Anda di halaman 1dari 2

Assalamu’alaikum Wr.

Wb

Dewan juri kan kulo urmati

Aran kulo Salwa Ranum, kulo nikai lahir lan digedekaken neng kutho Banyuwangi. Hang aran kutho
Banyuwangi iki panggonane ono ring tanah Jowo Pucuk Wetan. Kutho Banyuwangi iki nduwe
sejarah cerito utowo asat mulyane. Riko podho weruh ta osing? Kadhung sing weruh isun arep
cerito asal mulyane kutho Banyuwangi. Rungokno ya dulur......

Jaman bengen arane kerajaan Sinderejo iki dipimpin ambi Prabu Sulakhromo. Prabu Sulakhromo
nduwe patih hang arane Sidopekso. Patih Sidopekso iki nduwe rabi hang arane Sritanjung.
Sritanjung iki uwonge ayu, kulite kuning langsat, manis eseme, lan alus bosone. Saking ayune
Sritanjung garai akeh wong kedyanan, salah sijine Prabu Sulakhromo.

Salah siji dino Prabu Sulakhromo nduwe niat elek arepe ngerabi Sritanjung. Prabu Sulakhromo
ngetokaken akal buluse ngongkon Patih Sidopekso nggolet pusoko keris pitung lengkung kang hing
biso dilakoni menungso biasa. Sak suwine Patih Sidokpekso ngembyan tugas, Prabu Sulakhromo
ngerayu supoyo biso dadi rabine. Naming Sritanjung rabi hang apik, Sritanjung sing gelem
didyadekaken rabine. Prabu Sulakhromo muring-muring panas atine, kerono sing kelaksan. Prabu
Sulakhromo nduwe rencono mitnah Sritanjung.

Gyancangane cerito Patih Sidopekso wes mulih nggowo pusoko keris pitung lengkung, ngadep
nyang Prabu Sulakhromo. Sang Prabu kaget ambi getun, naming sang Prabu sing ntek akale
ngelakoni rencono eleke. Prabu Sulakhromo ngomong "He Sidopekso mrinio ta isun arep ngomong
tapi riko ojo kaget ya. Suwene riko menyang ngelakoni tugas, Sritanjung teko nyang isun lan
kepingin sun rabi.” Sidopekso krungu omongane Sang Prabu langsung muring tanpo pamit lan
ninggalno toto coro unjak moleh marani Sritanjung.

Ring umyah Sritanjung lungguh dewekan ngarep-ngarep tekone Sidopekso

Sritanjung “Hei kang riko wis moleh? Senenge ati isun kang (ambi nyekel tangan Sidopekso)

Sidopekso “Sritanjung ..... ! Isun arep takon paran hang riko lakoni suwine isun menyang ngelakoni
tugas” (Takone Sidopekso ambi muring)

Sritanjung “Sing ono kang, isun ngenteni riko ring umyah sing nangdi-nangdi isun seru kangene
ambi riko kang. Apuwo riko teko muring-muring?”

Sidopekso “Ojo ngapusi isun sing percoyo ambi riko. Riko ngerayu lan demen ambi Prabu
Sulakhromo.”

Sritanjung “Osing kang iku ngapus. Prabu Sulakhromo teko nyang isun malah isun dijak rabi, tapi
isun seng gelem kang.”
Krungu omongane sritanjung, Sidopekso tambah muring ambi ngomong arep mateni Sritanjung.
Sidopekso nyeret Sritanjung nang pinggiran banyu kalen kang kotor. Sak durunge dipateni
Sritanjung ngomong “Kang isun iki sing tau ngelakoni paran kang riko tuduhaken nyang isun. Isun
sampek suwi ngenteni – ngenteni riko kang. Isun wes ngomong sak bener – benere riko sing
percoyo nya’ wes kang isun pasrah kadhung ambune banyu kalen iki bacin, isun wes ngapusi riko.
Kadung banyu iki ambune wangi tandyane isun sing salah kang.”

Sidopekso “Riko ojo kakean ngomong Sritanjung !!!”

Sidopekso nyudukaken kerise nang dodone Sritanjung, getihe terus milih – Sritanjung Mati.
Sidopekso nguncalaken mayite Sritanjung nang pinggirane banyu kalen hang kotor. Sidopekso
kaget banyune dadi kening lan ambune wangi.

Sidopekso “Sritanjung apuwo isun sing percoyo ambi riko Sritanjung?” Sidopekso getun temenanan,
Sidopekso berak – berak. “Banyu.... Banyune wangi, Banyune wangi ... Banyu.... Banyune wangi,
Banyune wangi ... Banyuwangi... Banyuwangi... Sepurane Sritanjung isun salah. Banyuwangi ...
Banyuwangi.”

Iku mau dongeng asal mulyane Banyuwangi.

Mulane ojo grusah grusuh ngelakoni paran baen, paran maning kadhung ambi muring biso – biso
lebih percoyo omongane wong ketombang rabine dewek myakne sing getun pungkasane..

Wasalamualaikum Wr. Wb

Perwakilan dari Guslah 2 ( SDN 1 SINGOTRUNAN)

SALWA RANUM EKA MEDIFA

Anda mungkin juga menyukai