Anda di halaman 1dari 3

Amne Machen Gunung Siluman Sing Nyebar Supata

Ditulis oleh: Kresno Aji (kresno.aji@gmail.com)

Miturut ujaring sumber kang pinercaya, ing wilayah tapel wates antarane Tibet klawan Cina
ana sawijining gunung siluman sing aeng banget. Diomong aeng, amarga gunung iki pancen
aneh lan ajaib. Gunung iki disebutake minangka gunung sing paling dhuwur sadonya, nanging
ora saben wong bisa nyawang. Malah cilakane, sapa wae sing bisa nyawang gunung iki bakal
cilaka kanthi ngenesake.

Jenenge Gunung Amne Machen. Gunung sing mung ngatonake wujude sawayah-
wayah iki wis marakake sadengah wong padha kagodha kanggo mbuktekake. Anehe
maneh, gunung iki diyakini mung ngatonake wujude marang wong-wong tinamtu wae.
Ujare kandha, Amne Machen iki 330 meter luwih dhuwur tinimbang Mount Everest,
kang sasuwene iki minangka puncak paling dhuwur sadonya kang mapan ing
pegunungan Himalaya. Dadi bisa dibayangake kaya ngapa dhuwure Gunung Amne
Machen iku.

Warga kang manggon ing sakupenge pereng Himalaya akeh sing wegah ngrembug
gunung sing siji iki, bab iki bisa ndadekake warga kena kuwalat amarga Gunung Amne
Machen dianggap kaya dene gunung angker kang nyebar supata. Para warga
ngeyakinake menawa sapa wae sing bisa nyawang papan panggonane Gunung Amne
Machen bakale ngalami cilaka ora watara suwe. Apa maneh menawa sing ndeleng iku
wong-wong kulit putih utawa wong Barat.

Miturut ujaring crita, Jendral Pereira, sawijining tentara Inggris sing wis purnawirawan
mati sakala, ora suwe sak wise dheweke ndeleng Gunung Amne Machen.
Kacaritakake, ing sajroning lelungan saka Sanghai tumuju Laut Kaspia, Pereira mampir
rada suwe ing dhataran Tibet, INg kene dheweke krungu ngenani Gunung Amne
Machen. Amarga saka rasa penasaran kang gedhe, dheweke nekad nggoleki Gunung
Amne Machen nganti ketemu. Malah Pereire sumpah ora bakal mulih menyang
negarane menawa durung mbuktekake dhewe crita kuna sing wis lumaku turun-
tumurun iku.

Sawise sawetara suwe, apa sing dadi angen-angene wusanane kelakon, Ing sawijining

Halaman 1
dina, Pereira kasil ndeleng Gunung Amne Machen saka jarak atusan mil, mapan ana
panggonan sing dhuwur ing sawijining gumuk ing sakupenge Pegunungan Himalaya.
Muncul atusan meter sandhuwure padhas gundhul katon kinemulan mega.

Miturut cathetane Pereira, gunung kasebut ketok dhuwur banget, saengga anggone
nyawang Pereira nganti kaya kentekan napas, dheweke nggraita menawa dhuwure
gunung iki pancen angel diukur utawa dibayangake. Pereira dhewe sadurunge ndeleng
sesawangan iki wis nate jajah sawenehe benua, dheweke nate meruhi Canadian
Rockies, nate munggah ing pucuking Himalaya, malah wis nelukake pegunungan
Andes ing Amerika kidul sing suhune ganas. Nanging ora ana sing bisa ndadekake
dheweke gugup lan singunen kaya dene anggone nyawang Amne Machen. Malah ing
sajrone cathetan pribadine, Pereira mesthekake menawa Gunung Amne Machen iki
minangka gunung sing paling hebat ing antarane gunung-gunung sing wis nate
diweruhi.

Ora let suwe sawise meruhi dhewe kaya ngapa ngedab-edabine Gunung Amne
Machen, Pereira enggal-enggal mulih bali menyang Inggris lan sabanjure bakal
nganakake ekspedhisi dhewe. Dheweke wis seneng banget marang angen-angene,
kanthi pangarep-arep bakal dadi wong sing misuwur merga wis meruhi temuan gedhe
ing abad kuwi. Dheweke wis lali marang pepelinge pendhudhuk ngenani supata saka
gunung siluman kuwi.

Sadurunge mabur menyang Inggris, nalikane Pereira tekan sawijining dhusun antarane
tapel wates Tibet lan Cina, Pereira ketemu salah sawijining sewandana saka Amerika
kang aran Joseph Rock. Ing sapatemon kasebut, dheweke nyaritakake apa kang
nembe diweruhi marang kancane kasebut. Krungu crita kang dianggep ngayawara
kuwi, wong Amerika kuwi babar pisan ora percaya. Nembe nalikane Pereira wani
sumpah ngenani apa kang nembe dicaritakake kasebut, wusanane Rock nembe yakin
menawa Pereira nembe wae nemokake sawenihing bab kang ngedab-edabi.

Ndelalah wanci apese, nalika esuke Pereira mangkat tumuju pesisir bali menyang
negarane, sawetara jam sawise dheweke lan rombongane tumuju nang Cina, Pereira
tinggal donya sanalika. Dheweke njungkel saka jarane kanthi tangan tengene nyekeli

Halaman 2
dhadhane tumuju ing jantung. Lan kanthi dumadakan dheweke tumoleh menyang
mburi, tumuju marang Tibet an sabanjure sekarat lan tilar donya dadakan.

Apa supatane saka Gunung Amne Machen sing wis niwasake dheweke? Mengkono
ujare wong akeh ing Tibet lan Cina. Para sudagar sing nate krungu menawa Pereira wis
nate meruhi gunung siluman kuwi padha ora gelem ndemek jisime. Jisime Pereira
ditogake wae ana ing kana lan sabanjure dilaporake marang para penginjil saka Inggris
kang banjur golek sarana kanggo penguburan Jendral Pereira.

Saben wong sing wis nate kenal karo Jendral pensiunan Inggris kuwi rumangsa eram
karo matine kang dianggep ana sesambungane karo lara jantung. Kamangka ing nalika
sugenge, Pereira tansah waras lan semangate uga dhuwur. Nalika ngawiti lelanane
sing adoh kuwi dheweke nembe wae ana ing umur 40. Ora ana sing percaya menawa
Pereira mati amarga supata kuwi.

Saliyane kuwi, wong-wong sanjabane Tibet lan Cina ora ana sing percaya dedongan
ngenani gunung angker kuwi, nganti timbule laporan saka sawetara pilot nalikane
perang ndonya kaping pindho kang meruhi gunung kasebut. Ing sajroning laporan kuwi
para pilot kandha menawa pilot-pilot kasebut meh wae nabrak gunung misterius, sing
ana antarane perbatasan Tibet lan Cina. Bejane para pilot kasebut bisa nginggati
gunung kasebut, saengga kacilakan fatal bisa diendhani. Para pilot kasebut padha
ngungun anane gunung kasebut, sabab ing altitute meter nuduhake angka kang luwih
saka dene 10 ewu meter, 300 meter luwih dhuwur tinimbang puncake Mount Everest.

Sawetara taun sawise rampunge perang ndonya kapindho, sawijine wartawan Amerika
kang ketarik marang pengalamane Pereita lan panemone sing ngedab-edabi kasebut
ngudi nggoleki gunung sing dhuwur sundhul langit kasebut, kaya sing tinulis ana ini
cathetane Jendral Pereira. Ora watara suwe si wartawan kuwi kandha menawa
dheweke wis kasil ndeleng Gunung Amne Machen. Emane, sawetara piranti kanggo
ngukur dhuwure papane kuwi rusak amarga kesalahan anggone ngramut nalikane
digawa para pribumi menyang kana. Saliyane iku uga saka obah2 sandhuwure jaran
sajroning lelana ngliwati sawenehe panggonan kang liar lan ganas.

Ing sajroning lelana kuwi, wis wong telu kulit putih sing tiwas, salah sawijini nalikane
kena lemah longsor, sawetara dina sawise padha meruhi Gunung Amne Machen. Sing
kapindhone tiwas nang Peking kena lelara tipus. Dene si wartawan dhewe tiwas klelep
sawetara wulan sawise ndeleng Gunung Amne Machen sing diangen-angen kuwi.

Apa bener supata saka Gunung Amne Machen sing nyababake tiwase sakabehe wong-
wong barat iki lan ora ana sing bisa urip luwih suwe sawise ndeleng Gunung Amne
Machen iki? Mbok menawa bener anane supata sing sapa ndeleng Gunung Amne
Machen bakal dadi lan patine....

Nuwun

Saka maneka sumber

Halaman 3

Anda mungkin juga menyukai