Anda di halaman 1dari 4

LOLA

Dening : Mulyono Sudarmo

Lampu-lampu mati
lakune rerambatan sikile ringkih
nlusuri lawang-lawang kekancingan
thothok-thothok lirih
Pak, bapak ngakna, pak
yung, biyung ngakna , yung
ing jaba adheme ora jamak

O bapak, o biyung
aku kangen angeting asihmu
aku kangen nikmating katresnanmu,
aah,………………..
aku banget kapang kekudanganmu
ing gebyaring lintang sayuta
nanging , tan ana sabawa
lampu-lampu mati
lakune rerambatan sikile ringkih
nlusuri lawang-lawang bisu
jroning dhadha isih nggegem pitakonan

MBARANG
Dening: Dyan Annimataya Soer

Bocah cilik manis, kakang adhi


Runtang-runtung nyang endi-endi
Nyangking angklung saka bumbung
Mlebu lurung metu lurung

Bocah cilik manis, kedhana-kedhini


Runtang-runtung mbarang saparan-paran
Ngupa boga nyambung panguripan sadulitan
Nambal nistha sing lunga teka wira-wiri, nrenyuhi

Nembangi lagu-lagu, memelasi


Mbukak babad ngenesi ati
Koncatan bapa-biyung,
Dheweke tininggal keri

Bocah cilik manis, kedhana-kedhini


Runtang-runtung nyang endi-endi
Dina-dina uripe kaliput ayang-ayange mega

MUNG KARI SALEMBAR


Dening : Triman Laksana

Nunggu dina-dina kang terus naleni janji


Isih tetep padha ninggal jangkah sikil
Kang wis dadi gulungan wektu
Senajan kudu ngupadi dedalane ngaurip
Kaya ngetung napas-napas landhung
Kanggo unjal ambegan

Nyawang dluwang gambar angka-angka


Mbaka nyawiji marang lakune jaman
Sapa kang bisanyandheg lakune
Ana epek-epek tangan
Dadi lelandhesan kekarepan

Wis lumingsir
Nggunting wektu
Ninggal kawuri
Kanggo menenhi tandha

Dak suwek
Lembar pungkasan
Kebak tandha pitakon
(Djaka Lodang No. 43, 26 Maret 2011)
LELAKONE DEWI WINDRADI
Dening :Sumaryono

Ngger Guwarsa putraku


Ibu sumadya nampa sabdane ramamu
Aja mbok gawe sungkawa atimu
Nanging uga waspadakna samubarang kang semu

Ngger Guwarsi putraku


Mangertiya sejatine laku
Ibu ora bakal dadi tugu
Yenta dudu saka pakartiku

Nanging putraku
Ibumu manungsa satuhu
Duwe pepinginannuruti hardaning kalbu
Kang tininggal ramamu
Tan eling butuhing wanita

Ngger putriku Anjani


Wus pinesthi dalane
Sira kang bakal miyak waddiningtresna Bathara Surya
Cupu Manik Asthagina iki pinangka tandha mata
Nanging uga dadi sumbering memala

Ngger putraku kabeh


Ramamu Resi Gotamawus paring supata
Kuwatna lakumu, resikana atimu
Merga lairmu saka reretu tumindak saru
Ingapuranen luputku
Ibu narima dadi watu bisu
Kang tan bisa maelu ngluwarke putraku kabeh
Saka pepalang kang bakal koksandhang
Lurunen tapak-tapaking karma
Nganti tekaning satriyatama
Wohing tapabrata
Ibu pamit ngger,....
Kanggo saterusing wektu
Ngrantu jagad uwal king talining dewa
(Djaka Lodang No.41, 13Maret 2010)

Endi Dununge
Dening : Senggana

Sun iki turune Sang Gotama


nedya nggoleki jimat sejati
cupu manik asthagina

   Sun tlasak sakubenging wana


sun kebur Tlaga Madirda
sun silemi dhasaring pratala

Megeng napas njejak siti bantala


del mumbul ing jumantara
tumekeng mega lapis sapta

Sun sawang keblat papat


kidul wetan lor lan kulon
nanging tan ana katon

Nuli ambles ing dhasar bumi


nedya takon mring Ibu Pertiwi
endi dununge jimat sejati
tan kasil kapeksa bali

Ana tembung tanpa sabda


ana swara tanpa rupa
yen cupu manik Asthagina
manggon aneng telenging nala

Anda mungkin juga menyukai