Anda di halaman 1dari 3

ADAT 

SEBLANG
Adat seblang ring Banyuwangi ana loro, yaiku Seblang Olehsari lan Seblang Bakungan. Diarani
Seblang Olehsari polane dianakaken ring Desa Olehsari Kecamatan Glagah lan diarani Seblang
Bakungan polane dianakaken ring Desa Bakungan Kecamatan Giri.

Karo-karone tujuane padha yaiku kanggo selametan desa makene sing ana balak belahi teka
Gusti Pengeran, desa tentrem adem ayem sing kurang sandhang pangan.

Seblang Olehsari

Seblang Olehsari dianakaken ring minggu kawitan ulan Sawal utawa Lebaran Idul Fitri. Kadang
pas lebaran pitung dino utawa enem dina utawa limang dina. Pokoke biyasahe minggu kawitan
ulan Sawal. Adat Seblang Olehsari dianakaken lawase pitung dina terus-terusan. Mangkat jam 2
bedhug sampek jam 5 soren.

Kang dadi seblange kudu lare wadon kang magih enom lan magih keturunane Mbah Isem. Kang
nentokaken sapa kang dadi seblang dudu sesepuh adat utawa Pak Lurah naming Buyut leluhure
wong Olehsari kang wis urip ning alam kelanggengan. Kelendi carane? Biyasahe ring sawijine
bengi meh parek pelaksanaan adat seblang roh leluhur mau nyusup nyang salah siji ragane warga
Olehsari terus nguweni pituduh kapan pelaksanaane lan sapa seblange.

Ring pelaksanaane ritual adat Seblang Olehsari iku penari seblang njuget ambi kesurupan roh
leluhur. Dadi setemene kang njuged iku roh leluhur mung nyilih ragane penari seblang. Kerana
kang njuget iku roh leluhur, mula ring sela-selane njuget iku warga kang nyakseni ritual adat iku
pating njaluk sarat rupa banyu kang didongane ambi “Buyut”.
Ring tengah-tengahe ritual adat seblang sekira jam 3 soren
ana prosesi “adol kembang”. Kembang kang dikunduki ring jajang diedol nyang penonton. Para
warga kabeh rebutan tuku kembang iku. Polane warga percaya kembang iku keneng dadi jalaran
disembadani paran penjaluke lan perlune.

Serta dina kang pungkasan utawa dina kang kaping pitu, penari seblang sekira jam 3 soren
sakmarine njuget ring ngisore payung agung, aju keliling ngubengi kampung kang diarani
prosesi “ider bumi”. Angger ring pojok kampung seblange njuget ambi disakseni para warga
kang ngetutaken.

Kadhung wis mari adat seblang dilakoni lawase pitung dina, warga desa Olehsari rumangsa kaya
wis mbayar utang atine lega lan girang lan ngarep-arep mugaAllah desane tentrem ayem urip
rukun apik sekabehane.

Seblang Bakungan

Seblang Bakungan dianakaken ring Ulan Haji utawa Lebaran Haji. Pelaksanaane mung suwengi.
Mangkat jam 7 bengi, marine sekira jam 1 dalu.

Sedurunge seblang dimulai, sak marine magrib


dianakaken prosesi ider bumi ngelilingi kampung Bakungan rame-rame marga Bakungan
nggawa oncor. Angger gadug pojok kampung aju adan. Kang unik ring seblang Bakungan iki pas
adat seblang iku mulai magerib listrik sak kampung dipateni. Kang ana mung damar teka oncor
kang dipasang ring ngarep umahe warga. Dadi kahanan peteng sintru.

Panggonan ritual seblang Bakungan ring ngarepe balai dusun Bakungan. Ring kono para warga
tumplek blek guyup milu nyakseni ritual seblang. Para bungkil asil bumi digantung dadi
rerenggan kang ndhemenaken dhung disawang.

Kang dadi penari seblang kudu wong wadon


tuwek kang wis “rijig” (sing menstruasi). Kang nentokaken sapa kang dadi seblang yaiku
sesepuh adat. Seblang Bakungan njugede uga ambi kesurupan roh leluhur. Jugedane seblang
Bakungan nggambaraken isine gendhing kang ditembangaken para sindhe. Kadhung njuged
ambi nggindhong nanakan (boneka) iku polane isine gendhing nyeritakaken soal welas asihe
wong tuwek. Kadhung njugede ambi nyekel keris, polahe isine gendhing nyeritakaken
sengsarane perang. Lan akeh maning jugen-jugedan liyane.

Kadhung penari seblang wis njuged ring nduwure altar (pelonco panggonan uba rampe) iku
pertandha ritual seblang wis meh mari.

Pada ambi warga Olehsari, warga Bakungan ugo lega atine kadhung wis nuhoni adat kang wis
dadi wajibe kang tujuane makene kampung Bakungan tetep diwelasi Gusti Pengeran sing kurang
paran-paran parek penguripan adoh alangan.

Anda mungkin juga menyukai