Anda di halaman 1dari 1

Assalamu’alaikum Wr.Wb.

Salam kasugengan saha karaharjan mugi tansah kajiwa kasarira dhumateng kita
sedaya. Amin.

Bapak kepala SMA N I Mlati ingkang dahat kinurmatan

Bapak ibu guru saha staf karyawan SMA N 1Mlati ingkang kula hormati

Saha kanca-kanca ingkang kula tresnani

Sumangga langkung rumiyin kita tansah ngaturaken puji syukur dumateng Gusti
Ingkang Maha Agung. Awit saking kemirahanipun kita sedaya tasih dipunparingi kesehatan
saha kasarasan saengga kita sedaya saged kempal wonten ing papan menika tanpa alangan
setungga menapa.

Wonten ing pepanggihan menika tema ingkang badhe kula aturaken inggih menika
Pendidikan kegem nglestariaken kabudayaan jawa. Pendidikan menika gadahi andil inggang
ageng anggenipun nglesatriaken kabudayaan jawa, jalaran saking pendidikan kebudayaan
menika kita saged paring ilmu saha pituduh menapa-menapa kemawon ingkang wonten ing
kebudayaan jawa. Kabudayaan jawa menika sakmenika sampun wonten ing jurang
kepunahan, jalaran sampun sekedik generasi nem ingkang tertarik lan nglestariake
kabudayaan jawa.

Kabudayaan-kabudayaan ingkang badhe ical menika saged dipun slametaken kanthi


peran saking sekolah ingkang gadahi peranan ageng. Kanthi dipun biyantu peran saking para
siswa, insya Allah kabudayaan jawi menika saged lestari .

Pendidikan budaya menika saged dipun dadosaken pembekalan para siswa babagan
kabudayaaan jawa. Saengga para siswa lulusan sekolah menika gadahi bekal babagan
kabudayaan jawa saha siap terjun wonten ing tengah-tengah masyarakat kagem nglestariaken
budaya jawa. Mugi-mugi lewat pendidikan budaya menika generasi nem saged paring
pambiyantu ingkang ageng kagem usaha anggenipun budaya jawa menika tetep lestari.

Cekap semanten ingkang saged kula aturaken,menawi wonten kalepatanipun,kula


nyuwun agunging samudra pangaksami.Matur nuwun .

Anda mungkin juga menyukai