Anda di halaman 1dari 14

Contoh Tembang Pucung

1. Judul "Klenthing" Bapak Pucung. Cangkeme madhep mandhuwur. Sabamu ing sendhang. Pencoanmu lambung kereng. Prapteng wisma. Si pucung mutah guwaya. (ya itu yang namanya Klenthing). 2. Judul "Penthol Korek" Bapak Pucung. Amung sirah lawan gembung. Padha dikunjara. Mati sajroning ngaurip. Mijil baka. Si pucung dadi dahana. (yo itu yang dinamakan penthol korek). 3. Judul "Sepur" Bapak pucung. Renteng-renteng koyo kalung. Dowo koyo ulo. Pencoanmu wesi miring. Sing disobo. Si pucung mung turut kutho. (yo iku yang dinamakan sepur). Kalau diamati, tembang pucung iku isine ciri barang 2 kalimat, tempat 1 kalimat dan pernyataan tempat 1 kalimat.

balas gunungsimping menulis on Sep 18, '08 bapak pucung dudu mego dudu mendhung ngagem rante waja karemane para tani yen mentiyung kala-kala nggondhol nyawa .. opo bedhe'-ane bang? ..

Tembang Pucung

Sep 18, '08 5:46 PM

Tembang Pucung, kang kalebu tembang cilik, iku tembang kang akeh digunakake amarga cekak tur gampang panganggone. Cekak amarga mung ana patang gatra saben pada.

gatra kapisan cacahe 12 wanda (suku kata, syllable) lan wanda kang pungkasan kudu u, kacekak 12-u. gatra kapindho cacahe 6 wanda, lan wanda kang pungkasan kudu a, kacekak 6 -a gatra katelu cacahe 8 wanda, lan wanda kang pungkasan kudu i, kacekak 8 -i gatra kapat utawa kang pungkasan cacahe 12 wanda, wanda kang pungkasan kudu a, utawa kacekak 12-a

Tuladha: Ngelmu iku kelakone kanthi laku Lekase lawan kas Tegese kas nyantosani setya budya pangekesing dur angkara (kacuplik saka Serat Wedhatama anggitane KGPAA Mangkunagara IV) Utawa pucung kang misuwur marga asring kanggo tembang dolanan utawa cangkriman Bapak pucung cangkemmu marep mandhuwur Sabane ing sendhang Pencokane lambung kering Prapteng wisma si pucung mutah guwaya Bapak pucung gedhemu meh podo gunung soko tanah plembang ngon-ingone sang bupati yen lumakso si pucung lembehan grana {coba batangen cangkriman ing dhuwur }

Teks Macapat (Gambuh dan Pocung)


OPINI | 13 September 2010 | 10:49 Dibaca: 10947 Kompasianer menilai bermanfaat Komentar: 1 1 dari 1

Di zaman saya masih berada di Sekolah Dasar, Pak Guru dan Bu Guru masih sempat mengajarkan beberapa tembang macapat dalam pelajaran Mulok (Muatan Loka) Bahasa Jawa. Namun saya tidak yakin kalau guru-guru SD sekarang, terutama yang masih muda, masih mengajarkan tembang Macapat tersebut. Sungguh disayangkan memang, sebuah budaya Jawa yang adiluhung mulai tergerus oleh kemajuan zaman, seolah-olah kebudayaan Jawa tesebut merupakan simbol keterbelakangan bagi beberapa orang yang sudah merasa modern. Padahal apabila kita mencermati isi dari teks-teks tembang macapat tersebut dengan seksama, kita dapat melihat pelajaran hidup ang dapat dipetik dari teks tembang tersebut. FILSAFAT DIBALIK TEMBANG MACAPAT oleh Rudi Setiawan di Kompasiana tanggal 4 April 2010 dapat anda baca untuk mengetahui filsafat yang tergambar di tembang macapat. Berikut saya tuliskan beberapa bait tembang macapat Gambuh dan Pocung yang saya salin dari koleksi buku kakek saya. Semoga berguna untuk para pembaca. GAMBUH Samengko ingsun tutur, Sembah catur setyo lumuntur, Dhihin: Raga; Cipto; Jiwo; Roso; kaki Ing kono lamun tinemu, Tandha nugrahaning Manon. *** Sembah Raga puniku, Pakartine wong amagang laku, Susucine asarana saking warih, Kang wus lumrah limang waktu, Wantu wataking wewaton. *** Ing nguni-uni durung, Sinarawung wulang kang sinerung, Lagi iki bangsa khas metokken anggit,

Mintokken kawignyanipun, Sarengate elok-elok. *** Thithik kaya santri Dul, Gajeg kadi santri brahi kidul, Saurute Pacitan pinggir pasisir, Ewon wong kang padha nggugu, Anggere padha nyalemong. *** Kasusu arsa weruh, CAHYANING HYANG kinira yen karuh, Ngarep-arep kurup arsa den kurebi, Tan weruh yen Urip iku, Akale haliru enggon. *** Yen ta jaman karuhun, Tata titi tumrah tumaruntun, Bangsa srengat tan winor lan laku batin, Dadi nora duwe bingung, Kang padha nembah Hyang Manon. *** Lire sarengat iku, Kena uga ingranan laku, Dhihin ajeg kapindhone ataberi,

Pakolehe putraningsung, Nyenyeger badan mrih kaot. *** Wong seger badanipun, Otot daging kulit balung sungsum, Tumrah ing rah memarah antenging ati, Angruwat ruweting batos, Antenging ati nenungku. *** Mangkono mungguh ingsun, Ananging ta sarehne asnapun, Bedha-bedha panduk panduking dumadi, Sayekti nora jumbuh, Tekad kang padha linakon. *** Nanging ta paksa tutur, Rehne tuwa tuwase mung catur, Mbok lumuntur lantarane ring Utami, Sing sapa temen tinemu, Nugra ageming kaprabon. *** Samengko sembah kalbu, Yen lumintu uga dadi laku, Laku Agung kang kagungan Narapati,

Patitis teteping kawruh, Meruhi marang kang momong. *** Sucine tanpa banyu, Mung nyunyuda mring hardaning kalbu, Pambukane tata titi ngati-ati, Atetep telaten atul, Tuladan marang waspaos. *** Mring jatining pandulu, Panduking ndon dadalan satuhu, Lamun lugu legutaning reh maligi, Lagehane tumalawung, Wenganing alam kinahot. *** Yen wus kambah kadyeku, Sarat sareh saniskareng laku, Kalakone saka eneng ening eling, Ilanging rasa tumlawung, Kono adiling Hyang Manon. *** Gagare ngunggar kayun, Tan kayungyun mring ayuning kayun, Bangsa anggit yen ginigit ora dadi,

Marma den awas den emut, Mring pamurunge lelakon. *** Samengko kang tinutur, Sembah katri kang sayekti katur, Mring Hyang Suksma, Suksmaning sahari-hari, Arahen dipun kecakup, Sembahing JIWA sutengong. *** Sayekti luwih prelu, Ingaranan pepuntoning laku, Kalakuwan kang tumrap bangsaning batin, Sucining lan awas emut, Mring alaming lama manot. *** Ruktine ngangkah ngukut, Ngiket ngruket Tri loka kakukut, Jagad Agung ginulung lan Jagad cilik, Den kandel kumandel kulup, Lan kalaping Alam kono. *** Keleme mawa limut, Kalamatan jroning alam kanyut, Sanyatane iku kanyatahan kaki,

Sajatine yen tan emut, Sayekti tan bisa amor. *** Pamete saka luyut, Sarwa sareh saliring panganyut, Lamun yitna kayitnan kang miyatani, Tarlen mung pribadinipun, Kang katon tinonton ing kono. *** Nging aywa slah surup, Kono ana sajatining Hurup, Yeku Hurup pangarep Uriping Budi, Sumirat sirat narawung, Kadya Kartika katongton.

PUCUNG Ngelmu iku : kalakone kanthi laku, Lekase lawan khas, Tegese khas nyantosani, Setya budya pangekese dur angkara. *** Angkara gung; neng angga nagging gumulung, Gegolonganira, Tri loka lekere kongsi,

Yen den umbar ambabar dadi rubeda. *** Beda lamun; wus sengsem rehing ngasamun, Semune ngaksama, Sesamane bangsa sisip, Sarwa sareh saking mardi marta tama. *** Taman limut; Durgamengtyas kang weh limput, Kereming karamat, Karana karoban ing sih, Sihing Suksma ngerda sahardi gengira. *** Yeku patut; tinulat-ulat tinurut, Sapituduhira, Aja kaya jaman mangkin, Keh pra Mudha mundhi lapal makna. *** Durung pecus; kasusu kaselak besus, Amaknani lapal, Kaya Sayid weton Mekkah, Pedhak-pendhak angendhak gunaning janma. *** Kang kadyeku; kalebu wong ngaku-aku, Akale alangka,

Elok jamane den mohi, Peksa ngangkah langkah met kawruh ing Mekkah. *** Nora weruh; rosing rasa kang rinuruh, Lumebeting angga, Angger padha marsudi, Kana kene kahanane apa beda. *** Uger lugu; den ta mrih pralabdeng kalbu, Yen kabul kabuka, Ing drajat kajating urip, Kaya kang wus winahyeng sekar Sri Nata. *** Basa ngelmu; mupakate lan panemu, Pasahe lan Tapa, Yen Satriya Tanah Jawa, Kuna-kuna kang ginilut Tri prakara. *** Lila lamun; kelangan nora gegetun, Trima yen ketaman, Saserik sameng dumadi, Tri legowo nalangsa srah ing Bathara. *** Bthara Gung; inguger graning jejantung,

Jenek Hyang Wisesa, Sanapa senetan Suci, Nora kaya kaya si Mudha mudhar angkara. *** Nora wus; kareme anguwus-uwus, Uwose tan ono, Mung janjine muring-muring, Kaya Buta buteng betah nganiaya. *** Sakeh luput; ing angga tansah linimput, Linimpeting sabda, Narka tan ana udani, Lumuh ala hardane ginawe gada. *** Durung punjul; ing kawruh kaselak jujul, Kaseselan hawa, Cupet kapepetan pamrih, Tangeh nedya anggambuh mring Hyang Wisesa.

Tembang Pocung
Ngelmu iku Kalakone kanthi laku Lekase lawan kas Tegese kas nyantosani

Setya budaya pangekese dur angkara

Angkara gung Neng angga aggung gumulung Gogolonganira Triloka lekere kongsi Yen den umbar ambabar dadi rubeda

Bada lamun Kang sus sengsem reh ngasamun Semune ngaksama Sasamane bangsa sisip Sarwa sareh saking mardi martotama

Taman limut Durgameng tyas kang weh limput Karem ing karamat Karana karoban ing sih Sihing sukma ngreda sahardi gengira

Yeku patut Tinulad-tulad tinurut Sapituduhira Aja kaya jaman mangkin Keh pra mudha mundhi diri lapal makna

Durung pecus Kesusu kaselak besus Amaknani lapal Kaya sayid weton mesir Pendak-pendhak mengendhok gunaning janma

Kang kadyeku Kalebu wong ngaku-aku Akale alangka Elok jawane den mohi

Paksa ngangkah langkah met kawruh ing Mekah

Nora weruh Rosing rasa kang rinuruh Lumeketing angga Anggere padha marsudi Kana-kene kaanane nora beda

Uger lugu Den ta mrih pralebdeng kalbu Yen kabul kabuka Ing drajad kajating urip Kaya kang wus winahyeng sekar Srinata

Basa ngelmu Mupakate lan panemu Pasahe lan tapa Yen satriya tanah Jawi Kuna-kuna kang ginilut tri-prakara

Lila lamun Kelangan nora gegetun Trima yen kataman Sakserik sameng dumadi Tri legawa nalangsa srah ing Bathara

Bathara Gung Inguger 'graning jajantung Jenek Hyang Wisesa Sana pasenbedan suci Nora kaya si mudha mudhar angkara

Nora uwus Kareme anguwus-uwus Uwose tan ana Mung janjine muring-muring

Kaya buta muteng betah nganiaya

Sakeh luput Ing angga tansah linimput Linimpat ing sabda Narka lan ana udani Lumuh ala ardane ginawe gada

Durung punjul Ing kawruh kaselak jukul Kaseselan hawa Cepet kapepetan pamrih Tangeh nedya anggambuh mring Hyang Wisesa Diambil dari Serat Wedhatama

Anda mungkin juga menyukai