Anda di halaman 1dari 18

Wacanen kanthi premati soal kanggo nomer 1 & 2!

Mingkar-mingkuring ukara,
akarana karenan mardi siwi,
sinawung resmining kidung,
sinuba sinukarta,
mrih kretarta pakartining ilmu luhung,
kang tumrap ing tanah Jawa,
agama ageming aji.

Tembang nduweni paugeran utawa pathokan kayata guru gatra, guru lagu, guru wilangan.
Paugeran tembang ing dhuwur yaiku ….
***8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
***7a, 12i, 8u, 8a, 11u, 8a, 8i
***8a, 12i, 8u, 7a, 11u, 8a, 8i
***7a, 11i, 8u, 8a, 11u, 8a, 8i
***7a, 11i, 8a, 8i, 12u, 8a, 8i
*** A
***Wacanen kanthi premati soal kanggo nomer 1 & 2!

Mingkar-mingkuring ukara,
akarana karenan mardi siwi,
sinawung resmining kidung,
sinuba sinukarta,
mrih kretarta pakartining ilmu luhung,
kang tumrap ing tanah Jawa,
agama ageming aji.
Tembang pangkur kasebut nduweni wos surasa ingkang becik, wos surasane yaiku ….
***Tumindak laku utama, nuladhani para satriya saengga lumaku wonten ing
kabecikan.
***Mulang murug marang putra kedah nduweni ngelmu ingkang luhung, agama
dados ageming aji.
***Jiwa kaprawiran kudu tansah didhuweni marang para mudha supaya uripe mulya.
***Tumindak laku prihatin kanthi cara nyuda hawa lan nepsu.
***Kidung utawa tembang kudu dilestarekake supaya ora uwal saka kabudayan.
*** B
*** Srengenge tangi kanthi mamerake eseme. Desember iki jarene wong-wong tuwa
mangsa gedhe-gedhene sumber pancen ora mokal, jalaran wiwit biyen saben wulan
Desember mesthi wayah udan. Nanging senen iki langite padhang. Dina sing tak enten-
enteni jalaran mengko bengi malem siji Sura, mesthi akeh nom-noman kang bakal lek-
lekan nonton kirab pusaka.
Saka pethilan cerkak kasebut bisa dititeni jinise latar....
***Kaanan
***Sipat
***Panggonan
***Kadadean
***Wektu
*** A

***Bupati Bantul, Suharsono : Implementasi Teknologi Pertanian Minangka Upaya Kanggo


Njagi Swasembada Uwos

Diskominfo- Rebo (4/10). Ing acara kanggo njagi wontening ama wereng gagang
soklat ong DIY, Badan Litbang Pertanian saking BPTP Yogyakarta makarya sesarengan
kaliyan pamerintah dhaerah ngawontenaken aksi kanggo nylametaken prodhuksi pantun
DIY. Salah satunggalipun inggih menika kanthi nyebar varietas pantun wereng.
Miturut Inspektur Jenderal Kementan, Justan Siahaan, ingkang migunakaken
varietas pantun tahan wareng kanthi dipun kombinasikaken kaliyan paket teknologi ingkang
jumbuh saged prodhuksi kanthi maksimal lan nylametaken asil prodhuksi.
Ing acara kasebat, rawuh Bupati Bantul, Suharsono: Inspektur Jenderal Kementerian
Pertanian, Justan Siahaan; Kadistan DIY; Kepala BPTP Yogyakarta, Kepala BKPP DIY;
Kadisperta Bantul; Kepala BPSP; Kepala BPTPH; Dandim Bantul; Camat lan Muspika
Pundong; ugi Komunitas Petani Bantul.
Bupati Bantul, Suharsono, nampi kanthi sae uji coba varietas pantun tahan wereng
menika ing sabin kelompok Tani Tri Lestari, Gedangan, Panjangrejo, Pundong, Bantul.
Piyambakipun mangajab, kanthi dipun tanemi pantun varietas unggul tahan wereng
menika saged njagi njagi stabilipun konsumsi uwos ing Kabupaten Bantul. “kula mangajab
sedaya petani ing Bnatul saged ngadopsi teknologi sistem tanem jajar legawa menika
saengga produktivitas pantun sangsaya tambah kathah lan saged njagi ketahanan pangan.”
Tandhesipun.
Kapethik saka: www.bantulkab.go.id

Pawarta kasebut ngandharake babagan....


***Ama wareng
***Inspektur Jenderal Kementan
***Pantun varietas unggul tahan wereng
***Kepala BPTP Yogyakarta ngendika babagan pantun unggul
***Implementasi asil produksi pertanian ing tlatah Gunung Kidul
***C
***Para tani ing tlatah DIY diajak migunakake pari tahan wereng amarga...
***Akeh kutha liya kang migunakake
***Regane pari murah
***Disaranake saka pehak pamerintah
***Bisa nylametake asil prodhuksi
***Bibit pari sing biiyasane wiwit langka
*** D
***Gatekna pethilan pawarta ing ngandap menika kangge nomer 6-7!

Ngancik wulan siam/pasa, cacah ewon bebrayan ing sakiwa tengening kutha Tegal nganakake
tradisi padusan. Tradisi iki turun temurun ditindakake dening warga ing sakupenge gunung
Slamet ing sisih lor kulon. Kepara malah padusan guci dadi objek wisata kang misuwur ing
kecamatan Bumijawa, Kabupaten Tegal. Tradisi padusan kuwi duwe maksud kanggo reresik
awak minangka simbol reresik jiwa kanggo ngadhepi wulan siam.

Kapethik saka pantura news, Minggu 31/07/2011

Apa irah irahan kang trep kanggo paragraf ing nduwur tradisi...
***Pasa ing kutha Tegal
***Nyambut Ramadan ing Guci
***Padusan ing Guci
***Adus banyu panas ing Guci
***Reresik
***B
***Padusan iku saka tembung lingga...
***Padus
***Adus
***Dusan
***Padasan
***Adusan
***B

***Ing jaman biyen ruwangan iki kerep digunakake kanggo nggelar wayang kulit utawa
upacara tradisional liyane. Amarga kerep digunakake kanggo nggelar wayang kulit, mula
dijenengke ...
***Teras utawa pendhapa
***Pringgitan
***Dalem agung
***Krobongan/senthong
***Gandhok utawa pakiwan
***B
***Wacanen cita wayang ing ngisor iki kanthi patitis!

Bima Bungkus

Jejer Ngastina. Duhkitaning Prabu Pandu lan Dewi Kunti jalaran lahire ponang jabang
bayi kang awujud bungkus. Tan ana sanjata kang tumawa kanggo mbedah bungkus. Kurawa uga
melu cawe-cawe arsa mecah bungkus, sanadyan amung lelamisan, bakune arsa nyirnaaken si
bungkus. Wisiking dewa sang bungkus den bucal ing alas Krendawahana..Ing pertapan Wukir
Retawu Bagawan Abiyasa kasowanan Raden Permadi kang kaderekaken para punakawan.

“Kanjeng Eyang, kados pundi nasibipun Kakang Bungkus, sampun sawetawis warsa
mboten wonten suraos ingkang sae, bab menika Eyaang, andadosaken duhkitaning Kanjeng Ibu
Kunti…”

Tartamtu Sang Winasis kang pancen luber ing pambudi sampun pirsa apa kang dadi
lakon.

Putuku nggeeer, Permadi, mangertiya jer kakangmu nembe nglakoni karmane, ing tembe
kakangmu Si Bungkus bakal dadi satriya utama, lan bakal oleh apa kang sinebut wahyu jati…”

Anane Si Bungkus ndadekake gegering suralaya. Bumi gonjang ganjing kadya binelah,
samodra asat.

Ing Suralaya, Batara Guru nimbali Gajahsena, putra sang batara kang awujud gajah,
kinen mecah si bungkus saengga dadi sejatining manungsa. Sang Guru ugi angutus Dewi Umayi
kinen nggladhi kawruh babagan kautaman marang si bungkus. Purna anggennya peparing ajaran
marang si bungkus, Dewi Umayi aparing busana arupa cawat bang bintulu abrit, ireng, kuning,
putih, pupuk, sumping, gelang, porong, lan kuku Pancanaka.

Salajengipun, Gajahsena mbukak bungkus. Pecahing bungkus dados sapatemon


kekalihipun, kagyat dados lan perangipun. Binanting sang Gajahsena. Sirna jasad sang gajah.
Roh lan daya kekiatanipun manjing jroning angga sang bungkus.

Praptene Betara Narada.

Si Bungkus tumakon marang Sang Kabayandewa, “Heemmm, aku iki sopoh?”

“Perkencong, perkencong waru doyong, ngger, sira kuwi sejatine putra nomor loro ratu
ing Amarta Prabu Pandudewanata. Sira lahir awujud bungkus, lan kersaning dewa sira kudu dadi
satriya utama…, lan sira tak paringi tetenger Bratasena ya ngger…”

Rawuhipun Ratu saking Tasikmadu kang nyuwun senjata pitulungan marang Bratasena
kinen nyirnakaken raja raseksa aran Kala Dahana, Patih Kala Bantala, Kala Maruta lan Kala
Ranu. Para raseksa sirna. Sekakawan kekiatan saking raseksi wau nyawiji marang Raden
Bratasena, inggih punika kekiatan Geni, Lemah, Angin lan Banyu.
Apa kang njalari dhukitaning Prabu Pandhu lan Dewi Kunthi?
***Amarga kelangan bondo donyo lan Keraton ing Ngastina
***Amarga laire ponang jabang bayi kang awujud bungkus.
***Amarga ana senjata kang tumawa mbedah bungkus.
***Amarga bima kagyat sapatemone karo Gajah Sena.
***Amarga bathara Guru arsa mecah bungkus
*** B

***Miturut crita wayang ing ndhuwur sapa sing bisa mbukak bungkus kasebut ….
***Begawan Abiyasa
***Punakawan
***Bathara Guru
***Dewi Umayi
***Gajah Sena
***E

***Dewi Umayi dipunutus dening Bathara Guru supaya ….


***Supaya mbiyantu mbucal Bima ana ing pertapan Wukir Retawu.
***Supaya mecah bungkus lan dadi sejatining manungsa.
***Supaya nggladhi kawruh babagan kautaman marang Si Bungkus.
***Supaya aweh pitulungan marang Bima bungkus.
***Paring tetenger marang Bima bungkus dados ksatria utama.
*** C
***Gatekana ukara-ukara ing ngisor iki!
Swara, anggone micara pangucapan kudu jelas artikulasine, intonasi, lan ora kesusu.
Busana, anggone ngango busana kudu dijumbuhake karo keperluan ing acara kang
bakal ditindakake.
Subasita utawa tata karma sing prasaja lumrah lan ora kaku, kudu grapyak, sumanak
lan eseme sinungging lathi.
***Basa sing digunakake kudu manut marang tuntunaning basa sing bener.
Miturut pratelan ing ndhuwur iku, saratae panatacara sing kudu digatekake ana ing nomor
….
***1,2,3
***3,4,2
***1,3,4
***1,2,3,4
***2,3,1
***A

***Ukara/kalimat deskripsi kanggo nggambarake panganan tiwul yaiku ….

***Panganan iki warnane coklat, alus, digawe saka pohung lan digiling.
***Panganan iki wernane ijo, bunder, ing tengahe ana gulane lan digawe saka
glepung ketan.
***Panganan iki wernane ijo, bunder, ing tengahe ana gulane lan digawe saka
glepung ketan.
***Panganan ki wernane abang, brongkolan, ing tengahe ana irisan gedhange lan
dgawe saka pohung.
***Panganan iki warnane coklat, brongkalan lan kagawe saka pohung garing.
***E
***Panganan tradhisional jadah asring diprangguli ing upacara adat masarakat Jawa, kayata
mantenan. Filosofi kang dijupuk saka jadah ing adicara mantenan yaiku ….
***Uripe penganten tansah kepenak kaya rasane jadah kang gurih
***Penganten sarimbit bisa bagyamulya
***Penganten sarimbit bisa tetep lengket kaya sifate jadah
***Supaya tansah bagas waras
***Bakal makmur cukup sandang pangan
***C

***Yuswane simbah El Fahmi 92 taun. Aksara Jawane yaiku ...

a. ?yusW[n$imBhAlP+hmi;91;taun\,
b. ?yucW[fsimBhIlP+hmi;29;tUn\,
c. ?yusW[nsimBhUlP+hmi;99;taun\,
d. ?yusW[nsimBhElP+hmi;92;taun\,
e. ?yusW[nsimBhOlP+hmi;92;taun\,
D

***Ukara ing ngisor menawi kaserat nganggo aksara latin ingkang trep, yaiku....
?aku lulusSe[kolhtaun\:2024:.
***Aku mlebu sekolah taun 2024.
***Aku mangkat sekolah taun 2021.
***Aku lulus sekolah taun 2024.
***Aku mlebu sekolah taun 2020.
***Aku mangkat sekolah 2024
***C

Durung punjul, ing kawruh keselak jujul


Keseselan hawa
Cupet kapepetan pamrih
Tangeh nedya anggambuh mrih Hyang wisesa
***durung punjul, ing kawruh keselak jujul” ukara kasebut ateges...
***Durung gedhe naging kaselak pingin diarani bocah gedhe
***Durung diwasa nanging kaselak pengen diarani wong dewasa
***Durung mudheng nanging kaselak pengin diarani mudheng
***Durung genah nanging kaselak pengen diarani wong sing genah
***Durung pingin naging kaselak pengin diarani pinter
***E

***Sumangga kula lan panjenengan ngonjukaken puji sukur dhateng Gusti Allah SWT,
ingkang sampun paring kanikmatan dhateng kula lan panjenengan saengga saged
kempal manunggal ing papan menika kanthi kalis nir sambekala.
Pratelan ukara ing ndhuwur kalebu perangane teks panatacara bagean …..
***Sapa aruh
***Salam pambuka
***Ancasing gati
***Puji sukur
***Panutup
***D

***Setunggal lan setunggalipun mugi caos penget, menawi wonten tumindak ingkang
nalisir saking garising leres, supados sedayanipun tansah saged lumampah ing tumindak
leres saengga saged dados tuladha tumrap para mudha senesipun Dhusun Sukorjo mriki.
Perangan sesorah ing dhuwur ngandharake...
***Purwaka basa
***Wasana basa
***Surasa basa
***Atur pakurmatan
*** Atur pangapura
***C

***Tamatna gambar prosesi mantu ing ngisor iki kanthi premati!

1 2 3

5 5 6

Kacar-kucur utawa tampa kaya yaiku awujud dhuwit logam, beras lan uborampe liyane sing
di kucurake ana pangkonane penganten putri minangka perlambang yen jejere wong lanang
paweh nafkah marang garwane. Pratelan ing dhuwur jumbuh karo gambar sing mapan ing
angka yaiku ….
***Siji
***Loro
***Telu
***Papat
***Lima
***E

***Gatosaken Pethikan Crita Rakyat Angling Dharma ing ngandhap punika kangge nomer
21 lan 22!
Sang Nagaraja sing ana sangisore pasareyan mikir, “E.... lah, jebul anakku dhwe sing ala.
Tingkah polahe ora genah. E... lha, ala banget si Nagini. Dadi sang Prabu iku temen-temen
Raja utama. Temen-temen anggone dadi Raja, ngilangi sesuker lan jejembering jagad,
nyirnakake sing ala watake.”Ngono pikirane sang Nagaraja banjur metu saka sangisore
pasareyan, bali wujud brahmana maneh. Sawise dibagekake dening srinata,sang Brahmana
atur wangsulan. “ kula punika bapakipun naga estri ingkang panjenengan gebag kalawau,
saking anggenipun tuimndak awon. Pancen paduka wajib ngukum menawi wonten lampah
ingkang kirang prayogi. Saking leganing manah kula, sang Prabu kula aturi mundhut
dhateng kula, punapa ingkang paduka kersakaken?”
“Sang Nagaraja. Kula kepengin mangertos sawicantenipun sedaya kewan,”Prabu Angling
dharma ngendika bares.
“Prayogi sinuwun, sampun sumelang.´sang mindha brahmana ngyakinake,“Badhe kula
caosi. Nanging kanthi janji, paduka kedah prasetya bilih ngelmu kala wau boten kepareng
kasukaken dhateng tiyang sanes. Sang Prabu mesthi seda menawi mbikak wewados punika.”

Pitutur ingkang saged dipendhet saking crita ing inggil inggih punika ...
***Dadi manungsa aja nduweni watak drengki srei
***Aja nyubriyani wong sadurunge ngerti sing sanyatane
***Aja nglarani atine wong liya
***Yen lagi sedhih lungaa menyang segara kidul
***Dadi raja kudu wicaksana

***B

***Pranyatan ingkang leres miturut crita ing inggil inggih punika …


***Si Nagini polahe alus tur prasetya
***Sang Prabu ora kersa nampa bebungah
***Brahmana putranipun Sang Prabu
***Sang Prabu nindakake bab ingkang wicaksana
***Sang Prabu mbukak wadine Brahmana
***E

***Tema pariwara kasebut yaiku…

***gotong royong
***kulawarga
***adat istiadat
***lingkungan
***karesikan
***D

***Abang iku warna favorit Zura.


Ukara ing dhuwur menawa ditulis nganggo aksara jawa yaiku...

***A
***B
***C
***D
***E
***B

***Wacanan aksara ing dhuwur iki !

?k+airulKetmPai+se[kolhp+[f+orit\,

***Khoirul ketampa ing sekolah favorit.

***Khoirul ketanpa ing sekolah favorit.


***Koirul ketampa ing sekolah favorit.
***Khoirul ketampa ning sekolah favorit.
***Khoirul ketompo ing sekolah favorit.
***C

***Fajar kaliyan bapak mirsani zebra.


Ukara ing dhuwur menawa ditulis nganggo aksara jawa yaiku...

***?p+j/kliynNpkMi/sni[j+b].

***?p+j/kliynpkMi/sni[j+b].
***?p+j/kliynNpkMi/sni[j+bR.

***?p+j/klianNpkMi/sni[j+b].

***?p+j/klihnNpkMi/sni[j+b].

***A

***Wacan kanggo nomer 27-28 !

? [aobit][p+li+.
?j+ainlK[roj+ainufinHiku[bochkemB/put][npk\f+kriylnB|rp+k.[boch[lo[rokuwiaku/
bzet\,nlikkuliyh,j+ainlHVupukJ|
rusnP+isik,j+aInufinHVupukJurusnP+isi[aoterpiai=kmPusSi=pdyaikuUni[p+/
sitsFi[pone[go[ro.

Sapa bocah kembar sing diceritakake ana ing wacan...

***Jainal - Jainudin
***Dzinudin- Dzainuri
***Jainudin - Jainuri
***Zainal – Zainudin
***Dzainurin-Dzainuri
***D

***Ana ngendi bocah kembar mau kuliyah?


***Universitas Negeri Semarang
***(Universitas Diponegoro
***Univerisitas Negeri Yogjakarta
***Universitas Brawijaya
***Universitas Airlangga
***B

***Aja nganti kebanjur

Barang polah kang ora jujur


Yen kebanjur sayekti kojur tan becik
Pitutur ingkang sayektos

Kang dadi isine tembang gambuh ing dhuwur yaiku...

***Piwulang mandhiri
***Piwulang budhi pekerti
***Piwulang jujur
***Piwulang sopan santun
***Piwulang tata krama
***C

***Sun nggurit
Ing jaman saiki
Akeh kahanan nggegirisi
Pit montor, trek,lan bis nyemplung kali
Mulane ayo padha ngati-ati
Nambahana sokurmu marang Gusti Kang Murbeng Dumadi
Kang nguwasani isine jagad saindenging bumi
Mung payuwunku siyang ratri
Enggala aye,, kasembadan, lan murakabi ing sasemi
Piwulang kang kaandhut sajroning geguritan kasebut yaiku...
***Dadi manungsa kudu tansah nduwe rasa sokur
***Kita kudu bisa ngilangi kahanan kang nggegirisi
***Kita ora bisa nggawe kahanan dadi ayem tentrem
***Manungsa ora prelu preduli karo sakiwa tengene
***Ora prelu mikirake kahanan ing donya
***A

***Gatekna pethilan geguritan iki kanggo mangsuli pitakonan no 31-32!

Sun nggegurit
Kaanan jaman saiki
Sipat pemudha pemudhi
Srawunge saya ndadi
Raket wewekane sepi
Tan kadi duk jaman nguni
Srawung sarwa ngati ati
Yen manut wasitaning kuna
Pria srawung lan wanita
Gampang kataman panggodha
Nerak ing laku susila
Temah darbe jeneng ala
Wusanane tibeng papa

Kang kaanggep nerak ing laku susila dening prajurit sajroning geguritan kasebut yaiku...
***Wong tua
***Para pria
***Para wanita
***Para mudha
***Wong papa
***D
***Yen manut wisataning kuna
***Gatra kasebut ngemot teges....
***Manut iline jaman
***Manut wewarah utawa pitutur jaman biyen
***Urip tanpa wewarah
***Urip sekarepe dhewe
***Manut apa kang lagi kedadeyan
***B

***Gatekna geguritan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 33-34!

Merapi

(Puthu Aryana)

Merapi ...
Saka kadohan katon gagah
Asep putih dedel ing awiyat
Tilas dalan lahar katon cetha
Kena sunare Hyang Bagaskara
Merapi...
Saupama kowe bisa crita
Kabeh kedadeyan ing tanah Jawa
Wiwit jaman Mataram kuna
Nganti madege Kraton Ngayogyakarta

“Kena sunare Hyang Bagaskara” ukara iki tegese...


***Kena cipratane banyu segara
***Kena angin segara
***Kena cahyane srengenge
***Kena irunge dhandang
***Kena angin ing rina
***C
***Lintang-lintang gegojekan ing sakiwa tengene rembulan.
***Ukara iku ngandhut majas...
***Alegori
***Metafora
***Personifikasi
***Repetisi
***Hiperbola
***C

***Gatekna tembang ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer !

Curug sewu

Rembulan kang singidan


Satengahe gegrumbulan
Jurang lan grojogan
Katon nyungging esem
Mrepegi kang lagi prapta

Sunare netramu agung sinawang


Tanpa ngindhit sengit lan nyangga rubeda
Ing sela-selane panoramamu
Dakronce gurit katresnan
Kairing sumilire samirana

Birune banyu gumrojog


Ngeduyu mancali atose watu
Minangka tandha setya tuhu
Anggonmu ngemban dhawuhing Hyang

Dudu peni-peni raja peni


Guru bakal guru dadi
Minangka pisungsung marang sliramu
Ana ing wijiling tresna tulus

“Amung sliramu sing nggait mata.”


Basa endah kasebut tegese...
***Gur kowe sing bisa ngobati mripat
***Gur kowe sing ngumbah mripat
***Gur kowe sing daksawang
***Gur kowe sing ayu dhewe
***Gur kowe sing bisa tansah dak eling
***C

***Gatekna gambar busana adat Jawa ing ngisor iki!

(1) (2) (3)

(4) (5) (6)

Ageman Jawi ingkang mengku piwulang supados manungsa punika sageda ngiket raos
gunggung dhiri / umuk, mila ingkang pun iket punika sirah, jer sirah punika papanipun
sedaya pakarti pengangen – angening manungsa.
Katrangan kasebat jumbuh kaliyan gambar ingkang manggen ing angka inggih punika….
***Setunggal
***Kalih
***Tiga
***Sekawan
***Gangsal
***C
***Gambar gamelan nang ngisor iki arane ….

***bonang barung
***bonang penerus
***kenong
***peking
***slenthem
***E
***Piranti gamelan kang digawe saka kayu sing umume cacah 17 nganti 21 wilah. Wilah-
wilah kayu kasebut ditumangake ing sadhuwure kothak pesagi dawa sing gunane kanggo
nggedhekake swara diarani yaiku …
***Saron
***Kethuk
***Kenong
***Gambang
***Kendang
***D

***Gatosaken wacan kasebut kangge nomer 39-40!


Wewaler Nglompati Gamelan
Gamelan yaiku salah sijine kabudayan Jawa kang wujude alat musik tradisional. Gamelan
Jawa nduweni maneka warna filosofi ing saben pirantine. Uga carane gawe gamelan kang
kebak rituwal uga dadekake gamelan ora mung alat musik biasa nanging uga sakral.
“Kenapa kok ora dientukake anggene nglangkahi gamelan?” pitakonan babagan kaya
magkono wis lumrah ditakokake amarga dadi wewaler saka para leluhur. Wewaler kasebut
nduweni teges yen tata karma kuwi ora cukup yen mung omongan, ora mung dilestarikake
gamelan uga kudu diopeni lan diajeni. Tata karma kuwi kudu dadi patuladhan kanggo
tumindak becik, saka wewaler ora oleh nglompati gamelan menehi mangertiyen kabeh
manungsa kudu nduweni tata karma

Saka wacan kasebut ing ngiosr iki kang ora kalebu surasane wacan “Wewaler nglompati
gamelan” yaiku ….
***Saka wewaler nglompati gamelan, nduweni teges yen manungsa kudu nduweni
tata karma mring liyan
***Saka wewaler nglompati gamelan, nduweni filosofi kang becik supaya manungsa
nduweni pakarti luhur
***Saka wewaler nglompati gamelan, nandakake yen gamelan salah sijine alat music
kang sakral
***Saka wewaler nglompati gamelan ora dipracaya ing jaman saiki amarga wus ora
padha ngerti gamelan
***Wewaler nglompati gamelan dadi pitakonan kang lumrah ana ing sakiwa tengene
Masyarakat
***E

***Saka wacan “Wewaler Nglompati Gamelan” ing dhuwur, pokok pikiran paragraf 2
yaiku ….
***Gamelan yaiku salah sijine kabudayan Jawa kang wujude alat music tradisional
***Gamelan Jawa nduweni maneka warna filosofi ing saben pirantine
***“kenapa kok ora dientukake anggene nglangkahi utawa nglompati gamelan?”
pitakon babagan kaya mangkono wis lumrah
***Tata karma kuwi kudu dadi patuladhan kanggo tumindak becik, saka wewaler
kasebut ora olih nglompati gamelan
***Wewaler ora entuk nglangkahi gameln nduweni teges yen tata karma kuwi ora
cukup yen mung omongan
***E

Anda mungkin juga menyukai