Anda di halaman 1dari 5

MODUL BAHASA JAWA

KD 3 SESORAH
NAMA: KOMLI:

KLAS: NO.ABSEN:

II. PILIHLAH SALAH SATU JAWABAN YANG PALING BENAR !

☞Gladhen 3

A. Pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana kanthi milih salah siji wangsulan sing
bener!
1. Pidhato ing Basa Jawa diarani ….
A. tanggap wacana
B. tanggap takon
C. tanggap sasmita
D. tanggap pitakon
E. pidhato
2. Salam pakurmatan sing sepisanan tumuju para tamu utawa sing kepareng teka diarani
salam….
A. pakurmatan
B. salam pambuka
C. kenal
D. panutup
E. wigatine
3. Nyebut sapa wae sing teka ing adicara pasamuwan kasebut kanggo paring
pakurmatan diarani ….
A. salam pambuka
B. panyapa
C. purwaka
D. isi
E. wigatine
4. Atur panuwun marang para rawuh/tamu sing kepareng rawuh, sarta atur pamuji
syukur marang Gusti Allah diarani ….
A. wigatine
B. panyapa
C. purwaka
D. isi
E. salam pambuka
5. Kaping tiganipun, rawuh panjenengan ing lomba maos geguritan punika kasuwun paring
donga pangestu dhumateng adicara punika. Mugi-mugi anggenipun nindakaken lomba
punika wonten rubeda satunggal punapa, lan tansah kinayoman dening Gusti Ingkang
Maha Agung. Mugi-mugi para peserta saget tumut lomba punika ngantos purwaning
adicara punika
Tuladha kasebut kalebu rantaman apa?
A. wigatine
B. panyapa
C. purwaka
D. isi
E. salam pambuka
6. Para bapak, para ibu saha para sedherek ingkang kinurmatan. Mekaten menggah atur
kula minangka wot lumarabing atur saking sedaya pengurus. Kula klenggana bilih sak
dangunipun kula matur, kathah atur saha tindak-tanduk kula ingkang kirang nuju prana,
inggih sedaya awit kiranging seserepan kula ing babagan tata basa tuwin tata krami.
Ingkang menika mugi para rawuh paring pangapunten.
Tuladha kasebut kalebu rantaman apa?
A. atur pepuji
B. panyapa
C. purwaka
D. atur panutup
E. salam pambuka
7. Mugi sih wilasa saha barakah dalem Gusti Allah SWT tansah karentahna dhumateng
panjenengan sedaya dalasan kula ing wekdal punika dumugi sak lami-laminipun.
Tuladha kasebut kalebu rantaman apa?
A. atur pepuji
B. panyapa
C. purwaka
D. atur panutup
E. atur pambuka
8. Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken ngunjukaken raos syukur dhateng
ngarsanipun Allah SWT dzat ingkang akarya jagad,
Tuladha kasebut kalebu rantaman apa?
A. atur puji syukur
B. panyapa
C. purwaka
D. atur panutup
E. salam pambuka
9. Sakabehe bab sing diandharake marang para tamu diarani ….
A. wigatine
B. panyapa
C. purwaka
D. isi
E. salam pambuka
10. Senajan kepara kasep, keparenga awit naminging pengurus ngambali atur sugeng
rawuh dhumateng para bapak, para ibu saha para sedherak sedaya, saha ngaturaken
agunging panuwundhumateng panjenengan sedaya ingkang sampun kepareng rawuh
minangkani atur panyuwun saking pengurus lumantar serat undangan.
Tuladha kasebut kalebu rantaman apa?
A. atur puji syukur
B. panyapa
C. purwaka
D. atur panutup
E. wigatining atur
11. Para pinisepuh saha para sesepuh ingkang satuhu kinabekten;
Para pangemban pangembating praja tuwin satriyaning negari minangka pandam
pandoming kawula ingkang pantes sinudarsana;
Para bapak sumrambah saha para ibu tokoh masyarakat ingkang minulya;
Tuladha kasebut kalebu rantaman apa?
A. atur puji syukur
B. nyebat tamu
C. purwaka
D. atur panutup
E. wigatining atur
12. Ringkesan isi kang perlu banget utawa intine sing diandharake. Dene Pangarep-arep
yaiku pitutur lan pangajab sing diandharake marang para rawuh/tamu lan sing
midhangetake diarani A. panyapa
B. purwaka
C. atur puji
D. salam pambuka
E. wigatine (kesimpulan)
13. Wusana (panutup) yaiku atur panuwun sarta nyuwun pangapura yen ana kekurangan
utawa kaluputan olehe ngandharake diarani ….
A. panyapa
B. purwaka
C. isi
D. wusana (panutup_
E. Wigatine (kesimpulan)
14. Ndungkap adicara ingkang angka kalih, atur pambagyaharja saking Ketua …………….
Ingkang menika dhumateng sedherek Ketua ….kasumanggaaken.
Tuladha kasebut kalebu rantaman apa?
A. sawise pambagyaharja saka ketua mari
B. sawise Sambutan Dukuh mari
C. sawise musyawarah mari
D. sawise sekretaris mari ngungkapake
E. sawise pranatacara mari ngrampungake adicara
15. ....Para Bapak, para ibu saha para sedherek sedaya ingkang kinurmatan, lumebet
adicara ingkang angka sekawan, minangka wigatining adicara pepanggihan ing titiwanci
menika, inggih adicara Musyawarah. Wondene lampahing adicara musyawarah menika,
sawetahipun kula aturaken dhateng sedherek Ketua ……….. (nama organisasi).
Dhumateng sedherek …….. (nama Ketua) kasumanggaaken.
Tuladha kasebut kalebu rantaman apa?
A. sawise pambagyaharja saka ketua mari
B. sawise Sambutan Dukuh mari
C. sawise musyawarah mari
D. sawise sekretaris mari ngungkapake
E. sawise pranatacara mari ngrampungake adicara

B. Pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana kang patitis!


1. Sebutna lan jlentrena perangane pidahto?
2. Tulisen tuladha rantaman panyapa (sapaan)!
3. Tulisen tuladha rantaman wigatine!
4. Sebutna perangane pranata cara?
5. Kepriye carane kita nyukuri anane sesorah minangka anugerah saka Tuhan YME dadi
piranti kanggo ngembangake kabudayaan nasional?

Anda mungkin juga menyukai