Anda di halaman 1dari 21

MATERI WAJIB SD/MI

Kemis Paing
Dening: Rohmadi

Wayah esuk kang adhem nyethitis


Baskara jumedhul saka sela-selaning wit pring
Kang ndadekake sawangan ati bening

Katon saka kadohan


Warna-warnaning sandhangan
Biru, putih, ijo, abang
Kang dadekake seneng anggone nyawang

Blangkon
Surjan lurik
Maneka warna kebaya
Selop
Dhuwung
Jarik
Dina Kemis Paing padha gumregut, sengkut

Guru, karyawan lan siswa


Padha nyawiji tumuju ing sekolah
Nguri-uri kabudayan
Kabudayan kang bisa gawe menang

Pangajabku,
Mugya iki bisa tumeka nganti anak putu

Djaka Lodang, No 49, 2 Mei 2020


MATERI PILIHAN 1 SD/MI
Budaya Kang Diugemi
Dening: Dewani Harbuanawati

Lingsir esuk seka bang wetan


Raditya jumedhul madhangi jagad
Methuk weton Kemis Paing dinane
Pra siswa olah busana Ngayogyakarta
Ageman nyamping, kebaya, surjan, lan blangkon

Busana Jawa nggegulang rasa


Wujud tresna budaya Jawa
Jatining kautaman dhiri
Watak jujur alus ing budi
Pasrah sumarah dhumateng Gusti

Ngudi gegayuhan aji


Den upadi…
Lelandhesan budaya Jawa kang diugemi

Antologi Geguritan Kidung Karangkitri, Dinas Kebudayaan Daerah Istimewa Yogyakarta


2020.

MATERI PILIHAN 2 SD/MI


Memetri Kabudayan
Dening: Eko Budi Kaswanto

Kala Semana
Budaya Jawa tansah ngrembaka
Gendhing gamelan tansah keprungu ing talingan
Jogeding jathilan tansah endah disawang

Nanging saiki…
Nom-nomane padha adoh ing pranatan
Nglirwake adat lan kabudayan
Nyenengi adat saka bangsa liyan
Tanpa gelem nggegemi
Apamaneh anggondheli

Bocahku…
Den jaga budayamu
Den jaga jathilanmu
Dimen mukti lan nemu rahayu

Antologi Geguritan Kidung Karangkitri, Dinas Kebudayaan Daerah Istimewa Yogyakarta


2020.
MATERI WAJIB SMP/MTs
Iki Upama!
Dening: Asti Pradnya Ratri

Lair cenger diseteli lagu nge-rap


Laku sajangkah, basa manca wis diambah
Wis doyan sega, hamburger sing sumadya

Ana dhakonan, betengan, uga benthikan


Dicawisi Barbie, Naruto, Batman lan Sinchan
Jare mono kareben ora keri ing jaman lan peradhaban

Kulit sawo mateng, dudu bule


Irung pesek, ora kaya bethet
Dedeg sedhengan, ora kaya genter
Mripat coklat, dudu mata kucing
Lha kok ngowahi padatan!
Kena wae sinau manca kanggo pengalaman
Nanging… iki lho pangananmu…
Rasakna dhisik… mamahen mbaka sithik!

Sawangen galo!
Bulene paseh aksara Jawa apadene Bedhaya
Gamelan keprungu ing Negara Paman Sam
Lha nek kabeh diusung mrana,
Awake dhewe duwe apa?
Yen ora kok rukti... bakale kowe nangis nggegirisi
Banjur arep keklamben apa
Yen kembenmu wis ora rupa?

Upama…
Iyaaa… iki isih ukara “upama”
Lan muga-muga pancen amung pangangen ala.

Serendipiti Astabrata 2019


MATERI PILIHAN 1 SMP/MTs
Keris Wae!
Dening: Nur Rois

Le …
Apa awakmu ngerti bedane keris karo lading
Dununge keris iku ora landhep yen tetandhingan karo lading
Ora bisa kanggo ngrajang apa meneh negor jejeging wit
Ora bisa migunani ing sakehing karya

Le …
Kowe kudu sinau!
Kahanan wis ginaris
Keris iku perkara kang diwaris
Keris unggul ing sasmita sinandi laku
Dalane manungsa wis pesthi beda
Ngeluk lan lempeng sarana tumuju ing pucuk
Pamor pratandha siji lan liyane beda
Mula aja sarwa digebyah padha
Warangka dadi gambar sajroning jati
Mula eling lan waspada kudu ngati-ati ngatur lathi

Le …
Ora waton landhep, bisa ngrajang sabarang
Sejatine suksma kang karep
Netepake nyumurupi ala lan becike
Njaga telenging rasa batining manungsa

Antologi Geguritan Memetri Pekerti, Dinas Kebudayaan Bantul 2020

MATERI PILIHAN 2 SMP/MTs


Virus Sastra Jawa
Dening: Eni Setyowati

Virus-virus sastra Jawa


Wus wayahe diwenehi hawa
Wus trepe dititipi nyawa
Dadya sarana anggelar rasa
Dadya warangka angumbar jiwa

Virus-virus sastra jawa


Tambaha ngrakut anggonmu sengkut
Mlebu ing sela-selaning jamrut
Jamruting raga, jiwa lan rasa
Dadya pangendah bawana
Kanggo pangayom, pangayem lan pamrayoga
Agesang manungsa ing mayapada

Uga dadya pepadhang


Sangu Sang Hyang Wenang
Kanthi Manthering dhiri Jawi
Linandhesan kitab sucing Illahi

Antologi Geguritan Kidung Karangkitri, Dinas Kebudayaan Daerah Istimewa Yogyakarta


2020.
MATERI WAJIB SMA/SMK/MA
Ajar Bali Dadi Wong Jawa
Dening: Iman Budhi Santosa

Kesel ngumbara kabur kanginan


Campur lebu, rebut balung dadi pangewan-ewan
Aku milih bali adus banyu kali, mangun langgar
Ing telenge ati, milih gubug penceng cagak pring ori
Klasa mendhong, pasa mutih
Murih rejeki ora panglong tembe mburi

Kesel ninggal carakan warisane Ajisaka


Ana sing mbisiki saka pojok senthong
Kebak angga-angga. “Sing prasaja wae, ngendi omahmu yen dudu wuku weton
Petungan neptu Pon, Wage, Kliwon…”

Bebarengan swarane angkup nangka


Ngenthirake jangkrik upa, ana wengi
Sing nudingi pendheman ari-ari
“Dulure sapa nganti tega mbok tinggal
Tanpa pamit, ngundha angen-angen muspra ngluwihi semut kang tansah disiya-siya
Ngrubung sisane pangan jalma manungsa…”

Ngonceki petenge ati, lintang-lintang abyor


Nanging ora ana sing niba ing pangkonku iki
Sajak aku kudu eling lan nyawiji
Ngrungkebi dhawuhe para sepuh duk ing uni
Ora ana alane narima ing pandum bali dirawati

Antologi Geguritan Tilik Wewisik. Dinas Kebudayaan Daerah Istimewa Yogyakarta 2019
MATERI PILIHAN 1 SMA/SMK/MA
Kawruh Sastra
Dening: Margareta Nidea Natalia

Ha na ca ra ka
Da ta sa wa la
Pa dha ja ya nya
Ma ga ba tha nga

Mbabar lampah lakuning budaya


Dadi bukti nuswantara iki sugih bandha
Bandha aksara dadi wanda, wanda angukir gegatra

Sastra iki mugiya dadi sastrika


Tajem ing jaman, lantip ing kasunyatan
Tebih-tinebihna saka godha lelaku sastradaksa

Saka sastra iku aku dedonga,


Mugiya gemi ngurmati lan bisa njaga budaya sing ana
Ngrembaka lestari sajroning jiwa lan raga

Antologi Geguritan Tilik Wewisik. Dinas Kebudayaan Daerah Istimewa Yogyakarta 2019

MATERI PILIHAN 2 SMA/SMK/MA


AJI
Dening: Yuana A. Dirgantara

Apa ta kang luwih aji saka urip iki


Kejaba antuk pangaji-aji
Merga woting aji iku bisaa ngajeni

Ngger...
Apa ta pedahe laku
Yen mung angluru wektu
Tanpa maelu kanan keringmu
Impen-impen kang kabuntel nalar
Bisa uwal gagar wigar
Lungit anglangut kesaput pedhut yen ta ora enggal cancut
Gumregut

Ngger...
Jangkahmu isih dawa
Aja noleh barang growah
Pecakana dalan padhang
Padhanging pemandeng
Bablas lempeng

Tetega madhep mantep sadurunge srengenge angslep

Antologi Geguritan Purnamasidi 2017


Tembang Wajib SD/MI

Kinanthi Sekar Gadhung, Laras Slendro, Pathet Manyura

3 6 ! z@x c# ! ! z!x c@ z!x x@x x!x c6


Yo kan- ca pa- dha si- na- u

! ! z@x!c6 3 5 6 z3x c5 z3x x2x x1x cy


mrih bi- sa ma- ca lan nu- lis

3 6 ! z@x c# ! ! z!x c@ z!x x@x x!x c6


Nggu- nak- ke ak- sa- ra Ja- wa

3 3 3 3 2 z2x c3 z1x cy 2

mar- ga i- ku ja- ti dhi- ri

y z1c2 3 3 z3c2 z2x3x5c6 z3x c2 1


tu- mrap- e ka- wu- la Ja- wa

3 3 z3x c2 z2x c3 1 1 z1x c2 z1x x2x x1x cy


kang- go me- dhar a- kal bu- di

(Notasi lan Cakepan: Ki Dwija Disastra)


Tembang Pilihan 1 SD/MI

Maskumambang Ruruh, Laras Pelog, Pathet Barang

5 6 7 z@x.c# 5 5 5 5 6 7 z5x.x6c5 z3x.c2


Jar- wa- ni- ra tan- dang gra- yang mu- na- mu- ni

7 @ @ @ z#x.x@c7 z6x.c5

Nya- kup pa- ri po- lah

2 z3c5 5 5 6 7 z5x.x6c5 z3x.c2


Ke- da- ling le- san u- ta- mi

u 2 2 2 3 z5x.c6 z3x.x2cu zyct


Ywa ga- we run- tik- ing li- yan

(Notasi lan Cakepan: Ki. Wandija)

Tembang Pilihan 2 SD/MI

Pocung Tambang Jiwa, Laras Pelog, Pathet Bem

3 5 z6x.c5 3. ! @ @ @ # ! z@c! 6
Wong tu- wa- mu bek- te- na- na te- kan kal- bu

5 6 ! @ z@c# z@c!
Kan- thi dha- sar tres- na

@ # @ z!x.c@ 5 z3c5 z5x.x6c5 3

A- ja bek- ti a- mung la- mis

5 5 z6c5 3 . 2 2 3 2 3 1 zyx.x1c2 2
Wit wong tu- wa a- keh le- la- buh- an- i- ra

(Notasi: M.Ng. Citropanambang, Cakepan: Ki. Wandija)


Tembang Wajib SMP/MTs

Asmaradana Kadhaton, Laras Slendro, Pathet Manyura

y z1x c2 3 3 3 3 3 3

Kas- ma- ran a- ngu- ni- nga- ni

! z!x c@ z@x#x@c! ! 6 3 3 3
ak- sa- ra Ja- wa sa- nya- ta

2 3 3 3 3 3 z2x c1 z2x x3x x2x c1


wus ba- li da- di dar- bek- e

! z!x c@ z@x#x@c! ! 6 3 3 3

ing ji- wa- ning jal- ma Ja- wa

3 3 3 3 3 z2x c1 z1x cy
ka- cih- na pra ta- ru- na

y z1x c2 3 3 3 3 z3x c5 z3x x2x c1


sa- mya gla- dhen a- mrih ba- ud

2 3 3 3 3 3 z2x c3 z2x x1x cy


ak- sa- ra Ja- wa ngrem- ba- ka

(Notasi lan Cakepan: Ki Dwija Disastra)


Tembang Pilihan 1 SMP/MTs

Pangkur Gegersore, Laras Pelog, Pathet Nem

2 3 3 3 2 z2x.c1 z6x.x5c3 z2x.x3x.x2c1


Wa- tak u- ta- ma pu- ni- ka

y 1 2 z3x.x5c6 . 1 1 1 z1x.cy zyx.x1x.x2c3 1 z3x.x2x.x1x.cy


Du- ma- di- ne sa- ka mu- lung- ing a- ti

# @ # ! @ z!x.c6 . z5x6x.x5x!c@ @

Cip- ta ra- sa kar- sa- ni- pun

! @ z#x.x@c! 6 5 z!x.x6x.x5x.c3 z2x.x1x.x2c1


Tu- me- lung mring we- wa- rah

3 5 5 5 5 5 . z5c6 5 3 z2x.x1cy 1 z3x.x2x.x1c2


Ka- u- ta- man kang nu- ju be- bu- den lu- hur

2 3 3 3 2 z2c1 z6x.x5c3 z2x.x1x.x2c1


Ngge- gu- lang keh ka- be- cik- an

y 1 1 1 z1c2 z1cy zyx.x1c2 2


tun- tu- nan a- ga- ma su- ci

(Notasi: Arintakan, Cakepan: Ki. Wandija)


Tembang Pilihan 2 SMP/MTs

Mijil Tambangrasa, Laras Pelog, Pathet Barang

7 @ @ z@x.c# . 7 @ @ @ z#c@ 7
Pa- wi- tan- e mu- rih bi- sa ka- sil

5 6 7 z@x.x#c@ z7x.x#c@ z7c6


Pin- ter no- ra bo- dho

6 7 @ z@c# 6 7 3 3 z2cu z2x.x3x2cu


Gu- na bi- sa tram- pil cak- cak- an- e

t y u 2 . 5 z6x.x5c3. 5 z6x5x.x6c7 z2cu z2x3x.x2cu

Pri- gel we- kel pu- run nam- but kar- di

3 5 6 6 6 6
Tan we- gah- an u- gi

y u 2 2 z2x.x3c2 zucy
Man- ther ing pa- nu- wun

(Notasi: M.Ng. Citropanambang, Cakepan: Ki Wandija)


Tembang Wajib SMA/SMK/MA

Dhandhanggula Satata Gati, Laras Slendro, Pathet Sanga

2 2 z2x.x3c5 5 5 6 ! ! z!c6 z!x.c@


Pi- nur- wa- kan ma- nis- ing pe- pu- ji

6 6 ! z@x.x!c6 6 6 6 z6c! z5c3 z5x.c6


kon- juk dha- teng ing- kang Ma- ha Wi- kan

6 ! ! ! z!c6 z5x.x6x!c@ z6x.x!c6 5


kang we- nang mur- ba ti- tah- E

5 6 ! 5 5 z5x.x6c5 z3c2

kan- thi pa- ring pi- tu- duh

6 6 z6c! z6c5 1 y 2 z2x.x3c2 1


mrih ang- ga- tra ak- sa- ra yek- ti

1 2 3 5 5 5 5
sra- na me- dhar ga- gas- an

1 y 1 z2x.c3 z1x.x2c1 zyct

ing pa- sra- wung- an gung

t y 1 2 2 2 2 2
duk ku- na tu- me- keng mang- kya

3 5 z2x.x3c2 z1cy 5 5 5 5 6 ! z5x.x6c5 z3x.c2


ak- sa- ra Ja- wa ngrem- ba- ka lan les- ta- ri

z5c6 6 6 z6c! 5 z2c3 z2x.c1


bi- sa ja- yeng ba- wa- na

(Notasi: Ki Wandija, Cakepan: Ki Dwija Disastra)


Tembang Pilihan 1 SMA/SMK/MA

Megatruh Citrengsih, Laras Pelog, Pathet Nem

3 z2x.c5 5 z6x.c! @ ! 6 ! z@c# z@x.x!c6 ! z@x!x.x@c#


A- ja pi- san- pi- san wa- ni mring tyang se- puh

3 5 6 5 6 4 z6c5 3

A- pa ma- neh bi- yung ne- ki

3 2 3 4 6 5 z6x.x5c4 z3x.c1
A- keh le- la- buh- an- i- pun

5 6 6 4 z5x.x6c5 z4x.x5c6 z2c3 z1x.x2x1cy


Mring pu- tra kang den tres- na- ni

y 1 2 3 2 1 zyx.x1c2 2
Gi- na- la- ga- la da- di wong

(Notasi: M.Ng. Citropanambang, Cakepan: Ki Wandija)

Tembang Pilihan 2 SMA/SMK/MA


Durma Citrenglaga, Laras Pelog, Pathet Barang

6 z6x.c7 z@x.c# # # # @ @ z7c6 z7c@ # #


Lam- pah ge- sang pra- yo- ga ing- kang pra- sa- ja

3 5 6 z6x c7 5 z6x c5 z3x c2


Tan be- cik nggung- gung dhi- ri

# @ # z@x.x7c6 6. z7c@

Lan ru- mang- sa bi- sa

6 7 @ # # # #
O- ra bi- sa ru- mang- sa

6 5 z6c5 3 z5x6x.c7 2 z3c2 u


A- ja mang- ko- no wong u- rip

3 5 6 6 6

Lu- wih pra- yo- ga

7 6 5 4 2 3 z2cu
An- dhap- a- sor mrak a- ti

(Notasi: M.Ng. Citropanambang, Cakepan: Ki. Wandija)


MATERI CERKAK SD/MI
UJIAN
Dening: Sri Adi Harjono

Kacarita Pak Kukuh warga Desa Tambahagung, durung suwe iki uga ketaman
musibah. Omahe ludhes kobongan. Wondene jalarane merga ngobong larahan ing wayah
bengi. Gek olehe ngobong larahan mau cedhak gamblok pawon lan ora ditunggoni. Satemah
saking gedhene geni nganti mremen tekan omah. Kang temahane terus dumadi kobongan
kasebut.
Satemene wektu kuwi tangga teparone Pak Kukuh uga wis padha tetulung. Saiyeg
tumandang gawe nyirep mubale geni. Ewa semono sarehne omah gebyog sing gampang
kobong lan saking gedhene geni, mula entek-entekane meksa ora ketulungan.
Masarakat Desa Tambahagung kono rasa kakulawargan lan semangat gotong
royonge gedhe. Merga saka kuwi Pak Kades tumuli matah Kaur Kesra supaya ngimpun
sumbangan saka warga liwat RT lan RW. Sumbangan kanggo mbiyantu gawe omah Pak
Kukuh.
Sauntara iku Witri, anake Pak Kukuh, murid kelas nem SD Negeri Tambahagung dadi
semplah atine. Kaya ora duwe pangarep-arep bisa urip kaya kanca-kancane maneh. Buku,
seragam sekolah, sepatu lan sandhangan padinane katut kobong. Pepuntone dheweke ora
gelem sekolah. Kamangka sedhela maneh wayahe ujian (USBN).
“Wit, kok nganti meh seminggu ora mlebu. Mengko kowe rak kari wulangan. Iki wis
arep ujian, lho,” ujare Azizah nalika ngendhangi Witri.
“Ho oh, Wit. Aja suntrut ngono kuwi. Sing semangat. Galo, kowe entuk bingkisan saka
kanca-kanca,” sumambunge Tata karo nuduhake sumbangan buku, seragam sekolah, sepatu
lan sawetara sandhangan padinan kang diwadhahi kerdhus gedhe.
“Aja semplah atimu, Wit. Kowe bocah pinter gek apik bebudenmu. Kanca-kanca
sasekolahan lan bapak-ibu guru, kabeh padha melu prihatin,” panglipure Murni alus, sareh.
Sanalika Witri malih sumendhal atine. Dheweke ngungun weruh kanca-kancane kang
kanyata jebul padha preduli marang nasibe. Gelem nggatekake kahanane sing prasasat wis
ora ana ajine. Coba, kepriye kok ora?
Jer ing wektu-wektu kuwi Pak Kukuh pancen dadi wong sing wis ora duwe apa-apa
temenan. Apa maneh tumrap Witri. Jejer bocah kang uripe isih gumantung marang wong
tuwa. Tundhone Witri malih drodosan luhe. Sentrap-sentrup nangis. Tangis panelangsa.
“Wit, nangisa sing nganti tuntas. Dimen plong. Dadi lega atimu!” ujug-ujug ana swara
wadon ulem bareng lan tumelunge tangan ngelus-elus sirahe Witri.
“Kawruhana ya Ndhuk. Musibah iki minangka pandadaran utawa ujian kanggo uripmu
sakulawarga. Ibarate: palu mecah kaca, nanging palu uga mangun wesi.”
Sawuse Witri rada mendha tangise, Bu Guru Puji, wali kelas nem kuwi banjur
njlentrehake pangandikane. Genahe kaca minangka gegambarane jiwa kang ringkih lan wesi
minangka gegambarane jiwa sing kuwat. Kaca gampang pecah dening palu, nanging palu
uga bisa mangun wesi.
Tuladhane pandhe wesi kae. Wesi bisa diwangun dadi kapak, arit, peso, gunting lan
sapiturute. Mungguhing carane, wesi diobong nganti mengangah dimen empuk. Wesi mau
banjur digembleng nganggo palu. Diwangun. Manut kekarepane si pandhe wesi.
Wesi diobong lan digembleng kuwi, upama menungsa diuji uripe sarana musibah.
Tumrap menungsa kang kuwat jiwane, yen ketaman musibah mesthi ora terus pepes
kelangan daya, nglokro, semplah. Nanging ditampa kanthi sabar narima lan ngemungna
nyadhong paring pitulungane Gusti Kang Murbeng Dumadi. Amrih kaparingana daya
kekuwatan kanggo ngadhepi musibah kasebut.
“Kuwatna jiwamu. Sing gedhe atimu. Aja pepes!” pangatage Bu Guru Puji mantep.
“Kanca-kancamu, bapak-ibu gurumu lan wong-wong Tambahagung kene padha nandukake
asih tresnane marang kowe sakulawarga. Kowe wis dibiyantu gawe omah anyar, diwenehi
buku, seragam sekolah, sepatu lan sandhangan padinan. Kuwi kabeh dadi bukti menawa
kowe ora mlaku kaijenan. Percayaa Wit. Gusti Kang Maha Welas lan Maha Asih tansah
nyartani salakumu!”
“Iya, Wit. Ayo gumregah. Bali sekolah! ”imbuhe Azizah, Tata lan Murni bebarengan
kaya kor.

Djaka Lodang No 8 tahun 2019


MATERI CERKAK SMP/MTs

SINDHEN CILIK
Dening: Suwandi

Lagi enak-enake lungguhan neng teras ngarep omah sinambi maca kalawarti
Sempulur edhisi anyar, saka dalan keprungu swara motor metik mandheg sangarep pager.
Sedhela daktamatake, jebul putuku Ratih mudhun saka motor, diboncengake gurune. Aku
dhewe durung tepung karo gurune mau. Umur-umurane sabarakane anakku lanang, Irfan
Wicaksono, telung puluh taunan. Gurune Ratih kang nganggo jilbab pink kuwi nuntun Ratih,
putuku mbarep, ya anake Irfan sing gedhe dhewe, kang saiki wis kelas papat ana sawijining
SD ing kuthaku.
“Assalaamu’alaikum, sugeng siyang, Bu. Punapa leres punika dalemipun Bapak Irfan
Wicaksono?” mangkono uluk salame gurune Ratih sawise tekan ngarep teras. Dene Ratih
dhewe enggal mlebu omah sawise nyalami aku kanthi praupan sing rada mbesengut.
“Wa’alaikum salam, sugeng siyang. Leres, Bu Guru. Mangga-mangga pinarak
rumiyin,” wangsulanku karo manggakake Bu Guru mau supaya lungguh dhisik ing ruwang
tamu kang mapan ing teras ngarep.
Ora gantalan suwe, sawise bage-binage kabar lan ngandhakake yen aku simbahe
putri kang nunggu omah, amarga bapake Ratih lan ibune kabeh kerja, dakwanekake takon
Bu Guru mau, kenapa kok durung wayahe mulih sekolah, Ratih wis bali. Malah iki diterake
gurune sisan.
“Kadingaren, Bu, kenging punapa kok Ratih pun dherekaken wangsul, punapa
piyambakipun sakit?” pitakonku.
“Nyuwun pangapunten saderengipun nggih Bu Winarsih, kepeksa niki wau Ratih kula
dugekaken wangsul, amargi wau wonten sekolahan nangis kemawon. Sejatosipun inggih
sampun kula erih-erih supados tumut pelajaran ngantos rampung. Nanging piyambakipun
boten purun lan nyuwun dipunteraken wangsul. Nggih sampun kula dangu, punapa sakit,
piyambakipun namung gedheg-gedheg kemawon,” Bu Guru maringi penjelasan marang aku.
“Oh nggih sampun, mangke kula dangunipun.”
Sawise dirasa rampung, Bu Guru pamit amarga ninggalake kelas lan bocah-bocah ing
kelase ora ana sing nggenteni mulang.
Sapungkure Bu Guru kondur mbalik menyang sekolahan, aku enggal tumuju kamare
Ratih. Dakdelok, dheweke isih mingseg-mingseg neng kasur lan ngekeb bantal. Mojahe isih
dianggo. Bareng aku lungguh karo nyedhaki dheweke, Ratih ngrangkul bangkekanku karo isih
ngetokake eluh.
“Kenapa, ta Nok? Ora biasane kok ndadak nganggo ngambeg barang? Apa ana sing
ngladaki kowe?”
Ratih gedhag-gedheg terus. Nanging krasa isih ana sing digelakake lan sinimpen ing
batine. Dheweke terus dakdheseg, wusana gelem ngomong lan blaka.
“Kula wegah sekolah, Yang!” wangsulane cekak karo raine isih diungseg-ungsegake
ing bangkekanku.
Pundhake dakcekel banjur dakgeret supaya raine bisa daksawang. “Lho, kenapa ora
gelem sekolah?”
“Pokoke wegah, nggih wegah!” wangsulane isih atos.
“Lho yen ora gelem sekolah iku mesthi ana sebabe? Matura marang Eyang, mengko
kabeh masalah mesthi bisa dirampungake. Terus yen ora sekolah arep dadi apa, jal?”
Pangerih-erihku kang tansaya alus marang dheweke.
“Lha kanca kula nakal-nakal kok, Yang.”
“Lho nakal kepriye? Yen pancen nakali Ratih, putuku sing ayu dhewe, ben sesuk tak
matur karo gurumu, supaya dheweke dikandhani. Sapa sing nakali kowe?”
“Kathah, Yang. Onten Dani, Riska, Siti, lan meh sakelas, padha moyoki kula, je, Yang.”
“Dipoyoki kepriye?”
“Mosok kula diarani sindhen cilik, napa boten mangkel, Yang?” sajak dheweke protes
marang aku.
Aku rada mesem krungu wadule putuku. Karo ngempet ngguyu, aku banjur takon
dheweke, “Lha kok bisa dipoyoki sindhen ki nalare piye, Nok?”
Ratih banjur crita yen saploke iki, yen kerep ana lomba-lomba macapat, sing kerep
dielokke lomba iku pancen dheweke. Malah kepara kerep entuk juwara. Malah rong minggu
maneh, dheweke uga dielokake lomba macapat tataran kabupaten Bantul. Mula saka iku,
dheweke kerep dikon latihan neng sekolahan. Malah kadhangkala, anggone latihan ing
ngarep kelas. Mula banjur kanca-kancane moyoki dheweke sindhen cilik. Pancen Ratih mono
swarane cemengkling, apik tenan yen nembang macapat. Aku dhewe uga ngakoni
kaluwihane Ratih anggone pinter nembang macapat. Malah ora selak, aku sok-sok ya melu
nglatih dheweke nembang macapat neng ngomah. Ora ngira dheweke nduweni bakat
nembang macapat. Ratih malah terus dakwenehi semangat supaya nduweni “mental baja”
lan supaya ora nglokro yen diece karo kanca-kancane.
“Lho, yen mung diece kaya ngono wae, ora usah digagas ta, Nok?”
“Ning kula risi, je, Yang. Mosok ming pinter nembang wae, diarani sindhen cilik. Napa
pakaryan sindhen niku awon, ta, Yang?”
“Kowe kudu kuwat mentalmu. Ya iku sing jenenge arep dadi wong linuwih, kudu tahan
banting ngadhepi pacoban, klebu poyokan saka kanca-kancamu. Bisa uga, kancamu moyoki
ngono kuwi, amarga dheweke ora bisa nembang. Dheweke bisa wae banjur serik marang
kaluwihanmu iku. Biyen Eyang nalika isih sekolah, uga kerep dipoyoki. Nanging Eyang ora
nggagas poyokan iku, mulane Eyang tetep bisa maju lan dadi juwara. Kae ta, yen Ratih neng
daleme Eyang, akeh piala neng omahe Eyang. Iku tandhane Eyang ora gampang nglokro yen
dipoyoki. Malah yen bisa dadi pamecut, supaya tambah sregep anggone nggladhi kewasisan.
Ratih mung manthuk wae, nalika dak kandhani mangkono. Dheweke rumangsa
tambah semangat lan kegugah atine. Eluhe wis ora katon maneh. Terus dakbacutake
anggone ngandhani.
“Jare sapa yen pakaryan sindhen iku ala? Dakkandhani ya, Nok, yen pakaryan
sindhen iku klebu pakaryan kang mulya. Saora-orane pakaryan kanggo nglestarekake
kabudayane awake dhewe. Malah saiki pakaryan sindhen iku, ing tlatahe awake dhewe iki
entuk pangaji-aji saka pamarentah kang klebu pakaryan mulya. Akeh warga manca padha
sinau sindhen tekan papane awake dhewe iki ya amarga pakaryan sindhen iku klebu pakaryan
pilihan. Ngerti saiki kowe, Nok?”
Ratih mung manthuk-manthuk. Kaya-kaya kegugah atine. Katon praupane tansaya
sumringah krungu wejanganku esuk kuwi. Mula dheweke wis janji marang aku, arep tambah
sregep sinau lan gladhen tembang macapat. Apa maneh rong minggu engkas arep melu
lomba macapat ing tingkat kabupaten makili sekolahane. Dheweke uga janji ora arep nggagas
maneh yen isih dipoyoki dening kanca-kancane. Dheweke nganggep kanca-kancane mau
moyoki, amarga ora nduweni kewasisan nembang kaya dheweke, kaya wejangane eyange
putri.
Sesuke nalika mangkat sekolah maneh, Ratih isih kerep dipoyoki kanca-kancane.
Nanging kabeh mau wis ora digagas lan digubris. Malah kadhangkala kancane mau ditantang
supaya nembang sing luwih apik, yen bisa ngalahake. Nanging ora ana siji-sijia sing wani
nembang nalika ditantang dening Ratih. Jebul kanca-kancane mau mung wani angas. Ratih
wis rumangsa bisa ngalahake mentale kanca-kancane mau.
Nalika latihan karo gurune maneh, Ratih wis los anggone latihan nembang macapat.
Dheweke wis tanpa beban, ora isin maneh dipoyoki kancane. Gurune tambah seneng,
ngerteni owah-owahan mau.
“Ratih, daksawang gladhenmu dina-dina iki kok tambah apik, los, tanpa beban, beda
banget karo wingi-wingi iku amarga apa ta, Nok?” pitakone gurune sajak gumun.
“Inggih leres Bu Guru. Saniki kula badhe fokus gladhen. Pun boten merduli
poyokanipun kanca-kanca, Bu?” wangsulane Ratih kanthi blaka.
“Lho, dadi sasuwene iki, kowe kerep dipoyoki kancamu, ya? Kok kowe ora tau crita
marang Ibu Guru?”
“Kula ajrih, Bu.”
“Lho kenapa wedi? Matur wae, wingi kowe kerep dipoyoki kepriye karo kanca-
kancamu?” pitakone gurune Ratih.
“Kula asring dipoyoki sindhen cilik, Bu.”
“Wo, ngono ya. Ben kanca-kancamu mengko dakkandhanane. Wong kok isane mung
moyoki. Wis ngene wae, kowe mantep wae anggonmu gladhen, ya. Kanca-kancamu mengko
sing ngandhani Bu Guru,” pangerih-erihe gurune.
“Boten sah, Bu. Kula pun dituturi kalih eyang kula, supados tatag imane lan boten
gampil kepengaruh poyokane kanca-kanca,” kandhane Ratih marang gurune.
“Oh ya wis, yen ngono. Pancen bener wejangane eyangmu putri kuwi kok, Nok. Awake
dhewe yen kepengin maju lan pinter, pancen kudu tatag atine lan ora gampang nglokro yen
dipoyoki wong liya. Iku klebu pacoban.”
Sasuwene rong minggu, Ratih sengkud anggone gladhen nembang macapat. Ora
mung neng sekolahan nanging uga neng omah. Tekan tempuke gawe, Ratih kaampingan
dening gurune sida melu lomba ing tingkat kabupaten. Lomba mapan ing pendhapa
kabupaten. Peserta udakara wong telung puluh, makili pitulas kecamatan. Ratih entuk giliran
maju nomer lima. Kabeh yuri padha gumun karo swarane Ratih kang cemengkling lan resik
nalika nembangake tembang macapat Dhandhanggula lan Pangkur. Ora nguciwani babar
pisan. Ora ana sethithika rasa mindher.
Sawise maju, Ratih lan gurune ora bisa ngenteni nganti rampung. Amarga isih suwe
banget wektune. Mula saka iku, diputusake dheweke enggal mbalik menyang sekolahan karo
gurune. Amarga gurune arep ana rapat bareng guru liyane ing wektu awan iku. Ratih wis ora
nggagas maneh, entuk juwara apa ora. Anggepe, wis makili sekolahane wis seneng.
Tekan omah, dheweke didangu dening Eyang putrine.
“Kepriye, Nok, mau anggone melu lomba?” pitakone Eyange.
“Nggih lancar kok, Yang.”
“Entuk juwara apa ora?”
“Boten ngertos.”
“Lho kok ora ngerti ki kepriye?”
Ratih banjur matur marang eyange, menawa sadurunge lombane rampung, dheweke
karo gurune wis bali neng sekolahan amarga gurune selak ana rapat.
Dina Senen nalika ing sekolahane Ratih ana upacara bendera, diumumake yen ing
lomba macapatan minggu kepungkur, Ratih kasil minangka juwara I. Keprungu biwara saka
Kepala Sekolah mau, Ratih seneng banget. Ora lali dheweke muji syukur marang Gusti Allah,
dene bisa dadi juwara. Dening Kepala Sekolah, Ratih didhawuhi maju. Dheweke dikandhani
dening Kepala Sekolah, yen ing pengetan dina Hari Kebangkitan Nasional sesuk, Ratih
diundang dening Bupati anggone nampa bebungah, piala lan sertifikat.
Akeh kancane sing menehi keplok amarga seneng, dene murid saka sekolahan SD
Randhu Alas ana sing dadi juwara nembang macapat. Klebu kanca-kancane sing biyen
moyoki uga melu bungah lan ngeploki. Malah, ngendikane Pak Kepala Sekolah, juwara I
tingkat kabupaten iki arep dielokake ing lomba macapat tingkat propinsi.
Ing kalodhangan iku uga, Kepala Sekolah sawise entuk lelimbangan saka para guru
ing sekolahan kasebut, uga mbiwarakake menawa Ratih Kusumawati Wicaksono entuk
jejuluk “Sindhen Cilik” sekolah saka SD Randhu Alas. Bocah-bocah sing melu upacara padha
seneng banget, padha keplok mawurahan. Dene Ratih dhewe uga ora isin yen saiki oleh
jejuluk kasebut, kepara mongkog. Kabeh mau saka panyengkuyung eyange putri lan kabeh
gurune.

Antologi Puspanjali 2020


MATERI CERKAK SMA/SMK/MA
SANGU URIP
Dening: Arpeni Rahmawati

Dina iku rasane kesel banget, judheg. Prasasat kabeh wulangan nggarap tugas. Sirahku
mumet, awakku lemes. Wis jam 11 awan, sarapanku sega gudheg Yu Yah mau esuk prasasat
wis ora ana tilase. Wis entek kegiles lakune pikirku nggarap tugas dina iki. Nalika ngancik
ngaso sabubare sholat dhuhur, kabeh kanca lungguh lesehan ing emper kelas. Ngrahabi
sangune sing digawa saka omah. Senajan sekolahku SMK teknik sing prasasat siswane
lanang kabeh, ananging wis dadi pakulinan dene saben bocah sangu sega sacukupe kanthi
lawuh manekawarna. Ana kang nggawa lawuh tempe, bakmi, oseng nganti ayam goreng.
Malah ana kang ijol-ijolan lawuh amarga kepengin ngrasakake lawuh kang beda karo adat
saben sing digawa. Sangu mau dipangan bareng sinambi gegojegan, ngrembug tugas lan
liya-liyane. Kaya mangkene sing marakake guyub, paseduluran sansaya raket lan nambahi
betah sekolah ing kene.
“Mengko mbacutake biji praktek sesorah, ya?” ujare Dhanu sinambi njupuk krupuk
urang sangune Totok.
“Wohh, iya. Mengko sing maju urut absen pira, ya?” takone Totok sajak kepengin ngerti.
“Yen ora kleru, mengko sing maju absen 16 nganti 20.”
Krungu mangkono aku trataban, amarga nomer absenku 18. Aku lali durung ngapalake
teks sesorah. Rasane gela, seminggu iki aku ngapa wae ya kok nganti lali yen dina iki kudu
maju. Teks kang wis diparingi Pak Baskara rong minggu kepungkur durung dakapalke.
Senajan Pak Baskara ora nate duka, nanging aku rumangsa keweden yen mengko ditimbali
maju. Satemene isih ana wektu kanggo ngapalake sabisane, nanging atiku rasane wis ora
jenjem. Reroncening ukara ing teks kanthi tema Tanggap Wacana Tirakatan Pitulasan blas
ora ana sing mlebu ing sirahku. Saiki aku mung bisa ngucapake ajian pamungkas sing kulina
diucapake kanca-kanca yen durung nggarap tugas.
“Muga-muga Pak Baskara ora mlebu kelas lan wulangan Basa Jawa dina iki kosong,”
pangucapku sajroning ati.
Swara bel gendhing Jawa mratandhani kabeh siswa kudu mlebu kelas, piwulangan
wis kawiwitan meneh. Selasar kelas dumadakan sansaya sepi. Kabeh siswa padha mlebu
kelase dhewe-dhewe mbacutake ngudi ilmu.
Wis klewat sepuluh menit, ananging Pak Baskara durung rawuh. Aku mbungahi
amarga kaya kayane Pak Baskara kena alangan, ora mlebu kelas lan ora paring wulangan
dina iki. Ambeganku dadi temata, pikiranku entheng lan bisa melu gojeg karo kanca ing kelas.
Ananging kabeh mau ilang sanalika rikala krungu swarane Pak Baskara ngucap salam ing
ngarep kelas, lan nyuwun pangapura kasep mlebu. Pandongaku ora kabul. Sanalika iku
kringetku pating dlewer, lambeku komat-kamit ngapalake teks sesorah. Rasane pengin wektu
mandheg sedhela wae, 30 menit cukup. Supaya aku bisa ngapalake dhisik sadurunge maju.
Dimas uwis maju praktek sesorah, apil banget. Ketok yen dhewekke ngapalake
seminggu natas. Tio lagi wae rampung maju praktek. Senajan kurang lancar, plegak-pleguk,
ananging wiragane apik lan percaya diri. Saiki wayahe aku sing maju.
“Bayu Bagus Hermawan. Ayo, Le. Maju praktek sesorah!” Pak Baskara nimbali
jenengku kanthi swara sora mibawa.
Lakuku dakkuwat-kuwatake jumangkah. Lembeyanku lemes, sirahku rasane pengin
tumungkul wae.
“Bayu, kowe kok kaya wayang ilang gapite. Pucet, kaya ora duwe daya. Jumangkah
wae sajak abot. Apa lara, Le?” Pak Baskara jumeneng lan ndumuk bathukku.
“La gene ora panas? Ora kaya adat saben kok kowe meneng lan anteng. Aja-aja merga
durung ngapalake teks sesorah?” pandangune Pak Baskara lirih nanging marakke aku
trataban.
“Inggih, Pak. Kula dereng apal,” aku wangsulan karo tetep ndhingkluk.
Upama Pak Baskara duka, aku pasrah. Arep diunekke apa diswarani ala aku ora arep
wangsulan amarga rumangsa luput. Pak Baskara unjal ambegan landhung.
“Upama iki apalan dadakan lumrah yen kowe ora apal. Kamangka teks iki wis
dakparingke rong minggu kepungkur, lho. Kancamu sing maju minggu wingi wae bisa, kok.”
Pak Baskara katon cuwa, anyel, ananging tetep sabar.
“Inggih, Pak, kula nyuwun pangapunten,” wangsulanku lirih.
“Uwis kana, enggal lungguh. Kowe dakparingi pangapura. Ananging minggu ngarep
kudu maju praktek nganggo teks sesorah kang beda temane. Ora kena padha.”
“Inggih sendika, Pak,” wangsulanku sinambi mungkur bali lungguh ing kursi.
Kaya antuk kanugrahan, aku ora sida maju praktek lan Pak Baskara ora duka. Ananging
rasane tetep isin banget amarga ora bisa kaya liya-liyane kang bisa praktek sesorah. Nalika
aku lungguh kaya-kaya kabeh kanca sekelas nyawang aku, lan kaya nganggep aku bocah
bodho dhewe sadonya.
Sawise kanca-kanca padha maju Pak Baskara paring pangandikan ing ngarep kelas.
Kaya adat saben Pak Baskara paring pitutur. Ndilalah dina iki aku kang dadi patuladhan ala
amargi nglirwakakke tugas ora ngapalake teks sesorah.
“Anak-anakku kabeh sing daktresnani. Aja kendhat anggonmu sinau babagan apa
wae ing donya. Sinau kabecikan iku bakal ana mumpangate ing tembe mburi, senajan yen
saiki kaya-kaya ora wigati kanggomu. Dina iki ana kancamu kang ora bisa praktek sesorah
amarga lali durung ngapalake. Muga-muga wae Bayu pancen lali ora ngapalke, ora merga
wegah sinau Basa Jawa. Pancen yen saiki sesorah isih kanggo nggladhi basa, prasasat mung
kanggo golek biji. Ananging percayaa, sinau sesorah iku ora bakal muspra.”
Nalika mirengake pitutur saka Pak Baskara kabeh siswa prasasat anteng tanpa
caturan. Ananging dumadakan Santo nyuwara. Dhewekke pancen bocah kang patrape
kurang duweni subasita. Nalika ing satengahe wulangan dhewekke kerep turu ing pojokkan
utawa malah clemongan kang nambahi brebeg kuping.
“Ning nggih mumet je, Pak. Mata Pelajarane kathah. Teng mriki kan sekolah kejuruan
teknik, jurusan gambar bangunan. Kok ndadak sinau kimia, basa Jawa, sejarah lan kathah
sanese. Apa ya sesuk yen nyambut gawe awakke dhewe anggone wawancara nganggo basa
Jawa?”
“Hahaha…!” kabeh siswa padha ngguyu krungu sambate Santo.
Ora merga lucu ananging kabeh siswa sejatine uga nduweni panggraita apa bener
kabeh mata pelajaran iku bakale dikanggokake rikala golek gaweyan.
Pak Baskara mung mesem nalika siswane padha ngguyu, sambat rekasane bocah
sekolah. Pak Baskara bali unjal ambegan lan kanthi sabar paring pitutur.
“Anak-anakku, wiwit saiki diniyati kanthi legawa menawa sinau iku ora mung kanggo
golek gaweyan, ananging kanggo sangu urip,” pangandikane Pak Baskara karo mirsani kabeh
siswane kang durung ngerti surasane.
“Ingkang dipunkajengaken kadospundi, Pak? Tuladhanipun menapa?” pitakone Dimas.
“Tuladhane, kowe kabeh sinau kimia ora kudu pagaweyanmu sesuk nggawe larutan
kimia. Saiki coba dieling-eling kawit tangi turu nganti arep turu uripmu wis cedhak karo produk
kimia. Sabun, sampo, panganan, minuman instan lan liya-liyane digawe nganggo bahan-
bahan kang cinampur karo zat kimia. Yen kowe kabeh sinau kimia bakal ngerti endi sabun
kang mbebayani kanggo kulit lan endi sing ora. Saliyane kuwi, uga bakal bisa milih panganan
sing koktuku iku sehat apa ora, lan tuladha liyane. Leres mboten?”
“Leres, Pak,” kabeh siswa manthuk-manthuk.
“Semono uga geneya kowe kabeh kudu sinau basa Jawa, ora mung kanggo
nglestarekake basa, sastra, lan budaya Jawa. Nyinaoni basa Jawa bakal ngerti pitutur ing
sajrone tembang macapat, crita wayang, lan liya-liyane. Kejaba iku wong sing sinau basa
Jawa dadi alus bebudene, luhur subasitane. Wong kang luhur budine ing masarakat bakal
dadi wong kang aji,” pangandikane Pak Baskara kanthi swara kang sora, ananging sabar lan
merbawani, ndadekake kabeh siswa nggatekake kanthi permati.
Dina-dina sawise kedadeyan iku aku ngupaya bisa nggarap tugas kanthi dhisiplin. Aku
rumangsa wis duwe cacat ing kelas, nate ora bisa maju praktek sesorah. Mula aja nganti aku
mbaleni kedadeyan kaya mangkono iku. Wis cukup isin sepisan wae. Kabeh pengalaman
sinau ing sekolah menengah iku ora bakal daklalekake. Nalika gojeg karo kanca, nalika
nggarap tugas, nalika diukum guru amarga nerak aturan sekolah lan liya-liyane. Pengalaman
wurung maju praktek sesorah dadi salah sijine penyemangatku supaya sregep sinau. Malah
nggarap tugas kanthi dhisiplin saiki wis dadi pakulinanku.
***
Saiki aku kuliah ing jurusan Teknik Sipil UGM. Semester iki aku wis melu program
Kuliah Kerja Nyata. Wis telung minggu aku manggon ing Desa Banjaroyo. Kelompokku gawe
program-program kanggo warga masarakat, ana program gawe bale RW, program pelatihan
dol tinuku cara online kanggo masarake asil tetanen, lan program liyane. Ananging kang
paling wigati nalika KKN yaiku bisa ambyur awor masarakat, sinau urip bareng masarakat
saben dinane.
Ing desa iku kelompokku manggon ana daleme Pak Sutrisno, papane ing senthong
omah sisih mburi. Beda omah karo sing dipanggoni Pak Sutrisna sakulawarga. Pak Sutrisna
klebu sesepuhe desa amarga mbiyen nate dadi lurah kang banget ditresnani wargane.
Priyayine prasaja, yen ngendika sareh lan merbawani. Kebon durene amba tenan, panene
saben taun nyenengake. Ananging ana siji kang marakake kabeh mahasiswa betah banget
manggon ing daleme Pak Sutrisno, yaiku saben dina bisa weruh putra wuragil kang ayune
merak ati. Putra wuragile iki jenenge Ratri, jangkepe Dyah Ayu Ratri. Kulite kuning, rambute
ngandhan-andhan, eseme ngujiwat, semanak, lan yen nyandhang sarwa endah. Ratri kuliah
ing pawiyatan luhur Pendidikan Basa Inggris semester papat. Senajan kuliah basa manca,
nanging Ratri ora nglalekake seni budaya Jawa. Saben Selasa sore dheweke ngajari tari
kanggo bocah-bocah ing pendhapa daleme Pak Sutrisna kang uga kanggo basecamp
mahasiswa KKN. Kanca-kanca mahasiswa sing lanang padha betah ing basecamp, ana sing
alesan nggarap laporan, awakke ora kepenak, lan liya-liyane, ora liya mung arep nyawang
luwese Ratri nalika ngajari tari Sekar Pudyastuti.
Wong lanang endi kang ora kapilut marang ayune Ratri, ora mung ing tata lair nanging
uga ing subasitane, bisa diarani nduweni innerbeauty kang ora diduweni saben kenya ing
jaman saiki. Saben dina bisa srawung lan weruh eseme Ratri njalari aku kesengsem.
Ananging kabeh mau mung tekan pengangen-angen.
“Bayu, digoleki iki, lho!” pambengoke Antok saka njaban basecamp kang mbadharake
panglamunku.
Gage aku metu lan ora ngira, jebul sing nggoleki aku Ratri. Atiku trataban, polahku grogi
ananging wis dakkuwat-kuwatake supaya ora ngetarani yen atiku bungah campur isin.
“Oh, Dhik Ratri. Nggoleki aku ana apa, Dhik?”
“Mas Bayu ditimbali Bapak, saniki ditengga wonten ing dalem,” wangsulane Ratri lirih.
“Sampun nggih, Mas. Ampun dangu-dangu nggih, Mas. Bapak sekedhap malih badhe
tindak dhateng bale dhusun. Kula rumiyin, nggih. Pareng, Mas.”
Sawise Ratri mlaku adoh, kabeh kanca ing basecamp padha saur manuk.
“Suit…suit…”
“Ciye… ciye..., Pak Ketua diparani kenya ayu njur langsung grogi… hahaha.”
“Bay, yen kowe ora saguh ngadhepi Pak Sutrisno, kene aku wae sing mangkat…
hahaha,” panyemone Doni kang sajake uga ngesir Ratri.
Aku ora bisa nutupi kepriye rasa bungah lan isinku. Ing daleme Pak Sutrisna aku anteng,
lan nalika Pak Sutrisna wiwit ngajak rembugan bab merti dhusun aku mung bisa wangsulan
“Nggik… nggih… mbot.. mbok… mboten mep… mep… menapa….” Ana rasa getun, kok
mbiyen aku ora sinau basa Jawa kanthi temen. Kepengin rasane wangsulan nganggo basa
Jawa krama nanging wedi yen luput. Pungkasane Pak Sutrisna paring dhawuh kang bakale
gawe aku ora bisa turu telung dina telung wengi.
“Nak Bayu, aku kepengin minggu sesuk adicara Merti Dhusun iki kowe kang dadi
pranatacara ananging kudu nganggo basa Jawa. Saguh ta, Nak?”
“Insya Allah sagah, Pak,” wangsulanku, senajan atiku njerit merga wedi yen ora bisa
ngayahi dhawuh.
Nalika arep mapan turu aku dadi eling marang pituture Pak Baskara.
“Yungalaaah, apa ya aku bisa. Apa iki sing nate dingendikake Pak Baskara jaman
sekolah mbiyen. Kabeh kang disinaoni iku ora mung kanggo golek gaweyan, nanging uga
kanggo sangu urip…. Yoh, kanthi anteping ati aku kudu bisa. Ora pareng nampik dhawuhe
Pak Sutrisna, lan aja nganti aku isin sangarepe Ratri merga ora bisa mranatacara.”
Dina-dina candhakke teks pranatacara saka internet lan buku-buku daksinaoni. Ora keri
aku uga nyinaoni praktek pranatacara lumantar youtube. Lan kadhangkala aku uga praktek
ing sangarepe kanca-kanca. Sepisanan kancaku malah kepingkel-pingkel weruh anggonku
gladhen. Ananging suwe-suwe aku rumangsa mantep.
Tempuk ing gawe, acara Merti Dhusun katindakake kanthi rancag. Panuwunku marang
Gusti, aku wis bisa nindakake dhawuhe Pak Sutrisna wengi iku. Lan yen ora kleru, sawise
adicara paripurna Ratri nyawang lan mesem marang aku saka kadohan, esem ngujiwat mligi
kanggo aku.
Bang-bang wetan sunar sumamburat. Swara manuk sesautan, nuntun pangangenku
eling esem ngujiwate Ratri mau bengi. Atiku ora bisa dora. Ananging apa aku ora kuwanen.
Wis lah, ora arep ngranggeh rembulan ing awang-awang.
Dumadakan Ratri ana ing sandhingku.
“Mas Bayu, matur nuwun kalawau dalu sampun dados pranatacara. Bapak kula rumaos
mongkog lan bungah, dene tiyang enem jaman samenika taksih wonten ingkang purun
ngleluri basa lan sastra Jawa.”

Antologi Kedhung Ambabar Tama Dinas Kebudayaan (Kundha Kabudayan) DIY 2020

Anda mungkin juga menyukai