Anda di halaman 1dari 1

Nama : Adi prasetiyo

Kelas :IX D
No :02

Assalamu'alaikum Wr. Wb.

Dumateng pangarsanipun bapak Maskup S.pd.Msi kepala sekolah SMP N jakenan ingkang tansah
kinormatan, Bapak/ibu guru SMP N 2 Jakenan ingkang kulo hormati, lan rencang-rencang sedoyo
ingkang kulo tresnani. Mangga kita sedaya raos syukur dumateng Allah SWT ingkang sampun paring
pinten-pinten kenikmatan, sahengga kita sedaya waged makempal ing papan menika tanpa alangan
satunggal punapa.

Salawat lan salam uga kita raosaken dumateng junjungan kaita nabi Muhammad SAW, ingkang kita
tengga-tengga syafa'atipun benjang ing yaumul qiyamah. Ingkang nomer setunggal, kula makili kanca-
kanca kelas IX badhe ngaturaken atur panuwun ingkang sakathah-kathahipun dumateng bapak/ibu guru
ingkang sampun mbimbing kita, sahengga kula sakanca waged lulus knthi biji ingkang sae. Kula ugi
badhe nyuwun ngapunten menawi kula sakanca wonten lepatipun kaliyan saking bapak/ibu guru lan
adik-adik sedaya, mugi-mugi kula sakanca waged nurusaken ing sekolah ingkang kawula lan kanca-kanca
idamaken.

Kula inggih dongakken mugi-mugi adik-adik sedaya waged minggah kelas kanthi biji ingkang sae. Kula
ugi nyuwun supados adik-adik waged njagi asma sae sekolah kita. Mugi-mugi sekolah kita punika dados
sekolah ingkang "favorit". Amin... Kula kinten cekap semanten anggenipun kula matur, menawi wonten
lepatipun anggenipun kawula matur kula nyuwun sih samudra pangaksami.

Wassalamu'alaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai