Anda di halaman 1dari 2

WARTA GEREJA

GEREJA KRISTEN JAWA (GKJ) NGENTO-ENTO


DALAM PERSEKUTUAN GEREJA-GEREJA DI INDONESIA (PGI)
Jl. Godean Km 13, Sumberan, Sumberagung, Moyudan, Sleman, Yogyakarta 55563
Hp: 0821-3494-0074, E-mail: gkj.ngento2@gmail.com
Rek. BRI Unit Moyudan No: 3060-01-026686-53-8 a.n. GKJ Ngento-ento

“NGESTI KAWROEH AROEMING DJAGAD”


KANTOR GEREJA: SELASA – SABTU (08.00 – 14.00 WIB)
JADWAL KEBAKTIAN TATANAN BARU:
IBADAH MINGGU : 08.00 – 09.00 (Minggu I & III: Bhs. Indonesia)
08.00 – 09.00 (Minggu II, IV & V: Bhs. Jawa)
IBADAH ANAK : 10.00 – 11.00
(Ibadahdisiarkanlangsung di Channel YouTube GKJ Ngento-ento)

PAWARTOS PASAMUWAN Edisi ke 035/Th.VI/Minggu, 30Agustus 2020


ATUR SUGENG RAMUH LAN MATUR NUWUN

Pradhataning pasamuwan GKJ Ngento-ento ngaturaken “SUGENG RAWUH LAN MATUR NUWUN”
Dumateng warganing pasamuwan ingkang ndherek pangibadah ing Gereja lan pasamuwan ingkang
mangibadah wonten ing griya. Mugi –mugi saget ngaosaken berkahipun Gusti lumantar pangibadah ing
GKJ Ngento-ento. Dumateng warganing pasamuwan ingkang mbetahaken paladosan saget sesambetan
kaliyan Pradataning pasamuwan utawi TU Gereja.

JADWAL PALADOSAN PANGIBADAH

MINGGU, 30 AGUSTUS 2020


Petugas Minggu Biasa 22 (ijem)
(tabuh 08.00-Pengantar Bahasa Jawi)
Pamedar Sabda Pdt. Pracayaningtyas, S.Si.
Imam Pnt. Sukasno
Warta & Persembahan Dkn. Heri Puryono
Cek Suhu Dkn. Okber Pasaribu dan Dkn. Supriyanto
Parkir Bapak Yusuf dan Pemuda
Cuci Tangan Dkn. Sri Suyatmi dan Dkn. Dewi
Daftar Hadir Dkn. Widodo Sudarmanto dan Dkn. Suswanto Nugroho
Penerima Tamu Dkn. Winayu Respati dan Pnt. Sulastri
Musik Sdr. Akwila
Singer Bapak Fuad Barmawi dan Ibu Terry
LCD Ibu Diana
Peserta Ibadah semua wilayah. Ibadah 1 kali dan disiarkan secara
Keterangan
langsung di Channel Youtube GKJ Ngento-ento.

KEWARGAAN

1. Rapat Majelis
Pradataning pasamuwan badhe ngawontenaken parepatan mbenjang dinten Setu, 12 September 2020,
wanci tabuh 17.00 Wekdal Indonesia Siring Kilen, mapan wonten ruang Konsisturi. Dumateng
warganing pasamuwan ingkang gadah kapentingan saget sesambetan lumantar Serat/SMS/WA kaliyan
pradataning pasamuwan ing wilayah ipun piyambak-piyambak utawi Sekretaris Pradata (Bp. Budi :
0819-3119-4334 lan Bp. Heri 0813-2515-6209). Nyuwun panyengkuyung pandonga lan kawigatosan
ipun sadaya pasamuan.

2. Ibadah Anak
Ibadah Anak utawi Sekolah Minggu saben dinten Minggu wanci tabuh 10.00 Wekdal Indonesia Siring
Kilen, ing Channel You Tube GKJ Ngento-ento. Nyuwun panyengkuyungipun warganing pasamuwan
ingkang kagungan lare usia Sekolah Minggu kangge ndampingi putra/putrinipun ndherek Ibadah Anak
utawi Sekolah Minggu wonten ing griya.
3. Kateksasi Persiapan Sidi
Kateksasi Persiapan sidi sampun dipun wiwiti. Dhumaten warganing pasamuwan ingkang kagungan
putra/putri usia kasebat saget sesambetan kalian Saderek Septian ( minangka koordinator)
ing no. WA : 0877-7798-7732. Nyuwun kawigatosanipun sedaya warganing pasamuwan.

4. Sarasehan Bapak-bapak
Sarasehan Bapak-bapak badhe dipun laksanaaken ing dinten Setu, 5 September 2020,
wannci tabuh 19.00 Wekdal Indonesia Siring Kilen, mapan wonten ing dalemipun Ibu Yety Murni
Triningsih (Brangwetan). Nyuwun rawuhipun bapak-bapak warganing pasamuwan.

5. Bakti Sosial Tanggap Covid-19


Gereja tasih mbikak kesempatan dumateng warganing pasamuwan ingkang bade nyengkuyung kegiatan
Bakti Sosial Tanggap Covid-19 (tahap 5 wulan September) kanthi ngempalaken donasi arupi arta
utawi sembako lumantar :
1. Pradata wilayah
2. Kantor Gereja
3. Transfer Rekening Gereja; BRI Unit Moyudan, kanthi Nomor Rekening: 3060-01-026686-53-8
a.n. GKJ Ngento-ento (foto bukti Transfer dipun kintun Nomor WA Gereja: 0821-3494-0074).
Nyuwun kawigatosanipun sadaya warganing pasamuwan.

6. Pengadaan Sarana lan Prasarana Pangibadah


Gereja nembe proses nglengkapi sarana lan prasarana pangibadah arupi peralatan sound system lan
multimedia. Nyuwun kawigatosanipun sadaya warganing pasamuwan .

PISUNGSUNG

a. Pisungsung Pangibadah HUT Kamardikan RI kaping 75 Tahun: Rp.135.000,00

b. Pisungsung Pangibadah Minggu, 23 Agustus 2020 (dalam Rp.)


Ibadah Mingguan & Pembangunan Wulanan Mirunggan Jumlah
Enjang 1.047.000 450.000 - 1.497.000
Jumlah 1.047.000 *450.000 - 1.497.000
*Pisungsung Wulanan saking warga Wilayah:
1. Karanganjir : Rp.200.000
2. Karanganjir : Rp.250.000

Pradataning pasamuwan ngaturaken panuwun awit Pisungsung Hari Besar, Mingguan, Pembangunan,
lan Pisungsung Wulanan saking sadaya warganing pasamuwan. Pisungsung saget dipun kempalaken
nalika ndherek pangibadah wonteng Gereja, pradata wilayah, Kantor Gereja, utawi tranfer ing Rekening
Gereja BRI Unit Moyudan, kanthi Nomor Rekening: 3060-01-026686-53-8 a.n. GKJ Ngento-ento (foto
bukti Transfer dipun kintun ing Nomor WA Gereja: 0821-3494-0074).
Timbalan Pangibadah (Pasamuwan kaaturan jumeneng)
Sumangga sesarengan kita miwiti pangibadah ing dinten punika, sesarengan ngkrepekakan Kidung
Pasamuwan Jawi 455: 1 “ Lah Pra Abdine Pangeran”

TAMBAHAN/ RALAT

1. Nyuwun kawigatosan dhumateng warganing Pasamuwan, ingkang ndherek pangibadah ing gedung
Gereja, mangke menawi sampun purna anggenipun medal saking gedung Gereja, saget langkung konten
siring Wetan, Kilen, lan konten utama siring Ler (ngajeng) supados tetep jaga jarak naliko mengkeraken
papan pamujan meniko. Nuwun.

Anda mungkin juga menyukai