Anda di halaman 1dari 35

Biodata Pengarang

Willy Sucahyo Purnomo Sigit, S. Pd

Lahir di Surabaya tepatnya tanggal 9 Desember 1972 dan sekarang tinggal di


Pakis III/ 82 Surabaya. Setelah selesai kuliah di UNIPA FKIP Bhs. Inggris tahun 2003,
mengajar di SDN Margorejo VII sampai dimerger menjadi SDN Margorejo VI sampai
tahun 2017, sekarang mengajar di SDN Gayungan II/ 423 sampai sekarang dan
mengampu mata [elajaran Bahasa Inggris. Mempunyai passion mengajar dan
menyukai buku novel, cerpen dan sejenisnya. Mengarang dalam bentuk Bahasa Jawa
untuk mengangkat Bahasa tersebut supaya tetap lestari dan abadi.

Ringkasan cerita

Ada tiga cerpen berbahasa Jawa yang penulis buat berjudul “Guru”, “Pak Guru” dan
“Skripsi”. Menceritakan pernak-pernik kehidupan guru dan calon guru demi meraih
cita-citanya. Realitas kehidupan yang kadang tidak sesuai dengan keinginan, namun
karya ini tidak seluruhnya pesimis karena masih ada asa yang tetap dipelihara
terutama dalam cerpen “Skripsi” yang ingin menunjukkan bahwa dia bisa melakukan
sesuatu yang baginya mustahil dilaksanakan.

1
GURU
Sêjatinê aku ora pati srêg dadi guru. Nangíng piyé manèh.
Wóngtuwaku guru, masku dhosèn, mbakyuku bojoné kêpala sêkolah
SMP, kakangmasku síng sijiné guru SMK, banjúr aku síng ragíl ya
kudu dadi guru.
"Gung, ijazahmu luwi rak såkå UNESA. Lha yèn ora gêlêm mulang
trús arêp nyambút gawé åpå? Olèhku ngragati kowé ora sithík. Yèn
ngèlmumu ora kók gunakaké têrús piyé?" ngêndikané Bapak.
Yèn wís ngono kuwi lan kêbênêran kabèh sêdulúr nglumpúk,
kåyå olèh dalan anggóné ngrumpyúng aku. Aku ya múng mênêng,
karo mèsêm. Sidané aku kêpêkså nglamar guru, pas ånå lówóngan
dadi guru kóntrak utåwå guru honorer.
Sênajan abót nyang ati, nangíng barêng tak lakóni kanthi sênêng, jêbúl
dadi guru kuwi nyênêngké. Sabên dina anané múng kumpúl wóng
akèh, kåncå akèh, lan mêsthi waé siswå síng akèh. Pancèn aku durúng
duwé sisihan, wóng jênêngé pacar waé durúng duwé. Olèhé arêp
golèk pacar waé carané piyé? Saiki yèn ora numpak sepedha móntór
sing apík, cah wadón nolèh waé êmóh. Pilíh wóng síng nduwé
sêpédha mótór síng apík. Yèn biså yå mobil. Aku dadi wêdi. Yèn
istilahé sing ngêtrèn jaréné mindhêr.
Sêtahún anggónku dadi guru. Mêsthi waé wis kumpúl kåncå
akèh. Malah adané kåncå-kåncå pårå guru honorer nggawé
paguyuban.
"Sêdulúr sêdulúr, kita iki sênasíb lan sêpêrjuangan. Mulå yèn kita
rukún, kompak mênåwå ånå åpå-åpå, bisa ngurús kanthi cêthå lan
tumåtå. Mula kabèh kudu mlêbu anggota, síng rumångså biså, månggå
dadi kêtua lan pêngurús liyané. Iki kanggo kêpêntingan bêrsama

2
"mêngkono pêmbukané kåncå guru síng nduwé karêp gawé
paguyuban.
Kabèh pådhå sarujúk, anggotané cacahé satús sèkêt guru såkå
sadhêngah tataran. Ya guru SD, guru SMP, guru SMA lan guru SMK.
Kabèh guru kóntrak, suwéné têlúng tahún. Yèn wís rampúng êmbúh
bakalé piyé durúng ngêrti..
Ånå crita síng nggarês nyang ati. Tansah kèlingan nangíng kudu biså
dilalèkaké. Jalaran aku iki guru, sanajan guru honorer.
Kåncå guru mêsthi yå akèh, nangíng síng gêlêm cêdhak utåwå
gêlêm tak ajak ómóng-ómóng bab pêngalaman dadi guru ora akèh.
"Bu, sampun dangu ngastó wóntên mriki? Lajêng dóspundi nggíh dadi
guru síng apík, bênêr lan pas niku?" pitakónku.
"Ah panjênêngan ki kåyå cah anyar waé. Lho pancèn yå anyar níng
wís dadi guru yå kåyå nèk praktèk biyèn nalikå kuliyah kaé lho Pak,"
mêngkono wangsulané.
Sabanjuré katón rumakêt. Yèn ånå åpå-åpå aku takón lan nyuwún
pitudúh. Asmané Bu Tutik. Jaréné dadi guru favorit, lan guru têladan.
Isíh kênyå sanajan umuré wís kêpala têlu, nangíng isíh katón kaya
umur kur-kuran.
Sawijiníng dina dhèwèké ngêndikå yèn arêp njagóng, nangíng
ora ånå síng ngêtêrké. Lan kanthi prasaja dhèwèké njalúk marang aku
supaya gêlêm ngêtêraké.
"Pak kêrså nulungi aku tå? Aku ki arêp njagóng, nangíng ora ånå síng
ngêtêraké, tulúng Pak yå?" mêngkono kandhané Bu Tutik.
Sanajan múng njagóng, nangíng kabèh pådhå ngêrti, malah
têrús móyóki aku, jaréné aku pacaran karo Bu Tutik. Sanajan batinku
ora nangíng nyatané mêngkono. Lan uga Bu Tutik yå ora naté nolak

3
ómóngané kåncå-kåncå, nangíng ugå ora ngiyani. Kabèh lumaku têrús
tanpå ånå bab síng mênjilå.
"Pak Agung, jaré kåncå-kåncå guru honorer pådhå arêp dhémonstrasi
nyang kantór? Bênêr?" mêngkono pitakoné Bu Tutik, lan aku malah
rådå kagèt.
"Åpå yå tå Bu, kapan, såpå síng ngêndikå, têrús piyé?" aku malah
gênti takón.
"Lho njênêngan ki piyé tå. Síng dadi anggota ki rak panjênêngan dudu
aku. Aku múng krungu såkå kåncå, lan tênané kêpriyé programé åpå
yå kuduné njênêngan síng nlusúr".
"Wah ngapuntên Bu. Aku kók ya bodho bangêt. Nuwún ya Bu
diparingi ngêrti. Aku tak nggolèki kåncå liyané" wangsulanku cêkak
karo klincutan.
Sidané aku nggolèki kåncå síng pådhå nasibé. "Piyé jaré arêp dhémo,
kapan, nyang ngêndi Kar?" pitakónku nalikó kêtêmu Karnó kåncå
kuliyah biyèn.
"Wah kowé kuwi jan bénto tênan. Mulang yo ora, gawéyanmu múng
pacaran, mulå ora ngêrti kahanan, ora ngêrti pêrkêmbangan. Dhasar
bénto Gung," ngono wangsulané karo mêncêrêng.
"Ah ya sory. Mbók unèkké åpå waé aku gêlêm, nangíng aku ki yå
múng mulang tók. Ora pacaran kaya ómóngané wóng. Malah aku
ngêsír murid waé lupút. Hahaha," wangsulanku karo ngguyu.
"Ra guyón Gung. Yèn ånå sétan liwat, ngómóngmu dadi tênanan,
bakal nêmahi cilåkå. Pókóké ra ngrêmbúg bab ngono kuwi. Sirikané
guru yèn tumindaké
kåyå mêngkono.
Kêjåbå siswå liya
sêkolah sak

4
karêpmu. Pókóké ngéné, súk Sêlåså aku karo kåncå-kåncå arêp
nggrudúg têlúng panggónan. Sêpisan nyang kantór P dan K. Loro
sowan pårå wakíl rakyat, lan têrús nyang balaikota. Ngurús nasíb.
Sêbab awaké dhéwé iki wís mèh mataun-taun dadi guru honorer. Wís
kêbacút dadi guru kók ora jêlas nasibé. Sêbab jronéng rapat pêngurús
kabèh wís pådhå sêtuju. Jalaran iki mau ndulu pêngalamané pårå
tênaga kóntrak síng biyèn.." kandhané Karnó kåyå pêmimpín síng
durúng naté dadi.
"Lha têrús mêngko yèn ditolak, dibubarké lan dikón nggawé
pêrnyataan piyé?"
"Ngéné ya cah bagús bénto. Sésúk Minggu kuwi rapat umúm, kabèh
kudu têkå. Banjúr nggawé cårå, nggawé syarat. Ya kuwi usulan,
kêkarêpan lan tuntutan. Ngêrti ta kowé. Mósók sarjana kók ra
mudhêngan ki piyé." Karnó såyå mêncêrêng kåyå biasané.
"Iya ya aku mudhêng. Síng durúng mudhêng arêp usúl piyé têrús
nuntút piyé?" pitakónku manèh.
"Wèh kåyå nêrangké cah èsdé waé kók. Cah bagús Bénto Radèn
Agung, rungókna yå. Awaké dhéwé ki K2, yå kudu têrús. Sabanjuré
pêmêrintah supåyå gêlêm ngangkat awakké dhéwé yå kabèh guru
honorer dadi pêgawé négri. Sébab nyatané kan isíh mbutúhaké tå síng
jênêngé guru. Ora susah tèsting manèh, sêbab biyèn yå wis tèsting.
Kuwi pókók sing kudu dipêrjuangké sampai kapanpun." Kandané
Karnó makantar kantar.
Têkan dinå sing wís disarujúké kabèh guru honorer nglumpúk
ing lapangan. Nganggo sêragamé guru. Kanthi pêrcåyå diri lan
kasepedhaayan síng wís kêplêng, kabèh budhal nyang kantór P dan K.
"Sêdulúr-sêdulúr, aku wís ngêrti åpå síng kók karêpké. Nangíng kabèh
kudu pådhå ngêrti lan kuduné wís ngêrti. Wéktu iki ånå sapérangan

5
nêgårå Indonésia síng lagi nandhang sungkåwå, yaiku kêpada gêmpa
lan banjír sarta tanah lóngsór. Mulå gandhèng kabèh wís pådhå ngêrti,
liyå dinå waé bakal tak sêngkuyúng åpå síng dadi karêpmu,"
mêngkono pidhatoné Képala Dinas P dan K.
Kabèh múng pådhå mênêng lan ndómblóng. Ora ånå síng bisa ómóng.
Aku iki pancèn sarjana, nangíng yèn diunékaké aku jané yå sêrík.
Dupèh sarjana, njúr karêpé dhéwé ora ngêrti kahanané bångså . Liyané
pådhå sêngsårå malah
nyaru wuwús njalúk
wêrnå wêrnå. Ééé kók yå
kêbangêtén.
Sawêtara sêpulúh mênít
ora ånå síng mangsuli.
Kêpala Dinas mlêbu
kantóré manèh, lan kåncå kåncå bubaran tanpå swårå tanpå pamít.
"Ooh guru, iki nasibku." Múng kuwi batinku.

--&/&--

6
PAK GURU
Parjó lunggúh ongkang-ongkang ånå lincak karo ngalamún.
Sêpédha mótór kridhitané diparkir ånå ngarêpé.

Hèlm loro ånå jênêngé anaké, Nardi lan Sunarmi dicènthèlaké


kiwa têngên sêtang. Kåncå-kancané lagi wédangan ånå warúng
mburiné dhèwèké. Ora lêt suwé Nardi nyêdhaki Parjó.

"Sês, Pak Guru!?" Nardi nawani rókók.

"Matúr nuwún! Aku nggåwå, lha iki!" sêmauré Parjó karo ngrógóh
kanthóngan ngêtókaké rókóké.

Nardi durúng sêmpat lunggúh ånå swårå rådå bantêr. Suarané Bu


Wagiyêm, bakúl bumbón tanggané Nardi.

"Ayo Dhík Nardi, gèk ndang ditêrké. Wís kawanan jé...! Mau tanginé
kêrinan, mêngko ibu-ibu sêlak ngêntèni."

Tanpå ngucap Nardi têrús nyandhak karungé Bu Wagiyêm.


Disèlèhké ndhuwúr tèngki, têrús bablas. Ninggalké pêlúk síng
kêmêndhêng. Parjó dhèwèkan manèh....ngalamún.

Parjó kèlingan ucapané Nardi rikålå nawani rókók. Sêbutan síng


diucapké kåncå-kåncå pêngojèk liyané. Pak Guru Parjó, lêngkapé
bapak dóktórandús Parjó. Parjó nèk ésúk pancèn guru ånå SMP íng
désané. Lan nyandhang gêlar sarjana. Sarjana PMP. Síng sabêndina
nêrangké babagan pêmêrintahan marang muríd-muríd íng sêkolahé,
nêrangké babagan pêmêríntahan démokrasi kang njunjúng kêadilan,
pêmêríntahan síng adhêdhasar manút amanat pêndêritaan rakyat,
pêmêríntahan síng dilandhêsi ukúm kanggo kabèh kawulané ora
mandhang pangkat lan drajad kabèh kênå ukúm síng pådhå, Nêgårå
kang nganút dhémokrasi. Anti KKN lan liyå liyané. Sêbutan Pak Guru
rikålå nyambi ngojèk janjané rasané risi, níng suwé-suwé sindhirané
kåncå-kancané ora dirasakké. Miturút Parjó ngojèk kuwi pêkêrjaan
halal lan ora ngrugèkaké liyan.

7
"Pak guru ki ora nguman umani, rêjêki kanggo kancané síng ora
duwé gawéan yó... mèlu diarah, lawóng wís digaji gêdhé...préi
dibayar. Lha kók sêmpat-sêmpaté ngojèk. Åpå ora isín nèk kêtêmu
muríd-muríd nèng ndalan?" sindhirané kåncå-kåncå pêngojèk karo
guyónan.

"Ora orané..., rêzêki sing ngatúr Gústi Allah..., rêzêki ora


mungkín klèru!" sémauré Parjó sak kêcêkêlé.

"Wah nèk ngono kuwi kétók guruné..." suarané kåncå-kancané


barêng karo pådhå ngguyu barêng.

Pisan manèh Parjó kèlingan limang tahún kêpungkúr. Rikålå


isíh kuliah...rikålå isíh sinau. Sêkolah sinambi nggarap sawah sak
pathók, dadi burúh lan nyambút gawé sêrabutan sak kêcêkêlé. Kabèh
dilakóni kanti sênêng. Amargå duwé gêgayuhan lan pêngarêp-arêp,
mêngko nèk wís nyandhang gêlar sarjana mêsti uripé bakal ånå owah-
owahan, dadi wóng síng kajèn kéringan dadi pégawai. Alhamdulillah
amargå têkún anggoné sinau akhiré Parjó lulús sarjana. Tahún pisanan
nyoba mèlu ndhaftarké dadi pêgawé nêgri. Awan, ésúk, soré lan bêngi
tansah sinau kanggo ngadhêpi mbók mênåwå ånå tèstíng pênêrimaan
pêgawé.

Dinå kang ditunggu-tunggu têka, dinå kanggo ujian masuk dadi


PNS. Mangkat tèstíng kanti gagah sêmangat êmpat lima. Yakin mêsti
iså nggarap kabèh.... Têrús tèstíng diwiwiti. Kabèh soal iså dijawab
kanti bênêr, kari nunggu pêngumuman.... Ditåmpå, têrús dadi Calón
Pégawai Nêgêri Sipil alias CPNS. Tanpå kélangan dhuwit.... Aku
êmóh nèk dadi pêgawai nganggo dhuwit, êmóh yèn KKN.... Lha wóng
dhuwít kók diwènèhké wóng sugíh. Pådhå waé ngingóni wóng
lémpóh.... Ngono pikiré Parjó.

Sak wisé têlúng minggu dinå pêngumuman têkå, têrús mangkat


niliki pêngumuman pênêrimaan CPNS. Diatúraké nomêr-nomêr síng
ditåmpå, nangíng nomêré Parjó.... blóng.... ora ånå. Taún kapíng loro
yå hasilé pådå waé.... Taún kapíng têlu, papat, limå.... Sami mawón....
Mupús.

8
Rikålå ngancík taún kapíng pitu idéalismêné mulai luntúr.
Sajaké wís ngancík jaman sak iki kabèh-kabèh kudu nganggo isiné sak
alias dhuwit.

"Ééé.... Blaik tênan, arêp dadi pêgawé kók angèlé ora jamak,"
Parjó grundêlan nèng ngarêpé Drs Parimín kåncå kuliahé rikålå
mampir nèng omahé.

"Kowé gêlêm åpå piyé? Sasi ngarêp ånå pêndhaptaran manèh.


Níng kåyå biasané. Jaman saiki kudu nganggo (Parimín nggèsèkké
jêmpól karo drijiné). Léwat tanggaku síng kêrjå nèng kånå dijamín!"
sêmauré Parimín karo ngangkat jêmpól.

"Têrús pira?" Parjó nyaút kanti cêkak.

"Sak iki pasarané têkan séwidak!"

Blaik.... Trèmbèlané, lha kók kåyå wóng bakulan, kåyå blantík! Kuwi
yå dhuwít kabèh?!" Parjo sêmaúr karo njêgègès.

"Mbúh Jó! Dikandhani kók malah cêngèngèsan," Parimín sajak anyêl.

"Têrús carané piyé? Jaminané piyé? Upåmå ora kêtåmpå piyé? Åpå
dhuwité iså bali? Êngko gèk ngapusi?" pitakoné Parjó kåyå udan.

"Ora mungkín, piyayiné nèk dibayar sak iki ora gêlêm kuwi jênêngé
nyókól! Lha wóng aku kaé mbayaré pênuh nèk wís kêtåmpå, nèk
kowé gêlêm ayo njalúk tulúng rånå! Iki dudu KKN lho, lha wóng
njalúk tulúng. Umpåmå nganggo dhuwít mbayaré kuwi nèk wis
kêtampå... pinångkå ucapan têrima kasih alias matúr nuwún!"

"Kuwi alias ya mbayar.... Ya KKN. Lha kélangan dhuwít!" Parjó


nyaút gunémané Parimín.

"Ya! sak karêpmu síng ngarani!" Parimín rådå anyêl.

Êmbúh piyé céritané ngêrti-ngêrti Parjó nyarujuki usulé


Parimin. Parjó karo Parimín sidå mêngadakan pêrjanjian tidak têrtulis
kathi cathêtan ucapan têrima kasih Rp 60 juta. Ångkå síng cukúp
fantastik kanggoné Parjó. Rikålå ånå pêndhaptaran Parjó ndaptarké

9
manèh sawisé olèh Kartu Pêndaftaran têrús dipotokopi, dititipaké
marang tanggané Parimín.

Wis têkan titi mangsané, pêmêríntah dhaérah nggatèkaké nasibé


pårå guru síng wís ngabdi suwé. Pênêrimaan PNS diutamakké síng
pêngabdian lan umuré wís akèh, kêrsané Gústi Allah, Parjó mêmênuhi
syarat. Parjó ditêtêpaké
ditåmpå dadi CPNS. Nangíng
ora ngêrti åpå mêrgå bantuan
åpå mêrgå liyané, amargå
rikålå kabèh kåncå-kancané
sak angkatan ditakóni ora ånå
síng nganggo dhuwít babar
blas.

Parjó kêtampa kanthi råså sêtêngah-sêtêngah, yå sênêng, yå


susah. Sênêngé mêrgå síng diidham-idhamaké pitúng tahún wís
kêcêkêl. Nangíng síng ndadèkaké susahé, sak iki kudu nggólèk dhuwít
sêwidak yutå. Pêrjanjian wis kêbacút ditèkên. Sawisé rêmbugan karo
bojoné, diputusaké nyilíh dhuwít marang tanggané síng dódól
matêrial, kanthi jaminan sértipikat lêmah warisané. Lan anakan sabên
wulan têlúng pêrsèn. Ditambah adól mangsan sawah sak pathók
warisan såkå mårå tuwané suwéné limang tahún.

Nêm tahún lawasé Parjó wís rêsmi dadi Pégawai Nêgêri Sipil
(PNS), nèk mangkat nganggo PSH nècis. Nangíng nganti saiki, nganti
anaké wis loro durúng ngrasakké blanjané, amarga SK pêgawéné
dititipaké ånå bank. Jangkané sêpulúh tahún kanggo nutúp utangan
rikålå mlêbu dadi pêgawé lan krédhit pit móntóré.

"Dhúh Gústi tibaké dadi pêgawé nganggo cårå ngéné iki malah
susah, pénak gèk dadi tani biyèn kaé, éntúk sithík dipangan sithík ora
dioyak-oyak utang." Parjó ngunjal ambêgan. Atiné tambah gêtêm-
gêtêm rikålå ånå wartå ing surat kabar, sing nêrangaké manåwå ånå
oknum PNS nåmpå sógókan ditangkêp polisi amargå apús-apús.
Barêng ditêlusur tibaké óknum mau síng nåmpå dhuwit sêwidak yutå
såkå dhèwèké.

10
"Pak Guru tangi! Ayo aku têrké mulíh.... Ngalamún waé!" Sartónó
pagawé pabrík tèkstil ing kutha nggugah lamunané Parjó.

"Éh.... iyå... iyå..., lho kók yah méné wís mulíh, Sar?" Parjó gêragapan
karo nggolèki srandhalé.

"Anu Pak guru.... Mau ora dha mlêbu nyang pabrík. Níng dha nyang
kabupatèn. Dhémo nuntút kênaikan gaji," suarané Sartónó katón
sêmangat têrús mlumpat nyang sadhêl.

"Mêngko nèk síng dhémo malah dipêcat anakmu tók pakani åpå?"

"Êhmmm...." Sartónó ora biså njawab.

--&/&--

11
SKRIPSI
Jênêngé Sartó. Pakaryané magang dadi tukang kêbón sawijiníng
SMP. Nadyan mangkono pikirané mlêtík tinimbang kanca-kancané
síng sababag tunggal profèsi.

Nalika jaman diombyak guru kudu duwé gêlar sarjana dhèwèké


mèlu kasêmpyók atiné.

Niyat kuliyah ora kêna disêmayani, kanthi pangangkah


njunjúng drajat lan ajiníng dhiri íng têngah-têngah sêsrawungan.

Tékad kåyå mangkono kuwi bêcík lan pantês ditiru, íng atasê
magangan tukang kêbón waé duwé krêntêg kuliyah, kathík guruné
sók-sók isíh pådhå ngêndhé-êndhé wêktu, alêsanê ragaté durúng ånå.

Sartó yèn diarani modhèl mahasiswa jaman saiki pancèn kalêbu


mahasiswa síng uthún, wís ora patút tênan srawúng karo kåncå-kåncå
liyané.

Apamênèh síng jênêngé birokrasi kampús, wís pókóké ora


mudhêng thêg kliwêré síng pånå.

Nangíng minångkå mahasíswa dhèwèké nduwèni tékad síng


kêncêng yaiku kuliyah lan biså ngrampúngké nganti antúk gêlar SPd.

Diarani cêcak nguntal pågå ya bèn, nyatané kabèh mau wís


dilakóni.

Satêmêné atiné Sartó kadhang yå rådå mindêr sabên awór


kåncå-kåncå síng dadi barakané wís duwé gêlar sarjana.

Jaman saiki jênêng síng ora ånå èmbèl-èmbèlé kuwi jaré kurang
nduwèni bóbót.

Nyatané nadyan duwé kapintêran mênjila langít níng yèn tanpå


ijazah síng ånå èmbèl-èmbèl sarjana kók sajak ora ånå síng gêlêm
canthúk arúh.

Gêgayuhané Sartó pancèn kêpingín dadi sarjana. Jênêng Sartó


súk yèn lulús bèn éntúk èmbèl-èmbèl Sartó SPd.

12
Mêsthi jênêngé bakal luwíh mêntèrèng, lan bakal disåpå arúh
déníng liyan, mula tékad kuliyah wís kêncêng nadyan pêndhak dinå
dipådå déníng kåncå-kancané nyambút gawé.

"Ora ngonoa Sar, awakmu kuwi kêpingín dadi åpå.

Pangkatmu waé múng tukang kêbón isíh magang kók ndadak kuliah
barang?" pitakóné Pak Pardi síng sabên ndinané dódól bakso sundúk.

"Aku kêpingín dadi sarjana Pak. Bèn dirêgani déníng wóng liyan,"
wangsulané Sartó mantêb.

"Mêngko yèn disêbút nèng ndéså dadi Sartó SPd. Cita-citamu múlyå,
sokúr awakmu iså ndang diangkat, dadi mêngko ijasahmu kêna nggo
pêrsamaan.

Saora-orané awakmu iså dadi guru, mêrga duwé titêl Sarjana


Pêndidikan.

Bédå karo aku, ndhisík nggónku kuliah rêkåså éntúk gêlar dé èr ès


saiki ora wani nganggo."

"Yèn ngono sampéyan kuwi sarjana Pak, généya múng trimå bakúl
bakso sundúk?" pitakóné Sartó sêmu ndómblóng.

Nasíb Tó, sajaké aku ora ditakdírké dadi pêgawé nêgêri, nyatané
anggónku nglamar píng sêpulúh ora tau katút, wêkasané aku mutúng
êmóh magang. Kuwi dak lakóni sêpulúh tahún kêpungkúr.

Ngopèni anak bojo ora cukúp såkå hónór magang.

Wêkasané dak nggo nglêmbårå nèng kuthå.

Ijasahku payu mêrgå sarjana, saora-orané isa dadi pêngawas nèng


pabrík. Urípku mapan, niatku dadi pêgawé nêgêri wís luntúr."

***

13
Skrípsi kudu dilakóni mêrgå jatahé kuliyah wís êntèk, kalêbu
KKN lan PPL.

Pêngalaman-pêngalaman síng ora tau ditêmóni sajroné dadi


tukang kêbón magang jêbúl nuwúhaké sêmangat anggóné kêpingín
dadi guru.

Anggóné PPL lancar nadyan sadurungé dilakóni kanthi


ndhrêdhêg mêrgå kudu ngadhêpi muríd lan durúng duwé pêngalaman
saithík-ithíkå.

"Síng dadi kunci kuwi têtêg lan pênampilan. Yèn awakmu nèng
ngarêpé muríd wís grógi lan ndrêdhêg mêsthi bakal digêguyu muríd.

Níng yèn awakmu wís sangu têtêg kåyå patrapé guru mulang,
tangkêbé síswå bakal pêrcåyå yèn awakmu kuwi pantês dari guru
têmênan," pêsêné Pak Kêpala Sêkolah.

Kunci kåyå ngono kuwi dilakóni tênan, nyatané dhèwèké


anggóné PPL biså rancag tênan, dhèwèké kåyå wís dianggêp guru síng
tênanan, saora-orané kåyå guru síng wís duwé pêngalaman magang,
nganti ora kråså wêktu PPL rampúng éntúk pangalêmbånå såkå
Kêpala Sêkolahé. KKN yå lancar, mêrga mbarêngi déså ngêcakké
program kêrja bhakti mbangún dalan lan gawé saluran banyu.

Saiki tugas síng kèri dhéwé yaiku skripsí.

Sajaké gawéyan kuwi rådå waringutên anggóné kêpingín arêp


ngayahi. Lha piyé jênêng nulís ukårå waé ora tau, åpå mênèh kênèng
måcå buku babar blas ora tau dilakóni.

Nangíng dhèwèké ora mupús nåmpå kahanan koyo mêngkono,


niyaté kêpingín jênêngé nduwé èmbèl-èmbèl SPd ora surút, kêpårå
tansåyå nóthól jroníng ati.

Anggóné turu yèn wêngi ora jênjêm, yèn awan anggóné


nyambút gawé ya ora kónsèntrasi kåyå padatan.

Síng dipikír yå múng babagan skrípsi.

Pikirané saya bunêg, arêp takók kåncå-kancané ya kurang srawúng.

14
Yèn takók nèng kampús dijêlaské ya ênggíh-ênggíh níng ora
kêpanggíh. Mêtu såkå platarané kampús pituduhé dósèn wís ilang såkå
angên-angêné.

"Mênawi kêpingín pinanggíh Pak Pardi sakniki mpún wangsúl sakíng


Jakarta, Kang," cluluké Jókó salah sijiné murid síng omahé tangga
karo Pak Sardi.

"Bênêran bangêt, yèn ngono aku pêsên mêngko bakdå Magríb dak
sowan. Iki pêntíng, kón nyêlakké tênan," wangsulané Sartó kanthi
bungah.

Niyaté Sartó wís kêncêng tênan.

Bakda Magríb agahan mênyang omahé Pak Pardi, ora lali


nggåwå gawan gula tèh lan rókók kåyå patrapé wóng arêp njalúk
tulúng.

"Niki ngatên Pak Pardi, têkå kulå niki badhé nyuwún tulúng
sampéyan ndamêlké skrípsi kulå.

Mangké opahé pintên kulå ndhèrèk." aturé Sartó

"Awakmu kuwi guyón apa tênanan, tukang dódól bakso sundúk


dikón gawé skripsí. Umpåmå biså yå skripsí babagan bakso sundúk,"
wangsulané Pak pardi karo guyón mêrga dibasani mlipir.

"Niki saèstu Pak, kula niku núl puthúl babagan skripsí.


Ditêrangké dhósèn mlêbu kupíng têngên bablas mêtu kupíng kiwå.
Ajêng takón prêkéwúh, takón kåncå-kåncå isín mêngko dikirå
mahasiswa ora mudhêngan." cêlathuné Sartó.

"Ngéné waé, awakmu sowanå Pak Sarjikún SPd síng wís ngastå
guru. Dhèwèké lagi mêntas waé nduwèni gêlar SPd.

Nèng kånå awakmu luwíh gamblang.

Yèn aku wís lali kabèh, lha wóng wís ånå limolas tahún kliwat
ora nyêkêl buku.

15
Åjå mênèh nulís skripsí kuwi ånå aturané síng pêndhak-
pêndhak ånå owah-owahan." pitêrangé Pak Sardi.

Sidané Sartó sowan dalêmé Pak Sarjikún SPd. Mêsthi waé ora
lègèh. Gawané luwíh akèh tinimbang nyang omahé Pak Pardi, mêrgå
statusé wís bédå.

Gulané têlúng kilo, rókóké Jisamsu róng pak, tèhé sak près, isíh
ditambahi róti kalèngan bundêr cilík.

"Nyuwún sèwu sakdèrèngipún dhatêng Pak Sarjikún SPd, nami


kula Sartó pakaryan kula magang tukang kêbón SMP.

Déné sowan kula badhé nyuwún tulúng kaliyan Pak Sarjikún


SPd," wangsulané Sartó andhap asór nalikå didangu déníng Pak
Sarjikún.

"Lha síng dikêrsakké Nak Sartó niku nåpå, kók kêraya-raya


tindak ngriki, gèk ngastå bóntótan barang, wóng kula niku naming
tiyang limrah mawón." sêmauré Pak Sarjikún.

"Kulå mênikå rak ndhèrèk kuliyah Pak, bêtèkipún kêpingín


dadós sarjana. Níng kulå waringutên damêl skrípsi. Milå sowan kulå
ngriki badhé nyuwún tulúng Pak Sarjikún supadós kêrså ndamêlakên
skrípsi kulå, mangké pêrkawís ragat kulå ndhèrèk." aturé Sartó.

"Ngatên Dhík Sartó, kulå niku bingúng ajêng wangsulan. Lha


wóng kula piyambak skrípsi niku nggih ndandakké, ngêrtós-ngêrtós
dadi. Pancèn cårå ngótên niku kulå síng salah, pungkasané wóng atasé
kulå niku sarjana mênawi ditakèni mahasiswa anyar babagan skrípsi
kók ora mudhêng." wangsulané Pak Sarjikún.

Sartó atiné dadi mêndhêlóng gêlå dadakan.

Èsêm síng maunê sumringah sakålå malíh èsêm síng kêcút,


praupané malíh pucêt.

"Niki ngatên mawón Dhík Sartó, slirané ora susah mumêt mikír
skripsi. Pénaké luwúng ndandósakên mawón, mêngké kulå lantarké
dhatêng kåncå kulå." panglipuré Pak Sarjikún.

16
Têkan ngomah atiné wiwít ditåtå.

Gulå tèh lan rókók åpå déné gawan liyané síng wís mabúr ora
prêlu digêtuni.

Kalêbu gawan síng arêp dinggo lantaran pêsên skrípsi iki


mêngko wis disumadiyakaké nadyan diréwangi golèk utangan.

Nangíng wêktu kuwi udané dêrês bangêt, listrík mati. Diêntèni


saya wêngi ora têrang malah kêpara dêrês.

Atiné Sartó nglokro, dhêlêg-dhêlêg ånå ngèmpèr karo nggagas


nasibé. Anggóné kuliyah nggunakké ragat.

Dhèwèké kêpingín duwé jênêng èmbèl-èmbèl gêlar sarjana


mêrga kêpingín nggadhúh ilmu síng múrwat karo titêlé.

Manåwå skrípsi ndandakké mêruhi dadi, atêgês sarjanané ora


adóh kåyå barang tukón.

Sartó unjal ambêgan landhúng.

Råså kêdhuwúng kuwi ngélíngaké atiné.

Dhèwèké êmóh yèn diarani mahasiswa nul puthúl.

Niyaté ndandakké skrípsi diwurúngké.

Mbúh kêpiyé waé rêkasané nggawé skrípsi bakal dilakóni,


mêrga ngono kuwi wís wajibé mahasíswa kanggo nêmpúh gêlar
sarjanané.

Tas plastík wêrna irêng kuwi isiné gulå limang kilo, tèh sak
près, rókók Jisamsu sak slóp, róti Kóng Guan kothak siji, ajiné kliwat
atusan. Timbang diwènèhké wóng liyå anggúr dinggo dhéwé.

Nadyan pakaryané múng magang tukang kêbón, nangíng atiné


dhadhag lan sêmbådå bakal nudúhaké skrípsiné síng kanggo nguyak
gêlar sarjanané asli såkå kringêt lan pikirané dhéwé.

--&/&--

17
Biodata Pengarang
H. Mohammad Dakhlan, S. Pd.

Lahir di Surabaya tgl 01 Juni 1965. pendidikan terakhir SI


IKIP PGRI Sby jurusan PMP Kn lulus th 1993. SI UT Surabaya
jurusan PGSD th lulus 2014

Ringkasan cerita

Seorang petani yang hidupnya serba tidak berkecukupan,


namun ia tetap berusaha semaksimal mungkin juga rajin beribadah
dan tidak sedikitpun niatan untuk memiliki atau mengambil yang
bukan miliknya.

18
PETANI YANG JUJUR DAN
BAIK HATI
Seorang tua yang sudah udzur duduk termnenung. Ia sedang
memikirkan nasib anak-anaknya yang jauh dari beranjak dewasa,
namun dari hasil pertaniannya yang bersumber dari sebidang tanah
yang tidak luas, tidaklah cukup untuk menghidupi ketiga anak-
anaknya yang masih sangat memerlukan uluran tangan dari si tua,Ia
pun harus berjalan ke sana sini untuk memutar otak bagaimana
caranya agar hasil panen yang sidikit ini dapat membuat anak-anaknya
tidak kelapan.Iapun harus mondar-mandir bejalan di sekitar
ladangnya.
Langkah sang bapak terhenti ketika ia melihat sebuah ladang jagung
yang sangat subur. Ia ingin memetik jagung-jagung itu, tapi ia takut
ketahuan oleh pemilik ladang.
Akhirnya, sang bapak tua itu memutuskan untuk bersembunyi
di dekat ladang itu. Setelah beberapa hari mengamati ladang, ternyata
tak ada siapa pun yang datang. ia merasa dirinya sangat beruntung,
bisa menemukan ladang yang tak berpenghuni. Sang bapak berniat
untuk memanfaatkan hasil lading tersebut, namun dibenaknya
bergejolak, ini bukan milik saya, tetapi di satu sisi ia harus membuat
anaknya tidak kelaparan.
“Wah, enak sekali tinggal di ladang ini,” ucap sang bapak.
Meskipun bapak kekurangan makanan, namun terus-menerus
dibenaknya berpikir, ini bukan jerih payah saya, mengapa saya
berpikiran ingin memanfaatkan yang jelas-jelas bukan milik saya.
bapakpun meninggalkan ladangnya sesaat untuk menghilangkan

19
penatnya. bapak pergi ke ladangnya untuk bekerja sekuat sisa tenaga
yang ia milki untuk berbuat sesuatu dengan menanam benih kacang
yang ia miliki.alhasil setelah beberapa bulan, ternyata Tuhan maha
adil atas ummatnya yang dengan gigih tetap berpegang teguh atas
ajaran dan ujaran yang tuhan wahyukan, bhwa hidup haruslah tetap
teguh pada jalan yang lurus, dan tetap menengadah keharibaan belas
kasih dan pertolongan Tuhan.
Kini bapakpun dengan telaten merawat dan menjaga tanaman
yang telah ia tanam, denga tetap berharap dan berdoa semoga tanaman
ini membawa asil yang berkah bagi ketiga anak-anak, walau ia nyadar
tak mungkin rasanya panenan dri tanaman yang telah ia tanam akan
panen dengan baik, mengingat air sangatlah sulit didapat, karna saat
ini adalah musim kemarau yang sangat panjang.
“Hei, si tua, atas ketabahan dan kejujuranmu, panenan kali ini
membawa hasil yang melimpah dan berkecukupan, sambil
membelalakkan matanya iapun bergegas untuk bangkit dari tidurnya,
oalah saya hanya bermimpi. Sambil berjalan lunglai ia menuju
pancuran air untuk mengambil air wudhu dan bersegera untuk
menunaikan sholat subuh. Dalam sholatnya ia menengadah oh tuhan
sang pemberi rezeqi, berikanlah rahmatmu untuk tanaman yang ada di
ladangku, agar kami dapat menghidupi anak-anakku, walau jauh dari
kata cukup, amiin. Karena hari sudah menandakan pagi iapun
bergegas pergi ke ladanganya yang tidak jauh dari gubuknya. Betapa
kagetnya mata si bapak melihat tanamannya tumbuh dengan subur
tanpa ada satupun yang layu, bahkan mengering. Dengan mulut yang
komat kamit ia bersyukur atas kemurahan tuhan kepada hambanya.
“hari berganti silih berputarnya jarum jam, genap tiga bulan semenjak
tanamannya ia tanam, sekarang sudah waktunya ia panen. Sambil

20
mengucap bismillah….mulailah bapak untuk mengangkat batang demi
batang, pohon demi pohon, wahhh syukur hasilnya sangat bagus dan
melimpah.
Ketiga anaknyapun ikut bersyukur atas apa yang lihat di ladang
bapaknya, mereka.dengan riang gembira memungut buah kacang yang
panen dan dikumpulkannya untuk di bawa pulang.
“Kita tak bisa terus menerus mengeluh, buktinya dengan kejujuran
tuhan tidak menutup mata kepada hambanya yang rajin dan tawakkal,
Lebih baik kita harus berdo’dan berusaha, insyaalloh tuhan akan
mengabulkannya.
Semenjak saat itu kehidupan bapak tua beserta anak-anaknya
berangsur angsur tambah makmur dan berkecukupan, semenjak saat
itu pulalah mereke semakin rajin untuk menunaikan semua
perintahNya.
Singa sangat senang melihat kedatangan Ayam dan Kelinci.
Kebetulan, perutnya sudah berbunyi minta diisi. Mungkin inilah
keberuntungan Singa. Ia pun merencanakan siasat untuk menangkap
keduanya.

Pesan moral dari Cerita di atas : Kita sebagai hamba Tuhan tidak
pantas untuk mengeluh atas apa yang telah tuhan berikan. Justru
sebaliknya kita wajib berbaik sangaka atas semua yang tuhan berikan.

21
Biodata Pengarang
Nora Kristin Natalia, M. Pd.

Lahir di Surabaya pada tanggal 11 November 1986, perempuan yang memiliki


bintang Scorpio ini menyelesaikan pendidikan S1 di UT pada tahun 2017.Perempuan
yang sudah dikaruniai 3 orang putra putri ini mendapatkan beasiswa S2 dan berhasil
menyelesaikan studi S2nya di UNESA pada tahun 2019. Sekarang beliau aktif tercatat
sebagai Guru di SDN Gayugan II/423 Surabaya yang sebelumnya mengajar di SDN
Percobaan Surabaya dari tahun 2014. Selain mengajar di Surabaya, beliau juga pernah
mengajar di Sidoarjo dari tahun 2007. Selain sebagai seorang guru, beliau juga aktif
sebagai anggota Bhayangkari Polda Jatim

Ringkasan cerita

Bagaimana berat tugas dan kewajiban menjadi guru, bagaimana guru adalah
pilar utama terbentuknya karakter-karakter generasi Indonesia, bagaimana upaya guru
memberikan pelayanan yang terbaik terhadap anak didiknya, bahkan tetap hadir
ditengah wabah Covid.Guru adalah pribadi mulia yang kehadirannya ibarat cahaya
dengan kegelapan. Guru hadir salah satunya dengan motto "Menggajarlah dengan hati
maka hati ini akan belajar menjadi manusia yang lebih baik lagi"

22
BANGGA MENJADI GURU
Guru adalah subjek paling penting dalam keberlangsungan
pendidikan. Dalam pengertian yang sederhana, guru adalah orang
yang memberikan ilmu pengetahuan kepada anak didik. Guru dalam
pandangan masyarakat adalah orang yang melaksanakan pendidikan
di tempat-tempat tertentu, tidak selalu dilembaga pendidikan formal,
tetapi bisa juga di masjid, di surau atau musholla dan di rumah. Tanpa
guru, sulit dibayangkan bagaimana pendidikan dapat berjalan.
Masyarakat yakin bahwa gurulah yang dapat mendidik anak didik
mereka agar menjadi orang yang berkepribadian mulia.

Kala itu, seorang guru Bahasa Indonesia di SMP negeri


bertanya kepada murid-muridnya, “anak-anak, sekarang kalian sudah
berumur 14 Tahun, tentunya hidup selama itu kalian sudah
mempunyai cita-cita yang ingin dicapai? Coba kalian pikirkan lagi,
cita-cita apa yang sesungguhnya ingin kalian wujudkan?”. Didalam
kelas riuh saling menjawab. Akan tetapi pandangan guru tertuju pada
seorang siswa yang tersenyum sembari memandang wajah gurunya. “
Jika kamu Nak? Apa cita-citamu??” tanya guru tersebut. Tanpa pikir
panjang murid itu menjawab “Aku ingin menjadi guru seperti
Ibu.”jawab murid tersebut. Sang guru kembali bertanya.”mengapa kau
ingin menjadi guru?apakah orang tuamu juga seorang guru?”tanya
guru. “tidak bu, tidak ada dalam keluarga saya yang menjadi guru,
guru pekerjaan mulia yang saya cita-citakan dari dulu, saya ingin
menjadi orang yang bermanfaat untuk orang lain dan membanggakan
orang tua saya” jawabnya. Dengan mata berkaca-kaca guru itupun
mendoakan muridnya sembari memegang kepalanya. Entah doa apa
yang dibaca guru tersebut tapi rasa hangat dan haru dirasa oleh semua
murid yang ada dalam kelas.

Waktu silih berganti, tahun silih berlalu tiba waktunya


kelulusan. Tibalah saatnya menjadi seorang sarjana dengan gelar
S.Pd....ternyata benar, doa seorang guru akan selalu diijabah oleh
Alloh SWT, ternyata benar guru adalah manusia mulia, kemuliaan

23
seorang guru datang karena ia merupakan sosok yang berperan
penting dalam membawa masa depan seorang anak didiknya.
Kedudukan guru merupakan kedudukan yang dihormati sebagai
pembimbing di dalam keilmuan sehingga menjadi penyemangat dan
inspirasi bagi muridnya untuk memilih bidang pekerjaan yang akan
ditekuninya di masa depan, karena di tangan gurulah masa depan
seorang anak berada, banyak tokoh-tokoh besar di dunia siapapun itu,
mereka tidak akan seperti itu kalau bukan di didik seorang guru yang
hebat. Guru bangga jika melihat anak didiknya melampaui
capaiannya, karena ia telah berhasil berbuat sesuatu yang berguna bagi
semua orang dengan ilmunya.

Saat ini, siswa yang pernah didoakan gurunya agar tercapai cita-
citanya menjadi guru, kini ia mengajar di SD dan bergelar S.Pd.
Mengajar di Surabaya sebuah kota metropilitan yang penuh dengan
tuntutan. Di tuntut menjadi guru yang serba bisa, menjadi guru yang
terampil, menjadi guru yang bukan hanya menstrasfer ilmu tapi juga
mengajar dengan hati. Dengan segala tuntutan yang ada di Surabaya,
dinas pendidikan kota Surabaya juga berusaha semaksimal mungkin
memberi fasilitas kepada para guru untuk lebih menggembangkan
potensinya. Bukan hanya guru, bahkan kepala sekola dan peserta didik
mendapat fasilitas yang memadai.

Ternyata menjadi guru tidaklah mudah. Menjadi guru memiliki


tantangan yang sangat kompleks salah satunya bagaimana kita
dihadapkan dengan sebuah karakter yang berbeda dan bagaimana kita
dapat mendidik dari perbedaan karakter, namun seorang guru dituntut
dapat mengemban tugas untuk mencerdaskan anak bangsa, sehingga
hal ini menuntut seorang guru untuk memiliki jiwa sebagai seorang
pendidik. Menjadi guru tidaklah mudah, karena seorang guru harus
menjadi bagian penting dalam perkembangan anak didiknya. Seorang
guru harus mampu memahami karakter setiap anak didiknya sehingga
dapat menjalin keakraban dan kebersamaan yang nantinya dapat
membantu dalam proses mendidik dan mengajarkan ilmu kepada
siswa dan pada akhirnya dapat memotivasi dan mendorong siswanya
untuk dapat meraih cita-cita yang diimpikan. Menjadi guru di kota

24
besar seperti di Surabaya merupakan sebuah tantangan. Bagimana kita
dituntut benar-benar harus melayani dengan hati.

Saat pandemi melanda dunia, berbagai sektor di seluruh dunia


terdampak, termasuk sektor pendidikan di Indonesia. Pendidikan yang
semula tatap muka langsung, menjadi pembelajaran online (daring)
atau disebut juga pembelajaran jarak jauh (PJJ) atau belajar dari
rumah (BDR). Media yang dulu digunakan oleh guru pun menjadi
total berubah. Meski pada waktu pembelajaran tatap muka, banyak
guru sudah menggunakan media elektronik, namun saat pandemic
covid 19 seperti sekarang ini, media pembelajaran berubah sembilan
puluh derajat. Guru dan siswa dalam pembelajaran sistem daring dan
harus menggunakan gawai agar proses pembelajaran tetap
berlangsung.

Di masa pandemi ini, peran guru menjadi lebih berat. Hal ini
bukan tanpa alasan, melainkan sesuai dengan kenyataan yang ada di
lapangan. Guru berkewajiban melaksanakan proses pembelajaran
yang bermutu. Namun dalam segala keterbatasan, pembelajaran
menjadi tidak maksimal. Sering kali guru menjumpai siswanya
mengeluh, pembelajaran tatap muka di kelas saja belum tentu
menjadikan mereka paham, apalagi pembelajaran daring. Meski
begitu, guru tetap berusaha menjalankan tupoksi dan memperhatikan
pemenuhan kebutuhan siswa dengan sebaik-baiknya.

Saat membuat materi berupa video pembelajaran atau soal penilaian,


setiap guru perlu mengembangkan keterampilannya. Guru mata
pelajaran perlu membuat rumus atau persamaan yang akan lebih
mudah jika langsung diuraikan di papan tulis dari pada diketik di
komputer. Guru bahasa harus memberi tanda-tanda khusus pada
paragraf panjang yang digunakan untuk beberapa nomor soal. Guru
agama Islam perlu mengetik ayat Al-Qur’an yang dapat terbaca
dengan jelas pada aplikasi atau media pembelajaran. Guru seni harus
membuat video petunjuk praktik. Belum lagi jika harus mengunggah
gambar dengan beragam ukuran untuk soal-soal tertentu.
Pengoreksiannya pun membutuhkan waktu setidaknya seminggu atau

25
bisa lebih lama. Para guru harus beradaptasi hingga semakin terbiasa
berinteraksi secara online.

Selama pelaksanaan pembelajaran jarak jauh di masa pandemi ini,


guru harus memiliki kesabaran yang ekstra. Terkadang guru sudah
totalitas menyiapkan materi, ternyata saat pembelajaran malah
ditinggal pergi. Guru dengan semangat menyampaikan materi, tetapi
sampai kelas berakhir tidak ada respon sama sekali. Ketika guru
memberi tugas mandiri untuk siswa, malah sering dikira tidak bekerja.
Mungkin menjadi guru terlihat nyaman dan menyenangkan, namun
sesungguhnya mengajar dan mendidik bukan suatu perkara yang
mudah. Di balik tuntutan pekerjaannya, para guru memiliki
kewajiban, peran, dan perjuangan untuk menghadapi segala tantangan
dan kendala dalam pembelajaran. Semoga Allah Swt. selalu
memberikan kemuliaan kepada para guru yang telah dan terus
berjuang demi mencerdaskan generasi penerus bangsa.

Sungguh bangga menjadi guru...... sebagian dari kita mungkin masih


ingat dan terkagum tentang bagaimana kisah Presiden ke-44 AS
Barack Obama yang menyempatkan diri mengunjungi sekolah masa
kecilnya SD Negeri 01 Menteng, pada tahun 2017 lalu. Hebatnya,
sang Presiden juga menemui guru yang mengajarinya selama setahun
bersekolah di SD tersebut. Kita saja yang membaca pemberitaan ini
sudah merasa bangga, apalagi guru SD-nya Obama! Ketika ilmu yang
disampaikan adalah kebaikan yang bermaslahat dan kebenaran itu
terwujud dalam perilaku, maka sang guru akan mendapat buah berupa
amal jariyah. Sebaliknya, ketika yang disampaikan adalah keburukan,
bahkan keburukan itu malah diteladani, maka guru itu berdosa.

26
Mengajarlah dengan hati maka hati ini akan belajar menjadi manusia
yang lebih baik lagi.

27
Biodata Pengarang
Nora Kristin Natalia, M. Pd.

Mulai bekerja di SDN Gayungan II/423 Surabaya pada 15 Juli 2003

Ringkasan cerita

Menceritakan seorang wanita yang sangat gigih untuk mengapai cita-citanya.


meskipun terkadang gagal dia tidak gampang menyerah dan terus untuk bangkit lagi

28
MENGGAPAI CITA-CITA

Cita - cita adalah suatu impian dan harapan seseorang, cita adalah
mimpi, mimpi adalah kunci yang akan menentukan mau jadi apa kita
nanti di masa depan. Dan setiap orang pasti memiliki cita-cita atau
impian yang tinggi. Presiden Soekarno pernah mengatakan
“Gantungkan cita-citamu setinggi langit. Jika engkau jatuh, engkau
akan jatuh di antara bintang-bintang.” Artinya usahakan cita – citamu
dan mimpimu menjadi hal yang luar biasa, yang belum pernah
dipikirkan orang lain. Mungkin akan terlihat susah untuk
mencapainya, tetapi kamu harus mencoba dan berusaha. Sekalipun
kamu gagal kamu tidak gagal pada sesuatu yang biasa-biasa saja,
sesuatu yang semua orang pasti bisa gapai.

Setelah mengetahui apa itu arti seta makna cita – cita dan impian saya
memiliki cerita dari seorang wanita yang memiliki cita-cita yang
tinggi tetapi saat gagal dia tidak mau berputus asa dan selalu berusaha
untuk menggapai cita – citanya, dia sangat berpegang teguh
bagaimana caranya cita – citanya harus tercapai dan bisa
membanggakan keluarganya serta menaikkan derajat orang tuanya,
sebut saja wanita itu bernama Alma.

29
Biasanya orang – orang memanggil nama wanita tersebut adalah
Alma. Alma adalah seorang wanita yang terlahir dari keluarga yang
sangat berkecukupan atau mungkin tidak karena ayahnya bekerja
sebagai buruh tani yang mengerjakan sawah orang lain biasanya digaji
tidak menentu jumlahnya dan ibunya pedagang kue di pasar yang
terkadang habis terjual atau masih tersisa. Ia memiliki satu orang adik
laki-laki dan satu orang adik perempuan yang bernama Bayu dan
Sinta.

Alma memiliki cita-cita ingin menjadi pengusaha sukses agar ia bisa


menaikkan derajat kedua orangtuanya dan bisa membantu adik-
adiknya. Selama ini kedua orangtuanya selalu dihina oleh orang-orang
sekitar dan saudaranya sendiri karena mereka dari keluarga yang tidak
mampu. Alma pernah berfikir “kenapa sih orang-orang seenaknya
kepada keluarga yang tidak mampu, kan seharusnya mereka harus
membantu keluarga yang tidak mampu itu, bukan malah
menghinanya”. Tetapi memang kadang dunia ini selalu seperti itu,
orang kaya disanjung dan orang yang tidak mampu dihina sungguh
ironi hidup ini.

Alma saat ini duduk dibangku Sekolah Menengah Atas (SMA) kelas
3. Alhamdulillahnya ia bersekolah di SMA negeri karena Alma yang
memiliki kecerdasan yang mampu menuntutnya untuk sekolah di
SMA negeri yang banyak minatnya atau biasa disebut SMA favorit.
Dan di SMA tersebut dia selalu masuk kedalam 3 besar paralel satu
sekolah. Memang kecerdasan Alma tidak perlu diragukan lagi karena
dia selalu tekun untuk belajar meskipun dia tidak les dia tetap
bersyukur karena dia masih bisa belajar. Padahal aslinya dia iri kepada
teman-teman yang bisa les di luar sana, tapi mau bagaimana lagi
keadaan ekonomi keluarganya yang tidak mencukupi untuk dia les
jadi dia berinisiatif untuk belajar sendiri.

Ia juga mengikuti Organisasi Siswa Intra Sekolah atau biasa disebut


juga OSIS. Alma menjabat sebagai Wakil ketua osis karena
kecerdasan dan keuletannya dalam mengerjakan suatu hal. Banyak
guru dan teman yang menyukai Alma karena sifatnya yang baik dan
selalu mau membantu teman yang sedang kesusahan.

30
Alma juga pernah mengikuti olimpiade fisika namun hanya masuk ke
babak semifinal. Tetapi dia sangat ingin bisa menang atau tidak masuk
ke 5 besar. Ia selalu ke perpustakaan untuk meminjam buka dan juga
terkadang belajar disana. Alma menganggap perpustkaan menjadi
rumah keduanya karena saat ada waktu luang dia selalu pergi ke
perpustakaan untuk belajar.

Pada olimpiade fisika berikutnya, keinginan Alma bisa tercapai.


Karena dia bisa masuk babak 5 besar dan memiliki urutan ke 4 dan
Alma sangat bersyukur akan hal itu. Dia bisa membanggakan orang-
orang yang disayanginya dan yang selalu mensuport dia saat ia merasa
sedang down.

Alma juga memiliki impian ingin berkuliah di Universitas Gadjah


Mada atau biasa dikenal dengan UGM. Universitas tersebut terletak di
Yogyakarta. Ia sangat ingin sekali berkuliah disana karena universitas
tersebut merupakan universitas terbaik se Indonesia serta banyak
orang – orang hebat yang menjadi lulusan disana dan Alma ingin
menjadi salah satunya.

Tetapi orangtua Alma pernah mengatakan jika mereka tidak mampu


untuk membiayai kuliah Alma karena ekonomi mereka yang pas-
pasan serta masih ada adik-adik Alma yang masih sekolah dan
membutuhkan biaya. Awalnya Alma berkecil hati setelah mendengar
hal tersebut karena kenapa mimpinnya tidak bisa dicapai hanya karena
ekonomi yang tidak mendukung.

Akhirnya Alma bercerita kepada teman sebangkunya dan teman


sebangkunya untuk konsultasi kepada guru konseling atau BK. Alma
pun mengikuti saran dari temannya tersebut dan konsultasi kepada
guru BK tersebut. Dan guru BK menyarankan untuk mengikuti
beasiswa saja karena guru Bk tersebut yakin bahwa Alma bisa lolos
jalur beasiswa.

Dan Alma pun memikirkan kata-kata dari guru BK tersebut lalu


akhirnya ia memutuskan untuk belajar dengan tekun agar bisa masuk
Universitas Gadjah Mada tanpa menyusahkan kedua orangtuanya. Ia
belajar hingga larut malam untuk mengejar dan memahami materi

31
yang akan diujikan untuk tes beasiswa agar ia diterima dan ia juga
berikhtiar kepada Allah agar bisa diterima. Karena jika hanya usaha
saja tanpa berikhtiar maka hasilnya sama saja 0 begitupun sebaliknya.
Setiap kita berusaha harus juga disertai ikhtiar disampingnya.

Setelah tes untuk mendapatkan beasiswa keluar Alma sangat


bersyukur. Ternyata benar kata orang jika usaha tidak akan
menghianati hasil. Usaha Alma selama ini tidak sia – sia untuk belajar
larut malam dan akhirnnya dia bisa diterima di universitas impiannya
yaitu Universitas Gadjah Mada melalui jalur beasiswa. Kedua
orangtuanya pun bangga kepada Alma karena bisa meneruskan
sekolahnya hingga ke perguruan tinggi tanpa mengeluarkan biaya
yang besar. Karena meskipun ekonomi mereka tidak mencukupi untuk
membayar biaya kuliah Alma tetapi mereka sangat ingin anak mereka
menjadi seorang sarjana dan tidak ingin bernasib sama yang hanya
lulusan SMP.

Alma bertekad untuk bisa menjadi lulusan terbaik di Universtias


Gadjah Mada dan mendapatkan predikat cumlaude. Dan bisa
mendapatkan beasiswa sampai ia lulus. Meskipun awalnya berat bagi
Alma lama kelamaan ia menjadi terbiasa dengan situasi yang dia
alami. Dimana ia harus belajar trus dan mengikuti organisasi di kuliah.
Karena untuk membagi waktu itu sangat susah sekali, kita harus bisa
disiplin membagi waktu agar semuanya tidak menjadi berantakan atau
bertabrakan.

Alma mengira tugas serta organisasi kuliah akan sama dengan yang di
SMA ternyata sangat berbeda sekali. Apalagi teman Alma banyak
yang berbeda daerah dengan dia mengharuskannya untuk berbaur
dengan baik. Karakter dan sifat setiap orang setiap daerah berbeda dan
itu menjadi tantangan tersendiri bagi Alma untuk bisa memahami
karakter dan sifat seseorang. Karena pada saat SMA karakter dan sifat
antara teman yang satu dengan yang lain tidak jauh berbeda. Tetapi
saat kuliah ini ternyata sangat berbeda sekali. Masa – masa kuliah
tidak seindah yang Alma bayangkan selama ini, sangat berbanding
terbalik. Dan juga terkadang ia rindu masa-masa SMA yang
menyenangkan dan masih memakai seragam putih abu-abu

32
Tetapi Alma bisa melewati itu semua dengan baik. Namun terkadang
ia sempat mengeluh karena lelah ataupun mata kuliah yang susah.
Tapi itu semuanya adalah hal yang wajar dialami saat masa
perkuliahan. Dimana kita merasakan lelah atas kegiatan yang banyak
dan juga mata kuliah yang susah, terkadang juga dosen yang
menyebalkan atau biasa disebut dosen kiler.

Satu persatu semester pun dilalui oleh Alma meskipun terkadang ada
mata kuliah yang harus mengulang karena mendapat nilai yang tidak
memuaskan itu tidak membuat Alma putus asa agar bisa menjadi
lulusan terbaik di Universitas Gadjah Mada kampus impian Alma dari
dulu. Dan Alma yakin pasti ia bisa lulus dalam waktu 3,5 tahun dan
mendapatkan cumlaude.

Dibalik itu semua Alma jarang pulang untuk mengunjungi kedua


orangtuanya karena kesibukannya berorganisasi dan juga mengejar
mata kuliah yang mengulang. Terkadang Alma juga ingin pulang dan
mengunjungi orang tuanya tetapi apadaya dengan keadaannya yang
tidak mendukung atau tidak bisa untuk pulang dan mengunjungi
kedua orangtuanya. Tetapi semua pengorbanan yang dilakukan Alma
tidak sia-sia dan berbuah manis.

Akhirnya saat wisuda pun tiba dan saat pengumuman lulusan terbaik
nama Alma pun disebut, Alma serta kedua orangtuanya merasa sangat
terharu dan bangga.Ternyata usaha Alma selama ini tidak sia-sia dan
saat Alma disuruh maju ada yang memperhatikan Alma secara diam-
diam. Saat setelah selesai wisuda, Alma didatangi oleh seorang
direktur dari sebuah perusahaan ternama yang ada di Indonesia dan
menawari Alma sebuah pekerjaan dengan posisi yang tinggi dan gaji
yang besar. Alma yang mendengarkan tawaran tersebut pun sangat
senang dan menerimanya dengan senang hati

Alma tidak pernah menyangka bahwa setelah lulus wisuda dia


ditawari pekerjaan oleh seorang direktur dan ia tidak perlu mencari
pekerjaan ataupun interview. Ia berfikir Tuhan sangat baik kepada

33
Alma karena mungkin melalui penawaran pekerjaan tadi membuatnya
bisa menaikkan derajat keluarganya dan membantu adiknya.
Seseorang pernah berkata “Jika kamu pintar bukan kamu yang
mencari pekerjaan, tetapi kamu yang dicari oleh pekerjaan.”

Setelah Alma bekerja, Alma mampu membelikan kebutuhan rumah


tangga yang dapat memudahkan ibunya untuk mengerjakannya.
Seperti mesin cuci, kompor gas, dan lain-lain. Karena sebelumnya ibu
Alma mencuci pakaian dengan cara manual tidak menggunakan mesin
serta memasak makanan menggunakan kompor tungku yang
menggunakan kayu. Ibu Alma sangat bersyukur sekali dan tidak
menyangka anaknya bisa sesukses ini.

Alma memutuskan untuk melanjutkan kuliah S2 agar bisa


mendapatkan jabatan yang tinggi dan bisa membuka usaha sendiri. Ia
melanjutkan S2 juga dengan menggunkan beasiswa. Ia berkuliah S2
dibarengi dengan bekerja karena jika ia tidak bekerja maka siapa yang
akan memenuhi kebutuhannya dan keluarganya. Setelah ia
melanjutkan S2 dia berusaha untuk membuka usaha sendiri meskipun
kecil-kecilan dia sangat senang sekali bisa membuka usaha sendiri.
Saat ia membuka usaha tersebut ia belum keluar dari perusahaan
sebelumnya karena ia masih membutuhkan modal untuk usahanya.
Modalnya berasal dari gaji Alma

Walau setelah beberapa bulan membuka usaha dia ditipu oleh orang.
Orang tersebut ternyata teman SMP Alma dulu dan Alma tidak
menyangkanya. Memang dalam urusan berbisnis kita tidak boleh
mempercayai orang dengan begitu mudah meskipun kita sudah
mengenal dia dengan lama tetapi kita tidak tau apa isi hatinya
.Mungkin bisa saja ia ingin menjatuhkan kita atau mungkin
sebaliknya. Karena yang tau perasaan seseorang hanya orang itu
sendiri dan Tuhan yang tau.

Namun Alma tidak mudah putus asa karena sifatnya yang tidak mudah
menyerah itulah yang membuat dia tidak putus asa.Dia juga berfikir
bahwa “dari kegagalan kita bisa menjadi belajar”. Dia selalu mencari
cara bagaimana usahanya bisa bangkit lagi seperti dulu. Setelah
usahanya bangkit lagi ternyata usahanya lebih sukses daripada yang

34
dulu. Alma sangat bersyukur sekali. Mungkin ini jalan yang Tuhan
kasih kepada Alma dan Tuhan yakin Alma bisa melewatinya.

Setelah usahanya sukses Alma mampu membeli rumah yang bagus


untuk kedua orangtuanya serta mobil. Orangtuanya sangat senang
sekali dan tidak menyangka bahwa mereka bisa membeli rumah
sebagus itu dan menaiki mobil. Sungguh Tuhan mudah sekali
memutar keadaan seseorang

Dari cerita Alma tadi kita mendapatkan pesan yang banyak sekali.
Terkadang jika kita memiliki cita-cita yang tinggi maka kejarlah cita-
cita tersebut jangan mudah menyerah dan jangan takut untuk gagal.
Karena jika kalian mudah menyerah cita-citamu tidak akan tercapai
dan kegagalan itu sudah biasa dalam hidup. Dan libatkanlah Tuhan
dalam semua rencanamu karena jika tidak melibatkannya maka sama
saja usaha kalian selama ini 0. Kalian boleh mengatur rencana kalian
tapi Tuhan yang tau mana rencana yang baik dan tidak baik untuk
kalian. Seseorang pernah berkata “Jangan menyerah jika impianmu
belum terwujud. Dengan semangat, percaya, dan diiringi dengan doa,
semua yang tidak mungkin bisa saja menjadi mungkin.”

Tetap semangat untuk menggapai sebuah cita-cita yang kalian


inginkan. You can do it!

35

Anda mungkin juga menyukai