Anda di halaman 1dari 2

Tema : humaniora (kemanusiaan)

JANJI MUSPRO
Dening : Anggi Lailatusholiqah
Saiki jamane wes beda
Ati buto kaaran kesatriya
Gayane ngayomi
Seng tak sawang mung nggegiris ati

Jarene wakil rakyat


Seng lungguh ing kono mung pengkhianat rakyat
Janjimu mbiyen opo wis lali
Opo kuwi mung syarat anggonmu oleh kursi?

Jarene negara makmur, negara demokrasi


Seng tak sawang mung tawur nglayangno oposisi
Jarene mbrantas korupsi
Ning kowe malah dadi tikus berdasi

Opo kowe isih eling ?


Cucur... kringet.... luh... ludira
Ngguyur bumi nuswantara
Ora peduli awak nandang lara
Ninggalake anak bojo saha wong tuwa
Kanggo kowe anak putune supaya urip mulya
Ananging kabeh kuwi ilang....
Ilang muspra.....
Kaganti wuta amarga arta
Aku wong cilik
Dudu anak bupati, dudu anak mentri
Ora sugih dunyo kang kebak bondho
Klambiku murahan, dudu merek reno-reno

Njungkel maliko anggonku nyuara


Kowe ora bakal ngrungokno
Sadar.... aku sadar
Aku iki dudu sapa-sapa

Mung bisa ndedungo marang gusti kang kuwasa


Supaya kowe sadar anggonmu nglarani anggonmu mblenjani
Supaya kowe sadar ana rakyat kang mbok apusi

Kanggo ibu pertiwi


Anak putumu setya mbelani
Enggalo mari

Anda mungkin juga menyukai