Anda di halaman 1dari 1

“Kerja Bakti Minggu”

Sabtu sore aku lan bapak lagi lungguh santai karo crito ning ngarep omah, banjur ono tamu
ngucap salam.
“Assalamualaikum, kulonuwun”, Suarane Pak RT.
“Wooooo…… Pak. RT, wonten nopo pak”, jawabe bapakku.

Dadi sore iki mau pak RT lagi mubeng marang omahe warga sekitar mbagekne surat
undangan kerja bakti sing arep dilaksanakne minggu esuk jam 7.
Aku langsung muni nak bapak, “Aku sesok nderek kerja bakti ya pak”.
“Iyo…. Gak opo opo, karo belajar srawung karo tonggo”. Jare bapakku.

Sesuk e isuk aku wes semangat tangi isuk, gak lalu aku sarapan disek mergo wedi ora kuat
melu kerjo bakti bareng warga sekitar. Aku lan bapakku budal kerja bakti gowo aret lan pacul
sing ono ing mburi kandang.
“Iki le arite gowonen, bapak tak gowo pacul”. Munine bapak.
“Oke pak”, jawabku marang bapak.

Banjur aku lan bapak langsung budal menyang lapangan kumpul karo warga sing wes teko
luweh awal. Nek kono wes enek Pak RT, Pak Rohman lan Pak Hasan. Ogak suwe, warga
liane ugo teko lengkap gowo peralatan sing dibutuhne. Aku lan bapak ditugasi ngresik i suket
kang ono ing tugu selamat datang, sementara warga liane ono sing ngresik I selokan, mindahi
material pasir lan bakar-bakar sampah.

Acara kerja bakti sosial iki memang dadi acara sing dionokne rutin setiap bulan. Aku mesti
melu bapak kerja bakti karo belajar srawung karo tonggo-tonggo sekitar. Aku ngroso acara
kerja bakti iki kegiatan kang becik di enekne rutin saben wulan supoyo deso kang di
panggoni katon resik lan sehat.

VICHO WAHYU TRIHARTONO/ 8-C

Anda mungkin juga menyukai