Anda di halaman 1dari 5

Geguritan 1

Ing Wulan Purnama


(Dening: Irul S. Budianto)
Cublak-cublak suweng
Suwenge ting gelender
Mambu ketundhung gudel
Pak empong lera-lere
Sapa ngguyu ndhelikake
Sir, sir pong dhele kopong
Sir, sir pong dhele kopong

Bocah-bocah apraupan prasaja


Ngadhep rembulan ing plataran
Tetembangan lagu-lagu dolanan
Ora ana cuwilan crita dhuhkita

Ing akasa lawa kalong jejigaran


Banjur mudhun ngajak salaman
Tetepungan
Angin sumilir ngelus pangrasa
Wong tuwa kari ndulu lega
O, menawa bocah-bocah
Wis katrem tetembangan ing ngarep omah
Sawengi muput ora krasa ngantuk
Malah celathu : aku durung tutug
Cublak-cublak suweng
Suwenge ting gelender
Mambu ketundhung gudel
Pak empong lera-lere

Sapa ngguyu ndhelikake


Sir, sir pong dhele kopong
Sir, sir pong dhele kopong
Rembulan mlerok amping-amping mega
Kuciwa meruhi swasana
Sing wis salin salaga
Sing wis salin crita
Bocah-bocah saiki luwih seneng
Nembangake dhangdhut, rock, utawa simponi
Ninggal tembang-tembang edi
Warisane kakek moyang duk uni
Oh, angreranta ati!

Cublak-cublak suweng
Suwenge ting gelender
Mambu ketundhung gudel
Pak empong lera-lere

Sapa ngguyu ndhelikake


Sir, sir pong dhele kopong
Sir, sir pong dhele kopong
Eman
Saiki mung dadi barang wayu
Swarane ora tau keprungu
Wis Dak Jumputi Tatu-tatu
(Dening: Widodo Basuki)

Wis dak jumputi tatu-tatu


Sadawane dalan sadawane latar
Nalika pang-pang semi lan
Trubus padha pepes

Suket-suket gumerit njerit


Kepidak ketumbak, gumlundhung
Pathing glinting pathing gluntung
Gusti gusti

Saben dina dak rungu sandiwara, ing koran

Radhio lan televisi

Bakul jamu nganggo dhasi dodolan impen

Lan jampi-jampi

Gusti gusti

Kamardikan iki duweke sapa?

Nalika cangkem-cangkem padha dibungkem

Lan ukara-ukara wis dikunjara


kabeh wis kepidak ketumbak
Wis dak jumputi tatu-tatu
Sadawane dalan sadawane ratan
Lan nalika iku

Isih ana ukara sing kesingsal :

Delengen, mbesuk yen ing imbang wetan

Ana lintang sungsang

Wolak-walike jaman bakal

Ngunyerake kamardikan lan kabebasan

Dadi panah-panah saka pakunjaran


Gugat
(Dening: Sumono Sandy Asmara)

Aku gugat

Menawa ngrembuyunge gadhung

Ing pinggir lurung kae kok babat

Yen kowe nganggep ledhung-ledhung godhonge

Amung kinarya pamikat

Iku satemene mung panemumu sing kurang limpat


Anggonmu mbedakake antarane kodrat lan wiradat
Mendemi?

Iku kanggone sing durung ngerti

Legi, gurih, utawa sepa


Pancen kena kanggo timbangan
Nanging dudu ukuran

Lan ing kene kang kudu dipikuwat


Satemen dudu ilat, nanging mripat
Minangka gendhewaning tekad

Yen gadhung kok sengguh gadhungan

Aku gugat

Gadhung pancen dudu tanduran pethingan

Kang kena ditandur ing pot-pot peni


Lan kapajang ing meja-meja kantor
Nanging semi saka winih-winih

Kang kasimpar nalika abure bethet nabrak-nabrak

Selak kesusu mencok ing pange wora-wari

Senajan saiki ora kerumat

Nanging ing ijo pupuse wis tinulis kodrat


Kang mbesuk bakal crita marang kabeh rakyat

Ngudhal sawerning pisambat

Nganti aku gugat

Anda mungkin juga menyukai