Anda di halaman 1dari 1

Dungo Hari Jadi Kabupaten Karanganyar Ke 96

Senin, 18 November 2013

Duh Gusti, Pangeran Kang Moho Kuwaos


Sedoyo Pangalembono lan Raos Syukur kito unjukaken dumateng Paduko, Pangeran Kang
Moho Welas lan Moho Asih.
Awit saking peparing lan rahmatipun Paduko, Dinten punilo Senin, 18 November 2013,
Kabupaten Karanganyar saged hamengeti Hari Jadinipun ingkang kaping 96. Milo jalaran
saking puniko, kawulo hanyenyuwun lan adedongo dumateng ngarso paduko ya Allah.

Ya Allah, Pangeran Ingkang Moho Kinasih


Mugi paduko tansah paring kaselamatan dumateng Kabupaten Karanganyar, pamarintahipun
ugi dumateng sedoyo wargonipun. Sahinggo Kabupaten Karanganyar tansah katon tenang
lan tertib, tebih saking beboyo, saged nglajengaken perjuangan poro pendahulunipun.

Ya Allah, Gusti Ingkang Moho Agung


Mugi paduko tansah paring bimbingan dumateng wargo Kabupaten Karanganyar, sehinggo
sadoyo wargo puniko saged tansah nderek mbangun Kabupaten Karanganyar tumuju
masyarakat adil lan makmur, Gemag ripah lohjinawi serto tentrem kerto raharjo kanti
adedasar Poncosilo dan UUD 1945

Ya Allah, Pangeran Ingkang Moho Pangapunten


Mugi paduko paring pangapunten dumateng sedoyo kalepatan lan dosa kawulo, paring
pangapunten dumateng kalepatan lan dosa tiyang sepuh kulo, ugi paring pangapunten
dumaten pora pemimpin bongso kawulo. Duh gusti mugi paduko paring kesaenan wonten ing
alam dunyo puniko, ugi kesaenan ing alam akherat sarto dipun tebihaken saking latu neroko

hasanah wa qina adzabannar. Subhana Robbika Robbil Izzati Amma yashifun wasalamun
alal mursalin wal hamdulillahi robbil alamin

Anda mungkin juga menyukai