Anda di halaman 1dari 3

MITONI

Assalamu’alaikum Warahmatullah Wabarakatuh

Alhamdulillaahi robbil ‘aalamiin, wassholaatu wassalaamu ‘alaa asyroofil anbiyaa-i wal


mursaliin, nabiyyinaa wahabiibinaa muhammadin, wa’ala alihi washahbihi aj’ma’iin, wa man
tabi’ahum biihsanin ilaa yaumiddin, Amma ba’du.
Ingkang kulo hormati para pinisepuh, ingkang kulo hormati para rawuh bapak saha ibu
ingkang bagya mulya.

Puji syukur, mugi tansah dipun paringi kenikmatan saking Allah SWT sehinggo kulo lan
panjenengan sedoyo saget kumpul mboten wonten halangan nopo-nopo. Sholawat lan salam
mugi-mugi kahatur demateng kanjeng Nabi Muhammad SAW lan mugi muleber dumateng
sholawat lan umat setanipun Aamiin Aamiin... Ya Rabbal Alamin...

Hadirin ingkang kulo hormati,


Kulo teng mriki selaku pambiwara (mc) teng acara mitoni, menikolah susunan acara
ingkang bade kalampah.
1. Pambuka
2. Sungkeman
3. Siraman
4. Wudhu
5. Mecah Kendi
6. Medot Janur
7. Procotan
8. Brojolan
9. Mecah Cengkir
10. Pantes-Pantesan
11. Angkreman
12. Nggendong Putu
13. Dodol Rujak Lan Dawet
14. Tumpeng Robyong
15. Panutup

1. Para rawuh ingkang minulya, Sumangga adicara mitoni ing dinten menika kita wiwiti kanthi
waosan basmalah sesarangan Bismillahirrahmanirrahim

2. Menggah adicara ingkang angka kalih yaiku sungkeman dening bapak lan ibu nganten mitoni
MC BICARA SAAT MANTEN SUNGKEM
“Bapak, ibu... Kulo nyuwun pandongane supados lancar lahiran e, sehat ibu lan calon
jabang bayi ne, mugi" kulo dados bapak ingkang bertanggung jawab lan sakeluarga dados
keluarga ingkang sakinah mawadah warahmah.
Pangapunten ingkang katah bilih menawa kulo gadah lepat kalihan panjenengan pak,
buu.... Kulo nyuwun pandongane lan restune ingkang katah.”
3. Para rawuh ingkang minulya,
Adicara salajengipun inggih menika siraman.
Siraman niki tujuwanipun supados calon ibu lan jabang bayi resik lan suci lahir batin.
Dhumateng mbak Novelinda lan mbak Jihan Monggo kembang siraman e di cemplungo
Dhumateng Mas Yulius minangka calon bapak sumanggakaken ngawali siraman. Salajengipun
kawula sumanggakaken dhumateng ibu Eva dipunlajengaken Bapak Afif Sumanggakaken Ibu
Olin dipunlajengaken bapak Yoel
Monggo para rawuh nyirami manten mitoni

4. Adicara ingkang kaping sekawan inggih meniko wudhu. Wudhu niki lambang nyuceni lan
tolak balak awak saka hal hal ingkang olo.

5. Adicara ingkang kaping gangsal inggih meniko mecah kendi, monggo Bapak Afif Lan Bapak
Yoel mecah kendi ing ngandape mbak salma, {ini yoel sama afif ngehitung 123 langsung jatuhin
kendine} (setelah kendi pecah) = monggo para rawuh pecahan kendi niki dipun pundut kangge
duit tumbas rujak lak dawet

6. Adicara kaping enem, Medot janur. medot janur niki lambang kangge nyuwun kalihan gusti
Allah supados lahiran e lancar. Monggo mas Yulius ngubet janur ing weteng e mbak salma
(tunggu Yulius mbenakno janur e) lan diawali bismillahirrahmanirrahim PEDOT JANUREEE!!!

7. Adicara kaping pitu inggih menika procotan. Ibu eva lan ibu olin ngubet selendang dateng
mbak salma, lan mas Yulius tigan (tigan =telur) e dilebokne ing ubetan. kanti itungan 123...
(telur pecah)

8. Adicara kaping wolu inggih meniko brojolan, mas Yulius kelopo ne dilebokno nang ubetan
Kanti bismillahirrahmanirrahim ( alfen nyenggak i pas kelopo ne jatuh glundung" oek oek ) = 2
kali soale kelapa ne dua

9. Adicara kaping songo mecah Cengkir, mas Yulius kanti awalan bismillahirrahmanirrahim
monggo dipecah kelopo ne (2 kali soale kelapa ne 2)

10. Adicara kaping sedoso inggih menika pantes pantesan. ibu Eva lan ibu olin monggo nyalin i
jarik mbak salma (trus giliran eva-olin tanya ke jihan dan nope= sampun pantes nopo dereng?)
(ini jarik e 7 kali = 6 kali dereng, 1 kali terakhir/kepitu = sampun #nope sama jihan nyauti
serempak)

11. Adicara kaping setunggal welas inggih menika angkreman, calon bapak muni kukuruyuk,
calon ibu muni petok"' ping kalih nggih...

12. Adicara kaping kaleh welas inggih menika Nggendong putu, monggo ibu eva lan olin Maringi
donga kangge calon putune!
13. Adicara kaping 13 dodol rujak monggo para rawuh tumbas rujak e mbak jihan lan mbak
Novelinda ingkang di dampingi nganten mitoni

14. Adicara kaping sekawan welas inggih menika tumpeng Robyong (doani alpen gae jabang
bayi lan ibu e, kabeh e ngamini)

15. (Penutup)= Alhamdulillah sampun kalampah acara mitoni mas Yulius kalihan mbak Salma.
kawula minangka pambiwara (mc) mbok bilih wonten klenta klentuning atur ingkang kirang
mranani ing manah panjenengan sedaya, kawula nyuwun lumunturing sih samudra
pangaksama, mekaten atur kawula.
Matur nuwun. Wassalamu’alaikum wr wb.

Anda mungkin juga menyukai