Anda di halaman 1dari 3

Nama : ______________________________

Kelas : ______________________________

Soal :
Endang Nawangsih

Kacariyos wonten ing Dhusun Canditoro wonten satunggaling prawan ingkang sulistiya ing
werni, luhur bebudinipun ugi tansah sumedya paring pitulung dhumateng sanesipun, ingkang
asmanipun Endang Nawangsih. Endang Nawangsih menika remen nenanem taneman janganan,
teh kaliyan kopi, pawadanipun taneman menika saged damel warga sakiwa tengenipun ingkang
boten gadhah ugi mbetahaken pitulungan.
Enjing menika nalika Endang Nawangsih taksih manen sawi, kepanggih kaliyan jejaka bagus
ingkang asmanipun Citrasoma, putranipun Raja Hajipamoso panguwaos Pengging, ingkang
nembe niti priksa wewengkon ramanipun kaliyan ngenggar-ngenggar manah wonten mriku.
Saking pepanggihan menika, Citrasoma dados kesengsem dhumateng Endang Nawangsih. Pramila
nalika kondur wonten ing Pengging, Citrasoma boten caos palapuran ngengingi kahanan
wewengkon ramanipun, ananging malah ngandharaken pepenginanipun krama kaliyan Endang
Nawangsih.
Semanten ugi Endang Nawangsih nalika dumugi dalem, age-age matur kaliyan Ki Ageng
Pantaran menawi wau kepangggih klawan Citrasoma, dereng ngantos diwangsuli dening Ki Ageng
Pantaran, Citrasoma, Raja Hajipamoso, kaliyan Syeh Maulana malah sampun dumugi mriku.
Kanthi sedya badhe nglamar. Mesthi kemawon Endang Nawangsih kaget sanget, dereng ngantos
gantos dinten kok Citrasoma sampun dumugi wonten ing dalem. Nanging Endang Nawangsih
banjur kelingan menawi putranipun Raja Pengging menika pancen misuwur kasektenipun,
kagungan ajian Angin Selaksa, ingkang saged kangge ngrampungaken ayahan ugi mlayu kang
rikat.
Endang Nawangsih matur kaliyan Raja Hajipamoso menawi purun nampi lamaran menika
sawise Citrasoma saged damel tuk ing Dhusun Canditoro. Mireng ature Endang, Citrasoma banjur
bidhal saking mriku saperlu tapa.
Sajroning tapa Citrasoma dipunganggu dening 457 jin kaliyan 678 lelembut, ananging bola-
bali amargi sekti pramila jin kaliyan lelembut wau saged dipunkalahaken dening Citrasoma, ugi
dados ngrencangi Citrasoma. Anggenipun tapa Citasoma pitung dinten dangune, ugi boten muspra,
nggrojog toya wening saking lerengipun Redi Merbabu tumuju dhateng dhusun Canditoro. Endang
Nawangsih kaliyan Ki Ageng Pantaran nggumun ngertos kasektenipun Citrasoma.
Tiyang sadesa banjur nemoni Citrasoma ingkang taksih tapa. Sedaya padha maringi
pangalembana dhumateng Citrasoma, nanging nadyan dipunalaem Citrasoma boten dados
kumalungkung, malah saya andhap asor. “Kula boten nyipta tuk menika, “wangsulane Citrasoma
kanthi alus. “Nanging menika sedaya peparingan saking Gusti kang Maha Asih, sanesipun ugi
saking donga pangestunipun Ki Ageng Pantaran.”
Mireng ature Citrasoma kados menika, Ki Ageng Pantaran dados trenyuh, wonten putranipun
raja tur sekti kok nggih andhap asor sanget. Wusananipun Ki Ageng Pantaran paring idin menawi
Endang Nawangsih saged dipunpundhut kaliyan Citrasoma. Kanthi wiwit manika Dhusun
Canditoro dipungantos dados Dhusun Pantaran.

-CUTHEL-
“Kapethik saka kumpulan crita rakyat Jawa Tengah, kaca 30-34”

I. Apa tegese tembung-tembung kang magepokan karo wacan ing nduwur!


1. Sulistya :
2. Sumedya :
3. Pawadanipun :
4. Wewengkon :
5. Misuwur :
6. Muspra :
7. Kumalungkung :

II. Wangsulana pitakonan ing ngisor kanthi trep lan bener!


1. Ana dhukuh ngendi omahe Endang Nawangsih?
2. Ketemu sapa Endang Nawangsih nalika nanem sawi?
3. Apa wae tanduran sing biasane ditandur dening Endang Nawangsih?
4. Sapa sejatine Citrasoma iku?
5. Kepriye sejatine ajian Angin selaksa iku?
6. Ana pira cacahe jin lan lelembut kang ditemoni dening Citrasoma?
7. Apa syarat kang kudu dilaksanakake Citrasoma supaya ditampa lamarane?
8. Apa sing nyebabake Ki Ageng Pantaran dadi trenyuh?

Wangsulana pitakonan ing ngisor kanthi trep lan bener!


1. Tulisen pokok-pokok alenia crita rakyat “Endang Nawangsih” banjur ringkesen crita kuwi mau
ana ing buku tugasmu!
2. Goleka crita rakyat kang ana ing dhaerahmu banjur analisisen miturut unsur pambangun crita
rakyat!

Anda mungkin juga menyukai