Anda di halaman 1dari 2

LEMBAGA PENDIDIKAN MA’ARIF NU

MI KH.HASYIM ASY’ARI
TERAKREDITASI “ B “
Alamat : Jl.Raya Gubugklakah Kec. Poncokusumo Kab.Malang
=============================================================================
Nama : _________________________ Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas : 4 ( Papat ) Hati / Tanggal : _______________________

PENILAIAN TENGAH SEMESTER II

Wenehana tandha ping (x) ing aksara a, b, c, dan d tumrap wangsulan kang koanggep paling bener!

1. Kaendahan negara Indonesia ora mung alame, nanging ugaing kabudayan, lan kesenian. Salah siji tuladhane
yaiku ............ a. tembang campursari b. tembang dolanan c. tembang macapat d. Tembang
langgam
2. Tujuan utama lan isine tembang dolanan sejatine kanggo menehi piwulang marang bocah-bocah ngenani
............
a. ilmu pengetahuan b. ketrampilan c. olah raga d. Budi pakerti
3. Salah siji ciri-cirine tembang dolanan yaiku ............ a. wujude sederhana b. cakepane umume dawa
c. tembunge angel d. Mesthi ana pengarange

Kanggo wangsulan no. 4 – 8

Lumbung Desa
Lumbung desa pra tani padha makarya,
Ayo dhi, njupuk pari nata lesung nyandhak alu,
Ayo yu, padha nutu yen wis rampung nuli adang,
Ayo kang, dha tumandang yen wus mateng nuli madhang.
4. Tembang ing nduwur irah-irahane ............
a. Para tani b. swara lesung c. lumbung desa d. Nutu pari
5. Piranti kanggo ngolah pari dadi beras jroning tembang ing nduwur yaiku ............ a. mesin selep
b. lesung alu c. mesin giling d. Lumpang watu
6. Yen wus mateng nuli madang . Tembung madang krama aluse ............a. mangan b. nedhi c. nedha d.
Dhahar
7.Tembang sing ora kaiket anane guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu diarani tembang
a. gedhe b. dolanan c. tengahan d. macapat
8. Tuladhane tembang dolanan yaiku ............
a. Kinanthi b. Buta-buta galak c. dhandhang gula d. asmarandana
9. Sadurung nembang kudune ngerti ............
a. titi larase b. asal usule c. pengarange d. Dawa cendeke
10. Tembang dolanan “ jamuran “ biasane dipraktekake dening ............
a. khusus wong-wong sing wis diwasa b. wong sing umure wis 60 tahun munggah
c. bocah sing umure 6 nganti 13 tahun d. Bocah cilik nganti wong sing wis tuwa
11. Biyen sarwa kecingkrangan, nanging saiki uripe wis ayem....

a. Tentrem b. Seneng c. Jejed d. Dhedet


12. Klambine katon abang banget, abang banget padha karo abang…
a. Mbranang b. Brining c. Memplak d. Njanges
13. Alase gedhe gung liwang – liwung, ora tau diambah jalma....
a. Mantra b. Manungsa c. Raga d. Kewan
14. Udane deres kaline nganti amber, nanging sak iki wis.....
a. Rob b. Mbludag c. Angok d. Tuntas
15. Olehe nandur pari kerep, nanging nanduri jagung...
a. Arang b. Unggul c. Bener d. Bagus
16. Bocah yatim piatu iku bocah sing wis ora duwe Bapa lan .......
a. Biyung b. Rama c. Sanak d. Kadang
17. Tandange sing kalem aja kebat.........
a. Kebat b. Kliwat c. Bubat d. Gawat
18. Becike sing guyup..........................aja seneng congkrah.
a. Sayuk b. Rukun c. Repot d. Padu
19. Jangane Lastri asin amergo kakean.........
a. Gula b. Bumbu c. Uyah d. Lengo
20. Payune luweh akeh tinimbang kulakane diarani.......
a. Rugi b.Kepayon c. Bathi d. Laris

II. Isenan ceceg – ceceg ing ngisor iki nganggo ukara kang mathuk
1. Adhik mangan roti bakar, menawi Bapak..............................sekul goreng.
2. Paribasan iki rampungna. Ancik – ancik pucuke ............

3. Yen ditulis latin................


4. Sing menehi tapak asma yaiku wong sing.................................layang.
5. Simbok gerah waja, gerah waja tembung ngokone..............
6. Budhe gerah, sapunika sampun saras. Saras tegese............
7. Kowe mengko yen diajak Andri kudu gelem ! Diajak saka tembung lingga ........
8. Yen kepingin nyuwek kertas kudu milih sing tengah. Nyuwek saka tembung lingga ............
9. Dadi bocah kudu duwe tata .........
10. Pari ing sawah katon ijo .........

Anda mungkin juga menyukai