Anda di halaman 1dari 12

Tembang Dolanan Jawa

Tembang dolanan jawa adalah lagu lagu


jawa yang dinyanyikan oleh anak-anak
jawa dengan gerak  atau diam yag diiringi
oleh gamelan yang bisa membuat anak-
anak menjadi senang dan biasanya
dibawakan secara berkelompok sesuai
dengan permainan. tembang dolanan
jawa sendiri mempunyai karakteristik
mudah dipelajari, menyenangkan,
Mempunyai nada-nada yang
pendek/Ambitus, dan Dinamis. Tembang
dolanan jawa bukan hanya sekedar lagu
akan tetapi merupakan karya sastra yang
jawa.

SEMARANG, 2020
.Tembang Dolanan Lir Ilir

Ilir-ilir tandure wis sumilir

Tak ijo royo-royo taksengguh temanten anyar

Bocah angon-bocah angon penekna blimbing kui

Lunyu-lunyu penekna kanggo mbasuh dodotiro

Dodotira-dodotira kumitir bedhah ing pinggir

Dondomana jrumatana kanggo seba mengko sore

Mumpung padhang rembulane

Mumpung jembar kalangane

Ya soraka sorak hore


Tembang Dolanan

Jaranan
Jaranan jaranan jarane jaran teji,

Sing nunggang mas ngabehi

Sing ngiring para mantri..

Jrek..jrek nong, jrek..jrek gung

Srek esrek turut lurung,

Buk krincing gedebuk krincing

Prok prok gedebuk jedher..

Buk krincing gedebuk krincing

Prok prok gedebuk jedher.


Tembang Dolanan Gambang Suling

Gambang suling kumandhang swarane

Thulat tulit kepenak unine

U..uu.nine mung nrenyuh ake

Bareng lan kentrung ketipung suling

Sigrak gambangane.

Tembang Dolanan Jamuran

Jamuran ya ge-ge thok,


Jamur apa ya ge-ge thok
Jamur gajih mbejijeh sa ara-ara,
Semprat semprit jamur apa.
Tembang Dolanan Gundul-Gundul Pacul
Gundul-gundul pacul-cul gelelengan..

Nyunggi-nyunggi wakul-kul gembelengan..

Wakul glimpang segane dadi saratan..

Wakul glimpang segane dadi saratan..

Tembang Dolanan Cublak-Cublak Suweng


Cublak cublak suweng, suwenge teng gelenter

Mambu ketundhung gudel

Pak empo lera lere, sapa guyu delekake

Sir..sir pong dhele gosong..

Sir..sir pong dhele gosong.


Tembang Dolanan Gugur Gunung

Yo ayo kanca ngayahi karyane praja,

Kene..kene..kene..kene gugur gunung tandang gawe,

Sayuk sayuk rukun bebarengan ro kancane

Lila lan legawa kanggo mulyaning negara,

Siji..loro..telu..papat..maju papat papat,

Diulang-ulang ake mesthi enggal rampunge

Holopis kontul baris..holopis kontul baris..,

Holopis kontul baris..holopis kontul baris.


Tembang Dolanan Menthok-Menthok

Menthok-menthok tak kandhani

Mung rupamu angisin-isini

Mbokya aja ngetok

Ana kandhang wae

Enak-enak ngorok

Ora nyambut gawe

Menthok-menthok mung lakumu

Megal-megol gawe guyu


Tembang Dolanan Bang-Bang Tut

Bang bang tut cendelo ewo ewo

sopo prei ngentut ditembak rojo tuo

nyang kali ngiseni kendhi

jeruk purut wadhah entut

Tembang Dolanan Domino


Domino idomino ono babu nggendong sinyo
sinyone nangis wae didolani montor mabur
montor mabur kapal udara numpak sepur mudhun Jakarta
jakarta akeh copete sopir becak akeh duite
duite mung selawe lambe ndomble njaluk dijotos
Tembang Dolanan Dhondhong Opo Salak

Dhondhong apa salak

Dhuku cilik-cilik

Andhong apa mbecak

Mlaku dimik-dimik

Tembang Dolanan Suwe Ora Jamu

Suwe ora Jamu

Jamu godhong telo

Suwe ora ketemu

Ketemuy pisan

Gawe gelo
Tembang Dolanan Siaiki Aku Wes Gede

Saiki aku wis gede..

Sekolah mangkat dewe..

Ora usah  dieterake..

Bareng karo kancane..

Yen mlaku turut pinggiran,

Ora pareng gojegan…

Neng ndalan akeh kendaraan

Mengko mundhak tabrakan


Tembang Dolanan Kucing Gandhik

Kucing gandhik………. meong

(o)Mahmu ngendi…… ngerong

(o)Po ra gatel………….  adus

(o)Po ra adem………… kemul

(o)Po nduwe kemul…. tuku

(o)Po nduwe duit……..             utang

(o)Po (i)soh nyaur……. ngemplang

Yen ditagih……………..  ndhelik

Yen dioyak……………..  mlayu

Yen dicegat…………….  mlumpat


KLIPING TEMBANG DOLANAN
JAWA

DISUSUN OLEH

AVISA ZAHIRA AT TAAQILLA

SD – IT AL-KAMILAH SEMARANG

TAHUN 2020

Anda mungkin juga menyukai