Anda di halaman 1dari 2

Tulungagung, 26 Januari 2023

Kanggo Sumitraku, Dimas Sura Aji

Ing Surakarta

Kula Nuwun

Kang Sur, sadurunge aku njaluk pangapura merga isih saiki ana
wektu nulis layang kanggo sliramu. Mugya ing wektu iki sliramu lan
kaluwarga tansah pinaringan bagas waras sarta ayem tentrem saka
Gusti .

Kang Sur, lumantar layang iki aku pengin ngomong yen mentas wae
entuk musibah. Dina selasa, 24 Februari 2023 kepungkur simbahku
saka ibu kapundhut.

Kahanan iki ndadekake rencanaku nemoni sliramu ing Surakarta


kapeksa dhak undur dhisik kanggo sawetara wektu.

Yen ora ana kerepotan , anggenku sanja menyang Surakarta ngenteni


pitung dinane simbahku rampung dhisik.

Muga-muga sliramu bisa mangerteni kahananku, saengga


anggenku ngundur wektu iki ora nuwuhake rasa kuciwa ing
atimu.

Nembah nuwun
Salam saka Sumitramu

Mia putri setia premadhi

Anda mungkin juga menyukai