Anda di halaman 1dari 4

TUGAS BAHASA DAERAH

NAMA : NI MADE SATTIA DEVI

NO. ABSEN : 24

KELAS : IX-E
PIDHATO

KESEHATAN LINGKUNGAN

Nuwun

Dhumateng Bapak Kepala Sekolah, Bapak lan Ibu guru lan rencang sedaya ingkang
kulo tresnani. Monggo kita sesarengan njunjungake puja lan puji syukur marang Gusti
allah SWT amargi sampun maringi berkah lan karunia. Saengga kita sedaya saged
makempal sesarengan kanti sehat walafiat.

Kaping pisan ingkang kita sedaya perlu sadari lingkungan kuwi panggenan kangge kita
sedaya nggantungaken urip, umat manungsa. Amargi meniko kita sedaya kudu njaga
lingkungan sae-sae supados bumi ngasilaken keuntungan kangge kita sanes kerugian
utawi bencana kangge kita.

Salah sasawijining cara lingkungan mboten maringi bencanan kangge kita yakuwi njaga
kebersihan lingkungan. Tegesipun kebersihan lingkungan ingkang salerese yakuwi
lingkungan kang layak kanggge dipanggoni manungsa lan kesehatan manungsa saged
terjaga amarginipun menika kita sedaya kudu njaga kebersihan lingkungan supados
nyiptakaken urip ingkang layang lan sejahtera.

Njaga kebersihan lingkungan yakuwi cara kang becik kangge nyegah penyakit-penyakit
ingkang ngintai ing musim udan kayak saniki. Njaga kebersihan lingkungan saged
diwiwiti saking ngresiki sekolah kita tresnani, SMK Negeri 1 Brebes menawi sekolah
kita resik tiang sanesipun mboten sungkan kangge nyontoh kabiasaan becik kita sedaya.
Kangge ngresiki sekolah kita iki. Dampak positif yakuwi kagiyatan belajar mengajar
dados nyaman amargi lingkungane resik.

Cekap sementen ingkang kula aturaken, mbok bilih wonten klenta-klentunipun kulo
nyuwun pangampunten.

Nuwun
PRANATACARA

PERINGATAN HUT RI

Assalamualaikum Wr. Wb.

Kawula nuwun, ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah, saha para guru ingkang
kula hormati, ugi dumatheng para siswa, mudha-mudhi ingkang kula tresnani.
Keparengan ing mriki kula badhe matur wonten ngarsa panjenengan sami, minanagka
ketua panitia pengetan tanggap warsa Kamardikan RI, ingkang kaping 17 Agustus 2011.
Ingkang sepisan, kula mocapaken puji syukur wonten ing ngarsanipun Gusti Allah
Ingkang Murbeng Agesang, dene panjenenganipun sampun kersa paring kanugrahan
dumatheng kita sadaya Bangsa Indonesia, kathanda ing dalu punika, kita sampun dipun
keparengaken makempal kanthi wilujeng ing papan punika, saperlu sami lenggah
tirakatan ing malem 17 Agustus punika.
Kaping kalihipun, kula ngaturaken panuwun ingkang tanpa pepindhan, awit sadaya
warga SMK sampun sami kepareng paring pambyantu punapa kemawon datheng
panitya, murih saged ipun kaleksanaan mahargya pengetan dinten Kamardikan RI
ingkang kaping 17 Agustus 2011.
Susunan Acaranipun inggih punika :

1. Pambuka
2. Nembang Sesarengan tembang “Hari Merdeka”
3. Sambutan Kepala Sekolah
4. Sambutan Ketua Panitya
5. Nembang Sesarengan tembang “Bendera Kita”
6. Piwaosan Puisi
7. Piwaosan Donga
8. Penutup

Kados sampun kawuningan dening para arwuh sadaya, bilih rikala tanggal 17 Agustus
1945, kita bangsa Indonesia sampun kasil uwal saking blengguning penjajah, sarta kanthi
pangurbanan rah lan waspo ingkang boten sakedhik, para pemimpin kita sampun kasil
maosan Teks Proklamasi Kamardikan RI dhateng Saindenging Bawana, saengga sadaya
Bangsa in manca Nagari sami mengertosi, bilih sampun lahir satunggalih Negeri enggal
ingkang name Indonesia. Ing dinten benjang enjang tanggal 17 Agustus 2011 Nagari kita
Republik Indonesia jangkep yuswa 66 tahun. Awit saking punika ing tirakatan dalu
punika, kita sadaya badhe sesarengan lelenggahan seperlu mengeti dinten Kamardikan
kita, saha sesarengan nyenyuwun dhumateng Gusti Ingkang Akarya Jagad, mugi-mugi,
pengeten tanggap warsa ingkang kaping 66 punika mangke saged kaleksanaan kanthi
wilujeng, saha sapanginggilipun, Nagari kita Republik Indonesia, pinaringan rahayu
widada, nir baya, nir ing sambekala, tebih sangking parang muka, pinaringan tata tentrem
kerta raharja, saha nayaka pangembate praja, pingga saged manuntun Bangsa kita
dumatheng ancasing Revolusi, inggih punika wujuding bebrayan ageng adhil lan
makmur sadaya bangsa Indonesia.

Awit titi laksana sampun ndungkap ing kalamangsa ingkang katemtokaken, pramila
kanti mocap Bismillahirrahmaanirrahiim, tirakatan dalu punika kawiwitan.

Salajengipun mbok bilih wonten sawetawis kekirangan ingkang saged ndadosaken


kirang renaming penggalih mugi kersa paring kathah kiranging atur, kula naming saged
nyuwun agunging pangaksami. Ing wasana mugi keparengan handumugekaken
lelenggahan kanthi mardikaning penggalih, sarta panutuping atur,

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai