Anda di halaman 1dari 1

Pidato

Karesikan Lingkungan Sekolah

Assalamu'alaikum Wr. Wb

Dumatheng Ibu Tutik minangka guru Bahasa Jawa ingkang kula kinurmati
Lan dumatheng rencang sedaya ingkang kula tresnani.
Para rawuh ingkang kula hormati
Mangga kito sesarengan njunjungake puja lan puji syukur marang Gusti Allah
amargi sampun maringi berkah lan karuniae saengga kita sedaya saged
makempal sesarengan kanthi sehat wal afiat.
Para rawuh ingkang kula hormati
Tegesipun karesikan lingkungan salerese yakuwi lingkungan kang layak
dipun panggoni manungsa lan kesehatan manungsa saged terjagi
amarginipun menika kita sedaya kudu njagi karesikan lingkungan supados
nyiptakaken urip ingkang layak lan sejahtera.
Para rawuh ingkang kula hormati
Karesikan lingkungan sekolah yakuwi tanggung jawab kita sedaya. Salah
sawijining wujud njagi karesikan lingkungan yakuwi ngadakaken piket kelas
kanthi rutin. Biasanipun, wonten siswa sing mboten kersa nglakoni piket
kelas. Ing SMP Negeri 20 Malang sampun diadakaken " Jum'at Bersih " kang
nglatih siswa supados njagi karesikan lingkungan sekolah. Kegiyatan ngoten
iki kudu terus dilaksanakaken.
Para rawuh ingkang kula hormati
Contoh pas istirahat , siswa SMP Negeri 20 Malang sampun diwulangi yen
mantun dhahar jajan sing wonten bungkuse, bungkuse niku kudu dipun
buang wonten tempat sampah. Yen wangsul sekolah, para siswa dipun laruhi
mbeta bungkus plastik saka ngajenge gerbang sekolah. Saderengipun
mlebet maleh ing njero sekolah, jajan kudu ditelasaken wonten ngajenge
gerbang sekolah. Kanthi cara niki, SMP Negeri 20 Malang saged
didadekaken tuladha marang sekolah liyane. Kita sedaya minangka warga
SMP Negeri 20 Malang, kudu bisa njagi karesikan lingkungan sekolah kita
sedaya.
Para rawuh ingkang kula hormati
Cekap semanten pidato ingkang kula aturaken, mbok bilih wonten klenta-
klentunipun, kula nyuwun pangapura.

Wassalamu'alaikum Wr. Wb

Anda mungkin juga menyukai