Anda di halaman 1dari 9

MBOK RARA KEMBANG SORE

Kaimpun dening:
Bondan Prakoso (14205241039)

PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA DAERAH


FAKULTAS BAHASA DAN SENI
UNIVERSITAS NEGERI YOGYAKARTA
2015

BAB I
MBOK RARA KEMBANG SORE

Kesebat setunggal carios, wonten mukawis dinten, Mbok Rara Kembang


Sore, inggih putra-putri Adhipati Danu, adhipati wonten Blitar, Wawan
pangandikan wonten Tamansari. Saestu Kaget Sanget Mbok Rara Kembang Sore
tembe wonten tiyang ingkang dumadak rawuh datheng panggenipun. saksampune
dipun priksa kaliyan seksama ingkang rawuh wau boten sanes inggih menika
paklikipun piyambak Adhipati Kalang.Adhipati Kalang ngendika kaliyan Mbok
Rara Kembang Sore, bilih rawuhipun kangge pados kaslametan ngupadi panggen
ndhelik amargi dipunbujeng kaliyan Lembu Peteng. Tamtu kemawon boten
kawratan. Menawi Adhipati Kalang ndelik wonten panggen kasebat, amargi taksih
paklikipun piyambak, Napa malih wanci punika nembe lebet pambujengan. Boten
diduga-duga, Lembu peteng ingkang sampun ngantos wonten Betak ugi mlebet
Tamansari. Tembe mriksani menawi wonten sapriyantun putri ingkang Endah
sanget wonten Tamansari kasebat, Lembu petang lajeng pitaken, Punapa Mbok
Rara Kembang Sore pirsa Adhipati Kalang?
Tamtu kemawon Mbok Rara Kembang Sore boten badhe ngendika menawi
Adhipati Kalang wonten mriku. Amargi kendahan Mbok Rara Kembang Sore,
Lembu Peteng dangu-kedangon kalimengan menawi sakasinggihanipun ingkang
dipuntuju inggih menika ngupadi Adhipati Kalang. Salajengipun Lembu Peteng
kegeret badhe kaendahanipun Mbok Rara Kembang Sore. Dangu-kedangon
Lembu peteng kersa nggarwa Mbok Rara Kembang Sore. Amargi Mbok Rara
Kembang Sore ugi kegeret dhateng Lembu Peteng, mila dangu-Kedangon Lembu
Peteng ugi Mbok Rara Kembang Sore sami maben asih wonten Tamansari.
Tembe Adhipati Kalang mriksani saking panggenan kangge dhelik,
menawi Mbok Rara Kembang Sore kaliyan Lembu Peteng sami maben asih,
kebesem penggalihipun, murka, amargi purunanipun, badhe dipungarwa dening
Lembu Peteng. Adhipati Kalang enggal mlebet datheng Kadhipaten Betak,
ngendikakaken dhateng Kakangipun, menawi putrinipun inggih Rara Kembang

Sore sami maben asih kaliyan musuhipun inggih menika Lembu Peteng.
Saksampunipun Adhipati Betak midhanget lapuran saking rayinipun, tanpa
dipunpenggalih , mugel-mugel ugi enggal mlebet dhateng Tamansari ngupadi
Lembu Peteng kagem dipunsedani lajeng kadadosan perang wonten Tamansari.
Lembu Peteng mlajeng, gandheng Mbok Rara Kembang Sore. Amargi
sampun dhawah penggalih dhateng Lembu Peteng, pramila Mbok Rara Kembang
Sore ugi tumut mlajeng. Lembu Peteng ugi Mbok Rara Kembang Sore tindhak
datheng kilen ngantos teng pinggir lempen. Adhipati Betak rekaos ngupadinipun,
amargi kaicalan tilas, lajeng kepanggih kaliyan Kyai Kasan Basari, lajeng
dipuncariosaken punapa ingkang enggal kedadosan.
Kyai Kasan Basari kersa mbiyantu Adhipati Betak ngupadi Lembu Peteng.
Lajeng panggenan kangge dhelik. Lembu Peteng saged kapriksan dening Kyai
Kasan Basari mawi Adhipati Betak dadosipun kadadosan paprangan. Lembu
Peteng kedadosan dipunsedani dening Kyai Kasan Basari
Sedanipun Lembu Peteng dening Punakawanipun dipunlapuraken datheng
Majapahit. Boten pinten dangu, utusan saking Majapahit rawuh ngupadi Adhpati
Kalang ugi Kyai Kasan Basari gegayutanipun kaliyan sedanipun Lembu Peteng.
Adhipati Betak inggih menika Adhipati Bedaung, amargi ajrih dhateng utusan
saking Majapahit lajeng ndhelik ugi mlajeng datheng kidul. Dening utusan saking
Majapahit, Adhipati Bedaung lajeng dipunbujeng-bujeng. Amargi ajrihipun sanget
dados Adhipati Bedaung sedani salira kawastanan Kedung Bedaung.
Du king nguni, tembe Mbok Rara Kembang Sore pirsa menawi rumiyin
Lembu Peteng dipunsedani dening Kyai Kasan Basari, Mbok Rara Kembang Sore
lajeng ndhelik ngupadi kaslametan, mlajeng kidul dhateng Dadapan. Wonten
dhusun Dadapan kasebat wonten sapriyantun randha yuswa ingkang dening
priyantun-priyantun tepalih dipuntepang kaliyan wasta Mbok Randha Dadapan,
supados boten kapriksan dening utusanipun Kyai Kasan Basari utawi utusan
Majapahit.
Mbok Rara Kembang Sore tumut Mbok Randha Dadapan cekap dangu,
dening Mbok Randha Dadapan sampun dipunanggep dados putrinipun piyambak.

Kejawi punika Mbok Randha Dadapan kagungan putra kakung ingkang gadhah
asma Jaka Bodo, ingkang manjing dewasa.
Amargi Mbok Rara Kembang Sore endah sanget, Jaka Bodo dhawah
penggalih dhateng Mbok Rara Kembang Sore ugi kaping baleni medalaken wos
panggalihipun kersa nggarwa. Kaliyan piyambakipun Mbok Rara Kembang Sore
boten kresa, amargi Jaka Bodo dipunanggep sanes jodonipun.
Jaka Bodo boten nyerah kaping baleni medalaken wos penggalihipun.
Dangu-kedangon Mbok Rara Kembang Sore kresa minangkani punapa ingkang
dados kekanjengan Jaka Bodo, nanging Jaka Bodo nglampahi punapu ingkang
dipunkersani dening Mbok Rara Kembang Sore.
Kasebat lebet carios, wonten mukawis dinten, Mbok Randha Dadapan
nembe tindak, Jaka Bodo ugi Mbok Rara Kembang Sore tilar wonten dalem,
piyambakanipun sedaya ngalih sami rembugan, lajeng Mbok Rara Kembang Sore
kresa dipungarwakaken, nanging Jaka Bodo Kresa tapa bisu wonten redi ingkang
nyelak kaliyan dusun punika. Tamtu kemawon Jaka Bodo saguh nglampahi
punapa ingkang kasebat wonten syarat-syarat wau. Lajeng Jaka Bodo jengkar
dhateng redi ingkang dipunpangangkah ugi Mbok Rara Kembang Sore mlajeng
satumuntenipun dhateng kilen. Saestu kaget sanget Mbok Randha Dadapan
saksampune wangsul wonten dalem, kawontenan dalem wanci punika sepen
sanget, putranipun dipunaturi bolan-baleni boten nyaut, Rara Kembang Sore ugi
boten wonten, piyambakipun sedaya dipunpadosi teng pundi-pundi boten wonten.
Dangu-kedangon Mbok Randha Dadapan mriksani menawi Jaka Bodo
lenggah wonten inggil pengkeran redi, tamtu kemawon Mbok Randha Dadapan
penggalihipu gerah sanget. Jaka Bodo leres-leres wonten ing panggen kasebat
ananging dipunaturi namung mendel kemawon. Amargi murkanipun, Jaka Bodo
dipunsupados dados watu. Dening Mbok Randha Dadapan, Putra dipunaturi
mendel kemawon, kados watu!
Saknalika punika ugi Jaka Bodo dados watu. Mbok Randha Dadapan
kuciwa penggalihipun, amargi supaosipun yektos sekti, samenika panggen kasebat

dados setunggal panggen ingkang rame, redi panggen Jaka Bodo tapa menika
kasebat, kawastanan Redi Duwung.
Kasebat carios, Mbok Rara Kembang Sore tembe mlajeng ngilen,
ngantosa dhateng Redi Cilik, tapa ugi dados Resi ingkang gadhah asma Resi
Winadi Rara Kembang Sore ingkang samenika dados Resi Winadi, kagungan
cantrik kalih priyantun tepang sanget, gadhahi asma Sarwa kaliyan Sarwana.
Kalih priyantun kasebat inggih cantrik-cantrik kinasihipun. Resi Winadi kersa
nggigat kadigdayan pusakanipun kaliyan pusakanipun Adhipati Kalang. Sarwa
dipuntus dhateng Betak kagem ngantosaken pawartos menika. Menawi
pusakanipun Resi Winadi kasoran, Resi Winadi badhe manut dhateng Adhipati
Kalang, dipunmenapakaken kemawon kersa, sawalikipun menawi pusakanipun
Resi Winadi mimpang ugi Adhipati Kalang kersa ngagungani pusaka kasebat,
pramila Adhipati Kalang kedah rawuh piyambak dhateng Redi Cilik kagem
memoni Mbok Rara Kembang Sore.
Upakaranipun pusakanipun, pusaka menika dipun encepaken wonten wit
ngersa Betak, menawi ron ngersa kasebat ndhawahan ugi witipun ambruk, dados
pusakanipun mimpang, ananging menawi ron-ronipun boten dhawah ugi witipun
boten ambruk dados pusakanipun kasoran.
Nalika Sarwa sampun dugi dhateng Betak, panjenenganipun matur
dhateng Adhipati Kalang. Adhipati Kalang sarujuk dening tetandhingan kasekten
pusaka menika. Kalih pusaka lajeng dipunbekta dhateng alun-alun. Ingkang
sapisan pusaka ingkag dipuntandhingaken inggih kagunganipun Adhipati Kalang,
pusaka dipuntuncepaken dhateng waringin kurung ing alun-alun, ananging
kanyata witipun boten ambruk. Salajengipun ingkang dipunandhingaken
kagunganipun Resi Winadi saking Gunung Cilik. Ingkang nancepaken pusaka
inggih menika Cantrik Sarwa saknalika sedaya ron menika gogrog saha wit
waringin kurung menika ambrug. Saking kadadosan menika Adhipati Kalang
ngakeni manawi kawon lajeng kagungan pepinginan supados pusaka menika
dados kagunganipun. Sarwa sarujuk kanthi sarat bilih Adhipati Kalang kedah
tindak dhateng Gunung Cilik. Sasampunipun dumugi Adhipati Kalang kedah

ndhohok saha boten dipunkeparengaken mriksani manginggil saderengipun


dipunkeparengaken.
Amargi sanget kekajenganipun anggenipun madosi pusaka menika lajeng
Adhipati Kalang tindak kanthi dipundherekaken kaliyan Cantrik Sarwa saha
wadyabalanipun tumuju Gunung Cilik.
Nalika Adhipati Kalang saha wadyabalanipun tindak dhateng Gunung cilik
kanyata Kadhipaten Betak menika bena ageng amargi tutup toya menika
dipunbikak dhateng Cantrik Sarwana. Kathah tiyang ingkang sami pados
kaslametan, Sarwana slamet amargi sampun nyamektakaken prau alit. Adhipati
Kalang ingkang dipundherekaken Cantrik Sarwa dumugi dhateng Gunung Cilik
panggenanipun Resi Winadi ingkang saweg lenggah wonten ing gunung menika.
Sasampunipun dugi dhateng gunung Resi Winadi ngendika bilih Adhipati Kalang
dipunkeparengaken mriksani mangingil mriksani piyambakipun. Sasampunipun
mriksani manginggil dumadakan kanyata bilih Resi Winadi boten sanes ingih
menika Rara Kembang Sore.
Amargi lingsem Adhipati Kalang mlajeng kanthi boten malih-malih
kagungan niyat nyuwun pusaka menika. Panjenenganipun mlajeng dhateng wetan.
Panjenenganipun lingsem dhateng purunanipun Resi Winadi.
Saderengipun Adhipati Kalang dumugi Gunung Cilik, sampun rawuh
saking Majapahit inggih menika Patih Gajah Mada saha wadyabalanipun
nglapuraken jejibahanipun. Kajawi saking menika Ibu Resi Winadi inggih menika
Rara Mursada ugi rawuh dhateng Gunung Cilik. Temtunipun nalika Resi Winadi
saha Rara Mursada sami tetangisan sasampunipun mangertosi kawontenan ing
Betak bab sedanipun Rara Inggit amargi dipunoyak dening Adhipati Kalang.
Amargi lingsem Adhipati Kalang mlajeng pados kaslametan. Temtunipun Patih
Gajah Mada saha wadyabalanipun ngoyak ingkang nuwuhaken paprangan
antawisipun Adhipati Kalang saha wadyabalanipun Patih Gajah Mada. Sedaya
tewas kajawi Adhipati Kalang.

Papan paprangan antawisipun wadyabalanipun Gajah Mada saha prajurut


Adhipati Kalang kasebut Batang Sauren, amargi kathahipun tiyang ingkang pejah.
Adhipati Kalang lajeng kawon dhateng Patih Gajah Mada.
Adhipati Kalang dipuntubles ngangge sanjata, tombak, pedhang, satemah
badanipun cacah-cucah panggenanipun kasebut Jonggulu. Ngantos samenika desa
menika taksih wonten ing celakipun Gunung Cilik. Sinaosa badanipun cacah
cucah ananging panjenenganipun taksih kiyat mlajeng pados panggenan kangge
dhelik wonten ing pinggir lepen.
Pungkasipun Adhipati Kalang pejah ing pinggiring lepen ingkang wonten
goanipun, desa menika kasebut desa Ngesong. Sasampunipun kaanggep aman
utusanipun Majapahit Patih Gajah Mada kundur. Papan pratapan Mbok Rara
Kembang Sore ing Gunung Cilik sampai sakmenika dados papan semedi
semanten ugi makam Mbok Rara Kembang Sore ing Gunung Bulu.

BAB II
ANALISIS NILAI MORAL

1. Satataning Panembah
Satataning panembah wonten cariyos menika kagambaraken nalika
Kasebat cariyos, Mbok Rara Kembang Sore tembe mlajeng ngilen,
ngantosa dhateng Redi Cilik, tapa ugi dados Resi ingkang gadhah
asma Resi Winadi Rara Kembang Sore ingkang samenika dados Resi
Winadi
2. Raos Kamanungsan
Raos Kamanungsan wonten cariyos menika kagambaraken nalika
kasebat cariyos, Kyai Kasan Basari kersa mbiyantu Adhipati Betak
ngupadi Lembu Peteng. Lajeng panggenan kangge dhelik. Lembu
Peteng saged kapriksan dening Kyai Kasan Basari mawi Adhipati
Betak dadosipun kadadosan paprangan. Lembu Peteng kedadosan
dipunsedani dening Kyai Kasan Basari
3. Bela Negara
Bela Negara wonten cariyos menika kagambaraken nalika kasebat
cariyos,

Sedanipun

Lembu

Peteng

dening

Punakawanipun

dipunlapuraken datheng Majapahit. Boten pinten dangu, utusan saking


Majapahit rawuh ngupadi Adhpati Kalang ugi Kyai Kasan Basari
gegayutanipun kaliyan sedanipun Lembu Peteng. Adhipati Betak
inggih menika Adhipati Bedaung, amargi ajrih dhateng utusan saking
Majapahit lajeng ndhelik ugi mlajeng datheng kidul. Dening utusan
saking Majapahit, Adhipati Bedaung lajeng dipunbujeng-bujeng.
Amargi ajrihipun sanget dados Adhipati Bedaung sedani salira
kawastanan Kedung Bedaung.
4. Sambung Srawung
Sambung Srawung wonten cariyos menika kagambaraken nalika
kasebat cariyos, Mbok Rara Kembang Sore tumut Mbok Randha
Dadapan cekap dangu, dening Mbok Randha Dadapan sampun
dipunanggep dados putrinipun piyambak. Kejawi punika Mbok
Randha Dadapan kagungan putra kakung ingkang gadhah asma Jaka
Bodo, ingkang manjing dewasa.

5. Hambeg Adil
Wonten Cariyos menika boten ngemot nilai hambeg adil

KAPUSTAKAN
Proyek Penerbitan dan Pencatatan Kebudayaan Daerah.1981, Cerita
Rakyat Jawa Timur.
Jakarta: Departemen Pendidikan dan Kebudayaan, Proyek Penerbitan
Buku Sastra Indonesia dan Daerah.

Anda mungkin juga menyukai