Anda di halaman 1dari 3

Ing sawijining dina ana arek jenenge Sasya pengen ngerayaake ulangtahune sing kepitulas

ning salah sawijine restoran terkenal. Senajan kahanan saiki malih usume virus corona sing kudune
ora oleh ngerayaake acara rame-rame amarga bisa dadi salah sawijine jalaran nularake virus corona.
Nanging, Sasya isih pingen ngerayaake ulangtahune lan dee ora ngrungokna aturan sing wis
ditemtoake karo pamrentah. Pungkasane, Sasya mutusake izin marang wongtuwane.

Sasya : buk, mantun niki umur kula pitulas tahun, kula badhe ngawontenaken acara ulang tahun ten
njawi sareng rencang-rencang, kados pundi buk?

Ibu : emang pengen acara sing kayak apa nak?

Sasya : acara ingkang prasaja mawon, namung nedha – nedha lan ngundang rencang2 kula

Ibu : ojo metu2 nak, saiki kahanane jek usum virus, bebaya sisan. Acarane diganti nang omah wae
supaya aman

Sasya : nggih mboten purun buk, niki kan ulangtahunipun kula sing kepitulas. Kula kajeng
dipunrayaaken amargi niki saumur hidup kapisan.

Ibu : iyo ibu eroh nak, nanging saiki kahanane ora bisa nggae acara kasebut rame- rame , mengko yo
iso mbebayani kowe lan kanca2mu. Ibuk yo ora gelem awakmu kepapar virus corona nak.

Sasya : ibuk niki tasih percoyo mawon kalih wontenipun virus corona. Corona niku mboten wonten
buk, panjenengan dipundorani kaliyan wartos.

Ibu : yoweslah nak, ndeleng sesuk wae, ibu tak rundingan karo bapakmu.

Sakwise Sasya debat kaliyan ibu lan atine rada kesel. Sesuke Sasya telpon kancane crito lan
sambatan amarga dee ora diolehi ibuke ngerayaake acarae ulangtahune.

(bunyi suara berdering tlpn)

Sasya : halooo, koe ero gak se rek mosok ibukku lo

Putri : lapo ibukmu?

Sasya : mosok aku ga diolehi ngadakno acara ulangtahun ambek ibukku padahal aku wis pengen pol
kumpul2 ambek koe kabeh

Anya : assalamualaikum, onok opo rek sepurane aku jek ket mari sholat

Putri : ikilo Sasya sambatan soale dee ga diolehi ibuke ngadakno acara ulangtahune

ANya : yo bener se opo jarene ibuke Sasya, soale kan saiki lagi usume virus corona

Sasya : duhh Nyak, koe iki ancene podo ae karo ibukku, emang koe gak pengen kumpul bareng
kanca2 ta?

Putri : lahyo Nyak, koe emang ga gelem kumpul2 cek isok dolan lan omong2an bareng ambek kanca2

Anya : aku yo pasti pengen rek, tapi kan wes dikandadi karo pamrentah lek gaoleh kumpul rame2,
supaya penyebaran virus corona iku mandek.

Putri : ojok ribet poo Nyak, kumpul2 kan oleh tapi awak dewe yo manut karo anane protokol
kesehatan, iyo gak sya?

Sasya : iyo la
Putri : yowis lek koe mekso, nanging aku gak janji iso melok ta gak?!

Sasyak : usahakno isok melok kabeh yo, aku mek pengen ngomong ikutok, wes yo tak pateni.

Putri, anya : yooooo

Sasya kesel karo putri amarga respone padha wae kalih ibuke. Akhire Sasya pengen turu wae
supaya atine iso ketata, nanging sakgurunge turu, ibu nimbali Sasya dikengken marani ning kamar
tamu.

Ibu : nduk reneo ning kamar tamu, ibu arep ngomong karo koe

Sasya : ibu badhe sanjang napa?

Ibu : wingi ibu wes rundingan kaliyan bapak ngomongno acara ulangtahunmu, bapak wis nyetujui
nanging acarane tetep manut aturan kesehatan.

Sasya : nggih bu, intinipun acara ulangtahun kula kedah dipunrayaaken.

Atine Sasya bungah krungu keputusan wonngtuwane sing nyetujui acara ulangtahune
dirayakno. Saiki Sasya lan wongtuwane mulai nyiap2no persiapan gae acara ulangtahun. Sakwise iku,
Sasya ngabari kanca2ne lewat WA supoyo teka ning acara ulangtahune. Sawetara dina, rasane
awake Sasya ringkih, nanging Sasya nganggep awake mung kesel amarga sibuk nyiyapake acara
kasebut. Nalika dina ulangtahune teka, awake Sasya tambah lemes lan suhu awake mundhak banget,
nanging Sasya yakin bakal nerusake acara kasebut. Sawise tekan panggoanane acara Sasya lan
kulawargane dites suhu awakke.

Satpam : sugeng siyang bapak ibu lan mbak, nuwunsewu kula cek suhunipun rumiyin nggeh

Ibu : nggeh monggo pak

satpam : ibu lan bapak suhu badanipun normal, nanging mbak e niki suhunipun inggil ngeh

ibu : inggil kados pundi nggehh pak?

Satpam : niki suhu badanipun tigang dasa pitu derajat celcius bu

Sasya : kula estu kala wingi radi lemas pak nanging sapunika sampun radi e ca, mangke suhu kula
mesthi tumut mandhap pak, kala wau wonten mobil ac nipun ugi pejah kemungkinan suhu kula
minggah amargi kepanasan wonten lebet mobil.

Satpam : oh nggih sampun, nanging tulung numuti protokolipun nggih lan maskeripun mboten
angsal dipunbikak

Sawise mriksa suhu, Sasya mlebu, disusul karo para undhangan sing uga teka siji-siji. Sajrone
acara kasebut, Sasya nutupi rasa lara dheweke supaya katon bungah.

Putri & Anya : sugeng ambal warso Sasya!!!!

Sasya : matur nuwun wes teko

Anya : kok awakmu ketokane lemes yoo, kowe rapopo to?

Sasya : aku orapopo kok mek lemes titk tok

Putri : paleng koe kepegelen ngurusi lan nyiapno acaramu


Sasya : iyo ketokane, soale turuku mek dilut toK, wes ndang nggolek lungguh lan njukuk mangan
sakpuasmu

Putri, Anya : Oke nyaaa

Para tamu ngaturake selamat, lan acara langsung diwiwiti. Nalika acara diwiwiti, rasane
awake Sasya tambah ringkih. Sanajan kahanane Sasya ringkih, acara kasebut bisa mlaku kanthi becik.
Dina sesuke kondisi Sasya tambah parah mula ibune ngajak Sasya nindakake tes rapid ing rumah
sakit. Tekan rumah sakit, Sasya lan wongtuwane langsung budhal ning lokasi tes rapid. Sawise
rampung tes, Sasya nampa asil tes ternyata….

Dokter : niki hasile kasunyatanipun putrine ibuk reaktif (positif corona)

Ibu : mboten mungkin dok, tesipun mesthi lepat, putri kula mboten mungkin reaktif, piyambakipun
mesthi kecapekan mawon

Dokter : langkung sae ibu tes swab lajeng wonten laboratorium mawon supados ngertos kados pundi
kasil ingkang saestunipun

Ibu : Astaghfirullah… kula aturaken ten putri kula rumiyin dok

Dokter : nggih buk nanging tulung ngelampahaken tes swang sak enggalipun

Akhire ibu ngandakake nang Sasya yen hasil rapid tes e reaktif lan Sasya kudu ngelakokake tes swab.

Ibu : Nduk, asil rapid tes kabukten positif lo nduk

Sasya : hah ingkang leres bu? Ora mungkin!

Ibu : Iki dokter e dewe seng ngomong nang ibu, pasti bener iku! Pokoe kowe kudu tes swab saiki!

Pas Sasya tes swab ning laboratorium, ibuke Sasya nampa informasi saka ibuke putri lan anya yen
anake uga reaktif.

Anda mungkin juga menyukai