Anda di halaman 1dari 3

Ki Hajar Dewantara

Ki Hajar Dewantara miyos kala tanggal 2 Mei 1889. Asma timuripun Raden
Mas Suwardi Suryaningrat. Kala sugengipun, Ki Hajar Dewantara nate ngasta
dados wartawan, mbiyantu nyerat wonten ing kalawarti saha ariwarti warnawarni, kadosta wonten ing ariwati Sedyatama.
Sesarengan kaliyan dokter Cipta Mangunkusuma saha Douwes Dekker, Ki
Hajar Dewantara sengkut nggigah semangating bangsanipun murih sami
gumregah mbudidaya uwal saking regemaning penjajah. Karanganipun ingkan
ngewrat panyedha utawi kritik dhumateng kaum penjajah njalari Ki Hajar
Dewantara kakendhangaken dhateng negeri Walandi. Pamrihipun supados boten
saged ngesuhi bangsanipun nduwa dhateng panguwaosipun kaum penjajah.
Dhasar priyantu tatag lan prigel. Wotnen ing negari Walandi Ki Hajar
Dewantara boten pepes lan boten nglokro penggalihipun. Ki Hajar Dewantara
malah lajeng ngangsu kawruh warna-warni babagan panggula-wenthah. Gangsal
taun laminpun Ki Hajar Dewantara kabucal wonten ing negari Walandi. Kala tahun
1918, Ki Hajar Dewantara dipun llani kundur dhateng Indonesia, tanahwutahrahipun ingkan sakelangkung dipun tresnani.
Sakonduripun saking negari Walandi, Ki Hajar Dewantara wangsung
sengkut anggenipun mbudidaya murih bangsanipun dados bangsa mardika,
bangsa majeng sami kaliyan bangsa-bangsa sane sing saindengin bawana.
Minangka sarana kangge nggayuh idham-idhaminpun punika, Ki Hajar Dewantara
ngrancang bahde ngedegaken pawiyatan ingkang migunani tumrap ajenging nusa
lan bangsa. Rancangna punika kelampahan dados. Kala tanggal 3 Juli 1922 Ki
Hajar Dewantara ngepyakaken adegipun pawiyatan Taman Siswa. Ing babagan
panggula-wenthah Ki Hajar Dewantara kagungan sesanti, Ing ngarsa sung
tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri andayani.
Kala tanggal 15 Oktober 1959 Ki Hajar Dewantara seda, layonipun dipun
sarekaken wonten ing pasareyan Wijaya Brata ing Ngayogyakarta. Ki Hajar
Dewantara sampun seda, nanging asma lan lelabetanipun dhateng nusa lan
bangsa lestantun ngambar wonten ing sanubarinipun bangsa Indonesia.
Minangka pakurmatan tumrap agenging lelabetanipun Ki Hajar Dewantara
ing babagan panggula-wenthahing bangsa, dinten wiyosipun Ki Hajar Dewantara
tanggal 2 Mei katetepaken dados dinten ageng, Hari Pendidikan Nasional.
Wondene sesanti Tut Wuri Handayani ugi lajeng piniji dados sesantinipun
Departemen Pendidikan dan Kebudayaan

R.A Kartini
Raden Adjeng Kartini utawi langkung leres Raden Ajoe Kartini, (Jepara, 21
April1879 - Rembang, 13 September 1904), punika satunggiling pahlawan
nasional R.I. Panjenenganipun satunggiling tokoh wanita saha tokoh pendidikan
Jawi. Raden Adjeng Kartini punika asalipun saking latar priyantun Jawi. Senadyan
panjenenganipun putri saking R.M. Sosroningrat saking garwa ingkang sepuh
piyambak, nanging saking garwa ampil. Kala punika poligami punika limrah lan
dipun-anggep biasa kmawon. Kartini piyambak pirsa manawi prakawis punika
ndadosaken risakipun saha pasulayan ing antawis anggota kulawargi, dados
piyambakipun mboten sarujuk. Prakawis punika amargi piyambakipun nat sinau
ing sekolah Walandi.
Kartini miyos ing Jepara ing tanggal 21 April 1879. Panjenenangipun putri
satunggaling priyantun Jawi, Bupati Jepara, Radn Mas Sosroningrat saking garwa
ampil anami Ngasirah. Ngasirah punika larnipun Modirono utawi Ki Modirono.
Miturut Pramoedya Ananta Toer, Modirono punika satunggiling mandhor pabrik
gendhis ing Mayong, Jepara.[1] Sasansipun Kartini, Ngasirah ugi peputra Drs.
R.M.P. Sosrokartono (1877-1951), kangmas Kartini ingkang misuwur dados
satunggiling ahli basa weton Universitas Leiden. Lajeng kaliyan garwa
padminipun, R.M. Sosroningrat pinaringan putra 8 malih.
Nami "Kartini" serta "Kartono" punika dipun-pendhet saking tembung
"karta" utawi "karti" ingkang tegesipun "sa", "trepti" utawi "mukti". Tembung
puniki asalipun saking basa Sangskreta ktaingkang tegesipun "suci" utawi
"dinamel".
Senadyan satunggaling tiyang wadon, tiyang sepuh Kartini marengaken
piyambakipun mlebet sekolah, satunggaling sekolah Walandi. Miturut Kartini
piyambak punika satunggal-tunggalipun sekolah ing Jepara. Ngantos yuswa 12
taun, Kartini saged sekolah. Wonten mriki piyambakipun sinau basa Walandi.
Ananging rikala sampun yuswa 12 taun, piyambakipun kedah manggn wonten
ing griya amargi sampun piningit.
Amargi Kartini gadhah kasagedan basa Walanda, lajeng wonten griya
piyambakipun miwiti sinau piyambak saha nyerat kaliyan rncangipun ingkang
saking Walandi. Salah satunggiling inggih punika Rosa Abendanon ingkang kathah
ndukung piyambakipun.

Lajeng Kartini dipundhawuhi krama kaliyan bupati Rembang, ingkang


sampun kagungan garwa tiga. Kangg Kartini bab punika arupi satunggiling
panisthan ingkang dipunadhepi kanthi tabah. Nyatanipun ingkang garwa mboten
patos awon dhumateng Kartini, lan Kartini dipunparingi kabbasan rlatif. Ingkang
garwa mangertos punapa ingkang dados gegayuhanipun Kartini, lan Kartini
dipunparingi kabbasan lan dipun paringi dhukungan kangg
ngadegaken sekolah wanita ing sisih wtan gapura kompleks kantor Kabupatn
Rembang, ing satunggiling bangunan ingkang dinten punika dipunginakaken
minangka Gedhung Pramuka.
Putra pratami lan ugi ingkang pungkasan lair ing tanggal 13 September 1904, lan
sawetawis dinten sasampunipun, Kartini sda ing yuswa 25 taun. Amargi
kagigihanipun Kartini, saged dipunadegaken satunggiling Sekolah Wanita
dning Yayasan Kartini ing Semarang, wonten ing taun 1912, lan salajengipun
wonten ing Surabaya, Yogyakarta, Malang, Madiun, Cirebon lan kitha sansipun.
Nami sekolah kasebat inggih punika "Sekolah Kartini". Yayasan Kartini punika
dipunadegaken dning kulawarga Van Deventer, satunggiling tokoh Pulitik Etis.
Prsidhn Soekarno ngedalaken Kaputusan Presidhn Republik Indonesia No.108
Taun 1964, tanggal 2 Mei 1964, ingkang netepaken Kartini minangka Pahlawan
Kamardikan Nasional sakantenan netepaken dinten klairan Kartini, tanggal 21
April, supados dipunpngeti saben taun minangka dinten riyaya ingkang
salajengipun dipunwastani pahargyan Dinten Kartini.

Anda mungkin juga menyukai