Dino iku tanggal 22 Juni awan-awan jam telu Joko mulih saka kantor,
akeh montor mabur kliteran mbrebeki. Ngasi jam lima sore, Joko lan Mas Bayu
padha bingunge. Jebul swara montor mabur karo swara bedhil-bedhil senjata api
kuwi mau tandane perang.
“Mas, Ratih kaleh Lutfi teng pundi?”
“Ratih mau jarene pamit neng pasar Jok, Lutfi neng mburi omah” Banjur
kui Joko langsung ngalih ninggalne Mas Bayu nggoleki Mbak Ratih lan Lutfi.
“Lut ndang mlebu nang omah ! Bapak arep nggoleki ibumu neng pasar”
“Inggih pak, pak niki wonten napa ! aku wedi pak”
“Engko bapak genahna saiki awakmu mlebuo omah”
“Inggih pak”
Joko banjur mlayu neng pasar nggoleki Mbak Ratih. Wong-wong wes padha
momoti barang-barange banjur mlayu neng nggon sing aman. Sabanjure kumpul
ning omah Mbak Ratih bingung iki enek apa. Joko, Mbak Ratih, Lutfi lan Mas
Bayu banjur mlayu saka omah.
Joko saiki wonten ing dusun sak kidulipun dusun Barong. Wonten mriku Joko
sareng kaliyan pengungsi liyane. Wonten Dzaki kaliyan Dayu rencange Mas Bayu
kaliyan Joko. Neng pengungsian Joko, Mas Bayu kaliyan rencange ngomongne
perkara perang iki, Joko lan Dzaki ngatur piye amrih wong-wong sing neng
pengungsian aman. Mas Bayu kaliyan Dayu ngerencanakne strategi di enggo
ngatur perange.
Dina iki wis tanggal 23 Juni swara bom kara bedhil kat dekingi ora enek
bare, Joko wes muni neng Mas Bayu.
“Mas aku wis ora isa meneng iki kudu ndang di barne awakedewe ra isa
ngene terus!”
“Iya Jok, iki aku ngatur strategi karo Dayu”
“Enggeh Mas, awakedewe kudu maju!”
“Iya Jok” Banjur kuwi Mas Bayu marani Dayu sing enek neng mburi lagi
melu nyiapaken sarapan dienggo pengungsi liyane.
“Yu reneo dhisek aku arep omong-omongan masalah perang iki”
“Iya mas, pripun mas niki?”
“Ngene Yu awakedewe ngumpulne pemudha-pemudha sing enek neng
kene di enggo gabung karo awaedewe dinggo ngelawan penjajah”
“Iya mas, sabanjur di kumpulne di pecah pirang-pirang bagian”
Sabanjure Mas Bayu kara Dayu rundingan Mas Bayu banjur nemoni Joko
“Jok iki wes siap, pemuda-pemuda pada gelem gabung dinggo ngelawan
penjajah kae”
“Iya Mas Bayu, iki isih dhuhur sakdurunge perang ayo shalat bareng-
bareng”
“Iya Jok aku tak ngumpulne bocah-bocah”
Banjur kui Joko langsung mlayu marani Mas Bayu, Dayu kalian liyane.
Wong-wong padha bingung karepe dewe, ora mikir suwi-suwi wong wong kabeh
sing neng pengungsian melu nyerang penjajah gae alat sak eneke. Akeh korban
sing mati, perang kui terus lanjut penjajah saya kobong gara-gara akeh penjajah
sing mati. Para penjajah ngeleboni pengungsian nembaki sapa ae sing neng
pengungsian. Akeh wong sing neng jero pengungsian ketembak lan mati, neng
jero enek Lutfi lan Mbak Ratih ora ngerti tibakna Mbak Ratih ketembak. Lutfi
sing neng kunu mbengok nangis lan kebingungan, ora mikir dawa neng nggon
njero pengungsian enek bedhil Lutfi langsung mlayu jumuk bedhil. Akhire Lutfi
melu perang ngelawan penjajah. Ning sisi lain Lutfi goleki Joko, Lutfi terus maju
ngelawan penjajah sampek ketemu Joko.
“Pak pak, ibuk pak”
“Nyapo le, awakmu kok melu perang ! oleh bedhil ko ngendi le?”
“Pak ibuk”
“Ibukmu nyapo le?”
“Ibuk ke bedhil pak!”
“Gusti Allah, ibuk saikiki ning ngendi le?”
“Ibuk neng njero pak”
Banjur kui Joko langsung mlayu marani Mbak Ratih.
“MasyaAllah buk ! buk sik isa nahan?”
“Isih pak, pak Lutfi aja sampek oleh melu perang !”
Sak durunge njawab Joko bingung sapa sing mateni penjajah sing mati neng jero
pengungsian.
“Buk iki sapa sing mateni penjajah neng njero iki?”
“Lutfi pak, Lutfi nesu pas aku kenek bedhil iki mau”
Joko langsung meneng kaget ngerti lek Lutfi sing mateni penjajah neng njero
pengungsian iki.
“Buk tak sampekne perang iki, aku kudu berjuang kanggo Negara iki buk
kanggo Desa Barong iki kanggo awakmu kanggo kabeh buk”
“Inggih pak, ibuk sik isa nahan lara iki”
Banjur kui Joko langsung melu gabung perang. Swara bedhil lan bom terus-
terusan. Wis akeh korban sing mati.