Anda di halaman 1dari 15

HIMPUNAN KIDUNG

PITRA PUJA
PENGEMPON PURA
KAHYANGAN GIRI NATHA
DESA PAYUNG MULYA

PAMBUKO

Om swasti astu
Sa. Ba. Ta. A. I
Nama siwaya
Om awi gnam astu

SA BA TA AIYA
Nama siwaya
Moksartam jagat
Dita aca iti dharma

Para arta dharma moksa


Tri bersada ilaha yatnya
Rwa binika tunggal ika
Sarwa idam ilahu brahma
BOWO PUNGKUR

1. Yen siro sang dwi jaworo


Wenang Siro magento tengaeng sepi
Mring Gusti siro nenuwun
Murih tentrem reng Buono
Sangong titah mugo Bejo Ra hayu
Lupute ing ponco boyo
Mugi Widhi nugrahane

2. Yen bang wetan wus sumirat


Kita samyo ngabekti ngarsane Widhi
Puspa dupo tirto nipun
Mugyo ngaturaken bija
Yen wus jangkep aglis Siro malungguh
Nentrem aken jiwo rogo
Lilo lahir troseng ati

3. Jejeke jalmo ing nolo


Piker resek rereget dan ilange
Tindak tanduk yo rumongso
Nyenyamakno cokro bowo
Apan Niku karono Tyas kuma lungkung
Nggayuhken diri pringgo adaan deder bilahi
4. Wacinipun pira puja
Monggo kito sami angabekti
Dipun pimpin mangku Nipun
Kanti tulus jiwo rogo
Ndalu Niki jangkep dinten ipun
Swaragini ............... Manunggal
Mreng Shang hyang Widhi
BOWO DANDANG GULO
SIDO ASIH

Pamin tombo kunjuk ngarso Gusti


Umat Hindu kang tansah nyawiji
Ngaturaken sembah Bekti
Duh Gusti sembah hambo
Jroneng Pitra puja puniki
Sukmo nipun ........
Tansah mangyo Rahayu
Panuwun pro umat sami
Mreng ngarsane Gusti
Ingkang moho suci
Mugi manggio suwargo

GENDING IBU PERTIWI


1. Ibu pertiwi
Paring bogo lan sandang kang nurakapi
Peparing rezeki menungso kang Bekti
Bu Pertiwi - Bu Pertiwi
Sing Sutrisno mreng sesami
Bu Pertiwi kang adil luhur ing Budi
Ayo sungkem mareng Bu Pertiwi
2. Duh shang hyang widhi
Poro Putro ngaturaken sembah Bekti
Puspo dento sinucekno sembah mami
Om ang Brahma Dipa Astra
Tansah ulung sembah sembah
Mugi paring kasucian mara bahi
Tangan kaleh mewah watra suci
SEKAR MEGATROH

1. Datan pegat nembah Gusti anyenyuwun


Rentah ing Nugroho Adi
Tumrap Risang Sukmo luhur
Ingkang nilar ndunyo Niki
Mboten wang wang mboten mangro

2. Duh duh Gusti moho Mirah agung


Mugi pareng Padang Margi
Atmo engkang sampun wangsul
Laju nggeniro lumaris
Legowo ing driyo yektos

3. Tumrap warga ingkang sami taseh keton


Mugi pinaringan eleng
Karono eng manah tegoh
Kaporo anjurung puji
Jurungi sang Sukmo yektos

4. Duh sang atmo pro sentono sami ngumpul


Amemuji mugi mugi
Andiko Tan ragu-ragu
Tetek tegoh tekat Wiji
Mboten wang wang mboten mangro
5. Amemuji sunyo nirwono satuhu
Moksantu swar gantu ugi
Mursantu lawan swa mantu
Ksama Sampurna ya ugi
Nggayuh Santi Santi ugi
DANDANG GULO

1. Duking nguni rikolo............... Piniki


Para dewa tumurun saking marcu kundo
Ngasto puspito rinunce
Mreng Sukmo engkang luhur
Kang wes labuh labeteng Gusti
Ginanjar marga kang Utomo
Kereto dewo ndaru
Kang sinabut jatine atmo
Iku dadyo sarono syarat Wigati
Anggayuh suargo loko

2. Pamitane warga Hindu sami


Mugi sumo nipun........... Katampio
Manunggal mreng gustine
Kunjuk mrengsang hyang Wisnu
Anggayuh suargo Jangkepeng wajib
Atur sungkem pangeran
Mana Mbah saktuhu
Tan kendat Yayah lan Rino
Wekasane suargo loko wus pinanggih
Manunggal mreng kang kuaso
3. Teman susah Anggayuh roh suci
Kepiting Tyas ngandut de duso
Datan kembo pangudine
Awet saking karmo nipun
Pepuntone mung angliteri
Ing Tawang ngauoro
Mbrenggengeng malunkung
Yo iku plambange sumo
Ing naliko datan kerso amarsudi
Sam soro nggayuh Muso

4. Titi tidem seba wane patri


Wigatine ndalu sak mangko
.................. Jatine
Kerenteke Tyas my
Momento seh rahmateng Gusti
Pukulun Batara brahmo
Mugio tumuron
Ndayani sumo kang samsoro
Kawiwoho murih dadi sumo Kinasih
Mapan ing suargo luko
BOWO ASMORO DONO

PADANG MBULAN GEGOCERAN NEDENGI


PITRA PUJA

WANCI PINARA SAK NIKI


ATUR PANUWUN KAWULO
KANTI SRONO SESAJINE
KANGKUNG PUTRI GIYO MEMUJO
MREH LUHUR ENG SUKMO NIRO SUKMO
NIPUN ....................................
MANUNGGAL MRING KANG KUOSO
KIDUNG LELAYU
PANJANG ILANG

1. Duh Gusti pepunden hulun


Kang amurbo Tri Bawono
Prowargo Jalu wanito
Sung Pujo panjurung Suksmo
Suksmo jiwo, suksmo jiwo gyo lelaku
Tinedahno Margo mulyo
Wangsul manunggal hyang suksma

2. Palastro Sampurno nipun


Wangsul mulo, mulo niru
Siti wangsul mring bantolo
Agni wangsul mring pawoko
Kang warih kang warih wangsul maring banyu
Banyu wangsul sami rono
Suksmo langgeng gesangipun

3. Lelono brataning laku


Mituruti larasing karmo
Dan Prayitno lampahiro
Manungso ing Marco podo
Marsudio marsudita maring laku
Nulado tuli sing wedo
Jroning wedo keh sinebut

4. Monco Warno wulangipun


Nora gampang hingayatan
Yen Tan antuk marmaning hyang
Trisandya Tan kano pegat
Tindakno ka tindakno kalawan tekun
Lan trikaya parisudha
Ulun sumarah hyang agung

5. Woro Pujo mang ang ung


Mursantu yo swargantu yo
Muksanto yo samantu yo
Ang ksama Sampurna maha
Paripurno Paripurno sembah hulun
Poro wargo Hindu dharma
Om Shanti Shanti Om
AYAK – AYAK PAMUNGKAS

Sang tri murti kang pepareng


Pepadanging jagat royo
Datan ono pileh kaseh
Anerangi alam reki
Tresno aseh mreng sesomo
Kantuno mujo lan muji

1. Puoro pujo puji


Manembah sada siwa
Puoro moho dewo
Nyuwun gunging pegat somo
Pujo mantram tembang kidung
Daksino nyang canang sari
Dupo arum gondo wedo
Sak solaeng ponco bekti
Sarwo kirang tur kuciwo
Kinaliput mono singgih

2. Hyang widhi
Katampi yi
Ulun ngaturaken sembah
Hyang widhi sembah ulun
Lair baten amemuji
Wahyat dyat mi ko sembahku
Ijeng totan hono waneh
Werdo mudo kakung putri
Gumolong dadi saijine
Eng ndalem pujaan mriki
Cekap nyuwun tirto suci
UMPAK – UMPAK PANGKUR

Kulo matur sesanti mreng


Sang hyang agung
Miwah poro dewo
Resi pandito mesari
Mboten namung nyuwun
Gungeng pangak somo

Titi tidem sebawane ratri


Wigatine ndalu sak mangko
......................... jatine
Krenteke tyas nyenyuwun
Meminto sih rahmateng gusti
Pukulun batoro brohmo
Mugio tumurun
Ndayanai sukmo kang samsoro
Kawi woho murih dadi sukmo kinasih
Mapan ing swargo luko

Anda mungkin juga menyukai