Anda di halaman 1dari 3

PUTRI SRITANJUNG

Ass…..
Dolor konconisun… kelendi kabarek ? sehat kabeh ro
Saiki rungokno ya, isun arepe nyeritakaken cerito sritanjung lan patih sidopokso…

Riko weruh sritanjung iku sopo ? iku kok putri hang uwayyyuuuuu ayune koyo sopo yo ?
Koyo… riko . iyooo riko ,,,,, (ekting tertawa) (kalau yg baca laki2)
Riko weruh sritanjung iku sopo ? iku kok putri hang uwayyyuuuuu ayune koyo sopo yo ?
Koyo isun baen wes (sambuil acting tertawa) kalau yg baca perempuan

kadung sidopokso iku pateh hang gagah perkoso sakti mandraguno koyo… iku ko… koyo
sopo yo,, yo koyo isun baen wes… hehehe (kalau yg cerita laki2
kadung sidopokso iku pateh hang gagah perkoso sakti mandraguno koyo… iku ko… koyo
sopo yo,, yo koyo riko iku wes iyo riko ….(kalau yg baca perempuan)

wes saiki isun arep ndongeng…. Jaman bengen ono kerajaan reng pucuuuuk wetan tanah
jowo,,
arane kerajaan sindurejo, rajane arane sulakrono. Duwe pateh arane sidopokso….
Koyo tumbu nemu tutup, sang patih mari mboyong putri hang ayune koyo widodadri,
sopo2 baen ndeleng rupane pastine yo kepincut, wes larene uwaaayuuuu, setio atine,,
arane sritanjung
Lah,,, tibak e, prabu yo kepincut ambi rabine sidopokso iku mau…..
Prabu duwe akal bulus, golek cara biso ngerayu sritanjung,,,,

Prabu : aha… anggone isun kongkon sidopokso menyang tugas hang angel mene sing biso
muleh, terus sritanjung isun empet ,, hahahha (ngomong dalam hati)
Akhire prabu nyeluk sidopokso
Prabu : sidopokso…
Sidopokso ; nggih prabu
Prabu : he isun tugas siro goleko emas 3 karat ambi gembolo seto panggonane reng
kayangan, kadung durung oleh ojo mulih siro…
Sidopokso : nggih prabu
Aran sidopokso wong setio ambi prabune melaku ngelakoni tugas masio abot lan seng
masuk akal…
Sidopokso pamit ambi sritanjung, aran wong penganten anyar arepe pisah suwi yo susah
atine
Sidopokso : dekk… dekk isun pamit arepe menyang tugas diperintah prabu…
Sritanjung : ngiih kang, kulo bakale setio ngenteni ndiko teng meriki, (expresi sedih)
Sidopokso melaku tugas, prabu teko ngudo sritanjung
Prabu : heee,,, lare ayuu hang dadi kembange ati,,,, saiki sidopokso menyang tugas,
sritanjung siro arep isun dadikaken permainsuri, siro gelem ?
Sritanjung : mboten raja,,, mboten kulo welas kalih kang mas sidopokso kulo setia kaleh
kang mas… kulo mboten saget nuruti kekareoane ndiko
Prabu : heee… awas siro ya sritanjung, siro wani ngelawan perintanisun

Gancange cerito sidopokso teko tugas, madep nang raja.. eh malah oleh petnahan

Prabu : he sidopokso, siro weruh, rabiniro iku seng biso setia ambi siro, siro tinggal eh
malah ngerayu isun, tapi isun seng gelem, isun sekaken ambi siro…

Oleh omongan gedigu, sidopokso moleh ambi ngamuk

Sidopokso : sritanjung,,,, sritanjung,,, merinio siro,,,, paran hang siro lakoni pas isun seng
ono hah ?
Sritanjung : paran kang ? apuo riko tekok tekok moro-moro ngamuk kang ? isun salah
paran ?
Sidopokso : isun oleh omongsn teko prabu, siro nggudo prabu ? padahal isun menyang
tugas siro malah seng setio ambi isun
Sritanjung : sulung ta kang, riko ojo percoyo omongane prabu, isun setio ambi riko kang

Rungu jawabane sritanjung sidopokso tambah ngamuk

Sidopokso,: isun seng percoyo ambi sirooooo !

Akhire sidopokso nyeret sritanjung digowo reng pinggire bangu kang butek

Sritanjung : sulung ta tang, riko percoyo o ambi isun, isun seng ngapusi…. (sambil
menangis) apuo riko seng percoyo ambi isun kang (menangis)

Sidopokso wes ngetukaken kering arepe nyuduk sritanjung

Sritanjung : iyo wes kang, patenono isun iki,,,, patenono… kadung riko seng percoyo ambi
isun…. Tapi riko ojo getun kang, kadung getih hang mili ambune wangi artine isun mageh
suci, tapi kadung getih hang mili ambune amis artine isun iki wes seng suci.
Sidopokso : wes ojo kakeen cangkem siro,
Hiyaaaaaaaa (ekting menusukan keris)

Jleeeeeeb

Sritanjung : akkkkkk (acting pegang dada dan mati)

Serto keris wes di tunclebaken neng dodone sritanjung, getih mili nyang banyu hang butek
mau, tapi banyu butek mau moro2 dadi kening terus ambune wangi
Sidopokso kaget terus nangis getun ambi melok sritanjung

Sidopokso : sritanjungg,,,,,, sepurane dek isun seng percoyo ambi riko… isun wes
kepangan petnahane prabu,,, padahal riko wong hang suci , apuooo isun pateni riko
dek….. apuoo….. (menangis)

Marik gedigu sidopokso koyo wong getun bingung ngadek melaku koyo wong edan
bingung mari mateni sritanjung mau…. Sidopokso melaku urut dalan ambi nangis getun
seng percoyo ambi rabine

Sidopokso : wangiii…. Wangiii…. Banyunw wangi (sambil menangis) wangiiii wangiii


banyuuuuu wangiiiiiii….

Yaiko lah dulur cerito wal mulane aran banyuwangi, cerito iki biso dadi pelajaran , ojo
sampek riko juwut keputusan pas keadaan riko muring.

Wes sampek reng kene baen cerito teko isun ya dolor, sampek ketemu maneng ya…..

Ono kek ameri , geleng meri,,, ceritane yo wes mari……..

Wasaalamualaikm

Anda mungkin juga menyukai