Anda di halaman 1dari 6

‫‪DMDI‬‬

‫‪DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA‬‬


‫‪https://seruanmasjid.com‬‬

‫‪MAWUJUDAKEN NEGERI INGKANG‬‬


‫‪BINERKAHAN‬‬
‫)‪(Mewujudkan Negeri Yang Diberkahi‬‬

‫‪KHUTBAH 1‬‬
‫إن ْال َح ْمدَ َ َّّلِلَ‪ ,‬ن َْح َمدُهُ‪َ ,‬ونَ ْست َ َعينُهُ‪َ ,‬ونَ ْست َ ْغ َف ُرهُ‪َ ,‬ونَعُوذُ َب َّ‬
‫اّلِلَ َم ْن‬ ‫َّ‬
‫ض َّل لَهُ‪َ ,‬و َم ْن‬ ‫َّللاُ فَالَ ُم َ‬ ‫ت أ َ ْع َما َلنَا َم ْن يَ ْه َد َه َّ‬ ‫س َيئَا َ‬‫ور أ َ ْنفُ َسنَا‪َ ,‬و َ‬ ‫ش ُر َ‬ ‫ُ‬
‫َي لَهُ‪,‬‬‫ض َل ْل فَالَ َهاد َ‬ ‫يُ ْ‬
‫ش َهادَة َ َم ْن ُه َو َخ ْي ٌر‬ ‫أ َ ْش َهدُ أ َ ْن الَ اَلَهَ َاالَّ هللاُ َو ْحدَهُ َالش ََري َْك لَهُ‪َ ،‬‬
‫س ُن نَ َديًّا‪.‬‬ ‫َّمقَا ًما َوأ َ ْح َ‬
‫ارا‬‫ار َم َكبَ ً‬ ‫ف َب ْال َم َك َ‬ ‫ص ُ‬ ‫س ْولُهُ ْال ُمت َّ َ‬
‫ع ْبدُهُ َو َر ُ‬ ‫س َيدَنَا م َح َّمدًا َ‬ ‫َوأ َ ْش َهدُ أ َ َّن َ‬
‫ص َبيًّا‪.‬‬
‫َو َ‬
‫صادَقَ ْال َو ْع َد َو َكانَ‬ ‫س َي َدنَا ُم َح َّم ٍد َكانَ َ‬ ‫علَى َ‬ ‫س َل ْم َ‬ ‫ص َل َو َ‬ ‫اَللَّ ُه َّم فَ َ‬
‫ص ْح َب َه الَّ َذيْنَ يُ ْح َسنُ ْونَ َإ ْسالَ َم ُه ْم َولَ ْم‬ ‫علَى آ َل َه َو َ‬ ‫س ْوالً نَ َبيًّا‪َ ،‬و َ‬ ‫َر ُ‬
‫ش ْيئًا فَ َريًّا‪ ،‬أَ َّما بَ ْعدُ‪،‬‬ ‫يَ ْفعَلُ ْوا َ‬
‫َّاي َبتَ ْق َوى هللاَ فَقَ ْد فَازَ ْال ُمتَّقُ ْونَ ‪.‬‬ ‫ص ْي ُك ْم َو َإي َ‬ ‫اس أ ُ ْو َ‬ ‫يَا أَيُّ َها النَّ ُ‬
‫يَا أَيُّها َ الَّ َذيْنَ َءا َمنُوا اتَّقُوا هللاَ َح َّق تُقَا َت َه َوالَ ت َ ُم ْوت ُ َّن َإالَّ َوأَنت ُ ْم‬
‫ُّم ْس َل ُم ْونَ ‪.‬‬
‫احدَةٍ َو َخلَقَ‬ ‫َي َخلَقَ ُك ْم َم ْن نَ ْف ٍس َو َ‬ ‫اس اتَّقُ ْوا َربَّ ُك ُم الَّذ ْ‬ ‫يَا أَيُّ َها النَّ ُ‬
‫َي‬‫سآ ًء َواتَّقُوا هللاَ الَّذ ْ‬ ‫ث َم ْن ُه َما َر َجاالً َكثَي ًْرا َونَ َ‬ ‫َم ْن َها زَ ْو َج َها َوبَ َّ‬
‫علَ ْي ُك ْم َرقَ ْيبًا ‪.‬يَا أَيُّ َها الَّ َذيْنَ‬ ‫ام َإ َّن هللاَ َكانَ َ‬ ‫سآ َءلُ ْونَ َب َه َواْأل َ ْر َح َ‬ ‫تَ َ‬
‫ص َل ْح لَ ُك ْم أَ ْع َمالَ ُك ْم َويَ ْغ َف ْر‬ ‫س َد ْيدًا ‪.‬يُ ْ‬ ‫َءا َمنُوا اتَّقُوا هللاَ َوقُ ْولُ ْوا قَ ْوالً َ‬
‫ع َظ ْي ًما‪.‬‬ ‫س ْولَهُ فَقَ ْد فَازَ فَ ْو ًزا َ‬ ‫لَ ُك ْم ذُنُ ْوبَ ُك ْم َو َم ْن يُ َط َع هللاَ َو َر ُ‬
‫أ َ َّما بَ ْعدُ؛‪ ,‬قَا َل هللاُ تَعَالَى ‪:‬‬
‫ت َمنَ‬ ‫علَ ْي َهم بَ َر َك ٰـ ٍ‬ ‫َولَ ْو أ َ َّن أ َ ْه َل ْٱلقُ َر ٰى َءا َمنُواْ َوٱتَّقَ ْواْ لَفَتَ ْحنَا َ‬
‫ض‬ ‫آء َوٱأل َ ْر َ‬ ‫س َم َ‬ ‫ٱل َّ‬
‫)‪(QS Al A’raf: 96‬‬

‫‪1‬‬
Para sedèrèk muslimin, Jamaah Jum’at ingkang pinaringan rohmating Gusti
Allah SWT.

Minangka pambukaning atur, mangga kita sami tansah ngunjukaken raos syukur
wonten ngarsa dalem Allah SWT., awit sampun kathah nikmat peparingipun
dumateng kula dalasan panjenengan sedaya. Maliginipun nikmat hidayah Islam, séhat
menapa déné kesempatan. Sahingga wonten ing wekdal lan ing panggénan mriki kita
taksih saged nindakaken sapérangan dawuhipun Allah SWT., inggih menika
nindakaken ibadah Jum’at kanthi sesarengan (jamaah). Kanthi raos syukur ingkang
makaten menika mugi Allah SWT., tansah hanambahi nikmat karunianipun dumateng
kita sedaya. Aamiin yaa rabbal’alamiin.
Sak lajengipun, minangka pendèrèkipun ingkang tansah setya tuhu, mangga
sareng-sareng atur shalawat dalasan salam kunjuk dumateng baginda Rasulullah
Muhammad SAW, sumarambah dumateng para keluwarga ahlul baitipun, para
sahabatipun, para tabi’in, ugi para tabi’utabi’in ngantos dumugi akhir zaman
samangké. Lantaran makaten mugi kita sadaya badhé saged pikantuk safa’atipun
kanjeng Nabi mbénjang wonten ing yaumul maksar. Aamiin yaa rabbal’alamiin.
Minangka jangkepipun rukun khotbah, al fakir khotib mboten bosen-bosen
tansah atur pepémut dumateng diri pribadi kula piyambak, sumarambah dumateng
para jamaah jum’at, kanthi atur, sumangga tansah ngiyataken iman, ningkataken
taqwa kita dumateng Allah SWT., supados iman taqwa kita saged mentes lan leres,
sahéngga sami sembada anggènipun nindakaken paugeran gesang miturut satataning
agami Islam. Agami ingkang dipun ridhoi Allah SWT. Kanthi makaten mugi kita
sedaya badhé pikantuk kabegjan, kabahagiaan wiwit ing dunia mriki ngantos
mbénjang ing akhérat. Insya allah, aamiin yaa rabbal’alamiin.
Yektosipun namung kanthi taqwa ingkang saget hanjamin kita sedaya pikantuk
derajat, panggénan éngkang hinggil ing sisihipun Allah SWT. Taqwa menika ugi
minangka panggayuhanipun para Muslim ingkang paling inggil. Awit, kamulyanipun
manungsa menika sanés kabobot saking derajat, pangkat, kasugihan, lan pakurmatan,
nanging katraju saking ketaqwaanipun.
Jumbuh kaliyan firmanipun Allah SWT:
.....‫َّللاَ أَتْقَا ُك ْم‬
َّ َ‫ َإ َّن أَ ْك َر َم ُك ْم َع ْند‬....
....déné mungguhé Allah, sira kang aji dhéwé, yaiku hendi kang banget bektiné
(taqwa) ing Allah... (QS. Al Hujurat [49] : 13)

Boten namung menika, salajengipun inggih kanthi taqwa ugi, Allah SWT badhé
paring ridha dumateng kita lan Allah badhé hambuka kori keberkahanipun saking
langit lan bumi.
.... ‫آء‬
َ ‫س َم‬ ٍ ‫َولَ ْو أ َ َّن أ َ ْه َل ْٱلقُ َر ٰى َءا َمنُواْ َوٱتَّقَ ْواْ لَفَت َ ْحنَا َعلَ ْي َهم بَ َر َك ٰـ‬
َّ ‫ت َمنَ ٱل‬
‫ض‬ َ ‫َوٱأل َ ْر‬
"Lan saumpana ing negara mau wong-wong padha iman ing Allah lan utusané Allah,
sarta padha bekti ing Allah, mesthi padha Ingsun wènèhi barokah saka langit lan
saka bumi....” (QS Al A’raaf [7] : 96).

Jamaah Jum’ah rahimakumullah

Sedaya manungsa, langkung-langkung umat Islam, mesti kepéngin hanggayuh


panggesangan ingkang saé. Panggesangan ingkang dipun berkahi déning Allah SWT.
Panggesangan ingkang kalis saking sedaya rupi bencana, rerupeg lan karumpitan.

2
Kanthi makaten, kita tansah nyenyuwun dhumateng Allah SWT. murih negeri mriki
saged dados baldatun thayyibatun wa rabbun ghafur.

Negeri ingkang kados makaten niku sanès dedongéngan. Baldatun thayyibatun wa


rabbun ghafur naté wonten ing wekdal kino. Allah SWT. nyariosaken kewontenan
negeri kasebat lumantaran firmannipun:
‫ين َو َش َما ٍل ُكلُوا َم ْن‬
ٍ ‫ع ْن يَ َم‬
َ ‫ان‬ َ َ ‫سبَإٍ َفي َم ْس َك َن َه ْم آيَةٌ َجنَّت‬
َ ‫لَقَ ْد َكانَ َل‬
ٌ ُ ‫غف‬
‫ور‬ َ ‫ب‬ ٌّ ‫ط َيبَةٌ َو َر‬َ ٌ ‫ق َر َب ُك ْم َوا ْش ُك ُروا لَهُ بَ ْلدَة‬
َ ‫َر ْز‬
Palemahan ing tanah Saba’ kang dienggoni, ana tanda yekti kuwasaning Allah, ing
kono ana palemahan rong panggonan ana sisih tengen lan kiwa. Ing kono padha di
dhawuhi (déning Nabi terang saka Allah): “Kowé padha mangana rizki peparénging
Allah Pangéranmu, lan padha syukura ing Pangéranmu. (Negaramu) mau negara
kang becik, lan (Pangéranmu) iku Pangéran kang ngapura dosa .” (TQS Saba’ [34]:
15).

Imam Ibnu Katsir rahimahulLah, wonten ing tafsiriupun mratélaken: “Saba’minangka


(sebutan) raja-raja Negeri Yaman lan pendudukipun…Rikala semanten piyambakipun
mapan ing papan ingkang kebak kanikmatan lan kabahagiaan, ingkang tansah
ngebaki negeri lan panggesanganipun, kelapangan rezeki menapa déné tetaneman lan
woh-wohan. Allah SWT lajeng paring utusan dumateng piyambakipun, para
rasulipun. Para rasul menika ngandaraken dumateng para Saba’ supados nedho
rezeki ingkang Allah paringaken, sarta ugi asung raos syukur dumateng Allah, kanthi
nauhidaken, lan ngibadah dumateng Allah. Kawontenanipun para Saba’ lumampah
ngantos titiwanci ingkang Allah keparengaken. Lajeng para Saba’sami mléngos
saking andaran kala wau. Tundanipun, para Saba’ kapatrapan paukuman arupi
banjir bandang, sahéngga sami bubar morat-marit, tundonipun mencar mapan
wonten ing pinten-pinten negeri.” (Tafsir Ibnu Katsîr, 6/445).

Akhéripun, kejayaan lan kemakmuran negeri Saba’ niku sampun tamat, tancep kayon.
Awit saking para Saba’ sami mléngos saking pepémutipun Allah SWT. Piyambakipun
sami boten purun taat dumateng Allah SWT. Lajeng Allah nedakaken azab ingkang
sakelangkung ageng, ngantos saged bosah-basehaken kawontenanipun, ingkang
sekawit tansah sami adem ayem, énak kepénak ingkang kapiyarso.
‫س ْي َل ْالعَ َر َم َوبَدَّ ْلنَا ُه ْم َب َجنَّت َ ْي َه ْم َجنَّتَي َْن‬ َ ‫س ْلنَا‬
َ ‫علَ ْي َه ْم‬ َ ‫ضوا فَأ َ ْر‬
ُ ‫فَأَع َْر‬
‫َيءٍ َم ْن َس ْد ٍر قَ َلي ٍل‬ ْ ‫ذَ َواتَ ْي أ ُ ُك ٍل َخ ْمطٍ َوأَثْ ٍل َوش‬
Wong ing kono padha malengos, mulané banjur Ingsun tekani banjir gedhé.
Palemahé kang loh rong panggonan mau, Ingsun dadèkaké palemahan cengkar kang
metokaké woh-wohan pahit lan woh Atsi lan sethithik woh Sidr. [34]: 16).

Jamaah Jum’at Rahimakumullah

Manawi kita purun mundut pangertosan saking kisah kaum Saba’ niki, wonten
sawetawis hikmah ingkang saged kita pendet.
Sepindah, bilih kemakmuran lan kejayaan sadéngah kaum menika namung awit
saking karunia Allah SWT. Perkawis menika saget karengkuh kanthi cara
hanauhidaken Allah SWT, ngimani lan ngleluri ajaran rasulipun, sarta nindakaken
menapa ingkang dados syariahipun. Allah SWT. sampun paring firman:

3
َ‫ت َمن‬ َ ‫َولَ ْو أ َ َّن أ َ ْه َل ْالقُ َرى آ َمنُوا َواتَّقَ ْوا لَفَتَ ْحنَا‬
ٍ ‫علَ ْي َه ْم بَ َر َكا‬
َ‫ض َولَ َك ْن َكذَّبُوا فَأ َ َخ ْذنَا ُه ْم َب َما َكانُوا يَ ْك َسبُون‬
َ ‫اء َو ْاأل َ ْر‬ َ ‫س َم‬َّ ‫ال‬
"Lan saumpana ing negara mau wong-wong padha iman ing Allah lan utusané Allah,
sarta padha bekti ing Allah, mesthi padha Ingsun wènèhi barokah saka langit lan
saka bumi nanging dheweke padha nggorohake awit saka iku Ingsun banjur nurunake
siksa marga saka tumindake dhewe.” (TQS al-A’raf [7]: 96).

Kados déné kaum Saba’wau, kita kaum Muslim ugi dipun dhawuhi amrih asung raos
suka syukur awit saking sedaya karunia peparingipun:
ٌ‫شدَيد‬ َ ‫ش َك ْرت ُ ْم َأل َ َزيدَنَّ ُك ْم َولَئَ ْن َكفَ ْرت ُ ْم إَ َّن‬
َ َ‫عذَا َبي ل‬ َ ‫لَئَ ْن‬....
….(He wong bani Israil) Menawa sira padha syukur ing Allah, mesthi peparing
Ingsun kabungahan marang sira kang uwis, iku Ingsun tambahi manèh, nanging
menawa sira maido marang peparing Ingsun kabungahan, sira bakal Ingsun patrapi
siksa. Sumurupa, siksaningsun iku luwih déning abot (TQS Ibrahim [14]: 7).

Tentunipun muji syukur boten kandeg namung kanthi mungel alhamdulillah. Nanging
syukur ingkang hakiki inggih menika kanthi taat lan tunduk dumateng sedaya aturan
Allah SWT. Sikap ingkang kados makaten niku badhé saged nglestantunaken
kalimpahan nikmat lan karunia ing sadéngah negeri, lan handadosaken negeri kasebat
minangka baldah thayyibah.

Kaping kalih, supados satunggaling negeri saged pikantuk status “wa rabbun
ghafur”, inggih menika kedah purun niti wangsul wongten ing marginipun Allah
SWT. kanthi tansah memetri tauhid lan ketaatan dumateng piyambakipun. Imam ath-
Thabari rahimahulLah wonten ing tafsiripun sampun paring penjelasan dumateng
tembung wa rabbun ghafur , kanthi wedaran: “ Pangéranira yaiku Pangéran Kang
Maha Pengampun yèn sira padha gelem taati marang Piyambaké.” (Tafsir ath-
Thabari, 6/215).

Jamaah Jum’at Rahimakumullah

Sepindah malih, bilih negeri ingkang sinebat baldatun thayyibatun wa rabbun ghafur
namung saget mawujud kanthi ngetrapaken syariah Allah. Nindakaken sadaya
parintahipun, lan ninggalaken sadaya laranganipun.

Tentu, kémawon kita boten péngin negeri mriki, ingkang tetiyang sami nyebat zamrut
khatulistiwa, tongkat kayu saget dados tetaneman, gemah ripah loh jinawi, dipun
cabut keberkahanipun déning Allah SWT, namung jalaran saking para pendudukipun
sami ingkar dumateng Allah SWT. Mangga sami dipun gatosaken firmanipun:
َ ‫ََالَ ْم يَ َر ْوا َك ْم أ َ ْهلَ ْكنَا َم ْن قَ ْب َل َه ْم َم ْن قَ ْر ٍن َم َّكنَّا ُه ْم فَي ْاأل َ ْر‬
.... ‫ض َما لَ ْم‬
‫نُ َم َك ْن لَ ُك ْم‬
Wong kafir mau apa padha ora sumurup para wong kuna sakdurungé dhèwèké mau
kang nalika semana padha Ingsun paringi panggonan ana bumi kang ora Ingsun
paringaké marang sira… (TQS al-An’am [6]: 6).

Awit saking menika, menawi bangsa niki gadhah pepénginan supados negeri mriki
dados baldatun thayyibatun wa rabbun ghafur, boten wonten cara/ meargi sanès,
kejawi namung niti wangsul dumateng margi syariah Islam kanthi kaffah. Mangga
sami tansah hambudidaya hambangun kawontenan ingkang sampun kebak kacintrakan
4
menika murih saged jumbuh kaliyan tuntunan Allah SWT, sinambi tansah nyuwun
ampunan dumateng Allah SWT menggah sedaya dosa lan kemaksiatan kita.

Para sedèrèk muslimin, Jamaah Jum’at ingkang pinaringan rohmating Gusti Allah
SWT.

Makaten ingkang saged kula aturaken ing khutbah Jum’at menika. Hanglenggana bilih
sedaya kasampurnan namung kagunganipun Allah SWT. samukawis atur kula ingkang leres
awit pitedah saking Allah SWT., lan Rasulipun, mangga kita gondheli kanthi saèstu.
Samukawis atur kula ingkang lepat, awit saking kirangipun pangertosan pribadi kula,
mangga kita bucal sak tebihipun, mugi panjenengan sedaya kersa hanglubèraken samudra
pangaksami.
Sak lajengipun, mangga kita pungkasi khutbah menika kanthi doa sesarengan, mugi
kita sedaya tansah pinaringan panjang yuswa, séhat lahir batin, manfaat dunia akhérat.
Pinaringan hidayah, inayah lan kekiyatan, sahingga saged dados péranganipun ahli dakwah,
ingkang tansah sengkut ngrembakakaken jejegipun syariat agamani Islam, tansah setya tuhu
dumateng patuladanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW. ngantos puput yuswa kanthi
kawontenan husnul khotimah, aamiin ya robbal’alamiin.[]

‫ َونَفَعَنَي َو َإيَّا ُك ْم َب َمافَ ْي َه َم ْن‬،‫آن اْلعَ َظي َْم‬ َ ‫ار َك هللا َلي َولَ ُك ْم فَى اْلقُ ْر‬ َ َ‫ب‬
َّ ‫آيَ َة َو َذ ْك َر ْال َح َكي َْم َوتَقَبَّ َل هللاُ َمنَّا َو َم ْن ُك ْم تَالَ َوتَهُ َو َإنَّهُ ُه َو ال‬
‫س َم ْي ُع‬
‫ َوأَقُ ْو ُل قَ ْو َلي َهذَا فَأ ْستَ ْغ َف ُر هللاَ العَ َظي َْم َإنَّهُ ُه َو الغَفُ ْو ُر‬،‫العَ َل ْي ُم‬
‫الر َحيْم‬َّ

5
‫‪Khutbah II‬‬

‫لى ت َ ْوفَ ْي َق َه َواَ ْمتَنَانَ َه‪َ .‬وأ َ ْش َهدُ أ َ ْن الَ‬ ‫ش ْك ُر لَهُ َع َ‬ ‫سانَ َه َوال ُّ‬ ‫لى َإ ْح َ‬ ‫ا َ ْل َح ْمدُ هللَ َع َ‬
‫س َيدَنَا ُم َح َّمدًا َع ْبدُهُ‬ ‫أن َ‬ ‫اَلَهَ َإالَّ هللاُ َوهللاُ َو ْحدَهُ الَ ش ََري َْك لَهُ َوأ َ ْش َهدُ َّ‬
‫س َي َدنَا ُم َح َّم ٍد َو َعلَى‬ ‫ص َل َعلَى َ‬ ‫إلى َرض َْوا َن َه‪ .‬الل ُه َّم َ‬ ‫س ْولُهُ الدَّا َعى َ‬ ‫َو َر ُ‬
‫س َل ْم ت َ ْس َل ْي ًما َكثي ًْرا‬
‫ص َحابَ َه َو َ‬ ‫ا َ َل َه َوأ َ ْ‬
‫اس اَتَّقُوهللاَ فَ ْي َما أ َ َم َر َوا ْنت َ ُه ْوا َع َّما نَ َهى َوا ْعلَ ُم ْوا أ َ َّن‬ ‫أ َ َّما بَ ْعدُ فَيا َ اَيُّ َها النَّ ُ‬
‫هللاَ أ َ َم َر ُك ْم َبأ َ ْم ٍر بَدَأ َ َف ْي َه َبنَ ْف َس َه َوثَـنَى بَ َمآل َئ َك َت َه المسبحة َبقُ ْد َس َه َوقَا َل‬
‫صلُّ ْوا‬ ‫لى النَّبَى يآ اَيُّ َها الَّ َذيْنَ آ َمنُ ْوا َ‬ ‫صلُّ ْونَ َع َ‬ ‫تَعاَلَى َإ َّن هللاَ َو َمآلئَ َكتَهُ يُ َ‬
‫صلَّى هللاُ َعلَ ْي َه‬ ‫س َي َدنَا ُم َح َّم ٍد َ‬ ‫ص َل َعلَى َ‬ ‫َعلَ ْي َه َو َ‬
‫س َل ُم ْوا ت َ ْس َل ْي ًما‪ .‬الل ُه َّم َ‬
‫س َل َك َو َمآل َئ َك َة اْل ُمقَ َّر َبيْنَ‬ ‫س َيدَنا َ ُم َح َّم ٍد َو َعلَى ا َ ْن َبيآ َئ َك َو ُر ُ‬ ‫س َل ْم َو َعلَى آ َل َ‬ ‫َو َ‬
‫عثْ َمان َو َعلي‬ ‫ع َمر َو ُ‬ ‫الرا َش َديْنَ أَبَى بَ ْك ٍر َو ُ‬ ‫اء َّ‬ ‫ض الل ُه َّم َع َن اْل ُخلَفَ َ‬ ‫ار َ‬ ‫َو ْ‬
‫ان اَلَى يَ ْو َم‬ ‫س ٍ‬‫ص َحابَ َة َوالتَّا َب َعيْنَ َوتَا َب َعي التَّا َب َعيْنَ لَ ُه ْم َبا َْح َ‬ ‫َو َع ْن بَ َقيَّ َة ال َّ‬
‫اح َميْنَ‬ ‫الر َ‬ ‫ض َعنَّا َمعَ ُه ْم َب َر ْح َمتَ َك يَا أَ ْر َح َم َّ‬ ‫ار َ‬ ‫الدي َْن َو ْ‬ ‫َ‬
‫ت اَالَ ْحيآ ُء َم ْن ُه ْم‬ ‫ت َواْل ُم ْس َل َميْنَ َواْل ُم ْس َل َما َ‬ ‫اَلل ُه َّم ا ْغ َف ْر َل ْل ُمؤْ َمنَيْنَ َواْل ُمؤْ َمنَا َ‬
‫الش ْر َك َواْل ُم ْش َر َكيْنَ‬ ‫ت الل ُه َّم أ َ َع َّز اْ َإل ْسالَ َم َواْل ُم ْس َل َميْنَ َوأ َ َذ َّل َ‬ ‫َواْالَ ْم َوا َ‬
‫اخذُ ْل َم ْن َخذَ َل‬ ‫الديْنَ َو ْ‬ ‫ص َر َ‬ ‫ص ْر َم ْن نَ َ‬ ‫ص ْر َعبَادَ َك اْل ُم َو َح َديَّةَ َوا ْن ُ‬ ‫َوا ْن ُ‬
‫الدي َْن‪ .‬الل ُه َّم ا ْدفَ ْع‬ ‫الدي َْن َوا ْع َل َك َل َماتَ َك إَلَى يَ ْو َم َ‬ ‫اْل ُم ْس َل َميْنَ َو دَ َم ْر أَ ْعدَا َء َ‬
‫ظ َه َر‬ ‫س ْو َء اْل َفتْنَ َة َواْ َلم َحنَ َما َ‬ ‫الزالَ َز َل َواْ َلم َحنَ َو ُ‬ ‫َعنَّا اْلبَالَ َء َواْ َلوبَا َء َو َّ‬
‫ان اْل ُم ْس َل َميْنَ‬‫سائَ َر اْلبُ ْلدَ َ‬ ‫صةً َو َ‬ ‫طنَ َع ْن بَلَ َدنَا اَ ْندُونَ ْي َسيَّا خآ َّ‬ ‫َم ْن َها َو َما بَ َ‬
‫سنَةً‬ ‫آلخ َر َة َح َ‬ ‫سنَةً َو َفى اْ َ‬ ‫ب اْلعَالَ َميْنَ ‪َ .‬ربَّنَا آ َتنا َ َفى الدُّ ْنيَا َح َ‬ ‫عآ َّمةً يَا َر َّ‬
‫اإن لَ ْم ت َ ْغ َف ْر لَنَا َوت َ ْر َح ْمنَا لَنَ ُك ْون ََّن‬ ‫سنَا َو ْ‬ ‫ار‪َ .‬ربَّنَا َ‬
‫ظلَ ْمنَا ا َ ْنفُ َ‬ ‫اب النَّ َ‬ ‫َوقَنَا َعذَ َ‬
‫َمنَ اْلخَا َس َريْنَ ‪.‬‬

‫بى َويَ ْن َهى‬ ‫ر‬ ‫ْ‬ ‫ُ‬ ‫ق‬‫ل‬ ‫ْ‬ ‫ا‬ ‫َي‬‫ذ‬ ‫ْتآء‬
‫َ‬ ‫ي‬ ‫إ‬
‫َ‬ ‫و‬
‫َ‬ ‫ان‬‫َ‬ ‫س‬
‫َ‬ ‫ح‬‫ْ‬ ‫إل‬‫َ‬ ‫ْ‬ ‫ا‬ ‫و‬
‫َ‬ ‫ل‬
‫َ‬ ‫ْ‬
‫د‬ ‫َ‬ ‫ع‬‫ل‬‫ْ‬ ‫ا‬ ‫ب‬
‫َ‬ ‫َا‬ ‫ن‬ ‫ر‬
‫ُ‬ ‫م‬
‫ُ‬ ‫هللا ! َإ َّن هللاَ يَأ ْ‬
‫َعبَادَ َ‬
‫َ‬
‫ظ ُك ْم لَعَلَّ ُك ْم تَذَ َّك ُر ْونَ َوا ْذ ُك ُروا هللاَ‬ ‫شآء َواْل ُم ْن َك َر َواْلبَ ْغي يَ َع ُ‬ ‫َع َن اْلفَ ْح َ‬
‫لى نَعَ َم َه يَ َز ْد ُك ْم َولَ َذ ْك ُر هللاَ أ َ ْكبَ ْر‬ ‫اْلعَ َظي َْم يَ ْذ ُك ْر ُك ْم َوا ْش ُك ُر ْوهُ َع َ‬

‫‪6‬‬

Anda mungkin juga menyukai