Anda di halaman 1dari 1

Kanggo Sumitraku,

Dimas Sura Aji


Ing Surakarta

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh,


Kang Sur, sadurunge aku njaluk pangapura merga isih saiki ana wektu nulis layang kanggo
sliramu. Mugya ing wektu iki sliramu lan kaluwarga tansah pinaringan bagas waras sarta
ayem tentrem saka Gusti Allah.
Kang Sur, lumantar layang iki aku pengin ngomong yen mentas wae entuk musibah. Dina
selasa, 27 Februari 2024 kepungkur simbahku saka ibu kapundhut.
Kahanan iki ndadekake rencanaku nemoni sliramu ing Surakarta kapeksa dakundur dhisik
kanggo sawetara wektu.
Yen ora ana alangan, anggenku sanja menyang Surakarta ngenteni pitung dinane simbahku
rampung dhisik.
Muga-muga sliramu bisa mangerteni kahananku, saengga anggenku ngundur wektu iki
ora nuwuhake rasa kuciwa ing atimu.
Yen ora ana alangan, yen ora tengah sasi, kemungkinan pungkasane sasi Februari taun iki
aku bakale menyang Surakarta nemoni sliramu kanggo ngrembug babagan wingi.
Oh, iya, lumantar layang iki aku nyuwun tulung kabarana kancamu ‘sing kae’ ya! Tulung
kabarana yen aku isih durung bisa nemoni dheweke jalaran ana musibah sing dakalami.
Kang Sur, ngenani pesenanmu wingi wis dakgolekake lan wis kakumpul kabeh. Rencanane
pesenanmu bakal dakcangking nalika aku menyang Surakarta. Dadi sliramu ora perlu
sumelang maneh.
Kang Sur, dakkira cukup semene dhisik layangku. Mugya aku lan sliramu tansah pinaringan
umur kang dawa. Saengga Gusti ngijabahi lan paring kalodhangan kanggo awake dhewe
sapatemon lan sapajagongan maneh.
Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh

Salam saka Sumitramu


Zuly

Anda mungkin juga menyukai