Anda di halaman 1dari 6

“ANDE-ANDE LUMUT”

Prolog
Kadadosan ing Negari ingkang gemah ripah loh jinawi, tata tentrem kerta raharja.
Wonten salah sawijining pangeran ingkang gesangipun sarwe kacekapan. Pangeran kala wau
inggih punika putra mahkota ingkang bade nglajengake tahta kerajaan. Ananging pangeran
kala wau mboten marem kalih gesangipun ingkang kacekapan, Pangeran kapingin lelono.
Nglampahi wono. Pangeran kepingin madosi jati dirine ugi penggalaman gesang. Saking mriku
wau kawiwitan lelampahan gesangipun pangeran ingkang manggihake sisihan gesangipun
inggih punika lare wadon ingkang sae manahipun lan ayu pasuryane.
Bagian 1
Ing alas (awal)
Kalih tiang kaneman mlampah ngelewati wono ingkang rimbun. Ningali kanan keringipun
mboten bilih wonten kewan utawi peksi ingkang saget dipun buru. Kaneman bagus kalihan
pandereke. Paneman wau sakyektosipun inggih punika pangeran ingkang lelono kangge
pados jati dirinipun.
Pangeran : Jo… Bejo… kowe neng endi? Jo…. Bejo…
Bejo : Pangeran…. Pangeran…. Panjenengan wonten pundi pangeran?….
(keterangan : mlaku mundur, banjur tabrakan bareng nganti glimpangan)
Pangeran : Aduh… kowe kui ati-atio….
Bejo : Hehehe.. ngapunten pangeran… kula mboten ngertos pangeran enten teng
wingking kula
Pangeran : Rene Jo rene!!!…. Aku arep cerita.
Bejo : Wonten napa pangeran….
Pangeran : Kok raenek kewan dina iki ya?
Bejo : Injih pangeran sepi sanget…!!!
(Keterangan : Pangeran lan pengawale ngadek, kaget ngewasi ana uwong ning ngarepe)
Pangeran : Sapa kui Jo…
Bejo : Kula mboten ngertos pangeran.
Pangeran : Ngapunten bu , kula bade tanglet?
(keterangan: sing ditakoni meneng, ora njawab, ruwet karo kayune)
Pangeran : Kulanuwun… Bu….
(keterangan: Pangeran nyedek ning Mbok rondo dadapan, Mbok rondo dadapan kaget
ngewasi pangeran)
Mbok rondo dadapan : Waladalah…. Sapa kowe?..
Pangeran : Kula penggembara bu… ngapunten niki dusun napa?
Mbok rondo dadapan : Iki dusun dadapan le… kowe arep ngapa neng kene??
Pangeran : Kula bade menggembara bu… ananging kula tersesat
mboten ngertos dalane
Mbok rondo dadapan : Wah.. yow wes…kowe melu mbok wae pie le ??tak dadekne
anak angkatku yen kowe gelem.
Pangeran : Wah.. injih bu kulo purun bu..
Mbok rondo dadapan : Mulai sekiki kowe dadi anakku.kowe tak jenengke ande-ande
lumut ya le.
(keterangan: Pangeran karo pengawal lan Mbok rondo banjur menyang omahe Mbok rondo
dadapan)
Bagian 2
Ing omahe Mbok rondo klenting
Wonten injang ingkang terang Mbok rondo kleting nyawiji kalihan putri-putrinipun. Putri-putri
Mbok rondo kleting sanget ayu pasuryane, piyambake inggih punika kleting merah,kleting
hijau ugi salah sak tunggaling putri tirinipun ingkang nami kleting kuning. Mbok rondo kleting
sanget remen lan tresno kalian putri-putrinipun , ananging benten kalian kleting kuning, dados
putri tiri piyambake sanget dibentenake katresnonipun. Kleting kuning didawuhi
nyapu,ngresiki griya lan ugi nyambut dame ling sawah . sanget mrihatinake kleting kuning.
Mbok rondo kleting : Anak-anakku sing ayu-ayu…rene ndug
Kleting-kleting : Injih, Mbok…
Mbok rondo klenting : Ngene ndug ana berita sing penting banget…
Kleting abang : Berita apa to mbok…
Kleting ijo : Iya mbok enten napa ta?
Mbok rondo klenting : Kowe ngerti ta… Mbok rondo dadapan kui duwe anak sing
bagus banget, jenenge Ande-ande lumut.
Kleting-keleting : Owh… Ande-ande lumut…. Bagus!!!! Wahh gelem no….
Mbok rondo klenting : Iyo,, mbok rondo dadapan gawe saembara kanggo anake
Ande-ande lumut sing lagi goleki garwo pendampinge…
Klenting-klenting : Wahh ,,,purun sanget bu….
Mbok rondo kleting : Ya… mengko mbok arep dandani kowe-kowe gen dadi putri
sing ayu-ayu, sapa ngerti salah sijine kepilih dadi garwone
ande-ande lumut.
Kleting-kleting : Iya mbok.. purun_purun…
Kleting abang : Wahh mesti aku sing dipilih mengko, kanaku ayu…
Kleting ijo : Ora iso! Mesti aku sing dipilih dadi garwone….
Kleting abang : Heh!! Aku kan luwih tua saka kowe…kudune kowe ngajeni
aku dadi mbakyumu…!!!!
Mbok rondo kleting : Wes-wes to! Rasah padu..anak-anake mbok kan ayu-
ayu,rasah do udur. Gek neng njero,,siap-siap dowan!!!
Mboten dangu melih , kleting kuning ingkang saking wau mirengake pirembugan
saderekipun , datengi mbok rondo lan dialog.
Kleting Kuning : Mbok… kulo bade matur…
Mbok rondo kleting : Matur opo….? Apa kowe wes rampung nyapune ?
Kleting kuning : Sampun mbok…, ngenten mbok… kula inggih kepingin
nglamar dados garwone ande-ande lumut kados mbakyu-
mbakyu klenting.
Mbok rondo kletling : Oh yowes..rene tak dandani kowe .
Mbok rondo Kleting : Yowes saiki kowe ngumbahi klambi-klambine mbakyumu
karo gone mbok neng kali kono.
Kleting kuning : Injih mbok…
Mbok rondo Kleting : Hahaha… muga-muga sing ditrima dadi garwone ande-ane
lumut yaiku salah sijine anak-anakku.. dudu kleting kuning.
Kleting kuning nampi menapa ing ingkang dipun langkahi kanti sabar dipun dawuhake mbok
rondo kleting ditampa kanti lemah manah.

Bagian 3
Kleting kuning saben dinten nyambut damel ,ngresiki griya,ugi nyambut damel wonten
lading. Mboten karaos sayah lan keluh kesah . sinaos piyambake dipun damel mboten sae
kaliyan mbok rondo klenting. Naming piyambake ugi Gusti Allah ingkang ngertos sengkowo
piyambake . piyambake ngajengaken Gusti Allah bade maringi ganjaran ingkang sae kangge
piyambakipun.
Kleting Kuning : Duh Gusti ngenten niki geangipun kula, mugi-mugi kula saget nampi
Suara Ghaib : Heh… cah wadon ayu.
Kleting kuning : Sapa kui…
Suara Ghaib : Kowe rasah wedi.. aku sifat sae sing ana ing njero awakmu. …
Kleting kuning : Ameh ngapa kowe?..
Suara Ghaib : Aku arep menehi kowe pusaka… terimonen … mugo-mugo pusaka
iki keguna karo kowe. Iki jenenge Jimat Kalimosodo. Terimonen cah
ayu.
Kleting kuning : Injih matur nuwun..
Bagian 4
Lan salah sawijining lepen ingkang toyonipun santer , wonten mriku yuyu kangkang gesang.
Piyambake ingkang nguasani lepen menika . piyambakipun si yuyu kangkang ingkang julik.
Yuyu kangkang : Hoho,godong waru ko bolong-bolong, bocah ayu ko moblong-
moblong, sapa kae sing teko?
Kleting aban : Wah… kaline banjir…
Kleting ijo : Iya mbakyu… piye carane awake dewe nyebrang??
Kleting abang : Kosek-kosek…….kae ono yuyu kang-kang to????
Kleting ijo : Wah… iya.. ayo jaluk tulung yuyu kang-kang wae mbakyu..
Kleting abang : Iya ……….Yuyu kangkang… yuyu kangkang…
Yuyu kangkang : Hahaha… ana apa cah ayu-ayu…
Kleting abang : Yuyu kangkang, aku jaluk tulung kowe sebrangke lewat kali iki…
Yuyu kangkang : Wah…abot banget kui, tapi enek syarate cah ayu….enek imbalane
Kleting abang : Imbalane apa to, kon mbayar ngango duit? Wah kowe mata duitan…
Kleting ijo : Yowes lah yen duit gampang….mengko tak bayar..
Yuyu kangkang : Dudu duit…aku rak doyan…. Hahaha
Kleting-kleting : Prett….
Yuyu kangkang : Imbalane yaiku ngango tangamu..
Kleting abang : Apa tanganku???ameh bok kapakne??
Yuyu kangkang : Ora tak kapak-kapakne…mung tak ambung sitik…
Kleting ijo : Ihhhhh,,,emohh ahh….gilani…
Kleting abang : Iyo, apa renek imbalan liyane? Mosok tanganku sing wangi iki seh
Yuyu kangkang : Yowes yen wegah…yen suwe-suwe mengko imbalance nambah…
Kleting abang : Yowes,,,tapi neng tangan wae,,sedilit tok….
Yuyu kangkang : Wah, seneng banget aku iso ngambung tangane cah wadon ayu-ayu..
(keterangan: kleting kuning teka arep nyebrang)
Yuyu Kangkang : Hohoho.. apa kui??.. ambune rak enak,,,rupane elek banget.
Kleting Kuning : Wah… kok banjir to??pie carane aku iso nyebrang?? Wah kae enek
yuyu kangkang,,yuyu kangkang merene.tolong sebrangne aku.
Yuyu kangkan : Hahaha… aku wegah
Kleting kuning : Mengko tak keki duit…
Yuyu kangkang : Aku wegah, wes kono lungo ojo rene meneh! Dasar wadon elek
Kleting Kuning : Alah…kowe kok jahat to Yuyu kangkang…
Kleting kuning : Yowes yen kui karepmu. Aku arep gawe kali iki asat.
Dumadaan lepen menika asat , yuyu kangkang kacilakan lajeng kesah tebih. Sak lajengipun
klenting kuning saget lumampah nyebrang lepen menuju griya mbok rondo dadapan ,
griyanipun si ande-ande lumut. (Yuyu kangkang mati)

Bagian 5
Ing omahe Mbok rondo dadapan
Salah sawijining dusun ingkang nami Dadapan , mbok rondo nembe nyapu griya , wonten
ndalem mriku wau si ande-ande lumut nembe ngaji wonten salah sawijining surau . ngentosi
gengantilaning manah ingkang dipun janjiaken Gusti Allah kangge piyambake.
Kleting-kleting : Assalamu’alaikum…
Mbok rondo dadapan : Wa’alaikumsalam, sapa ya…
Kleting abang : Kula mbok…Kleting Merah
Kleting ijo : Kula kleting hijau mbok…
Mbok rondo dadapan : Wah.. ono cah wadon ayu-ayu arep ngopo iki??
Kleting-kleting : Kita arep nglamar Ande-ande lumut mbok…
Mbok rondo dadapan : Owh.. arep nglamar ande-ande lumut… sek ya… tak omongne
ande-ande lumut…
(keterangan: mbok rondo menyanyikan lagu)
(kleting abang)
Mbok rondo dadapan : Putraku si ande-ande lumut.. temuruno ono putri kang
ngunggah-unggahi… putrine Ngger sing ayu rupane.. kleting
abang iku kang dadi asmane…
Ande-ande Lumut : Duh ibu… kulo mboten purun… aduh ibu … kulo mboten
medun… najan ayu sisane si yuyu kangkang.
Mbok rondo dadapan : Wah… ora gelem ki nduk….
Kleting hijau : Cobi kulo mbok…
(kleting ijo)
Mbok rondo dadapan : Putraku si ande-ande lumut.. temuruno ono putri kang
ngunggah-unggahi… putrine Ngger sing ayu rupane.. kleting
ijo iku kang dadi asmane…
Ande-ande Lumut : Duh ibu… kulo mboten purun… aduh ibu … kulo mboten
medun… najan ayu sisane si yuyu kangkang.
Mbok rondo dadapan : Wah… ora glem kabeh kae…
(keterangan : Kleting Kuning moro ning mbok rondo)
Kleting kuning : Assalamu’alaikum…
Mbok rondo dadapan : Wa’alaikumsalam… sopo iku ya…
Kleting kuning : Kula Kleting kuning mbok… bade nglamar Ande-ande lumut.
Mbok rondo dadapan : Opo.. arep nglamar anakku??? Ora salah to…
Kleting merah : La iyo… rupamu elek ambumu rak enak.aku wae sing ayu
ditolak kok sansoyo kowe??
Kleting Kuning : Di coba disik mbok…
(kleting Kuning)
Mbok rondo dadapan : Putraku si ande-ande lumut.. temuruno ono putri kang
ngunggah-unggahi… putrine kang olo rupane.. kleting kuning
iku kang dadi asmane…
Ande-ande Lumut : Aduh ibu… kulo inggih purun… dalem putro inggih bade
medun, najan olo meniko kang putro… suwun.
Mbok rondo dadapan : Lo… apa rasalah kowe le tole??
Ande-ande Lumut : Mboten bu niki sampun dadi pilihane kula
Mbok rondo dadapan : Owh.. yen kui pilihanmu karepmu le..ibu manut wae.
Ande-ande lumut : Ibu.. kula bade ngomong jujur setunggal hal
Mbok rondo dadapan : Apa kui???
Ande-ande lumut : Ibu… sak jane iki kulo iku pangeran ingkang menggembara
golek penggalaman urip.
Mbok rondo dadapan : Apa… pangeran…???
Kleting-kleting : Haa!!!!……???? Pangeran…???
(keterangan; kleting-kleting semaput)
Pungkasane klenting kuning dados sisishanipun ande-ande lumut ,pasuryanipun ingkang
awon ugi mambet dumadakake dados putrid ingkang ayu , sejatosipun piyambake inggih
punika Putri Sekartaji . Lan ande-ande lumut sakmeniko dados Raja ngetosi kerajaan
Ramanipun. Pangeran ugi klenting kuning ,gesang slaras saklawase.

Anda mungkin juga menyukai