit klopo

Rabi sing nyanyi munggah swargo

Waru waru doyong dik

Doyong neng pinggir omah

Ayu moblong moblong

Kowe ora ono neng ngomah

Menyang pasar tuku areng

Durung dilamar kok wis meteng

Waru waru doyong yo mas

Doyong neng pinggir omah

Ayu moblong moblong

Penyanyine ayu ora tau omah

Blarak disampirke

Omahe cerak ora ngampirke

Waru – waru doyong dik

Doyong neng prapatan

Ayu denok deblong

Rung dirabi kok ngajak pegatan

Ngathang athang sedino ping papat

Ayo sembahyang nggo sangu akhirat


Waru doyong
Waru – waru doyong mas

Doyong neng pinggir kali

Ayu moblong moblong

Kowe tansah tak goleki

Mangan tahu ketiban clurit

Jarene mlebu jebul dikempit

Waru waru doyong dik

Doyong neng prapatan

Ojo mung waton ngomong

Seneng nyalahake liyan

Tuku clurit tekan mbatu

Yen ra dijepit kok ora metu

Waru waru doyong mas

Doyong di kethok kethok

Ayu kinclong kinclong

Sayange yen turu ngorok

Jam papat punjul limo

Wonten lepat nyuwun pangapuro


PEPILING

Wis wancine tansah dielingake

Wis wancine podo nindaake

Adzan wus kumandhang wayahe sembahyang

Netepi wajib dawuhe pangeran

Sholat dadi cagak ing agomo

Limang wektu kudu tansah dijogo

Kanthi istiqomah lan sing

tumakninah

Luwih sampurno yen berjama’ah

Subuh Luhur lan ‘Asar

Sholat sayekti ngadohke tindak mungkar

Maghrib lan ‘Isya’ jangkepe

Prayogane ditambah sholat sunate

Jo sembrono iku printah agomo

Ngelingono neng ndonya mung sedelo

Sabar lan tawakal pasrah sing kuoso

Yen kepengin mbesok munggah suargo

Anda mungkin juga menyukai