Anda di halaman 1dari 3

Bab Kit a Sam bung Rasa Ko nf irm asi pe m bayaran Search keywo rd Search

Suradira Jayaningrat Lebur dening Pangastuti


Website Jawa Tulen
Kaca Ngare p Anyar Kat o n Pangudarasa Dre dah Masalah Se jarah Olahraga Hukum Babad Agam a Tasawuf

Kasarasan Ngle luri Tulisan J awa Ge langgang Re m aja Obro lan Yak Opo Kabare Tam an Sast ra Re na-re na Apa Tum o n

Ge gurit an Kagunan Dapur Ke jawe n Wat ak & Wayang Pasujarahan J am u Ge ndho ng Ple sir Piyande l

Prim bo n & Palint angan LSW Kawruh Sapala Tam an Wanit a Ke bat inan Po jo k UKM

Dudu Kubur Gantung, Nanging Isih Wingit


Anyar K at o n, Flash, Pasujarahan - Posted by ad min on August 6, 2012

Tumrap warga kutha Blitar, pesarean sing sinebut


Kubur Gantung wiwit biyen wis dikenal kadidene
makam aneh lan narik ka-wigaten. Pesarean utawa
komplek ma-kam kasebut manggon ing mburi pe-
sanggrahan Patih (wakil bupati) Blitar RNg.
Djojodigdo, penere ing Jl. Melati No. 43 Kota Blitar.
Patih Djojodigdo nate di-kondhangake yen sekti
mandraguna, duwe aji-aji Pancasona lan yen wis
tilar donya ora kena dikubur ing lemah. Ce-kake yen
ngambah lemah bakal urip maneh. Mulane makame
sang patih ka-sebut diseleh ing ndhuwur, watara
rong meter saka ndhuwur lemah lan dikenal kanthi
sebutan Kubur Gantung utawa Makam Gantung.
Ngono critane engga kober narik kawigatene
wisatawan.
Ing crita pewayangan, tokoh sing duwe aji-aji
Pancasona yakuwi Subali, sedulur kembare
Sugriwa. Njur kepriye critane kok nganti Patih
Lukisan sing nggambarake RNg
Djojodigdo bisa nguwasani ajian kasebut? Pancen Djojodigdo
akeh versi sing dicritakake dening sawetara
sumber. Nanging crita kasebut dibantah dening
Mbah Lasiman (64), penjaga pe-sanggrahan kang
uga juru kunci pesa-rean.
“Ingkang ketingal kados makam teng nginggil
niku sanes makamipun Patih Djo-jodigdo. Niku
rumiyin kangge nyalap pu-saka lan busananipun
Ki Patih. Makam-ipun Ki Patih nggih ingkang
wonten sa-ngandhapipun empyak cungkup
niku,” kandhane Mbah Lasiman aweh katrang-
an. Diakoni yen saben pejiarah mesthi nakokake
makam gantung kasebut. Bi-asane ramene
pejiarah saben dina ma-lem Jum’at Legi utawa
Jum’at Kliwon. Sauntara yen manut katrangane
Mu-siran, pejiarah saka Desa Ngoran, Ke-
camatan Ponggok, Kabupaten Blitar, warga sing
jiarah mrono biasane kang-go mertamba,
ngupadi dalane seger kuwarasan lan lancar
rejeki.
“Kula jiarah mriki mpun kaping tiga niki. Rencana
Mbah Lasiman kanthi latar mburi “Makam
kula dinten niki badhe nyipeng teng mriki,”
Gantung”
ngono kandhane Musiran karo nyebutake sapa
wae rombongane sing diajak jiarah beba-rengan.
Katerangane Mbah Lasiman kuwi
mau uga dibenerake dening Rahadi
Priyo Sembodo (45), salah siji
buyute Patih Djojodigdo sing
ngrumat pe-sanggrahan kasebut.
Priya kang uga diundang kanthi
aran Yoyok iki ngasta ing Dinas
Pariwisata kadidene Kasi Sejarah
Kota Blitar, mesisan kadidene
pengurus Yayasan Pesanggrahan
Djo-jodigdan. Miturut dheweke, sing
katon kaya bandhosa utawa pethi
mati ing ndhuwur makam kuwi mung RNg Djojodigdo (lungguh, nomer papat saka kiwa) foto
empyak cungkup sing dientha kaya bareng karo para bupati lan wedana
payung, omah, lan ing tengah
payung, omah, lan ing tengah
rinenggan kuluk utawa mahkota.
Senajan mung ba-ngunan empyak cungkup nanging nggembol filosofi Jawa sing
ngemu teges sedulur papat lima pancer.
“Rumiyin ingkang saged crita ka-thah inggih namung eyang kula niku,” kandhane
Yoyok karo nudingi salah siji foto sing dipajang ing ruwang pe-sanggrahan. Eyange
sing dikarepake yakuwi Raden Ngabei Djojowinoto, putrane Patih Djojodigdo sing
nomer suwelas, utawa putra mbarep patutan karo garwa kapindho, Mas Ajeng Gon-
dowati.
Kaya sing dicritakake Yoyok, Djojo-digdo lair tanggal 27 Juli 1827, seda tanggal 11
Maret 1909. Taun 1877 nganti 1895 kaangkat dadi patih utawa wakil bupati Blitar.
Putra nomer telu saka sisihane sing kawitan, aran RM. Aryo Adipati Djojo Adhiningrat
dadi bupati Rembang lan ing tembe dadi garwane RA. Kartini. Wondene salah siji guru
sprituale Djojodigdo yakuwi Eyang Jugo sing wektu semana mang-gon ing
Kesamben, lan sawise seda di-sarekake ana ing gunung Kawi. Nalika isih dadi muride
Eyang Jugo, Djojodig-do wis diramal yen ora bakal bisa dadi bupati. Sing bisa mung
anak-anake.
Pesanggrahan Djojodigdan kase-but mapan ing lahan sing jembare 2,7 hektar,
sebageyan gedhe isih rupa kebon. Pesanggrahan utawa tilas dale-me Djojodigdo
kuwi dibangun taun 1892. Wondene komplek makam ma-pan rada adoh ing mburi
pesanggrah-an, dibangun taun 1910. Sauntara ing plataran ngarep pesanggrahan
biyen tinemu situs bunder papan semedine Patih Djojodigdo. Kajaba saka kuwi uga
ana wit kepel lan sawo kecik ting-galane Djojodigdo. Tetuwuhan loro kuwi ngemu
teges kumpula wong-wong kang tumindake becik.
Sauntara uga ing ruwang tamu di-
kebaki foto-foto tempo doeloe,
saba-geyan nggambarake
kagiyatan sing ana sambung rapete
karo Patih Djojodigdo. Miturut
Yoyok, foto-foto kasebut dijupuk
saka Museum Tropen Belanda,
lumantar internet. Lokasi
pesanggrahan ora nate sepi saka
tamu sing kepingin mertakake
anane kubur gantung. Nyatane dina
iku (15/5) ana tamu saka Lampung
lan Ban-jarmasin, Kalimantan.
Wisatawan padha njingglengi foto tempo doeloe ing
Biasane tamu-tamu kasebut
Pesanggrahan Djojodigdan
menyang pesanggrahan sawise
jiarah menyang pesareyane Bung
Karno. Kanthi jlentreh Yoyok aweh
katerangan sapa satemene Patih Djojodigdo kuwi.
“Ngantos sepriki papan mriki teksih wingit. Nembe niki kula kalih Mas Yoyok manggihi
lelakon ingkang aneh”, critane Mbah Lasiman.
Rabu malem Kamis 2 Mei wingi Yoyok nedya nginep ing pesanggrahan sing nyatane
pancen arang banget dituroni. Wengi kuwi Mbah Lasiman ngancani ju-ragane turu ing
kamar mburi ing kulon. Sadurunge mapan turu, luwih dhisik Mbah Lasiman kulanuwun
mring Patih Djojo-digdo. Eyang, kula namung sadermi ngancani Mas Yoyok tilem
wonten kamar mriki. Nuwun sewu, Eyang. Ngono gre-nenge Mbah Lasiman.
Kliwat tengah wengi Mbah Lasiman
nglilir. Manut pangrungone, ing
ruwang ngarep keprungu swarane
wong mlaku ngidul, njur mbalik
ngalor maneh. swara-ne wong
mlaku kuwi uga dirungu dening
Yoyok ing wektu candhake. Yen
disetitek-ake, swara kuwi kaya
lakune wong nganggo sandhal
selop. Yoyok nggugah Mbah
Lasiman lan diakon ngrungokake
swara kasebut.
“Menawi mboten klintu, swanten Yoyok (tengah), aweh katerangan marang wisatawan saka
niku sangkanipun saking kamar Kalimantan
ruwang tamu, mlampah nuju ruwang
tengah. Nanging kita mboten
wantun ngunga,k” kandhane Yoyok neyakinake.
Sawetara wektu sadurunge ana warga sengaja nyolong pager wesi sing tinemu ing
komplek pesareyan Djojodigdan. Let sawetara dina candhake wong kuwi wuta. Liya
dina ana warga sengaja mbedhil ma-nuk ing komplek pesareyan, nanging em-buh
geneya sababe telung dina candhake wong kuwi tilar donya. Isih ana maneh conto
kaelokan liyane. Embuh kabeneran apa piye, sing cetha lokasi pesanggrahan
Djojodigdan isih diprecaya nggembol wa-lat, utawa saora-orane isih wingit.

– (Oemaryant o)
Berita lain yang terkait dalam kategori Pasujarahan :
Dudu Kubur Gantung, Nanging Isih Wingit
Putri Gadhung Mlati Kala-kala Ngaton Lungguh Watu
Sitinggil Trowulan Makam Apa Patilasan?
Ngungak Pasareyan Giriganda ing Kulonprogo
Ngungak Candhi Lor
Sedhekah Laut, Ngupaya Amrih Tansah Slamet
Merti Desa Jebogan
Nyadran ing Pasareyane Prabu Anom Doko

PENCARIAN
PENCARIAN LAIN-LAIN
LAIN-LAIN ARSIP
ARSIP BULANAN
BULANAN
Search keywo rd Search Select Mo nth
PENCARIAN LAIN-LAIN ARSIP BULANAN

2010 © Panje b ar Se mang at All rig ht re s e rve d .

Anda mungkin juga menyukai