Anda di halaman 1dari 3

PENILAIAN TENGAH SEMESTER

(2022-2023)

NAMA SEKOLAH : SMPN 2 BANGIL


MATA PELAJARAN : BAHASA JAWA
KELAS/SEMESTER : IX/GASAL
WAKTU : 60 MENIT
I. Pilihen salah siji wangsulan sing koanggep paling bener sarana menehi tandha ping
(𝐗) ing abjade!
1. Sawijining olah seni kang dipentasake dening para paraga ing panggung lan nduweni
amanat sinandi kang bisa kanggo tepa tuladha urip ing bebrayan diarani ….
a. film c. ludruk
b. sandiwara d. kethoprak
2. Tembung drama asale saka basa ….
a. Yunani c. Indonesia
b. Inggris d. Jawa
3. Drama bisa uga diarani ….
a. dhagelan c. sandiwara
b. lawak d. guyonan
4. Sandiwara asale saka tembung “sandi” lan “wara”. “Sandi” tegese ….
a. cerita c. informasi
b. umum d. rahasia
5. Dene “wara” nduweni teges ….
a. cerita c. informasi
b. umum d. rahasia
6. Struktur teks drama kaperang dadi ….
a. 2 c. 4
b. 3 d. 5
7. Pesen, nilai moral, utawa tepa tuladha kang kinandhut ing cerita drama diarani ….
a. koda c. resolusi
b. komplikasi d. orientasi
8. Perangan crita kang ngandharake paraga utama lagi ngalami prakara (masalah) kang ruwet
diarani ….
a. koda c. resolusi
b. komplikasi d. orientasi
9. Perangan crita kang nepungake para paraga ing crita kasebut diarani ….
a. koda c. resolusi
b. komplikasi d. orientasi
10. Perangan crita kang isine minangka pamecahing masalah diarani ….
a. koda c. resolusi
b. komplikasi d. orientasi
11. Sing kalebu struktur fisik drama yaiku ….
a. paraga c. tema
b. koda d. amanat
12. Sing kalebu struktur batin drama yaiku ….
a. paraga c. tema
b. setting d. Alur
13. Jinise drama kaperang dadi ….
a. 1 c. 3
b. 2 d. 4
14. Yen arep nulis ukara nganggo aksara Jawa kudu diwiwiti nganggo pada ….
a. adeg-adeg c. lungsi
b. pangkat d. lingsa
15. Yen nulis ukara nganggo aksara Jawa pungkasane nganggo pada ….
a. adeg-adeg c. lungsi
b. pangkat d. lingsa
16. Kanggo misah antarane aksara Jawa lan angka Jawa ing sajroning ukara digunakake pada
….
a. adeg-adeg c. lungsi
b. pangkat d. lingsa
17. Yen angka Jawa manggon ing satengahing ukara mula pada pangkat ditulis …. angka Jawa.
a. sadurunge c. ngapit
b. sakmarine d. satengahe
18. Yen angka Jawa manggon ing pungkasaning ukara mula sakmarine angka Jawa kudu
ditulis pada ….
a. adeg-adeg c. lungsi
b. pangkat d. lingsa
19. Yen angka Jawa manggon ing wiwitane ukara mula pada pangkat ditulis …. angka Jawa.
a. sadurunge c. ngapit
b. sakmarine d. satengahe
20. Yen angka Jawa manggon ing pungkasaning ukara mula pada pangkat ditulis …. angka
Jawa.
a. sadurunge c. ngapit
b. sakmarine d. satengahe
21. Kowe sinaua sing sregep! Diarani ukara ….
a. agnya c. pitakon
b. sambawa d. carita
22. Sinaua mau bengi mesthi aku bisa njawab soal iki. Diarani ukara ….
a. agnya c. pitakon
b. sambawa d. pakon
23. Sinaua ya isih tetep ora bisa njawab soal iki. Tegese ….
a. muga-muga c. umpama
b. mokal d. senajan
24. Mendhung bae ora udan, panas maneh udana. Tegese ….
a. muga-muga c. umpama
b. mokal d. senajan
25. Budhala esuk mau mesthi aku ora bakal telat. Tegese ….
a. muga-muga c. umpama
b. mokal d. senajan

II. Pitakon-pitakon ngisor iki wangsulana kanthi bener!


Ukara sambawa lan ukara agnya ngisor iki aranana tegese!
1. Macaa bola-bali isih durung paham bae. Tegese ….
2. Kowe macaa buku iki! Tegese ….
3. Macaa wingi-wingi mesthi aku wis paham saiki. Tegese ….
4. Adhiku macaa buku-bukune kabeh ya supaya bisa dadi wong sing pinter! Tegese ….
5. Ana bukune ora gelem maca, ora duwe bukune maneh macaa. Tegese ….

Anda mungkin juga menyukai