Anda di halaman 1dari 1

Apa Tumon?

2010
ARANSEMEN INOVASI

Anyaran mutasi ing Semarang tahun 1997, aku entuk tugas dadi pengawas ujian
nasional ing salah siji SMP Negeri. Lungguhku ngarep sisih kiwo. Bubar ngrampungake
administrasi berita acara lan daftar hadir, mulai menthelengi ruangan. Kancaku ngawas guru
kakung saka sekolah swasta, lungguh ing ssisih tengen, cerak lawang kelas.

Aturane pengawas oran entuk nyambi maos buku, ngobrol, opo meneh mlaku riwa-riwi
nganggu bocah sing lagi ujian. Rasane blangkemen, nglangut, ketambahan ngantuk kang ora
kinira rasane. Gumun aku, angger ngawas ujian kok mengkene rasane. Padhahal wayahe isih
esuk. Kanggo ngilangi rasa kesebut, dakjupuk kertas buram salembar, aku nulis apa wae ing
kono. Lumayan.

Tan kanyana-nyana, angin ing jero weteng jaluk metu. Mlayu metu ora bisa cepet,
wong aku ning sisih jero. Kebangeten banget angin nakal kasebut, ora menehi kesempatan
wrucut ngono bae. Refleks aku rada ngempet trus mak nyat, sengaja narik kursi rada seru.
Kursi kang daktarik peksa bebarengan karo suara angin alias kentut. Ndilalah, angin kurang
ajar temenan! Karana kentut daktahan-tahan, unine cemengkling cilik tur rada dawa.

Unine merdu merayu, “Tiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiittttttttttttttttt.”

Untunge kursi sing daktarik bahane kaya gemreng amoh rada rusak, wektu nggesek
lantai dadi suara saingan kentut mbeling kasebut.

Pengin ngerti reaksi bocah-bocah sing lagi asyik nggarap soal ujian? Wah, serempak
bocah-bocah ndengengek, malah ana sing ngadeg sinambi takon.

“Ada apa, Bu?”

“Ada semut di kursi. Maaf, ya. Silakan duduk kembali,” jawabanku ngilangi rasa isin.

Slamet, slamet...batinku. Bocah-bocah langsung lungguh anteng maneh. Sopan tenan


murid-murid sekolah iki. Ora ana sing ngakak. Wah, aku rumangsa trik buang kentutku
sukses. Mung panemuku gugur nalika aku malku metu sarimbit karo kanca ngawas. Bocah
enom tur rada cengengesan, kaya anakku barep yen lagi nggodha ibune.

Ujare ngece nyumadulur, “Bu, suarane angin kolaborasi suara kursi dadi aransemen
inovasi lho!”

“Apa maneh yen angine dua arah, tambah kentut jenengan, ditanggung bocah-bocah
bubar kabeh!”, jawabku wani ngempet isi.

Bocah ora urus, karo guru tuwa wani ngritisi. Asem tenan, jebul seni ciptaanku kasil
dianalisis kanca ngawas ujian.

Purwati, Semarang

Anda mungkin juga menyukai