Anda di halaman 1dari 260

Ongka 4, Kemis kaping 24 Januwari 1878

Surakarta
Kulawisudhan ing Mangkunagaran nalika dinten Akad Legi tanggal ping 20 wulan
Januwari punika

Kawisudhan Lisiyun
1. Kanjeng Pangeran Arya Andayanata, Irstelitenan Kapaleri, kawisudha dados
Ritmester Kapaleri
2. Raden Mas Suripta Twedhelitenan Infantri, kawisudha dados Irstelitenan
Infantri

Kawisudhan Narapraja
1. Raden Angabei Suma Martana, Mantri Lebet kawisudha dados punggawa, saha
kapatedhan nama Raden Ngabei Jaya Martana,
Ongka 4, Kemis kaping 24 Januwari 1878

Surakarta
Kulawisudhan ing Mangkunagaran nalika dinten Akad Legi tanggal ping 20 wulan
Januwari punika

Kawisudhan Lisiyun
1. Kanjeng Pangeran Arya Andayanata, Irstelitenan Kapaleri, kawisudha dados
Ritmester Kapaleri
2. Raden Mas Suripta Twedhelitenan Infantri, kawisudha dados Irstelitenan
Infantri

Kawisudhan Narapraja
1. Raden Angabei Suma Martana, Mantri Lebet kawisudha dados punggawa,
saha kapatedhan nama Raden Ngabei Jaya Martana,
2. Raden Ngabei Wiratmaja, Mantri Lebet, kawisudha dados Punggawa, saha
kapatedhan nama Raden Ngabei Jayawiratma

SURAKARTA
Ing bawah Ngaikusuman sareng wonten jawah deres para pangindhung ingkang sami
griya elak ingkalenan ngriku kathah igkang sami ngresula, jalaran bilih wonten jawah
deres kalenan wau toyanipun lajeng ageg ngantos luber dhateng ing pakampungan
ngriku, dente toya anggenipun saged luber wau jalaran saking ciyuting ngebuk
ingkang celak peken pon, dados manawi wonten larahan keli boten saged lajeng
semmangsang wonten ing salebeting ngebuk toya wau lajeng mambeg ing lenipun
boten saged saner, mila saking atur panuwunipun para pangindhung ingkang griya
celak ing kalenan ngriku mugi ingkang nguwasani buk wau sageda anyantuni kareteg,
bilih buk lajeng kasantunan saiba ta suka pirenanipun para pangindhung sadaya, awit
toya ilenipun lajeng saged santer.
Katandhan B.K. Wirasukarna.

Panjurung
Bawah kadhestrikan Kutha Klathen nalika Januwari kaping 20 tiyang estri wasta bok
Wongsawijaya, griya setatsiyon ing Klathen wanci dalu suduk sarira pyambak,
ingkang kenging gurungipun terus dumugi ing githok denten ingkang damel mrawasa
pyambak wau, dhuwung anjalari dados lan pejahipun ing wedal dalu punika, ingkang
nunggil tilem among ingkang jaler tuwin bokipun, denten gedheg tuwin konten boten
wonten labetipun punapa-punapa.
Among gumuning manah kula, dening tiyang estri kok tahan nganyut tuwuh ingkang
kados mekaten. Katandhan jayengratmaka.

Omg sal[ [imola litja L;atjem sal;amglimg rajarka. Among ragi kuciwa sakedhik,
margi ageng terusan sak wingking dhistrikan dumugenipun setatsiyun punika
lepenipun kapinten dereng kadekekan keg ing mongka margi wau saben dinten dipun
nambah sakathahipun para prayantun tuwin para tuwan tuwan ingkang boten sami
pkantuk sewan kreta sami lumampah dharat medal ing ngriku, punika saking
panuwunipun ing ngakathah dhateng keng kuwajiban mugi dipun dekekana kreteg
kang supados sakeca tiyanglumampah, ,saha nambahi karaharjaning kitha, titi, Pun
Mingsaing Mlinjon.

Panjurungipun yektyarja ing Srago, amratelakaken menawi pacinan Klathen kathah


tiyang saking Ngayoja, sami mendha-mendha dados Congcun ing Ngepakan punika
sayektosipun boten naming gethingan kimawon among ngaturi pemut ing
saleresipun, titi,
Kula pun Truna, ing Tawangreja.

Kabar telegram
Kanjeng tuwan KOlonel Pander Eidhen, awit saking karsaning kang jeng parentah
ageng ing Batawi, samangke kakulawisudha jumeneng guprenur ing WEwengkon
ngaceh, sarta gingsaheber ngatasing sipil utawi militer, ingkang wonten wewengkon
Ngaceh wau.

Kanjeng Tuwan ingkang wicaksana Litnan Jendral Dhenewe, pangagenging wdyabala


tontra, ing Indiya Nederlan karsa dalem ingakng sinuwun kanjeng srimaharaja, dipun
kulawisudha dados Kumenduring Nederlan Seleyo.

Wo0nten kabar bilih prabu gung ing Itali, dhiktor Imanuwel sampun dumugi ing
jangji, kondur dhateng jaman kalanggengan punika ciptaning Eropah masthi anjalari
kathah ewah-ewahaning nagari.

Kabar saking Jedhah bilih samangke ing puser bumi, katuwenan wewelak sakit
kolerah.

Samangke yakin bilih Turki kengser babar pisan perang kaliyan Ruslan, balatontra
Turki nungkul sadaya, Ruslan suthik angendhoni, yen boten tinurutan panedhanipun,
ing Turki sakalangkung Tintrim.

Kabar Kentheng
Ingpraja Gung Londhon Enggelan nalika tanggal kaping 18 wulan punika, gedhong
wicara agung awit saking asma dalem sang mulku wanita kabikak dening kumisi, ing
ngriku lajeng ngaturaken karsanipun praja Turki, murih rukununan kaliyan Ruslan,
lajneg winangsulan prayogi anembunga dhateng Ruslan punapa sangprabu sunan ing
Ruslan karsa arerembagan bab rurukunan kaliyan Turki, sang prabu ruslan inggih
amreyogani, awit saking keteingal angenir ngemen-emenaken badhe dherek tutulung.
Wasana Enggelan apitados bilih punika badhe anjalari saged angiligaken prakawis
murih tata tentrem.
Dene praja kakalih ingkang sami mangun yuda, boten wonten ingkang maoni dhaten
gEnggelan anggenira tan ilon-ilonan sabab sampun kinukyana ing prjangji ngajeng,
sakaliyan sami angajeni tindakipun Enggelan, makaten saurutipun, kajawi bilih ing
pawingkingipun wonten nalar kang anteb ingakng badhe anjiyat dhaten gEnggelan
murih atata-tat ingkang pantes dipun lampahaken sampun ngantos amigunani, nagari
sampun apitados dhateng gedhong wicara agung, ngatasing isyarat ingkang badhe
katandhukaken bilih katingal wonten prelu ing pawingkingipun, tiyang Agung Loret
Eyakopil anyantosani malih, bilih ngari Enggelan semu amutawatosi badhe
tumandang alawan.

Sang Prabu Sunan ing Ruslan kara amaringaken wangsul pedhangipun prajurit
linangkung basah ing Turki Suleman, pratondha winangwang kasudiranipun.

//i// Kang Srengkara, wahyae pang teksi,nuju gara Paing ari siyang,,kaping nem likur
tanggalem kapitu wukonipun, dulkijah kang condra lumaris, Je warsa lumaksana,
sancaya kang windu, kenterira kang nis duta, pinatrapen, kala wan kang dugi-dugi,
rasa ardhidipengrat. (1) Anuruti, rarabiu penmangsi, lan pinatut cariytane kondha,
sinungsekar moncapate, yektine ngimpunipun, mamalat sakranireng rakmi, dene
wedharing kondha, neng sajuganipun, kang karya masih taruna, lenggah riya,
paparabe sag ngapekik,dyan suradanamarta. (2) Arsa bangun lalangenan adi, kang
wus lama, ta laran linaras, langen sejarah wedhare, mantaram duk
rumuhun,mungmamalad amrih besuki, atuk kakang supangat, ginantungan rahyu,
jalran saking pustaka, de sejarah sinung tembang lawan gendhing, pinirid pantesira.
(3) ing samangke wus den sambadani, kalesanan, uparengganira, tan kacacat
sabobote, kang sekar gyatinembung, winorsungut manis ing gendhing, binarungan
kang rebab, gambang suling clempung, kapiyarsa ing mandrawa agumregeng alem
arum widig-widig maweh lam-lame driya. (4) Ing sama wus rada ngebleki, data
mleyot, kang gendhing lan tembang, runtut tata lalagone, tamba karya wilatngun
mring sadaya ingkang miarsi, saweneh ana ngucap, ta sumedya lampus, yenmireng
ingkang berdongga, rumingsyara, dene temah mullet ngati, anujeng parimana. (5)
Prapta papa kondha langen crenti, ingkang gendhing, laju munya ngangkang,
cinandhak senggak keploke, swara atrigumuruh, manabda sasenenge ngati, tan saruka
piyarsa, sedhepira mungup, sesege angemurasa, senggak keplok mring lalangen wus
nyeplesi, raket ket asung rena. (6) renanira, narnarik ngenani, ingakng kena,
pupulunge driya, kapulut langetn gendhnge, nynyet lejed soteku, wit kaping tek
resepa gendhing, krasa tuwuk tan boga, temah lelengut lengut, kapidih anyemenala,
yen amireng cumengklinge kang senggani, karya panggugah brongta. (7) Ulun wus
sun duk lan panti, cekliperkis singer wawangunanira, gumbuleng ing tebih tinon,
kembang nganeng babatur, gamelir kuwung minum warih, potret banjeng tinata,
gandes yendinulu, lir singgule suranggana, suryamuka ngapit apit kanan kiring, rebut
padhang lan nanda. (8) Tempuhlawan gebyarira sami, lan rancakan gender rebab
gambang, calempung kaladarane, balereng I dinulu, lir setaresmi
andhadhari,nujusinipurnama, nyermomong asingup rimenge esmu angiwa, sungging
clempung, keksi gandheng angler thathit kapule anjaladara, (9) Esthanira remeng
remeng kadi, kasulastri angemurudi ta anyombrong senen cahyane, tejanira sumunu,
malentrih liyep- lindri manis, aulunh sapnika, asung kang jujuluk,lawan wau kang
suyasa, namanira taman suka langening sri, tuhu ngandhiprasaja. (10) Ari buda
karsanipun kang wus tuhu sukeng galih,kang sejarah lalangenan, arsa kinibarken
aglis, papanggil sanak tyang mitra, ing ngalantahun ngleresi. (1) Buda sonen sami
rawuh, sadaya nyamintra sami, ambanjeng tepung akapang abayak turpekikpekik,
tambah mamanoning prapta, kukuwunge risumari. (2) Tingjalemprek yen dinulu,
datan wonten ingkang busik, naracak alusing sarira, lir putra baonon cinawi, wayah
lagya brahi sekar, kang warna asigid sigid. (3) Sedhep arum gandanipun,
kadijimprayangan peri, wantune priyayi jaka, kakaduken genya sami, nggem lisah
klonyo mawar lir sawarga udan sari. (4).Gunggung kumpul cacahipun wong samintra
kang sumiwi, tigang dasa winentara, surunucahyanya sami, awit padha grah kusuma,
tedhaking andana warih. (5) Mung satunggal sekar sekaripun kanglenggah madya
pandhapi,nanging ulun dereng wikan, namanira kang priyayi, sami kagalih apyambak,
mring priyantun ingkang nangkil. (6) Sisikoning kang priyantun, anglemberek ageng
kusi, yen cinondra luwih condra, langkung saking rang wargi, dhara ageng estha
kendhang, bakong lit sak klenthing sisih (7) Blekenek lenggah lir genuk, dyijarapah
ngapit apit, sinawang langkung sebah tuhu kembange pandhapi, sewutan angsal
satunggal,kangmirib wau pyayi. (8) Temah karya suka kalbu, mring sadaya ingkang
nangkil tandangu sinung minuman strup asem kang kuliling wus waratatan kliwatan
gya anambut tali api. (9) Pating crungat minum srutu yen upama lenggahkursi, estha
sedhanyol raja, kunthegsi ingngere nagri,para sisya ingkang lenggah, memper kadirat
panindhi. (10)Tempuh lan padhange lampu, boten montra montra lari, nrawang
sumilak lir rina,katingal pamore sami, gethek cirine kang lenggah, kasorotan kang
patroli. (11)Nunten malih medal suguh, watekambing kang gumanti, rumanti
saprabotira, piring mubeng tharik-tharik brendhi biter setrup mawar, gelas adi sami
mijil. Tansah nyang brenddhi …..pait temah wagar kawtong, alon alon genya bukti
sarte, saking nimat raosing daging,, wit kabulet gajih, cinakot cumeplus.(1) rasa
angler raose mring sentil, kang daging gumalong, gya inutuh minum brendhe, teka
ngleler kentering mring telih mrutus rawe mijil wit panas kang wedhus. (2) Sampun
dangu sami bukti, padharan bedhodhog sate mundur ginanti maneh, kuwih-kuwiha
ing bandi kadi, kewran yen mastani, sakin gkathahipun (3) sampun radin kuwih
gibinagi, gya sami pinulok, kopi maju kalawan meleke, kang priyantunkathah
titikaning, wenehana guling, katuwuken ngantuk. (4) mung den Surawijaya tan
guling, manggung dhelog-dhelog, gumun mring wedhus gajihe, salaminya bukti
ingkang kambing, boya kadi iki, brengos kongsi luyup. (5) tangeh lamun yen winarna
malih, sukane para nom,kasirulangen ringgit wedale, kinanthi saking kamar amijil, ,
karya cingak janmi, kathahkang nandhang kung. (6) keh ing anma galih Kenya yekti,
duk dulu kang semog, gandes kewes sapolahe, netra blalak barliyan yen ngliring, slira
tetel gilig, kula kedah nyiyum (7) kang pramona ngapit kanan kiring, minongka
kanggumon, ngampingi marang atmajane, anjajaga yen ruru kang sari, sawiji
priyayi,ingkang magung jenggruk (8) tanw inerdhar tengrannya kang kingkin, wis
sami sumurop nyambi nyaati nandhang wirage, kang ginadhang mung jantunge ngati,
wasana nyidrani, mila mangu gandrung (9) nanging samun sngut waktra manis, mung
jro tyas kang gasong, dene wau kang mindha ringgite, sampun majeng lan maca kang
tulis, sekar gendhing muni duduk kang calempung. (10) Ringgit ngelik den barungi
gendhingipun, keplok runtut ing ngewasih, clempung kongas nendheng ngungkung,
senggak rame adu manis, karya ngengleng mring kang tumon (1) tepung sungut jalu
estripating grubyuk kasusu arsa ningali, dheket keket adu sikut, duk uning kang estha
ringgit ngalembana jroing batos (2) jalu estri rebut ngalem sami muwus, ayu temen
wog puniki, yen aja agagandhul-gandhul labuh layon sun lakuni, wit manis ing rebut
enggon (3) gumergumruh ing jawi sami gumuyu,duk wrin gulang-gulang prapti,
pinindha cina amungguh, myang encik tanapi ringgit, tan pamuwus iya patot (4) kang
lelewa sadaya nyada digathuki, bias karya sukeng galih, pantes sira wong puniku,
saenggon-enggon e pasthi, antuk sih ira wong agong (5) kang priyantun ageng alit
ingkang lungguh, duk wrin kang gulang kang warni, sadaya asuka guguk, anutug
astane maggalih, gumuyu ambata ruboh (6)kang sajuga gulang-gulang among
lungguh, nyenyenggaki langen gendhing, swara erek melar mingkus, awit rada
sakit mengi,menggeh-menggeh ngalap nyaor (7)yen asenggak nunjang gendhing
dadi semu, guyu seret esmu erik, nora dadi wagunipun, malah trep kalangkung manis,
karya suka kehing uwong (8) langkung pantes yen asenggak nyambi ngantuk sarwa
nyagak asta kalih, nyankukruk asenguk=senguk, lir patih ngastina nagri, tan ginapit
langkung rajot (9) sareng wancii pukul kalih wayahipun sigra sinung bukti sami, yen
andulu bujanipun karya eram mring kang bukti, ana kabeh kang tinakon (10) tan
Cinatur sekul ulam kongsi wudhu, nutug sakaliring bukti, tan anawinancak kayun,
yen dalu mangsakaneki, dene kadi sekar sinom (11) sareng luwar tuti samya para
kadang boten mulih, cinawisan kamar juga,neng ngriku sami aguling, dene sangparta
pekik lan den braja setameku, salatri datan nendra, wit ngeniken wau kalih, swaranira
kang calempung a wangawang. (1) Pathetan clempung kapyarsa, narecek kretkkret lir
jangkrik, gupamanggungpenethetan, thatheng nerdheng maweh brangti, cangci ulem
kumrincing, swaranira lir megat kang umur, buh rasane tan bias, ngrasakake
nikmatneki, bokmanawi punika nikmatan suwarga. (2)kang janma duk aneng donya,
alena katrima yekti, wus tan kliru panjingira, surupe kawula gusti, gya binekta mring
swargi, den rereayom surawadu, ringgit apsari uga, loka nonta sigra muni, gih
makaten kang niscaya rasanira.(3) Yen kena ha dipun tebas, away nganti keneng pati
nyandhing clempunge kewala, dug kenken wiryaning galih, ngiyon mangkono yekti,
osiking tyas kang kawektu, aranjan makasasar, nut kentaring paes gendhing kaolira
wau janma ywagawokan (4) Iku lakune kang keket, yen wus antuk duryat
widi,nanging yen partakusuma, meksa during bias ening, kedah masih gingsir, yen
renga clempung ngukung, gonjang ganjing gendhingnya, gambang main kendhang
kalih, buwang sampur tiba egong pancek gongga (5) Mangkana kang para mitra,
dungkap enjing bareng tangi, kang sarapan wus ramantya, wedang eh melek myang
kopi, lawan gorengan wasi, sekul gudheg ngundhung-undhung, sami bukti asuka,
dene duka rasami, sareng wikan urmate ki ageng taman (6) ageng alit para kadang,
miminta mring suksma adi, kang supadya sigra sigra, sinung pangkat ageng malih,
prasida angayomi, mring wong saka wlasayun, yen dulu kang nisduta wening kuat lir
jaladri, iya muga, den ganjara kang raharja (7) Ywana sakara-kara, mung sinunga
kang besuki, den tebihna poncabaya, sinunga panjuteng galih, agunga kang
rejeki,kinasihan mring hyang agung, limut namarang durmala, ywa lirip ngulah utai,
kang supadya awignam binapa nyapa (8) mangkana osikingkarsa, para kadang ageng
alit, kang papaom trusing nala, gya pratistha amring kyai, ageng tamanlangen
sri,jumurunga ing sakayun, dene sampun kacihna, linalutan kehingjanmi, nursing arja
suka lila sring sasama (9) begsi lir diyu giswara, pranjana limpatan keksi datan kena
jinajagan,lengeh-lengeh langkung wingit, wingitira piningit, pipingitan mring rahayu,
tumrape mring sasama, mangkono ucape sami, wau mitra pamit butar sowing-sowang
(10) ana ngalor ngidul ngetan lir kalesakentar warih, adhem jejet taman suka,
kadimentas wongkapatin, angenani mring piker, sukanira duk ing dalu, puwara
enjangira, suwung mamaprung temah sepi, lir suwarga, kaniran kang surareetna (11)
kyai ageng narigana, lan kadange sawiji, ki juru martini estha, manggung mawan
sabda kalih, kang supadya lestari, anggenira darbe kayun, kyai juru amojar Insya allah
yen kadugin, nanging yayi sampun limut ing karsa (12) satuhuning ing yang suksma,
boten nyega myang malangi,ingkapti saliring janma,amungkeda eling yayi, away supe
anggosti, dating rahyayi kang prelu ki ageng taman manubda nistayanikupinikir,
sampuntamat kyai kalih sami nendra.
Sampun titi, manawi wonten umur panjang badhe ngaturi malih.
Kasrat ping 27 Dulijah Je wongka 1806 Kula ingkang mantra Tuhu Punggungpun
Sawantah.
Ongka 5 Kemis kaping 31 Januwari 1878

Nalika dinten Kemis kaping 2 Januwari 1878 wanci jam 8.00 enjing, abdi dalem
priyantun dhistrik ing sapuluh, wasta mas Ngabei angunwarsita, tuwin sak
karereyanipun 1 Mantri 1 langsir, 2 demang, saha 1 bekel, sami katimbalan
ingpasamuwan pradata kabupaten kitha Klathen, awit kaparingan ganjaran saking
kanjengparintah geng, nagari jalaran anggening sampun katingal saget anyepeng
satunggaling konot bonggol kecu, wasta Wongsareja, inggih punika wongsareja
ingkang dados beuroning nagari mirudani saha saking sesingitdan lajeng ngecu ing
Nglawiyan, angrambyang dhateng sapuluh, delalah kacepeng sak barangipun mas
inten awarni-warni,para pryantun pulisi sak kabupaten sami katimbalan, mangagem
kulukan rasukan sikepan ageng, mas ngabei mangunwarsita, tuwin kancanipun mantra
dhistrik ugi mangagem kulukan rasukan sikepan, pramila prayantun sadaya sami
katimbalan supados sumereb paganjaran wau, dene ingkang dados ganjaran kados
ngandhap punika:
(1.) Panewu dhistrik kaganjar 1 iji dhuwung rongka ladrang kajeng candhana
pendhok swasa, mendhak jene (1) mantra dhsitrik kaganjar 2 iji erluji perak
kapergul jene (2) demang dhistrik kaganjar arta nyelangkung rupiyah demang
2 dados f.50. 1 Bekel ing patra arta seket rupiyah titi. Samsa

Ing nagari Surakarta ing sapunika ketingal gema ripah loh jinawi, utawi kadursilan
ageng sampunboten patos, awit encengipun angering kuwajiban, anjalari dados tata
tentreming nagari, wah isenipun tiyang sakelangkung dening kathah, tur monca
warni,pangraos sadaya radinan ing rinten dalu kebek tiyang lumampah anglur selur,
dene sadaya margi prapatan meh dados peken.

Saking wiraosipun tiyang sepuh ingang meningi kala jaman kina, salebetipun nagari
isenipun tiyang boten wonten ingkang nyameni kados punika, tur ing kina monca
nagari teksih lumebet kalamongsa,,,,,,,,,,dene inggih boten sami kalih sapunika
menggah kathah ing tiyang, --------------kalabujana ageng ing mangkunagaran punika
tiyang ingkang wonten saubenging cepuri katepsir kathahing tiyang kirang langkung
30000 tigangleksa jaler estri, dene menggah lelangen ingkang katingalan jawi lebet
sadaya penitur, angebati, ngantos para ahli dongeng, utawi para ahli kontha, boten
keconggah bilih angabarna dhateng sawarni ningali lalangen wau sadaya.
Ananging sareng sapunika, dadyaning tiyang mawarni-warni, jaler estri kebeg daya,
anggenipun murih ing arta boga, wonten ingkang mindha guru jati, saben ngemel
nunten kathah tiyang tumempel ambebegta rembel.
Wonten amindha pujongga kang langkung waskitha, aningalaken daya, supados
lmintuwa arta boganipun.
Wonten ingkang mindha pedhanyangan kasurupan ing bongsa lebet, tuwin amurih
dados penadaran ugi amurih daya boga.

Kabar kentheng
Wadyabala tontra Ruslan sampun nosok kitha Adriyanopel, Garnisunipun angunduri
dhateng Konstantinopel sang prabu Turki andhawahaken pangandika, para tiyang ing
kitha KOnstantinopel kinen sumeta angrasuk dadamel sadaya,murih angekahi
Aksagalja, praja Isaliyah sami atata rempit.
Panjurung kabar
Nalika dinten Saptu Paing tanggal kaping 26 Januwaripunika, 78, wancijam ½ 6
sonten, lepen dhusun WEdhi, uruting lepen Gondhang, punika banjir sakalangkung
ageng,peken ing wedhi sirna gusis, bango-bango sami karut ing toya banjir, ing
mongka nalika banjir ing ngajeng sampun karisakan, sak punika peken langkung risak
malih, sak derenging banjir ingkang nembe kantun puunika, sampun kaiyasaan
kabendung, ingkang kadamel bendung bagor goni, sarana kaisenan wedhi,
saklangkung kkah ilining lepen kailekaken sak lering peken, dados kailekaken
margiing toya lami, sareng kabanjiranpunika suprndosipun ingkang ler dhadhal,utawi
bendungan ingkang kidul ugi dhadhal, dados ilining toya paliyan, sisih ler akaliyan
sisih kidul, mongka wragatipun anggeing yasa bendung tuwan Gadhungan telas f.
2000. Klathen ping 27 Januwari 1877. Kula pun R.D.B. Sairan

Panjurungipun Jayengratmaka, ingkang kapacak ing pawarti, kamis kaping 24


Januwari, 1878 ongka 4, angandhakaken angening nganyut tuwuh bok wongsawijaya,
ing setattiyon Klathen, punika katranganipun saking pandameling kang jaler, awit
prakawis punika sareng prayantun dhistrik kutha, angisep-ingsep katrangan, kaleres
bokipun Wongsawijaya jaler, ingkang nungggil tilem sagriya klayan wongsawijaya
jaler setri, punika kapriksa ing parintah, matur blaka, anaming aturanipuntaksih
miring, dereng kaaturakencumemplong, suprandosipun pulisi sampun anggalih, bilih
anggening suduk jiwa bok wongsawijaya, kapandamel ingkang jalerm darunanipun
anjalari anggening bok Wongsawijaya nelasaken yatranipun kang jaler, ing mangke
wongsawijaya jaler sampun kinunjara.
Kasrat ing Sidaarja ping 28 januwari 1878
Kula pun Pratamengsari.

\========================
Nalika tanggal kaping 7 Januwari 78 lare nami Saminah saweg umur 4 taun anakipun
Sawijaya Plunthungan dhistrik Kutha, punika kacempulng ing kalen, sumerepipun
bapakipun dhateng ing sabin, lare sampun kemampul ing toya, jalaran dados
pejahipun.
Nalika tanggal kaping 8 Januwari 78 jam 3 siyang anakipun Tawijaya MOrangan
punika kasambering gunter,ngantos geseng, anjalari dados pejahipun
Kasrat ing mangunyudan ping 29 Januwari 1878
Katandhan pun Thole

\===========================

Mangkunagaran
Kala dinten Jumungah, ping 20 wanci pukul 12 siyang ing dhusun Gumunung dhistrik
ing Banarata, wonten lare jaler umur 12 taun wasta pun Jimin menek lo ingkng
manglung lepen Pepe, pangipun sempal lare dhawah lajeng keli, pinujonipun
konangan tiyang ngarit rumput, dados kenging kaentasaken saking toya,
samantenaanggenipun anulungi rekaos sanget, sabab lare wau ampun ageng, ananging
sanadyan dumugiing ngentasan sampun malembung suprandosipun sged lajeng
gesang, jalaran saking kaleresan pamulasaranipun.
\======================
Punika serat saking Bongsa Ingggris sangkanipun saking Konstantinopel
Ing Konstantine

Ing Konstantinopel ngriki dangu-dangu sangsaya angekahi, bilih, Prabu Murad boten
gerah engetanipun kados ingkang dipun umukaken dening ing kathah, malah
samangke wiwit para abdi kathah ingkang wungu katresnanipun dhumateng sang
pranu Murad sanadyan nagari sasaged-saged anasabi menggah kawontenanipun sang
prabu ingakng sayektos,suprandene maksa merejel para tiyang sami pirsa terang, bilih
prabu Murad sayektosakas dhangan tan beda nalika anjenengi dhadhampar dalem,
mila anggenipun solan salin dipun reksa, punika mratandhani murih anyirnakaken
isarat kang badhe tumindak angluwari saking kunjara dalem,kang monga dhasar kang
makatenpunika, mindhak andhangaken dhateng tiyang alit manawi dipun kikibi, aliya
saking punika, prabu Murad kakepang dening tetelik kathah, punika ingakng asring
angawrat-awrati warti, menggah ing kawujudaning sang prabu Murad, dipun jarag
kalintu ing pamanggih utawi maksudipun, malah sampun nate sang prabu dipun
garayang sarira dalem dening sawijining jaga bela, ngantos dipun oyog-oyog awit
sang prabu karsa jumeneng ngajengan jandhela kang panuju menga, ingkang
manglung ing lepen Bosporus murih anyegeraken sarira, kang mongka sawarnining
karerehan wau ingkang dunungaken, prabu ing sapunika utawi abdi dalem sekretaris
nama Sayid Basah.
Ing ngajeng saderengipun prabu Murad angrenggani kaprabon, kapinujon sang prabu
wonten ing kunjaran gangsal Akd laminipun nalaripun ginaib, mila lumintunipun
kunjaran dhateng kaprabon sakalangkung bedanipun ajalari ngremukaken engetan,
sareng kawandintenipun malih, ingkang pamandipun cidra ing tiyang, dene ilonipun
Jusup ingkang dipun bombing badhe kajumenengaken nata, punika sadaya sami iyeg
sakapti, andhawahaken dhumateng prabu Murad, sareng sadasa dinten malih abdi
dalem Minister PanOloh sarta boten lan sesaken ugi kacidra, tuwin kathah malih
ingkang dipun angkah pejahipun.

Sang Prabu Piyambak nalika samanten panuju gerah, nanging gerahipun utawi
panggaraping dhokter boten kapratelakaken, naming dhokter bongsa Itali
wuwulangan kina, punika ingkang bate anyanthuk utawi anjampeni mawi dipun
lintah, tuwin sasadipun iris-iris kapurih dhanganna sarana dipun damel kaluwen,
dangu-dangu sang prabu Murad sangsaya ngranuhi gerah dalem, nunten anjalari tuna
engetan dalem, wonteningkang damel dodongeng bilih sang prabu sakalangkung
remenipun ngunjuk, ananging ingakng kulina anyumerepi bilih kabar punika, tan
liyan naming panguman-uman dhteng sarira dalem.
Wonten juru tenggan griya gedhong para ingkang kapitunan engetan, punika dipun
jarak kapurih anyelaki sang prabu, lajeng purun angakeni yen sang prabu lajeng
ngandika, bab anyelehaken kaprbon sarta dipun wastani andaleming, makaten
tarekahipun par tiyang dipun anggep payakan bilih sang nata gerah engetan
ingsaehning wonten ingkang badhenipun astani, sinten ingkang purun purun
anggrayang sarira dalem, mila lajeng dipun santosani pakabaranipun sang prabu gerah
edan sanget, lajeng pinaksa dipun singitdaken dhateng kitha Kurbahni caket lepen
Bospurus lajeng nalika tangggal kaping 1 wulan Agustus 1877 para nata ageng ageng
dipun aturi pirsa,menggah gerah dalem suda ing rembag, tuwin singkiraken saking
kaprabon.
Yektos botenipun kokojah wau, boten dipun manah, nanging ingkang mathok leres
tan liyan naming kalia tanggal kaping 3 wulan Agustus pancenipun sang prabu
awaras- waris, nitih titiyan sarta tedhak masjid, para ingkang langkung dipun
wangsuli tabe, sareng tanggal kaping 11 Agusutus sang prabu ngarsakaken
ngulawisudha satunggaling guprenur ing Skutari wewengkon Albani, nama Basah
Mustaf, punika dangu anggenipun kakarsakaken imbalan wacana, ing dinten wau ugi,
sang prabu karsa aniti pariksa pemutaningpara durbrata ingkang sampun kacepeng ing
kitha Bulgari, dipun dangu satunggal-tunggal sarta wonten ingkang kaparingan
pangapura, salong dipun ukum kisas dipun timbang satunggal-tunggal pidosanipun.
Sareng kalih dintenipun malih tanggal kaping 13 Agustus wonten parentah menggah
panggarping tiyang gerah engetan
Taksih wonten candhakipun.
\================

Caryos warni-warni, Surakarta


Sanadyan dhatenging uwos ingkang saking ngamonca, mongsa punika kenging
kawastanan sepen ewa dene ing nagari Surakarta dumugi samangke boten
kacingkrangan amagi saking kamirhaning Tuhan, regining rijeki kenging kawastanan
sedheng, tinimbang wedalipun palawija utawi pantun ing taun kapengker punika
saklangkung cidra saking kekaranganipun sabab sakinglandhunging katiga,
pangaosing uwos sadhacin f.9 dumugi f.11, wektu punika tanah Paja sampun kathah
ingkang panen konca tani kathah pangajeng-ajengipun bilih boten wonten
sandhungannamtokaken badhe saged antuk sembulih saking kapitunanipun, katingal
saking anggenipun nenanem sarwa rosa, menggah lampahing sadaya dagangan nagari
miwah ing dhusun saklangkung kendho, anjalari kathah para garapan damelan
kapeksa nganggur, salebeting wulan Mukaram warsa Je nagari utawi ing dhusun
kathah ingkang alok icaling ayam boten kadosa, sarehning saben-saben wedalipun
wulan sae lajeng kathah Ba, ingkang mlampah onglang-angling dhateng
pakampungan inggih punika pakaryan ingakng saklangkung mayar, timbang
nganggur tur yen angsal kenging kadamel wilujengan suran, kaom mongsa sumerepa
boten, wonten kabar saking Samarang kalayan trang, manawi wilujeng boten kirang
sawiji punapa, benjing wulan mulud punika, namtokaken nagari Surakarta, badhe
kadhatengan kathah para nga,onca bongsa Cina,Koja,Arab, tuwin sanesipun jenis
sami ngangkah mrelokaken badhe ningali sekaten taun Dal ngiras pantes
anggelaraken wawadeyan barang dagangan ingkang peni-peni, ingkang sampun
dangu sami nggenipun nglempak, pancen manawi saged pajeng kasade ing rarameyan
gnriku, ananging wonten ingkang andadosaken cuwaning manah skaedhik, anjawi
saking karsanipun sanpeyan dalem ingkang andadosaken cuwaning manah
sakedhikm anjawi saking karsaipun sampeyan dalem ingkang sinahun tuwin kanjeng
tuwan residhen, pangajeng-ajeng utawi pamuhinipun para ingkang badhe …..tenaken
warung wau, bok inggih wontena sih kamirahan tuwin amarengaken paring
lilah….warung warung kantos sabakda garebeg, semanten wau ingkang pancen boten
adamel pakewed preluning para sowan bakda ngriku, saiba manambahi ramenipun.
Dereng ami ing dhusun siti Sewu Krapyak bawah pangrembe, wonten para demang
ingkang kenging prakawis polisi, amargi saking anggenipun kasukan kretu, ing
mangke kabar dereng rampung.
\======================

Kanti pandonga rahayu, tumeka amring sireki, Ngabei Suraprabawa, panyuwun ku


rina-wengi,ing gusti allah taala, lan kanjeng rasullolahi. Muga sakeh ing dosa mu
antuk pangapura nuli, ginanjara karaharjan enget langgeng sakpanginggil, kaekana
sasedyan ta,prapta jaman Akir benjing. Rukuna karobojomu, kongsi kaki nini-nini,
tumulya adarbe suta, jalu lastari basuki, adhuh babo bok ingiha, wuwuh nugrahaning
widhi. Bisaha suwiteng ratu, ala denirng para gusti, bendara lurah wong uwa, welasa,
sih trisna yekti, aweta tinungu begja, linulutan sandhang bugti. Ginanjara wahyu
luhung, tulus turun sugih mugti, kang candhakan lan cakepa, kabeh lampah reh utawi
miwah den sihana konca, kadang warga myang sasami. Titi pustaka pangestuti nulis
ring buda manis, ing salawe sasi sura, warsa dal kang nyengkalani,paman
mudarmasuwirya, muhiluhur ngesthi siwi.
\========================================

Nalika tanggal kaping 11 wulan Sura taun punika,wonten tiyang estri bakul ing
bawah Pakauman, punuju lumampah ing margi pakampungan ing carika sareng
dumugi ngajengipun Mas Mangun Atmaja, marginipun lunyu tiyang ngestri bakul
wau kapleset lajeng dhawah, daganganipun aliyala mawi inten ingkang wonten dariji
rentah malesat among karegi skeet rupiyah, ali-ali lajeng ical,dipun padosi wungsal-
wngsul boten pinanggih.

\============================
Nalika ing dinten Setu tanggal kaping 26 Januwari taun punika, wonten satunggiling
tiyang estri nebus gantosan dhuwung kaliyan sinjang ing pecinan sak ler Kreteg
gantung sareng dhuwung kaliyan sinjang samun dipun tampeni saweg badhe mantuk
wonten tiyang jaler dhateng menggangge cara bekel dhusun, tiyang jaler enggal
angrebat dhuwung ingkang mentas dipun tebus dhateng tiyang estri wau nanging
dipun rebat boten kenging kekah nggenipun nyepengi, ngantos ujeg-ujegan dados
rubungan tiyang kathah, cina kang nyerat I gantos sumerep lajeng krodha, tiyang jaler
kang ngrebat badhe dipun tandangi kaliyan para cina-cina, lajeng pun Juti lumajen
gsarwi wicanten mekaten ya wong ngrebut goleke dhewe kok ora aweh ya dhing
ngati-ati aku mengko bali karo gawa pulisi,muspra.
\======================
Punika candhakipun Cariyos Serat Gedhog, lampahan Panji Raras

Lawan maru-maruningsun, menek kasor dening mami, temah karya sak ing driya,
yayi reh ing palakrami, mungtemen-temen kewala, sapakon ywa nylayani. Sirnakna
arnalan rengu, anggonen yayi prayogi, ragil kuning duk miarsa, mesem sarya matur
raris, dhuh kakang bok ingkang limrah, kalamunjalma awestri. Rebut sih tinandhing
maru, yekti kedah angungkuli, samukawis ing kagunan supados kangge pribadi, tuwin
jrih marune samya, wrin tingkah kang anggebati. Mesem angling retna galuh, mas
yayi kurang utami, yen mangkono kadrawasan, widagda kaworan dhiri dudu jatining
utama, mesem retna ragil kuning. Entyarsa alo umatur, dhuh kakang bok mugi-mugi,
pun cubluk anglabetaa, ardetyas dahat kapengin, kadya pakarya pnika, reh
sumungkem gurunadi. Angandika retna galuh iya yayi sun wuruki, nanging sira away
corah,eh yayi pakarya iki, pangwasaning waranggana, dudupa kayaning jalmi.
MOngsa kalawijilipun,lawan away corah yayi, yen kagunan saking ingwang, sandika
dyah ragil kuning, sagsona sampun winulang, pratingkah sinom angrawit.
Kusuma Condra kirana, sidhiprananembadani, kawikyaning waranggana, sinungkem
mring rgil kuning pinanjingken jro g alih, retna ragil kuningjumbul, kagyat ing tyas
rumaras, sanalika sarwa wasis, datan kewran kautaman ing wanodya. Mesityas kadya
sinekar, sinanglir kang amaumpuni, ragil kuning mendhak nembah, umatur
angangsih-asih,dhuh ugi anumusi, pun cubluk mantun balilu, raosing dalem driya,kadi
tan kewran sakalir, estu lamun kawula boten katunan. Anglebeti mring paduka, tampi
kabegjan nglangkungil, punapa karya mangsulna, sih paduka kang kapundhi, retna
galuh, ling nyaris, yayi lamun mungguh ingsun, megsih geng piutangan, marnaging
sira mas yayi, kaya paran kalamun aywana sira. Wit ning onggakadya lola, ing
mengko sira nglabuhi, ingsun yayi ora nyana, sihing hyang anemu urip mas yayi ragil
kuningywa sira ngrasa pinunjul nadyan wusa bias, saniskara ing sabumi, away tinggal
satatataning jalma. Langkung sukanireng driya, kusumayuragil kuning yata dupi wus
antara, raratengan sarwa rakit, tinata langkung asri,munggenging balesupenuh,
wusnyaputrikaliynya, sigra amancal wani, wangsul marang jro gentong tanpa sebawa.
Kuneng Ni Dhadapan prapta lan jaka jangkung tan kari, Ni Dhadhapan kagyat mulat
sesajen awarni-warni dinulu langkung asri, nironggdha aceluk-celuk marang tanggane
samya, sapaweweh maran gmami, tetangggane kaura datan angrasa. Ni rondha
dhdheleg tan mojar, ki jangkung asru denynagling, sibiyung kaya kandhuwan nemu
begja pijer wedi, wong wedi menek mata, kamigilan pijer jringkrung kukup rail an
sirah, gendruwone ngiwi-iwi, cobak wani cewowo nenebas-nebas. NI Ronghda
meneng tan mojar tutukone gya tinitik, beras bumbu kalong samya nanging kalong
mung sakedhik tabet genya ngratengi, kaitik labeting latu, Ni Rondha ngunguning
tyas, sigra amanggih pambudi ayun wikan ing tingkah kalangkung samar. Yata
sawusira nadhah ing dalu prasamya gulingm nahan kawuwus enjang nidhadhapan
asru angling eh jangkung den agelis payo sunginen godhong mu, yen keri selak awan
ki jangkung agya anyunggi, andhingini ni rondha kantun kan…… Nyalimpet umpet
umpetan neng pojaok wisma angintip gedheg winengkang lon lonan kuneng
samancala warni, kasilipan udani, sagsona kusuma galh, lawan retna onengan, wus
warna manungsa mijil, saking genthong munggeng bale asiyaga. Duk nata saruning
wastra, lan karya tataning weni, arereh datan anyana, kalamunirondha ngintip
nidhadhapan duka uning, kamitenggengan andulu, cengeng kamedhap tesmak dupi
dangu nulya eling, tebah dhada waskitha kanadyanira. Yen keyong kang dadi jalma,
pawestri ayu linuwih,nirondha sigra lumajar, anjujuk megat ti kori, bapang lan kempis
kempis ngadhuh adhuh sarwi muwus lah iki kang nyeluman baya karo widadari, yen
manungsa saejeg during tumingal. Yata saliring kusuma, kabuth sigra snanduki, sarya
umadeg kalihnya retna galuh alon angling bibiyuwa langgalih, wruh akarsaning
dewagung, away baribin sira, kang mungguh sarira mami, lawan ariningsun
angengser mring sira. Nidhadapan duk miarsa,kadhepek ingjogan linggih, ula ningali
ujla, kang mindhag gebyar ing sasi, meh nembah tandya nuli, anyandhak sang retna
galuh, dhuh bibi ayuwa nembah, sarwi tangane tinarik, lunggyeg balereta galuh
angandika. Waler sangker bibirondha away kramaywa ngabagti, nirondha pinegsa
egsa, rereh nuluya mituruti, wit sinambrameng manis, wigyane kusuma galuh,karya
nir subasita, ni rondha gya mojar aris dhuh anira mas gusti tigas kawuryan. Katemben
mulat mring sira lir basmi senening panti lan rambah-rambah pangawasa, karya
pangunguning galih, dhuh weco anak mami, paran duk kamulanipun, dene keyo
mancala, dadiputri aluluwih, yen sawegca, ilang sandeyaning driya. Kusuma condra
kirana aris denira mangsuli, babasa tuhune ingwang, tan wruh mulabuka nguni, mung
kadadene iki, dadi manungsa satuhu, amrga saking sira, sumarma yen amarengi,
ingsun bibi tetepna satuhu amarga saking sira, sumarma yen amarengi, ingsun bibi
tetepna satuhu suta. Lawan ki ariningwang away tahata amardi, duduhna pakaryanira,
ingreh kapiutang urip ni rondha duk miarsi, tebah dhadhalan angadhuh, dhuh engger
iya iya,mugi sang bathara luwih, nulusena nembadani ing sakarsa. Lagya eca
paguneman,kasaruki jangkung prapti, laris godhonge wurtelas, ae-age gebol picis,
dupi prapta ing panti, kagyat mulat asru muwus lah biyung iku sapa dhedhayoh mu
wonging ngendi, ayu-ayu penganggone sarwa mubyar.
Taksih wonten candhakipun.
Ongka 6 Kemis kaping 7 Pebruwari 1878

Kabar kawat saking Eropah

Londhon 22 Januwari sang prameswari tanah Enggelan anyarirani piyambak


anglampahaken serat kawat dhateng sang pramiswari ing Ruslan angaliraken
angggenipun kanjeng sultan ing Turki angarsa-arsa tentrem kagalih makten wau
badhe anuwuhaken enggaling sinigegipun campuhing wadya bala.
Wadya bala Ruslan sampun angancik lajeng amangggen ing kitha Adriyanopel.
Para nayaka Turki samiangunjukaken rembag ingkanjeng sultan supados
angenggalaken lalampah ingkang anuwuhaken tentreming nagari,ananging bilih
prajanjiyanipun awrat sasaged-saged inggih amrayogekaken ambetahaken paprangan.
Londhon 24 Januwari Turki sampunanampeni saking Ruslan prajanjiyanipun badhami
ingkang awrat sanget ruslan anedha lintuning wragad perang, sha bilih dereg kabayar
wadyabala Rusla taksih mange ing Turki.
Londhon 29 Januwari, menggahprajanjiyan badhami wau in ngandhap punika.
Bulgari badhe madeg piyambak pusaraing nagari kaasta in gprabu ingkang angagem
sarengat nabi Isa, ananging taksih asok bulu bekti,
Rumeni, Montenegro, tuwin Serpi pethal saking Turki,
Bosni tuwin Ersegowinah sami madeg piyambak
Kathah kedhikipun waragad perang saking Ruslan dereng terang
Bab angrembag lampah ing baita, saking tanah liyan ing Sungapan dhardhaneleg ing
mangke kasarehaken rumiyin awit ruslan tuwin Turki sami abadhami, prakawis wau
kapasrahaken dhateng gelenging rembagipun para praja ing tanah Eropah sadaya.
Ing mangke wadya bala Ruslan angangsah dhateng kitha KOnstinopel inggih punika
kitha ageng ing Turki winastan Istambul.
3 Pebruwari wdya ala ing Nggriken lan badhe angangkah anglanjak dhaten gbawah
Turki.
4 Pebruwari bubukaning badhami kendelipun ing ngayuda sampun dipun
condhongi,pramila ing mangke campuhipun wadya bala sinegeg
Praja Ruslan sampun anyanggemi rembagipun praja Ostenreik anggelengaken
urunipun rembag para praja ing tanah Eropah sadaya.
\==================
Surakarta
Nalika kaping 31 Januwari kapengker punika, lepen Pepe ing Surakarta, wiwit ageng
toyanipun kumembeng kimawon, awit samanten jawahipun saklangkung deres,
pramila toyanipun lepenlajeng rob ngluberi dhateng pakampungan Krapyak utawi
bathangan, toya ngantos sadinten sadalu dereng lukak mila para tiyang kang celak
lepen ngriku enggal damel ranggon, bilih banjir yen kados ingkang sampun
kalampahan, wusana tangggal kaping 1 Pebruwari toya lepen lajeng surud.
Katandhan Begog.
\===========================
Surakarta
Antawis dinten wulan Januwari kapengker punika, kula miring kabar mas Jayeng duta
lurah kampong ing Ngadikusuman anakipun estri antawis umur 12 taun punika ical
boten kantenan kapadosan meksa dereng kapanggih, ing wusana sanesipun dinten
malih mas Jayeng duta miring yen lepen munggung bawah Mangkunagaran wonten
rareestri gulunipun katangsulan satagen kaangsalaken pathok tengah ing lepen ngriku,
ing wusana kasumerepan tiyang munggung ngriku, bangke rare lajeng karesikan
kaliyan ingkang kuwajiban munggung ngriku, sanalika mas Jayeng duta lajeng
ngalcak dhateng Munggung anakyinaken jisim wau, anamin gsampun kapendhem
milaklampahan mas jayeng duta lajeng dhudhuk kiwekasanipun yektos yen anakipun.
O ibata susahipun mas Jayeng duta wau, ing wasana kilap katranganipun.
Katandhan Ju Ru
\===========================
Katur panjenenganipun tuwan redhaktur ingkang ngarang serat Bramartani,Manawi
kagalih urup kauningan ing kathah cariyos kula ing ngadhap punika.
Mugikapacaka ng Bramartani, ingkang medal kemis ngajeng punika
Ingkang sampun kacariyos ing serat kabar rumiyin, ing mangke saking antawis
sampun kalih taun laminipun sautnggaling redi tanah ing Sembuyan kabawahing
kadipaten Mangkunagaran, awit saking dhawahipun ingkang kagungan kanjeng gusti
pangeran Adipati Arya Mangkunagara, kadhudhuk saha lajeng medal toyanipun,
ngantos sapriki taksih lestantun ilinipun saha amaedahi dhaeg ing ngatasing para abdi
dbngsa alit, toya wau sarehninganyuwanten gumrojog mila redinipun kaparingan
nama Ing Tirtaswara.
Sarehning toya punika ing ngatasipun amongtani prelu sanget kados saminipun
tatedhan ing ngatasing tiyang gesang, mila gusti kangjeng pangeran adipati Arya
Mangkunagara, dereng antawis lamia paring dhawuh malih dhumateng abdi \nipun
wedana panekara den mas Wiraasmara, sawarnining redi ing tanah Sembuyan,
ingkang sami embes tuwin ngetuk medal toyanipun, andikaaken bedhel tuwin
amiyaraken ilinipun.
Sasampunipun raden Mas Wiraasmara lumampah anitipariksa, manggih satunggal
panggenan ingakng dumunung wonten ing ngredi Kidanglayang, punika wonten
toyanipun anymber, lajeng kadhawahaken andhudhuk, dupi sampun antawis lebet
pandhudhukipun jedhug ing guwa, panjangipun 4040 wiyaripun 7 kaki, ing ngriku
toyanipun gumorjog medal tigang panggenan,, agenging toya saking satunggal
tunggling panggenan saking kinten-kinten wonten 6 dim pasagi.
Toya wau ing mangke sampun kenging kaangge para tiyang tani, kadamel angurit
winih pantun, saking antawis anyekapi kangge sabin sorotan kirang langkung 500
bau, dene redi punika saking karsanipun kanjeng gusti, kaparingan nama ing
Tirtauapaya.
Prenah saler kilenipun ing ngrdi tirtaupaya, wonten redi malih kawastanan ing
pancuran sarehning punika ugi wonten embes-embesanipun mila inggih lajen gkinen
ambikak, sareng sampun kadhudhuk angsal 10, kakilebetipun panjangipun 160 kaki
toya lajeng medal, kathah kedhikipun katimbang kaliyan ing tirta upaya, antawis tikel
tiga.
Sakidulipun redi ing Tiryaupaya, antwis 2 pal tebihipun wonten redi malih ing salam
punika inggih kadhudhuk saha lajeng jedhug ing guwa panjangipun 170 wiyaripun 5
inggilipun 3 kaki, ing ngriku wonten umbulipun agenging toya 2 kaki pasagi,
wondening guwa wau mawi anywara gumledheg.
Redi kakalih punika, saking karsanipun kanjeng gusti sami kasantunan nama ing
pancuran kaparingan nama, ing Giriwaya, ing Salam, ing Tirtasebawa.
Toyanipun redi kakalih kasebut ing wingiking wau, ing mangke ugi sampu nlajeng
kangge para tiyang alit anggenipun sami angurit winih pantun, dene para abdi bongsa
alit ingkang lumebet dhateng ing guwa sami kaparingan ganjaran warni arta tuwin
pangange sapangadeg. Kaserat ing Surakarta tanggal kaping Januwari 1878 Kula pun
Angsung pawarta.
\==================
Pakabaran
Wonten satunggaling tiyang estri wawrat sepuh, anama Priyasemita ing dhusun
Karang Gumuk bawah kabupaten Wanasari (Ngayogyakarta).
Dereng watawis lami bok Priyasemita kekesahan wasana nalikanipun lumampah
karaos badhe gadhah anak mongka enggenipun lumampah tebih sakin gpagriyan
jalaran punika sakalangkung bingungipun bok Priyasemita, temahan kapeksa manak
boten mawi caraning manungsa, among akaliyan ngadeg kemawon.
Sasampuning bayi lair saking guwa garwa, bok Priyasemita enggal anyandhak lungka
kadamel nuthuki anakipun saha kaselehaken sangandhaping wuh, nunten dipun
linggihi, suwawi kagaliya pun bayipejah punapa boten.
Teka andadosaken eraming tiyang, dene bok Priyasemita anunadukaken panganiaya
ingkang nyaleneh, kinten-kinten bayi wau punapa tumuwuh saking babedhangan O
Allah, sanajana mangkaten rak inggih boten wenang yen dipun niaya murih dados
warananing kawirangan. Sumongga ta dipun bataga, ingkang lepat punapa bok
Priyasemita, punapa anakipun.
Awit saking mbok Priyasemita anglampahi kadurjanan angimpes anakipun sapunika
sampun kinunjara, anelakaken badhe tampi paukuman, ah punika kenging kacipta
wawalesing bayi dhumateng bok Priyasemita. O punika saweg wawales ig dalem
dunya, dereng wawales gagantunganing ngakerat mila ingkang ngatos-atos kemaown
mbok Priya Semita.
Katandhan Purbapawarta ing Sonyasana.
\======================
Raden Saleh ing Pakualaman (Ngayogya) ingakng sampun gadhah panuwun dhateng
Ng(A)ceh boten angsal klayan serat kakancinganipun Kanjeng tuwan Jendral
Ktitimangsankaping 23 Agustus 1877 ongka 321 ing kangke badhe dhateng
Samarang, sumedya tumut lumebet dados awak awaking baita dagang.
\======================
Punika candhakipun serat saking bongsa Inggris sangkanipun saking konstantinopel.
Sowaning kadhaton kapurih animbang raos menggah ingkang dados remukipun
angen-angen dalem, dene sinten ingkang darbe parentah makaten wau boten terang,
ananging parentah punika kekah amastani, manawi sang prabu boten gerah, ibu
dalemprabu Murad Mundhut tondha matranipun bilih sang prabu boten gerah, inggih
ugi dipun aturi pratondha.
Wasana sanadyan sampun yakin bilih sang prabu ing saestu boten gerah, wonten
priyagung titiga ingkang anteb sasanggenipun, 1 basah mikad, 2 grutpingsir sarta 3
Sayid Olisalam, punika sami sae kabrata amambengi, murih sang prabu anyelehna
kaprabon ingkang dipun damel gegaran tiyang sampun boten saed ngapilaken
sembahyang, punika boten kenging kalestantunaken ngasta pusaraning praja.
Dene sang prabu Murad punapa yektos gerah makaten utawi botennipun, tanpa dipun
titipariksa, sasadipun kiyuk kemawon, lajeng dipun anggep, lajen gdipun anggep
yektos gerah, Eropah boten anyaruweni, mila dipun damel sakajeng-kajeng.
Wonten dhokter nama LIdredhorep, punika tumut ambau kapine, sowan ing kadhaton
sarta amambengi sawarnining abdi dkang badhe sowan tinjo, kenceng anggenipun
angreksa sampun ngnatos areraketan kaliyan tiyang sanes, nalika samanten sang
prabu dipun angggep kinunjaran awit gerah engetan, ing samangke maksih kinunjaran
awit boten kagungan gerah, makaten kawujudaning sang prabu Murad anggenipun
kasangsara, ewadene ing sarehning sang prabu awaras wiris mila saestunipun wajib
angrenggani kaprabon ing praja gung Turki, mila pantes yen Abdul hamid lan
mahmud dhamad sakayangipun amastani bilih sang prabu saestu gerah engetan, ewa
dene ing prajagung Turki wonten panguwasa ingkang ngekahi sanget, dene ingkang
kawastanan panguwasa wau, inggih punika sopta, anyempal dados kalih guyuban
dene ingakng anteb piyambak punika sakalangkung boten anecegi dhumaten glampah
pangroda paksanipun sultan sapunika utawi dhateng ipe dalem.
Taksih wonten candhakipun.
\===============
dongeng enggal, ing dhusun Siti kalih atus bawah kaprajuritan Jayengtana, samangke
kathah ingkang ngresula, saking beya wragadipun tiyang lakirabi, amragi ajining
srakah sklangkung nggenipun awis makaten kyai pangulu boten suka, yen kasuda
asaking sete kemawon.
Dereng dangu wonten salebeting wulan Besar Je, wonten tiyang nglakekaken
wajibipun antuk lare sasamiing dhusun ngriku, sampun saestu boten nilar adapt
caranipun tiyang jawi, sareng kyai pangulu sampun dhateng lenggah, tumunten
ingkang gadhah wajib anjawab (wali) tembungipun mila sampeyan kula aturi rawuh
ing griya kula, prelunipun ingkang manawi pareng kula aturi aningkahaken, lare estri
nami anukalih lare jaler nama pun Anu, pangulu wangsulanipun sae, among miturut
ingkang dados dhawah kula, wali wangsulanipun sandika. Anaming sarehning
panedhanipun mukal boten limrah kadi ing padhusunan sanesipun dede murwart
sapakatipun tiyang alit wali lajeng boten nyuaweni, kantos ados ngudur seru. Ing
ngriku pangulu lajeng amanggih akal dadakan ing knag makolehi gampiling antuk
arta kathah, tembungipun sarehning bocah wdoniiku kula boten weruh ing nalika
sunatem kang pun dadi kalumrahane aagama Islam mulane saniki kula kudu kudu
ajeng niliki dhewe mungguh amale bocah wadoniku, supaya kula bias nuyekseni,
temen spuna sunat lan derange, wali sanalika kaweken lagi tumon kiye aku, wondene
para titiyang ingkang wonten ing ngriku ngantos mandongong, dangu-dangu,
gumujeng kantos boya saged ngampet ing batos gadhah wicanten lo, kok lucu, kyai
panglu apa arep kapengin ngajak cilukba. Sarehning pun Wali dereng nate sinau
beselat kados kyai panglu, wah nandhang kaisinan makaten inggih lajeng boya
ngetang gantosaken bendhonipun lajeng asok kropyak, sasampuning ngraosaken
nyamleng, tanpa pamit lajeng kesah blenyeng, kabar pancen kalebet tiyang blater.
\======================
Panjurung
Kula mentas wiraos kaliyan bongsa kulit pingul ingkang kula wiraosi nalika cariyos
jaman pajajaran kacariyos nyai Ratu ingkang ngedhaton ing SEganten kidul punika
angsal putra ing Pajajaran, lajeng dados retuning bngsa seluman, utawi putra
Pajajaran malih nama Prabu Mayanggada, punika kacariyos kawon prang kaliyan
Welandi Sepanye, lajeng mugsa prabu Mayanggada, jumeneng retuning seluman
wonten ing ngardi Marapi, salintangipun punika kathah kemawon cariyos ingkang
makaten punika, mila ngantos jaman samangke tiyang jawi tegsih kapara kathah kang
ngugemi, bilih kang Asma Jim prayangan perasetan, musthi kaanggep wonten dene
bongsa kulit pingul makaten punika dipun ugemi musthi boten wonten dados kula
piyambak sakalangkung pakewet anggen kula ngraosaken in wusana mugi wontena
prasarjananing bramartani asuka akatrangan kang sayektos.
Katandhan Bapakne Arimurti.
\===========================
Punika candhakipun Cariyos sert Gedhog Lampahan Panji Raras.
Ni Rondha gupuh saurnya, eh jangkung ingsun tuturi, ki tabok ayunira, roro sutaning
sun iki, lunga sangkaning cilik,lagi mulih mauesuk, sira during kelingan, kijangkung
mojar abekis, apa dadak iku anakmu temenan. Yen satuhu sutanira, dene beda lawan
mami, iku roro warna endah, ingsun alalan wong cilik, ni rondha dhaduk miarsi,
gumuyu sarya sru muwus, jangkung sira weruha, kamula bukane nguni, marma sira
iku warnanira ala. Ingsun duk ngidhamken sira, nguntal pucung wutuh siji, wit banget
kapengin ingwang, lir sengkala anggarbini, mengko temanh nuhui, warnanira memper
pucung, ki Jangkung mojar bentak, sira biyung salah kardi, lah jawane mengkono duk
wijil ingwang.
Jaka Jangkung mojar lamagkerik eh wong wadon roro, apa temen sireku anake, mring
si biyung ora ngandel mami, apa siraku anake, apa sira apti, ngaku kadang mring sun.
Sru gumujeng retna ragil kuning, gya umadeg apon, saryangrangkul mring ki
Jangkung age, nabda pageneya ari mami, ora salahkapti, wong darbe sadulur.
Rupamono karsaning dewadi, jer sadulur ingong, dhasar lanang mung siji
dheweke,jaka Jangkung amiarsa angling, eh eh iku yekti sira bok ayuku. Eh bok ayu
welasana mami, dene raganing ngong, tarimanen rong dhung lowung bae, dadi cager
ana den wedeni, retna ragil kuning mesem ngajak lungguh. Ngarepintu mapan
samilinggih, rumesep tinonton, jaka Jangkung Cinandhak ing kete, gya binuka sarwi
den petani, nirondha ningali, mesem sukeng kalbu.Jangkung mojar biyung kadang
mami, simbok ayu roro,lah ta sapa dhek biyen jenenge, rehne aku biyung during
eling,nirondha nauri,iku bok ayumu. Ingkang tuwa silimaran nguni, bakayu mu kang
nom, aran silakatangi mulane, ramanira ingkang [[ama rabi, wus mangkana nuli, agya
retna galuh. Karsa lekas arsangraratengi, lawan ngandika lon,lah ta bibiyen panuju
tyase, ingsun tukokna kapas kang becik,myang jontrakikisi, saput rantinipun. Ing sun
ngantih darapona bibi ana pekahingong, ala nganggur kinarya sesamben, nyai rondha
suka mituruti,gya dandan wus rakit, mring pasar agupuh. Jaka Jangkung tinilar, kepti,
ni rondha gya minggok marang ngujung supama jujuge sampun prapta marek mring
sareksi, sang wiku mangihi, angandika arum. Ana paran eh dhadhapan prapti,nirondha
tur nyalon atur wikan kawula wiyose, wuku lun keyong kekalih nguni, mangkya
dadya jalmi, kalih warna ayu. Wit rumaket amba ambil siwi, samya kapinujon, lawan
sampun nuwuhi bejane, sang pandhita mesem ngandika ris, sokur iku becik, lah
tetanya ingsun. Sutanara kowehi wewangi, bocah wdon roro, ni dhahdap nembah lo
nature, inggih sampun ambapa parabi, kang sepuh respati, pun limaran wungu.
Ingkang anem pun Silakatangi, sampun sami condhong, sang pandhita gumujeng
delinge, becik temen gonmu memarabi, eh dhadapan mami, weh pusaka unjul. Weneh
ena suta muro sami, konen padha nganggo kancing gelung ywa pisah samene, sang
pandhita sigra denya ngambil,kacatur ing tulis, awarna cucundhuk. Kang satunggil
kancing cundhamani, nguni kacariyos, dewi wilutama kang adarbe, kocap cundhuk
wigya dadya agni, dene kang satunggil paparing hyang Guru. Sami darbe prabawa
linuwih, sakrsanya dados nulyua cundhuk pinaringken age, nyai rondha tampi us
wineling, wijanging pambagi,lan pitungkasipun. Eh dhadhapan mangakta tumuli,
lawan wekas ingong, ingsun melu ngambil suta bae, lamun ana karya ingkang gati,
tutura tumuli, marang jenengingsun. Ni Dhadhapan lenger awotsari,lampahnya
smarang pasar ni rondha jujuge, jalma wade kapas gya mimilih, wus kadadyan regi,
mung tuku sak bandhul. Para bebakul prasamya angling, dhadhapan sak mengko,tuku
kapaslahen di godhonge, ni dhadhapan saurira aris,lagi ewuh mami, kinongkon anaku.
Bocah wadon roro padha prapti, mentas angeloyong, jaluk kapas ngantih
dhedhemene,lowung lowung menek dadi jarik, yata wus micisi,ni dhahdpan mantuk.
Lampahira agya prapteng panti, wau sang lir sinom, agya mapandhadhapan praptane,
katon kadya siwi kang sayekti, nirondha gya nganbil,gegendhonganipun. Sinelehken
sarya muwus aris, engger sutaning wong, oleh kapas mung sak bandhul kiye, gonmu
nganteh engger yen wus mangsil, gawe banyu mili, adol sambi tuku. REtna limaran
mesem nauri, gampang kang mengkono, nanging bibi karsaningsun kiye,luwih becik
yen adiya jarik,mundhak kehing regi,yen lawone alus. Sokur pisan lamun dadi bathik
nirondha lingnya lon, engger iya ingsun nurut bae,eh limaran babo anak mami,
tampanana iki, kang warta cucundhuk. Loro sosotya saking sareksi,sira kinen
nganggo,siji sewang lan ari mukuwe,yata cundyhuuk wus katampen sami, sotya
cundha mani, kagem retna galuh. Duk pinasang estu busanani, cahyane sumorot, retna
galuh mundhak sakalire, miwah sira retna ragil kuning cahyanira salin prabaweng
cucundhuk. Nyai rondha suka aningali jaka Jangkung jmblo,mojar biyung sibok ayu
kuwe tena wuwuh ayu anjekining baya ingsun iki, yen nganggowa bagus.Eh ta
biyung, lamun kowe bali, lah jalukna ingong,cundhuk kaya sibok ayu kowe, yai
rondha gumuyu nauri, iya tole becik lamun noleh sokur.
Tasih wonten candhakipun.
\=====================
Ongka 7, Keis kaping 14 Pebruwari 1878

Kabar kawat saking Eropah


5 Pebruwari: Ostenreik angaturi para praja, ingakng kalebet ing peperangan ageng,
sami agelengaken rembag ing kitha Wenen
Singaura 6 Pebruwari kajawi Ruslan sanesipun praja Sami anyondhongi prembagipun
Ustenreik wau.
Rumenia mambegi karsanipun Ruslan angendhih tanahipun tuwin tanah Besarabi.
Turki anyantuni para nayakaning praja
Wadya bala Grikenlan sampun angrbat kitha Domokse
Rome 8 Pebruwari Imamipun agami Rumese surud
Londhon 8 Pebruwari wadyabala Grikenlan tampi dhawah anyigeg anggenipun
malebet ing bawah Turki
Para praja sanes sami angaturaken pamrayogi, arumeksa dhateng bawah grikenlan
ingkang sisih ler.
Istambul 8 Pebruwari, anyondhongi pranatanipun sinigeging paperanganwadyabala
Turki sami angothongaken sadaya beteng sajawinipun kitha, ingkang lajeng sami
dipun iseni wdya bala Ruslan.
\========================
Nalika ing dinten Isnen tangal kaping 11 wulan taun punika, siyang wanci jam tiga,
tuwan Philip ingang ngarang srat kabar Bramartani, sampun dumugi ing janji, dene
ing mangke sampun sami acondhong ing rembag ingkang anglajengaken
pangarangipun serat kabar bramartani tuwanMudhi jurubasa tembung jawi.
Menggah panjenenganipun tuwan ingang ajal wau, sanadyan priyantun sepuh,
ananging taksih majeng dhateng kawajibanipun saha sanget pangudinipun dhateng
tembungjawi, pramila kathah ingkang sami gadhah manah owe ling sumanten wau
satitah punika, naming wajib sumngkem dhateng takdiring Allah.
\=====================
Semarang
Nalika Akad sonten wanci jam enem mas Cakradipura sosoran jeksa ing Semarang,
amanggih uwang gopok wonten tanganipun tiyang aasta pun Wongsa, ugi kaaran pun
Mingu, saking ing dhusun Karangbranti, sareng koncapulisi anggaledhah ing
griyanipu amanggih uwang gopok malih, pramila kakinten bilih pun Wongsa gadhah
konca ingakng adamel uwang gopok wau, sarta sami amanggen ing dhusun
karangturi, sarengkalanjak dhateng pagriyanipun dening tuwan AsistenPUlisi, sarwi
kadherekaken mas Cakradipura, kagaledhah yektos taksih manggih uwang gopok
sartapirantosipun adamel uwang wau, warni cithakan tuwin sanesipun.
Ing LUmajang bawah Basuki wonten saweneh tuwan ingkang kaangkah dhateg
juruipun masak badhe dpun upasi, menggahprakawis wau sampun kacihna, amargi
upasipun kapanggih sampun kauwor, kalihan pohan tuwin wedang kopi, ewadene pun
Juru masak boten kaladosaken dhateng parentah, mandar kaparingan sangu satus
rupiyah,lajeng kinen kesah, awit kamanah bilih prakawis kaladeosaken mongka kados
pundit analaripun pun juru masak kaluwaran sarwi kacirenan dhari prakaranya kurang
sampe ternag,lahpunika kasaestonipun tiyang malah badhe mingut-mingut dhateng
tuwan ing wekasan badhe boten sae ing kadadosanipun lalampah makaten wau
ingkang karsa mugi kabatanga, punapa awit saking jugulipun tuwan punapa amargi
anggenipun boten amituhu dhateng pulisi.
\======================
Surakarta
Kanjeng Gupremen sampun ahdawahaken pranatan bilih bongsa Cina ingkang
dudunung ing bawah Surakarta tuwin ing bawah YOgyakarta, wiwit ing taun 1878
sami kadhawhaaken asok paos pangaotan.
Ing mangke jawahipun wiwit angrece, amurugaken segering bada tuwin tutuwuhan
sami katingal angrebda, ananging andadosaken kathah radinan ingkang jeblog
ingkang punika bilih nagar boten enggal andhawuhaken anyaeni, tamtu badhe
kalajeng dados leleran.
Para titiyang kiwa tengenipun ing dhusun Baki, sami angajeng-ajeng mugi nagari
karsaha anggalih saenipun kareteg ing Kadahwung, awit badhe amikantuki dhateng
para alit ingkang sami upados pangupajiwa malebet dhateng nagari, boten katebihen
anggenipun lumampah,supados wangsulipun taksih kasaid ing padamelanipun sanes.
Ing kampong Loji wurung wonten para tuwan kakalih, griyanipun sami kalebetan
pandung, menggggah barang ingkang ical ngantos aregi,220 rupiyah, dumugi
sapunika dereng kapanggih lacakipun.
Pancen ing mangke pakampungan ing ngriku ragi resah, awit kapalanipun sapunika
angadegaken saengga kados koplak makaten kadamel pondhokanipun konca dhusun
ingkang bilih siyang sami kalekaran boten anyambudamel dalu anglembara kados
codhot pados wowohan pramila para priyantunpulisi sami dipun autri,anyidikaken
prakawis wau,s upados saged anindakaken ingkang kedah linampahan.
Griya celak kunjara kakersakaken dhateng kanjeng gupremen katumbas saha
kapirantosan kadamel amulasar pasakitan ingkang sami sakit tuwin para tiyang
masakat ingakng kapanggih sakit wonten ing margi, menggah punika sanget
amikantuki, cuwanipun ing pamuji wdhokter ingakng kapatah anggarap pasakit ing
griya au naming satunggal mongka dhokter wau ingggih anggarap sasakit in gbeteng,
dados badhe boten kasaid ing damelipun embok ingggih kanjeng upremen karsaha
amaringi babantu dhokter malih.
\===========================
YOGYAKARTA
Sanadyan kecuingkang sami kacepeng, ingmangke saking dhawah karampunganipun
pangadilan sami kapatrapan paukuman gantung, ewadee asring asring ktaksih wonten
kecu, mentas punika tiyang dhusun ing Nitiyan bawah Kalasan wonten ingakng
kalebetaken kecu, ngantos kenging barangipun aregi 3127 rupiyah.
\===========================
Patrap ing kina ingkang kawedharaken ing serat kabar Mataram ingkang bilih
katandukaken kados kados saged anyirnakakenlalampahan kecu, kadosta:
Nalika suwargi Kanjeng Tuwan Jedris Mihilse, angasta panguwasa wonten ing pulo
Sumatra, ingang sisih kilen, ing tanah ngriku kathah tiyang awon ingkang sami
ambarak kewan kanjeng tuwan Jendral sanget anggenipun manggalih sirnanipun
lalampah wau, pramila lajeng animbali bupati ing ngriku,sarwi angandika Manawa
sira sajroing pitung dina, ora bisa angaruake wongkang padha ambarak kewan utawa
nyanyagole masthi manira anggalih Manawa sira ora bias anglakoni kawajibanira,
bupati warninipun ing ngajeng boten pisan amanah dhateng prakais wau, ing
sapengkeripun tigang dinten wangsul sowan saha sampun saged angaturaken
katerangan manggenipun bengoling para tiyang awon wau, kanjeng TuwanJendral
ingakng cekak ing rembagipun lajeng andhawahaken sawatawis prajurit ing
ngandikakaken anyepeng benggol bilih benggol boten purun anutut kinen anelasi,
kapundhut lumadosing endhasipun kemawon kalampahan sanesipun dinten
tatindhihipun para prajurit wau, sampun wangsul sarwi ambekta endhas tiyang, sareng
endhas wau katitik dhateng bupati, sampu leres bilih endhasipun benggol lajeng kinen
ananjir sarwi kapasangan undhang-undhang, sinten sinten ingkang ambarak kewan
sampu katamtokaken dipun patrapi paukuman tanjir, wekasanipun ing dalem
salangkung taun ingkangkapengker boten wonten kewan ingang kabarak, punapa
kasebut ngajengpunika boten kenging yen kadamela tuladha.
\=======================
Panjurung
Nalika tanggal kaping 12 wulan walandi ingkang malampah punika, ing dalem
Kamangkunagaran wonten pasamuan ageng, amarengi tingalan dalem wiyosan
Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara, tetep yuswa 68 taun, menggah
sanesipun kanjeng tuwan Residhen kadherekaken para tuwan tuwan sawatawis
ingkang tumut anjenengi pasamuan wau, panjenengan dalem Kanjeng Gusti Pangeran
Adipati Anom sarwi kadherekaken para gusti sanesipun tuwin abdi dalem para ageng-
ageng konduripun para tamu wanci jam tiga siyang.
Sarehning Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara boten kendhat
kendhat angggenipun kagungan karsa amangunwawengkonipun pramila pamji
pandonga mugi mugipinanjangna ing yuswa.
Sinengkalan pamuhi luhur esthining abdi
PunTrisna
\=============================
Kula manjurung Bramartani,mugii lajeng kapacaka, dipun gelarna ing dintenKemis
ngajeng punika.
PasangggrahanDalem ing Langen Arja, wonten wit nognka satunggal, taneman nalika
teksih dados dhusun, sapunika dumunung wonten saleripun dalem
Pasanggrahansalebetipun epuri gengipun wit nongka katepus tepung gelang 2
kaki,7dim sapunika kanuju awoh teksih gori, 5 iji, medal ingpucuk pating garandhul
kados pelem, ingkang tiga dados sadho,pol, genginipun kang ageng katepus tepung
gelang 2 kaki,paosipun 1 kaki,kang alit gengipun 1 kaki, 8 dim, paosipun 10 dim
nongka wau ingngajeng sampun nate awoh, limrah kados who nongka tumemplok
nguwit para priyantuningkang badhe nyumerepi kenging lajeng dhumatenga ing
Langen Arja.
Katnadhan Lurah Juru Kebon ing Langern Arja.
\=================
Nalika dalem Senen tanggal kaping 8 wulan Sapar taun dal punika, wanci conten jam
satengah 7 kaprenah sentananipun Ngabei REsa PRaja, abdi dalem panewu kaparak
tengen, ing nagari Surakarta, tiyang jaler nami Sama Sesmita, watawis umur 30 taun
jju lenggah wonten baturing pandhapi, pernah tritis emper ler ragi celak saka ingkang
tengah iringkilen,patraping lenggah mawi ngrangkul dhengkul anyedhereni gedheg
slukatan, asamsemita wau sumerreb tiyang setri wani ngumur satengah sepuh,
jedhulipun saking pocot pandhapiingkang iring ler wetan, lumampah mangilen nurut
tritising pandhapi, lampahipun sarwi nywelaken keben, sareng dumugi celak kaliyan
anggenipun linggi Samasemita wau, watawis among, 8 kaki, tiyang estri wau katingal
gumebyar, urubipun saengga obat watawis saangkir gocek dipun sulet, swaranipun
jumebret sora kadya swaraning mariyem kang mungel dipun celaki,tyang estri
musna,Samasemita wau anggenipun linggi ngantos malsat, jebolaken gedheg slukatan
ingkang dipun sendheni, tangsulipun gedheg sami rantas, tlumpahipun gedheg sami
rujat, melsatipun Samasasemita ngantos dumugi skaguru pandhapiingakng ler kilen,
dhawah wotnenkameja dhepok, sareng katuwenan saking salebeting griya,
Samasemita lajeng dhawah enget, dados sadangonipun kamitenggengen lajeng sami
lumabet ing griya, sukonipun Samasemita sami babak lajeng dipun paremi,lajeng
sami nedha sarwi gugujengan, punapa dene sami ngungun,rumaos menawi
Samasemita waku badhe sinamber ing gelap, rehning punika tiyang paitan wekel sarta
temen ingkang sampun dipun lampahi, dados manggih wilujeng.
\===========================
Punika candhakipun Cariyos serat Gedhog Lampahan Panji Raras.
Yata lekas sang kusuma kalih, anata pirantos, kocap sampun pepak abahane, kacarita
pangarape panguni, denira angantih sang kusuma galuh. Saben sendhet pisannuli
mangsil, sakedhap kemawon,nundhung-undhung atusan benange, kapas wutuh mung
kalong sakedhik, ni ROndha ningali,jomblo getun ngungun. Jaka jangkung ngadeg
asisirig, bapang megal-megol, mojar biyung sira bakal sugeh, dene dola tikel sewu iki,
ah nyata linuwih, roro sinyok ayu. Kuneng kendel denira angantih, benang wus
ginodog, wus nya dhateng ngrakit tenune dupi nenun sang kusuma kalih, saben sen
geg siji,lawon wus sak gulung. Dadya senteg pisan anigasi, tan pantara dados, pirang
kodhik kinumpuk lawone, nyai rondha wuwuh tan bias ngling, ki Jangkung ngucemil
dhengdhung nembang pucung.
Dupi sampun sang retna denira tenun gya pasangg tawangan sang retna lekas
ambathik, pembathike lawon siji sacoretkan. Laju terus warnaning bathikan manut,
karya warna-warna, ing sakedhap netra dadi, wusnya nulya cinipta dadya babaran.
Lawon alus anggrawit bathikanipun lir yangyanging wastra, tananaingkang nyameni,
maya-maya gonad rum lir reratusan. Wusnya rampung sang retna ngandika arumn,
bibisira dola, sakehe wastra diadi, nyai Rondha anjumbul mojar lah iya. Sak karsamu
engger engger ing sun turut, kowatesi pira, rereegane jarik siji, snag dyah nabda, bibi
mundhak rega, sira tan nganggo ngregani, rondha nabda,engger iya engger iya. Ya tan
nganggo ngregani, rondha nabda, engger iya engger iya. Yata dalu kuneng enjingkang
winuwus,ni Rondha mring pasar,lan Jaka Jangkung tan kari, geg tawa desa sunggen
lan sagendhongan. Dupi sampun praptengpasar lampahipun, wadene ginelar, cingak
kang sami ningali, ing wusana para bebakul kehprapta. Jejal rubung,katemben deninra
dulu, asreg rertebutan, samya tetanya gumriwis, eh dhadhapan jarik siji rega pira. Gya
sumaur lah anyangngen sekarepmu, tandya bakul kathah, anganyang ganti
ngundhaki,jor rejoran kang saweneh ana ngucap. Sira iku dhadhapan kaya wong
busuk, norta gawe rega,nanging bakal sugih picis, awit wade iki aneh ing saka praja.
Marma muluk mendah warnane wongipun, kang darbe bathikan, pesthi yen ayu
linuwih, eh dhaddhapan wade iki songka sapa. Kya sumaur wade kang gawe anakku,
lagi padha teka, banjur jajal jajal bathik, kuneng wade yen wus dugi ing panganyang.
Nulya sinung kang onja panganyangipun, ing sakedhap telas picise kongsi sarinjing,
nidhadhapan sumlengeren dulu arta. Para bakul megsih kurang sami muwus, eh
dhadhapan apa wademu ing wisma misih,lamun misih aku sesukpadha mrana. Muwus
anthuk ijeh akeh wade iku, sesuk paranana, yata nidhadhap panuli,mawa buruh
denira ambegta arta. Lan tutuku nempur midhe bumbu-bumbu, wusnya mantuk sigra,
lan jaka Jangkung tan kari, nyai rondhalampahnyaprapta ing wisma.Gya pinethuk
marang sang kusuma galuh,mang retna onengan, nirondha ngrangkul sarya ngling,
adhuh engger iki begja gedhe prapta. Lah iku picise angundhung-undhung,ngong tan
bias ngetang, dhuhdhuh engger paraniki, sakeh arta kinarya tutuku apa. Ora wurung
sesuk bakul ambarubul kang padha kukulak,picise sineleh ngendi,pesthi lamun kebeg
picis ikiomah. Mesem muwus sira sangkusuma galuh,bibiyen sembada, picis edumna
tumuli,jalu estri sakehe sesanakira.Prihen milu, wisma saubenging wukuh, bibi dimen
arja, dhukuh sidakarsa iki, nyai Rondha nembadani ing sakarsa. Kang winuwus
enjang sawarnane bakul, prapta akukulak,para bebakul ningali,mringsang retna keh
jeng ngejrih tanpa ngucap. Tingpalinguk kataman prabaweng cundhuk,kang mindha
seseoka sumarma tan bias angling, wusnya mantuk neng marga samipocapan.
Ngamun-amun kanarka pating balusuk, yata winursita,yayah karya pocapaning,
sakeh wade temahkatur mringpranata. Wit bebakul kangdagang mring ratu mungsuh,
tinititi tinanggap, galu carita dumeling, yen dhadapan darbe suta estri endah. Para ratu
agya denira angutus, tgelik miwah sugma, wangsulnya sadaya telik angaturken yen
tuhu rondha dhaddhapan. Darbe sunu lir widadari anurun, Sri Brama kumara, sedyan
ningali prbadi, tindakira lan pati gunasaronta. Sang aprabu napak wiyatan, wadu,
prabuSruyadadadwa, ingkang rayi wus tinuding, kinen dhusdhi kusuma ing
pawuguhan. Sang retna yu kena kawulan wus mabur, ngambah jumantara, lawan nyi
lumantan kegsi,prabu kalih tindaknya gambuh lan wadya. Yata ingkang winuwus,
kusuma kalihkang munggeng dhukuh, samya karyapekebonan duk rinakit, jaka
Jangkung kang memacul, kang nenanem sanglir sinom. Nanging Ksusuma galuh
lawan pangwasapakaryanipun, marma datan rekasa sakedhap warni, patamanan
sridinulu, kawuryansekar tulnya byor. Bok rawi isiranu, wening mili mubeng lan
tinurut, bebanjengan sari suruh turut pinggir,jejangganan kendhang kimpul,
titimbangan lombok terong. Ni Rondha pijer ngungun, jaka Jangkungpijer amecucu,
dhangak lenggak-lengak mubbeng asisirig, bungah gelis ngndhuh kimpul, ramban
jangan terong lombok. Mendheg ngareping biyung,nuu caket laan retna
galuh,jangkugn mojar biyung sabak ayu iki, seje bapa karo aku, sibapa katungkul
dhekok.
Taksih wontencandhakipun
Ongka 8 Kamis kaping 21 Pebruwari 1878
Kabar kawat saking Eropah
Londhon 12 Pebruwari Kanjeng Pangeran Goskakop nayaka ageng ing Ruslan
anglampahaken serat kawat dhateng ing Enggelan bilih enggelan anglampahaken
baita kapal dhateng istambul Ruslan inggih anglampahaken wadyabala dhateng
Istambul.
Londhon 13 Pebruwari, Grabdherbi, nayaka ageng ing Enggelan amratelakaken bilih
tanggal ping 14 Pebruwari, sadaya baita kapal Engggelan kaajeng-ajeng praptanipun
wonten ing lautan Istambul.
Baita kapal Ustenroik ingggih ing ngandikakaken sami bidhal dhateng lautanTurki.
Istambul 13 Pebruwari,nayaka ageng ingTurki amratelakaken dhateng Wakiling
Enggelan amambengi lumebetipun baita kapal Enggelan ing Sungapan Dhardhanelen
sarta Enggelan badhe kajibahaken ing kadadosanipun.
\=================
Surakarta
Nalika malem Rebo tanggal kaping 79 wulan punika, ing dalem paresidhenan wonten
pasamuan ageng, amarengi tingalan dalem wiyosan ingkang sinuhun Sri Maharaja ing
Nederlan sampeyan dalem ingkang sinuhun Kanjeng Susuhunan saha Panjeenengan
dalem kanjeng gusti pangeran adipati Anom kanjeng gusti pangeran Adipati Ariya
Mangkunagara, sami anjenengi pasamuan wau, sarehning sami suka pirena pramila
bibaripun ngantos wanci jam tiga dalu.
Ing salebetipun wulan punika ing Lawiyan wonten tatingalan ingkang elok awarni
kupu kuning alit-alit sakalangkung kathah, pinangkanipun saking kile aburipun
angetan saben enjing wanci jam songa sampun awit alur, boten kendhat-kendhat
kajawi bilih jawah punika lajeng boten katingal dene aburipun wau sanadyan
kapengkok ing wiwitan boten sumedya mencok.
Menggah serat kabar Semarang inggih mratelakaken bab kupu wau, aburipun ugi
saking kilen mangetan, dumugi sapunika dereng wonten kateranganipun punapa kupu
wau ujud ama tutuwuhan, pamuhi pandonga ing ngakathah, mugi-mui makaten wau
katebihna.
\======================
Nalika dinten malem Saptu kaping 9 Pebruwari, 1878, wancijam 11 dalu, tiyang nami
Biyang Rijem, rincangipun bekel Rejawijaya, ing Jomboran, punika badhe ngendhat,
wonten wetan griya, kapernah ing ngemper, gulu sampun katangsulan bengkungipun
piyambak, bengkung badhe katangsulaken ing blandarring ngemper, saha biyang
rijem sampun ancik-ancik dhingklik inggil, kantun gedhandhulipun kemawon,
tumunten lajeng konangan kang jaler, saha tongga tepalih kang miring cerekipun
ingkang jaler tyang Rijem, dados boten estu ngendhat, margi kapambengan tiyang
kathah.
\====================
Nalika tanggal kaping 13 Januwari taun punika, gudhang Setatsiyon Kalathen
kalebetan pandung, menggahingkang sampun kenging kabekta 4 kranjang isi the
tuwin satunggal kranjang isi trasi, sareng tuwan Asisten tampi pratelanipun
tuwanpangagenging Setatsiyon ing Klatehen lajeng tindak amariksani, kadherekaken
pangagenging dhistrik kalathen sasampunipun amariksa lajeng andhawahaken
galedhah, dhateng padhusunan kiwa tengening ngriku boten angsal lacak sareng
sanes dinten anggaledhah ing dhusun Trunuh, ing griyanipun tiyang awasta pun
Wongsa Setika amanggih the bungkusan pun Wongsasetika lajeng kacepeng,
titipariksa kadugenaken wewh kateranganipun saha saged anyepeng pandung
sanesipun.
\================
Yogyakarta
Serat kabar Mataram amedharaken bilih ingkang sinuhun Kanjeng Sultan atampi
pangkat Jendral Mayor, saking ingkang sinuhun srimaharaja ing Nederlan.
Nalika tanggal kaping 13 tuwin kaping 14 wulan punika ing ngadil sampun
anandukaken wawenangipun, durjana pitu sami anglampahi dhawah
karampunganipun ing ngadil sami kagantung ngantos dumugi ing pejahipun
cuwanipunng manah naming sasampunipun pejah, bangkenipun sami kalilan
kapulasar dhteng warisipun saran kabayar tiga tengah rupiyah bangke satunggal,
mongka ing sanes nagari bilih bangke makten wau, prasasat kabucal kemawon para
waris boten kenging yen angopenan.
\=====================
Panjurung
Bok Praya Semita ing dhusun Karang Gumuk (Ngayogyakarta) mentas pegatan
kalayaningkang jaler, jalaran saking angggenipun malarat, mongka pinuju wawrat
sepuh,sarehning ing griyanipun pinuju awis tedha, bok Praya Semita lajeng rena
dhatenging dhusun Gathak Klatehen awit ing ngriku saweg mongsa panen, sareng
tangal kaping 25 Nupember 1877, bok Praya Semita berah gentang, dereng ngantos
rampung karaos badhe wawratan, laeng pamit kalayan kancanipun saweg dumugi
sabin bok Praya Semita wau manak medaljaler, sakingkaengetanipun bok Praya
semita, rumaos badhe boten wonten kadamela tedha,amargi uwos anggenipun
Klempak-klempak among angsal 1 bthakan, langkung prayogi bayi dipun pejahi,
sanalika bayi wau sirahipunlajeng dipun thuthuki siti garing, saweg rambah kaping 3
kasumerepn tiyangestri, 3 iji ingkang sami langkung, bok praya semita kaget bayi
lajeng dipun urugi uwuh dipun lingghi, tiyang 3 taken mangkaten, kowe kuwi
nglinggihi apa, bok Praya Semita mangsuli, kula boten nglinggihi napa-anapa,tiyang 3
pitaken malih, abang abang ana ngisor mu kuwi apa, bok Paya Semita mangsuli,
temene kula niki sukermas tiyang 3 mangsuli, ngendi ana wong suker kaya
mangkono, aku arep weruh, bok Praya Semita mangsuli, yektose kula niki kluron,
lesan lagi sapelok tiyang 3 mangsuli, ngendi ana wong suker kaya mangkono, aku
arep weruh, bok Praya Semita mangsuli, yektose kula niki kluron lesan lagi sapelok
tiyang 3 mangsuli, nadyan kluron aku iya delok lesane, bok Praya Semita kemengan
rumaos badhe kamanusan patrapipun, bayi lajeng kauncalaken tiyang 3, wau dhawah
ngjaengipun sarwi wicantenmakaten O inggih ta lah mas temenipun kula manak,
boten watawis dangu bayi kalejgn pejah, ingakng tatu sirah utawi rai.
Ktandhan Siwalalana.
=======\
Mugiparentah akarsa amurinani bayi wau, sarana amatrapi paukumaningkang
agigirisi, awit lalampamakaten wau emeh kenging winastanPadintenan.
REdhaksi.
\==============
Nalika Basah Usman anempuh barisanipun Ruslan angangkah jebol saking
pangekeripun ala ruslan angantos kapejahan Opisir sadasa prajurit 582 ingkang tatu
Opisir 47 prajuit 1210 mengah bala Turki ingkang pejah tuwin tatu 4000 tiyang
sareng BasahUsman teluk balanipun ingkang kapikut dhateng Ruslan Basah sadasa,
Opisir 2128 prajurit 44200 tiyang kajawi ingkang sakit tuwin tatu saklangkung
kathahipun saha mariyem pitung 77 (dasa pitu) iji.
\=================
Bedhahipun kutha Plepna
Nalika Jumungah wonten tanggal kaping 7 Dhesember, Rus sampun sumerep bilih
Basah Osman amirantos badhe anempah barisanin gmengsahpramila Rus ugi boten
kantun anggenipun mirantos badhe ananggulang sapantesipun rinten dalu ing
plandhakan kebek soldhadhu, para komandhan sampun sami tampi wangsit
sakathahingpajagen samikarangkepan.
Dinten Saptu sampun kalangkung suprandene ing pabarisan Turki dereng katingal
ebah, smanten ugi dumugi akatipun ananging Rus tansah kencengpangajengipun
tuwin panjagenipun kadhang kawis mariyemipun kawawas salebeting kitha, ananging
Turki boten males.
Salebetipun tigang dinten punika anglangkungi asrepipun (bedhidhing) ampak-ampak
anglimputi, siti katingal pethak dening salju, kula numpak kapal turut barisaning Rus
saking Gripikah medal ing Radhisofo dumugi ing Brostopek wonten tepining radinan
ingkang anjog ing lopeskah, ing drigantara saklangkung peteng, Brakipun wadya Rus
sami pethak dening salju, ananging para soldhadhu katingal sai kirang mlebet medal
wonten ingkang angratengi tatedhan saweneh kakumpulan arengeng-rengeng, kados
ambagekaken praptaning salju, okmanawi salju, ingkang nembe prapta angengetaken
balegriyanipun ingkang tebih skaing ngriku, ing ngriku salju sampun dangu
praptaipun sarta sampun kakendelipun naming sabawaning mariyem ingkang asring
anyelani bebetipun ing palagan kapirengan saking katebiyan.
Lampah kula dumugi ing kreteg yasanipun Jindral Skobelep ingkang anepangaken
barisanipun kaliyan barisan ing Radhisofo cake ting Brostofek nalika samanten surya
sampun serap sarta sanget petengipun kula dumugi ing Osudhol panggenanan
barisipun JIndral Skobelef ing ngriku sadaya kapanggih sampun mirantos.
Nalika samanten pinuju wotnen telik awawarti bilih Basah Osman sampun maringi
rangsum dhateng wadyanipun kangge tiygang dinten punapa malih satunggal
soldhadhu kaparingan patrun 150 ii, tuwin cari punya tunggal pasang, kados punika
turki sampun angebahaken bala,
Pukul sadaya wonten telik malih prapta ambekta warti, biulih Basah Osman
balanipun kaklempakaken wonten caketipun kreteging lepen widh telik wau
dhatengipun saking kitha Plepna, sareng sampun wawarti lajeng kesah, wonten kalih
menut letipun nulya wonten telegram amratelakeen bilih salebeting kitha Plepna
katingal wonten obor lumampah saklangkung kathah amratandhani bilih aturing telik
wau leres.
Sareng andungkap enjing jawahipun salju kendel naming kantun kepyur-kepyur
kemawon antawis wanci pukul tiga wonten telik malih prapta awawarti bilih
sakathahing beteng ing Krisirah sampun katilar dening Turki malah piyambakipun
amesthekaken bilih sakathahing beteng ingkang ngajengaken barisipun jindral
skobelef badhe katilar sadaya, piyambakipun sagah andedahaken marginipun dhateng
beteng ageng ing Krisinah, sarta anggen anelasi bilih matur ngamondaka.
Saksana telik wau kaanggep aturanipun jendral Skobelef dhawah ngajengaken
balalonlonan sarta kadhawhan angatos-atos boten dangu beteng wau nunten kaejegan
ing mangke Rus sampun terang bilih Turki saestu angedali, sampun prapta
mangsanipun Arok bandawala pati, Jendral Skobelef lajeng dhawah anyantosani
beteng ingkang sampun kaajegan amirantos bok manawi Turki nulya wangsul.
Saksana byar rahina kapireng gumlegering mariyem tigang dasa utawi kawandasa,
sareng mungel kaater kumreteging sanjata alit tuhu angebat-ebati, punika awiting
yuda, Turki ingkang sampun sakawan wulan lamenipun ananggulang panempahing
mengsah, sapunika gentos anempah plandhakan tuwin beteng ing mengsah, kula
lajeng numpak kapal andherekaken para pangenging Rus anuyelaki palagan
anggenipun sami campuh caket kareteging lepen Widh anjawi Rus wonten kalih mil
saturutipun parang wau katingal pating caleret gebyaring latu, inggih punika latuning
mariyemipun ingkang sami abondayuda, saking katebiyan katingal awot dados
satunggal ing payudan anulya peteng dening kukusing sandawa ananging teksih
katingal calereting latu ingkang medal saking tutuking mariyem saklangkung
angajrih-ajrihi sabawaning sanjata tuwin mariyem langkung saking satus.

Punika lah katranganipun.


Ing wanci dalu Basah Osman sampun angebahaken balanipunsata kaklempakaken
aket lepen Widh sarana karetek kalih sagedipun langkung ing lepen Widh au,
sakathahing grobag kalampahaken ing ngajeng sareng byar rainten ingakng katingal
rumiyin deing Rus naming grobagipun arak-arakan kairid ing lembu, ajengipun alon
sarta tata anyelaki pabarisaning mengsah, saking radinipun papan anggampilaken
lampahipun grobag wau, bala Turki lumampah sawingkingipun groba minongka
tameng mimising Rus awit grobag wau kaisenan pangangge tuwin barang sanesipun.
Panempahing Turki anjujug barisanipun prajurit Grenadir saleripun radinan ingkang
anjog ing Sopiyah, barisipun prajurit grnadhir punika, awit saking radinan wau dumui
pojok ingngajengipun Opakes anunten sinambungan wadya bala ing Rumeniyah
caketing Susurlah.
Kabaripun Turki ingakng anempah braising Rus wau kathahipun 20.000 ananging
ewet anggen kula mestani leres lepatipun awit papanipun saestu boten anyekapi,
ananging samanten punika paneraking Turki saestu angeramaken sarta kenging
kawastanan saklangkung wanter, nalika samanten Turki angatingalaken
kaprawiranipun bokmanawi naming katimbangan denign jendral slobelep nalika
ngrangsang baluwartining Turki kalih panggenan.
Kados kados sareng Turki sumerep bilih tamengipun boten miguni malih awit lembu
pangiriding grobag sampun kathah ingkang pejah tuwin salong lumajeng ajrih
ungeling mariyem, Turki lajeng malumpat sakng aling-alingipun sarta susurak
angebyaki olandhakanipun prajurit Granadhir Siberiyah, kadya lesus panempahipun
anglonjok dhateng baterei, para upsir tuwin soldhadhu ingkang anjageni baterei, sirna
enting tan kantun satunggal mariyem sadaya kacakup Resimen Granadhir Siberiyah
sasat tumpesan.
Barising Rus ingkang ngajeng dados sampun dhadhal ananging menggah Turki lajeng
panerakipun badhe kapranggul barisan ingkang tengah, salajengipun ingkang
wingking pyambak awit braising Rus sap tiga, samanten wau boten ngantos awit rus
anulya enggal pulih malih, Jindral Satukof saking setapipun sinuhun ing Rus lan
nunt3en angajengaken prajurit grenadhir, enggal samya gumregut angebyuki Turki,
yudanipun saklangkung riwut naming sarana sangkuh kemawon dangonipun ngantos
saprapat jam sakin griwutipun Turki sakedhap kasupen bilih anggenipun medal saking
kitha wau sumeja ambobol saking pangekering mengsah,boten badhe ngrebat tuwin
angekahi baterei, saklangkungpuguh angggenipun angekahi ingkang sampunika
wangkenipun anutupi bantal, Turki ingakng wonten ing Bateri meh pejah sadaya,
ingkang wonten ing plandhakan layak boten wnten aling-alingipun tansah
kabendrong denign Rus nunten enggal kengser lajeng angunduri, unduripun Turki
tansah kabendrong ing mengsah nulya samya lumajeng sasaran wonten ingkang
amping-ampingan bonjodan grobag sarta amales nyanjata mengsah, ananging ingkang
kathah-kathah samya angsal aling-aling wonten sapinggiring lepen widh saking
ngriku anyanjatni mengsahipun.
Nalika samanten wancinipun pukul ½ 9 panempahipun Turki sampun katamtokaken
katulak ananging yudanipun taksih kawan jam dangonipun Turki kados sumelang
bilih Rus angungsir, rus ugi angajeng-ajeng bokmanawi Turki wangsul anempah
malih, mila dados kendel sawangsinawang, sayektosipun Turki katingal badhe
amiwiti anempah malih, sanajan Basah Osman gadhah abala tikel kathahipun sampun
kabasakaken mokal sageda ambrojol saking pangekering Rus, langkung saking
mariyem satus jumegur tan kendhat sakedhap sakedhap tyasng sami angajeng-ajeng
campuh ing mengsah, ewed anggen kula nginten bilih punika wekasanipun prang ing
Plepna. Taksih wonten candhakipun
\=======================
Punika candhakipun cariyos serat Gedhog, lampahan Panjiraras.
Ana dewa nyalimur, awor turu karo kowe biyung, marma sibaka ayu kaya widadari,
kuwasa sakalir punjul yen jalma nora mengkono. No rondha gya sumaur, layak bener
ujarira kulup, retna galuh mesem kalane miarsi, ki Jangkung denira muwus, dene
patitis cumeplos. Retna galuh satuhu, suta hyang Surya mila kasebut, punjulingrat ayu
tan ana tumandhing, ing nguni susumbaripun, hyang Surya kapyarsenging don.
Waranggana swargagung, warna kasor lawan retna galuh,myang putrining manungsa
tanpa nyameni, yata pamungkas hyang guru, rudita myrasa wiraos. Hyang Guru gya
dhadhawuh, hyang Narada kang kinen tumurun, retna galuh warnanira kinen malih,
wrnakang sapalih sampun jiniwa musthi kawadon. Nguni ingkang winuwus, dadya
retna angreni puniku, patih Kudanawarsa ingkang sisiwi, kang kantun kusuma galuh,
sortitih cubluk tur bodho.Hyang Surya ngraos ngungun, analongsa susumbar katrucut,
sawusira warna kinumpulkenmalih,paripurna retna galuh, tuhu sajagat kinaot. Kuneng
gantya winuwus, kang lumampah gegana sang ayu, putrid prajotiswa dyah kenaka
sasi, wus prapta ing prenahipun, luhur taman sigra anjog. Nanging prauytneng kewuh,
maksih siluman datan kadulu, amrih ayuwa kawanguran ing sakapti, dyah kenaka
wulan sampun, dumunung ngarsa sang sinom. Yata kusuma galuh, mulat lamun
wonten putrid rawuh, datan samara mring seluman yegti uning, nanging sang kusuma
galuh, waskitha kendel kemawon. Ayun wruh karyanipun,, wus kabatang yen
cundakeng mungsuh, wit uninga yen kangprapta dede jinis, yata sang kusumaning
ngrum, kenaka sasiduk anon. Marang kusuma galuh, ngungun anjetung micareng
kalbu, jalma iki dudu sutane wong cilik, cahyane katon ngunguwung, pantes yen
putraning katong. Nadyan putrining ratu, saejeg ingsun during andulu, jalma iki ayune
punjul sabumi, jetmika semune luruh, kadya kumaraning wadon. Nengna kang
wawandulu, nanging dereng wonten sapa aruh, kawuwusa sribrama kumara aji,
saking jumantaraniyup, prapta dharat sang ngakatong. Singidan ing garumbul, jawi
pakebonan doh kang singub,kyanapatih guna saronta tinuding, kinen ngupaya sang
ayu, pundit prenahnya sang sinom. Mangkya sang prabu Nusul, yen wus tamtu ing
panggenanipun, kyana patih lumagsana analisik, saubengan praptaningpun, angintip
jawining kebon. Ampingan witing bulu,kyana patih kagyat duk andulu, jroning taman
kawaspadan langkung asri, lan mulat wanodya ayu, roro kadya mugsa tinon. Cahya
kadya andaru, kyana patih dkalimput panglinglamunpuniku dyah sekar taji,kyanapatih
lengur-lengur, anjingleng piker melolo. Wit prabaweng cucundhuk, marma kyana
patih kasalimur, mojaring tyas dudus wadine wong iki, mokalna dhadhapan iku,
duweya anaak mengkono. Yata dupi panuju, retna ragil kuning lan ki jangkung,
ngambil sekar mubeng duk pareklanpatih, kigunasaronta dulu,ming slep mu gulu
anjongok. Ngucemil begja ingsun, siji sewa mengkono rawurung, singa singa
narendra ingkang pinilih, kipatih sakalakuwur, kempas-kempis lan anjomblong. Dyah
onengan duk gayuh, puspa menur dunadung kapluhur, prabaweng rising retna temah
aming kis, mastra kempol kenigs pungkur, kyanapatih dupi anon. Aniba sambat
ngadhuh, ngathang-ngathang tuju datan weruh, dyah onengan lan ki jangkung tan
udani, yen ana maling gegedhug, eca kelangen sang sinom. Patih tangi jerunthul
sandeyeng tyas dhelik ing gerumbul,piker piker lah ya gene ingsun wedi, iku anak
rondha dhukuh, ingsun papatih ing katong. Wusnya micareng kalbu kyanapatih
sumedya nunungkul, cipta besus supaya away tinampik,kipatih ngupayaranu,
manggih sumber nuli ngilo. JInggot saru cinukur, barengos dhawuk pinulas ngangus,
pinggir sumber nemu pecahan kuwali, bekele binebet sabuk, lir bekungan sak
pengisor.Pangrasanya wus bagus, cengkelak baligulune manglung,minglang-
minglungmawang layan anglirik, jara jar angolah lambung, lir ta yungan megal-
megol. Lan mojar dhingdhang-dhingdhong, sapa nampik mengkono rawurung, sun
bera dhat nadyan dinuka narpati, ing sapisan iki erung,lah mongsa dadak kinethok. Ki
patih prapta sampun, prenah genira duyk nginjen wau wira-wirikarusekan lan
ngucemil mung selir asu pinenthung, denya ngungkuken pakewoh.
Sang Prabu Bramakumara dangu nganti praptane kyana patih wagugen sang nata
nusul, nalisik lonelonan, kaleresan wedalira saking pungkur, kipatih datan uninga, yen
usul srinarapati, Piker bungah tetayungan sri narendra waspada aningali, mring
kipatih salin lagu, megal megol tayungan srinarendra ngungun pinarpekan guruh,
winedalan saking wuntat, cinandhak githoking patih. Pinidih asru ngandika, pageneya
sipatih jebul baring, jinggote nganggo cinukur, besus sanora layak,kyanapatih kagyat
dhodhok nembah matur,pukulun amba tan edan, siji sewang mangke gusti. Sang nata
muncereng nabda, iku apa siji sewang daleming, apa takowe ginangggu, kono0
dhanyanging alas, kyanapatih anjongok sarya umatur, paduka gusti nginjena,lebeting
tamanpuniki, Mangke paduka uninga, sampun baring kadi kula puniki, sang nata arjita
nurut gya anginjen mring taman, katingalan jro taman kusuma galuh, kanglagya
wawan paningal, lan retna kenaka sasi. Nanging sang nata tan wikan, tan anyana yen
retna sekar taji, lawanmalih sang aprabu, kasilip tan uninga, lamun retna kena
kasasineg ngayun dyah kenaka sasi wikan mring sang nata myangkipatih
Taksih wonten candhakipun.
\==============================
Ongka 9, Kemis kaping 28 Pebruwari 1878

Panjurung
Asmarandana, dahat kredyat ulun dupi, maembang tingaling Koran, Bramartani ing
wedale, ongka sapta respatinya, dwiwelas kang candrama, lek sapardal ingkang tun,
ongkag warsa sinanggkal. Gumeter bebarakaning, bramana tunggal winarna, kocap
wonten wawartne, lamun panjenengan tuwan, kang ngarang srat abr, C.F. Philip
ajujuluk wus murud maringkamuksan. Kundur kaanan sjati, nintya sawagugening
tyas, karantan rantan wiyose, lumantaring kasusatyan ring reh susilotama, tumerah
dres marbuk arum, rarabing sabda noraga. Tuman marta maratani, satata kadarmanira,
kawuryan lawannyatane, saha sakarya raharha, prasidaning dumadya, widagda
mardawengkalbu, mamalate sotaningdriya. ARjuning nayamany jrenih, byaktyas lir
musthi kamaya, tan duk king paribawane, mila sang gyaning pramitra, rumongsa
kaoncatan,mitra ingkang ambeg sadu, sasaman seeming siniyan. Yakti sarjana
berbudi, budi man budauyanira, ambebadra panggaliye, aruruh ririh mrih raras, mila
kang nyaudara, jrih asih samya anggunggung kramating beglus sembada. Nging mene
pan wus tinakdir, wajib sumungkeming suksma, pradene saking adrenge, mamuji
mring sang kamuksan, manggih ya apureng hwang, yawn wonten sisiping ngenu,
mugya antuk kapangaksama. Katandhan Arya Manungkara

\\\\====================
Gumeter punapa boten dhateng watak nem kapirid saking Oyag bilih kasantunan
gumleger: kados kenging, dados amirid saking gora, suwara ageng, dhateng watak
pitu, Juru Gubah Sastra ing Pangecapan.
\\\\\\=====================
Panjurung
Sanadyan para tumita sampun uninga, bilih gesangipun ing ngalam dunya kinarya
ampiran, ananging bilih wonten sobat ingkang panggalihipun gumilang gumantung
katresnan kados panjenenganipun tuwan Philip, ingkang sampun kalairaken ing
Bramartani ongka 7 pinundhut ingkang among tuwuh, sumrandene ing piker maksa
ruming gandanipun taksih lumengket ing adyaka sawama, saiba dhateng ingkang
kecalan.
Jalaran makaten punika sakalangkng antep sasanggenipun temahan
aguwingakenmanah, mila anuwuhaken bebering asta kula dhuh Gusti Allah asipat
rahman, mugi mugi swargi tuwan Philip kasirnakna ing sagunging dosanipun,
jinembarna kuburipun, ginanjarna ing rahmat ngakerat, langkung malih pamuhi kula
ing gustiAllah, ingkang kantun garwa swaya, mugi mugi tinetepna iamnipun,
pinanjangna ing yuswa, wilujenga sakapti, Amin.
Katandhan Mitranipun Batos
Raden Panji Sudiradirja: dherek sungkawa.
\\\=================
Kabar kawat saking tanah Eropah
Londhon 24 Pebruwari, Rusla angudi pasrahipun baita kapal Turki sadaya, ingakng
sami kalapis ing tosan Turki angekahi saha asanggem badhe boten angulungaken
baita wau dhateng Englan, Ruslan lajeng kendel ing pangudinipun.
Istambul 24 Pebruwari, wawatoning prajanjiyan tentremingpaperangan derng
kaasmanan. Badhaminipun bab badhe tentrem kaajeng-ajeng kalampahanipun wonten
ing benjing-enjing.
\\\==================
Nalika tanggal kaping 9 Pebruwari, calon Prabu ing Ruslan ingkang angirid bala Rus
anglampahaken serat kawat dhateng ingkang rama sang nata ing Ruslan suraosipun;
kalayan gupuh ing suka pirenaning manah, kawula asaos unjuk ing panjenengan
dalem menggah ungguling jurit bala Rus ingkang kalampah ing dinten punika,
amarengi tetep sawulankalihan bedhahipun kitha Plepnah, saestu sanget ing
mobyoripun tumrap ing dhateng kagungan dalem balaingkang wonten ing Turki.
Sareng rumaos bilih badhe kaandhap ingperangipun lampahing bala Turki
anggenipun badhe ananggulangi, lajeng riwut asasar-susur, dene ingkang kapinkut
dhateng abdi dalem Jendral RAdhetsni boten kirang saking 41 batalyon prajurit
dhratan 10 Baterei prajurit mariyem 1 resimenprajurit kapalan tatindhihipun bala wau
Basah Pesek, inggih punika bala Turki ingkang badhe amambengi bala Rus wonten
margi ing Syipnah. Wah para tatindhih ing bala Turki ing kitha Widhin ing kitha Nis
saha ing kitha Erserum kadhawahan anyarah wawatoning anggenipun badhe
amasrahaken kitha titiga wau dhateng Ruslan.
\\\\=================
Surakarta
Abdi dalem Rongga Pulisi Pangrembe mentas anyepeng sawer, ingakng agengipun
sawatawis sami kalahan puca, sarta amanggen wonten ing barongan deling ing
kampong REsaniten menggah panyepengipun sarana kajiret salajengipun sawer
konjuk ing sangandhap smpeyan dalem katunggilaken kagungan dalem sawer ingkang
lami, wonten ing kagungan dalem kebon Bandengan.
Sadaya serat kabr amrateakaken bilih ing sanes nagari sanget anggenipun angudi,
dhatengpara tiyang berah grobagan kapalan utawi lembon ingkang anggenipun
amomot ngantos langkah saking ngekat andadosaken kewanipun ngantos poprok bilih
poprok boten mawi manah tunanipun kewan lajeng dipun gebagi, malah sapweneh
wonten ingakng ambenturi, lalampah makaten wau badhe amurugaken risaking kewan
tuwin anyretaken wiji, mila kalampahan bilih wonten para momot ingkang asiya
dhateng kewan utawi momotanipun langkah saking ngekat lajeng sami kapatrapan
paukuman kaedhendha utawi kapeksa ing karya,naming nagari ngriki dereng
kalampahan makaten mongka prayogi yen kagaliha. Ing Semarang enggal punika,
mentas amatrapi paukuman dhateng tiyang kalih, ingkang sami asiya dhateng
kapalipun satunggal kadhendha salangkung, ingkang satunggilipun kadhendha
gangsal welas rupiyah.
Sadangonipun nagari anggenipun andhawahaken parentah kenceng, ingngatasipun
panggaraping margi ageng, sadaya radinan katingal prayogi, naming eman sanget
sareng radinan sampun sae, lajeng katilar boten mawi dipun openi,pramila sareng
angreceh jawahipun radinan kathah ingkang sami risak kawewahan ing saben dinten
kaambah ing grobag pangambahipun wau boten mawi kaangkah ing prayoginipun
bilih empering radinan wonten ingkang risak inggih lajeng minggah ing tengah, boten
mawi wangsul dhateng emper malih, mandar anglur sarwi rengeng-rengeng: sairip
kados ingkang jumeneng pribadi, punika pupapa boten wonten pranatanipun.
\\\\\=============
Serat kabar saking Batawi, anyariyosaken bilih bawah ing Bogor mentas wonten
ingkang kaambahh ing kecu, makaten ugi ing Batawi inggih bade kaangkah ing kecu,
wonten sawijinipun tiyang awasta pun NUdin angideraken serat dhateng kancanipun
gunggung tigangdasa tiyang, sami kaajak ngcu ing mangsanipun malem Capgomeh,
tiyang tigangdasa wau inggih sampun sami katingal mirantos saha sampun amiwiti
mandung alit-alitan, saking cakutipun para wajib ing mangke tiyang sadasa ingkang
sampun kacepeng, ingkang mangecu bawah ing Bogor inggih sampun sami kacepeng,
dados boten nagari ngriki, utawi ing Yogyakarta kemawon ingkang dipun saba ing
kecu, naming sakedhik kaotipun ing bawah Batawi para durjana, lajeng karumiyinan
ing pikajengipun,s aha tumunten kacepeng.
\\\\=================
Yogyakarta
Wanci jam nem sonten wonten rencang estri, kakengken bandaranipun dhaten ging
Pacinan antawis satengah jam wangsul mantuk wontening margi kakodhol tiyang
kakalih, saking aturipun jedhuling tiyang sami saking los peken rahayunipun wonten
tiyanglangkung, ingkang lajeng angancari teken dhteng tiyang kakalih wau, ingkang
sami gupuh lajeng lumajeng, bilih boten makaten antukipun tiyang estri kados sami
nalika kalairaken.
Kabar saking ing Banten katampen ing Surabaya amratelakaken bilih kanjeng tuwan
Panandhel ingkang jumeneng residhen ing nagari Banten badhe anggentosi kanjeng
tuwan Watendhorep.
Serat kabar Mataram angewedharaken wawartos bilih tiyang sakit ing dhusun
ngadhusun dereng wonten mendhanipun tatedhan ing tanah sisih kidul dereng
anyekapi, ananging menggah sasakit ing mangke waradin ing tanah jawi sadya, dene
bab tatedhan ing ssaged saged nagari, sampun anjageni betahipun para alit punapa
malih para tuwan ingkng sami amaosi siti, ugi sami anyekapi ing reotipun para tiyng
ing padhusunan bawahipunpiyambak-piyambak saha sanget anggenipun angudi,
dhateng pananemipun ewoning rijeki.
\===========
Pasuruhan
Bawah Paresidhenan Pasuruwan, ing sapunika kados boten amutawatosi bab tedha,
margi taneman pantun samangke kathah ingkang sampun anjir-anjiri, mublak tuwin
emping ijem kalih dene malih ing saurutipun radinan ageng alit kathah tiyang sadeyan
jagung tunon utawi godhogan ketela, punapa malih ing peken peken kathah tiyang
sami sade jagung garing ombyokan ketela tuwin pohung, pramila angasrepaken
sanget.
Nalika dinten Ngaat tangggal kaping 17, wulan Pebruwari punika, ing lepen ageng
Porong bawah Sidaarja, toya banjir langkung ageng dumugi malem senen, ing kreteg
Porong kirang sakedhik toyanipun kacep ing kreteg, para wadana dhistrik porong
tuwin wadana dhistrik gempol, sakancanipun priyantun sadaya sami anjageni,
sayektosiun anyumelangi, sarta malih bilih katimbang kaliyan toya taun kapengkre
punika, agengan samangke.
Ing nalika dinten Jumuwah tanggal kaping 15 Pebruwari 1878 ing pendhapi kabupaen
Bangil wonten kumpulan ageng, para amtenar walandi sami ngangem kustim dene
para priyantun jawi awit bupati mengandhap, mawi sikepan ageng basahan, dene para
lurah dhusun ngangge sikepan ugi basahan. Awit panjenenganipun tuwan Asisten
REsidhen karsa angramekaken sih ing kanjeng gupermenm tondha, trimakasih,
awarni tiga medhali suwasa, dhumateng lurah dhusun tatiga, 1 lurah kampong Bendha
Mungal dhistrik kitha, 2 lurah dhusun Pandhakan, 3 lurah dhusun Wanasunya, sami
dhistrik pandhakan ingkang sampun lami anggenipun anglampahi ayahaning kanjeng
gupremen, ingang kaliyan secatuhu, tuwin majeng dhateng kuwajibanipun, andamel
karaharjaning dhusunipun sumrambah dhaten gpara alit, jalaran kasebut nginggil
punika, sayektosipun anggengaken manahipun ingkang sami amundhi sih wau, dene
liyanipun punika sami anggraita greguting kuwajibanipun.
\\\===============
Madiyun
Nalika ing wulan Januwariingkang kapengker punika, ing Jagaraga wonten tiyang
katedha ing sima, enjing wanci jam enem tiyang wau mangkat saking griya, saha
angirid lembu dhateng ing sabin sareng dumugi ing panggenan dereng ngantos saged
amasangi lembu, tiyang lajeng katubruk ing sima, menggah tiyang padhusunan kiwa-
tengenipun ngraku, sae kaprraya lajeng sami mangun dadamel angepang wana
ingkang dipun sudhungi ing sima wau, anangin boten angsal damel awit sima saged
anjebol saha lajeng ical lacakipun.
\\\\===============
Punika candhakipun cariyos serat Gedhog lampahan Panjiraras.
Sang prabu Bramakumara, tebah jaja duk ningali sang putrid, asorakongsi gumablug,
kyanapatihanyandhak, asta nta tinarik sarwi umatur,pukulun wontenpunapa, tebahjaja
anglangkungi. Ngantos abrit ponajaja, srinarendra kagyat ngandika aris, eh pati
akarya ngungun, anake si dhadhapan, angggungkuli wartane mring Retnagaluh,
bayata anak pupujan, gumuyu rekyana patih. Ngandika malih narendra, kaya paran
karepira eh patih, kyana patih nembah matur, boten ewet punika, mangke ulun
ingkang ngambil kalihipun, sang prabu asru ngandika, ya klayatan den agelis. Kya
patih ,matur sandika, kawuwus retna kena kasasi, wus anyana jroning kalbu, yen sri
Bramakumara, tunggil lampah arsa ngambil mring sang ayu, kusuma kena kawulan,
cipta arsa angayoni. Marang Sri Bramakumara, sigra matak montra kena kasasi,
asidhakep astanipun, tumengat tan antara, prapta ri kang pangaribaa gumludhug, riris
tedhuh wus tumama, marang ing srinarapati. Sang prabu dupi kataman, sanalika
bingung tan aningali, marang ing kusuma galuh, myang taman tan katingal katon ara-
ara srinarendra ngungun,miwah ki guna saronta, bingung gendhing tanpa budi. Sang
prabu garjiteng nala, lamun kenika mayan kang linuwih, gya mtek aji sang prabu,
mangsulken kang prabawa, nanging kasor srinarendra mantranipun, tuwin patih tanpa
karya, temah mundur sribupati. Kundur lan papatihira, aneng marga wuyungan
sribupati, wusnya tebih prenahipun, sigra napak gegana, laju kundur marnag
pasanggrahan prabu, ing benjang arsa wangsula, yen wus amangun kasegtin. Kuning
kang kantune taman, retnagaluh uuninga mring sang dewi, kena kawulan duk dangu,
katonton solahira, wigya ngunduraken kadibyaning ratu, retnagaluh nebda driya, baya
iki putri ngendi. Ayu gandes solahira, magsih Kenya dene luwih sinegti, bias ngilang
bias mabur, wong iki galak ulat tenagane sarwa luwe dadi patut putrid iki arsa nyidra,
iya marang awak mami. Dyah galuh dangu waspada, nanging api-api datan udani
yata kusumaning ayu, retna kena kawulan, andhatengken karsa arepeki gupuh, para
dyah condra Kirana, arsa nyandhak mring sang putrid. Prabaweng cundhuk tumama,
tiba kongsep retna kenaka sasi, ing ngarsaning retna galuh, kunjem tanpa gulawat
dupya antara dangu nglilir sang retna yu, ngungun pungun ngunguning tyas sang retna
kenakasasi. Gegetn micareng driya, pageneya ing ing sun kongsep kabanting, dene
wong iki tan weruh marang sariraning wang, apa darbe pangwasa ingkang pinunjul
sanadyan silihdarbeya, pagenae kasoran mami.Lan anak wong padhukuhan yegti
merang dellap mring tanah jawi, arsa nanduken prangalus lan putrid tanahjawa,
wusana nyasor lan anak wong dhudhukuh, yata wusnya anglocita, sang retna
krodham begjulig. Matak aji nya pamungkas, sanalika gumerswareng wiyati, dhedhet
erawati tedhuh, riris satis kang prapta, bayu bajra mees taman lir pinusus, rusak
ingkang kembang kembang, agya retna sekar taji. Uninga yen kasantikan, gya
pinandeng sirna kang riris atis, prabawa sadaya larut, sortitih dibyanira, dyah kena
kasasi wruh yen sirna kang hru, krodha mempeng arsa nyandhak,marang ing dyah
sekar taji. Kongsep malih kapidhara, rambah katri denya mrih datan keni, kat gad
kusumaningrum, retna kena kawulan, mesu cipta tiwikrama kang winangun, sarira
pinesu dadya sarpa gengpanjang mawedhi. Sawusnya manila sarpa, gya katingal
antara tan atebih, sang nata kroramanaut, galak katon kumelap, mangap ngablak
diyung kengis kadya murub, netrane lir surya kembar, wisa sumembur lir riris.gebeki
taman,retna galuh eca kendel tan gingsir, atajem polatan ruruh, tanpa sandeyeng
dirya, malah katon angalapus pita menur, tan riringaring babaya yata retna ragil
kuning. Lan ki Jangkung duk uninga, mring kang sarpa gengpanjang gigilani, dyah
ragil kuning lumayu, marpeki mring kang raka, sarya matur kakang bok sarpa puniku,
paran kadadosanira, dene tanpa sangkan prapti. Mesem dyah Condrakirana, lah
pesunen paningalira yayi, supaya waspadeng kewuh, apa kasupen sira, retna ragil
kuning mesem sampun weruh, kadadyaning ponang sarpa,, yen sajati putrid adi. Dyah
Ragil Kuning asigra, marepeki mring nggening sang pambudi, dupi parek kgat dulu,
rising amindha sarp, dene retna onengan tan ajrih dulu, malah mesem angandika, ayu
temen sarpa iki. Cacade sugih tenaga,bok den patut samitra luwih becik sang sarpa
miarsa wuwus, garjita jroning nala, jalma iki bala wadi kang satuhu apawruh
kddyaning wang, lah iya ayu ngunduri.
Risang sarpa mangsah kroragora-godha, mekar geng panjng malih, ngadeg pethit
molah, sumblak kadya kilat wreksa kang kasabet gusis, sol kaparapal, swara
anggegegeteri. Jaka jangkung niba tangi kamigilan ni rondha kagyat prapti, sumusul
mring taman, dupi uningeng sarpa, dherodhog lan jerit-jerit, anguwuh marnag,
limaranden agelis.Lumayu walan arimu dipun enggal sang retna anauri, bibi emane-
eman kembange akeh megar, dupeh sarpa gigilani,lah ngarah apa, ni rondha duk
miarsi, Kuntrang kantring sakng maase kalintang, dhuh adhuh anak mami, age
lumayuwa, yata kang kauwusa, wonten gegaman geprap ti jawining taman ingkang
adarbe baris. Nateng siyem kalawanateng manila,prapta tunggiling kardi, arsa
amisesa, marang rondha dhadhapan yata rising sarpa uning, yen praptanira, rising
narpati kalih. Minger medal sang retna galuh tinilar, sang naga prapteng jawi, sedya
ananggulang, praptane kang gegaman, laju sumebut dhatengi,krura angakak gora reh
gigirisi.
Taksih wonten candhakipun.
\\\\\\\\==================
Ongka 10, Kemis kaping 7 Maret 1878

Kabar kawat saking Eropah

Istambul 26 Pebruwari, wawaton tentreming paperanganingkang katawekaken ing


wekasan Ruslan anedha pituwas waragad paperangan 2612 yuta rupiyah, menggah
tatanggelanipun yatra wau, Turki kedahamasrahaken dhteng Ruslan, 6 baita kapal
lapis tosan tuwin kitha Karse, Batum saha kitha Bayasid wah yatra 480 yuta rupiyah,
tatanggelan bayar tuwin anakanipun bulubekti ingkang medal saking Bulgari tuwin
ing Mesir
Londhon 3 Maret Ruslan andhawahaken parentah, prajurit Londhon skawan dhipisi
kedah sowan anglampahi isa damel dameling kuwajibanipun. Turki andhaahaken
parentah dhateng wedananipun ing Sungapan dhardhanelan amambengana sadaya
kapal pernag, ingkang badhe malebet dhateng Sungapan wau.
Istambul 3 maret Badhami tentreming paperangan sampun kaasman dening Ruslan
tuwin Turki, Ruslan amandekaken pangudinipun bulubekti dhateng Turki ingkang
medal saking Bulgari, tuwin pangudinipun dhateng sawatawis baita kapal
gadhahanipun Turki.
\\\===========
Saking Acih nalika kaping 19 Pebruwari
Kampung Dharat ingkang dipun santosani, sampun kenging kapendhet dening
kompeni, wahdadamel kathah ingkang katut tiyang Acih ingkang pejah 27 Tongku
Amin santanipun raja Itam inggih pejah,menggah wadya kompeni ingkang tatu 1
Opsir 2 Caradhadhu. Prajurit dharta tiyang 300 tinindhihan oprestepanlir, kautus
dhateng Lonilampase, mawi kabiyantonan kapal perang satunggal supados anyirnakna
lampahing bajag laut tuwin dharatan saha angucik wangsuling barang ingkang
karayah wah lumadosing tiyangingkang sami amejahi tiyang dagang, sasampunipun
lajeng anglajengna lampahipun dhateng Analabu, ing sasaged kalayan pirukun
anyirnakna, lalampah ing kraman.
\\========================
Surakarta
Nalika tanggal kaping 19 wulanPebruwari, anakipun pun Merta Semita ing dhusun
Prayan lare estri watawis umur 8 taun kapanggih pejah wontening sumur,
sakingkinten-kinten lare wau badhe animba, lajeng kajrungup.
Lare jaler anakipun Deang ing Satriyan antawisumur 13 taun kesah tanpa pamit
dhatengtiyangipun sepuh, ngantos sapriki dereng wangsul sahakaupadosaninggih
dereng kapanggih, jalaraning kesah amargi dipun gebagi bapakipun pramila sinten-
sinten ingkang saged amratelakaken dunungipun lare wau, sami dipun aturi, lajeng
angaturna katerangan dhateng priyantun pulisi bawahipun piyambak-piyambak.
\\================
Yogyakarta
Serat kabar ataram angwedharaken pamanggihipun para titiyang ingkang sami asring
anyadran dhateng ing Imagiri, kadosta. Bilih tiyang anyadran dhateng ing
Imagiri,amasthi marginipun mawi anyabrang ing lepen Opak mongka lepen wau ing
mongsa jawah asring banjir, saha banjiripun sanget santeripun pramila sampun kerep
wonten tiyang tiwas sarehning sampun tamtu ing saben taun kathahpara ageng tuwin
alit anyadran dhateng ing Imagiri,mongka boten wonten margi sanesipun punapa
boten amikantuki, bilih lepen Opak kayasanan kareteg, Menggah yatrapanjurung
ingkang badhe kadamel ayasa tatenger,sih sujud dhateng suwargi Panjenengan
Dalemingkang sinuhun Kanjeng Sultankaping 6 (VI) punapa boten sakalangkung
amigunani, bilih kadamel ayasa kareteg wau, wah manawi wonten kirangipun ing
bondha, sampun kenging katamtokaken bilih karaton kakalih, amasthi badhe guyub
aiyantoni ing rampungipun.
\==================
Angsal-angsalipun raden Mas Tumenggung Danukusuma, anggening anglampahi
ayahan dalem atitipariksa, saking kabaripun ing mangke kathah para abdi dalem
malah wonten wdanaipun satunggal sami atampi waweling pungkasan bilih taksih
anglajengaken anggening boten anglampahi ing wajibiipun saestu sami kaundur
sakingpangabdenipun.
\\===============
Punika candhakipun Bedhahing Plepna.
Ing palagan asri dinulu, ing wuri papanipun surem remeng-remeng, ing ngarsa
radinan ingkang anjog ing Plepna kaapit-apit ingparang pajeg tengah kukus
anglimputi, getering ngayuda angumandhang ing Dirgantara,yuda sadinten punika
ingkang angggantung papesthenipun Basah Osman sawadyanipun boten
papesthenipun kitha Plepna awit punika sampun kalindhih. Antawis pukul kalih welas
ungeling mariyem tuwin sanjata alit sampun awit angawis-awisi, sakedhap engkas
nulya kendel kados sumayan kukus sumilak sanalika ingpalaganyebet kados ing
tembe badhe boten kaselanan malih dening swaraning ngayuda. Elet satengah jam
sasampuning kendel ungeling mariyem anulya katingal bandera pethak kapanjer
ingradinan.Plepna sampun bedhah Basah Usman arsa nungkul. Saksana wadya Rus
asurak surak aningalaken bingahipun surakipun anyurambahi lebak ingkang
karyaprihatin punika, punapa lih surakipun wadya Rus wau amratandhani bilih
soldhadhu Rus amuji-muji dhtengmongsa ingkang anyirnakaken kamasakataning
prang ingkang saklangkung awrat awis bilih sadaya samya rumaos bolong manahipun
awit sampun lami anggenipun anganti-anti wekasaning prang.
Boten antara dangu wonten satunggal upsir Turki prapta nitih turongga sarwi ambekta
bandera pethak amurugi jendral Ganetsni Komendhani prajurit Grenadhir, sakedhap
kendel wonten ngarenipun JIndral Ganetsni nulyua enggal wangsul salajengipun
katawis bilih upsir wau pangaktipun dereng anyekapi, margi jendral Ganetsni
amratelakaken bilih piyambakipun kedah pabenan kaliyan upsir ingkang pangkat
basah.
Jendral Sekobelef sakancanipun upsir samimajeng dhateng radinan ingkang anjog ing
kreteg ngantos pambedhil tebihipun saking pabarisan Turki, antawis50 elo tebihipun
saking kreteg nulya kendel upsir kakalih angawe kaliyan sapu asta pethakpratondha
pamitran punika wangsulan sarana muslinpethak tumrap ing panjeran anunten wonten
upsir prapta ambekta bendea pethak sarwi wicanten kaliyan juru basanipun jendral
Sekobelef boten dangu lajeng wangsul upsir wau awawati bilih basah Osman badhe
praptapribadi, sarta sadaya sami angalembana dhateng kaprawiranipun, semonipun
sanalika kasupen bilih bangsanipun kang samya kataton kasiya dening
GarnisuningPlepna wonten ing palagan pasiten sakiwatengen kula sasat kasasaban
tilasaning prang, sasaenggen enggen kadhung kardening panjeblosing granat ing
ngajengan kula wonten kapal pejah teksih wonten ing rakitan caketipun wonten
soldhadhu Turki tanpa sirah kaprawasa dening mimising mariyem satunggalipun
wontensangandhaping grobag ingkang sakawan muning sakiwatengnipun sadaya
samya kanin sarwi akrukub kemulipun ingang sampun amoh, tiyang smanten wau
boten wonten ingkang kumlisik sadaya samikendalangraosakensakitipun nantos
anuwuhaken wijiling waspanipun kang samya aningali, nemu granat satunggal
ingakng amarjaya tiyang samanten punika.
Samargi-margi sasat kaurugan dening Turki ingkang pejah tuwin kang tatu, punapa
malih dening wangkening kuda lembu tuwin remukaning grobag, para dhokter Rus
sampun awit ambebeti para tatu angentosi pirantos pangusung.
Anggen kula aniningali kasaru praptanipun upsir kakalih,ingkang satunggal katawis
bilih pangkatipun luhur, ngagem kopyah abrit ambranang, roking biru sarta ngagem
sarung sta, sawanganipun meh rampingm upsir wau teksih nem-neman kados dereng
yuswa 35 taun, ing ngajeng sadaya samya anginten bilih punika BasahOsman
ananging sayektosipun sanes inggih punika pangagenging seta panama Tepikbei,
amratelakaken biulih Basah Osma taton,para tus dereg sumerep bilih sng Basah katon
anulya sami ningalaken prihatinipun sareng kapitakenanpanggenanipun Basah Osma
Tepik Bei anudingi griya alit ing sabrang lepen.
Sasampunipun awawarti tepikbei lajeng boten nedya wicanten malih, sanajan
kagrudugan ing pitakenan tansah kendel kemawon, nalika samantenkawontenanipun
meh lucu, ananging dangu-dangu angenes-enesi manah, awit balatontra sakaliyan
taksih ajeng-ajengan boten wonten 500 elo letipun sami asikep dadameling
ngayuda,sarta mathentheng angajeng-ajeng wekasaning rembag teik tansah kendel
anjetung, dangu-dangu jendral Sekobelep semu duka wicanten tembung Inggris
dhateng kula, seta, wong iki apa karepe gene ora clthu, tepik mak satan purun
wicanten salajengipun terang bilih tepik wau dhasar kumet wicara, ananging
sadintenpunika anggenipun kendel awit saking kuwuring manah, tan pegat
pamandengipun dhateng pranahing sopoya, semunipun teksih angarsa-arsa mehemet
ali babantu saking Sopiyah.
Para Rus nulya kendel sampun kapupus anggenipun murih wicanten dhateng tepik
bei, tuunipun JIndral Setrukop nunten rawuy ambekta wawenang kenging\ipun
Bedhami, andaangu dhateng tepikpunapa piyambakipun angampil wawenangipun
Basah Osman ananging tetela yen boten awit sasampuning ngandhukilajeng
anyungklang wangsul.
Sadaya sami kantun angentosi,wonten Turki sawatawis amurugi dhateng
panggenanipun para upsir Rus wonten ingkang sanjatanipun akalungaken ing
pundhak saweneh kacangking,prelunipun namungkapingin sumerep kemawon
kancanipun ewon ingkang samya ngadeg ing parang sarwi sikep dadamelipun
tebihipun naming 50 elo sakin gpanggenanipun para pangagenging Rus menggah
sedrelan kemaon panggenging Rus badhe kathah sudanipun awit sadinten punika para
upsir Rus langkung saking satus ingkang ngalempak ing panggenan ngriku, mongka
dereng wonten emperipun bedhami. Ing gelingan sisih tengen bala Rus katingal sami
anginggahi, Turki anilar betengipun siti, ing wusana jendral ganetsni rawuh nulya
majeng, smargi-samargi sasat kapepetan dening tilasaning prang, para tatu
sampunkausungan sadaya, ananging caketing karetek taksih kantun satunggal
Turkinem-neman sanget angggenipun agung mateni saariranipun kapot jas kadamel
kemul ransel tuwin sanjata kadamel bantalan tingalipun ladak darbe sanjata, dhasar
tuhuprayogi sanjata damel Pibodhim semunipun teksih owel pisah kaliyan
sanjatanipun,ananging dhokter ingkang mulasara nem-neman wau awawarti bilih sang
anom badhe boten meningi sonten
Taksih wonten candhakipun.
\================
Panjurung
Kula kerep aningali serat kabar, yen sapunika nagara dalem ing Ngayogyakarta
kadunungan musthikaningkawruh, bab kabar wau yen mila kabar yakin ratu kula
ingkang sinuhun Kanjeng Sultan badhe kagungan abdi ingkang utami, awit amaedahi
dhumatengpara kawula dalem ageng alit sadaya, inggih punika sudrsananing kagunan
ingkang nuntuni kamayaraning tata tentreming nagari, sanajan botena trep kalayan
ingkang sampun masthi, ananging ugi sampun kenging dipun wastani margining
rahayu.
Boten ta namungpunapa pamuhi kula ing gusti Rabilalamina, mugi-mugi ara abdi
dalem salebeting pawengkon nagari ing Ngayogyakarta sadaya, ageng alita kula
pupuji samiya amarsudi ambiyantoni satosaning nagara dalem ingkang murih
dhumateng kamulyanipun anak isining nagari, Yen makaten sinteningkang nyantosani
wisudaning lampah wau,manawi manawi ingakiripun pikantukpangalembana ingkang
kalayan nyenengaken panggalih, ewa dene sanajan kula punika kawula ing
ngrikanipunsuprandene angangkah angkah badhenyanyadong barkah dalem. Ingkang
wasana pamuhi kula wau, kasembadana tekap ing salami-laminipun mugi mugi
sampun ngantos kikirangan satunggal punapa. Katitimgnsan ing Ngadipala tanggal
kaping 22 Sapar warsa Dal Sangkala 1807. Ngabdul Amin.
\=============
Sampun limrah ngagesang,yen tiyang …..sepuh punika suda samubarnagipun, boten
kados nalika taksih nem umur salawe taun saestu awis-awis sakit, snajan asring
lumampah dalu,s arta kajawhan tuwina nedjha ingkang carobo, inggih boten dados
punapa, wahing saben dalu melek ngantos natas suprandene enjingipunlajeng
kesahan. Angluruk ngaben sawung pri tuwin main kertu sasaminipun tarkadang
ngantos dumugi serep ewa dene badan sakeca kemawon sareng sampun andungkap
sepuh, menggah ting samubarang kedah mawi dugi prayogi, awit pun badan boten
kuwawi nyambadani pikajenganing manah.
Sanajan kabingahan ingkang anuntun dhumatengkamlaratan ingkang sampunlimrah
kasumerepan, dereng wonten botoh saged dados sugih,jalaran saking anggenipun
main, limrahipun sami anggondhi, sarta samongsa kacupetan manah, adad asring
medalaken ipun ingkang tan prayogi.
Tur tiyang ngabotohan punika, boten saged masthekaken menangipun ananging yen
menang sangsaya kados dipun ungar, angangkah wewahing pamenangipun wasana
pamenang wau dhadhal dene yen kawon ambenteri, kedah bujung pikawonipun tur
awis kacandhak malah saya wewah kawon yenboten angsal anyambut-nyambut
barang sagadhahanipun katombokaken kadamel bujung pikawonipun.
Cariyos ingkang kasebut ing nginggil punika ugi leres ananging botoh boten
anggadhahi ciptaingkang sumanten namunganjurungi bingah, utawi
benteringmanahipun kemawon dene botoh anggenipun sok taksih ngabotohanpunika,
sampun kakinten kadamel pangupajiwa kados ingkang rumiyin-rumiyin naming
kadamel pangangurankemawon sarta boten ageng.
Leres ananging yenkengingkamantunana babar pisan punapa kirang kabingahan ing
ngalamdonya sanesipun sakngngabotohan ingkangkenging kaanggepangangguran
sarta boten anuntun dhumatengpandamelan awon. Sanajan cariyos punika leres, sarta
boten kenging dipun waoni, ananging kalimrahanipun tiyang punika, yen darbe
reremenan sanajan sumerepa yen sabab punika badhe dados sasekaring karisakan
boten nedya dipun unduri, kaemutna malih yen kenging ta, samongsa wonten ingkang
welas amicanteni, wangsulanipunmakaten: wong wis kabanjur kapriye olee ngunduri,.
Ingkang makaten punika wangsulanipun tiyang botennedya ddados se karana punika
lugunipun kaparentah dhumateng awa nepsunipun, awit manungsapunika boten
kuwasa nyandhat pikajenganipun ingkang boten prayogi, utawi ingkang badhe
dhuawah ing tiwas.
Kalih dene malih, inggih ta sanajan sampun limrah kasumerepan, tiyangnyeret
ingkang tadhahipun ngantos tigang rupiyah ingdalem sadinten ananging ingkang
nedya dados sae, sareng dipun wicanteni ingakng kalayanpamrina, saestu ingggih
lajeng dipun undur-undur,amasthi boten antawis dinten saged medhot suprandene
tiyang nyeret ignkang kathah tadhahipun wau sanajan badan kera sarta sasakiten
inggih dipun pilala, boten kados ingkang saged medhot dhateng badan lema tur awis
awis sakit malah malah yen aningali tiyang madati sengit yen tiyang madatipu punika
anjawi risak awak kalayan nalaripun awis ingkang kanggenan temen samongsa
patagiyan sarta boten wonten ingkang dipun damel tumbas madat alitipun wanton
anggagampil darbekipun sanak sdherek agengipun nyanyolong, kalih dene yen dereng
nyeret boten kenging dipun ajak rembagan nalaripun dereng mutup,pijer kalakepan
kemawo kalayan kesed dhumateng pandamelan, yen naming buntu rembagipun
kalayan kesed kemawon boten dados punapa, nanging tiyang madati ingkang boten
kacekapan, ingkang limrah lajeng medal nekadipun dhumateng kadurjanan kadosta
mamadung ngecu, ambegal, ngapus-apusi, sapanungilanipun.
Tiyang madat punika, kalayan tiyang doyan mendem undha usuk kemawon apyun
kaliyan arak tetela yen angrisakaken badan, sarta ambibrahaken rembag, ananging
sami sami angrisakaken badan enggal arak kaliyan apyun awit tiyang karem ngombe
arak punika awis ingkang panjang yuswanipun kalih dene endeming arak anypekaken
kerep dhmawah kanithan kadosta: ngantos supe dhumateng kawiranganipun utawi
ngantos ngathang-athang wonten ing lulurung, dene tiyang madat punika dipun
kathahana kados punapa, endemipun boten ngantos supe.
Kula sayektosipun eram aningali ingkang sami sep angunjuk arak mendem ngantos
supe, dene raosipun boten exa, kalayan manawi kaladuk pangombenipun dhumateng
badan sakit inggih sanajan makatena ugi, ingkang sami sep taremwuru mongsa
mastanana makaten. Cunthel.
Pratondha
Darmaopraceka.
\=====================
Saking dahat kodhenging manah, ingkang mugi wontena paring pitedahipun para
sujana, aparing barkah tegesipun tembung kados ingkang kasebut ngandhappunika.
Bab 1, Matreywata Prabuanih, para dretniloskawat atmawat para tuanih, aparing
daranih, matreywatdaranih.
Bab 2, Mustika Bramaracorah, suraking ampuhan titir sinajaraken mati dening alun-
alun.
Punika sami kados pundit menggahingtefesipun
Anjawi punika kula kaengetan gadhah mitra asta Jayapremana, ing dhusun Taban
manawi dhangan ing panggalih ugi kula nyuwun barkahipun karsa amaelu
kodhenging manah kula wau.
Wasana katur pamuhi kula dhumateng kasugenganipun mitra jayapremana wilujenga
ing salami-laminipun kasembadana punapa saking jatinipun.
Ing ngaksigonda, pun Mintawasita.
\================================
Saking pitakenipun juru gubah sastra ingpangeapan,ingkang tumrap sangandhaping
panjurung kula ing Bramartani ongka 9, kemiskaping 28, Pebruwari 1878, atur
wangsulan kula dahat trima kasih, awit pun kula sampun angandhang ing kalepatan,
ingggih punika awonipun titah mangkaten asring kalmput teka taksih matuh nalika
taun sirah 6 amila sapinten kemawon suka sukur kula dene sampun wonten ingkang
karsasudi anyaruwe, murih tatelaning kasedyan anjawi punika.
Ananging kajawi kaparengipun juru gubah sastra ing pangecapan lo saseratanipun
ingkang mungel boten dhata, punika mugi kasantunan aksaranipun 1 murdanya,
naming angagema aksara na, gantya kemawon,kangmanawi saking cariyosipun
tatiyang ingkangkenging kaanggep sumerep wenangipun angangge ga murda Nya
manawi kapasangan dha, punika ngemingaken bilih atunggiling ga, angsul boten
dpunapa boten kalihlingga, sarta ingkang mungel, kasantunan punika punapa boten
lepat kapirid sakinglingganipun santun bokilih, kasantunan.
Serat kula panjurung ingkang tumrap bramartani ongka 9 ing nginggil wau inggih
taksih wotnen ingkang kelintu ingpada kaping 4 mungel mamalat, saking pamanggih
kula leresipun mungel,mamalad.
Katandhan Arya Manungkara.
\=====================
Sanadyann boten amigunani saha boten andhanganaken dhatengpara ingkang maos
awit kados wicantenipun lare caangkriman bilih angkrimanipun kabatang lajeng
anebus cangkriman sanes anangingpanjurungpunika inggih kedah kula pacak ingkang
sapisan kula sampun dipun wastani ilon-ilonen kapingkaliipun supados arya
manungkara lega manahipunkapendel sagedangabruk mawi katontonaken
ingngakathah dados kawentar anthenipun, kula sakalangkung gumun anggening arya
manugnkara wasis ana sabalepatipun, tiyang sampun angnacik wulan wulan teka
taksih matuh nalika taun sirah enem
Juru ngarang.
\================
Panuhun
Ing dhusun Sikenong, kitha Klathen sareng wonten jawah deres para pangindhung
kathah ingkang sami ngresula, jalaran kalensimpanganurutipunpaleretbilih jawah
deres toyanipunlajeng ageng ngantos luber dhateng margi, dados tiyagn boten saget
nyabrang, saha margi ingakng lami kaadekaken ing bango, mila ing kalen wau
kapinnten uwotipun, sabab papanipun baten wonten kapepet ing bango,mila saking
atur panuwunipunpara pangindhung ingkang celak kalenint ngriku mugi ingkang
bawahaken angingsretabango wau saking sakedhik sakibata suka pirenanipun paa
pngindhung sadaya, awit margi lajeng sakeca, angilangaken samara.
Pun Pamuji.
\=============================
Camboran
Mugi wontena ingkang karsa adunungaken bedanipun tembung, rondha tuwin
wulanjar, menggah tiyang estri katilar ingkangjaler,mongka sampun anak-anak punika
dipun wastani rondha, dene ingkang dipun wastani wulanjar wau, tiyagn estri,
ingakng dipun tilar ingkang jaler, manawi dereng anak-anak, punika punapa leres.
Punapa malih bedanipun tembung prelu bilih anggati, tuwin lahanak kalihan sunat, ,
sanadyan tembung kakalih wau sampun kalantur kaangge, punapa boten prayogi bilih
katilar, awit dunungipunnamung angemungaken wontening agami, mongka ing
mangke kaangge padintenan.
\==========================
Para tuwaningkang kajibahaken wonten ing nagari Surakarta,bab kawontenanipun
konggresing Surabaya, angaturi dhateng para tiyangingkang sami bahe anggelaraken
barang dhateng konggres wau, barang punika mugi kakintunakendhateng tokonipun
tuwan Y ,Buselar,benjing tanggal kaping 5,April ngajengpunika.
Surakarta kaping 5 maret 1878
Kalilan katandha dening Sekrataris ing Para tuwan wau
C.E.Winter, 12.
Ongka 11, Kemis kaping 14 Maret 1878
Kabarkawat saking Eropah
Londhon 7 Maret waragad perang ingkang kajibahaken dhateng Turki,kathahipun
katamtokaken 1410 yuta ringgit tanah Armeniya kapasrahaken lintunipun waragad
ingakng 1100 yuta ringgit kakantunanipun kabayar warni yatra.
Surakarta
Amarengi dinten Bakda Mulud wancijam wolu enjing, panjenengan dalem Kanjeng
Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara, karsa amiwiti atrap banon tales
angenipun badhe ayasa masjid dene adegipunmasjid wau wonteningpapan prenah
sakilen dalem kamangkunagaran sarehning samukawis inking dipun sarirani, tamtu
boten anguciwani dhateng ingkang sami aningali, saestu pranatanipun pasamuan wau
inggih badhe angresepaken dhateng para tiyang ingkang sai anggatekaken nonton.
Nalika dinten Akad lare pun Kendar atumut lurahipun anyanjata peksi wontening
dhusun Mulangjiwan tumunten sami angaso wontening galengansanjata ingkang
kapanggul pun Kendar, kaselehaken wontening galengan sareng badhe mangkat malih
anggenipun mendhet sanjata pun Kendar mawi kageret platuk kacangkol anjalari
sanjata lajeng mungel amrawasa epek-epek tuwin dhadhanipun ingakng tengen
ananging boten andaadosaken bilahinipun pun Kendar kapulasara dhateng dhokter
jawi kamangkunagaran malah sapnika emeh saras.
Nalika tanggalkaping 11 wulanMaret 1878 wancijam 3 sonten, ing kampugn
Kalurahan Kilen wonten lare estri watawis umur 10 taun, kacegur ing sumurlajeng
katututan tiyang sepuh, kaentasaken lare pinanggih gesang, wilujeng ngantos sapriki,
saking kinten-kinten lare wau badhe nimba lajengkajrungup.
Pramila para priyantun, ingkang samikagungan sumur, ingkang tambiripun andhap
prayogi kainggilna, supados ngicalakenmutawatos.
Andadosaken pakewedipun para tiyang, ingkang kakesahan lampah dharat tuwi
anumpak kareta, amargi rendheting angkenipun andadosi, kareteging Kenthong tuwin
ing Ngampel. Sampun lami sanet anggenipun anggarap kareteg wau, mongka margi
ingkang anjog ing Salatiga, angel bilih kaambahing kareta,jalaran manawi banjir
lepenipun ngriku, boten kenging dipun sabrangi. Sakalangkung prayogi bilih abdi
dalem arsitek, atarsudiha dhateng ing bab punika wau, kados tanah bayalali boten
kenging winastan pangenan ingkang gigirisi dhateng piyambakipun kala kala alerep
wontening ngriku, anjegnengi panggarapipun kareteg ing Kentheng tuwin ing
Ngampel awit naming sawtwis patebihipun saking Bayalali,erliripun manawi wonten
ing bayalali,piyambakipun angsal pondhokan sae, tuwin amanggih pakumpulan
ingkang angresepi, ananging bokbilih wonen sanesipun ing bab ingkang kagatekaken
(lokomotip).
==========\
Asring wontentiyang lumampah gegembyakanutawi numpak kareta ing wanci dalu
akaliyan lalangen ingkang winastan ERmunikah, mawi binarung ing uran-uran
(Menyayi) swaranipun sakalangkung rame adamel kageting tiyangjalaran kepetik
kendhanganing karnanipun, sarta malih kenging katamtokaken saben dalu woten
tiyanglumampah gegembyakan akaliyanura-ura utawi sisindhen sora, mawi sinelanan
waanten calemedan lajeng sami gumujeng er-geran terkadhang broak-braok kados
babadhutan mangkaten, menggah sadaya wau ing pangraos anggempal tentreming
dalu, wah boten angajeni nagari dalem.Mila ingkangmangaktenpunika
amasthiprayogi sirna deing wewenangipun pangreh nagari, saranakabebahaken
dhateng tiyang patrol kemawon sampun cekap, bilih tiyagn patrol ajrih dhateng tiyagn
ambrakasak arak kasanetan.
Panjurung.
Ing kitha Klathen, parapolisi gen ingkang sami angsal gegadhuwan kapal bilih sami
guying kapal kasambataken dhateng lare jamaka makapunika kapurih
guyangsartanumpaki, ngantos jangkep lare,10 iji, patrapipun numpak sarta lumampah,
lare, 1- iji, nyingklak ing kapal sareng dumugi nginggil kapal lajeng kajejeraken
kepung radinan kapal lumampah rindhik,bilih ampun polisi agen katingal kapal
kabandhangaken ing sakajeng-kajeng, saking babanteripun ing kapal lare kathah sami
dhawah dados kasangsaranipun, ing mongka radinan wau bilih injiing kathah lare alit
kang sami jajan utawi tetumasna kengken tiyang sepuhipun,mila
sakingpanuwunipuningngakathah dhateng kekuwajiban mugi dipun panbengana,kang
supados angicalakening samara.
\=====================
Panjurung
Margi ageng Dhandheles awit saking bawah Bayalali saurutipun kantos dumugi
nagari Pisa ding samangke katingal sae pamiyaranipun gumladhaging radinan
adadosaken kamayaranipun para ingkang kekesahankalayanindhen,kareta, bendhi,
tuwin piranti sanesipun,s ampun saestu badhe boten kacuwan, wonten ugi satuggal
kalih karetegingkang sawek kadandosan ewadeneten sampun prasasat rampung, awit
boten adamel kandhegingpara lumampah mila dipunwastani margi ageng dhandhelas
sabab sakawit wonten radinan ageng sae ing tanah Jawi, saurut-urutipun ingkang
saking sisih kilen mangetan, ingkang karsa dhawah angadani inggihpunika nalika
panjenenganipun kanjeng tuwan guprenur jendral Dhandheles wontening tanah Jawi,
dumugi saprki radinan wau lajeng dados tuladha.
Namung wonten ingkang adadosaken pangunguning ngakathah, kosok wangsulipun
margi Dhandheles, inggih punika magi ageng Kartasura lami ingkang anjok dhateng
panularan dumugi peken Sewayudan ing samangke katingal kirang kaopenan katiten
sauruting margi saking kilen pisan kathah ingakng lendhong, dalasan kareteging lepen
Pelem Wulung (ingkang celak kalayan astana Lawiyan) kantos sapriki bokmanawi
kirang langkung sampun wonten 15 taun tanpa kalintonan uwod, mongka
margipunika ing ngatasipun titiyang alit saurutipun tanah Pajang amikantuki sanget
makaten ugi para priyantun ageng taksih asring karsa angagem ngambah radinan wau
kalayan prelu, kadosta bilih wonten santananing ratu ingkang seda, mongka kedah
kasarekaken dhateng kadhaton lami ing Kartasura, inggihprelu pancen ngambah ing
ngriku, sabab i8ng ngriku langkung celak, mindhak sapriki dereng lami kanjeng
gustipangeran adipati Arya Mangkunagara, karsa tedhaking dhusun Pajang kalayan
garwa Putra-putra,langkung ing lepen ingkang sampun kasebut,lintunipun kapal
titiyan kareta dados katarik ing baunipun titiyang kathah saweg waged rawuhing
sarang, boten punapaha samongsa katiga utawi asat wangsul manawi wektu rendheng
lepen wau asring banjir kapara nalika ing wulan Pebruwari, kaping, 15 kapengker
punika lubering toya lepen kantos belabor ing pakampungan astana lawiyan ingkang
lebetipun 4 kaki, ing wasana pangajeng-ajengipun para prikonca alit mugi wontena
kamirahaning ingkang ngasata nagari karsaha anggalih saenipun kareteg ing Pelem
Wulung, awit bade anyingkiraken para mutawatosi pun manawi wektu rendheng.
\===============
Ing Karaton Surakarta
Kulawisudhan.
Ing dinten Senen kaping 4 maret 1878
1. mas Sukarna, abi dalem Sekretaris pnakawan, ing Gedhong Kapilih,
kakulawishdan, dados abdi dalem lurah, kaparingan nama Mas lurah
Atmasukarsa, kakanthekaken raden Atmasudarsa, wonten ing Gedhong
Kaniten Nglebet.
2. Mas Panewu Panjang, abdi dalem panewu Punakawan ing Gedhong Gudhang
Minuman kakulawisudha, dados abdi dalem Lurah, anggentosi bapakipun,
pakat lurah nama Nunggak semi, mas Lurah Atmaretja, kakanthekaken raden
A”tmakarsika, wontening Gedhong Mejit Nglebet. Prayantun ingkang
kakulawisudha, kalih punika, sakiba bingah ingmanahipun, ajalaran katurutan,
panuwuning ing ngagesang, katandhan Kapengin.
\\\=====================

Yogyakarta
Bab sasakit warni-warni, ingkang tumrap saleripun saganten indhi,bawah
kabupaten Bantul Kadireja, Residhenan ing Ngayogyakarta, samangke sampun
kathah mendhanipun awit pikantuk tulungan Usada, saking kanjeng parentah
agneg nagari, wondene tiyang ingkang sami ginanjar sakit wau,jaler, estri anem
sepuh, kadugi wonten tiyang gangsal ewu, langkunga boten kathah, kiranga
kedhik.
Wondene bab awising rijeki, sampun boten anguwatosi, jalarankanjeng parentah
ageng nagari, paring kawelasan karsa nguluri tedha sawantawis wos, 90 dhacin
arta kadugi wonten 1000 rupiyah gelo sanajan paparing wau boten anyekapana,
ananging sampun kenging kadamel tutulaking kamlaratan.
\\\\=======================
Nalika ing dinten Saptu Paing tanggal ping 16 Sapar ingakng sampun kapengker,
nuju jawah deres kadugi wanci jam tabuh tiga siyang, lataripun raden mas /riya
Suryadi, kadhawahan warni sawe saking ngawiyat warninipun cemeng, boten
antawis dangu warnining sawer katingal radi abrit lajeng rumambat dhumateng
wit kalapa (tirisan) ngajengingpandhapi, antawis tiang kakiinggilipun sawer wau
katingal jene,sareng makatenlajeng ical,icaling swer wonten suwara jumegur sk
langkung sanget, tirisan katingal pating karowal ujuding sawer lajeng musna.
Kula eram sanget dene wonte maujud warni sawet darbe suwara ingakng
nglangkungi gegetering, badhe kula wastani gelap kok mokal sange yen gelap wau
maujuda warni ingkang kados makaten.
Ingkang punika sarehning sanget kodhenging manah kula,mugi mugi wotena
karsanipun para sarjana, paring uninga menggah ing katranganipun bab ing
nginggil wau, Sru sanget pangajeng-ajeng kula.
Panjurung.
\================
Kula eram sanget awit ing jaman sapunika, taksihwonten tiyang ingkang gugon
tuhon
Juru gubah.
\================
Sanajan pangajeng-ajeng punika asring ambalenjani, ananging wonten saenipun,
wondene saenipun, upami tiyang kekesahan tebih,pangajeng-ajeng wau adamel
kamayaran sadumugining ngenggen.
Boten wonten ingkang saed anglegani pikajenganipun satunggal-tunggaling tiyang
awit budinipun manungsa sampun kapasthi boten saged marem-marem manahipun
boten ajeg kemba dhateng ingkang sampun wonten angremeni ingkang taksih
dados pangajeng-ajeng.
Gesanging manungsa boten sanes naming kanthi bingah kalayan susah (gentos-
gentos dhatengipun punapa dene kanthi supe utawi sirnanipun ing kaengetan
sawatawis inggih punika ingakng nama tilem milanipun ngagesang ingkang katnhi
kabingan kathah sarta awet punapa malih sakedhik kasusahanipun punika dipun
wastani begja, kosokwangsuliun kawastanan cilaka, ingih punika gesang ingkang
tansah kanthi kasusahan awis kaselanan ing bingah utawi kasenengan anamung
nglengkara yen manungsa naming angraosaken bingah kemawon.
Kampung pamotan ping 4……Citrawikrama.
\======================
Samarang
Ing mangke sangsaya lami sangsaya kathah tiyangingakng kenging sasakit
panastis saengga kathah ingkang anemahi pejah, ananging mangkatenpunika
ingkang kathah rare alit sarta sakitipun boten angemungaken panas mawi watuk
utawi lajeng boten saged wawratan tuwin toyan.
Kajawipunika wonten pawartos bilih ing salatiga sapunika dados pangusenipun
tiyang walandi tuwin jawi saking Samarang, ngantos griya griya ing nrgiku
kamaripun sami kebek kapanthokan tiyang sakit saking moncanagari wonten
kabar yen griya ageng ing kebon laut ingkang rumiyin sampun nate kaange griya
pamulasara sumerep pitulungan dhateng para tiyagnnagari, ing mangke badhe
kasudhiyakaken malih kaange panggenan amulasara para tiyangjawi
sapanunggilanipun jalaran griya pamulasara setatserban sapunika sampun kebak.
(slompret malayu).
\====================
Punika candhakipun Bedhah ing Plepna.
Rindhik sarta ewet lampahipun para upsir Rus anglangkungi tilasanint prang
warni-warni pating salengkrah angurugi radinan, nulya dumugi samadyanipun
wadya Turki, ingngriku teksih kebek papejah tuwin tetatu, ing pajagena teksih
samya mirantos semunipun kados teksih angajeng-ajeng campuhing prang.
Saya majeng saya bentet wadya Turki, ingkang dereng dangu mentas taker marus
kaliyan kaliyan bala rus sapunika taksih mingut-mingut mndur mandir
pamadengipun dhateng para upsir Rus, jendral Sekobelef anyariyosaken kala
perangipun Honggari kaliyan Ostenreik ugi sampun badhe bedhami, anunggil
lalampahan kaliyan para Tus sapunikal para upsir Ostenreik sawatawis kacidra
dening mengsah. Mugi-mungi sapisan punika rahayuwa.
Satus elo langkung saking kaeteg sampun boten saged anglajengakenlampah
margi jejel wadya bala Turki, ananging saestonipun boten susah awit
sampundumugi ing griya alitpanggenanipun Basah Osman nandhang brana,jendral
Ganeski, setrugop kang liyanupsir sawatawis samya manjing ing griya alit wau,
ingkangkathah kantun ing jawi. Dangunipun anggenira rembagan naming
sawtawis menut awit prajanjeyanipun anungkul cekak tanpa langgeran boten
kenging mengeng, BasahOsman sigra anyanggemi. Ingkang miring emperipun
gumun ananging gampil ginalih sabab Basah Osman sampun tan sagen bongga.
LIka badhe ambobol saking pangekering Rus kedah angothongaken beteng beteng
sadaya, sampun kothng katamtokaken icalipun awit lajeng kaidenaning wadya
Rus sarta kasantosan, Basah Osman sapunika manggen kapenah lebak mongka
Rus ambarisi sawarnininig gegenaneng ingkang angapit-apit lebak punika mawi
bala tikel tiga kaliyan balanipun sang Basah,mila Basah Osman kedah engggal
anungkul awit ngekering Rus saya dangu saya ngangseg, kawontenanipun Basah
Osman sami kaliyan tiyang agung Napoliyun III nalika kakepang dening Pruwisen
wonten ing sedhang, ananging katimbang raja prangkrik taksih santosa, awit basah
Osman tan darbe aling-aling kadadosanipun sapunika kabetah kedah masrahaken
balanipun ingkang nate ambibrahaken kakiyatannipun Ruslan salebeting prang
punika, sarta nate anulak panempahing papiliyanipun wadya Rus ngantos rambah
kaping tiga, Basah Osman nulya nitih rata lajeng lumebet ing kitha Plepna.
Grutpores Nikolas (inggihpunika caloning nata ing Ruslan) boten pantara dangu
rawuh amariksani bala, andhawahaken pangandika dhateng prajurit Grenadhir,
nulya samya surak surak angegungaken gustinipun sang Grutepores Nikolas
dhasar wasis angrentahaken tembung sah dhateng wadya balanipun sareng samya
majeng lampahipun katingalan sampun santun warni, satunggal Turki sampun
boten wonten ingakng sikep dadamel. Nalika pirembagan bedhami sakin
gwatawis pukul kalih, sapunika pukul tiga turki sadaya sampun sami nyelehaken
dadamelipun amiturut dhadhawahipun di anggenipun gnadeg inggih ngriku
anggenipun nyelehaken dadamelipun ing saenggen-enggen tiyanglumampah
kasandhung sanjata, sanjata pidhi tuwin Martini, ingkang amrawasapinten pinten
rus nalika wulan Juli tuwin September, kadadosanipun sanjata waupintenpinten
inking rusak kaidak kailes.
Sareng andungkap dumugi ing Plepna nulya kapapakpintenpinten grobag
paliyanipun inakng angiringaken wedaling wadya Turki saking Plepna, sadaya
kaisenan barang warni-warni, salong isi paraestri, tuwin rare, tujunipun grobag
punika taksih tebih dereng kaandhak mimising Rus wonten pawestri satunggal
warninipun anggigilani, ngadhang margi sarta amimisuh kathah kathah dhaeng
para tus sareng wonten soldhadhu Turki sapontha langkung abalengkrehiisinipun
grobaging pawestri wa manggih keju lajeng kaemplok saksana pawestri
pamisuhipun wangsul dhateng bangsanipun pyambak.
Lampah kula nulya kandheg awit Basah Osman katingal wangsul badhe amethuk
rawuhipun Gruteporep Nikolas ingang anjajari ratanipun prajurit kosak 50 iji,
sarta kadherekaken upsir Turki 30 iji, ratanipun Grutporets Nikolas amurugi
Basah Osman anunten sang senapati kakalih dangu sawang sinawang tan mawi
ngandika ngantos kalih menut, wusananipun sang calon nata amaringaken
astanipun atata beyan kaliyan lalawanipun ingprang, sarwi angalembana dhaeng
kasudiraning mengsahipun, para upsir Rus sadaya samya angurmati dhateng
senapatiningPlepna. Pangeran Karel ing Rumeniyah ugi murugi lajeng tetabiyan
kaliyanmengsahipun Basah Osman angagem roki biru tanpa mawi tatenger,
ngagem kopyah abrit ambranang, pasarinanipun ageng birawa, godheg ketel
cemeng sarta pepet grana bethet netra cemeng semu kereng, ulatipun
amratandhani kakencengan tuwin teteging manahipun.
Ananging sadinten punika wadananipun katingal anjekethut paningal surem
ambalerest amratandhani sengkeling panggalih. Para Rus sadaya tan kendhat
angalembana dhateng kasudiranipun san senapati,malah wonten ingakng mastani
makaen sanajan Basah Osman anukula, ananging kena uga di arani unggul
yudane.
Bokmanawi pangalembana makaenpunika radi kaladuken ananging ewed anggen
kula mastani,s aehning ing mongsa punika sadaya taksih sami kasumukan dening
nalar ingkang nembe kalampahan sajatosipun Basah Osman boten kenging
katimbang kalayan wawatonan militer ingakng limrah, awit priyagung wau boten
darbe bala ingkang tata, balanipun namungkenging kawastanan pandhaning tyas
sikep dadamel tanpa taka tanpa pangajaran ngemungaken watakipun bongsa Turki
bangun turutipun dhateng pangagengipun, inggihnalar makaten punika ingkang
amratandhani katatalaning senapati,bilih senapati tanpa bondha,limrahipun pancen
ambibrahaken nalar, meksa saged anuwuhaken kadadosan ingkang
ageng,setapipun meh boten wonten upsir ingkang sampun aningalaken
kawicaksananipun pramila awrating pangreksanipun kasanggi pyambak saran bala
kang sawek ajaran kadugi anglawan leiyunipun gegelengan militer ing tanah
Eropah ingkang ageng pyambak.
\=================
Panjurung
Sukra Epon angripteng artati, pingdwi candra malek rabya lawal warsa Dal ing
sanga kalane, kawahanan amuluk isthaning wong, angulah titi, sekunging tyas
tiarda, amres tyas mamangun, dahat ancuryaning driya, amiyarsa dados ngenge
mitra mami, babahlak swanting kowan. Anggugurit ingsorah deramrih,mula buka
saking basa Cina, jinarwa jawa ing mangke , mangkaten ujaripun, yawning bongsa
Cina kapatan,mila angobar kertas, nilas duking dangu, wonten cina langkungkaya,
sih siniyan sasaman semi pangeksi, kaliyan rabenira. Sanintya sagyanira karonsih,
manggung mangun oneng kaonengan, kawngan kawibawane, ing ngari juga nuju,
sakaliyan satata linggih, aneneg tepas wangunan, rinenggeng tatarub,pinalisir sura
jenar, ginombyokan babara asilih-asih, asri lamunkawuryan.Patamanane neng
natar atharik,nuju nedheng semune sumekar,kongas aminging, gandane, wimbuh
karyeng wulangun, nanging rising janma kakalih, tan mulat srining taman,myang
srining lyanipun,muhung kangkaiptengdriya, tan lyan tulus sadonira akaronsih,
ringreh asmaratontra. Wus dinalih salwiring dumadi, kandhah dening sih-
sininiyanira, myang raketing pikramane, sakalih-kalihipun, abipraya sae kakapti,
barang kang kasat mata, kuciweng wawangun, mandar ngewakaken ala, dadya
kadarpaning priya amaladsih, aris wicaranira. Dhuh dhuh adhuh sira wonding
nganti,ingkang mongka dununging paningal, macung tan ana pindhane, kang
kapyarsa kadulu,kang sangsaya mring sira yayi, temahkuciweng seara,ujwalane
mesum,nukma maring wadananta,nadyan ingkang sari-sari milangeni, anengnging
sariranta. Anging menengsotaning tyas mami, yensun rasa rerasaning driya, tan
langgeng tan wuning tembe, prasamya keneng surud,pun dimarganipun
papanggiyh,nutuk ken donasmara, iku susahing sun, apa sira wus kejekan,
ingpamikir kaya sotaning tyas mami, lahmaraha sajarwaha. Supayane legaha ing
ngati, nguninganiprasetyang kasidan, sang retna alon delinge, pan sarwi
awotsantun, rerasane tumekeng kapti, angel tanduking manah, jiniyat
umatur,lahlamunkawula paran, ingkang juga prakara wus ngleksanani, walesaning
siniyan. Dtan paelan paduka yekti, nangingprakara mring katamtuwan,tanpened
rinaosake, mangkaten eliripun,pikar-pikir pedah punapi, ing reh maringkamuksan,
wus pacanganipun, menggah hyang latawal ujwa, anggadhuhken ingpati kalawan
urip, janma sapramudita. Mila wajibbbastiti tumiling, ing sambawa sambaaning
kridha, wit wrenang nandhuken pangreh, dhatengpralayanipun sumawana mring
liyan ugi,yekti gadhah panguwasa tanpa esa wastu, kaliyan pribadinira, dadya
ugering kawruh ingkang linuwih, waskitha kanyatahan. Temah saged andum milih
bathi, awit kawruh papasthening winekang, kawenangan sajatine, saking titining
ratu, kangnanduken kungkum lana adil,amlaksana myang dhendha, janma lampah
dudu, kaleksanan katiwasan yeku m,ongka tandhanekalawan yekti,pae witing
dumadya. Karsaning hyang pan kinarya gaib meh tumimbang maring
pangawikan, tan ana kanyatahane, babasanurut entut,ngantepana tn papambudi,
kadya ing reh paduka, namaken pan dangu, lah paraning marganira, ngeksi asta
lungiyan akeroronsih,titining sangkanparan.
Taksih wonten candhakipun
Katandhan N.K. inggih Arya Manungkara.
\=====================================
Ongka 12, Kemis kaping 21 Maret 1878

Para priyantuningkang sami mendhet serat kabar Bramartani mongka wale ding
bayaripun saha ingkang sampun sami kaemutaken pungkasan medaling Ngepos ing
mangke kaaturan enggal angintuna yatra,bilih boten badhe katagih sarta
mawikapratelakaken nami tuwinpakatipun wonteningserat kabar punika,
sakingpangajeng-ajeng kula, mugi punika sampun anyekapana, amambengi
kalampahanipunignkang kapratelakaken ing ngajeng wau, saha kauningana
bilihsampunkalihkemis kapengker punika, para priyantun ignakng derneg bayar
sampun sami botenkula kintuni serat kabar
Tuwan Jonasportir enko.
\=============================
Surakarta
Nalika kaping 13 Marret punika rare anama Ngariman ambyur sakingkareteg gantung
dhatneg lepen Pepe, sedyanipun badhe adus ngiras lelangen ananging celaka temen
dene cngkemipun katanggor baita ingkang pinuju lumarap wekasanipun
ngarimananemahi pejah.
Kala wingi wanci enjing wonten cina nupak dhosadho, kilap sakingkirang panatos-
atosipun kilap kapalipunangiwar, dumugi sairinganipun dalem parensidhenan kapal
ambalasak dhaengpanggenanipun para tiyangingang sami dhasar wontening sisih
wetan margi ageng, lajeng anunjang tiyang estri ngantos tatua sanget.
Salebetipun sekaten kula titi titi para tiyagnsami ajrih anerak undhangipun ingkang
ngasta pangwasa nagariingkang tumemepleking pundit-pundi panggenan saparlunipun
awit sakingpara pulisi sanet amarsudi sagedipun para tiyang angaji waji dhateng
undhang wau kados dene dhateng bapa.
Nalika dinten Andungkap bakda maulud Senen saweg kapengker punika, tiyang
sumerep kaji pinten-pinten saengga angebeki kitha, nanging teka rdi anuwuhaken
palengos dene para tilban wau, kathah ingkangkwastara dene kaji sayektos, mila
embok manawi wonten artati lawatingkang kinanthongan dening tiyang abritan.
Nalika tanggal kaping 5 wulan Rabingulawal kagungan dalem gongsa sakaten awit
mungel sanadyan kabarung ing jawah tiyang aningali boten kendhat-kendhat dene
tiyang ingkang sami dhasar ing alun-alun kathahipun tikel kaliyannalika ing taun
ingkang kapengker, sareng ragi tingkas kathahpara gusti ingkang karsa aniingali,
sampeyan dalem ingkang sinuhun kanjeng susuhunan saha garwa dalem
kadherekaken putra dalem kanjeng gustipangeran adipati anom inggihkarsa anedhaki,
ngantos karsa kendel ing sawatawis, tiyang ngamonca inggih kathah,ngantos kenging
winastan ingkang lampahan dintenan inggihsasadeyan utawi naming gatekaken
aningali kemawon konca kaji ngantos andher, niyatipun kakalih aningali angiras
pantes nampeni paring dalem salawat.
Sadangonipun gongsa sakaten amungel kenging kabasakakenbilih boten wonten
raresah sebrotan sapanunggilanipun mongka adatipun manawi wonten tontonan
punika para gentholajeng akakablak pendhok balewah, timang tuwin sengkang
ingkang pating galebyar sampun kaanggep dados gadhahanipun terkadhang kados
sampun wonten ingkangnampeni kencengan saking para ingkangambeg culika,
ananging sumaten wau sampun kapalangan dening prayogininpunpranatan saha
mawikaprabawan ing Rumeksanipun pramila pantes angalembanaha dhateng ingkang
sami kadunungan wawenang arumeksa, menggahkathahipun tiyagn ngamonca sami
aningali wau, awit agatekakenanggenipun badhe sumerep lalampahanipun bakda
mulud dal ingnagari ngriki, amargi sampeyan dalem ingkang sinuhun kanjeng
susuhunan karsa tedhak ingmasjid anjenengi anggenipun andongani ajat dalem abdi
dalem ma pangulu sakancanipun para ngulama sadaya, dede bedanipun bakda mulud
Dal kaliyan bakda mulud ing sanesipun taun prtelanipun kados ing ngandhap punika
taksihwonten candhakipun.
\\\\\-================
Undhangipun Kanjeng gupremen anamtokaken sadaya para Asisten Residhen ingkang
sampun tigang taunlaminipun anggening ngasta padamelan kapaedhan wewahing
balanjanipun 50 rupiyah sawulan sasampuning nem taun laminipun kawewahan malih
50 rupiyah sawulan undhang punika tumindakipun wiwit tanggalkaping 1 Januwari
1878
(Slompret Melayu)

Kanjeng tuwaningkang wicaksana guprenur jendral ign tanah Indiya nederlan badhe
tedhak anjenengi pambikaking margi kareta asep saantawising Pasuruhan tuwin
Surabaya manawi kapara yektos saestuprayogi.
(Porstelandhe)

Ing pulo Timur anandhang benter sanget ngantos wonten wana wanaingkang kobaran
sirna rumputipun awit saking kikirangan rumput wonten kapal kathahipun langkung
saking 5500 maesa 2600 ingkang anemahi pejah, samanten punika ingkang
kasumerepan kemawon.
\========================
Samarang
Dhukun maripat sakit
Wopnten tiyang benggala anjampeni tiyang sakit maripat ingkang sampun tigang
taunlaminipun saed mulya, dhukun wau mawi tampi pituwas 5 ringgit.
Enggal punika bojonipun tiyi nama Kasimin ing Samarang mania medal estri
sukunipun among satunggal dene prenah ingkang pancen kadunungan suku
satunggalipun among gatra tlapakan kala smaanten rare wau taksih gesang. (Slompret
Malayu)
======\\\\\\\\
bandhah
Tiyang pitados dhateng swaraning peksi
Wonten ingkang amratelakaken bilih kthah titiyang ingkang sami pitados dhateng
swaraning peksi, kaanggep tondha sasmitaning satunggal-tunggalipun lalampahan
menggah piyandel ingakng makaten punika boten angemungaken dumunng wonten
tiyang ing nusa Jawi, sanajana ing tanah sabrang inggih wonten tiyang ingkang
pitados dhaeng swaraning peksi ing Bandhah among wonten peksi tigang warni,
inggih punika peksi Wagur agengipun sa ayam wulu klawu semeng sukunipun abrit, 2
peksi sikatan 3 peksi tengkek ananging peksi tiga punika boten kaanggep dados
pratondha punapa-punapa, among wonten ingkang anagekaken kagatokan sakedhik
ing nuswa jawi boten wonten peksi tengkek amongsa kuthuk kajawi peksi wulung,
yen ing Bandhah ingkang remen amongsa ayam punika peksi tengkek wau, wonten
dene ingkang asring kaanggep sasmita punika peksi Onah, ulesipun ijem agengipun
sami kaliyan peksi dara, sakawit ungelipun anyeplesi pamularing manngsa, dangu-
dangu kados panjuguging sagawon saupami peksi Onah punika tansah mungel
amasthi wonten tiyang tilar dunya utawi badhe wonten sasakit andhatengi, wonten
malih peksi ingkang anama ponta anak maujudipun dereng nate kadengangan kajawi
among kamirengang swaranipun kados singsoting tiyang ingkang sora, sarta tiyang
saged aangyektosi aburing peksi wau sakin gpundi, yen mabur saking gigisik dhaeng
dharatan amratandhani badhe wonten tiyang anglairaken bayi, kosok wangsulipun
amasthi wonten tiyang pejah, menggah ungelipun peksi Poncaanak among kaireng ing
wanci dalu.
================\

NAGARI CINA PACEKLIK


Titiyang sepuh tuwin rare maewu-ewu ingkang sami anemahipejah jalaran
kaluweningkang sanget anandhang paceklik wau dhistrik Satunggal ingkang
bawahipun angkung saking 5000 husuning salebeting dhusun dhusun wau sadinten-
dintenipun wonten tiyang 500 utawi 1000 ingkang samipejahkaliren satunggal-
tunggaling dhusun wonten tiyang ambibrah griyanipun prabotipun lajeng
kalintokakenrijeki, ing saangsal-angsalipun amargi pnika ugi kathah titiyangingkang
anemahipejah,jalaran anandhang tistis jisim ing tiyang boten kakubur, among
kacempulngaken ing luwangan kemawon kathah prawan ingkang kasade dening
tiyang sepuhipun.
Wonten malih ingkang kasebut sertipun tuan Pandhita Rikaret kawrat ing serat kabar
winastan Noretsinah Heral amratelakaken kados ing ngandhappunika.
Manawi katandhing kaliyan paceklik ing tanah Indiya enggris wau taksih sangsara
ing tanah ngriki ownten tiyang 8 utawi 9 yuta ingkang kikirangan tedha, inggih
punika ing nagari Honan 2 yuta, ing nagari Sensi tuwin ing nagari Sihli watawis
wonten sayuta, sarta malihing nagari Sansi, 5 utawi 6 yuta, titiyangingnagari punika
sami anyade sitinipun tambah anyade anak-anakipun saha sami ambibrahi griyanipun
miwah anedha oyod-oyodan tuwin bathang, dalah lempung inggih dipun tedha,
titiyang jaler estri sarta rare sami gumlethek urut radinan akaliyanwuda kemawon
kathahingkang anemahi pejah wontening ngriku lajeng kamongsa ing sagawon tuwin
paksi gagak.

Salebetipun watawis dinten punika kula miring pawartos saking kiwa tengen wonten
rare alit alit ingkang kaolah tiyang sepuhipun piyambak nunten katedha.
Wasana sinten ingkang ejegan manah welasan utawi sumerep ing lawiyeng tumitah
ing sasaged saged amitulungana dhaeng titiyang wau nalika taun ingkang nembe
kalampahan ngantos awon titiyang ing ngriki ingkang pikantuk pitulungan saking
sasaminin gbangsanipun tuwin saking titiyang mona ingkang gigriya ing pasisir
ngriku, mila ing mange ugi sami anulungana dhateng bongsa saking kasangsaran
paceklik.
\========================
Plepna sasampunipun bedhah
Sakathahing kamesakata tuwin tatingalan ingkang sakalangkung anggigirisi
sadangunipun pangepanging kitha, punapa malih sangsaraniupn wdya turki nalika
niyat badhe ambobol, boten montra-montra yen miriba kaliyankamesakatanipun
salebeting kitha, sipating jalmi prasasa kewan rumangkang tuut radinan amargi
kikirngan tedha, atusan ingkang suraweyan sami nedha roti,sacuwil tuwin toya
satetesmongka boten wonten ingkang kaduging mayaraken sangsaranipun utawi
angentas saking pejah.
Nalika Turki medal saking kitha, sakathahing para sakit tuwinpara tatu, katilar tan
mawi dipun reksa, kadadosanipun kathah ingkang pejah, elet tigang dinten nalika Rus
malebet ing kitha, sawek kaur amisah ingkang sampu npejah kalian ingkng taksih
gesang, ing mesjid ing griya ageng-ageng kebek isi sasakit tuwin tatatu,
panggenanipun sakalangkung reged awanipunrisak denign gandaning tatu ingang
boten dipun pulasara, punapa malih gandaning wangke kang boten kapetak katumpuk
wonten panggenan kang radi kiwa, ingkang suka kabar anyariyosaken makten. Kamar
kang kula lebeti kriyin isi tyang 10 iji 37 ingkang sampun pejah,ing akathah-kathah
sampun andungkap namungpangruntuhipun kemawon ingakng taksih kapirengan
tetela sami kirang nedha, ingkang taksih radi kiyat salong lenggah, amemelas prasasat
agrentahaken manah pamandengipun dhteng kang sami malebet nyingkiraken mayit.
Samanten wu sagedipuntutulung naung nyingkiraken skathahing mayit punapa malih
saaged saged enggala angedumi roti tuwin toya, bokmanawi saged anututi ingkang
taksih gesang, mongka ingkang kapatah pandamelan makaten punika boten anyekapi
sarta kakirangan bondha, saking sangeting kaluwen salong sampun boten saged
nedha nuntenkalajeng pejah, roti kang wonten tanganipun kadamel rebatan denign
kang taksih gesang.
Pirantosipun ngusung mayit naming wonten grobg tigang iji, soldhadhu Rus 50, iji
kang kapatah ngusungi saking kamar, nginggahaken ing grobag utawi lajeng metak.
Sareng sampun angsal tigang dinten soldhadhu Rus wau kagentosaken bongsa Bulgari
ingakng sakalangkung sawenang-wenang patrapipun pambektaning mayit dipun
seredi kemawon nunten kauncalaken ing grobag katumpuk kaliyan mayit, bilih
grobagipun sampun kebak nunten kabekta dhatengkalenan sajawining kitha, momotan
ingkang anggigilani punika asring wonten ingkang rentah, kauncalaken malih ing
grobag lajeng kaidak-idak madhet supados sampun ngnatos dhawah malih. Makaten
patrap pambektanipunmayit sadinten-dinten ambandreng turut radinan katingalan ing
kathah anggigilani, dangu-dangu sampun sami kulina oten wonten ingkang
nyaruweni.
Dhoter Rus tuwin Turki ingkang kapatah amulasara sakathahing sasakit
salebetingkitha cahahipun boten anyekapa andadosaken rekaosing pandamelanipun
smanten punika pakumpulaning para estri bongsa Rus kang ambek welasan sadinten-
dinten asuka kamayaran dhateng atusan para tatu tuwin para sakit sarana ambebeti
tatunipun utawi anyekap kakiranganipun.
Sajawining kitha ugi ageng kamesakatanipun bandhangan langkung sakng 20000
sami kakirangan nedha utawi sami kaken saking sangting asrepipun atusan papejah
ingkang botenngantos kapetak, ing wna, ing lebak sawingkinging paredenpunapa
malihing Genengan panggenan bitengipun Turki ingkangkala tanggal kaping 30
September karebat dening jenral Sekobelef kebak wakening Rus ingkang kapupu
nalka smanten wangke wau salong sampun kasasaban balethok ingkangkathah
akenthang-kenthang kamongsa dening srenggala tuwinpeksi, saenggen-enggen tangan
suku pating carongat ing grumbul-grumbul ing kalen kale nisi rongkonganing tyang,
makaten kawontenanipun ing Plepna.
\====================
Ywaning kawruh kang maksih sinanding mapan ulun taksih tidha-tidha, tan kongang
buka wadose, saking cariyosipun kehing kawruh tan pawatawis, dumadi tanpa guna,
kawistareng semu, inggih ing Sanasadasa,lamun kenging pinardi awan pambudi, ,
mung amrih widadaha. Karsa paduka muhung supdi, ruruntungan manjing tepetloka
yawn wontensalah swijine,pinasthi prapteng surud, yekti gampil mangunahneki, wit
pangajenging tekat purun nganyaut tuwuh, sidaka ingkang sinedya nging jamak
emanungsa asallin budi, pasanging masakala. Ulun nanting ing reh kados pundit,
dimen datan karya semanging tyas, dhadhawuha sabarese, legek tyasig reng kakung,
wus rumongsa kaseser aris, dadya ris angandika, sun manut ingreku., yawn ana
katekan lina,ingkang kari mugalabuh angemasi,milu lebu tumangan. Dimen terus
tuwuh ing prajangji, wani nempuh byat maring babaya, sandeyaning tyas sun tembe,
bener sabda mu mau,janma wenang nanduken piker, kinarya nglimbang-limbang
puwara kasebut, bedane lan mangkluk kathah, kaya sato kewan buburon wanadri,
akeh lamun winarna. Muhung ingkang dadya walang ngatar datan liyanjalaran prkara,
sapala saka pikire, naming mangrusaklaku, ing prasetyakang wus kawijil, sira
iyaangrasa, masa kalanipun iku, sandeyaning nala, sisip sembir baya aya balejani,
temah brata anggana. Sang suretna aturira aris, sampu mangkaten panggalih tuwan,
mung smpeyan pakartine, kang rinuruh mrih ayu, yekti datan bebenceng piker, budi
angongka-ongka, awon temahipun, kalimputing sulegsana, amanungku babarken
asmanta wingking, kurang piyandeling hyang. Tebih temen sungsate ginalih, teka
ambudi bujating jagad, kurag karya salah gawe, priyamarek angimur, ngarih arih
angasih-asih, dhuh nyawa bener sira, tan apalanipun, anyipta doh saking nyata, luput-
luut anemu lara prihatin, kuneng antara lama. Sih siniyandenya laki rabi siyang ratri
kadya angganingkang, mimila3wan mintunane, reruntungan reruntung, kilut
kabuadayanireki duk samana kang priya, kapilut ing rawuh, uyang sranduning sarira,
kaparak ing pageringkaraos atis, sakweh usada madal. Wus mangkana karsaning
hyang Widhi, janma masa sageda suwala, datan antara lamine, gerah tumekeng surud,
sangkusuma ana enbrangti, kalimput jroning nala, ngengleng kapirangu,kaonang-
onang konengan, anenungku panungkuling pudyastuti,tita kencenging cipta.
Amitemah labuh larapati, wimbuhan anonjisim gilang-gilang, tansah asayut driyane,
dhuh lae jiwaningsun, ngantiya neng pangarib-arib, ulunmasa puruna, kantun
lanpukulun, sanadyan prapteng antaka, wus kasedya gendhon rungon wong kakalih,
tandya anjrit karuna. Sotaning tyas anin satitis, kagunturan ing reh kapiyogan,
anyenyepnyeyep sarirane, kongas angekesingkng, kadalurung bawur ingbudi,
buyarpating salebar, liwung gandrung-gandrung, tanggaping turidasmara, putek metek
yayah tanmiyat wiyadi, aking kabyatan tresna. Datan kongang ambondakalani,
ambirata sungkawaning driya, dadya nyipta patibahe, prasetyane kang ketung,
katambetan ulah kayaktin, karobaning kurimang, tanaengganipun, trenyuh ing nala
kagagas, kadrawaasan tan pegat ngame daleming mintoken papasiyan. Para gotrah
samya bebolehi,ambengkas sagungingkawiyogan, dena sampeyan wus takdire,
aywangugnuyu wuyung, aayangan gung poyang-paying, lir janma kapreyangyang,
dhayung oleh kedhung, sayekti tanpa wekasan, siyang ratri satata aringik-ringik,dadra
angombra-ombra. Destun mikir sampurnaning jisim, angruktiya lampah saha sahan,
mrih kamulyan panunggale, karya wedha panutum, pata aran birating kingkin, sakin
gsojaring dwija, wara duk ing dangu,atur nya mana dukara, naming babing lebu
umanganing agni, sampun wonten kan gmalang. Wus kaseyd bela labuh pati,
amampanga uwas katiwasan, anggalih dede jasade, pundit margane cundhuk, lamun
boten tinepeng dhiri, rarasing sih prasetyanya amawa papacuh, mitranya andu
anjaab,kabeneran sirarsa jumadheng kapti, lawan priyangganira. Nanging janma wajib
ngistiyari, kang inaran maring kapenendan,kang wus kalumrah ing ngakeh,
papasthening hyang agung, winenangken anampik milih,laanpangretinira, kang dadya
wodipun, ngeboseni nuta prasetya, tan wunarik kabesturoning panggalih, saking
pangandelira.
Taksih wonten candhakipun.
Katandhan N.K.inggih Arya Manungkara.
\===============
Ongka 13, Kemis kaping 28 Maret 1878
Para priyantuningkang sami mendhet serat kabar Bramartani mongka wale ding
bayaripun saha ingkang sampun sami kaemutaken pungkasan medaling Ngepos ing
mangke kaaturan enggal angintuna yatra,bilih boten badhe katagih sarta
mawikapratelakaken nami tuwinpakatipun wonteningserat kabar punika,
sakingpangajeng-ajeng kula, mugi punika sampun anyekapana, amambengi
kalampahanipunignkang kapratelakaken ing ngajeng wau, saha kauningana
bilihsampunkalihkemis kapengker punika, para priyantun ignakng derneg bayar
sampun sami botenkula kintuni serat kabar
Tuwan Jonasportir enko.
===\===============
Surakarta
Wonten ingknag cariyos bilih papajenganipun tiyang sasadeyan ing alun-alun
salebetipun kagungan dalem gongsa sekaten mungel gunggung 99700 rupiyah.
Yen ing nginggil punika temen saestu adamel eram.

Nalika malem Bakda Mulud kapengker punika,para kaji ing Surakarta tuwin kaji ing
ngamonca ingkang sami slawatan wontening masjid dalem saking kathahipun ngantos
kikirngan enggen, wondene paring dalem arta slawat dhumateng para kaji kathahipun
3720 rupiyah.

Sawatawis dinten laminipun kula anyumerepi kere 5 iji sami malanen adhedhe
wonten ing kareteg awisan ingkang satungal kenging kawastanan sirna wujudipun
manungsa, santun gatra jejember, para tiyang ingkang langkung ing ngriku sami api-
api boten sumerep sarta atutup grana, sarehne para kere sampun kaparingan griya
pamulasara,kula kedah angemutaken dhaeng pulisi, kere wau embok inggihkaparaken
dhateng griya pamulasara wau. Panjurung.

Punika candhakipun cariyos tedhak daleming Bakda Garebeg Mulud taun Dal.

Bilih Bakda Mulud ing taun sanes dhawahipun wontening sadhengah dinten Mulud
Dal lampahipun ing taun kedahkacundhukaken kalayan urup Jimiyah pramila
dhawahipun tamtu wontening dinten Isnen Pon saweneh wonteningkang amastani
manut dinten wiyosanipun Kanjeng Nabi Rasulolah, wontenmalih amastani bilih
naming ana lurekaken adapt kinakemawon,dene tindak dalem dhaeng masjid
lampahipunmakaten enjing wanci satengah sawelas kanjeng tuwan residhen sowan
malebet kadherekakenpara tuwan sanes tuwin kanjeng gusti pangeran adipati Ariya
Mangkunagara,kadherekaken putra santananipun ugi anyarengi sowan malebet sareng
sampun atat lenggah ing sawatawis sampeyandalemingkang sinuhun kanjeng
Susuhunan jumeneng, lajeng miyos dhateng sitiinggil rawuh dalem wonten ing siti
inggil binarung ungelipun kagungan dalem gongsa monggang, suwukipun monggang
lajen gsinelanan ungelipun kagungan dalem gongsa kodhok ngorek nunten abdi dalem
anonon sami medal angirid lamahipun paredendhateng masjid suwukipun kodhok
ngorek kagungandlaem gongsa sakaten mungel kaedhunaken saking ing siti inggil
anungkalampahipun pareden kasambetan wiyosing ajat dalem ingkang karembat
dening paraabdi dalem konca mutiyan, bandara raden adipati tuwin sakancanipun para
abdi dalem ingkang sami soaningpagelaran nunten bidhal anyambeti lampahipun ajat
dalem wau,boten antawis dangu lajeng upacara kaprabon kasepuhan tuwin
kanemanugi kabidhalaken mawi kadherekaken putra Santana alit sareng andungkap
nipis sampeyan ingkang sinuhun angunjuk sarambahan kendel sahantawis jumeneng
lajeng tindak ing msjid tiyang ingkang anngali sangsaya jejel kathahiun ngnatos
bentek ing ngalun-alun sanadyan makaen kaungkulanprabawanipun karaton lajeng
sami konjem asujud, sarauh dalem wonten ing masjid alenggah wonten samadyanipun
ing surambi lajeng ajat dalem kaajengaken saampunipun sampeyanb dlem ingkang
sinuhun andhawuhaken dhateng abdi dalem mas pangulu, dhawuh ing timbalan dalem
kakaten tapsir anom ingsun asung dhahar marang eyang kanjeng nabi Rasulullah
sarta ajating sun sira dongana, sareng sampun kadonganan lajeng adhawuhdhateng
abdi dalempatih, Sasranagara sira bageya kang warata, abdi dalem prajurit ingkang
baris wonten ngajengan kori masjid lajeng edrel makaenugi abdiu dalemprajurit anes
ingkang sami baris wontening ngalun-alun inggih edrel binarung ungelipun mariyem
saking beteng.
Taksih wonten candhakipun.
===\\\\\\\\---=======
Ing Klathen tansah kaget dening jawah,langkungmalih ing pinggir tanah Pareden
Kidul, tanggulng margikareta asep sahantawisin gprambabab tuwin Srowotdhadhal
sarta ing pandhan anemahi pituna sanget pinten pinten panggenan ing tanah pareden
kidul sami kaglondoran siti, glondoran wau wonten ugi ingkang langkung ageng,
ngantos amepeti lelowahing jurang,kados bendungan dinamel awit sakig punika
angwinihi mamebeging toya lajeng ambuludag anggigirisi, temahan andhadhalaken
bendungan siti dhumawah mangandhap awot kaliyan toya swaranipun ametik talingan
toya nunten ambalabar pindha saganten ambanjiri dhusun-dhusun ingkang dumunung
sakiduling Bogor, sakinten wonten sabin sawidak bau ingkang nandhang karisakan
menggah sadaya pituna dereng kaetang.
Postenlanden
-==============\\\
Telegram saking Batawi amratelakaken yen pambikaking konggres bab amongtani
benjingkaping 15 Mei ngajeng punika
Posten landhen
========\
Tiyang anama Prawira sari ing dhusun Sandikan bawah Jatinom anegor wit singon
ingkang wonten ing papan pemahanipun wasana wit wau angebruki anaking
tangganipun ingkang pinuju aningali panegor wau.
Posten landen
==================\
Tiyang suka pawartos saking Batawi, enkantor kawat ing WWeltevreden sampun
tampi telegram inggih punika aranipun pirantos ingkangkaangge sarana ijemansaking
katebiyan menggah wontenipun pirantos wau angriku wawit saking karsanipun
kanjeng gupremen Nederlan badhe kacobi saantawising Weltevreden akaliyan Bogor.
(slompret Melayu)
=============================\
Padhataning tiyang Sundha
Tiyang sundha kathah ingkang boten ajeng nedha daginging kidang, jalaran
dipunpacuhi dening tiyang sepuhipun manawi ngantos anedha daginging kidang
amasthi sakit utawi pejah, menggah sababipun makaten: Nalika ing kina tiyang
Kuningan perang kaliyan tiyang sanes nagari sanes wasana tiyang kuningankatitih ing
yudanipun lajengngungsi dhateng wana pareden, mengsah dhateng ing ngriku
akalayan sikep dadamel sumedya amrajaya dhateng tiyangKUningan dumudakan
wonten satunggaling kidang medal sakin gwana wau,awit saking punika mengsah
angadhahi tarka yen salebeting wana boten wonten tiyangipun daos mengsah
botensaestu anandukaken sedyanipun dhateng tiyagn Kuningan ingakng makaten
punika kaanggep pitulunganing kidang, pramila ngantos sapriki katelah boten purun
nedha daging kidang.

Wonten malih padatanipun tiyang Kuningan ingkang adamel gumujengipun ing


tiyang,inggihpunika saben wonten griya kabesmenlajeng angguyang kapala kampong,
sampun kadengan sapisan wonten griya kabesmen para tiyang lajeng angglandhang
kapala kampong dipun dusi, dangunipun ngantos sasirepinglatu,mongka kapala
kampong wau nalika samanten pinuju sakit kasrepen wasana kaala kampong lajeng
anemahi pejah. Kados pundit dene wonten padatan makaten saestu adamel kodheng
(Slompret Malayu).
=================\\\
Yogyakarta
Sambetipun Bramartani ongka 11 tuwin ngka 12
Bab kawontenanipun para tiyang sakit sasleripunsaganten indhi, nbawah regen Bantul
Kadireja, residheni ingngayogyakarta, inggihpunika urut pasisir kidul tanah Gadhing,
dene pratelan kula punika cekak naming prelonipun kemawon kadi ing ngandhap
punika.
Menggahawratipun para tiyang sakit wau, nalika wulanBesarkalayan wulan Sura
ingkang kapengker punika, sareng wulan Sura tangal kaping 26 lapuripun regen
Bantul katuringkang ngasta pangwasa nagari, tanggal kaping 27 dumugi tanggal
kaping 28 ingkang ngasta pangwasa nagari Megadring (rerembagan) prelu karsa
nidakaken komisi, dene ingakng diun pijiti ing warsa raden Tumenggung
Danukusuma, acanthi, 1 raden Tumenggung Jayaningrat 2 Raden Tumenggung
Kusumadiningrat 3 Raden Tumenggung Mangunjaya.
Tanggal kaping 29 taksih wulan Sura parakomisi mangkat dumugi griyanipun tuwan
piler pabrik ing Mangriran tanah Mataram dalu nyipeng ing ngriku,
tebihipunkapetang saking pal nomer 1 -15 pal enjing para komisi mangkat lampahan 3
pal dumugi ing mengkang inggihpunika kikis tanah Gadhing, para komisi lajeng jajah
tanah watawis 3 pal, dumugi ing kawedheninggh pucang anom parakomisi lereb ing
ngriku wonten masjid kabar yasanipun para waliingjaman kina.
Tanah Gadhing siti dhusun sakiwatengenipun ing pucang Anom rehdhistrik ing
SRandhakan watawis lampahan 6 pal pasagi ingakng dipun jajah para komisi
titipirsa, lamenipun 14 dinten inggih punka panggenanipun para tiyang kasangsaran
jalaran sakin gsakit pramila para tiyangbumi boten saged pados pangupajiwa,tuwin
garap pasabinan, menggah warnenipun padhusunan katingal reja, kathah griya
ingkang ageng,ing ngatasipun tiyangdhusun saweneh pager banon rajakaya
inggihkathah, mehsaben griya woten kandhangipun maesa lembu,ananging paabinan
wonten ingkang bera, sababingkang garap sami sakit wujudipun sasakit beter tis
kasrepensaweneh ngising rah umbel abuh rai suku, sartakowak (koreng).
Tanah Gadhing urut pasisir kidul ujuripun mangilen awit pamancingandumugi
sawangan Praga, watawis 16 pal dene alangipun mangaler awit tepining saganten indi,
dumugi ing mengkang, watawis 6 pal, tanah Gadhing kaperang dados kadhestrikan 3
panji, kados tongga,bageyan kilen panji ing Srandhakan bageyan tengah, panji ing
Panggang, 3 bageyan wetanpanji ing Kreteg ananging ingkang kabrekan para tiyang
sakit kathah rehipun Panji Srandhakan.
Reh Dhistrik ing Srandakan gugung ara tiyang sakit 3991 iji,petang karya 213 jung,
yatra ingkang dipunganjaraken 785, rupiyah pethak 25 sen wos ingkang dipun
ganjaraken 11250 pon.
Tanggal kaping 12 wulan Sapar para komisi nilar pakuwon ing pucang anom lajeng
bidhal mangetanjajah rehipun dhistrik ing Panggang taksih tanah Gadhing ,lampahan
4 pal pasagi dumugi dhusun ing Bracan para komisi lereb ing ngriku makuwon enjing
mangkat jajah tanah panggenanipun para tiyangsakit saweneh komisi lajeng dhateng
bawahipun dhistrik ing kreteg lereb ing Grogol saleripun pamacingan, 3 diten
sampunrampung anggenipun titipirsa, para koisi nilar pakuwon ing Bracanwangsul
dhatengPucang
Anom malih.
Taksih wonten candhakipun.
===============\\\==============
Yen ing kadrenganira wuspasthi, muhung nyipta labuh suduk jiwa, ywa sadaya daaya
bae, gampang pratikelipun,yenmung nedya ngayaming pati, balik dipun waspada, ing
kawruh kang luhung, suksmanenpatitisena, kaangwanging sangdyah meksa dereng
rapih, dadya gupita sada. Ambebenges lathi supadya mrih, sungkawaning dirya
aywadadra, lipura saki sarehe,mila amulasarembug, manaduken ingkang kinardi, rih
reh byaawisaya, pangajeng asungsruh, saking gumrahing pawarta,papasaran moyang
saenggone kampir,katut ombaking hawa. Wonten siseh waspada ing gati, labet saking
kasudigbyanira, wus masuring kana-kene, bokmanawa puniku, bias nguripaken ing
pati, dening kasiyatira,panembahanipun, awarna gana sepasang, linukokaken ing tirta
tuli manjanih, winorarabing padma. Lan inungku pupuja semedi, yen ing rawuh
mehkena dinadak, namtokaken inggal mulyane, kang sun susuwun mau, barabara bias
nguripi, lamun orane iya,birata kung wuyung,dahat sengkunging paminta, arsa nyoba
paran puwareng kadadin, Manawa katarima. Aparing a barkah mring sireki, ywa
balero kadarpaningkarta, mikira lumrah ing ngakeh, yen sedyan ta tumutur,naming aja
ganasing kapti, lah muga srantekena,sawataranipun, ing triwelas ri kewala,sedheng
ngumpul prawangsanira kang tebih, tankarya semanging tyas. Nanging sang dyah tyas
setan suririh, mandamewa ing nala grahita, manjelut anyel galiye,dhuh lae
mitraningsun, katarimahsih anta sami, ing karsa wus kasedya, datan angrempelu,
angonjot dirganing yuswa, naming wajib misungsung krameng puniki, prasetha kang
kawahya. Suprandene ulun mituruti, saking karsanta kalingga murda, sungpratikel
sayogyane, amrih mulyaning purug bokmanawa amujadahi,karsaning hyang wisesa,
asih kawlas ayun, srananing reh pangupaya, amanjorken wisaya mamrih arjanti,
patitising delahan. Nanging penet gadhahing prajangji,bilih sampuning triwelas
siyang, priyambatanan ta wisesa, pejah ing gesangipun, datan wurung anempuh
lalis,kuneng datan winarna, ingkang lengleng mangu, para gotrah parepatan, mrih
udhuking pakarti kang gigirisi, dening gunaistiyar. Anyilipen panguburing jisim,
maring sangdyah away kasatmata, titisunya prayogane, nwus mateng rembugipun
winuwa mring astananeki, kang ngreksa sang lir retna, kadangnya Cinukup, sang dyah
dupi lumaksana maring panti wus sepi kang punangjisim, wimbuh lir janma gil.
Ayuyengan dahat poyang paying, mila miling ngingling patilasan, laju sadhepok
angleleh, tyas limut anglilindur, jiwaning sun kentaring ngendi, suwene
angrarepa,mamrih pamong luhut, srenggaran ta manuhara, apa baya umpetan soring
guguling, pakasutan binlengkrah. Dadya para kadeyane sami, sayembara sing
ngamaluyakna, ing gerah nandhang wirage, saking kabyatan wuyung, kapegatan
tresna mring laki, yekti antuk pituwas, wastra warastranung, raja brana raja kaya,
kontaping kang pawarta wus maratani, sakutha nagri nira. Wonten sing she ingkang
ananggeni, mara sarwi sung usadasmara, anggere ginugubhe, apa pratikelipun,
saranane kang minangkrati, wujud tirta muksa latri warna kacampur, dening maniking
hernawa, ingkang seu biru katon milangeni, mimbani lape kaja. Mawaprabasa emper
widuri, ingkang wilis ngunguwung kawangwang, lir mani teja mayane, jenar
sumunar mancur,mamba manik dumilah wening, winor dadya sawadhah, laju dipun
neju,myang kapetegk ing kemayan, cipta maya mayaning uypayasandi, anunten kinen
karya. Gambaring suyasa myang wedari, sangkepsesinya kang kalanenan, nyarupeni
bale-bale, daluwang kang winangun, sinelehan arcanya tunggil, gambaring
panembahan, myang sarto lyanipun, buburon wana samodra, pan sabilik-bilik sinung
pan dam lilin, ngajenganing wiwara. Asisirat urab-urab sari, gondawida lawan
rasamala, tinununeng padupane, nedhenging wanci nuju, titisunya siren raya lit,
gambar samya ing ngobar, kaole kasebut, tebasaning reh prasetyan, lawan mongka
pisuingsunging mangas tuti, maweh sasaneng paran. Kadya aat kang den leksanani,
para bongsa Cina karya gambar, kalamun nuju kapaten, mangkatenpurwanipus, sapa
wingking linuri-luri, tinepati nuladha, witnalikanipun, sang retna kenging bancana,
kapegataning tresna amelas asih arda anganyutiwa. Ing wekasan teka saged lilih,
datan wonten kang winalang driya, dadaya ageng mudhangate, wae parentahipun,ing
ngagama kang den luluri, sairibing laila, gambar kang winangun,kilap temen lawan
dora,jajarakan pawitanira anempil, nempil kojah ing mitra. Bongsa Cina pranakaning
jawi, kang dadongeng yan pinaidoha, wus kasedya bakal mengeng, mengo anabda
tambuh, sanyatane ingkang linuri wondene yogyanira, yen wonten angsuwruh, lugune
kanang carita, dadya wimbuh ing pangawikan pratitits, datan angawugarwa.
Katandhan N.K. Inggih Arya Manungkara.
\\================
Kula kedah anyaruweni anggenipun arya Manungkara anyondra sangkala 1807
wonten ing panjurungpunika, kadosta Kawahanan muluk isthaningowng, wijangipun
wahana tegesipun tumpakan punikapunapa dwipangga, punapa turongg, kakalih wau
sami tumpakan dados angsal watak kakalih pramila mengeng dene istha punika
tegesipun rupa, sampun genah bilih tatak satunggal.
Jurungarang.
Ongka 15, Kemis kaping 11 april 1878
Serat kawat saking tanah Eropah
Londhen 17 Maret REopbasah asaos unjuk dhateng prabu Ruslan anyuwun
wangsulipun beteng parna, ingkangkenging dhateng Rus
Ing kitha PIlipopel ing Adriyaopel ing Erserum tuwin ing kitha Istambul kathah
sasakit ingkag winastan tipus.
Londhen 20 Maret Ruslan agelengaken balatontra, dhateng tepis wiringipun prja
Ostenreik.
Prabu Ruslan asuteng, boten karsa anyuda dhendanipun payudan kathahipun kantun
516 yuta rupiyah.
Londhen 21 Maret Obar Basah aba sami kaliyan para kraman ing Tesaliye saha mawi
dipun sanggemi, paparentahan Maligi
Londhen 4 April DHeitselan badhe boten malebet ing Konggres builih Engglen boten
tumut (kongges punika tegesipun pakumpuylan ingkang angrembag prkawis ingkang
amikantuki dhateng ngakathah.
Londhen 6 April bilih Enggelan bikak kakarsanipun makatena wau badhe kaanggem
wawatonipun badhami.
Tukang REs kanjeng pnageran karel IngRumesi, apratela dhateng nayakaning Ruslan
kanejng Pangeran goskakop aluwungsirna balanipun akaliyan angulungaken dadamel.
Petresbureh 8 april sadaya serat wawartos ing Ruslan apratela bilih adegipun praja
Ruslanboten amarengaken amiturutana pangudinipun praja Enggelan.
==========\\\==================
Surakarta
Nalika Jumungah kapengker punika sampeyan dalem ingkang sinuhun Kanjeng
Susuhunan karsatedhak dhateng masjid anjenengi jumungahan mawi kadherekaken
putra Santana dalem mandar anyarirani piyambak lenggah ing mimbar, anglsta
kotbah, sanadyan agem dalem pinadha sayid kenging kawastanan prasaja sanget
ananging saking katebiyan mancur cahya dalem,s ampun katingal anyuremaken
prabanipun para gusti ingkang dherek.
Kula miring kabar bilih mitra kula raden mas Kasan Ngalilputranipun angabei
Atmadipura, ing Surakarta, kakulawisudha dados abdi dalem panji, kapatedhan nama
raden Mas Panji Bratasasmita, mila sakalangkung bingahipun manah kula, makaten
wau saestu, tuuwuh saking lumunturing sah dalem ing pamuhi kula dhumaten ggusti
ingkang maha kuwasa, maringa nugraha ingkang lakung sangking punika.
Kaserat kaping 7 Rabingulakir candraning sangkala muji luhur ngesthi ratu.
Panjurung Mintasih.
Bilih konca grobagan ngantos sapirki, dereng mendha-mendha angenipun kirang
angatos-atos angalampahaken grobagipun. Kados nalika dinten Jumungah kapengker,
wonten grobag kakalihkendel wonten ing loji alit tanpa wonteningkang
jagi,lembunipun kaget lajeng malajeng,mongka wancinipunkathahlare sami dolan
wontening lurung, menggah ngantos kalampahan anunjang, punka kadadosanipun
kados pundit, manawi pancen wontenpapacakipun embokinggih par wenang
anindakna ing sapikantukipun supados amambengi sampunngantos wonten ingkang
kadrawasan.
Ingkampung Kauman wonten tiyangkalebetan pandung, sareng kaelokaken
pandunglajeng malajeng, dhatengkiwa panengengipun ing kampong loji, wurung.
Wonten ingkang ceiyos bilih ingkampung wau, wonten ingkangjumeneng, senapatiing
ngalaga dalu, amandhegani para awon ingang pangupajiwanipun naming pendhak
dalukemawon, emanipun ingkang criyos wau, boten ananggenahaken namanipun
ananging bilih konca pulisi pancen rumaos kajibahaken arumeksa tata tentreming
praja, kados badhe boten kewran pangudinipun dhateng panjenenganipun senapati
wu.
Tiyang kauman maratah sami ameme bathikan urut margi ageng tanpa anginten
dhateng temahanipun bilih makaten wau boten dipun pambengi, embok manawi
ngantos anjalari, giwaripun kapal tumpakan tuwin kapal rakitankadosanipunkados
pundit
Wonten tiyang ing dhusun Wanakarsa, bawah Kamangkunagaran gadhah anak jaler,
watawis sampunumur kalih taun, lair mila lare wau calaina,maripatipun kalih pisam
ambeleg, wah tedhanipun naming indhil katul boten doyan sekul.
Ingkang ambawahaken kampong Malipakan bilihlega ingpanggalihipun saha oten
kapambengan ing sanesipun damel dipun aturi mirsani margi bawahipun
piyambak,bilih samupnnamung badhe kayektosan priyantun wau isinan punapa boten
Serat saking ing Ngawi apratela,ilih kang anarik pamenang 80000 rupiyah loterei
yatra ingSurabaya,ingkng rayi bupati ing Ngawi.
Nalika tnggal kaping 25 Maret 1878,in gluwangan kadhistrikan pirantos pambucalan
uwuh, wonten saweripun tiga iji, ingkang 1 lare angon, ingkang 1 pudhakbrama,
ingkang1 lonthong-lonthong, sami dipun krutuki sela dhateng lare lare,lajengpejah,
anamungingakng lonthong wau, dangu boten pejah-pejah, sareng mangaplajeng
katingal badhe anguttahaken kodhok, wasana ingakng kautahaken sawer alit warni
uga lonthong, sareng sampunmutah sawer lonthong agenglajengpejah. (Klathen).

Nalika malem tanggal kaping 30 Maret 1878 wanci jam 3 dalu,griyanipun Nyonyah
Abkong ing Pacinan,kalebetan ing pandung mawi babah, sareng wedaling durjana
sampun bekta barang warni bokor kendhil tembagi, tuwin piring, kapinujon kapethuk
kapambengan anakipun tongga, watawis umur, 15 taun lajeng dipun suduk ing
durjana, kenging pipinipun ingkang tengen ngantosuwek untu rampal, saknalika
ngantos kalenger,sareng enjingipunlajeng kaparingan usada ing panjenenganipun
tuwan dhokter ing Klathen, bokmanawilare nunteninggal mulya. (Klathen).
Nalika malem tangal kaping 2 Mulud Dal 1807 wanci jam 4 sampun angajengaken
enjing, grianipun Babah Gatingswei ingkampung Mlinjon,kalebetanpandung, mawi
babah wingking griya, kenging barangipun mas inten tuwin sanesipun watawis regi
720 rupiyah, anaing dumugi sapriki dereng angsal titik,priyantun pulisi tansah angudi
kateranganipun. (Klathen)
=========\\\================

Yogyakarta
Kanjeng Tuwan Nedserbureh ingkang kakulawisudha,dados residhening Yogyakarta,
kaangkat dados nayakaing Gagelengan ingkangkabebahan angrembag prakawis luhur,
ing tanah indiya nederlan inggih punika ing tembung walandi dipun wastani Rapan
Indhiye.
Serat pawartos Mataram anampeni serat saking Batawi ingkang suraosipun kenging
kaangggep yektos kadosta: Sanadyan panjenengan dalemkanjeng tuwan ingkang
wicaksana guprenur jendral saestu atedhak dhateng ing Surabaya, karsa anyarirani
ambukanipun lampahing kareta asep, saking Surabaya anjog ing Pasuruwan
botenkenging katamtokaken bilih karsa atindak amartamu dhateng karaton kakalih,
Mandar kathah ingkang sami semang, yenpanjenengan dalemkangjeng tuwan ingang
wicakcana saestu atedhak,a wit pawartos ingkang saking tanah Eropah dereng
gumathok.
Kala wingi enjing sampeyan dalem ingkang sinuhun kanjeng sultan tindak dhateng
dalem residhenan kadherekakenputra Santana tuwin abdi dalem Karsa dalem
amartamu ngiras pantes anyedhahi kanjeng tuwan residhen Watendhorep
anggenipunsampeyan dalem badhe kagungan damel asung salamet jalan dhateng
kanjeng tuwan residhen punapa malih tindak dalem wau badhe amirsani barang,
kagugnanipun kanjeng tuwan Residhen ingakngbadhe lelang.
Wonten ingang sami cariyos terang,bilh para tuwan tuwan sae kakapti, kaliyan para
ageng-ageng, tuwinpara pangagenging bongsa sabrang sami badhe asungpratondha
dhumateng kanjeeng tuwan residhen Wantendhorep cihnanipun kalulutan dhateng
tiyang nagari ngriki sadasa.
\\\\\\\\=\\\\\\\\\\\\\\\\\
Banyumas
Erat saking nagari wau apratela bilih wonten tiyang ingkang among tani, sami
jajagongan awicanten, nak dika napa sumurup jalarane,saniki kabeh mawon padha
larang regane, saniki pundit pundit wonten sakolahan anak kula lan anak dika padha
menyang sekolah, boten anggarap sawah temahan kurang bau suku, okeh sawah
padha bera.
Wonten sekolahan bocah padha diwulang, anyekelpenpotlot daluwang lan mangsi,
boten diwulang bekel pacul lan angereh waluku, dadine anak kula lan anak dika mung
bias jaluk dhuwit diga we tuku sandhangan becik angancas pamagangan ametga
empun padha isin angarap gawehane kuli. Besuk sepuluh lan limas taun engkas
yenkula lan dika empun padha mati, suwawi diyektosana kados pundit kadadehane,
sing bias nulis padha nampak pagaweyaning kuli, mara kula lan dika niku, gawene
padha angusungrencek macul maluku, kabeh gawehane wongtani padha diecaki,lah
anak kula lan anak dika, sing padha bias nulis lan maca, mung padha
nyawangkemawon empun padha boten resep dhatengpanggawehan wau, yenkula
rasak-rasakake ati kula nganti bunek, menggah wangsulanipun ingkang dipun ejak
wicanten makaten kang yenkula malah bungah anak kula lananak dika, padha bias
nulis lanbisa maca, mangke di badningake pundikang pinter dhewe,enggih
entukpangkat dadipriyayi, sing bodho enggih bali teng asline malih,tegese saniki bias
gentenan anak kula anak dika bias dadi priyayi, anak priyayi bias dadi kuli.
Eliding wicanten punika makaten sadhegnah atiyang, boten mastani aeng alting
pangkat kedah amraasudi dhateng kaindhakanipun anak makaten wau sampun
ngantos kaanggepprakawis remeh, lare ingkang kaugung dadosipun saestu bodho bilih
bodho saestu cekak ing panggayuhaipun mongka lare ingkangpancen calonanggentosi
pangkat ageng, temahanipun kados pundit,lae punika upaminipun kados lunglungan
bilih botendipun lanjari pun pasaged marambat.
Jurungarang.
\\\\\\\\\\=\\\\\\\\\\\\\\
BATAWI
Kanjeng Tuwan Sekip ingkang sapunika jumeneng residhen ing Tiyo
(Riau),ksumanggakakeningkanjeng gupremen supados kaangkata dados guprenur ing
Sumatra, sisih kilen ananing kaandheg awit sakingkarsanipunkanejgn gupremen
saunduripunkanejgntuwan Watendhorep badhe kakula wisudha anggentosi dados
residhen ing Yogyakarta, ewadene saking pawartosipun sumanten wau dereng kinten
awit badhe kagentosaken dhateng kanejng tuwan Eni,dados dhirektur Panbinen lan
Sebestir. Ingkang kasumanggakaken angiseni lowonganipun ing Banyuwangi, tuwan
Pandherweik Asisten ign Bogor,tuwan Metman asisten ing Tangerang, tuwin Tuwan
Pitaseperpluh asisten pulisiing Surabaya, Menggah ingkang badhe kaangkat dados
residhening Banten Kanjeng tuwan Pauddhemortanye, residhening Krawang.
=\\\\\==============
Serat kawat saking Batawi awawartos kanejgn tuwan Sekip Residhening Riyo kaelih
dahteng ing Yogyakarta.
=\========================
SINOM
Sapejahe Dasamuka peteng dhedhet anginangin, anggarugu gula dupa, sumawur sakin
gwiyati, la sagung wangi-wangi, kumukus kumepyur arum, sagung para jawata, suka
sengoraken sami, smya ngigel munggeng luhur madyantara. Keh katon mukaning
dewa, tapake datan kaeksi,denya sasanti wus jaya, jayane sang jayengbumi,kombang
lumeng wiyati, mamara pamrih rum-arum, wau sang Wibisana, duh pejah yeksa
nrepati, malayoni nungkemi padaning raka. Sang Gunawan Wibisana, angarang tikbra
anekani, masuking tyas kamanungsan, luhnya dres karasenggalih, sasambat
amlasasih,dhuh kadang ingsunsatuhu, buminata Ngalengka, dulunen ta sembah
mami, arinira sing Gunawan Wibisana. Kaka prabu Aksamanta, aturingsun nguni-uni,
sakecapanana siwah, ing mengkok kabeh pinanggih, papatemahan pati, patine
amurang laku,laku murkiadursila, silane kang denugemi, peksamungsuhringsang para
marteng jagad. Jagad juga tanpa sama, nrepati rama sayekti, sosotya retnaning jagad,
amumpuni jayeng bumi, mimiti anguwiti,ing bumi bathara wisnu,baboning sabuwana,
barang tumitah kumelip,datan liyan mijiling wisnu bathara. Ngendroloka Janaloka,
muwis nunurake budhi, bumilangit angina mega, wukir wukir jalanindhi, jurang
lankali kali, alas lan saisinipun, lintang baskara wulan, tan lyaning wisnu mruwani,
nadyan suket garinting lan kalamenta. Sangkane ana tumitah wisnu babone
sayekti,ing mangkya angejawantah,teka wani ngajakjurit, tinuturan wwadi, sakehing
ngaturkatawur,upama tanembaha, wuwuh katone lewih, sangsaya gunggungggungge
praja Ngalengka. Mung murka ala kewala, ambeke ingkang ginanti,mung ewuh
makewuh lampah, iku kang den kaluwihi, tan ana guna malih, among durmala
pinuwung, suka mring siya-siya, puwa-uwa ambeg julig, liwat-liwat atur ku amrih
raharja. Karya ngong welasing jagad prabu kadang ku sayekti, siya-siya maringjagad
isine den obrak-abrik, pangrasane tan keni ing bilahi lara lampus, dhuh allah
kadanging wang,liwat sedhih ngong ningali, dene iya patine pati druhaka. Endi rupane
punggawa, kang matur angkara budi, tanlyankadang amrih aja, tetepe karatoneki, budi
sikara budi, lah iki pinanggihipun, patine anggagaa, mati salah-salah sami, salah
kabeh matine druakeng dewa. Mangke tetep kalampahan, nampik ingngatur sayekti,
yen tanguni ginuguwa, pantes awe ting ngaurip,estu tetep pinanggih, ing karaton
luwihluhur, narpati rama badra, sembahen akunen yekti, tuwangga nasak sak kaki
binathara. Duk padha apa guneman kang padha paitan yekti, tan ana ginawe rasa,
gempur panggawe kang becik, iki ta kang pinanggih, wong kadereng kudu berung,
darung kasurang-surang, tan ana manggih basuki wong sineba tan ana reh kasubaga.
Ana sabana babaya, ingkang babayani bumi, sabdayu tindak raharja, kaluhuraning
kang pinrih kaki damituturi,miwah wewelinging ibu, padha kinen nembaha, mring
wong agung dasarati, padha dewa paniku dewa musthika. Sagung bupati kang guna,
gunawiweka undhagi, dene tan ana kinarsan, ngendi ana narapati, nora niteni-niteni,
maring laku iya dudu,biru den gawe abang, abang ta den gawe kuning, nadyankena
mongsa dadiya maskentar.
Ingkang dudu panggawe panggawe nguni, agawe mirungga, pangrasane luwih becik,
tan wruh kakembanging rusak, Dhuh kadang ku liwat lewih karya sedhih, patining
narendra, teka nora amrih becik, ing mengko akarya susah. Ngandelaken paji
poncasonaneki, endi togging karya,pangrasane luput pati, dene ta datankadiya. Dhuh
putrane si ibu putuningkaki, anake sibapa, teka murang karma iki, pan sibapa pandhita
ja. Amumpuni para marta sadubudi, sanadyan budaha kakibalawan sumali, iya tyase
pinandhinga. Kudu-kudu angalap putrid mantili, keselak aturing wang, pira-pira kang
malangi, siji tanana dhinahar. Endi ana tan kandheg guturing kaki,pan ingjaman
apa,bongga pituturing kaki, warahing ibu pinunggal. Pangrasane sanajan ibu jer
estri,pitutur Karajan, sanadyan ta iku estri,jer kutrah ing witaredya. Koapagung
papapira kang pinanggih, bongga ing wong tuwa, tan pantes maeg narpati,nora pantes
paparentah. Sangsaya sru guna wandening ra nangis, Arya Wibisana, katut kulitena
daging, katut otot balung darah. Dhuh kadangku patimu pati raseksi, dene nguni
padha, puruita basalewih, mati mariya raksasa. Ah ngong matur panggawe awet
basuki, teka anggung galak, tan pinirsa tutur becik dadak dudu kaandhupak.
Parandene meksa matur kongsi ail, resnaning kakadang, away katekan bilahi, bilahi
gagawa bala. Ah-ah adhah-adhah kadang tuwami,panggene ya wuta, tuli tuli tanpa
tali, mung ala katula-tula. Lagi tumon wong kudu nedya bilahi, gampang tanpa srana,
mila kedah den karepi, jer basuki nganggo beya. Cacad temen kakang prabu sira iki,
sahardi-ardanya,dosanira amratani,mring sakehing wong atuwa. Maring bala maring
langit lawan bumi, mring isining ngalas, miwah isining jaladri,kabeh padha pinidosa.
Sang Gunawan wibisana denya nangis, danguning sasambat,kalangkung
marmaniningali, wong agung rama wijaya. Kadya nmgungun ambelani kaprihatin,
Laksmana widagda,myang Sugriwa narapati, dhedhep tan ana ngandika. Myang bala
wre kabeh tan ana cumuwit, dhedhep sapayudan,nadyan mega lawan angina, meneng
tan ana lumampah. Kadi milu jetung ingkang bumilangit, baskara kalaran, sirep-sirep
wetu riris, wong agung Rama Wijaya. Tinon sampun adangu denira nangis, sang
Rama Wijaya, airirih denya marani, mring Gunawan Wibisana. Lan taruna Laksmana
lan Sugriwaji, Anoman Anggada, prasamya milu marpekta, neng pungkuriira
narendra.
Narpati Rama Wijaya angandika kadi angarih-arih, eh Wibisana ta uwus, away
prihatin dahat, Dasamuka pan uwis manggih linuhung, narendra pejahing rana, wus
punagi nguni-uni. Apan iya dasamuka, wus amangun ing kautaman nenggih, krana
gagahing ratu,kacakrawarteng jagad, nora ming ket ing wacana wus kawuwus, tan
surud darana gana, kautamaning narpati,etepi patining raja, aprang ramen nurtug
sagelarneki, ing aprang anggung angamuk, amrih ayuning bala, iya amrih
karusakanireng mungsuh, wajibing ratu rumeksa, balane menang ajurit. Ing mengko si
Dasamuka, balanira kabeh rempu ing jurit, punggawa satriyanipun, remak
ngasmareng laga, sira wana anglabuhi melu lampus, uwus tan ana cinacad, patineratu
sayekti. Luhung ta prasetyakena,tanpa tuwas yeku sira tangisi, pancukanen mring
pratunu, aterna mringkamulyan, malar-malar nem muwa apurenglampus, mungguh
hyang jagad pratingkah, amanggiya sawargadi. Kagyat arya Wibisana, wungu nolih
dheku ngarsaning gusti, bukuh misih senggruk-senggruk, anut kang pangandika,
angejepi marang ditya wadyanipun prapta kang ngateri wreksa, aking lenga lawan
agni. Tinunuwang kening raka, kalih wus pinujan dupa semadi, kumutug kukus
kumelun, minantran sampun sirna, wangkenira ingakng raka, kalihipun, sineksi
bathara Rama, narpati ngandika malih. Eh Gunawan wibisana, sira ingkang madega
narapti, Nglaengka gumantya prabu, siniwiyeng raksasa, prabawan ta mardi keng
bawana nulus, kretarta mumpuni guna, wiweka asih ing dasih. PUlih nap raja
Ngalengka, rahayune payunen waluyaning, raksasa kyeh mudha punggung, lumrah ati
durjana, undhangena ngalap paing rehirreku, wenang anut marene, tingkah kang
murka ing bumi.
Taksih wonten candhakipun.
Ongka 16 Kemis kaping 18 April 1878

Bramartani punika mawi wonten wewahanipun.


Ingkang karsa amanjurung dhateng pangarangipun serat pawartos punika dipun aturi
angintunaken panjurungipun wontening dinten Selasa, mugi anggatekna ing panuhun
punika.
Jurungarang.

Panjurungipun pun Merdi boten kapacak tanpa damel makaten ugi panjurungipun pun
Putri Cina, kauningana dhateng prayantun kakalih wau, bilih pamurihipun serat
pawartos punika, angentaraken sadaya pawartos ingkang pancen amigunani
sumrambahipun dhateng ing ngakathah, punapa malih angresepaken dhateng para
ingang amaos mugi sampun kaanggep pancen pakelempakanipun sadaya serat
ingkang isi tembung sapurun-purun, tembung anglengkara, punapa malih papanipun
tiyang angungasaken kasagedan utawi kawruh ingkang dereng kasumerpan ing
ngakathah, mindhak dipun ewani,mongka serat pawartos punika,kauningan ing
sahandhap sampeyan dalem ingkang sinuhun ing Surakarta, tuwin ing Ngayogyakarta,
inkangmasthi saha sakalangkungprayogi dipunpundhipundhi, sampun ngantos akarsa
angandika amaoni, kakatenugi para gusti sanesipun dene panjurungipun prayantun
kakalih wau, kenging lajeng katampen wangsul bilih boten badhe kasuwek-suwek
awit anggregedi. Menggah panjurung ingkang ing tembe badhe katampen saha
kaajeng-ajeng sanget dhatengipun ingakng isi pawartos aneh-aneh, angalembana
utawi angaturi pamrayogi, dhateng lalamapahipun nagari, angaturi itedah pranatan
ingakng amikantuki dhateng konca alit, amitulungi dhateng lalampahanipun nagari,
anjarwani tuwinandunungaken lenggahipun tembung, anggitaningkang angresepaken
wulan ingkang amikantuki kula wisuhan sapanunggilanipuningkang ancen pantes
kapiyarsa dhateng para ageng, ing wasana panuhun kula mugi sampun ngantos
andadadosaken cawanipun panggalih bilih ingpanjurung wonten kalintunipun ing
tembung, kenginga kaewahan.
Juru Ngarang.
=============\=============
Kulawisudhan
Kanjeng tuwan Andre wiltense, Lid ing Rad Pan Indhiye,kakula wisudha dados pise
Presidhen.
Kanjeng Tuwan Nederbureh ingkang mentas kaelih dados residhening Yogyakarta,
ingmangke kakulawisudha, dados lLid ing Rad Pan Indhiye.
Kanjeng Tuwan Sekip Residhen ing Riyo kaeelih dhateng Yogyakarta
TuwanMIster Metman Asisten ing Tanggerang, kaangkat dados Residhen ing Banten.
Tuwan mayor KOnrolir Pangkat satunggal kaangkat dados Asisten ing Sukapura
Raden Mas SasraKusuma, wadana ingTulung Agung kaangkat dados bupati ing
Berbeg mawi pangkat Tumenggung, saha kalilanangangge sasebutan Raden Mas
Tumenggung Sasrakusuma.
Mas mangun Sudirja, Asisten Wadana ingPIngit (Prapak) kaangkat dados wadana ing
Sumawana.
Mas Mangunredja, wdana ing Sumawana (Kedhu) kaparingan lereh, kalayan
kaurmatan saha sarehning anggenipun angabdi,laminipun sampun langkung sakin
gseket taun pramila mawi kaparingan medhali salaka, tatengeripun apangawulan satya
tuhu.
Tuwan Opresteseher, kalilan pamit dhateng tanah Nederlan awit sakin gerah..
==================\==============
Serat kawat saking tanah Eropah.
Londhon 11 April Bala Ruslan anyelaki Buhares kitha ing Rumeni.
Londhon 14 April dheitselan tuwin Ustenreik sami anduwa pambadalipun Rumei
dhateng Ruslan anggenipun bdhe angendhih tanah Besarabi, ingkang kalebet
golonganipun tanah Rumeni.
Istambul 14 April utusan Unten REik ing Istambul saweg rarembagan ing
prayoginipun biuli bawah Turki ing Bosni tuwin ing Hersogwina, ngantos kedah
kaejogan balanipun Ustereik.

Serat kawat saking Batawi


Lereh mawi pensiyun kanjeng tuwan Koster,Prokurur Jendral tuwan Jansen mayor.
Kaundur saking pangkatipun tuwan Meiyer, Asisten ing Gorontalo.
Kaangkat dados Asisten ing Gorontalo tuwan Palem ing tanggerang Tuwan Dhiklu.
Kaangkat dados Mayor tuwan Koblein
Bidhalipun Kanjeng tuwan Ingakng wicaksana dhaeng ing Surabaya, katamtokaken
wonten ing wulan Mei kaping 9 sarta mawi kadherekaken kanjeng tuwan sekretaris
Jendral Kanjeng tuwan Dhirektur ingkang angereh sadaya yasan-yasanipun Kanjeng
Guopremen tuwin tuwan Setram juru rembag, Kanjeng tuwan Jendral Seteimetse tilar
donya.
===============\==================
Surakarta
Nalika dinten akad ingkang kapengker punika, kanjeng tuwan Residhen akarsa tindak
amriksani Radinan ingkang anjalari sdaya radinan risak ing pundit-pundi ing mangke
sengkud sami kasaenan. Saestu bilih radinan sae, ingkang angambah sami sanget
panarimahipun punapa malih konca candhak kilak dhateng ing peken-peken
lampahipun boten rakaos saha amigunani dhateng lembu tuwin kapal momotan sarta
lembu grobagan, kalilanana acumandhaka sakedhik mugi ingkang sami kabebahan
angulat-ulatakenin gpanggaraipun radinan konca ingkang sami anyaeni, kadhawahana
amantes anggenipun angrakal mawi kawradina sampun ngantos sakajeng-kajeng,
ingpanjerengipun krakal wau.
Ing mangke kathah para tuwan tuwan dagang, tuwin para tuwaningakng sami
angadani lelangipun barang, sami angresula, awit randhatipun pandamelan ing kantor
lelang, bilih mentas adamel lelang, ingkang masthi naming angentosi swatawis
dintenlajeng kenging anampeni serat pratandhaning papajengan ing mangke boten
saged kalampahan makaen wau, kedah angentosi ngantos pnten-pinten dinten kadosta:
serat pratandhaning papajenganipun lelanging kagungan dalem tatilaranipun barnag
suwargi kanjeng ratu kadhaton ugi ngantos sapriki dereng medal pramila tuwan tuwan
ingkang sami angadani lelang wau, ingggih dereng saged etang=etangan
kaliyaningkang sami amitados. Sakalangkung amigunani dhaten gpara dagang, bilih
kanjeng gupremen anarsa anggalih sirnanipunlalampah makaten wau.
Nalika tanggal kaping 1 wulan taun punika, ownten priyantun akesah jagonga dhateng
ing Malinjon mawi dipun iring rencangipun sarehning lampah kasesa, sarta wanci
dalu wah peteng, dados kasasar ing lampahipun ingkang anjalari priyantun wau
kajegur ing sumur, rencang gupuh anyandhak lantaraning timba, ingkang awit saking
kasesa, tangsulipun lantaran pedhot rencang lajeng kajrungup ugi kacegur, ing wasana
kapireng ing bengokipun lajeng wonten tiyagningkang tatulung, sami angentasi tiyang
kakalih wau, saking sihipun ingkang maha kuwasa, sami wilujeng. (Klathen).
Ing sak punika m,argi sak wingking kadhistrikan ingkanganjog ing Setatsiyun Klathen
saha sanesipun margi ugi sampun sami kasaenan anuntuni dhatengkamayaranipun
para ingkang lumampah, pramila pantesmangalembanaha, dhateng ingkang
samikajibaha rumeksa margi-margi wau. (Klathen).
=======\================
Yogyakarta
Sampeyandalem ingkang sinuhun kanjeng sultan kagungankarsa, putra dalem
pambaeng, miyos saking garwa ampeyan Kanjeng Pangeran Ariya Dipati Wiyana,
kaangkat dados kanjengpangeran Angabei.
Lelangipun kanjeng tuwan Watendhorep ingkang ing mangke sampun lereh,
anggenipun jumeneng residhen ing Yogyakarta, sakingpawartosipun angantos angsal
53000 rupiyah menggah taksiranipun ing ngakathah, pancen naming angsal
sapalihipun argi waum ananging apit saking trisnanipun para ageng, tuwin para
tuwan-tuwan dhateng panjenenganipun kanjeng tuwan WAtendhorep punika ingkang
aurugakenindhakin gargi, kdosta: rakatan tigang pasang pajeng 3600 rupiyah, kanthil
pajeng 1000 rupiyah, pasuryanpajeng 1100 rupiyah, kursi panyeratan pajeng 500
rupiyah, meja panyeratan pajeng 1000 rupiyah manggsenpajeng 300 rupiyah, sadaya
barang sami mindhak arginipun, dene sampeyan dalem ingkang sinuhun kanjeng
sultan karsa anedhaki lelangan wau, saha kathah bang ingkang kakarsakaken mawi
angonjoni ingarginipun.
Pawartosipun benjing bilihkanjeng tuwan Watendhorep bidhal saking Yogyakarta,
badhe kacaosan kareta asep mirugan mandar wonten paa kanjeng pangeran salong
rayi dalem ingkang sinuhun kanjeng sultan sami badhe angateraken dumugi ing
Semarang.
Dereng sami wonten sawatawis abdi dalem priyantun alit ingnag kapatrapan ukuman
ptksa ing karya, awit sami kacihna kanggenan aside apyun peteng, ingkang rumiyin
parapriyantun wau, sami kapocot saking kalengganipun.
================\=============
Sumaos dhateng ingkangkasdu paring panjarwa.
Manawi wonten sih kawelasanipun priyagung sarjana, mugi aparinga barkah,
sasumerepan saking kakodhengan kula ing kawruh papasthen ngandhappunika, saestu
andadosaken kaasayaning manah, sarta badhe kula aosi sanget.
I. Wates pameranging wujudipun ingkang tinakdir.
II. Parincining wujud ingkang sangking takdir
III. Pamawrating kadayan manawi kenceng utawi kendho lampahipun
IV. Anerangna dene pulas inakng wawrat sawihye kemawon kacemplungaken
ing toya ingkang wawat 10 pon toya teka malih rupenipun ing saatawis.
V. Sabab saking punapa dene kasturi sakedhik kemawon kadekekaken ing
griya, teka ambetipun saged amradini sagriya, mongka kasturi wau
manawi katimbang boten patosa suda ing wawrat.
VI. Kabekta saking sababpunapa, dene wowohan punika kabentenaken
wawargenipun ing nalika enem nyadham dumugi mateng.

O priyagung sarjana badhe sapinten pamundhi kula, bilih amarengaken esung


katrangan dhumaten gpitakenipun tiyang bodho kados pun kula, awit kapingin anget
saking cariyos,kawruhmangkaten dados rereganing kabektan tuwi gedholaning
kasangsaran, inggihpunapa boten.(?) katandhan Cekuk Balilet.
=======\=\\\\\\\\\\\\\\
Manawi pareng mitra kula raden Mas Kusumawicitra ing Yogyakarta, wontena
karsanipun nganggit cariyos kawontenanipun Bagda Mulud taun Dal punapa
lalampah-lampahipun ingkang kaagem ing karaton dalem yogyakarta, supados
nambahi saserepan tuwin pepaking cariyos ing kabar Bramartani, Katndhan mitra
paduka pun Kumadaya.
========\===============
Wangsulan dhateng Mintawasita
Ing serat saloka tuwin paribasan wonten ingkang nybutaken panjarwa, saking
pitakenipun Mintawasita, ingngaksigonda, ananging kula piyambak taksih radi
kodheng awit kathah temen panamuning raos andadosakenpangandhr kados ing
ngandhap punika.
I. Matreyat prabuanih, para dretnilos kawat, atmawal para buanih, apa paring
daranih, tegesipun matreyat: angiwag prabu:ratu, anih, lumuh, para:para,
dretni melik,los kawat: wingka, sami kaliyanlukawat lokawat tuwin lung
kawat, atma: anak:nyawa:wat wisesa, parabu, ratu, anih lumuh, apa paring,
paring dara: prawan nih lumuh, lancari tegesipun angiwat sang ratu lumuh,
paramelik wingka,amisesa nyawa sang ratu lumuh,anganiaya estrilumuh,
angiwat estri lumuh, kajenging saloka mangkaten,ratu sampu ngiwat
bojoning kawula meliking kawula kaupamekna wingka, rau sampun
angahan mamejahi, sampun ngnatos anganiaya estri, sampun ngnatos
angiwate estri.
II. Musthika brama racorah, suraking ampuhan, titir pinajaraken, mati dening
alun alus, punika salokanipun ing durjana, ingkang mungel musthika
punika tembung kalantur leresipun mungela musika, dados angadhahi
teges tikus bramara: kumbang, corah,misuwur,cingkrah. Kanjenging
saloka, durjana yen sampun kdos tikus tansah angririsak utawi yen sampun
kados kombang, tansah adamel eleng ing saenggen-enggen sampun
misuruw awonipun, tegesing suraking ampuhan durjana yen sampun
kawartos ing kathah awonipun wenang dipun cepeng, tegesipun titir
minadaraken inggihpunika sisirating titir, durjana yen sampun dipun titiri,
wenang kapejahan, tegesipunmati dening alun-alun durjana pejah saking
alunipun, yen sampun misuwur awon kukum ingpidosanipun.

Menggah ingakng kula kodhengi naming ing bab I ingnginggil punika, dene apa
paring, tekaka tegesan anganiaya, tuwin angiwat yen saking pamangih kula kados
taksih anyemberet.
Tondha Asma Monekulen.
Titir pinajaraken punika saking pamanggihkula, punapa boten taksih kalintu, alun
punika tegesipun wartos pramila sae bilihkasantunan ing tembung tutur
pinajarakentutur punika kondha, kondha punika pawartos.
Jurungarang.
=====\==========
Panjurung Bramartani
Candhu puspa kang winiweng tulis, dongeng sakin gdyan ronggawrsita, swargikang
sampun sumare, mangkana purwanipun, wonten guru jawa berbudi, kiyageng ing
Lowasta, ing dhepok JOngmeru, kagengan sabat sasanga, pangayune kang anama
kimas Micik langkung denya siniyan. Pakumpulan ingngari sawiji, kimas Micik
umatur ring bapa, kyai ulun ing mangke, jro tyas sanget kapencut, darbe esmu
saweran adi,murih sirnaningsamar, yen lumakwa dalu, alon mesem alon nabda, iya
micik dheket engsun gya winisik, swara ris manjing karma. Lara wingwang anak-
anak uling, bismilahiallaubrahala, uwis mungi ku japane, mungguhbratane bisu,
limangngejam tan keni angling, micik tampi manembah, sukarenengkalbu,sinrang
lampah nya kalakyan, ku uwigya masmicik ladak undhagi, wruh sandining sampeka.
Dahat sarjana ngedheng tanpa klir, sumara wang tekenga wang-awang, prabawa
kobreng singkire, ing garsingarseng guru, ameng-ameng midering tegil,arsalelangen
ula, mrmaning hyang antuk, sarpa tunggal welang melang, gya cinepeng tan polah
manuk lir tali, kabungkem tutukira. Lir jinahatan sawala nuli,kinalunken sawe
munggeng jongga, tanpa esangsangan rante, myang sekar mlathi arum, yayah para
satriya lewih, wimbeng mring pasamowan duk samana nuju, sipining tyas
sarpanulya,ngulat ngulet puuking pethit umanjing, wiwaranireng grana. Trus I
pasuanjo lamas micik niba kabentus ing sela gilang, kapala emmek temahe, dadaya
jalaran lampus, tan kawruhaning guru nuli,sarpa inggarsasaba, upajiwa nulus,
amanggeliding wicara, sapa nedya dahwen siya sameng orip, anak wawales tmat.
Katandhan triman Jamedita Meribengamas.
=============\=\\\\\==========
Punika candhakipun cariyos pejahipun Dasamuka
Ngentekna pituturira, ing becik ke sasolahingprajadi, apan ta sira pinutus, ing susila
tankurang, ing wiweka nora entek ing karma tuhu, tetapi yayi yen sira,pitutur
amarentahi.Mring balanira sadaya,barang sira mamrih panggawebecik,amrihutama
tinemu,aja atinggal sarat, iya wajib sarat wong arsa pitutur, dheweke
anetepana,denpanggah den anglakoni. Yen sira wus kalampahan, angawruhi kalawan
anetepi,tan angel balanireku sagung mantra punggawa,betya patihagung kang
mamatah laku kabeh pdha bisaena, ing reh ayu kramaniti. Warata sarewangira,
sarereyan kabeh sayekti pinrih panggawe rahayunipun, jer wus netepi sira,panggawe
kang den pituturaken iku, sapatih lan sapunggawa, kabeh wus padha nglakoni.
Samantri-mantri warata, wong acilik mongsa na gelem kari, sahanak sarabinipun,
kudu milya sadaya, nadyan praja muilu tangi nedya ayu, marmane wajibing raja,
agawe tulada becik. Yekti tinelad sajagad, yen retune ireh wus denugemi, tetep ing
ngagama tutug, sumebaring parentah, marma yayi prayitnanen yeningprabu, yekti
tiniru sajagad,mungguhin rehala becik. Ala atiniru ala, yen abecik pasthi tiniru becik,
anut sasolahing ratu, tiniru isining rat,lawan sira elinga bathara wolu, poma iku
munggeng sira, lire kang sawiji-wiji. Wowolu sariranira, yekti nora kena sira
ngoncati,salahsiji saking wolu, cacat karatonira, yen tigala salah siji saking wolu,kang
dhingin bathara endra, bathara surya pingkalih.bayu ingkang kaping tiga, kuwera
kasakawanipun nenggih, baruna kalimanipun, Yamacondra lan Brama, jangkep wolu
den pasthi mongka ing prabu, anggeanira ngasthabrata sayekti ing narapati. Lampahe
bathara Endra, ngudanaken wangi wangi ing sabumi, dana sumebar sumawur, mara
tani sajagad, kawaratan gung alit sawadyanipun, apn oramilihijanma, lakuning endra
sayekti. Iku yayi lakokena, sawaadyane kabeh kamoting bumi, dening yama
lampahipun, kila rakrama ala, wong durjana ing praja kabeh linebur, nora
ngetungkadangwarga, yen durjana den pateni. Barang kang laku dursila, ing ngupaya
kabeh dene osak-asik sanggone ingngungsi tinut, kacandhak pinatenan, reregeding
praja pinrih biratipun, mangkono bathara Yama, goning rumekseng prajadi. Maling
mamalaning praja, pinrih ilang dursila ngreregedi, angundhangi wadyanipun tan kena
ulah ala, ingkang sandhing panggawe ala tinundhung, kang ala wus pinatenan, sajinis
setumpes tapis. Kang jinis panggawe ala, lah anggonen bathara Yama yekti, surya
kaping tiganipun,lakune para marta, ngudanaken sabarnag reh arum-arum,
amanjingaken rarasan, asreping kang den tetepi. Tan galak nutut sakarsa, tan karasa
wadaya pinrihhing becik, tanana erengunipun sumusup amrihkena, ingkang pinrih
rinasan rarasan alus, pangngsepe reresepan, kasesep kena kang pinrih. Tan age
saliringkarsa, nadyan mungsuh tyase kena pinulih, tankatenger pan rinasuk, pangisepe
sarasa, kang kaing pat bathara condra inglaku, apurasarananira, ameruhi ing sabumi.
Mrih eca isining praja, ingpangreh ewa wangi lan mamanis, sawuwus amanis arum,
saulat parikrama, guyu-guyu eseme winoring tanduk, satindak datan rekasa, mung
marentah ken mamanis. Ambek sanasa buwana, trusing manah marta-marta mamanis,
sangsaya pru arum-arum, asih sagung pandhita, kaping lima lampahe bathara bayu,
anginte pakaryaning rat, budining rat den kawruhi. Tanpa wangen tanpa tengran,
gening amrih met budining dumadi, kena kabudayanipun, ing ngreh datan kawruhan,
bias met budining sasaminipun, dursilamylya kawruhan, sasolahe wdya keksi.
Sinambi angupa boga, myangbusana anggung among kamuktin, tan ana antaranipun,
amrih kasukaning bala, amamaes saparayoganing wadul, sata gung tyase sinuksma,
gunaning yuwana pinrih. Ign tyas datan kena molah, sasolahekabeh wus den kawruhi,
dibyan dana-dana tinut, lampah sul\suila arja, wus kakenan jagad kautamanipun,
mengkono bayu lampahnya, iya enggeten sayekti. Kaping nem sanghyang Kuwerta,
anggung mukti bogasrya ngenaki, tan anggepok raganipun, namakake sarana, kang
wus kinon amusthi pasthininglaku, among pracaya kewala, denira tan amrih silib.
Gunging praja pinarcaya, dananya sru kayekten den ugemi,nora ngalem nora nutuh,
samo asina sama, rehning suka prih kabeh kairyan wus sinung, tan wruh ing ngupaya
sira, tuhuning pribadi pinrih. Kasaptanira baruna, agung agem sanjata lampaneki,bias
basukining laku, amusthi ing wardaya, guna-guna kaanan kabeh ginelung, angapusa
isining rat, putus wiweka kaeksi. Angapus sagung durjana sedhih kingkin dursila juti
pinrih, saisining rat kawengku, kesti kang ala arja, tempuhing sarana datan kegah-
keguh, kukuh kautamanira, tuladen baruna yetki. Bratane bathara Brama, garwanira
rarasati.
Nora tungkul rumekseng gung alit, kyating rat katoton,sabuwana yen owahlakune,
angunggulahaken sarwa gusthi, anggung tanapilih, panggusthininglaku. Tinutaken
tinatuman yekti,ing reh kang ginayoh, pinaryitnan panggawe obahe, ngowahaken iku
geng binudi,yen laku wus becik, panggahen den kukuh pratingkah ayu ananimbangi,
kang ngakrya karon, wawasening lakunira tembe wawalere away sira lali, wuwus
ingkang nguwis, gumelaring ngayun. Angen-angen tyas away lali, angkuen
babadhong, asemadi angkuhken susupe, tulusing kang manah mangunening,
abingggela yekti, tatag laring kalbu. Anggung sukanendriyanireki, taywagung
wirangrong,yen kagem reh wolu makuthane, makutha aya kathung kalapi,liring reged
ati, buwangen de gupuh. Ririh bener uwiteneng ati, ulat denkatongton, putusing tyas
sumuk mamanise, ing tyas ingkang ananangi runtik, japanen sayekti, ardanuting
nepsu. Ing tyas suci sumuk ulat manis, sagung rehkang wengkon, ing tyas reget sirung
ing ngulate, susetya satya mais prak ati, ayeming tyas titi, pangre nora luput. Sarjana
mongka gandaning bumi,raratus kakonyoh, ngulahaken ing ngrat kaluwiye, arjaning
praja tan lirip bakit, yetan winoworing, pangridhuninglaku. Pakoliye yenpanggah tan
osik,bakuh ing pakewoh, away miris yen miris dadine, kalonglongan darajade
gempil,lakokna sayekti, ngawruhi wadyagung. Mongka akasing jagad
sayekti,rumeksang gung anom, mamariksa amaring balane, ngelu mules waras
kinawruhi, sajronign prajadi, aja na katungkul. Apura para mrtamongkawit, anggepen
den manggon, kalepasan bae pamawase, away keguhdumeh gedhe cilik, ing reh bener
sisip, wawasenden putus. Mungguh ing suka miwahpriatin ing wadya
katongton,gampang ewuh ingpraja sukere, den karuruh ing reh kang aririh, den
katemu budi, budinen sakayun. Arjaningpraja nora manasi, tan ana lalakon,
ngowahaken marang pikukuhe, pengkuh ngaubi rumekseng bumi,kaluhuran pasthi,
pinayu pikukuh. Yayi prabi WIbisana pasthi,luhure kaprabon kang wus kocap
busananeng jagade, kamulyan peni peni mamanis, away boten sireki, duweking
prajagung, Emas mongka busananing dasih, kang nganglang nging kewoh, kang
nanggulang praja susukere, kang jagani jagad siyang rari, nora angel ta yayi
arjaningprajagung. Nora kena yen pineting maling, malinge katanggor, saking nora
nana pangungsene, denya rempeg saprajareki, rumeksane sami, tan ana talutuh.
Talulutuhe kacepit kapipit, kepengkok kasompok, lami-lami mareni alane, rih malu-
mala amilayati, ulate katawis,bok kawawlas kawus. Sagung ingkang ala dadi becik,
ingkang becik wuwoh, imbuh susila karahayone, sakng kena prabawan ta yayi,
pracayeng prajadi, sawadyaning rayu. Prihentemen para sarjaneki,kang bias ambobot,
ing botepot amrih sujanane, ing rat panut panurageng budi, pragyana udani, jroning
jurang parung.
Taksih wonten candhakipun.
Ongka 17, Kemis kaping 25 april 1878

Surakarta
Tuwan Jonas Portir angaturi uninga dhateng para priyantun ingang sami tumbas serat
pawartos Bramartani, bilih sampun amitungkas aksara enggal kadamel anyantuni
aksara lami ing pangecapanipun saha ingkang kaajeng-ajeng dhatengipun ing wulan
ngajeng punika pramila mugi wontena pangaksamanipun para priyantun wau bilih ing
mangke aksaranipun ing Bramartani wonten ingkang bubu.
Juru ngarang.
\=================\=========
Serat kawat saking Batawi.
Kasandekaken pangelihipun kanjeng tuwan Sekip Residhen ing Riyo dhateng ing
Yogyakarta
Kaangkat dados residhen ing Yogyakarta, kanjeng tuwan Panbuk ing tanah Padhang
Kanjeng tuwan Kornet Sedhegrut ing Banyuwangi kanjeng tuwan PitSeperpluh..

Serat kawat saking Eropah


Londhen 15 April Turki angundhangaken ing sasaged saged badhe anampik prajurit
liyan ingkang badhe dipun isekaken ing Istambul makaten ugi anampika prajurit
Ustenreik ingkang badhe dipun isekaken ing Bosniye tuwin ing Hersogwinah.
Londhen 21 Aprilpanyadenipun Torpedho dhateng sanes nagari kalarangan (torpedho
punika: pirantos igkang baledos ing salebeting toya, mangangkah risakin galwanipun
mengsah).
Sadaya serat pawartos ing Enggelan sami angalembanam kalempakipun wadya
ingkang badhe kaangsahaken wonten ing Pulo Malta,
Bukares 21 April balatontra ing Rumeni abidhal dhateng ing Karpaten anyingkiri
kapethukipun kaliyan balatontra Rus..
Londhen 22 April enggelan tuwin Slan sami anyondhongi rembagipun Duitslan sami
anyingraken balatontra tuwin palwanipun perang saking Istambul supados
anggampilaken konggres.
Istambul 22 April para nayaka ageng Turki sami anyegah panyaruwenipun enggelan
dhateng prakawis ing Istambul.
\================\
Raden Mas Tirtapraja, jaksa ing Bojanagara, kakulawisudha dados bupati ing tanah
ngriku, saha kalilan angangge sasebutan Raden Mas Tumenggung Tirtapraja.
=========\=============
Surakarta
Serat pawartos Indiya Nederlan atampi wartos saking Bogor, bilih Cina anama Gaok
Kim Jun ing Bogor wau, angsal pamenang ingang kathahipun 80.000 rupiyah lotrei
arta ing Surabaya.
Serat pawartos Bintang Barat angwartosken bilih tuwan Pandhenbos Komis Pangkat
Kalih ing kantor Reken Kamer, ingkang angsal pamenang wau.
Wonten malih pawartos saking Ngawi, amratelakaken ingkang angsal pamenang wau
ingkang rayi bupati Ngawi.
Punika ingkang leres ingkang pundit 3

Ing mangke sampun terang papriksanipun,bilih ing palataran kadhaton ngantos saged
kalebtan tiyang ewah, awit saking smbrananipun ingkang sami tenggak caos pramila
saking karsa dalem ingakng sinuhun kanjeng susuhunan ingkang ing nalika samanten
sami teng tak caos sami kapatrapan cengles laminipun saubengan.

Bilih andulu cacriyosipun ing kathah, kumedah acumandhaka sumundhul ing atur,
ingkang sami tenggak ing konten brajanala kalih pisan tuwin ing konten galadhak
mugi sami kaparingana nawala, ingkang anerangaken wawaler tuwin patrapanipun
tumrap dhateng para tiyang ingkang sami langkung ing konten wau, awit bilih wonten
tiyang lumampah ing ngriku, ingkang sami tenggak patrapipun sapurun-purun,
andhendha utawi anganggrak katawis bilih naming angangge leresipun piyambak
dados anilar wawaton kina.
Serat pawartos Mataram angwedharaken pamanggh, bab kathahipun lampah juti ing
mangke, menggah jalarannipun lampah wau, saking pamanggihipun awit ing amngke
kathah tiyangingkang remen kasukansanadyan lenggahipun tembung kasukann
naming badhe anglairaken anggenipun mangun suka, ananging bilih anuruti panasing
manah, kasukan wau asring-asring andrawasi, kathah tiyang ingakng cekak budinipun
lajen gkamipurun agagampil gadhahanipun sanak wekasanipun boten sae, pramila
amrayogekaken bilih nagari karsa agalih wawaler dhatng makaten wau, sanadyan
pandung kacepeng kaukum bucal kecu kacepeng kaukum gantung, inggih badhe
boten anyirnakaken lampah juti, manawi boten kaudi icaling jalaranipun, sampun
saestu ing pagesang punika, boten kenging kaupamekaken kados sarem asin sadaya,
ananging ingkang kathah-kathah asring boten kamanah ing kawekasanipun.
=========\=============
Yogyakarta.
Kanjeng tuwan Watendhorep bidhalipun saking ing ngriki, mawi kaateraken para
gusti, para agneg tuwin para tuwan tuwan saweneh wonten inakng wangsul ing
statsiyun wonten malih ingakng wangsul ing Prambanan tuwin ing Surakarta, para
gusti wonten ingakng angateraken dumugi ing Semarang. Wonten ing Prambanan
sami kendel sakedhap tuwan Lawik mawi amedharaken tatembungan mangalembana
dhumaeng panjenenganipun kanjeng tuwan Watendhorep.
Mas Mangku atmaja tuwin mas Mangun Taruna ing kampong Suryadiningratan
sareng sadalu sami kapandungan menggah lebetipun sakng padung mawi ambabah,
sareng sampun anelas-nelasaken barang, medalipun ugi saking ing babahan
sasampunipun babahan lajeng dipun urugi malih, dados pun pandung anggenipun
anandukaken patrapipun sakalangkung tanak sanget.
=====\==========
Rembang.
Raden ADipati Tirtanagara, ingkang anggenipun angasta panguwasa ing Bojanagara
31 taun laminipun saha ingakng sampun angampil tatengering sih dalem srimaharaja
Nederlan Ridering Ordhenederlan Senleyo ing mangke sampun dumugi ing janji,
atilar donya yuswa 80 taun.
====\=========
Sampun kaping pinten kenmawon anggen kula niteni acanthi suka pirenaning manah
pasaja, tinimbang redhaksi ingakng sampun swari, tumraping pamanggih kula kados
kangelanangewahi anggenipun karsa nampeni sawarnining srat pajurung, sawab
ingkangngasta panguwasa pangaranging kabar Bramartani sapunika sakalangkung
anglegakakenmanah, saksinipun boten karsa adedangu lampahing panjurung,
tegesipunmakaten , kajawi rupaking papan manawi sakinten panjurung wau panten
ingggih lajeng kapacak, bilih boten pantes ingggih lajeng aparing wangsulan, amila
dahwen kula punika saengga kagalih prayogi, mugi karsaha amacak.
Ing Madha punika, salebeting kaoncatanjawahsawatawis, anggen kula garunengan
dereng kendhat kendhat,inggih saking kewan maesa, ingakngkaangge piranti
minongka ubenging puteran tebu, dhateng tiyang sakiwa panenengeningdhusun ing
Tanjung anem, kagalihasaben dalu kemawon wiwit wanci jam pukul 11 dalu ngantos
pukul 4 siyang, saweg dipun kendeli, punapa boten kasebut nganiaya kewan ingkang
pantesipun kataning dalu pnika leren, sanajan parentah ageng, boten andhawuhaken
undhang-undhang, bilih sawarnining kewan botenkenging kasambut damelaken ing
masa dalu, ananging sacelaking ngriku ingkang kajibah amatut punapa boten tahan
ngetrapaken.
Gajahan lami kaping 21 Rabingulakir Dal 1807.
Katandhan pun Welasan.

Bilih ing tanah-tanah bawahipun Kanjeng Gupremen sampun wonten pranatan


ingakng amambengi tiyang anganiaya kewan saben-saben ing Semarang pulisi rol
angukum para tiyang ingkang sami anganiaya kewan nagari Surakarta kados dereng
wonten pranatan makaten, mongka badhe amikantuki sanget mugi kagalih acuresing
wiji.
Jurungarang.
=============\=============
Yenpareng ing panggalih panjenenganipun tuwan ingakng ngarang Bramartani mugi
karsaha macak panjurung kula punika,minongka urun anjarwani pamintanipun
prayantun ignkang sisilih nama mintawasita, ing Ngaksigonda.
Ing ngandhap punika tembung tuwin jarwanipun
TEmbungipun TEgesipun
Matre jawah
Yataprabu Ratu Tumingal
Anih Kendel
Para Sadhengah
Dretnih Oseking
Los tilar
Kawat sanalika
Atma Nyawa
Watpara Awit sadhengah
Buanih kendel tedhanipun
Apapa Sakit
Ring Daranih Ing sariranipun

Ingkang dipun kajengaken mangkaten


Ratu sampu pedhot mariksani pangasrepaning praja, sageda anggesangaken
thuthukulan kdos jawh.
Sadhengah ingkang osik tilar ing sanalika amargi sadaya ingakng pinanjingan nyawa
yen kapisah ing tedha andadosaken sakit ing badanipun.
Musthika Tamtu kang pinilih
Bramara Kombang
Corah Carewet
Soraking ampuhan Swaraning kathah
Titir Tutur
Pinajaraken mbok manawi wetah ing tembung’
Pinajaraken dipun padhangaken
Mati pejah
Dening saking’
Alun-alun ombak geng ing samudra

Ingkang dipun kajengaken tembung musthika bramana corah wu,. Langkung


prayogi,amurihing kautamenpunika, angisep-isepa, kados kombang ngupaya madu,
yen sampun kapanggih, sampunngantos kabrabeyan.

Dene ingkang dipun kajengaken paribasan, suraking ampuhan titi pinajaraken, mati
dening alun-alun.
Ucaping tatiyangkathah, sami tutur tinutur, mamrih atela, pejah ing durjana, saking
alun-alun kalakuhanipun.
Urun kula anjarwani ing nginggil punika
Sumongga ing mitra kula minta wasita.
\===========\\\

Sampun sawatawis lami kula boten anyerepi panjurungipun mitra kula kawung kridha
mugi karsaha angregengi Bramartani, utawi andugekna panganggitipun bab nge,mi
kodrat saking pamanah kula, maedahi dhateng para punggung ingkang kados kula
punika sabab kula punika sawatawis reme dhaeng cariyos ingkangdereng kula sagedi,
tuwin miring yen wonten para saged anganggit tanggit mawi kasekaraken sabab
pamanggih kula sasat angsal wuwulang ing bab pangrimbagipu tembung utawi
lemesipun ukara, atur kula wau aki grumaos kula kirang saserepan.
Katandhan Sumadriya, ing dhukuh Koripan.
========-\================
Ing sasaget-saged kula kedah amanguyubagya, dhateng para tiyang ingkangsami
anggayuh dhaeng kasagedan awit kosok wangsuling panggraita, punika ingakng
anuwuhaken indhaking kawruh, ananging mugi sampunngantos kadosingang
sampunkalampahan sageda angampet ambegan panas barananbilih kaweleh sampun
ngantos anandukaken tatembungan ingkang boten angresepaken dhateng para
ingkang amao eliripun makaten tiyang enem kedah angudi wuwulang tiyang sepuh
dereng kasep anampeni wuwulang.
Jurungarang.
=============/===============
Panjurung saking medyan boten kapacak awit namanipun ingakng manjurung boten
kaprasajakaken
Jurungarang.
===============\==============
Ingkang manawi panjenenganipun saudara tuwan Redhaktur pareng mugi karsaha
macak ing kabar Bramartani,minongka kapanjurung katur mas Sastradirengga, ing
nagari Surakarta Adiningrat.
//Pinandara// Ing sarkara wredi mamrih sidi, utamaning wreksa, ron anggiwi,
jilrimbage suwedha, main lawung serat saha kang salam taklim pngeweweh basa
karma, partamantri ngayun, katura ing sumitramba, jerweng ruksmi, aksara tinrapan
sunggeng mas Sastra Adirengga. Panti panjang kang tinutup samengdyah sumewa,
kaparnah ing kanan, kampong kappa ratengene radyata, nala kudu ing nagari,
Surakarta deng Prabu Mentar ing pura, Srekesawa sunu wiyosipun yen sambada,
ombakgung ing udadik lendhang rambat wet ulu atur cangkriman. Kismarenga,
timbang mawor kapteng lamun rujuk gambaring buwana, wit ramba, twoh pindha
crème yen karsa awon nganggur sarpa langking, bale ing panting mung samben cagak
lenggah, aniniti itung arta pamet ing bandaran,pinten banggi, nglepas hrutan
paewambojeng dadya grindaning manah. Sotyarengga kiswaring
pawestripadapalwanusung murwasmara, yen tanyun batang ing tembe ywa nyedana
pung bendu kang sindura, pangusapraemg palesta, barang kaywa dadiya panglipur
tanpa pinardi manjumbang, amanjurung warata atur pawarti ing Bramartani kabar.
Kawan wanda, langening prajadi kalih lingga, ing ngarsa busana, buntulan
kasagedane wanda kalihingpungkur tanpa sandhang nanginging wuri piyambak
mralayata, purnawanda catur,pinisah dadya dwalingga, kang salingga, ing ngarsa
punika sami pangucaping kawula. Ing Barandha kang katuju matis,kang salingga
dumunung ing ngwuntat, ngweh wanci truh tumedhake giranging tyas bras pulut
sukeng manah para mongtani nanging sring karya semang ing wongkang lumaku
punapa wujud kawula, wus pitanom tuduhing wiku kang sidik, cupana kawruh nyata.
Pangajaping pruita kangpinrih, titi sampurnanireng mangripta, manembah hyang
kumpulan kyeh jumungah arinuju ping limalas wesa ing wanci tabrala lyu lekira
Rabingulakir taun Edal Isaka ing ngetang dwijawara maletik bujongggeng ngajeng
tondha panmasucipta.
=====\=============
Punika candhakipun cariyos pejahipun Dasamuka
Petenging guwa guweng wanadri, wawasen kang kinon, sarjanaweh kawruh ing
ngisine, pinandukin gsastra wus kaeksi, Pamanahan sungil sungapan sastrayu.
Prayogyanya wruh robbing jaladri,jaba jro katong ton, parang-parangcuribataning we,
sastradibya sabarang pakarti, tan kulediramrih, pragyananing laku. Saratan asusuluh
rihtiti, titikawinengkon, mamala kang amuleting tyase, rinampasingpitutur
sayekti,ririhen den keni, kinulit rinasuk. Rasukening kramasinipering, wruh eneng
padudon, robana rumamanis pawore, amrih aja sangsayeng pakarti, sdaningkamuktin,
nir gerah manaput. Yen wus kakenan reh kang sawiji, wisata kang ngadoh, kasubaga
prayitna ambeke, susila mrih kasat mateng gusti, denya wus miyarsi, prabu Nyamrih
ayu. Samuaning kang sumiweng sami pasangkarahayon, munahing kang
durcarasilane, denya amrih sinatmateng aji, kawawaseng bumi, wikrama satuhu. Ratu
away amiseseng rukmi pan yayi tan padon, emas iku pasamuan gone, pan wajibe
busananingbumi, yen sira kukuhi, wisaningprajagung. Saguna-guna gununging bumi,
kondhanging kaprabon, upaboga sawdya-wadya keh, tan apilih sawadya gung alit, tan
bengganging kangsih, mrih sapraja lulut. Kawibawaning prabu ta yayi, yen ambekira
bot, andumaken ing kawibawane, iku cacading karaton yayi, rusak dama nisthap,
rusak patinipun. Karana jroning urip puniki, ana kangden antos, mung sadhela tan
langgeng uripe, yayi rupak amaning wong urip, jamane wong mati, tetep ananipun.
Yen laliya pangrehireng bumi, wus tha nyatan padon, pira-pira rusake patine, tuna
yayi wong madeg narpati, tiwasa ing pati, Wibisana nuhun. Gunaning ratu priyen
amardi, tinut karahayon, lan rekasanen marga pakewuhe priya lestari sagung lumaris,
wajibing narpati, becik ki margagung. Damaring praja uywa mati-mati, sadeging
kaprabeon, away mendhag madhanga jagade, mongka panariking reh sayekti, ing pati
pinanggih, kautameng prabu. Yen aresik prajanira yayi, sagunging kang tumon, praja
kalwan kontap prawirane, takut mulat kaaharjaning bumi, trusing budi yekti, wibisana
nuhun. Tialsing wadya kang galak nguni, ing ngunen away doh, manjing maring ratu
kagunane, iya dadi busananing bumi, atur tanpa uwit, sikakna kadya su. Prabu
Wibisana awotsari, wresa mya anomblong, miyarsa ring prabu pituture, lan maninge
adegira yayi, ngalengka narpati, winonging tumuwuh. Nguni kadya pinisan prajeki,
sira madeg katong, iya ingkang dadipanawane, mamawa suka isining bumi, de
prabunya titi, titih yen megatruh.
Isining rat lengeng kadya mrihandulu, ing reh prabu tama kalih, kasmaran myarsa
pitutur, samodra ombake aris, minggir gumulung agolong. Ima-ima amutir langkung
tumiyung, sumerot kangmarutaris,kadya matag nginggelipun, sang lalita wiwirmir,
ngurmati sang madeg katong.Darma samangkin apanggah manah nira nut, ring
pamulang pasangg putih, netepi ambeg pinunal, amolah arjaning bumi, prabu
Gunawan kinaot. Patitising pasang tuju tanggap satur, mumunah manah menuhi,
marjayeng mamala lulut, binengkasing pasang suci, Wibisana waskitheng don, angler
tela karirisanmongsa pitu, rumesep sumurup ening, sinantya prasetyanipun, kadya
tunggil yayah bibi, denira mrih karahayon. Purwa tarumandira ring gunung-gunung,
anjetung tanana mosik isthane jengleng pitutur,pradapanira tumaling, kadya mrih
alingan karo. Subali beksa wawengrat tuhu-tuhu, rum-arum sumekar amrik, pala-pala
mendhung-mendhung, wijah denira miyasa, ireh samulang kaprabon. Liman
malumanungkut lalenipun, anglabet kalingan amrih, kadya myarsa apitutur, andak
meletu mili lir pasang talingan karo. Sekar janbu kintaring angina sumawur, wala
kang ngimrak ngigeli, urmat suka suka dulu, mring sang Gunawan atampi, wulange
subaga katong. Hong samuluk munya tepi telaga gung,lir suwareng ronwangneki,
mriya niniling warta yu, kidang masil marepeki,lir kantun meleng pawartos. Sing
asing akagyat ing kidang umangsul, lir cipta kantuning kardi, mekar macicil
angungun, katingal sinungsung angina, netrane kalih malerok. Sato-sato setyanut
pasangan runtut, nulya reh rengganing bumi,prabawa bawanengnulus, sang
rumekseng prabu titi, wuruning rum-arume wor.Wus sineksen walantaga kutu-kutu,
ing reh molahaken bumir, isining rat mangintya puku puku kipik-kipik, suka ngin
arum umawor. Miri muntel ing ngetal kuntul adulur dalidir ngider-ideri tepining
kang setu-setu, bodalayu ngilayoni, arum sumawur sumerot. Titip atap tepining setu
aturu, tan ana winalang ati, linang nglangana rum-arum, keridening maruta ris, mamri
amarasing panon. Sakeh murka-murka marimurkanipun, mangimur-imur
ngamori,sarjana jenak majenu, jinanten mardu mrikmanging, mapanggah puguh
ginugon. Nora betah ninitih botoh kabutuh, baswara basa basuki, sastra amardi
mamredu, sihira susela aning, kena bawaning kaprabon. Tan akendhat narendra
pituturipun, lir candhana munggeng ruksmi, dinupan ngambar rum-arum, tinon
suwarna nelahi, rumesep kadang kinatong. Wutah atah nerpati jroning tyasipun,
mawantah mamrep punagi, destuning reh mamrih luhur, mangayubagyaning
bumi,mantiring prabu kinaot.
Lawan yayi prabu den nastiti, aniteni ing wadya punggawa, amrenahaken karyane,
kang bias ing ngalembut, away wehi agalling kardi, kang bia maring ngagal, away
wehing lembut, kang prakosa ing ngayuda, ana ingkang prakosa sabarang kardi, den
bias matah-matah. Miwah wdya kang alul semadi, karem marang pangulah mumuja,
tulusena pangggawene, away ta wowor sambu, keron laku dhompo ing budi,
tumpang soning prakara,reged empanipun, yayi prabu Wibisana, wateking wong
tumpang sosa barang budi, cacad marang wiweka. Ing ngunen punggawa pekik-pekik,
yayi dadi kumalaning praja, ambusanana jagade, punggawa kang dibyanung, aprakosa
maring ajurit, yeku minongka wisa, amisahing mungsuh, punggawa kang bias basa,
basukine marang karma kukuh titi, karyanen tuwanggana. Sarta ingkang wigya barang
budi, wruh ing santa budi para marta, lepas amrang wekasane, wekasing reh rahayu,
aja adoh lan sira yayi, palane away pegat, reng wangen amuwus, wuwus marang
kauwusan, wekasaning urip ing kunemu pati, pati patitis mriya. Nora neda angrehira
yayi, iya marang ing jagad sadaya, lawanjagadira dhewe, myang waler sangkeripun,
luputing wong angulah bumi, lawan angulah badan, padha pajunipun, pondurane keri
kanan, yenwis kena kangdadi gagawa sisip, den awas kinawruhan. Kawruhana sadina
ywa lali, pamada marmurub tan kanginan, ata jem dadi urube yayi pepeteng pitu,
yuyupan singkuren ugi,ing luputing kabadan lawan praja iku, sami amitung prkara,
yen kareksa brukut pangunjaraneki, maring pitung prakara. Yayi PrabuWibisono iki
lire pepeteng pitu ing jagad, iya sawiji wijine, mungguh jenenging ratu, away cidra
maring papatih, papatih away cidra, mring punggawanipun, kang para punggawa aji,
anyidrani iya ingkang para mantra para mantra ywa cidra. Marang janma desa uanma
tani, anbalike dadi saprakara, patih ja cidreng retune, miwah punggawanipun, iya aja
cidrengpapatih, lan mantra away cidra, mring punggawanipun, miwah saturate pisan,
yen nerak katemahan salaya budi-budi mrih kabudayan. Yeku wite ingkang
memetengi, peteng pipitu yeku kapala, dene yayi kapindhone, ing jenengira ratu, ing
Santana mantra kakasih, away sih yen wus katrap, adiling prajeku, yen ratu iku
gagampang, maring adil lan maring mantra kakasih, yen katrap ing ngalingan. Iku
yayi pepeteng ping kalih, dene pepeteng kang kaping tiga, papatih lan punggawane,
aja matur ing ratu, ngaturaken dadiya mantra, mringanak miwah kadang, myang
santananipun, kalamun during prayoga, during bias basa busaning mantra, basukining
wiweka. Apan sarating akarya mantra, iya nora kena gina gampang, dhingin wuha ing
ngawake, lamun wekasan lampus, nora awet jamaning ngurip, kapindho mantra
wruha, wekasaning dudu, lawan wekasaning iya, lan wekasing lor kidul kulon udani,
wetan miwah ing tengah.
Taksih wonten candhakipun.
Ongka 18, Kemis kaping 2 Mei 1878
Serat kawat saking Eropah
Londhen 22 April kawontenanipun prakawis bakdanipun kenedeling paprangan ing
mangke sigeg ngwastenreik dereng anamtokaken karsanipun, gesehipun Ruslan
kalihan Enggelan anggenipun badhe amborong aken dhateng ing konggres sadaya
wawaton ing prajanjiyan sigegipun parangan ingamngke ing ngatasipun prakawis
punika, praja kakalih wau dereng saged rukun.

Londhen 25 April rembagipun Kanjeng Pangeran Bismarek wawatonipun konggres


punika anyguhana para nata, supados anupiksanana wawatonipun prajanjiyan tata
tentreming tanah Eropah,bakdanipun paprangan ing Setastopol ing taun 1856 mawi
anggalih kawontenaniun ing sapunika, jalaran sakingperangipun Turki lawan
Ruslan.Enggelan anggalih bilih rembag wau mengeng: Inggih punika saking
wegigipun kanjeng pangeran Bismarek nayaka ageng ing Dheitslan supados sampun
ngantos kajodheran punapa ingkang kaangkah. Juru ngarang.

Londhen 25 april awit saking kendhatipun pawartos atasipun anggening Enggelan


tuwin Ruslan sami badhamiyan pramila kakinten melang ing wekasanipun.

Londhen 27 april Ruslan badhe sigeganggenipun malebet ing Konggres bilih wawaton
rembagipun kanjengpangeran Bismarek:
Sadaya serat paartos ingkang asring angwedharaken osikipun para nayaka ageng,
sami amratelakaken bilih sadaya praja sami ayeg badhe anglairaken paamnggihipun
dhateng Ruslan tuwan ageng Turki,babkawontenanipun wajanging prajanjiyan ing
tentremingpaperangn saderengipun angalempak wonten ing konggres.

Istambul 25 April kraman ing kitha Pilopopen sami kinukup betengipun dadakan
prajurit Rus sarta saged amikut tiyang sewu.
(Pawartos punika mengeng sanget awit mawi katerangaken bongsa punapa ingakng
angraman kados nunten wonten pawartos ingakng anerangakenlampah wau.
Jurungarang).
Kanjeng Pangeran Nikolas ingang rayi prabu Ruslan pangiriding balatontra Rus ing
Turki, ing mangke kondur wangsul dhateng Ruslan amargi saking gerah kagentos
Jendral Tonleben.
==========\===========
Surakarta
Benjing ing dinten Akad tuwin ing dinten Rebo, kaping 5 tuwin kaping 8 Mei badhe
wonten tatingalan sulapan ing komidhen ingkang badhe anggelaraken kawruh wau
tuwan sispester kalih tuwan Peng, menggah andulu suraosing pinten-pinten serat
pawartos tuwan wau kawegianipun ing sulapan pancen sakalangkung adamel eram
sampun misuhur ing aji seluman saha kathah lampahanipun engal inking badhe boten
amboseni, eman bilih para gusti boten anedhakana.
Salebtipun capuri griyanipun tuwan ingakng amaosi siti dhusun Jengkilung, kalebetan
sima barong, ingkang ngantos saged amejahaken belo satunggal awit saking
grobyagipun ing kapal tiyang ingkang jagi sami kaget lajeng asikep dadamel pramila
sima lajeng angles medal konten ageng mawi anilar ingkang kamongsa.
Ing peken Jalen bawah ing Klathen sakidulipun Rdi Jabalat wonten tiyang estri ewah
ingkang anglanggena kemawon andadosaken sukakipun ing siweneh, ananging
susahipun ing kathah, sakalangkung prayogi bilih konca pulisi nyirna lampah wau,
tiyang ewah kacepeng lajeng kaladosna dhateng griya panggenanipun pamulasara,
utawi kapasrahna dhateng akrabipun, punapa boten kawical ing wenangipun pulisi,
anyirnakaken lalampahing kang murang cara.

Saestu badhe boten anggumunaken bilh ing mangke kathah pandung, kagalih
apiyambak wonteningkang amaosi siti ing bawah redi kidul kapandungan
sanjatanipun kakalih, ingakng ing sonten samikapasrahaken dhateng tiyang jagi,
sareng enjingipun sami ipyak tuwan lajeng aminta saraya dhateng konca pulisi,
sasampunipun katiti pariksa,konca jagi wau lajeng sami kapatrapan paukuman karya
paksa, tiyang satunggal naming wolung dinten, dados dereng mirib pisan-pisana
dhateng regiing barang ingkang ical.

Salompret Malayu angwartosaken bilihing mangke sakingkarsanipun kanjeng tuwan


ingkang wicaksana guprenur jendral indhaking balanjanipun para mantra guru,
katamtokaken ngantos dumugi 150 rupiyah sawulanipun.

Dereng lao wonten kapal ambruk awit saking awrating momotanipun tiyang ingakng
anglampahaken lajeng amecuti bunguring kapal wau ananging kapal maksa boten
kawawi ngadeg among cakekalan kemawon sanadyan sampun katingal amelas asih
makaten ewadene anggenipun amecuti taksih anggganter kemawon. Embok inggih
nunten wontena patrapanipun ing lampah makaten wau.

Tiyang anglampahaken grobag sapi utawi maesa, remen angumbar pakaremanipun


anumpak ing grobag akaliyan ura-ura boten pisan amanah dhateng bebekanipun sami
kados nalika dereng wonten undhanging wawaleripun nagari, kingkang amambengi
biih tiyang anglampahaken gorbag boten kenging anumpak ing grobagipun,kilap bilih
wawaler wau boten kaudi ing kalampahanipun.
========\================\==========
Yogyakarta
Wonten pawartos bilih tuwan Silpester kalihtuwan eng, sami guru sulapan badhe
angungasaken kasagedanipun wontening kamar bolah, mandar katimbalan ing karaton
ing ngandikakaken ambeber kawigyanipun.

Sampun terang pawartosipun bilih panjenengan dalem kanejng gusti pangeran adipati
Ariya Surya Sasraningrat badhe tindak dhateng ing Surabaya anjenengi pambikakipun
koggres lerep wonten ing kabupaten. P[anjenengan dalem kanjeng sultan ing tanah
Nutei inggih karsa tedhak dhateng Surabaya, lerep nunggil wonten ing kabupaten
bidhalipun saking nutei kaater tuwan Asisten ing tanahwau, saha anitih kagunganipun
palwa piyambak.

Kanjeng tuwan Panbak ingkang saking Kedhu kaelih jumeneng residhen ing ngriki,
sampun rawuh saha sampun anampeni wawenang pamengkunipun nagari ngriki,
saking tuwan asisten residhen Yekel ingkang sak bidhalipun kanjeng tuwan
WAtendhorep amakili jumeneng residhen.
Nalika ing dinten Jumungah ingakng sampun kapengker, wonten prajurit ing
Pakualaman titiga sami kasengker ing nagari, awit kadakwa kaanggenan barang kecon
saking Rejawinangun. Menggah nagari anandukakensuraosing paribasanb, sing sapa
kaedhokan barang cohlongan tindake padha karo kang anylong, prajurit wau inggih
badhe amethukaken minggahipun dhateng ondha lajeng anggedhandhul wonten ing
dirgantara, bilih boten wonten ingkang purun anampeni barang peteng, sanadyan
boten asirna, ananginglampahipun kecu badhe wonten mendhanipun awit saestu
pakewed anggenipun anyingkiraken baangipun kecon.
Nalika kaping 25 April kapengker punika, wonten Nyonyah-Nyonyah wangsulipuns
akng dhusunbawah ing Sleman wanci lingsir siyang sami anitih garobag sareng
dumugi ing kareteg kali Sempor kaandheg dahteng konca begal sareng katututan
konca ingkang sami angateraken anggenahaken andhegipun grobag konca begal
lajeng sami malajeng, menggah lalampah makaten wau, mugi kagalih asirnanipun.
==========\=============\=\\\\\\\\\\\
SEMARANG
Wonten konca gardhu ingang saweg anawekaken ayam wonten pekenlajeng kacepeng
dhateng konca pulisi, awit ayam wau katitik bilih gadhahaning tangganipun ingkang
ical kateranganipun ing titi pariksa tiyang gardhu wau, bilih anglampai jagi pancen
damelipun purun nyanyolong.
Ing kitha ngriki wonten tiyang Arab kakalih, ingkang sanget adamel susahipun kona
alit awit damelipun jajah pakampungan apariman bilih dipun sukani ing saminatipun
tiyang, lajeng amamisuh saha angundhamana. Selak dhateng tedhakipun kanjeng
Nabi Rasulullah, lajeng amaksa indhakipun paweweh, bilih boten katurutan lajeng
anjenger boten kasha-keseh, sakathah pakampungan ingakng kontenipun griya sami
kaineb supados sampun ngantos kajujug ing tiyang Arab wau, mandar dereng tarimah
anjajah pakampungan kemawon angalanjak dhateng peken-peken anedha ing
kawontenanipun ing ngriku, punapa konca pulisi boten sumerep punapa pancen
sumerp ing lampahan wau.
==============\==========
Banyumas
Lokomotip atampi serat tembung Malayu, ingkang anggugat dhateng lampahanipun
saweneh prayantun ageng. Tuwin ingkang angrumeksa dhateng yayasanipun kanjeng
gupremen anitipaken kajeng jati wonten ing kabupaten wonten ingkang ical kamanah
bilih tiyang ing kiwa panengenipun ing ngriku ingkang amendhet tuwan wau lajeng
sowan ingkabupaten anyumanggakaken galedhahipun pambatangipun tuwan wau
boten lepat ananging tanpa damel awit dalunipun lajeng wonten dhaah anyirngkiraken
kajeng wau, mandar serat wau mawi andumuk tiyang titiga, ingkang namanipun
naming kabawur aksaranipun ngajeng kemawon.
===\==========\===========\===========
Puniak candhakipun cariyos pejahipun Dasamuka
Lan weruha isining jaladri, tuwin isining wana sadaya,utameng bumi langite,
lawanmanising tembung, wruhing tembung kangkandel tipis, miwah kang dawa
cendhak,mandheg lawan laju, myang purwa madya wasana, basa mantra
sudarsananing prajadi, busananing nagara. Kang ngapekik utamaning mantra, ulat
tangguh trusing kalbu tatag, tangginas marang karyane, ayem marang pakewuh, ririh
rereh maranging pamrih, aris maring rarasan,putusing rahayu, tetg yen nama wilaga,
titih teteh tetehla mring siyang ratri, ratrine puuruita. Mantri sasmita busaneng budi,
mrih durcara awasing wiwirang, nora gumungggung ambeke, arjaning tyas kadurus,
deresing kawiweka niti, titika tan antara, pantaraning atur, weruh sandining sameka,
suleksaa tan galak tututing liring, larang liring sandeya.Mantri mukya kondhanging
prajadi, kang wus tatal reh tinula-tula, tuman tutut tutulade, tan dadak tindak tanduk,
wruh ing dududangdanan dadi, kasuda pinisuda,kangluput linimput, winong
winanguning karma,supayane miyata kang miyatani, putih ingpangupaya. Wruharing
reh sareh saking ririh, yen ingkang wus bias gancanga was, wus kawawas
pakewuhe,ninstha madyaning laku, kautaman kacipteng galih, gagala nora
gagal,mantra agul-agul, manggala golonganing prang, myang bicara putus
musthikaning mantra, sumehing pasamuhan. Tan asama semuning sasami, sumuking
netya madya utama, tinamantra mapamete, susila dursilayu kontapinet sakin
gpawarti,samangsane tinatap,wus atap tan luput, putus patitising tingkah, kang
mangkono away doh kathiken yayi busana naeng praja. Mantripunggawa lajering
bumi, nora kena yayi sengawonga, adage wisma pamane, ana sakane guru,
ssakarawamanri lit-alit, yen ana kang nganyelag, upamane bubuk, iku mantra kang
durcara, mamarahi iya nora anguwati, marang adeging wisma. Kapingpate pepeteng
ta yayi, away amet artaning punggawa, lan aja mundhut sutane, lan ka ping
limanipun, yayi aja nglarangi kali, aja nglarangi alas, tegal tegal gunung, ara-ara lan
samodra, isi apa yayi aja denlarangi, upajiwaning wadya. Kaping neme away
songgarugi, marang sagunging prajuritira, miwah juru tampingane, aja panereng
bendu mring parjurit mring juru tamping, kang sira patah jaga, nadhahi pakewuh,
tetepe pitu durjana, singgahena gegelah regeding bumi, kabeh wisaning praja. Peteng
pitu jroning badan yayi, patrapingpati-pati pantaka enda dadi reregede away karem
dya ayu, away kaem ing ngemas-manik, sosotya nawaretna ing atinunukul kekes
sedya tyasira arda kunjaranen ingpuja sarta semadi, kasukan apesena. Yen sira mrih
utamaningpati, iya yayi prabu wibisana, tumusa praja utamane, anggepa ngreh
wadyagung, yenlupute padhanenyayi lawan luputing pejah, iku yayi prabu, yen luput
dera mrih pejah, yekti luput pangrehira ingprajadi, padha kang dadi beak. Tunggal
peteng pitu jroning jisim, away ngekehaken ing susumbar, iku wong sumekti, dhewe,
ambega prawira digung, iku yayi petenging ati, apan iku larangan, tanpa tutkawuwus,
yayi dudu duwekira, kagungane kang akarya bumi langit, kibir dirdireng jagad.
Lawan aja galak sireng lathi, anggung duduka tan angapura mimisuh saru wuwuse,
tunggal pepeteng pitu lamun ora ilanging galih,nora bias utama ing patining ratu,
kaletheg arsa nanacad, iku yayi susuker-nyukera galih barang salayeng karsa.
Bekaning pati mala-malilat mullet ati lulut nora kentas, bekaning praja ruwede, tutur
katawur-tawur,nora tawar denya mrih yekti, sisingading ngandika, dinadak tinanduk,
kasulaka pelak-pelak, ing tyas gugup nora kongsi anggagapi, agah antur kageyan.
Lamun ana punggawan ta wegik, nanging drembawa egana ingmas, didimen dadi
setyane, ampuh kinarya panduk, maringmungsuh asring kajodhi, nora kalawan
aprang, panungkuling mungsuh, yayiprabu Wibisana, yen wus pepak kondhang
pangulah nagari Subaga Jayengrana. Lamun sumebar murah ira yayi, yen sumawur
parmartanira mung suprapta nungkul dhewe, saksat bathara guru, panganggepe pasing
wong sireki, sawab legawanira pracayeng pakewuh dene sira wus pratama, rergeding
badan sampun angawruhi wruh reregeding jagad. Mungsuh jroning badan wus
kajodhi,mungsuh susukering praja bias, binengkas basuki kabeh, yeku digdaya tuhu,
sureng rana ng ngagal alit, panjatine wisesa, wasistha kawengku, kakangira
Dasamuka, tami munjuling praprakosa linuwih, nanging agal kewala. Mungsuh ing
badan tan den kawruhi, pira yayi wawrating ngayua, aprang ngalan sira dhewe, tan
wurung kasoripun, ing sayekti yektine yayi, timbang kalawan sira, kaprawiranipun,
kari kasujananira, iya pira kuwate wong gedhag-gehdig, paisih kuwat nalar. Yayi
prabu den awas den eling, baboning kang marang kaluhuran, apura parikramane, adil
pan suku bau, adil iku pan madya yayi, apura pan utama,betah dadiluhur, samektanen
yen kaandhat, poma yayi apura wruseneng galih prabawa paribawa. Rihent temen
apuranira piander mahangabing sajagad nura geng bias basane basuki sabiyantu
babayane nora bayani, reksanen buta desa, buteng gunung gunung kabeh salina
parentah, padha nuta tapa rentah winangun iki, wawangunan kamulyane sajagad
dumadi, kareksane birating durjana, dursila saleh lepase, suyasanenpinangguh, guwa
peteng lan jurangtrebis, kalikalikalingan, ing sastra sang prab, amadhangi sabuwana,
jroning guwa katon pinanduking tulas, padha reged katawang. Kasma lama-
lamalaning bumi, yayi pryen waluya kang ala, elinga melik kalalen,lilanana ja nglulu,
tutulanen dimen katali, away kongsi katula, tula alanipun, dene rarumekseng bala,
bala bane marang bala angelebi, kalaban sabuwana. Prabawane sarjanan ta yayi,
prayogyaa kretagyananira, wigya susila darmaweh, ayunira ta mayu, ngilangaken
malaweh mukti mrih tati parikrama, kramanira nulus, sira nrepati gunawan, susi
lawan punya wan marta menuhi, sampating pasang seta. Datan liyan setyanira nguni,
among muhunga pura kewala, wibisana tur sembahe, mugyestuwa pukulun, sabdaning
Sabinatharadi, sang prabu Wibisana, matur sarwi muwun, danawadiya reksasa, kethen
yutan sakarine kang ngemasi prapta mring Wibisana. Buta wana rasa sampun
anunggil, dhedhek smadyaning rananggana. Ing pasanggrahan siwine, dereng karsa
ngadhatn, rehning pura tapis kabesmi, Prabu Rama Wijaya nelasken papuruk, mring
narpatiWibisana pyuking tresna sasak kulit nunggil daging, otot babalung darah. Tan
kamutan mringputri Mantili, sabedhahe nagari Ngalengka,mring Wibisana kareme,
denya imbalan wuwus, sapuruke katampan sami, sadaya tanpa ila, dadya wewah
sengkud, yen dereng atika duga,nyndhul atur lre kang sawiji-wiji, wijaning
karaharjan. Samya sengkuda kang anampani, kang anampakaken suka wutah tanapi
tatah tinetah tata titi tinutuh, tutuhune iwah linuwih, wuwuhe wonten owah,
pamuwahing ayu, kayungyun ywananira, jagad jagad jejeg Ngalengka nglangkungi,
kalengkaning srinata.
Eh yayi prabu Ngalengka, ana karyane masmanik,sosotya mya nawaretna ing
gedhogan gantungen yayi, mongka praboting bumi, beya busananing ayu arsine
prajanira, gumantung lawan mas manik,saregepa ambecaki prajanira. PUnggawa
ambeg dipongga, sira nginguwa ta yayi,lanpunggawa ambeg singa, lan ambeg
andadka sami, padha akathiken sami,lawan ingkang pinadha nujum, kang pindha
pinandhita, sira aduweya yayi kabeh iku dadi busananing praja. Wadya kang becik
swaranya, lawaningakng pekikpekik, lawankang bisa lah-olah, kang bisa mamatut
malih, kebon kebon prasami, yayi ingunen sireku, away pegat mumuja, bang
prakaraning bumi, atasena maring hyangjagad pratingkah. Kuneng sang bathara
Rama, wijaya amituturi, marang prabu Wibisana, kadereng samya denya mrih, ing
kamulyaning bumi,panggahingpanganggepipun, narpati Wibisana, tinut
sawulangeeki, tan tinilar reh saking bathara Rama.
Taksihwonten candhakipun.
===========\=============\=========
Ongka 19 Kemis kaping 9 Mei 1878

Kulawisudhan
Raden Tumenggung Danukusuma, bupatiing Sukapura, tanah Prayangan kalilan
angangge sasebutan tuwin nama, Raden Tumenggung Wira Adiningrat.
Kamantunan ing pangabdenipun mawi kalulusaken ing sasebutanipun Raden Angabei
ARja Adinagaa,Jaksa ing Japara, mas Ngabei Wongsapraja, wadana ing Ngambal
bawah Bagelen, RadenPUrwa Taruna, wadana ing Bagi tanah Madiyun.
Kaangkat dados patih ing kabupaten Basuki, pangajeng jaksa kyai Sastradirana, dados
wadana ing Bagi, Mas mangundirja, sosoran wadana ing TEgal Omba, dados wadaa
ing redi Kendheng tanah Surabaya Mas Ngabei PUrnasuputra, sorsoran wadana ing
Karanggan, kaangkat dados wadana ing Cicuruh tanah Prayangan Radenkandhuruhan
taruna reja sorsoran wadana ing Cikuru, kaelih dhateng ign pulumas Prawiradimeja,
wadana ing Arjawinangun tanah Pranaraga.
Ingkang dados wadana ing Arjawinangun mas Sastrarea, sorsoran wdana ing sawo,s
ami tanah pranaraga.
==============\================\
Panjurung punika manawi kagalih prayogi kacithaka ing Bramartani.
Para murid ing pamulangan dalem Kadanurejan, ingkang sampun sami kakulawisudha
kados ing ngandhap punika pratelanipun.
1. Mas Agus Sumadi, kakulawisudha dados Panji Dhistrik ing ngangin-angin
bawawh Kabupaten Suleman kapatedhan nama Mas Panji, Natadirja.
2. Den Mas Sujiman kakulawisudha, dados Demang Pamaosan Dalem ing
Nglendhah Kilenpragi, bawah kabupaten Sentolo, kapatedhan nama, Den
Demang Suradikara.
3. Den bagus Mulya, kakulawisudha, dados Mantri KUmetir Rehing kadanurejan
kapatedhan nama, Den Angabei Kramadigda.
4. Den Bagus, Samadikan kakulawisudha, dados panji Dhastrik ing Cepit bawah
kabupaten Bantul Kadireja, kapatedhan anam Den Panji Jayasemantri.
5. Mas Suwapa, kakulawisudha, dados carik Rehing kadanurejan kapatedhan
nama Mas Angabei Sastrawirana.
6. Den Mas Kusniya Malibari, kakulawisudha dados Panji Dhistrik ing Candhen
bawah kabupaten Bantul Kadireja, kapatedhan nama RadenPanji Jayadireja.
7. Raden Mas supiya kakulawisudha dados MantriGladhak kaptedhan nama,
Raden angabei, Jagadimeja.
8. Den Mas Suratman kakulawisudha dados Panji dhistrik ing Gudheyan
bawahKabupaten Suleman kapatedhan nama Den Panji Natadigdaya.

Murid pitu iji wau, kawical cereng saged ananging sampun lowung anyekapi,
nampeni dhawuhing parentah. O sapinten ta mayaripun parentah angreh aken tiyang
ingkang boten cupet budi, tuwin cotho ing ngastanipun. Ingakng punika dahat ing
pamuhi kula dhateng ing kaluhuran dalemkaraton ing Ngayogyakarta,mugi-mugi
lulusa ing salami-laminipun, somawana, mawi dipun pariksani ing kasagedanipun,
Eksamen. PUnika sakalangkung prayogi sanget.
Pun Pamuji sukur
===========\=============\===\\\\\\\\\\
Surakarta
TErang dhawuhing panjenenganipun kanjeng tuwan Residhen Kanjeng Raden Adiapti
angundhatngaken wawaler, ingkang satunggal tumengrap dhaeng para tiyangingakng
pangupajiwanipun amragat maesa tuwin lembu, ingkang satunggal tumerap dhateng
para tiyang, ingakng sami maha angendhih sawarniin gradinanpramila kum,edah
angalembana dhateng parentah ingakng boten kendhat amarsudi dhateng arjanipun
praja.
Ing mangke kabupateningSrage katingal regeng, sampun sawatawis wonte griya
gedhong satunggal yasanipun tuwan habo kadaleman dhateng Tupan asasten
Residhen ingkang sanesipun sami gadhahanipun bongsa Cina, ingkang sami manggen
adadagang wonten ing ngriku, in gpeken sasadeyan inggih mindhak anedahaken bilih
tiyang alit kathah angsalanipun yatra, awit gelenging pambudadaya ing ma,,,,,kathah
anggening pus angedalaken waragad naming radinan ing bawah Sragen taksihkathah
ingakng risak ing pintenpanggenan wonten ingkang bendhong, ngantos asring-asring
anugelaken indhen dene jalaraning risakipun radinan wau, awit para garap sabin
kathah ingkang angendhih margi emper utawi kagarap kadamel ananem pantun dados
grobag maesa, sapanunggilanipunsami anaajangradinan ageng, andadosaken
risakipun.
=\===========\=\\\\\\\\\\
Yoygkarta
Nyambeti Bramartani ongka 17
Bidhalipun kanjeng tuwan Watendhorep sagarwa putra, saking Setatsiyun
Yogyakarta, nalika dinten Jumungah Kliwon wanci jam 9 langkung 45 menut tanggal
kaping 19 wulan april taun 1878 wondenten inakng sami ngateraken sakalangkung
kathah, para sageding ageng jawi, walandi, tuin Cina, kiranglangkung 150kalebet
musikanabdinipun ingkang sinuwun Yoygkarta sareng dumugi setatsiyon Prambanan
kendel sadaya inkang numpang tumedhak kanejng tuwan Watendorep sagarwa putra
tuwin para mitra lenggah jajar karap munggeng karsi, wonten griya anarcaket
setatsiyun wau griyanipun renggawawrenen sakalangkung tresebaken pradongga
munya binarung musikan tinembang angrespaeni, dhedhaharan rinakit ing meja
wedang sarta minuman dipun ideraken mubeng, lajeng kudhisi rambah-rambah.
Sareng meh mangsanipun mangkat kanjeng tuwan sagarwa putra tuwin para mitra,
ingakng bahe lestantun ngageraken sami nitih kreta asep kadosta: 1, tuwan Presebik
litnan colonel Komendham , 2 tuwan Van Den Bareh, juru basa sepuh, 3 tuwan Lawik
, 4 tuwan Antuwan Rap, 5 tuwan Krumer, 6 tuwan Asman, 7 tuwan Akerman, 8
tuwan Panespen, 9 tuwan Pandhenber, Asisten ing Klathen, 10 raden tumenggung
kusuma diningrat regenyog, 11 Litiyamling, kapitan Cinayogya, 12 Raden Riya
Jaganegara, wadana Gladhag ing Yogya, kreta Asep tandya mangkat sadaya para
ageng-ageng Jawi, Wlandi, ingakng sami tinilar lir pinedhot katresnanipun.
Jam 12 kreta dumugi setatsiyun Surakarta, kendel kanjeng tuwan sagarwa putra
tuwin para mitra, sadaya tumedhak ingkang methukaken wonten setatsiyon kanjeng
tuwan residhen ing Surakarta, kanjeng pangeran adipati Arya Mangkunagara, kolnel
komendham tuwin litnan colonel komendham, tuwan Asisten residhen pangeran Arya
Kondasuputra, pangeran Arya Gondasiwaya,musikan kalih pontha, ingkang mungel
rumiyin musik mangkunagaran majeng ngean lajeng gantos musik kumpeni mungel
majeng ngilen sareng sampun sami tabeyan kanjeng tuwan sagarwa putra, dipunaturi
dhahar wonten kamar setatsiyun wenang kanjeng pangeran adipati Arya
Mangkunagara, wedang sara minuman dipun ubengaken lajeng kundhisi rambah-
rambah.
Sareng sampun bibar dhahar sarta meh mangsanipun mangakt kanjeng tuwan sagarwa
putra tuwin para mitra, ingkang badhe lestantun ngateraken sami nitih kreta asep
kadosta: 1 raden tumenggung Kusumadiningrat Regen Yogya, 2 Litiyamling kapintan
Cina, 3 Raden Riya Jaganegara, sadaya nunggil kanjeng tuwan, wondenten para mitra
ingkang kantun wonten setatsiyun Surakarta, sami mrantandhani rudah ing wardaya,
saweneh ngrentahaken waspa, jam 12 langkung 45 menut kreta mangkat bablas lir
maruta, tan mawi kendel dumugi setatsiyun Kedhungjati kendel, 6 menut saweneh
ingkang numpang tumedhak tehoyan kreta lajeng trus dumugi setatsiyon Samarang
wanci jam 4 langkung 20 menut kanjeng tuwan saarwa putra tuwin para mitra sami
tumedhak lajeng nitih kreta rakitan kuda, kanjeng tuwan sagarwa putra makuwon
losmen Bajong, Raden Tumenggung Kusumadiningrat regen Yogya, wonten eren
losmen nomer 1, litiyamling kapitan Cina Yogya, wonten kampong dharat.
Dinten Senen Pon wanci jam satengah 7 enjing kanjeng tuwan sagarwa putra tuwin
para mitra sampun sami rawuh wonten Ngebum (palabuhan prau alid) boten dangu
kanjeng tuwan sagarwa putra tuwin paa mitra sami nitih prau alit kathah
panunggilanipun ingkang numpang kirang langkung, 100 para ageng ingkang
ngateraken dumugi prau ageng Wilemdri, kanjeng tuwan jendral mayor ing
Semarang, kanjeng tuwan Gupenur ing Silibes Asisten REsidhen ing Semarang,
Raden Tumenggung Kusumadiningrat, regen Yogya, litiyamling kapitan Cina Yogya
jam 7 prau asep alit mangkat babalas manengah ing samudra ler barat jam satengah 8
langkung 10 menut prau asep alit kendel sampun gathuk kaliyan prau asep ageng
Willemdri wau, saweneh manggen kamaripun piyambak-piyambak miturut nomer
kacisipunsaweneh mubeng ningali bekakas prau, tuwin toya isining samudra, saweneh
minggah dhateng dheg (plataran sanginggiling kamar) saweneh dhahar roti ingkang
dipun sudhiyakaken munggeng meja, manut karcis kamaripun dene kanjeng tuwan
sagarwa putra manggen wonten ing dhek klas kamar nomer 1.
Sawek sami tetabeyan kanjeng tuwan sagrwa putra kaliyan para putra t ta sarugendha
mungel ingkang sami ngateraken sadaya gancang wangsul nitih prau asep alit
mangkat wangsul boten dangu prau asep ageng katingal mangkat mangilen dhaten
gBatawiyah, lir nyarat kanjeng tuwan gupernur ing silibes kaliyan Asisten residhen
ign samarang ngateraken dumugi Batawiyah jam 8 langkung 10 menut angaktipun
prau asep Willemdri,jam 8 langkung 45 menut prau asep alid dumugi ngebum
kanjeng tuwan jendral mayor Samarang, tuwin para Wlandi sanesipun raden
tumenggung kusumadiningrat sarta Litiyamling, sami mentas ing dharatan lajeng sami
nitih kreta rakitan kuda jam 12 siyang, raden tumenggung Kusumadiningrat mangakt
dhateng Setatsiyun Samarang, jam 1 mangkat kondur jam 6 sonten dumugi setasiyun
surakarta nyipeng jam 7 enjing mangkat kondur dhateng yogyakarta, wilujeng sadaya.
Panjurung.
=\===========\\\\\\\\\\\===========
Pasuruhan
Ing salebetipun wulan Maret ingakng kapengker, ing Pasuruhan jawahipun
sakalangkung deres ngantos anuwuhaken banjir ageng, dene banjir wau anjalari
kathah griya cacah 300 wuwung sami tiwas sadaya padhusunan ingkang celak ing
lepen ugi kathah ingkang tiwas taneman rosan pantun sapanunggilanipun radinan
ageng tuwin radinan padhusunan kathah ingakng risak salong wonten ingang larut
menggah kapitunanipun boten saged anerangken.
================\================
Saking cacriyosanipun tiyang ing pasisir, ing salebetipun wulan April kapengker
punika, ing dhusun Kramat dhistrik karaton bawah ing Pasuruhan ingseganten ugi
wonten jawah deres binarung lesus ageng, anjalari kathah baita ingkang medal
amendhet ulam sami kerem mandar tiyang ingkang anglampahaken baita wau,
sawatawis wonten ingkang ical kaupadosan ngantos sapriki dereng kapanggih, ingang
sanesipun amanggih nugraha, saged angalangi minggir dumugi ing pasisir.
================\==========
Panjurung
Nalika wektu ing dintn akat tanggal ping 2 Jumadiawal taun punika, wanci jam pukul
8 enjing, griyanipun mas Surapawira, ing kampugn Serengan bawah (Gedhong Kiwa)
kadhatengan utusaning nagari, prelu anggaledhah saking kakinten awade apyun
ingkang boten winenangaken gancnging cariyos salebeting griya sepen ananging
saunduring para galedhah dereng ngantos sami dumugi ing wradinan ageng, cundaka
ingkang satunggal wasta karyadikrama, anglancangi rumiyin angosak-asik payoning
bangonipun mas Surapawira wau, kapanggih wonten cepuk isi cemengan sarta
pespesan apyun gunggung pangaji 5 wang, andadosaken pangungunipun mas
Surapawira estri ingakng saweg mande wonten ing bango wau, jalran thukuling
barang wau tetela rerekan inggihpunika mijil saking tanganipun mas Karyadikrama,
sanajan mas Surapawira jaler estri gadhah paben ewadene sanalika sami lumados ing
kantor. Amila atrap makaten punika saengga tembe wonten ungguling pabenipun mas
Surapawira, anamung congsun adreng, kalampahan sami nyanggi katemenan, saestu
badhe anggampilaken kengsering para ingkang agal pangkatipun sarana pinaeka atrap
makaten. Pun Sumengka.

Bilih lampahipun panggaledhah, kados ingkang kasebut ing nginggil punika, kados
sampun mangsanipun parentah amurinani konca alit adhedhawah ingkang kenceng
dhateng sadaya lurahkampung, tuwin dhateng para konca polisi kawedanan bilih
wonten kona anggaledhah amesthi jenengi, mawi mulat dhateng patrapipun ing
panggaledhah wau, awit sasumerep kla ing sanes bawah, boten wonten patraping
panggaledhah ingkang sawiyah-wiyah, wah malih mugi kagalih apiyambak bilih
tiyangpurun anglampahi dados cundaka pak apyun saestu bongsa asor, sampun boten
maiben bilih botentaha dhateng ing raiged.
Jurungarang.
==============\====
Katur mitra kula dahat
Menggah ingkang dados karsa sampeyan, babkewe keeling boten prelu kapacak
ingserat pananggalan, katimbang kaliyan pangkat wadana, punika kasaklangkung
amethuki dhateng pamanggih kula, bilih kapirid saking pangkatipun sayektos alit
sanget, ananging bilih kajujug saking prelunipun kanjeng gupremen angwontenaken
griya pamulangan, ing indiyo Nederlan lajeng pinanggih wardinipun anyebar
wijiningkawruh, dhawahipun lajeng mantesi, awit kagendong dhaten gpreluning
mantri guru.
Wondening parakne kling ingkang tan kuciwa kasagedanipun, pantes kalajengna
dados guru dhistrik supados sampun sirna ing wiji wau, suwawi takagalih, sapinten ta
kang jeng gupremen amarsudi indhakingkautamaning kawulanipun, ing pundit-pundi
sampun sumasta dening guru, suprandene sastra tuwin wicara dereng jangkep,
pratondha saking kula pyambak tur kandhi pambudi, ewa dene tansah udhar
kemawon. Langkung malih kabar ing sapunika ing dhistrik-dhistrik badhe kaparingan
guru,. Lah boten saklangkung prayogi, tondha dereng pegat sih kawelasanipun kanjen
gupemen dhumateng kawulanipun ing Nusajawi, saibata mayaripun dhumateng konca
alit.
Katandhan mintranta Cepakakrodha.
\===========\ \\\\\\\\\\\\\\\==========
Kados sampunkalebet ing papesthen bilih bongsa kula ing tanah Jawi malah
kasengsem dhateng tembung liyan pramila kenging kabasakaken manawi
dhatengtembungipun piyambak kathah ingkang kapiran sampun pinten-pinten serat
kula anguningani, sanadyan serat ingkang saking piyantun ageng pisan magandhap
inggih asring-sring wonten ingkang katrocoban angangge tembung liyan dados boten
wonten ingkang paring tuladha, wekasanipun kula naming acumadhong
ingpangaksama, dene kula akamipurun cumandhak sumundhul ing ngatur, kados
ingakng kasebut ing ngajeng wau, ananging kula kedah anglairaken osiking manah
kula, owel bilih kalajeng.
Jurungarang.
=========\==============\==========
Kadadosanipun prang.
Sampun limrah bilih prang punika kadadosanipun amesakati,boten ngemungaken
dhateng ingkang andon prang kemawon dalasan ingang kantun ugi kasrambah,
ananging awis kados lalampahan ingkang kacriyosakening ngandhap punika.
Nalika Ruslan prang kaliyan Turki,Ruslan kaecalan tyang ing payudan langkung
saking 100000 kamesakatanipun ing tanah Ruslan sakalangkung ageng cariyos punika
anyublik saking pratelanipun pakumpulaning tiyang ingkag sami misungsungi
dhateng kulawarganipun para soldhadhu. Ing Polos (kadhistrikan alitisi:15
padhusunan) wonten isinipun tiyang 6000 dados 830 batih, ingkang 118 batih kaleres
angladosi tiyang lumebet soldhadhu, kadadosanipun ingang kantun sakalankung
meskat lajeng buyar, sami nyunyuwun turut radinan ngupados teedha, wonten
ingkang nglampahi kadursilan saweneh pejah kaliren, wekasanipun ingRuslan
ingkang sakalangkung kathah tyangipun 12 presen (%) ingkang anyandhang
kamesakatan ageng, 12% ingakngkapeksa kedah anyumpeni betahipun sadinten-
dinten, kajawi punika pinten-pinten batih ingkang kaecalan jaler, tiyang sepuyh, anak
utawi sadherek bokmanawi punika ingkang ngupadosaken tedha sadinten-dintenipun,
dereng lami wonten satunggal batih angsal wartos pejahing kakung Kaptin A wonten
ing payudan, ananging lalampahan kala pejahipun boten kapratelakaken dhateng
kulawarganipun awit sajatosipun anggirisaken manah. Kaptin S, anyariyosaken
makaten, kula nunggil barisan ingang ngajeng piyambak mentas angungsir Turki
sawatawis ingangnuju sawek ambalejedi, utawi kados adapt ignakg kalamapahan
aniksa para pejah tuwin ingkang kataton ing payudan anulya kula miring
sabawanipun tyang nedha tulung, kula tolih boten aningali punapa-punapa kajawi
tumpukan mayit ing ngriku pitulungankula mesthi tanpa damel ananging kula miring
malih sasambat kados tyang badhe pejah, kula enggal mangandhap saking kuda,
amurugi penahing sassambat wau, ing ngriku kula aningali daging mentah kelem ing
marus ingkang sampun kenthel sakiwatengening daging wau wonten epek-epek
satunggal sisih, mawi sarung asta, sarta grayahan, saeng kula tungkuli lajeng katingal
sipatingjalma, ananging sampun boten katawis sipatanipun awit maripat
satlapukanipun kacukil, tiyang wau kakeletan gesang-gesangan naming kantun epek-
epekipun kemawon ingkang boten dipun keleti, mila katingal pethak kados mawi
sarung asta. Tilasan jalma ingakng warninipun anggegilani sarta ingakng taksih
kadunungan gesangpunika (kasebutaken jalma sampun botn kenging) gumlethek
sawatawis tindak saking wangkening kuda satunggal kuda wau tetela bilih
tatunggilanipun resimen kula, kula lajeng anungkuli amaspadakaken ingknag
nyandhang sangsara wau, bokmanawoi konca kula pyambak ananging sampunn boten
katawis naming angruntuh nedha lampus, dhokter W kaliyanupsir sawatawis anulya
tumut anyelaki, dhokter wau amratelakaken bilih sampun boten kenging dipun
mulyakaken, tanpa niyat kula lajeng anyepeng tanganipun satunggal sarwi amijilaken
tembung welas, sareng miring swara kula lajeng anyeluk, Nikolas, karsaning Allah,
sampurnakna aku, swaranipun kula kados sampun nate wanuh ananging boten saged
amastani, bokmanawi awit sakinglathinipun kairis, kula lajeng pitaken, kowe sapa,
wangsulanipun, aleksis saestu piyambakipun sapunika kula terang, dereng wonten
kalih jam dangunipun mentas nedha kaliyan kula, sampunlami anggen kula wanuh
piyambakipu akonca kula nalika puruita. PIyambakipun kataton kudanipun pejah
kenging sanjata, salajengipun Turki nuju sawek aniksa piyambakipun kasaru
praptanipun wadya Rus lajeng sami lumajeng. Ingkang kawelas ayun lajeng amithes
tangan kula sarta aken anyirnakaken dhokter W lajeng anyampurnakan sarana
kaanjata kaping kalih leres keteking manah, kunarpanipun lajeng kula ulesi kaliyan
kemul kula, sart akula petaking kalen pinggir radinan. O, ingkang sami kadunungan
amengku krprabon mugi-mugi awelasa dhateng kawulanipun amurih sirnanipun
lalampahan kados makaten.

Bandhangan
Ing serat pawartos ingakng kawastanan Winerpres amratelakaken bandhanganipun
Rus lan kala Mangunyuda kaliyan Turki, balatontra kingkang wonten ing Asiyah
angsal bandhangan kados ing ngandhap punika.
Basah, 14, Soldhadhu 50500 mariyem 662, tarub 15000, sanjata, 12000 tatedhan
tuwin obat mimi sakalangkung kathah, kuda 18000, dadameling bala rucah boten
kalebet ing etang, punapa malih dadamel ingakng risak, sasakit tuwin tetatu
kapanggih 12000. Balatontra ingkang wonten ing Eropah angsak bandhangan
s
Ongka 20, Kemis kaping 16 Mei 1878

Serat kawat saking Eropah


Londhonkaping 30 April Ruslan angangkah supados praja liyan angrujuki, ing
pambaginipun tanah Turki.
Enggelan tansah amirantos ing payudan.
Istambul kaping 1 Mei, jendral Todleben tatindhihipun balatontra Ruslan boten angsal
dame ling pangangkahipun supados lengseripun sawatawis palwa Inggris tuwin
Balarus ingkang sampun sami cumawis ing sacelakipun Istambul.
BOngsa Rus amesani bilih ing ngayudanipun kalihan Inggris samun boten kenging
dipun singkiri.
Bongsa Turki wonten ingkang akraman
(Punika ing tanah tanah ingkang boten kaisenanprajurit Rus. Jurungarang)
Londhen kaping 1 Mei:60:Opisir angirit prajurit 600 gelenganipun prajurit Rus lautan
sami dhateng ing Amerikah, saking kinten-kinten angkahipun badhe amirantos baita
bajag.
Ruslan kaping 4 Mei pawartos ing jawi amestani, bilh prabu Rus kalihan prameswari
ign Enggelan sami rujuk anggenipun sami rarembagan tanpa lantaran.
Londhob kaping 3 Mei sampun waradin pawartosipun bilih Ruslan sampun amirantos
wedalipun baita bajag menggah saestu mangunyuda kalihan Enggelan
Cundakanipun bongsa Peniyen ingang woten ing amerikah sanget amarsudi supados
kancanipun amadega kraman malih ing Enggelan.
( Anggenipun Ruslan amedalaken baita bajag wau, pangangkahipun badhe ambajag
sadaya palwa inggris utawi sanesipun baita ingkang awawrat barang Inggris dene
Peniyen punika bongsa Iren ingkang karatonipun sampun kaendhih dhateng enggelan
saha ingakng sampun asring asring amadeg kraman angangkah angsuling karatonipun
malih, cundaka kasebut ing ngajeng wau ingkang angojok-ojoki inggih Ruslan
menggah lalampah makaten wau pangangkahipun Ruslan naming ambidhung
lampahipun enggelan supados kuwur ing sadaya ingkang dipun niyati, anggenipun
badhe amambengi sadaya kajengipun Ruslan atasing pamerangipun tanah Turki,
dados anjalari enggalipun badhami, inggihpunika panggelaring kalantipan ingkang
dipun wastani, pulitik. Juru ngarang).
==========\===============
Nederlan kaping 2 Mei, para nayaka sami angrujuki, anggenipun kanjeng pangeran
Willem Fredherik Hendrik rayi dalem srimaharaja badhe dhaup kalihan putrid ing
Dheitslan.
========\=========
Serat kawat saking Batawi
Kaangkat dados asisten REsidhen ing Kabumen tuwan Perebumpoler
Kaangkat dados Bupati ing Banjar nagara Atmadipura
Kamantunan kalayan lulus ing pakurmatanipun bupatiing Banjarnagara Dipatiningrat.
====================\===========
Kulawisudhan
Kawrat ing nawala dalem srimaharaja Nederlan katiten kaping 20 Maret 1878 ongka
10 raja ing Edhibesar tongkucihik kaangkat dados ridhering Ordhe Nederlan Senleyo.
Kaundur saking saking pangkatipun mawi kalulusaken ing pakurmatanipun kanjeng
tuwan Sewapi, residhening Menadho, sahakaparingan pansiyun.
Kaelih dhateng ing Kehdu Kanjeng twuwan Eiting, residhen ing bagelen, kaangkat
dados residhen ing Menadho tuwan Pe, A. Mantes asisten Resiodhen ing Surakarta,
dados residhen ing Tigortuwanye, G.F.Ridhel Asisten Residhen ing Biliton, dados
residhen ing Bagelen tuwan Elmilok Odwer, asisten residhen ing Bangil dados
residhen ing Lampong tuwan Aletir, asisten residhen pulisi ing Makasar.
Saking panyuwunipun kalereh mawi kaparingan pensiyun saha kalulusaken ing
pakurmatanipun tuwan G.P. Y. Okkerdhe, colonel Atministrasi.
Kaangkat dados Kolonel Atministrasi tuwan Y.Ofsethedhe, dados litnan colonel
Atminisetrasi tuwan G.I.C.Prasser, dados mayor atministrasi tuwan Y.Falek, dados
mayor Inganteri tuwan L.F.Nikse, tuwin tuwan E.Perne.
==============\\\\=================
Surakarta
Tiyang patrol ing loji wurung anglengkara anggenipun anandukaken kuwajibanipun
pancen anjagenana sirnaning lampah juti, malah piyabakipun ambarung lampah wau,
nalika ing dinten Setu piyambakipun pados mangsan ing pawonipun saweneh tuwan
ingkang manggen ing ngriku, ing pawon wau boten wontenbarnag malih naming
bantal amoh, ing sanadyan makaten bantal wau inggih kaanggep urup pramilalajeng
kabekta, enjingipun kaurut lacaking kapuk kendel ing griyanipun katiti pariksa bantal
kapanggih sampun dipun jalumati, pun patrol lajeng kasengekr kapanggenaken
dhateng ing griya, ingkang naming dipun bandhani rengeng-rengeng kemawon saged
angsal tedha, supados sageda anglejaraken pikiripun ing sakeca tuwin botenipun
temahaning lampah juti.
==============\==============\===========
Serat pawartos Inggris angedharaken bilih paceklik ing tanah Cina sanget agengipun
ing sangsi, ing Cansi, ing Onantembing ler, saha ing sili tembining kidul ingkang
sanget piyambak guprenur ing Sangsi anglapuraken builih naming ing ngriku
kemawon ing sadintenipun inking pejahkaliren sewu tiyang, gangsal utawi enem yuta
tiyang ingkang anyandhang sangsara, dados pitu saking paradasanipun tiyang ing
sangsi, ing tigangpanggenan liyanipun sangsi, ingkang sami kasebut ngajeng wau oten
patosa, kapendhet sadaya tiyagningkang kasangsaran wonten sadasa yuta tiyang,
dados tikel gangsal kaliyan tiyang ingkang kenging paceklik ing tanah
wawengkonipun Inggris mongka ing tanah wau sampun amirantos margi sepur
sadaya, ewadene boten saged amitulungi ing sangsaranipun alit dados ugi kathah
ingkang sami pejah kaliren pramila lajeng saged amirid bilih ing tanah Cina, ingkang
boten wonten margi sepur, masthi sakalangkung kathahipun ingkang pejah kalren,
wangkenipun tiyang sami gumlethek wontening radinan kamongsa dhateng sagawon
tuwin sanesipun ugi wonten ingkang tatulung, ananging boten mirib dhaeng
kawontenanipun ing sangsara, kathah ingkang sami atilar balegriyanipun ingkang
dhateng Cinsin kemawon ngantos tiyang 50 ewu, wonten ingkang anglempak ing
panggenan gunggung tiyang tigangewu, tiyang samanten wau lajeng kapaeka, dipun
kropok gesang-gesangan kemawon.
Para tiyang ingakng sami kakesahan mongka medal ing jurug sanget anggenipun sami
angresula, awit asring dangu anggenipun angentosi tambangan wah bilih angleresi
banjir baita amutawatosi, jalaran tiyagn ingakng sami angentosi tambangan wau daya-
daya sageda andugekaken lampahipun lajeng sami amalumpat dhaeng baita, boten
mawi amanah temahanipun wonten ingkang cariyos bilih angleresi pekenan tiyang
ingakng anumpang ngantos jejel mongka tiyang wau sami ambekta wawratan sunggen
utawi gendhongan kalampahan manawi sanget saratipun baita lajeng asring-asring
kerem, rpamila prayogi sanget bilih lalampah wau kagalih asirnanipun tur gampil awit
among adhawahaken wewahipun baita tambangan tiyang Cina ingkang mendhet
sasilipun tambangan wau, ing saestonipun boten amanah pejahipun tiyang, ingkang
sanalika sami amrasahaken nywanipun ingkang masthi naming angudi
kauntunganipun kemawon.
=======\==============\===========
Yogyakarta
Ing wektu punika, para tiyang sakiwatenging pakampungan Ledhoksari bawah
Pakualaman kathah ingkang sami angresula, awit margi alit ing Ledhoksari, ingkang
anjok dhateng ing lepen Cohde sapunika dipun pejahi, ngantos para tiyang boten
saged lumampah, bilih boten kalintu saking karsanipun lurah kampong,
ingpakampunganipun sampun ngantos kaambah dening para Congsun, mongka margi
wau sampun kina-kemina, boten ngemungakenpara tiyagn ing kiwa tengening ngriku
kemawon ingkang ngambah, dalah para tiyang ngamonca ingkang saking sepur tamtu
medal margi ing ledhoksari.
Ingkang punika sakingpanuwun pangajeng-ajeng kula, sarehnign pejahipun margi
wau, kula dugi boten terang sakin gdhawuh ingparentah Pakualaman, mugi para
priyagung ingkang ngasta panguwasa karsa atitipariksa, agesangaken margi wau
malih, wsana badhe andadosaken kemaryaranipun para tiyang ingakng lumampah.
Kaserat kaping 10 wulan Mei, taun 1878 Katandhan Sutarja.
================\==========\================
Samarang
Serat pawartos Semarang awedharaken reseping manah, awit nagari sanget ing
pamarsudinipun dhateng lalampah ingkang kawentar saweg sawatwis wulanpunika,
bab pambektanipun tiyang estri tuwin lare estri dhateng ing Singapura, ingkang ing
ngriku lajeng kasade dhateng tiyang Cina, tuwin dhateng tiyang Keling, wah nagari
sampun saged anyepeng tiyang kakalih ingkang dados lantaranipun tuwin ingakng
ambiyantoni lalampah wau, ing mangke sampun sami kaukum dene ingakng dados
benggol dereng kacepeng, makaten ugi ing sadangonipn nagari pados katerangan
bupati animbali para she utawi tiyang, ingkang sami dados lantaran amabenaken
tiyang anumpang ing baita, ingkang sami kadumuk magepokan lampah wau,
kadhawahan angatos-atos dhateng temahanipun.

Kapal asep awasta Bintang, ingakng mentas dhaeng saking singapura alabuh wonten
ing Semarang, ambekta kaji 35 wonten kancuhanipun tiyang Cina 35 mawi nyonyah
Cina tulensatunggal.
(Bilih lajeng sami malebet dhaeng nagari ngriki,kados ing Cayudan mindhak arja, ing
Kauman tiyagningkagn ahli cuci inggih wewah., Jurungarang).
==============\=============\==========
BATAWI
Nalika kaping 8 Mei Paduka Kanjeng tuwan Besar amiyos siniwaka wonten ing
dalem pasamuwan ing Reisweik mawi ginarebeg para ageng-ageng balatontra
dharatan tuwin lautan mengah karsanipun paduka kanjeng tuwan Besar, badhe
amaringaken tatengering sih trisna dalem srimaharaja dhumateng raja ing Edhi Besar
Tongkucihik tatenger wau warni kruwis ing Ordhe Nederlan Senleyo, sareng paduka
kanjeng tuwanbesar sampun lenggah, raja Tongkucihik kairid malebet dhateng
kanjeng tuwan residhen ing Batawi tuwin kontrolir ing Edhi, raja lajeng dipun
ancarani nunten majeng angabekti. Paduka kanjeng tuwan besar jumeneng
amiuyosaken pangandika makaten banget anuwuhakeparengingpanggalih manira,
pakenira sowan ing ngarsa manira awit pakenira kalebu ing gelengane pawong
mitraning kanjeng gupremen kang padha setya tuhu saha kang uwis antara pirang
pirang taun lawase, ing mengko manirapariweruh marang pakenira, Manawa
sampeyan dalem srimaharaja karsa paring tatenger marang pakenira, atimbangane
setya tuhu pakenira, payo pakenira titenana kaceke, marang kang padha kadunungan
nugraha, wenang anganggo tatenger mau, wekasane manira aparing pemut marang
pakenira, supaya angajenan sih trisna dalem srimaharaja, muga-muga iku kang
anuntuni marang mantebpakenira menyang kalakuhan kang angluhurake pakenira.
Sareng sampun amiyosaken pangandika wau, tuwan sekretaris jendral lajeng ing
ngandikakaken ngulungaken tatenger wau, dhateng tuwan residhen ing Batawi
ingkang lajeng kapasang ing jajanipun raja Tongkucihik, sareng sampun lajeng sami
lumengser.
=============\=============\========
Heram Sekalie
Saija mendengar kabar darie orang-orang jang bias baca bahasa Hollanda, djikaloe
soerat kabar De Locomotief jang baroe kaloewar kemaren inie, ada jang membantoe
kabar die sitor dan menjritakken samanja Bendoro radenToemenggoeng Rgen die
Banjoemas sampe membikin kaget olehsamoewanja orang, krana itor kabar tida
njata,dan sanget djoesta, soenggoe tida sekalie kalie ada tandja. Hal darie keadaanja
die Banjoemas, Bendoro RadenToemenggoeng tadie, banjak sekalie bekakas roemah,
bolenja lelang darie toewan toewan atawa toeroenan darie doeloe saija bias bilang
djoega djikaloe Bendoro Raden Toemenggung Regent die Banjoemaaas sampe dan
radjin samoewamoewanja.
Maka darie itoe dengen segala hormat, saija harep sekalie padoeka Toewan Toewan
atawa priaijie djawa, djangan sampe pertjaja pda itoe kabar, krana itoe kabar tjoema
darie orang djahat ameonja perboewattan adanja.
Begitoe djogea, ada orang jang kasih kabar lagie pada saija, djikaloe die dalem De
Locomotief tadi, ada orang jang menjritakken saija ponja sobat M.P.D.M. itoe kira
kiranja apa p betoel, apa tida, saija beloom biasa nganggep, krana adanja die
banjoemaas sepia sadja, dan saija ponja sobat M.P.D.M. tadie, sekarnag baroe soessah
(prihatien) dia kepingin djadie P.r.j. kiranja tida nantie enget perkara begitoe roepa,
tapie djikaloe jang bikinkabar tadie, taoe trang darie kedjalannannja M.P.D.M. saija
harep sekalie dia branie taroek dia ponja nama die dalem soerat kabar De Locomotief
biar saija bissa bikin perkara pandjang, darie al itoe kedjalannja, M.P.D.M. maka
djikaloe jang toleis itoe kabar tida branie taroek dia poenja nama jang betoel,
soenggoe tida bole die tetepken, dan saija bias bilang djoega jang bikinkabar die atas
tadie, orang tida ponja engettan, tjoema darie koerang seneng atir, mendjadie toleis
samoea-moeanja sendiri, biar sator sama lain dapat boessoek; kaloe tida, itoe orang,
baroe kena sakit gila: op kalap.
Tertoelis pada harie 7 Mei 1878
Bertanda tangan pada jang TOELOES HATIE.

Sarehning pawaretos ing Lokomotip ingknag kasebut ing serat punika, ugi kapethik
ing Bramartani, ongka 18 Pramila wangsulan ingkang anangkis pawartos wau, inggih
kedah kapacak ing Bramartani.
Jurungarang.
==================\=========\=\\\\\\\\\\\\\
Panjurung
Kula sampun amaos serat kabra Bramartani, ongka 19 Kemis kapig 9 Mei, 1878
panjurungipun pun sumengka, amratelakaken bilih griyanipun Surapawira, ing
kampong Serengan, Surakarta, manawi dipun beseli apyun kalayan mata-matapak,
nami Karyadikrama, lo,punika boten nagari kimawon, ing Klathen ugi wonten, mata-
mata patapipun makaten, griyanipun babah Bungkwik,dipun beseli apyun kalayan
mata-matapak, nami Sariya 2griyanipun bah tada ingwat, dipun beseli tikek layan
mata-mata sarima, 3, griyanipun Jaresa, dipun beseli apuyun kalayan mata-mata
Trunadimeja.
Kasebut ngingil sadaya wau, ngantos dados prakawis katur ingparentah, pramila
saking panuwun kula para priyantun ingkang ngantos-antos tuwin ingkang prayitna,
sabab bokmanawi para sundaka apyunanglampahaken babenteran tamtu andadosaken
susah.
Titipun Sayekti.
===================================\=========
Sanadyan asliling wawenang sasade apyun kanjeng gupreme ingkang andareni, kados
boten bilih angajanana adameling yanak makaten punapa nagari dereng karsa
amurinani.
Jurungarang.
=============\==============\=================\===========

Punika candhakipun cariyos pejahipun Dasamuka


Samya amukti wibawa, wanara kabeh gung alt, akeh warnaning sugata, myang busana
sotya manik, winongka sawaryadi, para prawira tinemu, sembulih sudirengprang,
pamalese wus pinanggih, suku suka gung alit balawanara. Wus ampurna paripurna,
denya madeg narapati, Ngalengka gagahapurba, misesa sih amartani, sagung butaneng
wukir, pitekur gundhala gundhl samya medhun sungur mat, ring sang madeg prabu
titi, tata teteh titih prabu wibisana. Winong wong kaonang-onang, wawangunaning
tyas ening, subaga pangupaboga, ingpapantaran patitis, putus tatas undhaging, apan
dhe abondha bandhu, bubune nyalir retna, tan owah anrusi batin, pinnasthi
kananendra ambeg utama.
Cinaritakaken duk ing nguni, kala aneng gunung maleawan, kang rayi runtuh
waspane, miwah duk aneng gunung, regsa mukatinutur sami, sasolah-solahira, ngesah
pisahipun, nulya tinutur angkatnya, pangluruge angirid balawresami, ngebeki
wanawasa, . batharendra ing samargi-margi, nugrahane sabrang kamulyan hyag
ngendra asenget sihe, myangpapanganan agung, kiniriman saking swargadi, wusnya
tamat sadaya, kang raka pitutur,lan angemper lampahira, kang wimana kalangen
samargi-mampir, retreponang wimana. Buta kang mikul wus deningoni, dening
srimha prabu Gunawan, lawan ing nginuman kabeh, guci maewu-ewu, nora kandheg
denya ragagi, mangkana kinen sigra, mesat lampahipun, dedel ngayuh jumantara, meh
kaundhulingngendra loka kawingkis, gegere abusekan. Samya ngudanaken wangi-
wangi, nguwuh-uwuh aja pedhakpedhak, sawarga maras atine, apan arsa dudulu, para
dewajrih den pepeki, sang prabu wibisana, ngatag wadya miku, kawuwuren
ngedohana, lan sawarga sagsana medhun tumuli, amet ing sawetara. Lan ing ngendra
loka wus den dohi, daya eca lampah sawetara, kinen delken salompete, wong agung
amamangun, lawan prabu Ngalengka malih, sagung kramawikrama, kramaning
tumuwuh, kang tinitahdadi raja., lawan ingkang tinitah dadi wong cilik, mungguh
wekasing pejah. Yayi prabu kang katingal iki,. Tilas patapan pandhita raja, yayi
katara rakite, papasangan kadhatun, gapurane sadaya mawi, pamengkange ringanan,
asipat manguntur, parbata kinonthe pura, Wibisana wadyane kang den abani, ririhen
lampahira. Dadya tutug samya ninigali, nrepati rama alon ngandika, yayi prabu
ngalengkane, budinen pandhiteku, iki raja kudu anepi, apa ta budi andhap, apa budi
luhur, ratu lumuh paparentah sungkan karon Wibisana awotsari, nuhun sumanggeng
tuwan. Nrendra Rama mesem deny angling, payo yayi truna sudarsana rinebut
sapakoliye, truna sumitra matur, nuhun duka datan kadugi malih prabu ngandika,
lahta yayiprabu, sugriwa Manawa ana, kang akarasa sugriwa mesem wotsari,nuhun
patik bthara. Mangu-mangu mwanganndika ris, narendra ratu Sutawijaya, pandhtia iki
krsane, suci ing dhewekipun, karatone mulya sayekti, marmane tadinasang, neng
pucuking gunung, wus kudu suci kwela, nora nedya susuker aja nempeli, yayi
mungguh manira. Nanging rebut seneng iku yayi,yen ing ingsun lumaku satitah, ing
Bathara sayaktane, yen tinitah waktingsun, nganggo badan wadhak puniki, yen
ingsunalumuha, ingsusukeripun, pandudu bathara endra, jijim alus yen sira yayi lan
mami, tan kena singgahana. Yen aja na susukere yayi,aran suci iya mong saha, iya iku
timbangane, aran wadhag lan alus, ing sun kumbah dhadhage yayi, sun wewejek
supaya, bias moring ngalus, kariya aransatunggal, pan siwadhag yen bersih
linimputing sih,mung si aluskahana. Jaman roropan maksih cinangking, nora
nimpang titah ing bathara, yen kinudu alus bae, wus tinena winuwus, ing purwane
yayi ing nguni, jer nora nana aran, wadhag lawan alus, gelare tinitahana, yap agene
yayi kudu den singgahi, destun lumuh kangelan. Kang marentah pinarentah iki, iya
yayi panggawening wadhag, pan uwus kinarsakake, balik ta kinon iku, angadili padha
dumadi, yenbener pira-pira, kautamanipun, mengkono bae yeningwang, lahing kono
rebuten ingkang prayogi, yayi prabu Ngalengka. Ana ujar kang patang prakawis
bratasopana yekti waskitha, den awas ing panunggale, pasemon papat iku, ingkang
bratapan laku yayi, sopana pan dadalan,yekti iku tuhu, waskitha sampurneng
tinggal,wruh ing sangkan paran urip maring pati, patiprapta minulya. Jenenging brrata
pan laku yayi,buru atangi alungguh iya, dene supana wredine, atangi turu lungguh pan
lumaku dunungireki, dununge yekti iya, atangi lumayu, dening wrediningwskitha, ya
aturu turu lumaku atangi, atangi tangi ilang.
Taksih wonten sambetipun.
==========\==============\==========
Ongka 21, Kemis kaping 23 Mei 1878

Serat kawat saking Eropah


Erlain kaping 13 Mei, Prabu ing Dheitselan kacidra ananging boten tumama, dene
ingkang anyidra lajeng kacepeng.
Londhen kaping 13 Mei Cundaka praja Ruslan ingkang kapesthekaken wonten ing
Londhen andugekaken lampahipun dhateng Ruslan sasampunipun amartamu dhateng
kanjeng pngeran Bismarek (Bismark).
Cundhaka wau amanah bilih boten wonten pakewedpu Ruslan amiwiti ngunduraken
balanipun saking Istambulsanadyan bala Turki dereng atilar betengipun ingkang
badhe kapasrahaken dhateng Ruslan utawi palwa enggelan ingkang lapis tosan sai
taksih wonten ing saganten Marmorah.
Berlin kaping 13 Mei cundhaka wau ugi boten ambekta serat serat saking Enggelan
ananging ingkang kaesthi dening praja Enggelan kacungga angwedharaken.
===========\===========
Kulawisudhan
Kamantunan saking padamelanipun kalayan lulus ing kaluhuranipun Raden Adipati
Dipadiningrat bupati ing Banjarnagara tanah Banyumas.
Kaangkat dados
Bupati ing Banjarnagara patih ing PUrwareja tanah Bagelen Mas Ngabei
Atmadipura,mawi kalilan angangge sebutn Raden tuwin pangkat Tumenggung, dados
ing mangke sasebutanipun Raden Tumenggung Atmadipura.
Pangageng jaksa ing Kabupaten TEgal Raden Wirakusuma, wadana ing Bumiayu.
Jaksa ing kabupaten Demak mas Wiryakusuma, carik ing kabupaten
Ondherkolektur ing kabupaten Majakarta tanah Surabaya, kadunungaken ing
Jombang, mas Darmareja, wadana ing Majareja.
=========\=============
Surakarta
Bojonipun Mas Ronggasutadikariya ing Sukaarja angendhat sarana gantung dhiri
wonten ing Balandar, nalika konangan sampun kapanggih pejah. Sareng anakipun
ingkang taksih suson nangis anakipun jaler ingakng umur kawanwelas taun kaget
sarehning dilahipun pejah medal amendhet latu, wangsulipun aningali bilih
embokipun angganteyong, lajeng anjelih sasambat nedha tulung, tongga tepalih tuwin
konca pulisi sami dhateng, tangsul nunten tatas ananging kalajeng pejah. Anggenipun
agantung dhiri mawi ancik-ancik kursi, awit ing ngandhapipun wonten kursinipun
ajampalik nalaripun ingkang anjalari ngantos angendhet wau derneg terang, ananging
kathah ingakng amestani, bilih kaliyan ingkang jaler boten nate paben malah kalebet
rukun utawi boten nate paben kalihan sanak saderek wah sawawratipun radi gadhah.
Nalika tanggal kaping 8 angrintenaken tanggal kaping 9 wulan Mei punika, tiyang
ingkang awasta pun Payana ing dhusun Kali Alang, saking kakesahan wangsul ing
griyanipun ambalejog ingkang wonten ing griya boten anginten bilih wangsul ing
dinten wau, pramila payana saged anguni-uni, anggenipun andon resmi
bojonipunkalihyan pun Kramajaya, ingkang anunggil sadhusun kalihan
piyambakipun, ing sanalika pun payana kaengetan bilih dipun tandhingaken lajeng
ajajabang mawi ngawinga, nunten angunus dhuwungipun katumamakaen dhateng pun
Kramajaya, prenah sangandhaping walikat kiwa, eled gangsal dinten pun Kramajaya
pejah, pun payanajaler estri kacepeng.
Wisa ing mangsi, dereng lami wonten lare estri sakit jalaran anggenipun andilat
mangsi, ingkang tumetering sinjangipun sakitipun lare wau katingal kados kaletetan
warangan sareng katiti mariksa mangsinipun ingkang kadilat wau warninipun wungu,
kados mangsi wau kacamburan aniline manawi ing ngriki dipun wastani, tores,
mongka aniline punika camburanipun warangan pramila mugi pawartos punika
dadosa tuladha, awit kathah para taruna tuwin wanodya sanadyan boten anganten
supados katingal minger-menger lathinipun sami dipun teres.
Ing mangke sampun kaping kalih kula kapethuk papatih dalem anitih titian amirsani
radinanan sastu katah paedahipun makaten wau: awit anyarirani piyambak boten
naming anggep aturipuning ngandhap bilih tindakan malih mugi karsa amedal ing
radinan bawah Malipakan samun pinten pinten indhen ingkang tugel wonten ing
ngriku, bilih wanci dalu mongsa petengan sanget amutawatosi, menggah kalantur-
lantur risak ipun radinan wau, saking pawartosipun amargi diya diniya arebat ereh,
sawneh mastani bacah kamanunggagaran wonten malih ingkang kenceng amastani
bawah kasunanan.
Ing sak punika tiyang wewadeyan dhumateng peken Klathen, langkung margi ageng
kathah samara utawi ajrih, bokmanawi katunjang kapal jalaran kapaling agen 8 iji,
saben enjing dipun guying lare jaka-jaka, kabandhangaken sak kajeng-kajengipun,
ngantos asring numbuk tiyang wawadeyan tuwin kapal dhawah setrikel sukonipun,
miwah asring ngasring meh numbuk rare alit ing mongka saben enjing kathah lare
lare, ingkang sami jajan anamung sangking kinten kula, paguyangipun kapal wau
boten terang saking lurahipun agen, pramila sangking panuwun kula, dhumateng
ingkang ngasta panguwasa, mugi andhawuhana dheng lurahipun agen wau, sampun
ngatos kapal dipun ken angguyang lare ugal-ugalan.
=========\=============\===============
BATAWI
Nalika raja ing Edhi wonten ing nagari Batwi, kairid ing kanjeng tuwa Residhen
katontonaken ing kawontenanipun ngriku, ugi kairid dhaen gkantor Bank,
sarawuhipun wonten ing kantor wau, kapethukaken dhirektur, nunten kairid malebet
mawi kabagekaken dhateng presidhen sareng sampun amirsani pirantos adamel wang
kertas saha anggenipun anandukaken pirantos wau, nunten kairid dhateng
gedhongipun uwang, ingkang wonten isinipun yatra salaka pitulas yuta, yatra jene
kawan welas kethi, sanesipun uwang kertas saking ngriki lajeng kairid dhaeng
gedhong pirantosing payudan sang raja amlengak aningali kathahipun sanjata
Ehterlad ing mangke saestunipun raja ing Edhi wangsulipun ing Aceh, saged
andorakaken pawartos ingkang kawentar ing tanah wau, bilih kumpeni anginggahi
nagari ing Aceh,lajeng anyigegaken payudanipun boten amargi saking kirangipun
bondha, ananging sumanten wau awit naming kaangkah tepang rukunipun kemawon
bilih saged inggih badhami.
=========\==================\=========\
Probalingga
Ing tanggal kaping 6 wulan punika patih ing Lumajang angaturi uninga dhateng tuwan
Asisten bilih tiyang Cina Cunsing ingkang adudunung ing ngriku, kakinten
kaenggenan apyun peteng, tuwan Asisten kadherekaken patih lajeng tindak ing
griyanipun tiyang Cina wau, atitipariksa sae pemahanipun kakepang, sawingkingipun
griya wonten tumpakan kajeng, punika sakingpitedahipun patih lajeng kaelih, siti
nunten kadhudhuk sareng pandhudhukipun tigang kaki lebetipun katingal wonten guci
tiga wonten ususipun ingkang sami dipun iseni candu, dipun bobog awrat 16 43:
(Tur boten grobyagan boten gedandapan boten asawiyah-wiyah, tandukipun
amrayayeni, mongka saged angsal apyun samanten kathahipun boten kados nagari
ngriki, bilih badhe anggaledhah sanadyan prayantun ingkang anjenengi lampahipun
pating pancolot tiyang ingkang sami andherek lajeng angepang pemahanipun ingkang
badhe kagaledhah, bilih ingkang boten sumerep aningali pratingka makaten saestu
kakinten badhe anyepeng tiyang ingakng ambang kang parentah, wekasanipun ing
salebeting griya ingkang kagaledhah sepen naming ing sajawinipun wonten cnongsun
ingkang manggih apyun naming sapes, saestu lampahipun duta epakan ing ngriku
asring aseing anglengkara mila ing pakampungan kedah prayitna.
Jurungarang
=========\===========\=\\\\\\\\\\\\\
Pasuruhan
Ing gunung awu bawah ing dhistrik Jati wonten lalampah ingkang anggigirisi, wonten
tiyang estri awasta pun asinah, katilar kesahan dhateng ingkang jaler, sarehning
dereng tau tateka tilar, dados ragi caceklungen pramila engggal upados panglipuring
longkanging manahipun apapanggihan kalih tangganipun ingkang awasta pun saidin
saweg papahian katungka dhateng ing sadherekipun ingkang jaler, awasta pun angger,
ingkang boten saronta lajeng angunus dhuwungipun katumamakaken dhateng pun
saidin, punika boten amales ananging lajeng malajeng, katututan kacandhak ugi
kasuduk malih, temahan andadosaken pejahipun sadherek wau lajeng wangsul dhaeng
panggenipun estri, punika inggih dipun suduk ugi pejah, wangsakanipun lajeng
amanggihi dhateng lurahipun dhuwung taksih kali gapah glaputrah, angaturi uninga
bilih piyambakipun mentas amejahi tiyang kakalih,sadaya nalar kacriyosaken lurah
ing sanalika anaratap kakinten bilih pun angger anggadhahmanah awon
dhatengpiyambakipun saking prayitnanipun lajeng sanjang badhe medal sakedhap
wangsulipun medal konten mbutulan anubrul pun angger saking wingking, ingkang
boten bongga lajeng amasrahaken badanipun awit punika ingkang pancen dipun niyati
nalika dhaeng amanggihi lurahipun.
=============\===========\=========
Pranaraga
Ing Pranaraga wontenlalampah ingkang anglangkara sanget. Wonten tiyang kakalih
saking ing dhusun Lembah, sami kadakwa mahaha mejahi tiyang estri awasta embok
Sampir, nalika katiti pariksa tiyang kakalihwau angakeni isadakwa, malah
amratelakaken nalar nalripun sadaya ingkang anjalari ngantos amejahi embok Pampir,
prakawis wau lajeng kapasrahaken pangadilan Mider, kapesthekaken bilih tiyang
wau, saestu kapatrapan paukuman gantung ananging boen awit nalika prakawis
kaajengaken nunten wonten tiyang estri sowan asaos atur bilih piyambakipun ingkang
awasta embok ?Sampir, malah amirantos saksi, ingkang ugi sami anyandikani
aturipun embok sampir, para ingkang ajenengi pangadilan sami ajenger, sareng
amiyarsa aturipun ambok sampir tuwin saksinipun pasakitan kadangu punapaha,
ingkang wau angakeni, aturipun ing pangakenipun wau, awit kabujug ing konca
pulisi, dene embok Sampir anggenipun boten katingal aturipun awit saweg kesah
rena dhaeng ing balitar, sumongga prakawis makaten punika punapa boten
angodhengaken, ewa dene pasakit lajeng kaluwaran.
=============\==============\
Panjurung
Ing wulan Mei punika dereng antawis lami,kula saking kaliyasa numpang kaeta latu
badhe mantuk dhateng Ngambarsari, sarenglampahing kaeta latu dumugi ala ing
Dlanggu, ing ngriku wonten satunggal tiyangjawi,bekta pikulan saha kranjang
kothong, wau tiyang dipun bitheni cina tiga akalayan tiyang jawi satunggal
kancanipun wau Cina,dados tiyang satunggal kakrubut sakapan, wau tiyang ingkang
dipun bitheni ngantos trayaban boten sumedya lawan naming kranjangipun kaobat-
abitaken kalayan mlajeng, ing nalika punika, kanjeng tuwan asisten residhen ing
Klathen ingkang pinuju nitih kareta latu angawuningani pratingkahing kang makaten
angutus abdi upas mlajeng murugi panggenan tiyang ingakng sami udreg udregan
wau. Tiyang sakawan ing kang kakrubut saha tiyang satunggal ingkang dipun pisakit
kairid ing upas kaaturaken ing ngarsanipun kanjeng tuwan sadaya tiyang gangsal wau
kadangu namanipun saha kaseratan ingkangjeng tuwan, rampung ing pandangunipun
kareta latu lumampah.
Ing salebeting kareta latu, kula pitaken tiyangingkang sawek numpang saking
Dlanggu, punapa prakawisipun wau tiyang satunggal kakrubut sakawan,
cariyosipunmakaten Cina tiga punika Congsun pak apyun kancanipun satunggal
tiyang jawi punika polisi, dene tiyang ingkang bekta kranjang punika kagledhah, resik
boten bekta barang peteng, lajeng iketipun kajabut tiyang ingkang kagledhah wau
grunengan awit panjabutipun iketanpajawat, ing selajengipun dados kerengan tiyang
satunggal kakrubut sakawan.
Lampahing kareta latu dumugi ala ing Klathen kula kenel ing ngriku, ngiras tuwi
dhaeng griyanipun pawong mitra kula nami patratruna, ing ngriku kula cariyos bab
patrapipun congsun ingkang ambek sawenang-wenang wau, patratruna anyariyosaken
praingkahipun para congsun ing Klathen manawi gledhah ugi sanget anggenipun
angedir-ediraken sanaosa dede congsun tiyang pa king Klathen ugi makaten ingkang
awit boten wegah ambucal arta awit ing ngriku wonten artakas tiyang pakwau boten
riringa adamel liyanating tiyang sarana ambeseli apyunsampun kathah ingkang
kalampahan
Ingknag punika sanget ing panyuwun kula, ingkang mugi-mugi ig parentah agaliha
bab tukang pak asring amberseli punika.
Sinerat ing Ngambarsari kaping 19 Mei, 1878
Kusumaningrum.
===\============\=========\=\\\\\\\\\\\\\\
Kula pun Sutawilaca, gagriya ing dhusun Nglimbangan dhistrik Boja, kabupaten ing
Kendhal (Samarang) kula sanget kumacelu angaturi serat ing panjenenganipun tuwan
ingkang ngasta kabar Bramartani, ing nagari Surakarta adiningrat.
Nuwun bilih kapareng utawi adanganing panggalih, saha selaning papan pasamuwan
Bramartani, serat kula punika mugi kapacaka ing pasamuwaning Bramartani wau,
awit andadosaken gumuning manah kula, nalika kula ningali ungeling kagungan
dalem gongsa sekaten, waktu wulan Mulut ing taun Dal 1807, sareng ing dintenipun
garebek, punika saklangkung andadosaken bingahing manah kula, jalaran aningali
karameyan tuwin titingalan saklangkung aneh aneh sahasaklangkungkathah warni-
warni manawi kasenbutna, dene songsong seret ingkang mega ring alun-alun
langkung sangking kathah katingalan abyor, tumunten kula apitaken dhateng rincang
kula ningali, griya ing salebeting nagari Surakarta, bab warnining songsong wau,
ingkang kula tangletaken,songsong ingkang ngandhap seret lajeng ijim, tengah seret
lajeng abrit, punika songsong punapa, wangsulanipun konca kula, punika panewu
pulisi,lajeng wonten malih songsong ingkang sami rupinipun kalayan nginggil,
wangsulanipun konca kula punika songsong jaksa, utawi panewu dhistrik sarta
panewu lit, kula lajeng pitaken malih, songsong ingkang andhap seret lajeng abrit,
tengah seret lajeng ijim, punika wangsulanipun songsong ingkang andhap seret lajeng
abrit, tengah seret lajeng ijim, punika wangsulanipun songsong abrit pulisi, utawi
gantridhintrik saha mantra litmiwah rongga, punika ragi andadosaken cuwa manah
kula, margi adamel sami kimawon, pancenipun menggah nagari karsaha andamel
sanes-sanes songsong wau tantu kenging kula damel omong-omong,manawi
pitakenan sadherek kula ing pasisir sareng kadamel sami, dados manah kula kodheng.
Kasrat kaping 13 Mei 1878, kula pun Sutawilaca.
\\\=================\==============\========
Punika candhakipun cariyos pejahipun Dasamuka
Kang ran Brata tangi turu linggih, iya dene ing ngaken pangucap, ingkang Sopana
karane, lungguh tangi lumaku, iya dene ing ngake nenggi, pan lampah ing bather,
yekti tegesipun, atangi turu lumayuwa, iya deneing ngaken ananireki, dening suksma
kawekas. Pra lambine kang waskitha nenggih, turu lumayu atangi ilang, dene ing
ngaken sucine, de hyang Bathara luhung, iku yayi den amakitis, ing panunggaling
papat, aja salang surup, ing brata miwah sopana, ping tri yekti kaping pat waskitha
yayi, kabeh mungging sarira. Ingkang brata upamane kulit, kang sopana daging
upamanya, kang yekti balungpamane,ingkang waskitha sungsum, kulit iku yayi
ngemuli, sabaranging pratingkah, kamot kawitipun, kabeh kang dhatan kawruhan, iya
nora kawertu saking ing kulit, kawot dening wawadhah. Kan gSopana upamane
daging, denemongka margining kaulyan, kang yekti balung pamane, teteping
kuwatipun,barnag tingkah yekti nguati,waskitha sungsumika,wingiteningipun, kang
bratakodhang pangucap,nirken wuwus kang ala mrih wuwus becik, sopana kundhang
lampah. Nirnakaken regeding kang margi, angresiki mrihayuning tingkah, kang yekti
nenggihkondhange, nunugel ing rehipun, ala becik rampungkatawis, tiwas kitha
akondhang, ening ingpandulu, tan samartan kasampuran, nora pangling prenahe
hyang otipati, kawawas jroning badan.Yen tinggala brata sopaneki, nora arus
sabarang pratingkah, siya=siya pagawene,yen tiganggal sireku, kiwaskitha lawan ki
yetki, katampik nora kena,pamorireng dunung,yayi prabu Wibisana, papat iku iyatan
kena ginempil, busana tunggal tingkah. Parandene ana anglakoni, tinggal katrimung
anganggo waskitha, den sirnakaken badane, gantolih ananipun, mung anane hyang
otipati,pineleng moring badan, yeku kang wus punjul tan nganggo rasarumasa, iya
kabeh dudu kabeh den kawruhi, ing kono paran krsa. Aja sira ngendhong endhong
budi, miwah yayi truna sudarsana yayi Sugriwa wus dene, padha uruna wuwu sapa
kolih ing budi yayi, katiga matur nembah, prasamya anuhun narendra rama ngandika,
basa aran yayi aranoragingsir lawankang duwe aran. Mila yayi den angati-ati,ranprabu
Gunawan Wibisana, ing Ngalengka diprajane, ing pati teahipun, yej tiwas sabumi
puniki, anampik marang sira,langitlangitipun, angoncati marang sira,ngendi rone yen
ora bias akardi lara tibeng ngantara. Ngendi nggenira temah ing pati yayi ujare ang
wus suatama,ingngendra loka parane, iku cacad kalangkung dadi manakawan pireki,
sunika bathara Indra nora ngelti nemu, iku kandhangan antara, durungluwih
ingpatipatipatitis tan arsa mangkonoha. Dadi ewuh ing ngaup yayi, burukahana ing
ngarantiwas, amburu wawarta maneh, yenbenera wong iku, kaya priye ing sira yayi,
sang prabu
Wibisana, tur sembah umatur, yenmenggah ckawula, nuwun sabda anyanthak salahs
atunggil, ing cupet kang kahana. Asor asor wonten den nututi, ing pawarta
manawikapiran, tan wonten dhegendholane, narendra sru kumuku, iya bener sireku
yayi,dadi wong wruhing ngawak, upamane tengu, ganjarane anjaluka, iya kaya
ganjaane ingkang ngesthi, mongs bias atompa. Sangsaya suka gumujeng sami, samya
ngiras kasukaneng tawang maksih lajeng rarasane, wong agung ngandika rus, anon
peksi parenjak muni, munang prabu ngandika yayi manuk iku, radakaduka, micara,
wawadine kemba yen ora den angling, apan iku wawarah. Dadi kedhik gunane
kangpeksi, siparenjak remen ngajak ajak, tutur tutur panggawene, yayi becik sipuyuh,
anggagayuh amrih awadi, yen wus duwe panggonan, ,….sanajan den orpak-oprak,
lamun ora meh kapidak nora gingsir, sakin gpanggonanira. Nganggo mongsa kalane
yen muni, unine gemat tuhu widagda, anunggalaken gustine, unine senguk-senguk,
ngehuk ngeuhuk tegese yayi, yaiku gustinewang, wruh ing nguripipun, lamun
winekasing pejah, milanipun sipuyuh rahayu budi, nadyan sami peksiya. Peksi jalak
agalak ing budi, ntualaken sagung kaprawiran, yeku wong besus ateke, tan wun amrih
ginunggung, barnag karya kamoran amrih, dene lelewa ika, besus tankawuwus,
marma yayi barnag karya, nora nana ngungkuli ayu basuki, bias busaneng basa. Ora
orane sibesus yayi, ana pamriye angungkulana, marang sapadha-padhane, yeku
reregedipun, panggawene si jalak yayi, marmane sininggahan, alethek kang dudu,
pucangan adhanganika, nusi ala tegese panggaweyayi, satumalamunala. Yen pinikir
arsa deb kanoagum, oabgawe aka ubgjabg sasuma, dadi sagajah gedhene, sing maniti
nguniyu, manata ngategese yayi, pangaaawe kabecikan, linampahan dangu, aras-
arasen tumindak, cengdil nuji wulangasinganga yayi, tegese alaku ala. Lembat nora
gulawat annuli, wulang ngena tegese saka lembat, nora gula wat jatine, winulang glis
gung luhur, kadi macan tan aya julig, yayi padha kayuwa, ing wana puniku, titenana
becik ala, kayulengki sugih rira ngangangreeki, arang dadi dandanan. Padha kayu
rawan kan gprayogi, lurus rahayu sasolahira, atapa sapa kantuke, ana ganjaranipun,
sinunga rum swarane yayi, unine kayu rawan, ngong ningning rahayu, padha sarpa
sarpa cawa, pinandhita thasnya kadya prabu meki, naga basuki nama. Narendra Rama
samargi-margi , barang kapyarsa barang katingal, saisining donya kabeh, pinet
upaminipun, amrih tekad aja pinanggling, tan pegat aneng tawang, denira lalaku, yen
rereb ngeeki wana, sangsaya gung katingalan kapiyarsi, tutug angraras driya.
Taksih wonten sambetipun.
=======\=============\================
Nomer 22 Kemis kaping 30 Mei 1878

Surakarta
Nalika tanggal kaping 27 wulan punika ing Mangkunagara wonten pasamuan ageng,
enjing supitipun putra dalem Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara
ingkang anama Raden Mas Sutyakta, sonten tatengeripun Krama tuwin jumeneng
dalem tetep salangkung taun laminpun nalika enjingipun ingkang anjenengi sakedhik
namungkanjeng tuwan residhen kalihan tuwan Komandhan kadherekaken para tuwan
tuwan asisten residhen upsir tuwin tuwan tuwan sanesipun saha para gusti kasunanan
ingkang rawuh inggih naming sawatawis sareng sampun atata lenggah saantawis
lajeng sami jumeneng tindak dhateng pungkuran dalem anjenengi risipun
sasampunipun wanggsul atata lenggah malih angunjuk wedang, boten dangu lajeng
angunjuk sampanye kalih rambahan sapisan kanjeng tuwan residhen aparing wilujeng
dhateng ingakng supit kaping kalihipun kanjeng gusti asung tarimakasihdhateng
kanjeng tuwan residhen tuwin dhateng ingkng sami anjenengi sadaya, nunten bibar.
Sontenipun mawi dhansah tuwin dhahar, wiwit jams atengah wolu nyonyah-nyonyah
tuwin tuwan-tuwan sampun sami dhateng, angajengaken wanci jam wolu kanjeng
gustipangeran adipati anom rawuh miwah kadherekaken para gusti sanesipun
sawatawis bote dangu kajeng tuwan residhen sarimbit inggih rawuh, kanjeng gusti
pangeran adipati ariya Mangkunagara taksih wonten dalem dados ingkang
angancarani para tamu, amungingkang sami kapatah arumeksa pasamuhan ing dalu
punika, anguntabaken wanci jams atengsh sanga kanjeng tuwan residen jumeneng
malebet dalem asng wilujeng dhaengKanjeng Gusti Pangeran ADipati Aiya
Mangkunagara tuwin dhateng ingkang garwa, kadherekaken para tuwan tuwan tuwin
nyonyah-nyonyah sanesipun sareng sampun lajeng sami medal sajawinipun puri
amirsani lalangen kembang api ingkang angresepaken dhaeng ingkang sami aningali,
saha wonten kalih ingkang sareng kasuled lajeng ambeber kados layer, wonten
saseratanipun satunggal suraosipun asung wilujeng dhateng kanjeng gusti pangerana
dipati ariya mangkunagara, ingakng jumeneng tuwin kramanipun tetep salangkung
taun laminipun ingkang satunggal suraosipun ambagekaken dhateng para tamu,
sasampunipun lajeng wangsul dhatengpandhapa kalih wiwit dhansah, tamu ngantos
jejel prassasat boten wonten papan ingkang sela, wanci jam satunggal wiwit dhahar,
jam tiga bibar dhahar, kanjeng tuwan residhen tnunten kondur, tuwan tuwin nyonyah
sanesipun inggihlajeng sami anututi, wnaci jam sakawan bibar, andulu
kawontenanipun kamangkunagaran ing mangke, tindak-tanduk tuwin prabawanipun
ingkang jumeneng, kados tamu sonten wau sadaya gupuh ing sae kakapti, anengeri
sangkalanipun pasamuahan wau.
Amuji luhuring gusti.
=====\=============\=============\
BATAWI
Ing Batawi wonten lalampahan inking agigirisi, angudi ngrebdanipun Tanah Jawi,
ingkang kaangkah sakingindhak tuwin gampilipun lampah ing tiyang dagang Kanjeng
Gupremen ing mangke ayasa palabuhan enggal in gTanjung Priyok tanah Batawi,
saking taksiranipun waragad kathahipun mayuta-yuta, sakin Batawi dhumteng
Tanjungpriyoking mangke sampun kayasanan margi kareta asep naming mirantos
amurugaken tuwin amangsulaken tiyang, ingkang samaberah anyambut damel
dhateng ing palabuhan wau, mawi kairit ing tatindhihipun lampahipun makaten wau
ing sadangunipun wilujeng, dumadakakan ing sawatawis dinten punika, ing sabripun
padamelan kareta asep wangsul dhateng ing Batawi, dumugi ing Antep Kapuran
kareta asep mandheg dene andhegipun wau kados katotog saksana tiyang ingkang
anumpak kareta ing ngajeng piyambak sami anjelih, tuwan-tuwan ingkang wonten
kareta ing ngajeng lajeng samimalumpat medal sareng aningali kawontenanipun ing
sanalika sami anjemer, kareta ingkgnkang wonten ingkiyambak ngados ingkang
wonten sawingkingipun lokomotip kajegur ing ngawas anjanpalik rodha wonten
ingnginggil ngantos kareta sakawan ingkang kapanggih tumpang tinumpang, tiyang
ingakng sami anumpak sami pating karuntel sambatipun amelas asih, dene lokomotip
taksih wonten margi sepur, ananging risak sanget para tuwan tuwan wau boten saged
agayuh jaranipun sangsara punika, tiyangingkang pejah kapanggih gangsal ingkang
tatu kawaandasa tiga, ingkang lajeng kaleken dhateng rumah sakit.
=============\===============\===========
Panjurung Kabar
Nalika tanggal kaping 6 Mei punika wonten durjana 5 iji bekta maesa 7 iji medal
sakilenipun dhusuning Sokagunung bawah Selagiri, saking kidul mangaler, kaandheg
dhateng kajinemanipun ing dhusun ngriku boten purun kendel malah ngagar-agar
dadamel sarehning kajinamen wau tanpa rencang dados naming kakodholkemawon
sareng dumugi salering redi bawah Kademangan ing sanaarja lajeng nedha tulung,
nunten katulungan dening kajinemaning Sanaarja, wekasanipun durjana ingkang 4
lumajeng,ingkang 1 kacepeng, ananging boten gampil panyepengipun awit durjana
sumedya purun sarta nandukaken dadamelipun sarehning dipun kalihi dangu-dangu
kenging karebat dadamelipun lajeng katangsulan durjana wau saking pangakenipun
bekel bawah Gumiwang, ing anggadhah maesa tyang ing Ngeramaka, sami bawah
kawadanan Baturetna.
Manawi kagalih saben wonten maesa kabekta ing durjana purugipun sadaya mangetan
mongka kedah anglengkungi benawi, gumun sanget gampilipun lampah ing durjana
wau, boten wonten ingkang kacegatan punapa boten wonten penggikanipun punapa
malih bilih nuju toya ageng, tyang ingkang nglampahaken tambangan punika punapa
boten kenging panggrayang magepokan durjana, saking pamanah kula menggah pulisi
karsa nyantosani, panyabrangipun durjana saestu boten gampil kados sapunika.
Sampun wajoib pulisi amurinani darbeking tyang alit ingkang kadamel lalabanipun
para durjana.
Ing Ngargakumlara, Mei 1878, Kukila.
=============\=====================\========
Ingkang manawi panjenenganipun tuwan Redhaktur Contheng, mugi karsaha macak
cariyos kula punika, minongka atur panjurung kula ing kabar BRamartani.
Nalika dinten Kemis dalu angrintenaken Jumungah Wage, tanggal kaping 29 wulan
Rabingulakir ing warsa Dal punika, bojonipun Mas Ronggasuta Sukarta, ing kitha
Sukaarja, pejah anganyut tuwuh, sarana sabuk setagenipun piyambak katangsulaken
ing pangeret nunten dipun angsalaken gulunipun, kalampahan nemahi pejah,
gumantung wonten ing griya wingking, p[ara tiyangkathah ingkang sami raraosan
nuwuhaken kawelasan dhateng ingkang sami sumerep, jalaran boten saged andugi
darunanipun, saking watawis umuripun bokmas Sutasukarta punika saweg 35 taun,
dados samahing prayantun tanpa kawayuh, sarta boten kacupetan kadonyanipun, saha
anak anak jaler estri 6 pasusopn, iba-iba ingkang sami gadhah wajib dene wonten
lelampahan ingkang tangerh binudi makaten, dados punika saking judheging
pirembag lajeng dipun wastani dilalah kawadanan ing Sukaarja ingkang saweg semu
peteng panggalihipun ondergen, mila kula kamipurun tumandhaka, anglairaken
pamangih makaten dene dereng ngantos antawis sataun sampun wonten pawartos
prakawis raja pejah ngantos tigangpanggenan, dene prakawis kadurjanan pandung,
ambabah griya bradhat maesa kapal sapanunggilanipun inggih boten sepen, ingkang
maksa Indergen saweg kerep tugur angrampungaken pangarapipun margi ageng
sacelaking wongga pakabaran risakipun radi sanget, wasana pamuhi kula mugi-mugi
sageda parapulisi aneepi punapa dhawuh pangengetengetipun kanjengparentah ageng
sampun ngantos kendel paribasan, sokwontena ugel-ungelan tata tamtu kanthi tentrem
nanging dereng nate kalampahan konca pulisi budi tentrimipun tatiyang alit baahipun
piyambak-piyambak, ingkang sampun kalampahan ingkang dipun parlokaken kajawi
amarsudi, kacepengipun durjana kecu, inggih punika anata bawahipun, ingkang badhe
amikantuki dhateng sariranipun pribadi, O kathah tatembunganipun ingkang murih
kodhengipun manah titiyang alit, supados lajeng miturut angasili dhateng pulisi wau,
pantes andadosaken panggalihipun ingakng kagungan kaajiban sanadyan dipun
wantu-wantu dhawuh undhang-undhang, tuwin sarana serat iber-iber ewadene maksa
dereng kalampahan maksudipun ingkang badhe anentremaken tiyang alit, mongga ta
kagalihya saking telasipun tembung kadamel mendhet bau sukuning tiyang alit
ingkang tamtu kajawi pasthinipun damelanipun piyambak.
Kenging tandang tulung sataun kaping 3 gugur gunung sataun kaping 2 kulijiyat
mnawi wonten pandamelan kaeteg risak wah gugur gunung yen wonten krsa dalem
ingkang sinuhun tedhak ameng-ameng ingkang mawi dhawuh dhateng pulisi, wonten
malih genipun damel tembung dhawuh geger celeng:
Lo sumonggaha sinten ingkang saget jarwani tembung geger celeng wau, ewa
sapunika pulisi, delasan demang panatusipun ingkang boten wanuh kalih kalamangsi,
maksa saget anegesi kados sami gadhah bau sastranipun mila boten paiben manawi
konca alit kalampahan wonten ingkang tilar padhusunan, tuwin indhaking sakitan
ingkang sami wonten ing kitha kitha, ngantos kadhawuhakenpara bupati sageda murih
sudaning lampah kadurjanan, anyakedhikna pasakitan, supados dados tentreming
tiyang alit, badhe mikantuki yen sageda kalampahan, nanging pamanggihipun ingang
nampeni sulaya sanget, bokmanawi gadhah garunengan makaten, (Iyah durjana oleh
ebi sasuda priye, jaba durjana remeh aja di ukum: utawa wong nyolong cangkem
karut saking luwene wong cilik cupet budi akale).
Lo punika gen kula manah malah ing panampi mongka kanjeng parentah wau boten
pisan pisan murih kendho lampahing pulisi, nami katingal sih kawelasanipun dhateng
kawula alit sarta murih tentremipun dhateng sawarnining tiyang isining nagari,
tandhanipun kawula alit ingkang sakit kaparingan jampi, ingkang kakirangan tedha
kaparingan uwos utawi arta, kados ingkang sampunkalampahan tiyang ingkang
gadhah batih 5 sapangandhap kaparingan arta 6 rupiyah kaparingan uwos ½ dhacin
ingkang gadhah batih 6 sapanginggil kaparingan arta 8 rupiyah kaparingan uwos 1
dhacin, saha dhawuhaken sami kaanggeya, paitan anyambudamel, supados saged
dumugi mongsa panen mila sampun boten kirang palimarma, ing ngatasipun ingkang
ngasta praja naming para ingkang angampil panguwasaning padhusunan taksih dereng
saget anetepi dhawahingkang sampun dipun sanggemi, sami murih atentrem ing
bawahipun pamuhi kula para nayaka: sami wunguwa ing panggalih murih
tentremipun tiyang alit bokmanawi saged suda kawontenaning durjana.
Katur ing dinten Salasa kpaing 11 wulan Jumadilawal ing warsa dal ongka 1807. Ra
Sa Ma Wa.
=================\=====================\==============\
Panjurung ing Bramartani
Kula apitaken dhateng Mas Sastramiruda, kados ing ngandhappunika, kadospundi
mas menggahpakurmatanipun ing bagda garebeg mulut taun Dal punapa kabekta
miturut padatan ing jaman kina kimawon, punapa pancen kabekta saking angering
karaton jawi, dene pangraos manawi badhe mungel kagungan dalem gongsa sekaten,
solah bawaning tiyang, kados ngoregaken nagari, ageng alit nagari miwahing dhusun
sami iyegipun.
Sangsulanipun Mas Sasramiruda.
Adhi yen dika takon bab bagda Garebeg sasi Mulud utawa Garebeg sasi Pasa, lan
bagda garebeg sasi Besar, mulane kaagem pasamuan gedhe, ing panjenengan dalem
gusti kula, ingkang sinuhun kanjeng Susuhunan niku miturut agama Jawi, luwih malih
bagda sasi Mulud ingkang nuju taun Dal, pakurmatan wiyos lan surude, gusti kanjeng
nabi Mukamat, kaya ingkang kasebuting Sadad sajarah kalimah loro, mungguh
pakurmatan gedhe ing dalem sataun kaping teluniku, yen karaton dalem ing Surakarta
ngriki, kawontenane ajad dalem gunungan, lan prajurit ingang padha drel sapa dene
kunthisi pakurmatane mariyem padha mawon, nanging Manawa bagda garebeg sasi
Mulut kacek ngnaggo, kinurmatan unining kagungan dalem gamelan sekaten, lan
kagungan dalem mariyem gedhe ing ngalun-alun muni sapisan, yen nuju bagda
garebeg mulut taun Dal wuwuh drel sarupane prajurit nelu rambahan, lan wuwuh
mariyem gedhe dadi muni kaping pindho, pakurmatan mariyem ing ngloji saempune
didongani ajad dalem, utawa wuwuh ajad dalem amumule, kanjeng nabi Mukamat,
Asah anwau sega , ingakng adang para ngulama, dangdange nama Kyai Wudha,
panjanganya ing Balwong, kanjeng Sempaya dalem miyos ing masjid sapanangkilan
dalem kadherekaken putra Santana dalem saha kanjeng tuwan residhen kalayan para
tuwaningkangsami sowan punapa dene kanjeng pangeran adipati arya mangkunagara,
saputra santananipun sami dherek wiyos dalem, kanjeng raden Adipati Sasranagara,
sakancanipun bupati jawi lebet sami anjarri dherekakenlampahing ajad dalem,
ingkang sinuhun rawuh dalem ing nmasjid, lenggah ing dhampar jajar kalih kanjeng
tuwan residhen, ontening Surambi ingkang direngga griya limas an alit, parlu
dhawuhan donganing ajad dalem mumule nabikitamu katam, sarampunging pandonga
wau, banjur abdi dalem prajurit ingkang padha baris kurmat drel rambahping 3,
sakumpeni kumpenine, disauri mariyem ing beteng ngloji, sarampung pakurmatan,
ing kang sinuhunn, dhawuh dhateng papatih dalem ambage ajad kados adad,
tumunten kondur saking masjid, tindak dalem tumurun saking undhak-undhakan
surambi, ingkang sinuhun angandika uluk salam, abdi dalem kanjeng kyai Mas
pangulu, sakancanipun Olami sami anjawab, dene awite sarupane, ingkang padha
bukak took, utawa ingakng dodol ditata, lagi telung bagda mulut niki, unine kagungan
dalem gongsa sekaten loroniku, lagi kawit bagda garebeg mulud dal niki, ingkang
wau gongsa kalih rancak adi sak pagongan kiduling gapura ngrika.
=============\=============\================\========
Kula pitaken dhateng Mas SAstraMiruda
Lo mas cariyos sampeyan manawi bagda mulut taun Dal, mawi kinurmatan mariyem
saking beteng ingngloi, punika punapa sampun adatipun makaten, kalih sampeyan
nyariyosaken ungelipun kagungan dalem gongsa sekaten naming mungel sarancak,
wonten pagongan sakidulipun gapura masjid, lah griya pagongan ing salering gapura
punika, punapa damelipun, sarta sakondur dalem saking Surambi, sampeyan dalem
ingakng sinuhunl punapa lajeng kondur angadhaton, punapa mawi kendel lenggah ing
sitinggil malih.
Wangsulanipun Mas Sastra MIruda
Omg sarawuh dalem ing sitinggil ingkang sinuhun lenggah siniwaka ing bangsal
manguntur malih, kaya adapt bagda garebeg ing taun Dal, dene bab pakurmatna
mariyem ing beteng niku, lagi caritane, ing sajumeneng dalem ingakng sinuhun
kanjeng susuhunan Pakubuwana kaping IV ingkang wau yen nuju bagda Garebeg
Mulut taun Dal, pakurmatan rampunge andongani ajad dalem, kagungandalem
mariyem ing ngalun-alun, utawa mariyem ing sitiggil padha diunekake, ingkang
nyumet prajurit sarageni,lan prajurit galagala, inggih punika setabel bongsa kulit
pingul, dadi ing sakniki mariyem beteng niku, minongka lirune mariyem ing sitinggil
mungguh kagungan dalem gamelan sekaten, caritane ingkang wau dhasar ming
sarancak, ingkan gsak niki ditabuh ing pagongan saloring gapura, dene ontene sekaten
dadi loro, ingakng yasa sampeyan dalem ingkang sinuhun Pakubuwana kaping 4
mungguh omah pagongan ingkang lor, nalika dereng onten tuwan tuwan mawi panata
asisten residhen, pangagenge bongsa Walandi, ing karaton dalem nagari Surakarta,
pangkatipun Oprup, dereng mawi songsong, manawi nuju bagda Garebeg mulut taun
Dal, tuwan Oprup sapanunggilanipun para tuan tuwan Walandi, dherek wiyos dalem
dhateng masjid, nanging boten lajeng lenggah ing Surambi, sadangunipun ingkang
sinuhun, jenenging nggenipun dongani ajad dalem, siniwaka wontening Surambi wau,
tuwan Oprup sapanungilaipun, sami ngentosi wonten ing griya pagongan, Manawa
sampeyan dalem badhe kondur dhateng sitinggil para tuwan tuwan walandi, lajeng
methukaken tindak dalem, wonten tarup sangajenging taratag surambi, naming tuwan
oprup ingkang majeng wonten sangajenging undhak-undhakan lajeng angandthi asta
dalem ingakng sami anjajari boten owah kados nalika wiyos dalem
Taksih wonten candhakipun bab swaraning gongsa sekaten.
==========\==============\==============\========
Ingkang sampun kacriyos ingkathah, para durjana ing tanah Italiye kathah ingkang
ambekta utami, ananging awis kados bonggol satunggal anama Talariko, saking
ambekipun kasatriyan asring dados pangauban para meskin utawi tyang ingakng
kasangsaran pramila sanget kaajeng-ajeng dhaeng para meskin ananging dados
satrunipunpara sugih, awit punika asring kapatrapan amarnekaken pituwas
saklangkung kathah.
Anuju satunggal dinten pryantuningakng kagungan pasitening kalabriyah anama
Baroka, sampun kasusra kasugiyanipun kapeksa marnekaken arta 1000 wukat bilih
boten kalampahan talariko badhe damel kapitunan ttiga, baroka sampun sumerep
saupami boten anglaksanani, pangancam-ancam punika badhe kalampahan nunten
amarnekaken sapanepanipun talariko, arta samanten wau boten nedya kadamel
pangasilan piyambak naming badhe kangge pisungsunging tiyang ingkang sami
kasangsaran.

Ing ngandhap punika anyariyosaken kapurunanipun:


Talariko pinuju lumampahing pareden kaandhek dening Kenya satunggal sarwi
awicanten melas asih, o Talariko kula punika badhe kawinan kaliyan pun Giyopani,
sanajan tanpa bektan giyopani ugi purun saupami wontenna wragadipun awit kyai
pangulu boten purun nganwinaken tanpa wragad, wangsulanipun, iya, engger,
yenkowe karo pacangamu mengko bengi emoni aku ana saburining masjid bakal tak
tekani panjalukmu, sasampuning wicanten makaten talariko nunten anglajengaken
lampah, ing wanci dalu kang among lulut sampun manggen ing panggenan kang
tinuding, angentosi talariko sarwi asenik-senik, boten dangu talariko prapta tan
saronta lajeng anggobyak kontenipunkyai pangulu, ingakng gadhah griya anyapa,
sapa iku, wangsulanipun, aku talariko, Kyai pangulu pitaken sarwi gumeter,talariko.
Wangsulanipun, iya talariko, dhawuh marang sira angrupakna tuwit 100 wukat.
Kyai Pangulu misuhur kumetipun sampun anggraita badhe manggih kasusahan bilih
anyukengi, mila lajeng enggal angulungaken arta sarwi gumeter, sareng arta sampun
katampen talariko lajeng wicanten sarehningmengko wis ana kang digawakake,
dhawuh ku bocah loro iki kawina, lalakon iki dadiya pangeling-eling ing tembe aja
lenggana ngawinaken wong meskin.
Patrap makaten au sampun rambah-rambah andadosaken marinanipun nagari,
ananging tanpa damel nagari anggenipun amurih kacepengipun Talariko nunten
andhawuhaken ganjaran ageng dhateng sintena ingkang saged angladosaken talariko
pejah utawi gesang.
Sreng sarana makatenpunika ugi tanpa guna, nagari lajeng bedhami kaliyan talariko,
kapurih manggen wontening pundit ingkang dipun senengi anangin angesrahana
basanipun ingakng antep sampun ngantos anglampahi kados ingkang sampun, talariko
anyanggemi,milih pulo ing Lepari,nalika taun 1855 imah-imah salajengipun
lestantunnedha anakaning artanipun kemawon.
=============\ \\\\\\\\\\\\\\\\\\\\=====================
Lampahan Aeng
Anuju satunggal dalu wonten tyang andhodhog kontenipun dhokter Broka, sareng
kawengakan wonten satunggal tyang dhusun badhe kapanggih kaliyan dhokter Broka,
tyang dhusun lajeng kabekta malebet anunten mratelakaken bilih ingkang estri sakit
dadakan kemawons arta angajeng-ajeng kausadan dhokter Broka, Ing mongsa punika
jawahipun salju nuju deres pagriyanipun tiyang dhusun wau tebihipun antawis
lampahan tigang jam samanten punika dhokter Broka boten mawi biih nglampahi
kwajibanipun saksana aken nganmbili kuda,let sadasa menut nunten mangkat tyang
dhusun lumampah ngajeng, dhokter anjojog sawingkingipun nalika samanten peteng
andhedhet sakedhap sakedhap tyang dhusun anyepengi apusipun kuda, supados
dhokter Broka sampun ngantos kasasar, ameng-ameng makaten punika sampun
sawatawis jam dangunipun sampun langkung tengah dalu, dados sampun celak
dhusun ingkang dipun purugi, tyang dhusun sigra andhingkluk lajeng nyimpang margi
alit dhokter katilar, dangu anggenira anganti-anti, tyang dhusun boten wonten
wangsul, dhokter lajeng aceluk-celuk ananging sakiwa tengenipun ngriku boten
wonten sabawanipun tyang kang mangsuli. Jawahipun salju saya deres tuwin asrep
anjekub wekasanipun dhokter arsa nglajengaken lampaha anurut radinan anjok ing
dhusunan ngantos dangu anggenipun pados pondhokan lajeng angsal sepengan ing
griyanipun pangagenging ngriku, enjingipun dhokter lapur dhateng pulisi bab
lalampahan ingakng nyalawadi punika, saha lajeneg mantuk pagriyanipun pyambak
wekasanipun titipariksaningpulisi elok sanget, makaten kawontenanipun.
Tyang dhusun wau mentas tetumbas saking kitha, kadalon anggenipun mantuk, tyang
dhusun punika limrah gugon tuhon sakalangkung ajrihipun dhateng dhemit ingkang
saba dalu bilih nuju mongsa bedhidhing, asring ambebeda dhateng tyang lumampah
ijen kadadosanipun tyang dhusun wau ajak-ajak tyang kapurih ngeteraken ananging
boten kadugen kajengipun nunten manggih akal angapus krami dhaten gdhokter
Broka, api-api bojonipun sakit kapurih sarenga lumampah kaliya piyambakipun,
sareng sampun celak griyanipun dhokter katilar salajengipun boten dipun openi, sang
dhokter wau dados kalebet ing paekan.
Dhokter Broka sareng kacariyosan makaten lajeng gumujeng latah, Brabrastha
dukanipun boten nedya amrakawis dhateng tyang dhusun wau.
==========\=\\\\\\\\\\\================
Panjurungipun Mas DArmasanyata boten kapaak awit warninipun naming badhe
angwentaraken saweneh tiyang, ingkang punika saweg angungasakenelmu
padhukunan tuwin pangasihan mongka makaten wau ing jaman sapunika ingkang
cepak naming anandukaken apus.
Juru ngarang.
===============\ =\\\\\\\\\\\\\\\\=\\\\\\\\\=\\\\\\\\\\-\
Punika candhakipun cariyos pejahipun Dasamuka’
\\Mijil\\ Peksi Manyura sembadeng warni, abagus kinaot, aparigel anteng pangigele
lamun muni unine kapinrih anganggep ngakoki, marmane ngunguwung. Rama Wijaya
ngandik malih, eh ta yayi katong,mungguh ing sira apa karsane, yayi barang kang
kumelip iki, apa ta kinanthi, myang pinisah iku. Prabu ngalengka umatur raris,
pukulun sang katong, kinanthiya bilih tanpa gawe, aran sami tinitah pribadi, punika
sor nenggih, ing manungsa luhur. Ewa punika nuwun pun patik ing sabda sang
katong, sri Bthara Rama andikane, iya uwis kanyatahan ugi, prandene kang luwih, pan
kabeh kinukup. Kang satengah mengkana denying aling, kaloreyaning ngong, tambuh
tambuh iya kang rinampe, during tamtu badane sawiji, yeku ngrurubedi, tan wan
karya kuwur. Kang saweneh yayi ana angling, panggawe mangkono, bener pane kudu
cecebuce, sapa kang den arsa karsa malih, liyan manungseki, kang tinitah luhur.
Upamane kulub tanpa ragi, cemplange karaos, yekti pedahana raagine, pan mangkono
ana muwus malih, yen mangkana yekti, endi beneripun. Prabu ngalengka matur
wotsari, tan kenging pinadon, dadya temah saseneng-senenge, samya amrih
kautameng pati, pati kang patitis, tatasing pangawruh. Wonten pandhita kuwat atapi,
sataun angalong, tapa ngeli sataun lamine, pan sataun angon surya yekti, parandene
mati, anitis ing kuwuk. Kang makaten paran kadipundi, sanget salah enggon, daya
lamun saras sakuwuke, kuwuk pileg lawanmengi gering, mung kang den adhepi, pitik
duk tumurun. ARsa nubruk kawenangan nuli, ginebug ing lodhong, kalesedan putung
boboyoke, dadi rubunganing rare cilik pandhita niwasi, makaten pukulun. Paran
kamurahan batharadi, punapa tan yektos, genga brata mekaten welase, warti barang
titah Bathara di, barang ingkang pinrih, yen emen tinemu. Narendra rama ngandika
malih, yayi kang mangkono, during guguru iku yektine, during duwe panganggep
kang yekti, kasusu sumuci binguka dalurung. Mila datan kena ginagampil,
waluyaning layon, ika mau kasiku semune, bangeting tapa kinibir yekti,marmane
kuwalik, dadak dadi kuwuk. Tur kuwuk kepileg sarwi mengi, tiwase kalakon, denya
masthi tan mawi sumondhe, barang karya yayi niniwasi, pomadipun eling, reh
nyamadeg prabu. Kuneneg kangnganggungkalangen margi,mrih waluyeng layon,
sang maruta suta inglampahe, sampun kalampahan ingkang weling, pan samargi-
margi, rinusuh karuruh.
Ongka 23 Kemis kaping 6 Juni 1878

Kabarkawat saking tanah ERopah


Berlin, 2 Juni prabu ing Dheitselan kacidra malih, ngantos kataton ingkang tumama
gatri tigangdasam ing sirah, ing bau tuwining pungkuran ingkang sami lajeng
kacukilan utawi boten amutawatosi, ingakng anyidra sanalika lajeng angangkah
sampurnaning badanipun.
==========\=============
Menggah wawartos ingpaprangan dereng gumathok saweneh serat pawartos
angwedharaken bilih Enggelan sampu nmirantos anggenipun badhe mangasah
dhateng Ruslan saweneh malih angwedharaken bilh anggenipun mirantos wau
sampun ragi kentho, awit kalempakanipun para nata nunten badhe kalampahan
kacriyos wonten ing Dheitselan ing kitha Berlin Benjing tanggal kaping 16 wulan
punika. Cundakanipunpara praja ingkang badhe anyarirani para nata dereng kawartos
ing namanipun ingkang sampun kawehdaraken saweg saking praja sakawan ing
dheitselan kanjeng pangeran Bismark anyarirani prajanipun saha ingkang kapilih
anjejeri kalempakan wau, ing Enggelan Lorenbekonsepil tuwin Grapsalisburi, ing
Ostenreik Grap Andrasi, ing Ruslan Grap Suwalop. Kanjeng Pangeran Gorsekakop
tuwin Jendral Inyatip kakalih wau nayaka ing Ruslan boten kacariyos bilih badhe
kautus dhateng ing Dheitselan,para prayagung ingakng kasebut ing ngajeng wau
sadaya sampun kondhang ing triloka, ing wegig tuwin kalantipanipun wasis angereh
obah-osikipun praja liyan inggih punika ing tembung walandi binasakaken politik.
===============\================\
Kulawisudhan
Tuwan A.Y. Sepan asisten REsidhen ing anagiri, kaelih dhateng ing nagari
(Surakarta)
Tuan F.L. Watendhorep asisten residhen ing Batang, Pakalongan kaelih ing Bangil
Pasuruhan.
Kalerehaken sakin gpasuwitanipun Raden Panji Wiranagara wadana ing Bangkalan
Laut Madura
Raden AStrakusuma, wadana jaksa ing kabupaten Banyuwangi, ing mangke kalilan
angangge nami Radne kUsumamijaya
Kaangkat dados
Wadana ing Bangkalan Laut Raden Darmasastra, wadana ing Balega laut Madura.
Wadana ing Balega laut Raden Ariya SAsranagara, Mantri Aris ing Kamal Madura
Wadana ing manggar Demak mas Martawijaya, mantra Gudhang kopi ing Banyubiru,
Ambahrawa.
Wadana ing manggul pacitan radenDipadimeja, jaksa ing Pacitan
Onderkolektur ing Kudus Jepara, Mas Kartawijaya, wadana ing Singen kidul
Semarang
Patih ing Kabupaten Galuh, ceriton Raden Demang Dhendhadirja wadana ing Penjalu.
Kalerehaken saking Pasuwitanipun bawah Sidhehin Litnan Cina ing Pacitan
Raden Tumenggung Mangundirja ing Kabumen Bagelen ing mangke kalilan
angangge nami, Raden Tumenggung Arungbinang
Kaparingan tatenger ing Kautamen
Warni madhali jene dhateng mayor Cina ing Surabaya, TEbungkeh
Warni madhali salaka dhateng pun Wiryawijaya, tiyang mangindhung ing Surabaya
Warni madhali Bronse dhatheng parmadirana tuwin dhateng arsamenggala, ingkang
wau bekel ing PTuwaton tuwining Kalijurang, Tegal.
==============\===================\
Surakarta
Awit saking pitedahipun konca metengan pulisi saged anyepeng pandung julig
kakalih, ingkang satungggal awasta pun Ambiyah, ingkang satunggal awasta pun
Kecil tiyangkakalih wau ingkang dados wiri ing loji wetan sareng panggenanipun
sami kagaledhah ingkang kapanggih sadaya dadosanipun para tuwan tuwan tuwin
sagombyok sorog palsu. Sanadyan etangipun konca tatanen jawahpancen sampun
kandel ing dhusun-dhusun kiwa panengenipun ing nagari, jawhipun taksih wonten
ingkang angreceh, mandar ingnagari wonten kawan dinten punika, jawahipun inggih
saben sonten wah deres sanget pramila saking pawartosipunkathahpantun ingakng
tiwas.
==========\=================\===========
Yogyakarta
Kanjeng Tuwan REsidhen adhawah dhateng Raden Adipati supados angraksaha,
sampun wonten tiyang Cina amanggen ing panggenan ingkang dereng katamtokaken
dados dudunungipun punapa malih amanggen ing dhusunan boten pisan kalilan bilih
dereng kaparengaken ing kanjeng tuwan residhen.
Ing dhusun Badhoyo wonten tiyang estri arencang lare, medali jabang bayi sampun
mawi untu sawelas wonten ingakng kados siyung sakawan iji, saking cariyosipun ing
bapa, nalika piyambakipun nonton topeng, sanget anggenipun agugujeng buta.
Saking pawartos ingakng terang nunten badhe wonten para kanjeng pangeran ingkang
badhe apalakrami, satunggal badhe kadhaubaken angsal putra dalem putrid, ingkang
miyos saking garwa dalem kanjeng ratu kancana.
=============\=================\=============
Sampun lami anggggen kul akadunungankarkat badhe asumengka ing atur bab
pamanggih kula, ing kawontenanipun sasampunipun wonten pranatan dalem bab
utang apiuang, ingkang kadhawahaken nalika tanggal kaping 9 wulan siyam ing taun
Je, ongka 1798 sanadyan nalika andhawahaken pranatan wau, naming amurih
arjanipun nagari sak isenipun ananging tumadukipuning nadil maksa dereng timbang
awit bilih wonten abdi dalem anyambut anggenipun damel pratondha boten anetepi
pranatan wau, punika manawi ngantos kasereg ing pangadilan prakawis lajeng
kaebrakaken kemawonterang bilih nagari naming ambungganaken dhateng ingkang
anyambutaken sampun boten karsa anggalih icaling yatra, utawi boten karsa
angudingani lepatipun ingkang damel pratondha, angggenipun amahanerak pranatan
wau, pramila kula akamipurun amastani, bilih tanduking Adil ing lalampah makaten
wau dereng timbang, menggah kagalih sasampunipun pranatan dalem kaundhangaken
dumugi ing sapunika,, sampun pinten pratondha ingkang kaparingaken wangsul
dados pinten kemaown yatra ingkang ical anuwhaken pangrasulaning kawula, punapa
ingggih nagari angideni icalipun yatra ingkang tanpa serap saking pamanggih kula
makaten punika, kosokwangsulipun sakedhik-kedhika boten angal awit nagari angudi
sanget dhateng sirnanipun kadurjanan punika naming dumunung anggenipun angraksa
darbekipun kawula,pramila panerakin gpranatan dalem wau, punapa boten pantes
kaewokaken dhateng lalampahan kadurjanan, makaten undhangipun pranatan dalem
saestu kapasrsahaken dhateng para kawadanan supados kawradinaken dhaeng para
kalerehanipun piyambak piyambak ados tiyang kedah anganggep bilih para abdi
dalem sadaya sami sumerep pranatan dalem wau, mongka wekasanipun wonten abdi
dalem ingkang anyambut namungpratondha boten anetepi pranatan dalem inggih
wonten kemawon pawadanipun dhateng awicanten dhateng ingakng badhe
anyambuti wong mung rukun dhewe mawon nganggo sowan parentah, ampeyan
empun wanuh teng kula, rak enggih pitayane among dhuwit samonten mawon
sakijuweting pambujuk utawi asring asring wonten ingkang katindhih ing reh, inggih
lajeng angsal anggenipun ayambut kadadosanipun dumugi ing janji katagih mubeng
gayeng, wekasanipun inggih kalajeng boten anyaur, lampahan makaten punika
punapa sanesipun kalihan apus. WEkasanipun mugi sampun anuwuhaken dukanipun
para wajib anggen kula acumanthaka sumundhul ing atur kasebut ing nginggil punika,
lepat bilih kul a katmipurun amestanana, manawi nagari dereng anggalih wewhipun
pranatan dalem wau, apatrap paukuman dhateng ingkang amaha nerak naming
panuwhun kula mugi nunten kadhawahna.
Kaserat ing Cipta Arja amarengi wulan jumadilakir tanggal kaping 4 Ing taun Dal
sangkala tinengeran atur kombul kaesthi ing gusti: Panjurung.
Pun Tepa.
==========\==============
Kalawan suka bingah ing manah kula amacak panjurungpunika, amargi suraosipun
naming amurih wewah atentreming nagari, wah malih wewahipun pranatan dalem
kados ingkang kawdharaken ingpanjurung au, saking pamanggih kula badhe boten
anggempalaken menangipun paparentahan.
Jurungarang.
===========\=================
Candhakipun bab waraning gongsa sekaten.
Pitaken kula dhateng mas Astramiruda, kados pundit cariyos sampeyan bab sudanipun
ungele kagungan dalem gongsa sekatn teka sampeyan wastani kirang tabuh punapa
wonten tatimbanganipun tembung ingkang kaladuk ing tabuh.
Wangsulanipun mas Astramiruda.
E adhi mulane onten tatembungan kurang inggih wonten timbangane kaladuk,
ananging ingkang jimrah padha ngangggo, konca nayaga utawa dhalang tumrap
dhateng panabuhing gamelan, saka pangandikane suwargi gusti kula kanjeng
pangeran Arya Kusumadilaga, yen pinuju raosan kalih para karerehane, wiyaga utawa
dhalang, ing bab panabuhe gamelan Manawa gamelan wau kurang bobot kudu kurang
tabuh tegese lirih panabuhe, yen ngantikaseron panabuhe masthi swarane agor,
Manawa gamelan kaduk bobot kudu kaduk paabuhe, yen nganti kalirihen panabu wau
amasthi suda serenge, mulane swaraning kagungan dalem gamelan sekaten ing
sakniki suda untae, sarta boten anyupak serenge kaya saben ingkang empun kalakon
amasthi lirih panabuhe, sabab abdi dalem wiyaga, ing amngke nabuh gamelan roro
ingkang wau sekaten sagendhing niku ingkang nabuh niyaga loro dadi bias ngantepa
nabuhe supaya metu serenge amarga kagungan dalem gamelan sekaten wau dhasar
wujude gedhe kandel mulane Manawa di tabuh seru untase swarane:
Kula pitaken dhaten gmas Sastramiruda
Saupami mas bab panabuhipun gongsa lami kados ta gongsa siyem bondhan
sapanunggilanipu akaliyan gongsa inggal damelan ing sapunika punapa sami ugi yen
tipis kedah ririh panabuhipun manawi kandel kedah dipun tabuh seru.
Wangsulanipun mas Astramiruda
Niku adhipadha mawon janji gamelan kandel kudu seru panabuhe, kurang lawas napa
kagungan dalem gongng monggang kyai surak, nika yen nabuh kudu tangan roro
diantep sakayange upama ditabuh tangan siji boten bias muni, saking wujude gedhe
kandel, mulane saben sagendhing monggang, wiyos dalem garebegan, wiyyaga
ingkang nabuh konca nenem gagenten ingkang lumrah mung kelar kaping telu
ingkang kawilang rosa, kelar nabuh kaping nem abdi dalem wiyaga kabeh boten
wonten ingkang kelar nabuh kaping sapuluh, tur niku nganggo di dhawuhake: sinten
wiyaga ingakngkelar nabuh kyai surak rambah kaping rolas boten gagenten diganjar
munggah ing pangakte yen wiyaga jajar banjur dadi panglawe mengko ten saurute
nanging dereng onten ingkang kalakon kelar abuh rambah kaping sepuluh, jabanalika
ingkang sinuhun Pakubuwana kaping IV niku rayi dalem ingkang nama Kanjeng
pnageran Arya Mangkubumi nuju miyos dalem garebeg nyuwun lilah nabuh kyai
surak kuwawi nabuh sagendhing di asta piyambak.
====\==============\===============\
Kula pitaken malih dhateng Mas Astramiruda
Ing sarehning sampeyan tate suwita ing panjenengan dalem kanjeng paneran Arya
Kusumadilaga pamireng kula kanjeng pangeran Arya Kusumadilaga suwargi punika
kawartos ahli dhateng gongsa utawi ringit wacucal sasaminipun, punapa dene
kacariyos angsring kanjeng pangeran wau, angringgit gedhog purwa, ngantos dados
tuladhaningpara gusti ingkang remen angringgit, punika mas punapa sampeyan
sumerep dhateng pathokaning pun tiyang ngringgit wacucal, supados sageda ngringgit
sae, sabab pamanah kula sami samiya bngsa lelangening praja, ringgit wacucal
punika, kangge nagari miwah ing dhusun, wontening ngarsaning gusti, tuwin
griyaning tatiyang alitpangraos kula smi kimawon, nanging owel dene dhalangpunika
boten masthi gadhah pakem lampahan ringgit, langkung malih dhalang ing
padhusunan manawi ngringgit sakajeng-kajeng ipun piyambak, mongka ing jaman
sapunika lelangen ringgit wacucal wau boten ngemingaken bongsa jawi kimawon,
sanajan para tuwan tuwan bongsa walandi tuwin bongsa cina kathah ingkang sami
remen ringgit wacucal saupami wonten ingkang saged anganggit pakem lampahan
sasuluk gendhingipun utawi pocapan sabanyolanipun punika iba-iba suka senengipun
inkgang seja saget anglampahaken ringgit, saestu sok tiyanga sampun mirsa pakem
wau lajeng saget angringgit, sarta badhe boten tilar pakem ingkang sampun kaagem
ingkaraton,
Wangsulanipun mas Astramiruda.
O dhi bener karep dika saupama onten ingang karsa nganggit pakem lakon wayang
purwa, kang bias genah sagendhing suluke, resik pocapane, tekan banyole pisan niku
pasthi sinten ingang maca pakem wau: kaya kaya banjar bias mayang, awit wileting
pocapan kanthi ugering lelakon ingkang rinembuk, sanajan banyolan wau, kagawa
cucude ingkang mayang, ananging onten uga ugere ingkang den arani banyol ajeg,
niku banyol saksat ugering lelakon, tegese sawiji-wijininglelakon kang pancen kudu
nganggo banyolan ajeg wau, ananging pangira kula boten sok dhalanga bias nganggit
pakem kaya karep dika niku, yen boten ahli kasusastran utawa ingkang saged
angringgiyt jangkep ugering padhalangan, jaba taksih ya gusti kula kanjeng pangeran
arya kusumadilaga,layake botenkaweken, sabab pangandikane sawarga kanjeng yen
wong kang pengin bias mayang, ingkangg di arani becik akeh pathokane kang kudu
diweruhi, yen kula boten pisan pisan bias anggayuh, dene nggon kula bias kondha
plencat-plencat niki ngeling eling cariyos sakajeng wau.
Kula pitaken malih dhateng mas Sastramiruda
E, inggih leres sampeyan pasaja boten pisan pisan andungkap ugeripun padhalangan
tiyang pancen dede dhalang saha naming miring catcatan sangkingpangandikanipun
kanjeng pangeran Arya Kusumadilga, witne kula punika tiyang dhusun tebih sangking
praja, boten midhanget pisan-pisan sangking bab pdhalangan wau, ewadene sangking
remen kula ningali ringgit wacucal, tuwin kapengin sumerep ugeripun tatiyang
ngringgit prlu kula saben miring wonten tiyang nanggap ringgit wacucal ananingali
boten tebih tuwin rekaosing margi ing galengan kalampahan kathahkonc
dhalangpunka ingkag sami kula kulinani ananging kula teka saged angsal saserepan
kados ingkang kula kajengaken punika boten, sanajan ingkang kula pitakeni
dhadhalang ingkang sampun sepuh, inggih meksa ura kimawon saserepanipun, tangeh
yen miturutapakem ing karaton malah angsring wonten dhalang wau ingkang boten
pirsa aksara, dede en ngringgit punika naming manut lampahan ingkang sampun
dipun engge bapa kakinipun kimawon, ewadene nggenipun ngringit inggihsaget
pajeng, ingggih sangking jumbuh ingkang nanggap kalih dhalangipun, yen ta dipu
pirsanana ugeringpadhalangankaos ingkang mangartos boten kadugi ningali, mila yen
sampeyan dhangan mas cobi kula sampeyan dhamangaken bab pakem lampahan
ringgit purwa, kapratelakna sagednhing pathet tuwi greget sautipun, ingkang sampun
limrah kaanggge ingjaman spunika, tuwin ugering tiyang ngringgit ingkang pancen
kedah dipun sumerepi inggih sadungkap dungkapipun pamanggih sampeyan, benjing
manawi kula mantuk dhateng dhusun kenginga kula damel angsal angsal dhateng
sobat kula dhalangingkang taksih nem-neman, sokur yen sampeyan saged damel
tuladha pakem ingkang kantun angangge kimawon supados kula saged
anglampahaken ngringgit.
Wangsulanipun Mas Sastramiruda.
Inggih adhi pryoga, yen dika jaluk sumurup ugere wong ngwayang, ingkang kudu di
sumurpi, utawa tuladha pakem lelakoning wayang ingkang empun mupakat di agem
ing karaton, naming bab patokon dika, lelakon annggitan ingkang resik sagednhing
pathetane, niku kula dereng bias genehi tuladha sak niki, marga lagi kula ngupaya
tatilaran swargi kanjeng pangeran ARya Kusumadilaga, kula rumiyin diparingi
tuladha pakeming kari nganggo kimawon, Manawa empun katemu kula wenehake
dhateng si adhi, dene ingkang samangke pakem ingkang kula anggge tuladha punika
lampahan konsa, napa dene kula pratelakake ugere wong amayang sapatrape bakal
pamayange, lan araning suluk utawa greget sauté, napa malih unggah-ungguhing
pathet bakal tampaning gendhing pawayangan ingkang kanggo sawengi kaya
pangandikane kanjeng pangeran arya kusumadilaga dhateng kula ing ngandhap
punika.
Punika dhawuhipun kanjeng pangeran ARya Kusumadilaga dhaeng ingkang ngabdi
nama Mas Sastramiruda.
Sastramiruda: Yenkowe arep weruh, pathokane wong amayang: akeh ingkang kudu
disumurupi, sanadyan gamelan salendro iku: kena katamtokake, ing dalem sawengi
ginawe rambah telung pangkat, kaya ta gendhing pathet nem kanggo jejer, adeganing
wayang kapisan tekan wayah tengah wengi, tumuli genti gendhing pathet sanga,
tumeka wayah jam satengah papat banjur ginantenan gendhing pathet manyura, nganti
sabubaring lelakon wayang, ananging anauga yen nuju kadhatonan, utawa paseban
jaba, utawa babak unjalan pancen isih pathet nem nyilih gendhing manyura, kagawa
denign pantese wayang kang bakal jinejer, ananging ingkang kena sinilih mau
gendhing dhamanyura gedhe, amarga tunggal tibaning gongane, dadi kena isih
dipatheti nem, dadi gendhing ing pawayangan iku ora ajeg mung krawitan iku kang
ajeg kanggo ing jejer. Sanajan suluk utawa grget sauté iya warna-warna, ana ingkang
manut gendhinge ingkang mentas muni saweneh warna-warnaning suluk kagawa
surasaning wayang ingkang disuluki, ingkang ngajeg iya ana, kaya suluk pathet nem
gedhe kanggo yen jejer suluk kloloran kanggo kadhatonan, suluk lasem kanggo yen
mentas jaranan suluk tutur kango yen wayang susah utawa mati, greget saut mau iya
rupa-rupa, kang ajeg iya yen jejer greget saur ada-ada arane, loro greget saut asta
kosala, raras barang miring kangggo yen arep wayang mangkat jaranan, utawa yen
nuju prang kembang, bangbang manahiku suluke greget saut padha astakosala, liyane
sulukan greget saut ingkang wistak tuturake, padha ora ajeg, mulane paitane wong
amayang iku, kudu lebda marang gendhing lan ing sabisa-bisa, kudu netepi ugering
padhalangan. Taksih wonten candhakipun.
Ongka 24, Kemis kaping 13 Juni 1878

Surakarta
Nalika Akad kapengker punka kanjeng tuwan Mattes rEsidhen ing Menadho, ingkang
wau asisten residhen ingnagari ngriki, bidhal dhateng Semarang badhe andugekaken
tindakipun dhateng Menadho, ingkang angateraken dhateng ing setatsiyon ngriki
kalebet kathah, kanjeng tuwan residhen kanejng gustipangeran adipati ariya
mangkunagara mawi kadherekaken putra Santana sawatawis para gusti Santana dalem
ingkang sinuhun kanjeng susuhunan sarta para tuwan tuwan tuwin nyonyah-nyonyah,
sareng sampun andungkab mangsanipun bidhal tuwan asisten REitenbah angaliraken
esthining manah,bilih sae kakap li kalihan ingkang sami karsa angateraken asung
wilujeng dhateng kanjeng tuwan Mattes saha amanmuji mugi tindakipun lastantuna,
sarta kaarsa-arsa nunten sami sageda kapanggih malih, pancenkathah ingkang asih
dhateng panjenenganipun kanjeng tuwan Mates jalaran anggenipun pradhahing
bojakrama, dadosa dhengah tiyang boten awing-awangen asowan sampun saestu bilih
tiyang ageng kagungan watak regu, para alit inggih sami anebih.
Nalika tanggal kaping 7 wulan Juni punika kanjeng pangeran Ariya Nusumayuda
karsa anengeri wiyosanipun taunan dene panjenengan dalem kanjeng gusti pangeran
adipati anom kadherekaken para kanjengpangeran sanesipun, saha kanjeng tuwan
residhen kadherekaken tuwanmilitere komandhan tuwan asisten residhen tuwin para
tuwan tuwan sanesipun sami karsaha anjenengi pasamuan wau, mengggahkonduripun
wanci pukul kalih dalu, kanjeng pangeran Ariya Kusumayuda ing mangke tetep
yuswa 64taun.
Nalika tanggal kaping 7 juni punika ing Ceper wonten rare jaler watawis umur 14
taun kalindhes kareta sepur sukunipun kalih pindhah tugel jalaran anggenipun
amethukaken rawuipun bendara, saking bingahipun boten saronta angantosi
andhegipun ing kareta,lajeng anglunjak konten bdhe kawengakaken ananging kapleset
suku kalih pindhah dhawah sangandhapipun rodha.

Kalayan suka bingahing manah kula awawartos bilih sampun andadosaken parenging
karsanipun kanjeng tuwan ingkang wicaksana guprenur jendral aparing tatengering
kautamen warni medhali jene, dhateng raden mas adipati ariya Condranagara, bupati
ing Kudus saha ing sratipun kakancingan kanjeng tuwan besar mawi amrasajakaken
regepipun dhumateng raden mas adipati ariya condranagara, sanadyan prayantun
taruna ananging raden mas adipati ariya condranagara pancen sampun kathah
labetipun serat serat ingkang kanggenipun maalani dhateng bongsa kula ing tanah
jawi, inggih kathah ingkng sampun katedhak ing tembungipun saha sampun sami
kaecap sarta kaparingaken saking kanjeng gupremen dhateng pamulanganipun tiyang
jawi, punapa malih ing rembag rembag manggepokan prakawis ageng, katawis ing
secatuhunipun.
=============\===============\=\\\\\
Yogyakarta
Kanjeng tuwan Residhen sampun andhawahaken pranatan bab pajaginan ing
padhusunan ingkang saking pawartosipun bilih kalampahan ing satemen-temenipun
saestu andadosaken rejanipun ing padhusunan.
Tuwan Lamres ing dhusun waringin kadhatengan kecu, ananging saking tatagipun
konca ingkang jagi, durjana boten saged malebet, wonten tiyang dhusun sepuh
satunggal ingkang kaleres jagi, angirid kancanipun tiyang gangsal punika ingkang
sami amapagaken durjana,ingkang lajeng sami wangsul sareng katututan lajeng buyar,
sarehning mongsa petengan dados ical lacakipun, tiyang sepuh wau boten
sapindhahpunika kemawon anggenipun anadhahi dhatengipun kecu, naliika ing
kembang arum wonten kecu, inggih tiyang srpuh wau ignkang mandheganipara
tiyang, ingakng sami ananggulangi dhatengipun kecu, owel sanget bilih nagari boten
anggalih, angganjar tiyangingkang makaten labetipun tangeh sanget bilih upados
tatimbanganipun awit sakdangonipun bawah ing Yogyakarta kaambahing kecu,
dereng sapindhah wonten cariyosipun bilih konca jagi wonten ingkang purun
ananggulangi dhatengipun durjana, ingakng kathah kathah samipating jarundhul
upados dhelikan terkadhang ngan mandar wonteningkang sigedheg kalihan si
andhuk, pramila tiyangingkang pantes dados tuladhanipun ing kathah, prayogi
kaparingana tatenger,punapa malih nagarikados boten kakilapan dhateng
pikantukipun ing ganjaran.
=======\===================\=============\
Surabaya
Nalika kanjeng tuwan ingkang wicaksana guprenur jendral alerep wonten ing
Surabaya, amaringaken tatengering kautamen dhateng pra ingkang kasebut ing
ngandhap punika;
Warni Madhali Jene dhateng bupati ing Surabaya, amargi anggenipun amahalani ing
tatanen tuwin ing sabarang kriya.
Warni madhali jene dhateng bupati ing Surabaya, amargi anggenipun amahalani ing
sabarang kriya.
Angggenpun amaringaken madhali dhatng pun Wriyawijaya, nalika kanjeng tuwan
besar tindak dhateng masjid ing Ngampel dene tuwan ekretraris jendral mawi
angandika dhaeng pun Wiryawijaya, anjeliraken sapiten ajinipun tatenger wau,
ngantos mulung dhateng tiyang mangindhung, pramila angajeng-ajeng mugi lalampah
punika adadoss tuladhanipun ing ngakathah, sasampunipun bupatilajeng anyambeti,
angandika dhateng para priyantun ingkang sami wonten ing ngriku, supados
animbanga sapinten ajinipun ganjaran punapa malih ingkang dhumawah dhateng
tiyang mangindhung, angajeng-ajeng mugi sadaya priyantun anelakaa ing
lalampahanipun Wiryawijaya awekel dhateng kawajibanipun amajeng
ingpangudinipun dhateng indhaking badan supados ing tembe saged anuwuhaken sih
katrisnanipun para ageng, lajeng asung wilujeng dhateng pun Wriyawijaya, angajeng-
ajeng mugi anak putunipun ing tembe wonteningkang anuruni lalampahanipun
ingkang ngantos anjalari nugrahaning badan kados ingkang dhateng piyambakipun.
=========\===============\=================\=============
Panjurung Bramartani
Ingkang dados pangunguning manah kula, para tiyangingkang sami pados
pandamelan dhatng nagari punika,kajawi ingkang sumedya beberah, saestu boten
mawipirantos utawi tanpa paitan arta, dhangsul titiyang ingakng sumedya sasadeyan
punika tamtu kedahmawi apawitan arta, saha mawi pirantos, kados ta titiyang estri
ingakng sade wedang serbad kalih tatedhan punika pirantosipun, kendhil siti
satunggal ngiras damel godhog wedang, lajengkadamel ider,kendhil wau mawi dipun
pirantos I salanngkenging dipun angking, tuwin mawi cidhuk candhthing alit
mangkok tiga, tampah satunggal kadamel wadhah tatedhan, pirantos makatenpunika
pancen wonten ingkang gadhah dhsar kasaosaken yen wonten ingkang karsa nyewa,
sewanipun ing dalem sadinten 2 sen, dene pirantosipun sade cao punika sewanipun
sadinten 4 sen, menggah ingkang sade saoto sewanipun bekakakas sadinten 6 sen,
denten bab paitanipun samangsanipun sampun dhateng ing nagari sami nyambut arta
bobodan, kaetang ing dalem arta 2 rupiyah, pendhak sonten nicil suwang sawulan
pundhat manawi sampun jangkep sawulan tiyang ingakng sami sasadeyan wau
sampun ngangge paitan artanipun piyambak, denten ingmangke sabin tanah mekenan
kidul ingkang tanem pantun genjah wanci meteng, ingkang tanempantun lebet wanci
gumadhung tuwin mapak wujudipun tanem katingal prayogi,langkung malih eginipun
wos mirah, ingakng andadosaken tambah katentremanipun paratiyang alit, uwos
ingkang pdhak sabethaking regi 55 dhuwit ingakng uwos kobre sabethakan, 50
dhuwit, yen uwos wuluh sabethakan regi45 dhuwit,kawitipunmirah tedha ing wulan
Sura kang kapengker punika ngantos samangke, mirahing tedha ingkang
sampunkaariyos wau, andadosaken ngunguningmanahipun para tiyagn mekenan
ingkang sami tandho pantun, sabab gadhah kaengetan bab pantun sanadyan wulan
siyam dumugining wulan besar kaetang sampun pajeng, ciptaning manah tuwin
ngandat awisipun tedha ing padhusunan punika, yen taneman pantun ing sabin
sampun wani mapak dumugi panenipun pantun gendjah, rehning katungka wedalipun
palawija kathah, tuwin pantun gaga inggih tulus mila lajeng mirah tedha damel rugi
ingakng sedya tandho pantun, saking pangintenkula kados mongsa punika, mirahipun
tedha lestantun dumugi benjing panenipun tnah mekenan,margi tanah sanesipun
mekenan sampun kathah pantun sepuh, kados ta tanah sakilen bayat sapangilen
ingakng saleripun lepen dengkeng,pantun sampun katingal jene.
Ingkang dados pauhi pangujap kula,mugi mugi para parentah galiya bantosaning bab
dhawahan ing pundit-pundi lepen ingkang sakinten sageting manggah toyanipun, yen
kalampahan manawi saget mewahi kaarjaning padhusunan.
Katur ing dinten Saptu kaping 24 wulan Sapar warsa Alip ongka 1803. Katandhan
Kawula Waspada.
=\===============\=====================\================
Panjurung cariyos dhusun bawah Surakarta
Tatiyang ing padhusunan tanah Pajang utawi tanah Sukawati, ingkang sami
amongtani ananem pantun rendhengan taun Je ongka 1806 panenipun wonten
salebetipun wulan Jumadilawal warsa Dalpunika ongka 1807 manawi ningali
wedalipun ing pantun anglangkungi lema, kabekta katiganipun dangu dados siti saget
bungkak,rendhengipun wiwit jawah tanpa labuhan lajeng gebyagi mawon,
andadosaken gampilpanggarapipun sabin, tuwin para tani sami cipta suka bingah,
kayektosan sareng anyebar wiji pantun lajeng lestantun lema, meh sipat tiyang
ingakng sami nyebar wiji, swami tirah jalara saening thukulanipun ing wasana
pangajeng-ajeng ipun para among tani wau lepat kawontenanipun sabin tadahan
sabin sorotan tuwins abin inggadhon sanadyan wujud wedalipun pantun lema sami
nyuda isinipun ingkang nuu bekja boten saget bekta mantuk pisan jalaran sakng
lemaing tanem sareng mrakatak lajeng sami rebah, dados sami gandhor, dene ing
mangke regining pantun mirah sanget ingkang saes pantun cempa 1 gedheng 50 sen
pantun wulu ingkang sae 1 gedheng 70 sen pangaosipun uwos taksih kalebet pajeng,
ingkang uwos pethak sabethakan 40 sen uwos kober 1 bethakan 35 sen uwos wuluh
1 bethakan 30 sen ing peken dhusun masaran kidul saben pekenan pangraos kebak
tiyang sami anguyangaken pantun prakawis pulisi wilujeng kasarasanipun tiyang alit
salong wonten ingkang ginanjar sakit benter tis, sabawah dhestrik masaran ingkang
lapur naming 40 tiyang, mugi para ingkang sakit wau lajeng sami kaganjar saras,s
ampun gnatos kasusulan cariyos sasakit malih dene amamelas tiyagning padhusunan
nalika rendhengan taun JImawal ingkang daweg kapengker punika enggeninipun sami
nanem pantun boten saget kamedalan jalaran rendhengipun kirang jawah ing sapunika
saget medal boten tulus jalaran mrakatakingpantun taksih kagengen jawah.
======================\==========================\========
Boten etang ingkang badhe kula cariyosakenpunika upai ngalem legining gendhis:
anyaremi sganen, ananging kedah kula lairaken ugi mahalanikasumerepaning
ngakathah.
Menggah kamemetanipu para dhokter, anjampeni sasakiing manungsa, sampun
kathah kimawon kayaktosan mulya dening usada dhokter wau, ananging ingkang
dados pangunguning manah kula, banjampinipun sakit katrapen, mongka sam-samiya
sakit, 1 pelnthing, 2 pathek, manawi boten kaleresan sanajan boten tiwaspejah, inggih
mlarataken dhaeng gesanging manungsa,kados ta angewahaken dhateng sipat tuwin
cotho boten sagetangupajiwa, wonten jampiingkang sampun limrah dipun anggge ing
tatiyang bongsajawi, sok wontena tiyang sakit katrapen dipun usadani prusi, inggih
saged saras nanging sangkit sanget raosing jampi wau sakit kathah tiyangingkang
boten tahan, ing saupami katrap wau dipun papas punika sang saya aniwasi,monga
bongsa tiyang jawi meh kenging katamtokaken rare utawi tiyang sepuh asring sakit
cacaren tuwi katrrapen sanadyan ing nagari Surakarta sampun lami kawontenanipun
dhokter dereng wonten ingkang sakit katrpenparlu kadhogeraken, sabab ing sawiining
priyantun wonten ingtakng thukul katrapipun dipun jampeni dening dhokter inggih
boten saget tumunten saras, nalika tuwan dhokter Herlop anjampeni sakit katrpen
jampiniun warni toya dipun opyok-opyoken yen raosiun boten sakit ananging inggih
dangu mulyanipun, sarengkula sumerep tuwan dhokter Korbin anjampeni prayantun
dhukul katrapipun punika jawi kaopyok-opyokaken yen raosipun boten sakit ananging
inggih dangu mulyanipun,s aeng kula sumerep tuwan dhokter Korbin anjampeni
prayantun dhukul katrapipun punika jawi akopyok—opyok ing toya katrap wau mawi
dipun gegering saben enjing pinggiring katrap dipun cublesi tatah uter, ingkang dipun
angge sungu, yenkakrap wau sampun katingal abrit lajeng dipun jampeni warni
galepung pethak, inggi saget lajeng saras nanging raosipun sakit.
Mongka pairing kula awit tuwan dhokter sakit, anjampeni tiyang sakit katrpen
raosipun boten sakit inggal mulya, saeng tuwan dhokter kornelis punika pinuju anak
kula saweg umur 22 wulan sakit katrapen, watawis dhungkulipun katrap wau wonten
30 thukuling babonipun wonten ing bathuk, punika kula suwunaken jampi, dhateng
tuwan dhokter Kurnelis, dipu paringi salep wujutipun biru, saking welingipun saben
rare wau entas akaparingan jampi rambah kaping kalih ingkang kantun saweg kangge
sapara tiganipun anak kula sampun saras tilasipun katrapan pamawi belang cemeng,
tirahipun jampi kalih bageyan wau dipun damel jampeni bubul inggih saras kula
pitakeni raosipun jami punika sakit punapa boten, aturipun rare ingakng bubulen
raosipun boten sakit. Sanadyan resik pangumbahipun inggih boten karaos
merkinding, malah gadah raos lemes. Wonten malih rencang kula paksa ima punika
katrapen kula sukani jampi tiahan kantun sapalih dhus inggih lajeng saras rehning
tiyan sampun sepuy, mawi ngeres linu,sadaya ros rosan sami karaos sakit, kapinujon
wonten sadherekipun angsal manyawak, agengipun ing gigiripun saweg
satengahpunika dipun sukakaken dhateng pak Saiman, sareng pak Saiman nedha ulam
manyawak dereng ngantos telas manyawak satunggal, babalungipun ingkang kraos
sakit tuwin jimpe sami saras ng sapunika sampun pulihkakuwatanipun dipun angge
nyambud damel baberah, tumut malu tiyang pandhe, ing saben dinten boten wonten
ingakngkaraos sakit.
Mila mugi-mugi anambahana kaluhuraning kaprabon dalem, gusti kula ingkang
sinuhun saking karsa dalem anyarasaken dhateng kawula dalem ingkangsami
nyandhagn sakit, sami kalilanyuwun jampi dhokter. Katandhan Pak SAsada.
==============\================\===============\
Candhakipun bab swaraning gongsa sekaten aturipun mas SAstramiruda.
Kawulanuwun ingkang dipun gelengaken panunggilanipun suluk utawi greget saut
punika pinten punapa wastanipun, saha dhawuh dalem babak unjalan punika punapa:
Dhawuuhipun kanjeng pangeran.
Ingkang diarani suluk kawit pathet nem 1 pathet nem gedhe,2 pathet nem cilik, 3
pathet lasem, 4 pathet kedhung, 5 suluk koloran, 6 suluk Tlutur, liralirune suluk nem
bab iku manutpantese wayang ingkang dipun suluki sajroning pangkat kapisan.
Pangkat pindhopathet sanga 1 pathet jengking, 2 suluk sendhon Elayana 3 pathet
sanga, pangkat ingakng kaping telupathet manyura, 1 pathet manyura cilik, 2 pathet
manyura gedhe, 3 pathet engking manyura, 4 suluk Astradatan manyura cilik, 5 suluk
sastradatan manyura gedhe, 6 suluk tlutur barang miring.
Dene greget saut pangakt sapisan, 1 ada-ada 2 greget saut nem gedhe 3 greget saut
nem cilik, 4 greget saut astakosala,
Pangkat kapindho,1 greget saut sanga gedhe, 2 greget saut sanga cilik,pangkat ping
telu 1 greget saut manyura cilik 2 greget saut manyura gedhe.
Dene ingkang aran babak unjalan, yen nuju jejer utawa adegan liyane, maka ana
wayangkang teka, muni gendhng utawa ladrangan iku arane babak unjalan, dene
pangakt telu mau manawaseleh tampane manut sakarepeingkangmayang, inking
ginawe tondhaiya awit teka ing pathetan,mulane wong mayang iku, kudu bias
akasembadan wiyagane ingkang padha nabuh, ora bisane kasembadan kabeh,
ugerepanggender 2 pangrebab 3 pangendhang, 4 pangegong, nayaka papat iku
ingkang kudu dadi kanthining dhalang.
Aturipun Mas Sastramiruda.
Kulanuwun ingkang dipun wastanicariyos pagedhongan punika, punapa ginem
salebetipun kadhatonanan, utawi ingakng dipun wastani pangagalan kalih prang
sekar tuwin prang sampak punika kados pundit, saha dhawuh dalem bab niyaga,
ingakng kedah dipun pilih, parlunipun panggender parngrebab pangendhang
pangegong, maka sami-samiya nayaka nabuh gong sapunika kula manah remeh
piyambakpunika kadospundi wiwijanganipun.
=============\================\================\
Dhawuhipun Kanjeng Pangeran
Ingkang diarani carita pagedhongan niku, dudu pocapan kedhatonan, endi carita
lelaoning wayag oranana wujude, iku diarani kocap ing pagedhongan dadi ora
sawiyah lakon di ucapake padehongan pancen ana lelakoning ayang ingkang nganggo
carita kocap ing pagedhongan mungguh ingkang diarani prang gagalan mau, iya ora
sawiyah lakoning wayang nganggo prang gagalan, kudu ana pancene dhewe,lelakon
ingkang nganggo prang gagalan, dene prang kembang yen wis nganggkat salin pathet
sanga prang buta utawa liyae, kang nganggo papati, ora jejer iku diarani prang
kembang, yen kang aran prang sampak iku, endi prang ingkang wekasan dhewe,
utawa banjur kalumpukan bubar iku prang sampak, tegese prang gagalan mau, dene
prang ora nana papati upamane sawiji lelakoning wayang mau, ana ingkang
paprangan sawengi pisan tanpa papati, iku kena di arani tanpaprang kembang kabeh
iku kalebu prang gagalan.
Patakonmu baleyaga, kokira ingkang nabuh gong iku ora susah amilih bener yen
tumrap niyaga nabuh liyane gamelan wayang, dene yen niyaga padhalangan malah
malah rada parlu, awit dhalang amayang iku yen nuju carita, gunemaning wayang,
utawa greget saut ingakng angrewangi panggendere, kudu jineman utawa griming
bakal greget sauté.
Sasmitaning dhalang anjaluk gendhing, utawa seleh gentining pathetan, iku nayaga
pangrebatb ingakng nampani, dene sesek tambaning irama nayaga pangendhang
ingang nandukake, utawa kendhang iku minongka ototing dhalang, amarga tindak
tanduking wayang, sanadyan sajroning paprangan ingang ngendhang kudu ngawasake
kang sarta anggemblaki, mungguh nayaga ingkang nabuh gong kudu angengon
marang sasmitaning kendhang nalika agem blaking wayang, luwih maneh sesek
landhunging iraa, sanajan sajronign paprangan utawa suwuke, iya kudu angrungokake
swaraning kendhang, mulane tak arani uger, upama yen sajroning gamelan muni
playon kempule juju utawa gendhol iya bubrah ake kang adha nabuh, gelis e wong
mayang yen niyaga, kang nabuh gender, rebab kendhang utawa kempul during kulina
nabuhi wayang, iku wis ora bias becik pamayane.
Aturipun Mas Sastramiruda
Kawula nuwun ingkang dipun wastani gongsa ayak kayakan, utawi plajengan punika
punapa, manawi kaengge ing paringgitan kadadosaken pinten pangkat ing dalem
sadalunipun.
Dhawuhipun kanjeng pangeran
Gamelan wayang ingkang diarani playon iku pancen kanggone ginawe, anabuhi
wayangperangan utawa yen nuju wayanglumaku anglurug, cengkoke kaya ayak-
ayakan ming kacek seseg iramane, dene arane plaon ma iya miturut apa pathete, kaya
ta pathet nem playone 1 playon tanggung pinjalan 2 palyon kanggo perang gagalan.
Pangkat ingkang kaping pindho, yen wis wayah tengah wengi, gentipathet sanga,
playone sanga gedhe loroplayon sanga cilik, padha kanggo wayangperangkembang,
iramane mundhak sesege katimbang karoplayon nem, manawi swayah jam telu, yen
ana wayang perangan utawa mangakt anglurug ikuplayone diarani srepegan sanga,
seseging irama iya mundhak sawatara, tinimbang perangkemabgn mau.
Pangkat ingkang kaping telu yen wis wayah jam satengah papat nyandhak pathet
manyura iku playone iya manyura iramane, wuwuh sesege sawatara, katimbang
srepekan sanga mau.
Dene ingkang diarani gamelan wayang ayak-ayakan ugere miturut pathet utawa
suluke aran lan cengkoke ayak-ayakan ikuwarna-warna, sairib kaya gendhing seje
aran iya beda cengkoke, pancen kanggone ginawe gamely wayang lumaku,seseg
tambaning irama ora tamtu,manut apa sakatepe ingakng mayang, murih prayoga lan
kapenake goe anindakake wayang.
Pangkat kapisan 1 ayak-ayakan enm gedhe, 2 ayak-ayakannem cicik 3 ayak-ayakan
lasem 4 ayak-ayakan anjangmas, 5 ayak-aayakan tlutur.
Pangkat kapindho 1ayak-ayakan sanga gedhe 2 ayak-ayakan sanga cilik 3, ayak-
ayakanjengking.
Pangakt kapign telu 1 ayak0-ayakan manyura, 2 ayak-ayakan sastradatan.
Aturipun mas Sastramiruda.
Manawi amirit dhawuh dalem bab tandukipun tiyang angringggit, katimbang
kawontenanipun ing sapunika, saestu awis ngkang netepi paugeranipun padhalangan,
pamireng kula tiyangingkang sami nglampahaken ringgit yen sampun bibar perang
sekar sang sanipun manawi plajengan irama lajeng kasesegaken me sami kalihyen
plajengan perang sampak, sarta pamireng kula ayak-ayakanipun boten pisan jangkep
kados dhawuh dalem wau
Taksih wonten candhakipun.
================\=====================
Ongka 25 Kemis kaping 20 Juni 1878
Kulawisudhan
Raden Mas Ariya Pakuningprang, Kapitn ing Wadya Pakualaman kaangkat dados
pangeran.
Kaangkat dados Maor Kapitan Ek
Tuwan W. Lihput asisten REsidhen ingSukabumi Prayangan kaangkat dados
residhening Bagelen.
Tuwan G.R.LUkardhi, Asisten REsidhen ing Brebes Tegal kaelih dhateng ing
Kendhal Semarang
Kaangkat dados Asisten REsidhen ing Brebes TEgal tuwan H.F.Y. kanterpiser,
ingakng wau asisten REsidhen ing Juwana Japara
Laangkat dados ajung Insepktur ing Pangawikan jawi, tuwan Y.Y. Panlimbureh
Braower.
Amargi saking gerah kasandekaken pangangkatipun tuwan Milokangowe, dados
Residening Bagelen.
Amargi saking gerah kalilan seleh tuwan K.W.H.Lihput Asesten Residhen ing
Kendhal Semarang.
Kaangkat dados asisten Residhen ing Wanagiri tuwa Pangnurdhen ingkang wau
asisten REsidhen ign Lumajang.
Kalilan pamit dhateng tanahERopah Kolonel ng Generalen Setap tuwan Peiper.
Kaparingan lerehingpangabdinipun mawi kalulusakening pangkatipun wadana, raden
cakradiwirya, wadana ing Karangkobar, banyumas, kaangkat ddos wadana pangulu
ing Magelang, Kedhu, Mas Mohammad Jaid ingkang wau pangulu ing Ngisanan
bawah Magelang.
Kaangkat dados wadana ing Jember Besuki, Mas Nitisastra, ingakng wau
namugnkaampilan pangkat wau.
Amargi saking sakit kaparingan lerehing pandamelanipun mas Kartawireja, wadana
ing rajamandhala, Prayangan.
Kaparingan lerehing pandamelanipun mas ARtadireja, wdana ing kitha Semarang
Kaangkat dados wadana pangulu ing Landrad ing Prabalingga, Raden Kusumawinata,
pangulu ing Tongas bawahPrabalingga.
Kaangkat dados wadana ing Cawi Gebang, Cirbon mas Sujana sastra, jaksa ing
Indramayu.
Kaangkat dados wadana ing Karang KObar, mas sumareja, ingkang wau asisten
wadana ing ngriku
Kaangkat dados wadana ing Ngambal Mas Surareja, ingkang wau jaksa ing
Kuthaarja.
==\=====================\==============\===========
Kulawisudhan ing Mangkunagaran
Radne Mas Suyadi putranipun Kanjeng Pangeran Ariya Gondasuputra, ingkang
sampun dados ?SErsan Plonter, abdi dalem prajurit wiratana, kawisudha dados
Twedhelitenan sarta kapatedhan nama, Radne Mas panji Wirasuputra.
Surakarta
Kalayan suka bingahing manahkula asung uninga dhateng para ingkang sami amaos
serat Bramartani, bilih tuwan Jonasportir sampun angsal sastra enggal pramila benjing
ing kemis ngajengpunika serat wau badhe kaecap kalayan sastra enggal ingkang
punika mugi andadosna parenging karsanipun ingkang sami maos.
Jurungarang
================\==================\=========
TEGAL
Ing kampong Tegalwangi wonten tiyang estri rencang lare medal kembar,anangng
lare kembar wau dhempet dados badanipun naming satunggal endhasipun kalih, bau
sakawan suku inggih sakawan menggah tiyang ingkang nonton saben dinten anggili
kemawon saweneh wonten ingang ambekta sekar konyoh kados adapt saben ingakng
kathah mawi angsung yatra, kala rumiyin ing tanah Eropah ugi wonten tiyang kembar
saking ing nagari Siyam ingkang anontonaken wujudipun ananging boten dhempet
punika kenging kawastanan gandheng, ing wetengipun wonten dagingipun ingkang
agandheng tiyangkembar wau, mandar sampun badhe katarekahpara dhokter ingkang
wegik wegik ing kawruhipun daging wau badhe kapagas ananging wekasanipun boten
siyos awit daging wau kados salumbugnan lampahipun ambegan. Tiyang kembar wau
ngantos umur 40 taun mandar saki imah-imah, sumongga sami kabatos kemawon
lampahipun anggening salakirabi wau.
=============\=================\==\\\\\\\\\\
Seselan
Wonten tiyang jaler mentastangi tilem asambat bilih sayah sanget ingakng estri
amangsuli kapriye oleh mu turu sawengi ngaceput ora nglilir,kathik asambat kesel
kang jaler sumaur iya bener ananging sawengi aku angimpi angusungi bata ora
kemput kemput.
Nalika amarengi dinten Pambikakipun pagelaring barang kriya tuwin sanesipun
ingkitha Pareis punika tiyangingkang sami aninalikakinten kiranglangkung saking
500000 kathahipun dene kareta ing dalem satengah jam ingkangdhateng kathahipun
19088 dereng angetang sanesipun pirantos awarni-warni ingkang sami unjal ambekta
tiyang ingkang sami aningali.
===============\====================\
Pambatang cangkriman
Ing sanadyan sampu lami boten wonten latipun anggen kula ambatang
cangkrimaningkang tumrap bramartani ongka17 kemis kaping 25 April taun 1878
mawi katandhanan dening Padmasucipta, awit ing sawau kula naming ngentos
dhumateng pryantun ingkang dipun tuju, inggih punika pu Sastradirengga, ing
sarehning dumugi samangke pun sastra Adirengga andilep kemawon mongka kula
punika watak boten sabaran, dados anglumpati dhumateng kumecapipun
sastradirengg, leres lepat masaborong dhumateng panggalihipun padmasucipta, kados
ngandhap punika.
1 Konca mandhung, suawi kula aturi budi, katandhan Kumaki.
=====================\\\\\\\\\\\\\\\\\\\===============
Kula sampun amaos serat Bramartani ongka 23 bab panjurungipun Tepa, punika
inggih leres, sokwontena tiyang nyambut yatra tamtu tepangklayan sae, tembungipun
rerukunan sae, sareng dumugi ing prajangji, mendheng kelek, lajeng sumbar kapurih
gugat, punika punapa sanesipun kalayan tiyang ngapusi, ing mongka ingkag gadhah
yatra wau dereng nampeni dhawah yen boten kenging nyambutaken yatra,tuwin
ingkang boten adhah dereng nampeni dhawah, yen boten kenging nyambut ytra,
saking kinten kula ing tembe boten wonten tiyang rerukunan sambut
sinambut,sababingkang gadhah yatra ajrih nyambutaken kaliyan tiyangingkang boten
gadhah.
Kula pun Yakim.
=============\====================\==================
Panjurung Bramartani
Pened kinasmaran dening, sangyanging kang para janma, yan sarasa seger awake,
berngangang karan santosa, katon ayeming driya, nadyan kerep pakatutuh, myang
miskin mring bondha beya. Taksih katon marek ati, seos lan tatiyangkanang,
amenggrik raranen bae, aclum cahyanpun biyas, yawn kawawas sangsaya, anglayung
ulate sebut, nadyan sugih raja brana. Raja kaya kebo sapi, myang asliluhuring
pangkat, tan mengini lamun tinon, sarira sawangkunarpa, pramilane sayogya,
angudiya mring pangawruh, kang nuduhken kasarasan. Isarate nybg abutum ysadatab
jebebg ribggam rubyryg kab nydgabgatemjanyrwat tuvabubg bgibggam wut nabybgsa
tabjebam bantijajebubg sarasuoybm mila ing sakadarira. Amardi lawan marsudi,
anglimbang miwah angreksa,lire amargi tegese, sabarang panjoring lampah, pinrasudi
mrih dadya, tinimbang mudhangatipun, lawanpraboting sarira. Angreksapancen
pinanti, ya jiyat pangreh ng ngongga, den pakena sapapane, tinimbang tibaning
ngawak, sampun kirup babasan, kadya ing reh budhug-dhumuk, mamakmu takari
wuntat. Ing kabudayan tan uning, angler ujaring saloka, andaka ngrurah sarine,
angleka tan wrining pringga, murinana sasarweca, puwara amanggih dudu, dadakan
karya wigena. Yeku tepanireng dhiri, kadadak wirondanira, dumadi sedyane kecer,
kathekeran mrih waluya, kacocok bengengesan, dreman ambarbar panggunggung, tan
wrin lukitaning basa. Yawn takwantahing budi, beda lawan prasarjana, kathah pating
clekuthike, baud anamun surahsa, ambabitken ukara, lerege tarap aturut, maweh
dirganing asmara. Witneyan among mamanis, wilet luwese araras, meh mehmrucuten
raose, karoban gita laela, sinaroja basarja, widagda mamalad kalbu,mardaweng tyas
manuhara. Nahen wuryaning palupi, ngatasing minta usada, pathokane kacariyos,
parlu piandeling manah, ping ro pamulasara,ping tri sasirikanipun, duk dangu wus
kalampahan. Nyataken ngandeling galih, wonten ingakng nandhang roga, angundang
dhokter sedyane, usada kanang pininta, kawah hyang maring tuwan, muhung jampi
urus-urus, dupi dhokter wus amriksa. Cocok lan kawruhireki, urus-urus jkang
usada,tandya wrogoh kanthongane, amendhet potlod lan kertas, sinrat saparlunira, ing
sasampunipun rampugn, kalepat annuli lunga. Kang sakit datan matrti, yan serat
dadya sorogan mring marobat parane, aestu angsal tetomba, rusurun kang pininta,
nging dhokter sawaunipun kalimput sajroning nala, Sung serat datan ameling, kinen
dhateng kamarotat, adya kang minta jro tyase, paran dhokter den teka, kapintanan
usada, mung srrat pawewehipun, kalepat annuli lunga. Karya wagu gening galih,
tambane teka sapala,panamungkertas semene, masataora iyaha, wit mau sun wus
jarwa, minta jamu urus-urus, ananging susah ing mana. Kapriye ggon ku ambukti
kajaba lawan tarekah, dalancang laju dhineplok kalayan sinungan toya, dupi ajur
sadaya, pineresan ngantos apuh, toyane dinekeken gelas. Den inum lajeng dalinding,
mencretan sahmuncrat kekeling driya agaweok, idhep palamun mangkana, tan susah-
susah manah, angundang dhokter ing mau, weru atambane kertas.
Taksih wonten sambetipun
Arya Manungkara.
===============\==================\
Panjurung saking Klathen bab alun kalakuhanipun lurah para estriingkang pancen
tdhah karsa, boten prayogi kapacak sarehningparalurah makaten wau kalebet ing
rereksanipun pulisi, pramila lampahanipun lurah ing Klathen anggumunaken.
Jurungarang.
=================\=======================\
Punika candhakipun swaraning Gongsa Sekaten.
Dhawuhipun Kanjeng Pangeran
Iya bener gonmu angarani wong ingkang padha amayang sanajan dhalang, iya maksa
owah tanduke, lanora bias netepi ugere, jalaran kurang sambada karo nayagane, ing
sapatine panggender si Jlamprang during ana nayaga ingkang bias gender
dadikanthining dhalang tegese anykupi ing sparlune angenderi wong amayang,
apamanehpanggenderwonglanang, iku sang reyageseh, awit wong lanang mau najan
bias marang gendhing gender, utawatrampilweuh pancen thuthukaning gender bias
wijang genderan kang lungguh ing tabuhan pancen dijejelang rakep sriwilan
pancerlomba lan adu manis, utawa sampurna jinemane, ananging ingkang lumrah
panggender wong lanang iku, ingkang kapisan tanduke kau, kapindho tangane
tibaning gender antep,mulane pancengender iku kudu tinabuh nayaga wadon, sabab
oleh dhasar entheng ing tangane, sapa ingkang seja kapengi bias mayang padha
netepana ugering padhalangan, utawa amarlokna panggender ingang kulina nabuhi
wong mayang.
Kula pitaken dhateng mas Sastramiruda.
E mas bab cariyos sampeyan pakem lampahan punika kados pundit, kula sampeyan
sumerepaken.
Wangsulanipun, adhi patakon dika pakem lakoning wayang iku, onten ingkang
tinembungan pakem balungan, utawa di arani pakem dhinapur gancaran, pakem loro
kang bakal kula gawe tuladhaniki adhi, ingkang kagem ing kaaton ananging taksih
dereng sawiah wong bias banjur nglakoni amayang, amrga taksih akehgesehe,
mungguhpatrape ing pamayang,naming parluuruting kang padha jinejer, tuwin ancer-
ancer guneming wayang ingkang parlu.
Punika Balunganipun lampahan Kongsa angaben Sawung.
1. Jejer nagari Madura,prabu Basudewa,miyos siniwaka, ingkang ngadhep arya
Prabu Ugrasena, parekanmarak wurining nata, gunemipun anggalihputra tiga,
ingkang sami dipun gadhuhaken wonten dhusun ing Widarakandhang, kasaru
sowaniipun ingkang putra ingakng dipaten kakalih raden kongsa, gunem
nyuwun idi bdhe ngadegaken kambengan anaben jalma, ingkang dipun damel
sawung abdinipun kamisepuh yaksanama Sratimontra, saha sinuhun Madura,
karsa abiyantoni kalangenan ngaben jalma wau, sang nata pareng kongsa
pamit mantuk linilan dhinawuhan nyarantosaken pangabenipun sawung,
angentosi sang prabu badhe utusan angupdos swung, saunduripun raden
kongsa, arya Prabu dipun utus tuwinputra ingkang wonten ing Widrakandhang
ugrasena dipun utus ngupados swung sang naga lajeng kondur ngadhaton.
2. Raden Prameswari, Dewi maendra kalih dewi Badraini, konduripunPrabu
Basudewa sami methukaken lajeng lenggah satata gunem ajeg, sang nata
lajeng lenggah pamujan.
3. Ngadeg pasowan pagelaran arya Prabu Ugrasena, ingkang ngadhep patih
Saragupita, kalih prabawa, sami gunem andum damel lajeng mangkat kapalan.
4. Ngadeg ing kadipaten Raden Kongsa ingkang nadhep yaksa sratimontra,
paekan kalih ngadhep ing wuri, gunemipun mangke sampu kalilan karsanipun
bdhe ngaben jalma,lajeng miji punggawa yaksa tiga, dipun utus mundhut
palaralara, dhateng dhusun widarakandhang, bupati yaksamangkat bekta
prajurit kanthi Togog Saraita.
5. Ngadeg ing Widarakandhang, Ontagowa, kalih ingkang estri nama Nyai
Sanggupi, tiga anakipun nama laraireng, gunem ngajeng-ajeng suwanipun
ingkangsami kesah,kasaru rawuhipun arya Prabu kanthi saragupita, kalih
prabawa, ontagopa medal ing pandhapa gunemipun Arya Prabu dangu
radenKakrasanakalih Raden Nayarana, ontagopa matur,yenputra kalih sami
kesah boten kantenan jujugipun, ontagopa lajeng dipun
gebagi,sartadbinawuhan angupadosi aryaprabu tuwin patih sami kondur,
katungka dhateng ing danawa, caraka kadipaten, gunem mundhut anakipun
Ontagopa,lajeng prang gagalan, Ontagopa kasor, subadra dipun bekta mlajeng
nyai Sanggupi, angungsi manjing ing wana.
6. GAra-gara ngadeg pamadi wonen tengahing wana, ingkang ngadhep
panakawan 3 gunem kesahipun sampunlami boten pamit dhateng kadang-
kadangipun, semar ngajak mantuk pamadi boten purun, lajeng lumampah
kapanggih nyai sanggupi sarta raraireng, nedhapitulung nggenipun kinuya-
kuya ing yaksa, parta sampun kadugi,nyai sanggupi kesah, danawa dhateng
anedha subadra, pamadi ngekahilajeng prang sekar, danawa kasor pejah tiga
pisan, yaksa lit samilumajeng ngiring togog saraita, pamadi madosi subadra.
7. Ngadeg patapan ing Giripurna, bagawan Padmanaba, kalih Raden nayarana,
gunem sampu lami denirapuruita, pandhita sampun telas wulangipun kacakep
sadaya,resi padmanaba tinedha pejahipun suka, dipun prajaya ing Curiga datan
tumanma, nunten angulungaken sekar wijayamulya, kalih sanjata cakra, sarta
ameling yensempun ngemasi,lajeng ngabinswi kuwandhanipun , sapejahing
pandhita raden Nayarana medals akn gpatapan kapanggih raden Udawa dipun
jak mantuk udawa tinuduh jujug widarakandhang, nayarana dhateng Madura,
sareng sami lumampah simpangan wonten ing margi.
8. Ngadeg ing patapan Agrgasonya wasi jaladra agentur tapa, tinurunan ing
jawata bathaa Brama maringing neggala, sarta paring wangsit bab lampahane
raden Kongsa, jaladara dhinawuhan dhateng madura jawta mumbul dhaten
gkahyangan jaladara tumurun sakin gpatapan seja dhateng Madura, wonten
margi kapanggih raraireng, dipun waduli yen mentas binujeng danawa, lajeng
dipun potha-potha ing Raden Pamadi, jaladara nilarkang rayi seja manggihi
pamadi, sahantawis lampahipun kapethuk ing radennayarana, jaladara tinaken
pasaja yen badhe ngukum pamadi, Nayarana menggak jaladara maksa,
andugekaken sejanipun.
9. Ngadeg Pamadi tuwi Punakawan tiga, gunem kecalan lacak genipu madosi
laraireng, jaladara dhateng sareng sampun taken namanipun pamadidipun jak
prang aturipun ajrih, lajeng dipun candhak dhateng jaladra,nuntenprang
gagalan jaladara kasor nayarana mangsah pamadi sapunakawanipun sami
oncat, Jaladara Nayarana, Raraireng laeng dhateng madura, neja ningali
ngaben jalma.
10. Ngadeg tengahing wana Raden Bratasena kalih Raden Ugrasena, sami taken
tinaken pitnongka tuwin paranipun, Bratasena ngupadosi Pamadi, dipun tantun
katandhingaken Sratimontra purun, nanging yen saget unggul dipun
biyantonan gene madosi arjuna ugrasena samunanyagahi nunten mangkat
dhateng Madura.
11. Ngadeg nagari Madura, prabu Basudewa aryaPrabu guneman nggenipun
mirsani, putra ingkang sami dipun gadhuhaken ing Widarakandhang, nunten
dhaengipun Ugrasena,matur yen angsal sawung Bratasenadinangu matur
purwawasana nipun, prabu Basudewamiji prabawa kinen paring pirsa ing
raden Kongsa, yen sampun angsal sawung Arya Prabu Ugrasena sami
dikakakenmirantos pangabenipun bratasena, pinarnah salering pagelaran prabu
Basudewa badhe ningali saking sitinggil, aturipun sami sendika.
12. Ngade ing kadipaten Raden Kongsa, kang ngadhep ditya Sratimontra gunem
pejah e bupati Yaksa ingakng dhateng Widarakandhang, kasaru soanipun Patih
Prabawa, paring uninga yen kang paman ing Tanjunganom sampun angsal
sawung papan pangabenipun wonten ing ngalun-alun, prabu Mung
dursratimondra sampun dhinawuhan karsane raden Kongsa, lajeng undhang
wadya kdipati sami baris ing kiwatengening waringin kembar, raden kongsa
sampun budhalan sawadya yaksa sadaya.
13. ngadeg Arya Prabu Ugrasena, patih Saragupita kalih Prabawa, gunem agala-
gala dhateng Bratasena, lajeng dhawuh masang kendhang Prabawa ngaturi
uninga yen Raden Kongsa sampun mapan ing sangandhaping waringin
kembar, lajeng sami angungelaken galaganjur sami manjing kendheng
sawungkalih, raden nayarana ningali kalih raraireng, nanging boten saged
sumerep kaling-alingan raden Pamadi laraireng dipun ancik-anciaken dhteng
Raden pamadi, nayarana majeng nggenipun ningal, Sratimontra pirsa
jaladaraanilar mengsah nyuander jaladara kacandhak lajeng dipun saut
jangganipun, sratimondra dipun nenggala pejah kongsa lajeng tumurun saking
palenggahan nubruk Kakrasana, karangkut boten saged ebah, Narayana
tutulunglajeng cinandhak kalenggak kalih pisan dipun kakah ki dhateng
RadenKongsa,jaladra musthi nenggala kongsa dipun cocok jajanipun pejah,
wadya yaksa ngurbut bratasena tutulunglajeng prang sampak nunten sami
ngumpul, Pabu Basudewa, ARya Prabu, Ugrasena, Arjuna, raraireng,
Bratasena, jaladra, nayarana, lajeng tancep kayon.
14. Lo dhuwur niki adhi balungan lakon ingkang kula tuturake pancen ingkang
dede dhalang, kira kula taksi hewuh bakal panganggone amayang.

Atur kula dhateng Mas Sastramiruda


O Leres ingnginggilpunika sasat naming cathetan jangji cumanthel kemawon, manawi
sampeyan adhangan ingkang kawastan pakem dhapur gancaran mugi kapratelakna
supados kula saget animbang tuwin manawi sagedlajeng kaangge dhateng ingkang
dereng sumerep
Taksih wonten candhakipun.
Ongka 26 Kemis kaping 27 Juni 1878
Surakarta
Sampun rambah-rambah kula angemutaken dhaten gpara wajib babpatraping
lampahipun para tiyang ingkang anglampahaken grobag asrin-asring kula ningali para
tiyang wau sami tilem wonten ing grobagipun sanadyan amealiingpanggenan ingkang
ajejejl tiyangipun patrap makaten wau punapa boten badhe anjalaridhateng sangsara,
mentas punika wontenlare katunjang lajeng kagilesing grobag pejah ing ngenggen
punika ingkang lepat tiaygn ingkang anglampahaken grobag awit nalika grobagipun
anunjang piyambakipun wonten ing wingking grobag sanalika tiyanginakng
anglampahaken wau kacepeng ingpulisi,pangajengajeng ingkathah mugi tiyang wau
kapatrapan paukuman ingkang awrat supados anuwuhaken sirnaninglena ing
wingking, punapa konca pulisi tuwin konca ageningpulisi pancen boten saged
amambengi lenaning konca grobagan punapa aluwung agatekaken panggaledhahing
apyun peteng, embok bilih makaten wau kathah eres-eresipun.

Serat pawarti, orstenlandhen asrng asring anyariyosaken lare kacempulng ing sumur,
awit sakng kirang wawekanipun tatiyang ingang kampungan dereng lami ing dhusun
Tegalmaja bawah Ngaroh kabupaten ing Wanagiri, ugi wontenlare umur 3 taun adus
ing sendhang, kancanipun naming 1 ugi taksih lare, sarehning sendhang wau radi
lebet lare wau lajeng kaleleb andadosaken pejahipun, sumongga kagalih asinten
ingkang bdhe katempah, tur gampil tarekahipun amurih mambengi cilakan
makatenpunika, bilih nagari karsa andhawahaken dhateng para pulisi, supados
andhawahna kenceng dhateng para lurah-lurah dhusun amargerana sawarnining sumur
tuwin sendhang sendhang, saking pandugi kula saged sirna cilakan makatenpunika,
Aannging bilih namungkadhawahaken kemawoninggih tanpa damel kedah dipun
priksani kalampahanipun dhadhawahan wau,punika rak inggih kalebet wajibinpun
pulisi, sasaged saged amurih sirnaning bancana warni-warni, ingkang amurugaken
dhateng karahajan sampun kok namungnampeni tuwin mutusi prakawis kemawon.

YOGYAKARTA
Pangadilan luhur ing Batawi mentas angluwari tiyangtiga welas ingkang sami
kadakwa angecu saha ingkang saking dhawah ing krampungan pangadilan ing nagari
ngriki, sami angsal paukuman gantung dumugi ing pejahipun kathah serat pawartos
ingakng anyanyampah lalampahan wau, awit kamanah bdhe anjalari pangrebdanipun
lampahan mangecu, mongka luwaripun tiyang wau naming waton saking aturanipun
nalika kapriksa wonten ing ngarsanipun pangadilan sami amatur bilih anggenipun
anggakeni ing pandakwa,, awit sami dipu pisakit, mongka ing satemenipun boten
naming nalika taksih wonteningkadhestrikan anggenipun ambelok sukunipun
kalihpindhah, sanadyan anggenipun angluwari wau saestu mawi awaton ing angger,
ananging kenging dipun wastani bilih boten mawi kagalih tumandukipun ing
wingking, pramila konca pulisi mugi angangkah alalampah, ingkang sampun ngantos
anjalari luwaripun para kecu ingkang sami kacepeng, amargi anggenipun adarbe atur
bilih sami dipun pisakit amila sami angakeni ing pandakwa.
===============\==================\=================\
Prabalingga
Ing dhusun Besuk bawah ing Jabung ing wanci dalu wonten tiyang ingkang dipun
pejahi, nalaripun tiyang wau badhe kabradhat lembunipun ananging purun ngantos
acampuh kaliyandurjananipun ing wekasan sarehning kakrubut tiga, ingang
gadhahlembu anemahi pejah, menggah saking cancutipun tuwan Asistening kareksan
durjana ing mangke sampu kacepeng ingkang kalih.
==================\==========================\
Camburan
Wonten tiyang pitaken dhateng lare estri, kowe apa trisna marang bapakmu,
wangsulanipun lare o saklangkung trisna kula, malah benjing bilih bapak sampun
sepuh sanget kados pun kaki tuwin sampun nyalemong, bdhe kula sukani golek
kajengipun kadamel dolanan.
======== \================\=============
Ayeming tandangipun prajurit
Nalika prangipun Prangkrik kaliyan Suwisen wonten satunggal upsir taruna bongsa
Prasman ingkang sakalangkung anggenipun amarsudi dhateng kawruh bab lampahing
mimis pinuju lumampah sanginggiling baluwarti ingkang rumeksanipun kajibahaken
dhateng sang taruna wau, anunten sumerep bilih wonten soldhadhu Pruwis satunggal
mawas sanjatanipun pamawasipun mawi katambemaken ing kakajengan supados
anteng, sang pekik lajeng mawas semprongipun satwi wicanten, becik , bedhil su
adhel iki sipat dhadhaku, tak delenge kadadeane.
Sareng sanjata mungel sang taruna lajeng anyatheti ayem-ayeman, ing dalem 500 eo
giwaring mimis sunadhel kurang luwih 1 elo.

Sobating
Wonten rencang matur dhateng bendaranipun, bendara, manawi panjenengan adamel
rasukan kula aturi damel ingkang radi panjang, bendaranipun amangsuli, lo sabab apa,
klambi ku iki rak wisp antes.
Rencang sampun leres ananging boten saged gentos ngangge kaliyan kula, awit ing
griya kula kaliyan sampeyan.
================\========================
Panjurung ing Surakarta
Sampun rambah-rambah ing pustaka warti angengetaken bab sumur ingkang tanpa
talundhak, ananging para kuwajiban dereng karsa anggalih, ing nalika malem Senen
ingkang kapengker punika, sumur ing kampong jagalan kabar angsal lae jaler
kapanggih sampun pejah wonten salebeting sumur, andadosaken pangunguning
kathah kang sami ningali, dene lare wau marginipun kacemplung ing sumur dolanan
serupan sami rare kathah, ingkang anggumunaken nalika kacempung boten mami
wonten sambatipun, tur rare kang kacemplung wau watawis sampun umur wolulas
taun, dipun padosi kancanipun, boten nyana bilih kacemplung sumur, punika
kasangsaran amargi sumur tanpa talundhag, dalu petengan saestu samar.

Pun Gumun Bantu Penget


Ing pakabaran mas Bei Setrawijaya ing Widuran sakilen kapatihan, kerengan dalu
kaliyan cina ngantos sampyuh samilabet kalih pindhah, menggah nalaripun dereng
ugmathok, wonteningkang mastani mas bei wau ngremeni bedhangbojonipun cina
punika, wonten malih mastani mas bei wau paben udur nedhapasewan griya kang
dipun nggeni cina wau. Pun Sabab
===============\\====================\==========
Punika candhakipun bab usadanin gdhokter
Kang kanggo ngurus-urusi, kene nora kurang dluwang, sasenik kertas ku eteh,
sawusira garundelan, mapan arsa sareyan, dereng dugi selak mancur, sebute akarya
eram. Sawengi tan kober guling, istijab tomba daluwang, den apet meksa macethet,
kuneneg enjangnya winarna, tuwan dhokter Umara, takon kaya pagenyangsung, usada
sing kamarobat. Jupuken sun arsa uning, kang sakit apelompongan, umatur paran
tegese, de ambe kinen amawa jampi ising kamar obat, boten rumasa saestu, aminta
jampi lyanira. Apan mung tuwan pribadi, kang paring dhteng kawula tondha sih
maring dasihe, ing wau ulun meh sowan atur mana dukara, istijabe jampenipun, kang
sinung ken mring kawula. Katungka rawuhing mangkin, paduka aneneg wismaba,
dados kaparengan mangke, mahyaken sotaning driya, saharseng tyas nitnyasa, ulun
mamuji pukulun, nuwun dene datan nyana. Manawi kamurwat yekti, saking usada
samatra, naming tintabu ujare, tuwan dhokter ristatanya, mengo ta akondhaha, nalika
wingi sun angsung, sasuwir kertas ring sira. Ing kono wus ingsun tulis, apa sapa
mintanira, urus-urus saparlune, jaluka mring kamar obat, amesthi den asungan, kang
sakit trekeng jekutrut, eh bok punapa kewala. Yen ulun matur tan yekti, damel damel
mring kadoran, ulun bandhani acekek, kalamun minta lyanira, kajawi mungpaduka,
paparinging kawlasaayun, wekas saged wluya. Larak mangkaten ing wingi, duk ulun
gadhah paminta, anywyun jampi wiyose, urus-urus kang supadya, tuwan paring
usada, paduka teka sawastu, paparing dhateng kawula. Awarni kertas sasuwir, sinrat
pinaringken amba, kawula wangsul ge age, kalepat nunten akesah, raosipun ing
manah, yektipunika saestu, sarananipun kinarya. Kadamel ngurus-urusi, naming wake
weding manah, dene dalancang wujude, lamun kawula mamaha, dangu ing ngajurira,
rekaos pangeledipun, tan mesthi rasuk mring ngongga. Dados angruruh pambudi,
wasaa amanggih trekah, kajaweni pun dhineplik, srana mawi tinoyanan, tumunten
pineresan, dinekek glas kula inum, boten let saprapat ejam. Temahan lajeng
dalinding, mencret sasuker lir toya, sapinten gen ulun gawok, sadalu tan saged nendra,
pijer kbled wawratan, dupi pampek raosipun, renang saranduning badan. Entheng
anyolahken dhiri, malah sotaning wardaya, idhep palamun mongkono, ingkang den
enggo usada, thokthelkertas kewala, masa kuranga angruruh, dluwang the maksih
kathah. Kula nuwun mumugi, sampun anarik daduka, panutuh ulun mak clemong, ora
susah suseh manah, magnaturi maring tuwan, dhokter amesem ngacemut, adhelek
pamyrsanira. Ngungune karaseng galih, binudi saya karasa, tan saged ngampet
gujenge, kang sakit alon turira, kados pundit paduka, dene gumujeng aguguk, akarya
semenaging driya. Dhokter mesem sarwi angling, lah wis kabeneran baya, sathithik
aak lirune, pancene kitir minongka, panjaluking udasa, maring apoteker naming, yeku
pangandelira. Daluwang bias murusi, dadya pathokaning cipta, angandel parabot
gedhe, ananging mungguh ing wuntat, kapiandelen away, yen during gathuk mring
kawruh,kang srana binudipanjang. Eliding kanang kinteki, kawruh minongka dadalan
sumingkir sing gugon tuhon, mila pambudayanira, ambek naluri samya, tetep anetepi
wuwus, ila-ilaning ngatuwa. Beda ingkang ahli piker, rekasa barang sinedya, aniti-
niti nalare, yen mencok mring kasunyatan, ing ngandel wus sayogya, nanging
tankenging tinutuh, samya mrih maring sarkara.
Gugon thun ingkang mikantuki, yen wus pinaring lawan daduga, prayoga myang
watarane, mangkaten pamenipun, ing sambawa pinet pralambi, saking sambadanira,
yawn gugon thon mung, tan ing ngadum sakala, anuwuhkenkabesturoning panggalih,
pan guting panggraita. Kuneneg gantya kang winuwus malih, tanlyan ing bab prakara
usada, kang wus kocapa wartane ing Adhepartensinipun, Bramartani saben respati,
wonten kanang panjarwa, kaole kasebut, istijabipun usad, olowei kawentar ing ngrika-
ngriki, saestu kang carita. Mikantuki kangge ajampeni, ulun sampun anyoba
priyongga, salep tuwin pil olowe, dhumateng labet tatu, mung sapisan tan ngaping
kalih, garinglajeng waluya, nging tatekahipun, ing Koran datan jinarwa, yawn
namakenusada salep olowi, myang sasirikanira. Ingkang wajib dipun uningani,
dhateng prayantun ingkang sedyarsa, angagem saking olowe, salep muepilipun, kang
rumiyin mesthi tumiling, pamalang piwelingan, Professor liripun, sebutaning
pamitungkas, kinenthilken neng jampi warni buk alit, sawatawis jinarwa. Mung
pinethik sasirikaneki,myangpangagemipun kang usada, urwayeng ggal waluyane,
ingkang kedah tinurut, lamun wonteningkang jajampi, olowe salep mongka, tekara
angunjuk, angeled pil kang prayoga, katumbuk na inggih epil olowei, sampun ngantos
camboran. Kang kapisan sasakit manawi, datan amawa tatu karasa, likaten
myangkraos jimpe, miwahkang otot kaku suku tanganir dayaneki, ing pundit kanang
roga, ing saderengipun, kasalep siniramana, wedang manget-manget bilih sampun
wardrin, sinalep pasayogya. Sampun ngantos kaseranging angina, rineksaha ing
saparlunira, dhaharan sasirikane, away anginum anggur, samukawis ingkang
ngenemi,myang ebir boya kena, ing prayoginipun, mung ngunjuk katoya tawa,
kalangkungan pikantuk aminum ais, mitulungi usada. Ing samangke bab kalih
prakawis, muhung nyatakaken ing sasirikan,ywankawarak sakit tembe, nadyan datan
jajamu, yen katiti oleh ing dhiri, mayarken sawatara, prasasat jajamu, sanadyan jawi
usada, lamundatan anyirik-sirikaneki, jampininr tanpa karya. Mikantukisirikan-sirik,
katambahan mawi kausadan, binandha, nlan pangandele, sayektin kanangrawuh,
kathikaran lumayu ngenthir, ing bab dwi kang winarna, sasirikanipun, janma kang
nywara serak, ampek sesek napas pijer kempis-kempis, myang susuken kang iga.
Sampun ngantos purun ngunjuk ebir, anggur sadhengahinuman keras,kenging
kalamun wedan gteh, tan penad lamun nyandu,kadamela kang radi titpis, sarta
kaentosana, tekeng asrepipun, wedang kopi boya kena, babar pisan kathah
pahalanireki, anarik tan sayogya. Bangsaning kng sayuran sinirik, kajawi setup daging
myangkethang, daging sapilawan pethet, roti kering puniku, sami saes lamunbinukti,
nambahi kakuwatan, nanging menggah gulyun (kaldhu), esop tigan mamanisan,
kuwih kuwih bangsaning kang amis-amis, tanprayogi dhinahar. Ping tri lamunkaparak
sasakit, gondhong uci-uci masemubang, abuh serak suwarane, myangkatuwuhan
bingsul, away ngunjuk bongs ngendemi, dhahara srepasrepan, ing prayogenipun, ping
catur lamunngemurah, mong kol wudun, anyirik kadipuneling, bangsaning
miminuman. Wedang kopi prayogi sumingkir, nadyan anggur kalawan madherah, tan
yogya den unjuk mangke, ping gangsal kang cinatur, ingkan gtumrap tatiyang estri,
mongka sring katendhakan,gya nyagaap santun myangkedhik wedaling erah,
ginulangak kiyek mikantuki, angger ngebahken bdan.
Taksih wonten sambetipun, Arya Manungkara
Ongka 27, Kemis kaping 4 Juli 1878
Surakarta
Pitedah
Bilih para tiyangingkang dudunung wonten ing bawahipun sdhengah praja, sami
rumaos kaleban palimarmamning sang ratu, ingkang saestu sami amangayubagya ing
pangerehipun dhateng tatatentrem ananging awis sanget ingkang gadhahpanggraita
makaten mander ingkang kathah krekatipun naming ambidhung lampahipun praja,
anggenipun angudi dhateng tatatentrem wau, pramila praja ngantos angabdekaken
prikonca ingakng samijinibahaken arumeksa indhakipun sadaya lalampahingkang
anuwuhaken tatatentrem kadosta anyantosani tindakipun sadayapranataning nagari,
ananggulangilampah kadurjanan amancas lilampahing para data, tuwin arumeksa
sadhateng indhakipun arjaning nagari, dene para nagari ingakng boten angudi dhateng
lalampahan wau, ingkang saestu temahanipun badhe risak pramila praja ingang boten
kendhat-kendhat angangkah dhateng indhakipun tatatentrem pantes dipun
alembanaha, inggih punika nagari kula surakarta, dereng lami bawahkakalih ing naari
wau mentas angundhangaken pranatan malih, asuraos papacak dhaten gpara jagal
sami kadhawahan amanggen ing sacelakipun para priyantun ingkang ambawahaken
dudunungipun saha bilih badhe amragat kedah amariksakaken lembu
tuwinmaesanipun rumiyin ingkngsalajengipunkacirenan dhaten gpriyantun wau
punika pangangkahipun nagari naming badhe anyirnanaken lampahipun amamdung
rajakaya, saking pamanggih kula makatenw au sakalangkung prayogi, awit para
durjana sanadyan ignkang sampun julig julig ingkang sami dipun wegahi
namungpambiratipun cihna, pejahipun dening saksi utawi dening nalar boten
kamanah, sapinten ta indhakipun arjaning nagari amargi sakingpranatan wau,
ananging taksih wotnen malih ingkang pantes kagalih dhateng nagari, inggih punika
ingkang ing mangke badhe kula lairaken wonten ing ngarsanipun para wajib saking
panuwun kula mugi kalimbanga ing prayoginipun kadosta sampun kerep kemawon
nagari anyepeng kecu, anangin pejahipun naming dening saksi utawi dening nalar,
awit awis sanget ingang kacepeng kalayan cihnanipun sanadyan nagari saged
amanggihcihna wau inggih awis ingkang gumeleng, mandar kathahingakng sampun
kalebur kadamel dandosan sanes menggah kagungan dalem cakathakan ingkang ical
kapanggihipun sadaya prabot inggih sampun kalebur, ing bawah kapatiyan
kapandungan dandosan ingkan ical kapanggihipuninggih sampun kalebur, cekakipun
kados kula sampun boten susah amratelakaken malih, para kriyapunapa ingkang
pangupajiwanipun tedah kaaspadakaken dhateng nagari, saestu para nayaka ning rat
sampun alimpad ingpanggalihipun bilih kula kadhawahan angwedharaken ing
saestunipun badhe kajodherean ing pangangkah kula.
Kala katur nalika cangkalaning taun tinengeran
Parentah uhur mangesthi suci Jurungarang.
====================\=====================\================
Kulawisudhan
Kamatunaningpanganbedeniun bupati ing Pakalongan Raden Tumenggung Ariya
ATmajanagara
Kaangkat dados bupati ing Pakalongan wadana ing Plubon bawah Cirebon radenAriya
Kusuma Adinagara, mawi kaparingan pangkat tumenggung, saha kalilan angangge
sasebutan raden tumenggung Ariyakusuma adinagara
Kangakat dados wadanaing seragi, pakalongan raden Sumadipura, ingkang wau
wadana ing Pakalongan
Kaangkat dados wadana ing Temayang, Bujanagara, mas Dana Adiwijaya, ingkang
wau Asisten Wadana ing Kedhu Adhem.
Sadaya serat kaat saking tanah eropah sami awawartos bilih cundakanipun para praja
sampun sami samapta ing kitha Berlein (Berlin) saha sampun miwiti angrembag
sadaya nalar-nalar, manggepokan prakawis campuhing payudanpraja Ruslan kalayan
Praja Turki, punapa malih angrembag sdaya wawatoning badhaminipun tentreming
paperangan ingang ngantos anjalari kalindhih ing praja Turki, kuwatosipun para praja
sanes naming bilih praja Ruslan aculik ingpangangkahipun gelaripun naming
anggantekaken sabdaningratu, anggeningpanjenenganipun nata ing Ruslan badhe
amurinani bongsa natsarani, ingkang sami dipun aniaya bongsa Islamananging ing
sajatosipun naming badhe angelar wawengkonipun ing sarehning wawartos wau
taksih kathah ingkang sulaya, punapa malihawit saking cekakipun tangeh yens ageda
teang ingpanedhakipun ing tembung liyanpramila arumeksa kalintuning serep ingkang
sami amaos ing mangke pamacakipun waartos wau kasumenekaken rumiyin.
================\=======================\=================
Ace(h)
Papethikan saking serat wawartos ing Batawi, ingkang medal kala kaping 17 Juni:
Serat kawat saking kanjeng tuwan guprenur ing Ngace (Aceh), tuwin saking tuwan
ingkang amandhegani sadaya kapal ingkang wonten lautan ing Elerripun tanah
Sumatra, kados ing ngandhap punika, wadya ingkang mangngagsah gedhung boten
angsal damel amargi boten saged andugekaken lampahipun ing campuhipun kalayan
mengsahingakng anglangkungi kathahipun wadya wau kapejahan prajurit nem
ingkang kataton tiyang salangkung, sadaya tatu ing kalewang, Litnan Arensedhe
wolep ugi kataton mengsah kapejahan tiyang kalih atus skeet, wadya ingkang wangsul
dhaeng ing Blangmeka kintunan Bantu, ing pedhadha wadya ing samalangan kalayan
wadya ing pasangan sami ajeng-ajengan samalangan aminta saraya dhateng kumpeni,
pangageng ing Blangpanjang abadhami badhe rumaket dhateng kumpeni.
Papethikan saking serat wawartos ing Batawi ingakng medal kala kaping 24 Juni
Kaping 16 tuwin kaping 17 amentas ing bawah Blangme. Kaping 18 guprenuripun
piyambak ingkang mandhegani lampahipun wadya ugi amentas lajeng amapan
wontening kitha karang. Kaping 19 lajeng amangkat saha nginggahi papanipun
mengsah ing Blangpriya, prajurit ingkang pejah enem ingakng tatu skeet tiyang, dene
mengsah ingkang pejah tuwin kataton tiyang gangsal atus ingkang katilar wonten ing
betengipun tiyang satus wolungdasa sami pejah sadaya,katawis bilih unduripun
mengsah kasesa, amargi adapt ing salaminipun perang papejah boten nate katilar, tuku
laksmanaing bulu pasangan tuwin pangageng titiga sanesipun ugi kapanggih pejah,
tanah gepu angsal Bantu saking tanah ingakng sami tepang wates, raja bayu
anglairaken mugi kaparenga anungkul.
Kaping 20 Juni, mengsah sami anywun nungkul saha lereping payudan sadinten tuku
cihik ing gedhung aseleh paparentah andhateng anakipun pambajeng tuku bintara
pakan ingkang lajeng anungkul saha kapranata ing uduripun wadya sampun lajeng
sami wangsul dhateng pasanggrahan amargi tata-tat anggening bdhe anginggahi tanah
pasangan.
=================\=================\=================
Camburan
Dereng lami ing took took wonten ingkang sade gelas pangunjukan ingkang lepat ing
pecah, sanadyan kadhawahna inggih boten saged pecah, ingamngke mentas wonten
lalapah bab gelas wau, ingkang prayogi kalimrahaken ing nagari Bohemen wonten
tiyang atumbas gelas wau, kaglundhungaken kauncalaken inggih boten benthet
punapa malihpecah, ing wanci sonten gelas wau kaisenan toya ingkang kacambur
kalih gendhis sanalika wonten ungel ingkang jumedhotipun sami ungelig sanjata,
sareng katuwenan gelas kapanggih sampun mawut pramila ingakng sami angagem
gelas wau prayogi angatos-atos.
Tiyang kakalih sami acampuh wacana, ingang satunggal asanjang,Manawa
prajaInggris sida perang kambi praja Rus Inggris baca angetokake prajurit 80000
satunggalipun amangsuli, eh iku apa, prajurit samono iku pdhane kembang, kang
cukup sinebarake ingpakuburan.
Nalika pambikakipun pagelaring barang ing kithaPareis ingakng anjejeri republic ing
Prangkrieik anyryhi 30000 tiyang supados sami anjenernganapasamuan wau,
amarengi dinten wau tiyang ingkang saking sanes nagari wonten 300000 ingkang
saking bawahipun Prangkreik piyambak kiranglangkung wonten sayuta, ing
sontenipun wanci jam sanga ingkang anjejeri republic amanggihi tamu 4000 wonten
ing dalemipun.
Paceklik ing nagari Cina dereng wonten mendhanipun ing tanah tanah emeh sapalih
tiyangipun ingkang pejah, ingang taksih gesang sami anandukaken karosan
anggenipun angangkah sambeting umuripun.
Ing Batawi wonten Cina estri ingakng arencanglare medal tiga, ingkang jaler sanget
anggenipun bingah, awit saged andorakaken dhateng lampahing papesthen bilih para
ingkang angangge buntut pancene awoning kewan amargi saged manak tiga.
Papn ingkang dipun etrapi griya panggelaring barang wiyaripun 270 000 elo pasagi,
tosan ingkang kaangge ing griya wau kathah ipun 34.000.000 pun kajeng 7500 elo
pasagi, waragadipun 35.000.000 prang ing dalem wolulas wulan pangggarapipun
rampung.
Ing wawengkonipun kitha Pareis wontrn griya pondhokan 5.500 isi kamar 130.000
enem dinten angajengaken pambikakipun panggelaring barang, kamar 112.000
ingkang sampun kasewa.
=====================\==================
Panjurung ing Surakarta
Gugon tuhon, meh dados kalimrahan bilih dhukun jawi dipun westani saged
mendamel dhateng ingkang dipun dhukuni, kabar rencangipun raden ngabei
Surawasesa, lare estri nalika dereng ngalami wawrat ngantos lami, ing mongka
kepengin sange gadhah anak, kalampahan lajeng madhukun boten antawis lamilajeng
wawrat, sareng dumugi ing wanci lare estrikang wawrat lajeng nyakiti badhe gadhah
anak, ananging rekaos sanget anggenipun nyakiti ngantos pitung dalu, lajeng
kapulasara ing dhukun sanes-sanes megsa botensaget medal jabang bayinipun, ing
wusana lare estri wau lajeng dados lanpejahipun anjalari dhukuni amurih wawrat wau
dipun upadosi boten pinanggih.
Menggah wiraosipun para dhukun yen kapanggih dhukun kang rumiyin saestu yen
saged lair sartawilujeng, ananging kedah kathah wragadipun, punika punapa yektos.
Punjawi gumun
Tiyang estri saged awawrat punika awit saking kodrat tullah, boten amargi saking
isaratipun dhukun ]Juru gubah
==============\=================\=============
Punika candhakipun bab usadaning dhokter
Sampun ngantos Kendal tan prayogi, lawan away ngunjuk-unjuk unjukan, anggur
tamarindhe dene, bangsanipun kakeut, ping nem lamun busung kang sakit anyirik
kasayuran, away dhahar bulyun kaldho sop setub daging muyangkenthang, ewa dene
sayogyane ingpambukti, daging sapi myan gmenda. Dene olah ala waran mung asin,
away ngunjuk toya kathah kathah, sakedhik den worna dene, tawas sampun kaladuk,
ingkang parlu ngebahken dhiri, srana amlampah-mlampah ping sapta winuwus,
kalamun agerah manah, mara sauwas thethekan asenak-senik, kumepyur perindingan.
Wungu sareyogya minum warih, ingkang asrep nelasna sagelas,
sakelangkungprayogine, yawn ais kang den minunm, badhe sareminum mamalih,
away ngunjuk minuman, bangsane kanga sung, amumetaken mring sirah, wedang
kopi kasirik kasaawatawis, utawi lamun dhahar. Den antiya asrepipun sami, lamun
sarywa miring mangiwa, kaindhes pulung manahe, ebah ywa grusa-grusu,
anyolahaken sariraneki, akandhiya duduga, ping astha winuwus, ras-arasen
sasakitnya, miwah katon ayana layung ngellentrih,puniku kang sayogya. Kinompresa
ing ngembunireki, lawan toya tawa away pegat, sakira trus mring dhadhane, miwah
ngunjuka anggur, den egroga kalayan wariyh, dene sirikanira, sampun ngantos
ngunjuk, bangsaning minuman keras, ingkang mumetaken panon amendemi, aywa
dhahar sayuran. Panarekah ingang mikantuki, kakliyeka ing saparan-paran, ngupadosa
ingkang enggen, sakeca awanipun, kaping nawa ing bab gumanti, sakit saking
kuwaya, kang nganaken ngelu, mumet peksarsa anutak, tutuk pait tan septa kalamun
bukti, kumosor idonira. Dipun emut apyun ngunjuk ebir, angggur bangsaning
minuman keras, sanget datan sayogyane, sanadyan wedang bubuka, kasirika mung
ingkngkenging, wedang the winantara, ingpandamelipun, katipisana kewala,
sasayuran daging sop setup utawi, bulyunlawan wowohan. Kuwih kuwih ingkang
amis-amis, kasirika dene ingkang kena,mugn kenthang godhogan bae, lawan
pambuktinipun, ngupados a ing samukawis, ingakngamamrih kuwat, sarta dipun
nemut, kliyek-kliyekngruruh papan, ingkang wiyar sakeca awanireki, sayekti ing
gggal saras. Kaping swlas ing bab kang winarni, sakit toyan kang kaworan
erah,prayogi dhahara age,krokot sasenengipun, anggerdoyan sayaprayogi, bilih kapara
kathah, angunjuka madu, winor lawan toya tawa, nangng away angunjuk ingkang
bangsaning, inuman ingkang keras. Anggur sampanye jenewer brendhi, gantya ing
bab ingakng kalihwelas, sakit bengang sasamine, yen inuman wus munthuk, kadya
sakit toyan ing nginggil, samya nyirik kang keras, ing wewahanipun,wedang kopi
winalangan, miwah away adhahar daging kang asin, acar lawansadhengah. Ingkang
winoran cokak kasirik, anyktiya dene yawn wedang an, ywaliya pan naming eteh,tipis
pandamelipun, sayogyane ingkang binukti, sdhengah kangmrih kuwat, kadya
tapuniku, daging said aging menda, sakarsane dhahar ping tiga saratri, pan ora
winangenan. Ping triwelaspileg kang sasakit, kanthi watuk ing prayoganira, nyegah
aminuman dene, kalayan wedang bubuk, toya tawakang mikantuki,ngunjuk
sasenengira, datan karya rapuh, ping catur welas ing ngnadhar, denesakit wawratan
rah yogya nyirik, ywa dhahar sasayuran. Myang wowohan ingkang leegi-legi, kuwih
kuwih lawan tigan ayam, powan sirikanekabeh, tan ana penedipun, myang inuman
keras tan kenging, deres ken wedaling rah, nadyan wedang bubuk, yogya sami
sinirika, awit dadya sanget ing sasakit ngising, titi dyan manungkara, ARya
Mangungkara

Awit sakngkirangipun sastra,pramila kathah tembung ingkang pancen angangge


nalugas panggubahipunkapasangan kagundhel makaten wau mugi kauningana para
ingkang sarju manjurung, kaarsa-arsa sampun ngantos andadosaken
cuwaningpanggalih. Juru ngarang.
Ongka 28, Kemis kaping 11 Juli 1878
Kulawisudhan
Raden Ngabei Suradiputra, kamantunan ing pangabdenipun
mawikalulusakeningpangkat saha sasebutanipun.
Raden Panji Natadirja,kamantunan ing pangabdenipun mawi kalulusaken ing pangkat
saha sasebutanipun.
Raden Panjikartawinata, wadaa ing warukaangkat dados patih ing Kabupaten
Rembang
<as bratadirja, asisten Wadana pangkat satunggal ing Jatinguwat dhistrik
Karangampel kaangkat dados jaksa ing kabupaten Indramayu, Ceribon
Raden Pringgasudirja, aAsisten wadanapangkat kalihing kaliwuluh kaangkat dados
jaksa ing kabupaten Ledhok Bagelen.
Babah Kwik aki,litnan bngsa Cina ing Ambahrawa,kaangkat dados kapitan bongsa
Cina ing MagelangKedhu.
==============\===========\===========
Surakarta
Nalika tanggal kaping 7 wulanJuli punika ing Lebet karaton pasamuan agengkados
adatamarengi tingalan dalemwiyosan sampeyan dalem ingakng sinuhun kanjeng
susuhunan teep yuswa 50 taun wanci jam satengah sewelas siyang kanjeng tuwan
residhen asowan malebet asung wilujeng dhumateng panjenengan dalem mawi
angirid kanjeng gusti pangeran adipati ariya Mangkunagara m saha putra Santana,
tuwan komandhan para tuwan Asisten Residhen saha tuwan tuwan sanesipun saeng
;apuiran adapt saben sampun konjuka uningan ing sangandhap sampeyan dalem saha
sampun sami angunjukwilujeng dalem kendelipun edrel abdi dalem prajurit saking
kasa dalemlajeng agebyakaken kalangenan dalem badhaya, dhasar wanodya endah
warninipun karengga ing busana, aningali kingkinipun ing sanalika, kaungkulan
prabawad dalemmantherring cahya dalem ingakng anyuremaken
guwayanipuningkangsami sowan inggihsaestu lajeng saged angemper jamanipun
bathara estdra, sigeging beksanipun bahaya sampeyan dalem jumeneng saking
palenggahan dalem lajeng angirid kanjeng tuwan residhen kalihanpara ageng ageng,
sami asowan garwa dalem ingkang lenggh wonten ing dalem prabayasa,
sasampunipun lajeng lenggah dhahar, wanci jam satengah tiga bibar dhahar
tatalenggah malih wonten ing pandhapi sakedhap nunten kanjeng tuwan residhen
pamit kondur.
Derenglamiing ngriki wonten tiyangkakalih sami anglunasi raganipun.,
1. Abdi dalem lurah kadipaten anom ingkang dados nalar kakinten anggenipun
kadunungan tikepeteng,malah sampunkarampungan prakawisipun wonten
kabupaten Kartasura,lajeng oncat saking paukuman dumugi ing griya
enjingipun kapanggih pejah sarengkatitipariksa ing ngandhapipun patileman
wonten gebyasisi air keras gelenging pamanggih pejahipun wau angombe toya
wau, awit ing ngajeng boten sakit.
2. Sudagar wasta pun SEtra ing Sangkrah asuduk sarira,jalaan sakit ewah. Bawah
ing Klathen katuwenan durjana kecu, ing salebetipun pitung dinten ngantos
sakawan panggenan papatih dalem sampun prapta wonten ing kabupaten wau,
sanadyan naming andhawuhaken kemawon utawi angereh lampahipun angudi
ing katerangan ananging tindakipun papatih dalem wau saestu mahalani sanget
awit para jibahlajeng sengkut anggenipun anindakaken papriksan pramila
pantes ing ngalembana mugi enggal angsal katrangan.
==============\\\\\\\\\\\\\\\\\\=========
Pangayubagya prakawis panjurung bab ungeling kagungan dalem gongsa sekaten
Sakalangkung anggen kula mangayubagya prakawispanjurungbab ungeling
kagngan dlem gongsa sekaten, dene sakalangkung munfangati dhateng titiyang
ingkangdereng nate sumerep utawi mangertos wijangipun.
Ingkang kalih dene malih prakawis ringgit bab gongsa, gendhing tuwin cariyosing
ringgitipun, punika inggih sakalangkung sanget maedahi tumrapipun dhateng
tiyangingkang sami dereng sumerep sulangipun, awit sami sami kalangenan cara
jawi ringgitpunika waradin satanah pulo jawi nagari miwah padhusunan para
tiyang sami remen sadaya, sarta sampun lami wontenipun, ananging awis awis
tiyang ingakng sumerep sulangipun patraping dhalang tuwin niyaganipun mila
ing pangajeng-ajeng kula, mugi-mugi kalajengna ingkang pratela kados ingakng
sampun sarta malih bilih sampunpratela sadaya prakawis ringgit purwa lajeng
mratelakna prakawis ringgit dedhog, ringgit kalithik, ringgit goleg, ringgitbeber,
ringgit tiyang, topeng, beksan raket, dhadhap, badhaya tuwin srimpi
sapanunggilanipun, punapa malih ringgit madya, saking cariyosingngakathah,
panjenengan dalem kanjeng gustipangeran adipati ariya Mangkunagara kaping
sakawan ing Surakarta, punika karsaha yasa ringgit madya wau, punika kados
pundit kawontenaning ringgit miwah cariyosipun, mila kula gadhah atur panuwun
ingkang samanten saestunipunkula midhanget kabar yenpara bujongga ageng
ingnagari Betawi utawi tanah Nederlan sami amarsudi prakawis kadosingkang
kasebut ing nginggil wau,nanging dereng angsal pathokan ingkang kenging
kaanggep resik utawi prayogi ingkang kenging kaenut, sabab badhe kadamel
paugeran utawi wawatoning tembung jawi, punapa dene badhe katandhing kaliyan
pinangkanipun cariyosing ringgit.
Ing wasana bilih kalaksanan atur panuwun kula wau, menawi wonten ingakng
kula kirang dhamang, tamtu kula nyuwunpitaken, saha ingkang mugi-mugi
karsahaparing katrangan ingkang kalayan sukapirenaning galih, sampun kalentu
serep lajeng ngajak perang sastra.
Ing Betawi kaping 3 Juni taun 1878
Kula pun
Bagus Jaka Mubtadi.
==============\=================\================
Sakalangkung andadosaken bingahing manah kula, ing batawi wonten ingkang
nyaruwe dhateng isenipun serat wawartos bramartani, sadangonipun kula
angarang serat wau, punapa malih anglimbang sadaya panjurung, ingkang kula
angkah pancen indhakipun sanadyan sakedhik kawawartosipun ananging ingkang
kapacak suraosipun sgeda amahalani utawi angresepi dhateng ingkang maos
manawi naming angudi wawartos kemawon kula manah gampil sanget ananging
makaten wau enggal amboseni, ingkang amaoslajengkemba, pramila ing sasaged
kula badhe ambiyantoni panedhanipun pun bagus jakamubtadi, ananging panuwun
kula mugi anandukna ambeg sareh sakedhik cuwaning manah kula naming kedhik
awit saking punapa bagus jaka mubtadi boten amarsajakaken namanipun makaten
wau badhe anuwuhaken indhakipun karuh.
Juru ngarang.
================\=================\==============
Ingkang manawi pareng condhong ing panggalih saha wonten selaning papan,
mugi panjenenganipun tuwan redhaktur karsaha macak atur panjurung kula
punika:
Ronkamal wredining palwa, sinom sekare puniki, busanapamardikiswa,
sungsalam bongsaa walandi, rarenggan pustakaji, serat saha tabe ulun, kurmat
akathah-kathah, amisungsung marang gusti, puter wisma katura ing saudara.
Rema santun warna seta, mrih jujur palwa lumaris, tuwanmudhi ingkang ngarang,
ing pustaka Bramartani, curiga wreksa sami, matur rampung karyeng wuduh, ri
sampuning kadyeka, wijil rat putra rimurti, wiyosipun lamun sambada ingkarsa.
Janma ababantu warta, panjurung amba punika,atrap landheyaning katga ubaya
datan pawangkit, kapacaka ing benjing, ing purwa dhendha san gprabu, ariras pati
ngarsa, tutup cala kthahkan wjink, wruju parta lumarap mring mitra ningwang,
Tegesing kang basa priya, unggyan wus sah den ing seri, kanang asisilih aran,
kawining sekar linuwih, garwa srimaespati, kusuma wicitra kidul, baluwarti
Ngayoja, wreksa minongsa ing siking, tyas sulaya yen pareng driya paduka. Pser
kang mawa buntala, mugi karsaha paparing, sawija nugubah puspa, anggitan
paarta nagri, ngayogja rikalanig, ing warsa dal bagda Mulud, maha lani ing
kathah,mrih wikan ingkang dereng wrin, punapa ta paene miwah saminya.
Kaliyan ing Surakarta, ingkang wus pinacak mungging, Bramartani titi sinrat, ari
Saptu tanggal kaping dewi dasa marengi, jumadilakir lekipun, warsa dal
snengkalan, sabda muluk ngesthi tunggil, tondha nama kawula pun ngarsa-arsa.
===============\====================\=============
Panjurung minongka wangsulan dhateng ingkang batang cangkriman.
Kula sampun anampeni bramartani ongka 20 1878 kanthi pambatangipun
cangkrimanprayantun ingkang sisilih nama kumaki, ingkang punika andadosaken
bingahing manah kula dene panganggit kula cangkrimanpancen ingakng kula
tuju,prayantun ingakng sisilih nama mas Sastradirengga, kampong kaparak tengen
ing nagari Surakarta,ingangke wonten sanesipuningkang nyaruwe, ila
kelangkungpanuwunkula ananging andadosna pamirsa, pambatang sampeya
mandhungpunika taksih nalisir dereng condhong kalih sedya ning manah kula,
rehning sapunika wonten ingkang manggalih, dados kulak aping kalihi, pinten
banggi yen wontenpara wigya krsa ngudhari, manawi sampun kabatang ing
liyankaping tiga maksa nalisir saestu kula lairaken, saesthining manah.
Pinandara: ing sarkara wedi, mamrih sidi utamaning wreksa, ron anggi wijil
rimbane,suwedha mai nglawung, serat sarta kang salam taklin,pan wewah
barekrama, partamantri ngayun, katura ing sumitramba, jarweng ruksmi aksara
tinrapansungging, mas sastra adirengga. Panti panjang tinutupan sami, dyah
sumewa kaparnah ing kanan, kampong kaparak tengene,radya tanala kudur,ing
nagarisurakarti, prabu mentar ing pura srikesawa sunu, wiyosipun yen sambada,
ombageng ing udadi klentheng rambat wit, ulun atur cangkriman . Kisma rengat
timabgnmawor kapti, lamun rujuk gambaring juwana, wit rambat wohpindha
sreme, yen karsa awon nganggur, sarpa langking bale ing panti, mung samben
agag lenggah aniniti itung, arta pamet ing bandaran, pinten banggi nglepas
utanpaewem boji, dadya srindaning manah. Sotya rengga kiswaning pawestri,
pada palwa nungsumur wasmara, yen cundhuk yun batang tembe, ywa edana
wung bendu,kang sindura pangusap rai, palesta barangkarya, dadiya
panglipur,tanpa pinardi manjumbang, amanjurng warata atur opawarti,
ingbramartanikabar. Kawan wanda langening prajadi kalihlinggaing
ngarsabusana, bunttulan kasagedane wande kalih ing pungkur, tanpa sandhang
nanging ing wuring, piyambak mralayata,purnawanda catur,pinisah dadya dwi
lingga, kang salingga ing ngarsa punika sami, pangucaping kawula. Ing barandha
kang katuju matis, kang salingga dumunung ing wuntat, ngweh wanci truh
tumedhake girangingtyas bras pulut sukeng manah par among tani nanging
srikarya semanging wong kang lumaku, punapa ngujud kawula puspita nom tuduh
ing wiku kang sidik, cupana kawruh nyata.pangajaping pruita kang pinrrah titi
sampurnanireng pangripta, manemba hyangkumpula kyeh jumangah ari nuju,
pinglimalas warsa ing wanci tibra lalyalekira, rabinglakir taun edal basaka ing
ngetng, dwi jawara maletik bujanggeng ngajeng, tondha padma sucipta.
=\\================\=============
Punika candhakipun cariyos ringgit lampahan Kongsa abenaben wngsulanipun
mas Sastramiruda
Inggih leres adhi pamikir dika,pakem balunganiku sasat mungancer-ancer
sanajanlakon gancar ingkang bakal kula tuturake ngisor niki, dereng kena banjur
ginawe sinau mayang, sadhengah wong nanging yen ingkang empun weuhpatrap
ing wong mayang pasthi bias nganggo, sabab guneme empun kamot.
1. jejer nagari Madura, Prabu Basudewa, ingakng mare king ngarsa Arya Prabu
kalih Ugrasena, parekan kalih ngadhep nurining nata, gunemipun sang prabu
galih inakng putra ing kadipaten ing sapunika awis katingal mandar kacariyos
tansah agagagabah prajurit yaksa, mila prabu Basudewa, radi sungkawa,kraos
ingpanggalih amutawatos ing pagedhongan nalika raden kongsa papta ataken
sudarma, kalampahan pinarbutaningwadya Santana madura ami kasor,prapta
ing sitinggil lajeng anyandak dhateng prabu Basudewa, jinujung den ikal arsa
binanting, sareng dipun akenip un atmaja, minta janji yenprabu Basudewa
puputra dipun suwun raden kongsa ingkang misesani, milakalampahan dupi
para tgrwa babar dipunsuwuraken jabang bayi sami lajengpejah, nanging
sayektine putra tiga saikaparingaken dhateng jurutani, wonten dhusun ing
Widarakandhang. Kasaru patih Saragupita ngunjuki uninga yeningkang putra
raden Kongsa sowan kendel ingpagelaran, raden ugrsena dikakaken nimbali
satriya ingkadipaten dhatenga ing sitinggil,s areng sampunkadhahuhaken
radenkongsa minggah ingsitinggil kairit ing raden Ugrasena (Babak Unjalan).
Sareng samun ngabekti kongsa caket sangajenging dhampar,matur nyuwun
lilah badhe ngadgaken kmabengan ngamben janma wontening ngalun-alun
ingang dinamel sawung pangajenging yaksa wasta sratimontra, sinuhuntuwin
ingkang paman sami karsaha biyantu kalangenan ngaben janma wau sang nata
sampun anglilani, nanging raden kongsa dikakaken ngentosi ing saangsalipun
sawung ingkangpantes tinandhing kalih sratimontra, raden kongsa pamit
mundurmantuk linilan. Arya Prabu Ugrasena sami nyngkemi pangkoning nata,
karaos manawi raden Kongsa sejadhe sak karaton Madura, Prabu Basudewa
kaduwung ing driya semunipun raden kongsa murihkawiyakipun putra
ingakng sami dipun umpetaken, sang nata dhawuh dhateng ari kalih, arya
Prabutinuduh dhateng Widarakandhang, amariksananana para putra, ugrasena
dipun utus ngupaya sawung, janma ingakng pantes tinandhing lan yaksa
sratimontra, sang prabu kondur ingkadhaton, satriya kalih sami
tumurunsangking sitinggil dhateng ing pagelaran,
2. Ngadeg ing kadhaton Prameswari dewi Mendra kalih dewi
Badraini,konduripun prabu Bsudewa sami mthukaken,lajeng lenggahing
prabasuyasa, gunemipun sang nata paring pirsa, yenkang putra ing kadipaten
nywyn kalilana ngaben janma wonten ing ngalun-alun, sartanywun
kabiyantona, pangbenipun jalma wau sang nata sampun mituruti utusan
ngupaya janma ingakng pantes kinarya sawung, tinandhingn kalih sawung ing
kadipaten, deneingkang rayi arya Prabu dipun utus dhateng dhusun
widarakandhang, mirsani paraputra ingakng wonten ing widarakandhang, ing
tembe sampun ngantos aningali kambengan, sang prabu lajeng tehdak ing
sanggar pamujan.
3. Ngadeg ing pasowan pagelaran arya Prabu kalih Ugrasena sami lengggah
satata, ingkang ngadhep patih Saragupita kalih Prabawa, gunem paring
wuninga dhateng patih raden kongsa nyuwun adhe ngabenjanma wonten
nglun-alun, sinuhun ampun anglilani milalajeng utusan ngupados sawung,
tuwin rekyana patih dikakakenumiring dhateng Widarakandhang, raden
Ugrsena badhe lumampah nyalamur kimawon, sareng sampunrembag pandum
pandamelan tumunten undhang budhal kapalan.
4. Taksih wonten candhakipun.
Ongka 29 Kemis kaping 18 Juli 1878
Kulawisudhan
Raden Adipati Sasranbagara, bupati Madiyun kamantunan ing pangabdenipun taksih
kalulusakening pangakt sasebutanipun
Raden Mas Sasradipura, Asisten wadana ing Dilapa Oteran kaangkat dados bupatiing
Madiyun saha kalilan angangge sasebutan Raden Mas Tumenggung
===============\=================\=========
Surakarta
Sekar Suraretna
Suraretnakarenaning nala mungga, yun ngrarengga, asrilangening kalangyan,
yekimongka, bubukanireng pradongga, langendriya, salendro pathet manyura.

\\Langen driya\\
Kinanthi kidung sinawung, narawus wareng senggani, lagu gendhing
langendriya,karengen mrih reneng galih, marma malad pinardawa, kadaring sang
murweng kardi. Mangabi wadeng kalangun tedhak dalem sang maliki, sumaana
narpamudha, jeng gustipangrandipati,anom amengkunagara, gitanng wardaya kadi.
Katman wayaning wahyu, kayuwanan angyomi, tanpa élan rahmatingyangkang
sumrambh maring dasih,kasangsaya rawuhira,jeng tuwan yekel risdhensi. Miwah
rising nararyanung, uwajeng pangrandipati, ariya mangkunagara, anglirkagunturan
dening, ruging calaratus gonad, kablabak samudra gendhis, kandhempu wara
manungku, sukuring yang mangstuti, kaswaring jeng srinarendra, pajampayang maha
suci, anganjara dirgayuswa, widada tan walang galih. Lumuntur mring garwa sunu,
sawadya tatamrtani,pudyambana rambahana, maring sang sudyarsa sami, wonten
pasamuan namba, manaduka rasa santi. Ing mangke taunan ulunri anggara sitaresmi,
rajaplek kaping nembelas /Dal umur ridasawarsi, sangkala muji luhurnya, sarira
pangram ngabei.
==============\================\=========
Panjurung
Sasampunipun tabe kaurmatankula katur ing panjenengan ing ngandhap punika kula
angaturi panjurung
Nalika ing dintenAkad legi punika amarengi pasamuhan tingalan dalem wiyosan
panjenengan kanjeng gustipangeran adipati Ariya Mangkunagara karsaha ngngkat
putra dalem gusti Suripta, kajumenengaken pangeran mawikaparingan sesbutan ariya
Andayakusuma, sarengkaantawisaken tamu sampun boten wonteningkang rawuh
malih, wanci satengah sadasa para upsir ing wdya mangkunagaran kadhawahan
majeng, makaten ugi abdi dalemnarapraja, sareng sampun sami majeng panjenengan
dalem kanjeng gusti lajeng jumeneng, gusti kanjeng pangeran Ariya Prabu Prawadana
ing ngandikakaken majeng, supados angundahngaken nawala dalem jumenengipun
gusti Suripta, sareng sampun para upsir tuwin para nara praja sami mangandhap atata
lenggah malih lajeng jumeneng, supados angundhangaken nawala dalem
jumenengipun gusti Suripta sareng sampun para upsir tuwin para narapraja sami
mangandhap atatalenggah malih lajeng jumeneng angirid para tamu amirsani prajurit
dhepilir, angurmati jumeenngipun putra dalem kanjeng pangeran Ariya
Andayakusuma, sasampunipun pasamuankados adapt.
Katur tanggal kaping 16 wulan Rejep sakala tinengeran sabdaruhur kaesthi ingputra
.Asungwarti.
===========\==================\==========
Yogyakarta
Wonten wawartos saking nagari wau,bilih sampeyan dalem ingang sinuhun kanjeng
sultan sampun amarengakening karsa dalem anglairaken esthining panggalih dalem
dhateng para abdi dalem sadaya, manawi sadhengah prakawis kedah rampung ing
dalem wolung dinten lungsenipun ing dalem kawnwelas dinten.
Kalayan sekeling ggalih panjenengan dalem samu anguningani, bilih kathahpara
abdid alem ingkang sami derengalimpad saged amancing dhateng mongsa,pramila
ingakng sinuhun kanjeng sultan andhawuhaken ing timbalan dalem bilih panjenengan
dalem badhe boten amawang dhateng tiyangipun sinten ingkang boten angestokaken
dhawah dalemwu, badhekapatrapan paukuman.
================\==================
Panjurung
Bawah kabupaten ing Klathen kecon sekawan engggen ingang kekalih enggen
pikantuk cihnanipun, tuwin durjananipun ingkang ngecu, ingkang pikantuk katrangan
wau,mas Ronggamangunwigena ing Sutran, dene durjana sak punika sampun dipun
kunjara manawi masRonggawahu lakar sampun nate nate damel katrangan ingkang
dados reregeting nagari,masRongga wau namungkuciwa sakedhik dene boten bondha
naming bandhu,pramila wiyar jajahanipun boten kewran dhateng agal alusmila
menawi istu mugi wontena karsanipun ing parentah angindhaki pangaktipun ingkang
supados tetuladan ing wingking.
Paminta.
Bilih estu makaten inggih naming sumadhong kemawon ananging ingkang sampun
kalamoahan papatih dalem pancen boten angawrataken aganjar dhateng para tiyang
ingkang labet dhateng nagari.
Jurungarang.
=============\==============\================
Panjurung kabar
Bawah kabupaten ing Klathen,konca amongtani, kathahpangresulanipun, jalaran
anggenipun sai nanem pantun sai boten medal,malahkepara tiyang satunggal kalih,
tanemipun sami dipun riti awit sami gabug sadaya.
Ing sak punika, bawah Klathen, wonten sesakit benter tis mawi watuk krewek
korengen..
Ingkang punika prayagung sarjana, mugi aparinga pitedah usada, ingkang supados
nunten waged mulya, ingkang sami nandhang sangsara wau.
Katandhan pun Secablaka.
Panjurung ingkang manggepokan sambutanipun rongga ing samangkok boten
kapacak sakalangkung prayogi prakawis lajeng konjuk ing nagari, awit sambutan
ingkang kirang saking satus sanadyan pratondha boten manut pranatan dalem inggih
badhe katindakaken. Jurungarang.
====================\=====================\
Wangsulan
Bramartani ongka 16, tanggal kaping 18 April 1878. wonten seratanipun Kumadaya,
Suraosipun kula dipun suprih nganggit cariyos kawontenanipun bakda garebegmulut
taun Dal ingkang kapengker punika, nagari Yogyakarta.
Ingkangpunika kula inggih mangertos sadaya, bab kawontenanipun bakda gaebeg
mulut taun dal ingnagari Yogyakarta wau, ananging kula boten kongang yen nuruti
pamintanipun mitra kula,kumadaya wau, awit kathah padamelan kula ingkang perlu
kula lampahi, pramila mitra kula sampun cuwa ing wardaya.
Mangkaten malih sarehning kawontenanipun bakda garebeg mulut taun dal ing nagari
Surakarta sampun kapratelakaken ing Bramatani, panginten kula bablampah-lampah
boten sanes kaliyaning nagari Yogyakarta, sanadyan wontena ingkang nalingsir
nanging sawatawis kemawon atas samiugi.
Ing wasana bramatani ongka 28 tanggal kaping 11 wulan Juli 1878 kula ningali
tondha nama, ngarsaarsa, dene suraosipun jumbuhkaliyan kumadaya.
Ingkang punika mugi sampun dados cuwaning driya,kula boten saget nuruti
pamintanipun mitra kula ngasa-arsa,ananging kedah ugi kula mangsuli kaliyan
sasenenging manah, awit seseratanipun mitra kula anglangkungi alusing tembung,
wah panawungipun ing gendhing kalebet edi, ing ngatasipun tiyang sak kula.
Kusumawicitra, naming sampun radi lami asring sisinglon nama. Kosokwangsuling
panggraita, punika ingkang anuntuni dhateng ingdhaking kawruh, pramila kados
pundit saged mindhak bilih paramitra ingakng dipun tantun imbal sastra,
manggepokan dhateng kawruh, mongka wangsulanipun lajeng pepet kados ing
nginggil punika, ananging ingkang kula ajeng-ajeng sampun ngantos kados ingkang
sampun kalampahan nanmung papoyokan kemawon awit makaten wau boten
amakangsali, mandar amboseni, kados ta lampahipun jumeneng……dam tuwin
kramanipun putra dalem inggih boten wonten ingkang nyaruwe pamacakipun.
Jurungarang.
======================\==========================\
Serat saha ingng taklim, katur panjenengan tuwan redhaktur Bramartanine,
sampuning kadya punika, awiyos pun kukila,mring tuwan asung panjurung, mugi
karsaha amacak. Ing pustaka Bramartani, wedale ngajeng punika, awit kasmaran
wedhare, ingpanggalih kang cinipta, nyantuni kang carita, tembugn olankang
winuwus tatindhih para durjana. Sang rinaldhorinaldhini, kasub ing ngrat
pramudita,ing Italiye prajane, sinantunan tembungjarwa, sartamawi rinengga, macapat
kang sekar pucung,supados rahab kang maca.
Ing wanagung kan gpetegira kalangkung, rungkut ingkang guwa,pethut kecu gone
guling, gya ginugah marag rosah prameswara. Manis arum dyah rosah pamuwusipun,
rinalldho wunguwa, kanca muwus padha tangi, diwangka rapan wus mijil
sumambrurat. Sang abagus, lonlonan genira wungu, ngliling wadananya, dyah
rosahngrungkebi aris, wanti-wanti angarasi lathinira. Nulya ngrungu, sagawon pan
samya jegug sigra samya gita, angrasuk busaneng jurit, angiseni samya rangkep
sanjatanya, Rinaldho wus, asikep dadamelipun, mareg gening bala, padha slamet
konca mami, esuk-esuk ana dodolan punapa, ana mungsuh ing mengko wus prapteng
ngayun, marek sabalanya, ananging bakal udani, wana suta tandangira ig ngayuda.
Samya guyup sadaya pamuwusipun, unggul apa sirna, orek wukir lan wanadri,
kasurambah dening suwara wurahan. Yudanipun dulunen sadayanipun, mindhak
sudira nyananging kedah angunduri, tanpa guna wutahe ludiranira. Sang pinunjul
samana kinepang sampun nrajang baris sigr, turut parang nulya manggih, sasingidan
aneng kutha ning satriya. Onggwan samun rinaldho sarasa sampun, dhinisorahprapta,
ing ngriku angarih-arih, sarwi ngrangkulrinaldho lungayanira. Alon muwus rinaldhini
wong abagus, anggunga landriya, dhasar wanter sireng jurit, nanging lluwes solahira
ing ngasmara.
Ing Ngargakumlasa, 11 Juli 1878
Kukila.
=================\====================\===========
Gancaring cariyos kados ing ngandhap punika.
Ing jaman kina ing nagari Italiye kathah begalaningang ngantos kaconggah anadhahi
utusanipun nagari, Rinaldho wa babonggoling para durjana begal ingkang misuhur
ing kasudiranipun priyataruna bagus dhasar wasis tan dukipun ing asmara, ingkang
katembanganen ing nginggil punika lalampahanipun nalika mangecu
pacangkramanipun saweneh graf ing Italiya, sadaya dandosan resika bekta sadaya,
mandar anakipun estri grf wau dipun andon ing asmara, inggihh punika ingkang
awasta dhinisorah, menggah dyah rosa wau boyongan ingkang ing nganggep bojo.
Jurungarang
=================\\===============
Camburan
Nalika awitipun pambikaking Tentun Steeling ing kitha Pareis kathah para juru
nyalimut saking sanes nagari sami dhateng, ingkang sae kapraya angangkah sosotya
ingakng sami kagelaraken botenipun inggih dandosanipun ingkang sami aningali,
ananging pulisi inggih boten kaweken ingkag anjageni ing sadinten-dintenipun
wonten konca: 1200 kajawi 77 ingkang mangangge busana caranipun tiyang
mangindhung, menggahingkang dipun waspadakaken pulisi naming wanodya
satunggal anggen-anggenipun sakalangkung endah, saha sadangonipun aningali
kanthen kaliyanpriya satunggal panganggenipun inggih kenging kawastanan boten
prasaja, sami amondhok wonten ing griyapondhokan ingkang ageng piyambak sanes
dinten wangsulipun aningali, priya wau santun busana panganggenipun rencang,
punika malahan ngindhakaken sujananipun pulisi, saestu sareng katitipariksa ing
pondhokanipun koperipun kagaledhah pulisi amanggih dandosan sosotya
sapanunggilanipun aregi 25 000 rupiyah, ingang warni yatra 5000 rupiyah, sareng
kakalih punika kang cepeng kancanipun inggih lajeng sami kacepeng.
Sang nata ing Nederlan tuwin putra dalemkanjeng gusti pangeran adipati anoms ami
badhe apalakrami, ananging saking wawartosipun boten mawi amundhut pasumbang:
Ing mangke latereitirang prakawis ingakng sampun kaparengaken lah puika arginipun
sugih ,wudhunipun kaanggepa kawon kasukan kemawon ananging manawi anarik
inggih angsal behel.
Ing kitha lehndhen wonten tiyang edan pejah, sareng kabedhel wadhukipun isi 1841
barang alit warni-warni, kadosta, 20 iji gesper 14 beling, 10 krikil 3 klosbolah,1
cangkokan tembagi, 1 uncek 1 dom9 kancing kuningan ruwin, 1782 dom bundhel
nalika gesangipun tiyang wau pancen remen anguntal-untal ejahipun punika inggih
jalaran saking anggenipun anguntal sepatu kalelegen.
Amarengipabikakipun tentunseteling ing kitha pareis tiyang ingakng sami aningali
kathahipun 97000 ingang bayar 86500 bayaripun tiyang satunggal sarupiyah.
=================\====================\========
Punika candhakipun cariyos ringgit lampahan kongsa, aben-aben
4. ngadeg ingkadipaten raden Kongsa kang ngadhep ditya sratimonra, punika
kaparnahpaman arinprabu Gorawongsa ing Gilingwesi, cethi kalihing wuri, ing
pagedhongan nalika,Prabu basudewa grogol ing wana sinangsraya, garwa kang wasta
Retna Maerah, kacidra ing resmi dening prabu Gorawongsa, temahan garbini, arya
Prabu Dinawuhan anglunas wasana naming dipun singkiraken ing wana, temah
ababar den Kongsa, mila punika linulutan dening wadya yaksa, gunemipun
RadenKongsa paring wuninga, yen karama anglilani genipun badhe ngaben jalma,
sarta smpun karsa biyantu badhe ngupados sawung,sratimongra kinen ngatos atos,
raden kongsa nimbali punggawa danawa, ingkang gantung lampah (babak unjalan)
sareng sampunprapta dhinawuhan mundhut palara-lara dhateng dhusun
widarakandhang, kalilan bekta konca golongan tuwin kanthi togok saraita, yaksa
pamit linilan medal ingjawi undhang pradangdan mangkat bupati sarta prajurit yaksa
sagolongan.
5. ngadeg ing widarakandhang ontagopa,kalih somahipun nami nyai Sanggupi, tuwin
anakipun wasta Rara Ireng, gunemipun angajeng-ajeng kesahe, atmajanipun Raden
Kekrasana, kalih Raden Nayarana, tiga raden udawa, rara ireng kedah aken ngupadosi
kesahe kadang tiga wau, kasaru rawuipun Arya Prabu Kanthi patih kalih Ontagopa
medal anata palenggahan ingpandhapa, nyai Sanggupi Rara Ireng sasaji sugata,
sasampunipun tataontagopa ngabegti,ngaturi raharja rawuhipun Arya Prabu tuwin
Rekyana patih Saragupita, patih Prabawa, arya Prabu paring wuninga yen raden
Kongsa, badhe ngaben jalma wonten ngalun-alun, timbalaning nata putra tiga sampun
ngantos kesah saking widarakandhang, amargi ing semu raden Kongsa murih
katingale putra ingkang sami dipun umpetaken Ontagopa matur yen Kakrasana
nayarana sami kesah kanthi Udawa, boten kinanten purugipun, malah sampun lami
dipun upadosi dereng pinanggih,Arya Ptabu Kalangkung duka ontagopa dipun
cametheni, nunten dhinawuhan ngupaya, aturipun sagah arya Prabu pamit kondur,
patih kalih sami umiring, saungkuripun arya prabunyai Sanggupi medal dhateng
pandhapa ontagopa sanjang yen tami duduka,margi kesahe atmajane, gunem badhe
nunten dipun upaya, kasadu gegering tiyang padhusunan ingWidarakandhang,
kandhatengan prajurit danawa ing kadipaten, Ontagopa medal jawining dhusun, ing
kaentri dipun kenyingedaken atmajanipun Rara Ireng.
Bupati yaksa kanthi togog saraita,kapanggih ing kyai Ontagopa wusing binagekaken
danawa, dhawuh karsane RadenKongsa mundhut palara-lara,atmajane Ontagopa kang
nama Lara Ireng, Ontagopa boten suka, temahan prang gagalan, ontagopa kasor
kacepeng gesang dipun rut wit jambu danawa manjing padhusunan angrarayah
sareng ngupaya rara Ireng nanging sampun binekta ngili ing iyungipun, yaksa sami
ngetutaken sapuruge rara Ireng(Banyol ajeg) togog saraita sami sagah ngipuk amrih
gampil Rara Ireng binekta dhateng kadipaten nunten sami lumampah yaksa kendel
lampahipun.
Nyai Sanggupi, kalih lara ireng kapethukakenlampahipun dhateng togog, nanging
togog kalih saraita sami kenging pangedhepanipun Nyi Sanggupi, malahkadanan ing
raraireng sami daleming, Rara Ireng binakta lajeng lumampah ing Nyai Sanggupi,
ngantos tebih manjing ing wana, sareng togog saraita kawethuk bupatinipun taksih
sami daleming, ngomyangaken Rara Ireng, danawa nunten sami ngalcak sapuruge
raraireng nangingsampun boten saget kacandhak.
Taksih wonten candhakipun.
==============\========================
Ongka 30, Kemis kaping 25 Juli 1878

Serat kawat saking Eropah


Anggenipun kalempakanipun para praja,ingkang samiprakawis campuhing Ruslan
…..(NAKAH INI
tuwin Turki,wontenin kith aBerle
SOBEK_SOBEK DAN TAK TERBACA)
Kulawisudhan
……..

Surakarta
…………………………….wulan juli punika, amarengi tingalan dalem…dipati anom
sampeyan dalem ing……titiga, mawikajenengankanjeng….ing sawatawis tuwan
tuwan, meng…..enjing., asasarengan pisowanan…..mangkunagara, mawi
kadherekakan….atatalenggah sawatawis….kapatah angandthi putra
sampeyan……dalem jumeneng ka……paraingakng sowan ngiisipun sareng sampun
rampung…..sampeyan dalem tindk wangsul….tatlenggah sakedhap nunten
pangu….maos angunjuk kalih dalem ingkang sami kasupi….la dalem kanjeng gusti
pangeran ….wedanakanjeng tuwan residhen….Lajeng paitankondur, para ingakng
sowan sanesipunlajeng lumengser saking ing ngarsa dalem
Ingmangke kagungan dalem kareteg ingang anjog ing Tanjung anom sampun dados
sanget anuwuh pamuhi panuwhunipun para alit mugi nagari nunten anyantosanana
panggarapipun kagungan dalem kareteg ing pelem wulung, awit punika inggih badhe
amigunani dhateng ing ngakathah.
Benjing tanggal kaping 26 wulan Juli punika, kanjeng gusti pangeran ADipati ARiya
Mangkunagara kalihan Kanjeng tuwan REsidhen badhe tindak dhateng ing Sembuyan
alalangen ngiris pantes amurwani anggenipun badhe aya sabendungan.
=================\==================\=========
Ingkang manawi maengaken saking karsanipun tuwan REdhaktur,panjruung kula ing
ngandhap punika mugi kapacaka ing Pustaka Bramartani. Inggih punika ing nalika
tanggal kaping 7 Juni 1878 utawi kaping 6 Jumadilakir, Dal 1807, Mas Ngabei
Mangun Sanjaya abdi dalem mantra Cacar ing kihta Klathen, tampi ganjaran sakng
kanjeng parentah ageng ing Betawi, warni medhaliye Prunggu, denten anggenipun
maringaken ganjaran wau wontening pandhapi kabopaten, kanjeng tuwan Asisten
esidhen ugi anjenengi, tuwin sadaya pryantun sami katimbalanb, mangagem kulukan
rasukan sikepan ageng nyampingan, sareng wanci satengah sasdasa, kanjeng tuwan
Asisten Rawuh ing kabupaten, tuwin prayantun sadaya sampun sami sowan,lajeng
kanjeng tuwan asisten dhawah dhateng ingakngbupati, supados andhawahaken
ingkangbupati lajeng nandhika andhaahaken bilih ing dinten punika mas Ngabei
mangunsanjaya sakingkarsanipuning kanjeng parentah ageng Betawi,kaparingan
ganjaran medhaliye, saking dening setya tuhu ing parentah, anglampahi ayahaning
nagari, inggihpunika kala taun ingkang nembe kapengker punika, sadaya kabupatosan
tiyang alit sami kathahingkang ginanjar sakit cacaren namungingkang kalebet
wawengkonipun mas Ngabei Mangun Sanjaa wau boten patos sawonten mila
punikakanjengparentah ageng betawi amaringi tatenger,ingakng supados dadosa
tatuladanipun sadyaa prayantun, sareng sampun lajeng ingakng bupati amaringaken
ganjran wau, katempelaken ing pranajanipunmas Ngabei Mangun Sanajaa, ing
saestunipun kanjeng pangeran ageng wau boten kakilapan dhaten gabdinipun ingkang
setya tuhu indg damelan, ananging teka owel sanget paprentahan ing nagaringriki
dereng angulawisudha indhaking pngkatipun tuwin blanjanipun, mongka mas Bei
mangun Sanjaya wau pancen prayantun saregep ingpandhamelan, ing sak punika
kanjengpanrentah ageng betawi sampun anggalih amaringi tatenger, ingmongka sak
lami kula wontening bawah Surakarta ngriki, dereng wonten prayantuningang tampi
ganjaran saking kanjengparentah ing Betawi,inggih saweg sapisan punika, mila
punika sampun nandhakakenbilih Mas ngabei Mangun Sanjaya wau pantes manawi
kaparingana ganajaran indhaking pangkatipun tuwin balanjanipun.
Kaping 21 Rejeb Dal 1807.
R.Z.
=================\===================\
Ganjaran punika dhatengipun sarenti, mengggah paentah punika saestu aniteni
lalampahanipun para abdi, bilihpantes kaganjar malih boten wande inggih badhe
wonten lumunturing sihipun,namungpamuhi kula ingkang mentas kaganjar ing
mangke sagedaamomong badanipun piyambak sampun ngantos angangge watakipun
lare ingang kaogung, awit sih ng gusti dhumawahipun dhatenging abdi boten wonten
bedanipun pramila para abdi ingakng dereng anggsal nugraha kaganjar, sampun
ngantos kadununganpanggraita bilih kabedakaken lajeng kemba anggenipun
anglampahi bekipun, anggen kula saged anglairaken pamuhiingnginggil punika,
ingkang kaganjar sampun ngantos kadunungan watakipun lare ingakng kaogung,
amargi kula sampun asring-sring ayektosi, kathah para alit ingkang kalunturan sihing
gusti, lajeng supe dhateeng kawujudanipun ing ngajeng, sumagahdhateng sabarng
prakawis wekasan anyingkuraken dhaten gbandaranipun kados tuwuhing paribasan
kawuk ora noleh salirane, utawi kere munggah bale, punika amargi saking lalampahan
makaten wau, tangeh bilih abdi ingkangsampunmakaten alabeda dhateng bendranipun
mandar angaji mumpung sadaya lalampahanipun lajeng naming amangkasalaken
badanipun piyambak. Jurungarang.
===============\=================\==============
Camburan
Bongsa Cina sadaya ingkang jaler masthi angangge kucir, menggah kucir wau
dunungipun sami kalihan lare angangge gombak kaotipun kucir mawikasambetan
songa utawi lawe wenang saha kakalabang, dados ing sadinten-dintenipun ing nagari
Cina, mayutan yutan tiyang sami kacukur rambutipun pramila kathah juru cukur
ingkan gider,awit paletheking surya dumugi serapipun boten kendhat-kendhat
anggenipun ider, mawi amanggul pirantosipun kawadhahan ing sarumbungan ingakng
mawi kapassangan sirah naga, sarta aneh sanget tandukipun kalihan tiyang
ignakngkacukur, kapethuk tiyang ingakng rambutipun sampun ragi panjang
thukulipun punika lajeng tanpa tembung anyandhak tiyang wau kalinggih aten ing
dhngklikipun sarwi kaisik-isik ingg githok boten antawis dangu tiyanglajeng
angalentuk wah angorok dados gampil anggenipun anyukur utawi anggenipun
angoroki kupingipun bilih sampun kucir kaudharan lajeng akakalabang malih,
sanadyan kuci wau cihnanipun anggenipun kabawah dhateng praja Tartar, ananging
ing mangke bongsa Cina sampun amatauh anggenipun angangge kucir, mongka
nalika ratu ing Tartar anelukaken nagari Cina, andhawuhaken bilih tiyang Cina kedah
angangge kucir manut caranipuning Tartar, kalampahan kathah tiyang Cina ingkang
kakethok gulunipun awit anggenipun amarengkang, tur ing mangke kuir wau kathah
gunanipun kadosta: para rencang kangge anyulaki prabot griya, para guru kaangge
angerangket lare ingakng bele, jurugan kapalan minongka pecut tiyang ignakngcupet
budinipun mongka badhe anganyut tuwuh boten susah upados tangsul mangkaten ugi
bilih konca pulisi anyepeng durjana tngsul prasasat sampun cumawi, bilih
angerangkul wanodya mongka ragi mengkak-mengkok supados raket inggih kucir
sarana lisahipun dhuyung awit lajeng kagubetaken.
(Lokomotip).
=====================\===========================\
Punika candhakipun cariyos ringgit lampahan Kongsa aben-aben.
6. Gara-gara sakendelipu ngadeg Pamadi, wonte ntengah wana,kang ngiring
punakawan semar nalagareng petruk, kocapa ing pagedhongan, sadadosipun nagari
ngamarta, arjuna lolos tanpa maturing kadang, sampun lami kesahipun, semar angajak
mantuk arjuna datan arsa, nulya miring swarning janma karuna, lajeng dipun purugi
kapanggih nyai Sanggupi kalih Rara Ireng, sasampunipun Tanya tinaya nyai Sanggupi
masrahaken Rara Ireng dhateng Raden Pamadi, apratela yen binujung danawa, caraka
ing kadipaten, parta sagah angekahi, nyai Sanggupi pamit totoya dhateng sendhang
nanging boten wangsul, katungka dhaengipun yaksa anedha sembadraPamadingekahi,
lajeng prang sekar, bupati yaksa kasor pejah tiga pisan, togok saraita tuwin …..yaksi
sami lumajeng. Pamadi sapunakawanipun sapejahing danawa, sami ngupados…….ra
Ireng, margi sadangunipun bondayuda kalih danawa Rara Ireng kesah angles
kimawon,mila lajeng sami dipun laaksa……
7. Ngadeg patapan Giripurna, bagawan Padmanabam kar………yan, lenggah ing
balepacrabakan,kocpa…satriya ing Widarakandhang punika putra ing Mandura
sampun lami wonten ing wukir, kanthi…..den Udawa,…samipuruita
dhateng……telas wulange dhateng …….angudi dhateng sang
pandhita…langaken,pangandikanipun….sang tapa…agal empit….den
nayarana,bagawan ….lakaken, narayana nari….kaing tiga datan tumama, ya mlya
tuwin sanjata cakra…….wpmdala nas,oua. Marauama…snjata carka sang
,,aprayala,,,manitis dhateng raden ing Dyawrawati, Rden Udawa,,,nonurubing dahana,
…..ingprabadan kapanggih, raden Ulatupunapa,kali boten wonten….nanipun,Udawa
….mahan matur miteges……ron malih Udawa dipu kenmamtuk dhateng …..lajeng
dating nagari Madura, ……saking patapan.
……………Sonya, wasijaladara, kocap ing patapanputra ing Madura ingkang
pambajeng nama radenKakrasana,…..nitipaken ing dhusun widarakandhang,aljeng
kesah amaraelakaken ……..argasonya, para pwasijaladra, agentur samadi …Bathara
Brama, jaladara udhar asta ngabektinguswapada,……ngandika yen tapane jaladara
wus tinarima,praptaning kang sineksi,,,,sasiliring bang, sarta sinerepakenlampahan
tuwin……ane raden Kongsa, sajatine RadenKongsa atmajane prabu Wongsa, tuwin
bathara Brama dhawuhaken karaninghyang Pra…Guru kakrasana pinatedhan sanjata
nenggala,s areng tinampanan nenggala musna,manjing astanipun Jaladra ingakng
kanan,nunten wangsit manawi manggih karya awrat asta dipun pususa,
sa,,,,,,,,,,nenggala mingis selaning dariji kanan, sasampunipun jawata….sit dhateng
Kakrasana, pamit wangsul ing Kayangan, Kakrasana dhawuhanlajeng dhateng
Mandura, kakrasanna ngabekti jawata mumbul ing gegeana, nunten raden Kakrasana
gumurun sakngpatapan, wonten ing margi lampahipun kapethuk Rara Ireng, sareng
aRarangkulan…Rara Irengkaruna kakrasana, tanyamila Rara Ireng kesah sngking
Widarakandhang, datan pakanthi, Rara Ireng matur yen widarakandhang dhateng yksa
ing kadipaten, padhusunan kajarah karayah Ontagopa kilap pejah gesangipun, Rara
Ireng binakta ngung……Nyai Sanggupikesah Rara Ieng ngaken dipun potha-photha
dhateng Pamadi, sagetipun pisah sareng Pamadi bondayuda kalih danawa, dipu
nkinten Pamadi lajeng nglantunlampahipun Rara Ireng, rden Kakrasana anilar Rara
Ireng badhe ngukum Pamadi,lumampah gagancangan, Rara Ireng angetutaken.
Saantawis tebihing lampahipun Kakrasana kapethuking Raden Narayana, nunten
kendel sami bage binagekaken tuwi awawarta ing purugipun sowing-sowang,
Narayana matur mila tindakipun ingkang raka gita-gita, wonten karsanipun punapa,
jaladra wawarta yemkapanggih RaraIreng ing widara kandhang rinisak yaksa
kadipaten, sareng ngungsi kapanggih Pamadi Subadra dipun potha-potha, punika
ingkang badhe idpunulati kang nama Pamadi, badhe dipunjak gandhengan ast
angaben kaprawiran, dene purun majanani dhaten gingakng rayi Rara Ireng.
Raden Nayarana, aturipun sampun gantos kalajengaken karsanipun badhe
ngukumPamadi, sababtiyangpancen sae, tutulung sayektos, yen ta sampun na wotnen
Pamadi kados pun Subadra lajeng boyong danawa, mila sampun gegan-geganen
manawi kedhuwung, punika rare remennganben aben wiwicanten, kakrasana
wangsulanipun yen kapanggih Pamadi, boten ngiri raden Nayarana, dipun
tingalankemawon, narayana dheku ajrih, kakrasana nglajengaken lampahipun.
Taksih wontencandhakipun.
Ongka 31 Kemis kaping 1 Agustus 1878
Surakarta
Derenglami ing ngriki wonten priyayi anganyut tuwuh, anakjaler pambajengipun
demang Resawirana ingkang sampu kawakilaken pandamelanipun embank putra
pangabeyan sakawit ngudur kaliyan Nyai LurahAmongboga, prakawis
anggenipunngunduraken lorodan ulam dhateng rerehanipun, sareng kamanah lepat
sanget lajeng kesah mantuk cucul tumunten dhaten glepen sangkrah, dumugining
ngriku gulu dipun tangsuli rsukanipun gabayak kasingsetaken lajeng nyenplung lepen,
wondene pejahipun wau kakinten wancijam 9 dalu, sabab mantukipun saking lebed
jam 8 menggah umuripun saweg 38 taun griya kampong ing Baladan.
Lalampahan ingnginggil punika emeh sami kalihan lampahanipun juru pawonipun
prabu Lodheweik kaping XIV ing Prangkreik, Prbau Lodheweik wau badhe
anyungata para tamu, kados ingkang kapratelakaken wonten cacathetaning pasugatan
wonten ola-olah an ulam laut sareng dumugi wancinipun pasugatan sumaos olah-
olahan ulam laut wau dereng rampung,s akng jrihipun juru pawon sanalika lajeng
asuduk sarira.
Nalika setu kaping 27 wulan punika, Ki Kramajaya atawis umur 60 taun
griyakampugn Kratonan pejah kapanggih sampun mabet wonten ing Sumur mati,
menggah sababipun naming sumerlang bilih kajibahaken dening parentah ngatasing
prakawise anakipun, murih sampun kcihna lajeng damel gelar dandos pamit kesah
jagong, wekasan ngantos 3 dinten boten mantuk, sareng putunipun pados kajengmriku
sumerep bilih pun kaki kemambang, mila sareng kaentats taksih mangangge mrabot.
Akat siyangkendel jam 3 tangal kaping 28 punika, griyanipun Nisasemita,
pangindhung, kaliyan griyanipun kina, Trunadongsa, jajar, sami kampong Kratonan,
kabesmen cacah wuwung telas griya 9 iji, sakin gngakenipun sasemita, latu wau tanpa
sangkan, ananging tongga ami mastani latu anggenipun rerateng pyambak.
Yogyakarta
Konca pulisi mentas anyepeng tiyangingkangsampun ajujuluk ratu adil
pangangkahipun kilap badhe ajumeneng lajeng ayasa karaton piyambak kilap badhe
angnedhih karaton kakalih,punika sanadyan sampun rampung titi pariksanipuning
mangke dereng wonten katernganipun amirid gugon tuhonipun para alit lalampah
makaten wau saestu badhe agempalaken tentremipunpraja ing sawtawis pramila
prayogi sanget biih patrapanipun kaewokaken dhateng patrapanipun para kecuing
nagari ngriki, supados anggirisiing tembe.
Serat pawartos Mataram mentas anampeni serat saking prayantun tanah gupremenan
angalembana dhateng lurahipun papethikaning suraosipun kados ing ngandhap upnia:
Saweg neme punika angsal paparentahan sae, kenceng ananging leres ign
panggarpipun dhateng saliring prakawis punapa malih kyai lurah tatembunganipun
jawi sanget alusipun saha resik ngantos para tiyang rumaos boen kaconggah
angewahana, ingngajeng bawah ngriki asring asring kadhatengan kecu, ananging ing
mangke pranatanipun kenceng sanget kados boten yen para kecu sami purun
andhatengana malih, tuwan saestu boten kakilapan bilih ing tanah Sukawati asring-
asring wonten tiyang ingkang remen kecu,punika sabanipun asring dhateng tanah
ngriki, para kecu, maling krayok cule, maling, nayab,ngutil bajingan nguladara,
botoh, salingkuh, saliring lampah kadurjanan samai sirna, sadaya wau tuwuhipun
amargi saking kyai lurah, Mataram amangsuli makaten saestu bagja sanet
nagariignkang saged amastani makaten ananging sadaya wau punapa temen
inggihpunika ingkang kaajeng-ajeng ananging kula dereng pitados panyeratipun serat
wau saking pamanggihkula, warnenipunkdos kawarahan saking ing nginggil kula
sampun wanuh dhateng nagari ingkang dipun dunungi prayantun wau, mongka ing
ngajeng pancen kirang tentremipun ananging ing salebetipun enem wulan kados
dereng saget tentrem kados ingkang kasebut ing nginggil wau.
===============\=================
Panjurung
Sarehne cangkrimanipun dyan Padma Suipta dereng kabatang malih, mila ing mangke
anglairaken pamanggih, menggah pambatang kula cangkriman wau kalajengking.
30:7:5:80:7 Ktandhan pun Sugyarto
========\=============\=============\
Cangkrimanipun mitra Padmasucipta punika pabatang kula, kilat bau, ananging
manawi lepat smpun dados duka, sabab kula punika taksih bodho, sokur lajeng karsa
ambatangaken, tamtu andadosaken bingah kula.
Slasa ping 30 REjep Dal 1807.
Korespondhen.
==============\================\=============
Panjurungipun Salamet boten kapacak awit amaosaken siti dhusun
punika,kalampahanipun boten amargi kapeksa menggah wiraosipun tiyang kaduwung,
saestu boten kenging kadamel watonipun amencasi prakawis, kemis ingngajeng
punika kula angajeng-ajeng panjurungipun salamet angaken bilih anggenipun anyerat
panjurungipun ingkang boten kapacak naming awaton pamuring-muring kemawon.
Wangsulanipun Padmasucipta dhateng Bagus jaka Mutabdi boten kapacak awit badhe
megataken pawong mitran punapa malih badhe anyuwakaken manahipun para
tiyangingkang angudi dhateng indhakingkawruh, tiyang sampeyan pancen saged
punapaha awad-awad boten saged mas bilih kula entasi ing wiraos sampeyaning
tembe kaduwung sampeyan sasaged-saged inggih mangayobagya dhateng
pangudining indhakipun kawruh.
Jurungarang.
========================\====================\====
Punika candhakipun cariyos ringgit lampahan Kongsa aben-aben.
9. Ngadeg Pamadi: ingkang ngadhep punakawan, 3 gunem genipun angalacak
lampahipun Rara Ireng, dereng saget kapanggih, boten andugi, dene inggale tebih
kesahipun Rara Ireng, kasaru dhatengipun Raden Kakrasana, jujug ngajenging raden
pamadi, sareng smpun ataken tinaken raden kakrasana ngaken yen kadangipun Rara
Ireng, Pamadi dipun jak ayuda, yen saget ngasoraken Kakrasana, Rara Ireng dipun
paringaken dhateng Raden Pamadi, aturipun Raden Pamadi mopo boten neja
bondayuda, Raden Pamadi lajeng dipun candhak lambungipun dening Raden
Kakrasana, linarak binanting nunten kabucal dhawah punakawan sami angajani,
Raden Pamadi pinurih anglawani prang, Raden Pamadi lajeng mangsah, Raden
Kakrasana kasor,kenging dipu cepeng dhateng Raden Pamadi boten saget budi, sarta
dipun sabetaken bantala, sambat sambat minta tulung dhateng Raden Nayarana,
mangkana rara Ireng pangka panggih Raden nayarana, bade wawadul malih dipun
welehaken, kawastan remen angaben aben kadangipun, ing mangke kasor ingkang
raka sambat sambat minta tulung Rara Ireng dipun atak tutulung Rara Irengkesah
kalih wicanten, (emane aku metu wadon, yen dadiya lanang sadulur ku ding pilara tak
kira bareng mati).Raden Nayarana lajeng manggsah tutulunging kadang, Raden
Pamadipirsa yen wonten ingkang tutulung, Kakrasana binalangaken dhawah tebih,
sareng dhatengipun Raden Nayarana, RadenPamadi lenggah sarta dheku, Nayarana
angajak yuda, sarta ngaken yen kadanging Kakrasana, kaparnah nem,a turipun
Pamadi boten neja purun tuwin sareng nayarana dhateng aturipun lajeng cape boten
gadhah bayu, sampun rumaos kawon Semar Nalagareng Petruk sami dhateng
(banyolan ajeg) Narayana gumujeng ngucap boten bingah dipun kawoni ing bapa
kimawon, dene tumrap papuyuh dereng pethil yen sawung dereng abar, teka angaken
sampun kawon, najan asor ungula, yen sampun kalampahan ngabe kaprawiran, semar
matur dhateng Raden Nayarana, mratelakaken manawi bandaranipun boten matur
lamis, yen sampun rumaos ajrih tuwin kawon inggih sayektos, boten gadhah watak
remen jeglong, anyekolong, punapa aturipun punika temen dipun antepi, anodhi ing
Raden Pamadi, yen temen kawon badhe dipun pejahi,aturipun Raden Pamadi, najan
dipun pejahi inggih purun, narayana narik curiga,pamadi dipun prajaya wanti-wanti
boten tumama, raden Nayarana sangsaya duka, pamadi dipun wastani angegungaken
kadigdayanipun, curiga dipun sarungaken pamadi dipun ken males manawi ajrih
sangkng ngajeng punapa saking ing wingking, Nayarana lajengmungkur, aturipun
raden pamadi tiyang sampun boten saget gulawat, semar matur dhateng raden
Nayarana yen badhe pirsa gonyehe bandaranipun dipun prajayaha wonten ing tengah
lepen, punika saestu lajeng apes pangraos dipun gebaga ing carang
kimawoninggihlajeng pejah, nayarana mituhu, pamadi dipun jak dhatenging lepen
aturipun lumampah malih sageda gulawat mawon sampun boten saget, Nayarana
jungjung raden Pamadi boten kuwawi nalagareng petruk sami dipun ken angencangi
jungjung inggih boten kuwawi semar dipun ken tumut jungjung, aturipun manawi
murih saget kajungjung gapil yen wontena Kenya ingkang taksih parawans unthi,
nanging ingkang gadhah kalairaan dinten AnggaraKasih kalung usus, liya punika
mongsa kuwawiya begta bandara, Nayarana mangsuli punapa yektos, aturipun semar
mongga sampeyan yektosi: yen dora atur kula semar cariyos bandaranipun nate damel
totohan dipun usung tiyang sadasa boten kuwawi,sareng angsal prawan sunthi lair
Garakasih, jungjung ijen kuwawi, raden Nayarana kaenget RaraIreng kalairanipun
nymleng kados aturipun semar, Nayarana nimbali rara ireng, semar saha anakipun
sami sumingkir Subadra dhatengipun ken gendhong pamadi,binakta dhaha teng
tengah lepen badhe dipun pejahi, Rara Ireng nunten anggendhong raden Pamdi
Nayarana angrumiyini,samarga-marga Rara Ireng dipun gerayangi jajaniun dhateng
Raden Pamadi, sareng dumugi tengah lepen dipun brukaken raraireng awawacanten.
(Lah rasakna bakal dipateni si kakang kowe, pamadi angaras nguap dipateni cik ben)
Subadra jengkangaken pamadi lajeng kesah raden Narayana,prapta narik curiga,
sareng sampun celak Raden Pamadi sapunakawanipun angoncati,mumbuling gagana,
raden narayana kangg geg ingpanggalih dangu anjenger dipun raos raos kaduwung,
rumaos manawi dipun jeglong eraming manah wegigipun pamadi teka condhong
kalihpunakawanipun, Raden Nayarana,lajeng marek enggenipun ingkang raka, sami
lenggah tuwin Wara Subadra, kakrasana apitaken nggenipun bondayuda, kalih Raden
Pamadi, aturipun Raden nayarana, pamadi sampun dipun pejahi, sapunakawanipun
kuwonda lajeng dipun larung ing lepen, kakrasana ngajak dhateng Madura, aningali
ngaben jalma, Raden Narayana pinurih ngetutaken ingkang rayi rara ireng, sarta sami
amisaha panggenan, sampun sami rujuk lajeng sami umangkatr, kakrasana llumampah
piyambak narayana sareng wara Subadra..
10. Ngadeg tepining wana, raden Bratasena, sadadosipun nagari Ngamarta, Pamadi
lajeng lolos saking praja,RadenBratasena lajeng angupadosi nanging dereng saget
kapanggih dumugi pinggiring wana talatah Madura, Bratasena kendel anganginangin
warta, mangkana lampahipun Raden Ugrasena, angupados sawung jalma ingkang
pantes tinandhing kalih ditya Sratimontra, sampun jajah ing dhusun-dhusun urut
pareden dereng angsal, sareng sumerep dhateng Raden Bratasena lajeng dipun purugi
prapta jajar lenggah saantawis dangunipun dereng sami angucap raden Ugrasena
angrumiyini nembrama katemben pangih tuwin Tanya aran pinangkanipun, Bratasena
pasaja,pinangkanipun utawi mratelaken aran, raden Ugrasena tinanyan pinangkanipun
utawi nama sampun awaleh, Bratasena tinanya ingkang ngayoga,ngaken manawi
Atmaja Pandhu, patutanipun kalih dewi kunthi , ugrasena angrangkul dhateng raden
Bratasena, sarta anyerepaken manawi arining retna kunti ingkang waruju, Ugrasena
Tanya mila raden Bratasena dumugi wna jajahan Madura, punapa karyanipun
Bratasena amangsuli yen angupadosi raden Pamadi sampun angu dereng pinanggih,
raden bratasena tatanya dhaeng paman punapa karyanipun ngantos lumampah dumugi
ing wana tanpa kanthi, raden Ugrasena awawarah lampahipun kauts ingang raka
sinuhun Madura, ngupaya janma ingakng kadugi kadamel sawung, tinandhing aken
kalih yaksa wasta sratimontra, raden Bratasena dipun tantun kedugi, nanging yen
sampun kalampahan damelipun nyuwun dipun biyantonan nggenipun angupadosi
ingang rayi raden Pamadi, Raden ugrasena anyagahi bratasena lajeng dhateng
nmadura, lumumpat ugrasena gendholan paningsetipun sena, sareng dumugi
wakesingpraja, lajeng sami lumampah.
11. ngadeg prabu Basudewa, kang ngadhep arya prabu tuwi patih Saragupita kalih
prabawa, cethi kalih sami ownten ing wingking gunem nggenipun dhateng
widarakandhang, tuwin angajeng-ajeng genipun atusan angupaya sawung, kasaru
dhaengipun Raden Ugrasena, kalih raden Bratasena, sasampunipun ngabektidinangu
matur,lampahipun angupaya sawung,punika sampun angsal kapratelakaken manawi
pulunanipun atmaja pandhu patutan sakning ingkang rayi dewi Kunthi, Bratasena
rinakul Pabu Basudewa utawi arya Prabu sami suka ing panggalih,
andangukaarjanipunignkang rayi retna kunthi tuwin para putra pandhawa, Sena matur
sadaya raharja nanging kadangipun ingkang pamadya punika kesah dipun upaya
dereng kapanggih, raden Ugrasena angaturaken pamintanipun raden Bratasena yen
sampun kalampahan damelipun nyuwun dipuniyantoni genipun madosi raden pamadi,
sang nata sampun anyagahi, prabu Basudewa ngandika dhateng Arya Prabu.
Raden bratsena dikakaen bekta dhateng sitinggil, punapa dene lajeng ngamirantos
pangabenan ing ngalun-alun, sakidul waringin rakit, andhawuhna baris para prajurit,
sang nata badhe ningali ing sitinggil, Prabawa dikaken dhatengkadipaten andhawuhna
dhateng raden Kongsa yens ampun angsal sawung tandhingipun Sratimontra, Sena
nyuwun pangestu, nunten sami medal.
Taksih woonten candhakipun.
Ongka 32 Kemis kaping 8 Agustus 1878

Surakarta
Benjing-enjing sampeyan dalem ingkang sinuhun Kanjeng Susuhunankasa tindak
cangkrama dhateng Tegalgonda, garwa dalem putra dalem tuwin Santana dalem
sawatawis sami andherek menggah tindak dalem dumugi ing Dilanggu anitih kareta
asep mirunggan saking Dilanggu dumugiing Tegalgondha anitih kareta.
Nalika ing dinten malem Kemis angrinakaken tanggal kaping2 wulan punika wanci
jam 1 dalu, griyanipun mas Bekel Marta bau ingkampung Gandhekan Kiwa
kabesmen cacah wuwung telas griya 3 iji, ananging latulajeng boten amremeni
dhateng ing griya sanesipunmalih, jalarankapalangan dening sengkutipun para
tandang.
Nalika in dinten Malem Saptu angrinakaken tanggal kaing 4 ugi wulan punika
wancijam 2 dalu, ing kampong bawah PUspakusuman tembing Ler, ing kampong
Reksaniten tembing Kidul wonten griya kabesmen cacah wuwung telas griya 10 iji,
ingkang dados wiwitan pandhapinipun mas Bekel Reksawijaya, kapedhaking puspa
kusuman, kala samanten sumiliripun ing angina kapara santer, andadosaken
kuwatosipun para tiyang ingkng gagriyaing sakiwatengenipun ngriku, kang mawi latu
ingkang angsal empan-empan mauud alit gampil kaserang katutlampahing angina
temahan salong anibani payoning griyapating taledhok, malah wonten ingkang
kabuncang ngantos dumugi sawetaning prapatan Secayudan amandheg mayong,
ingkang sami anglampahaken anginten bilih latu sampun sirep, jalaran boten katingal
kebulipun awit pinten-pinten prakawisingkang angantawisi lancuring paningal,
ananging sayektosipun kala samanten lampahing kebul boten andedel minggah among
angampar-ampar mangaler, leres ingkang anginten bilih sampun sirep, pramila
lampahipun lajeng anguler kambang: Satitahnja sadja.
==========================\==============================\
Bangil
Dereng dangu wonten sawijining juru nglampahaken grobag wawrat gendhis saking
pabrik Sukareja, badhe kabeta dhateng gudhang ageng ing Pasuruwan, saking
aribipun lajeng anendra ngorok senggar-senggur, sapraptanipun ing margi ageng celak
pinggir lepen, dumadakaken lembunipun giwar, grobag sawawratanipun kacegur ing
lepen, sang nendra ngolir kagugah dening toya, enggal katulungan dening ingkang
kwajiban pulisi, kalapuraken ing parentah,lajeng kapatrapan ukum 3 dinten ing
krakalan, jalaran anggenipun lena.
Wonten sawiining tiyang estri amanggih 1 iji patruman mawi isi, sareng dumugi griya
anggraita badhe kacopot mripatingpatruman, kadamel karahipun cucuk kondhe,
sareng kathuthuk lajeng baledhos amrawasani jarijinipun keri gangsal pisan.
=======================\======================\
Panjurung
Sakalangkung sanget suka bingahing manah kula, dene panjenenganipun tuwan
jurungarang Bramartani adhangan ing panggalih auruti atur panuwun kula
kadosingkang sampun kapacak ing Bramartani taunpunika ongka 28 sarta nelakaken
condhonging panggalih kalayan esthiing manahkula.
Saestunipun sampun antawis lami anggen kula gadhah niyat badhe angaturi panjurung
punika, nanging manah kula sakalangkung sumelang, bokmenawi panjenenganipun
tuwan jurungarang boten kersa anganggep dados kula katunan sanget, angeceh-eceh
pandamelan kaliyan arta waragading pos, sarta malih sumelanging manah kula wau
bokmenawi wonten lepating panyerat kula bab patraping sastra uttawi tanduking
tembung tamtu badhe dipun cempad dening para sujana, sarjana, berbudi, wicaksana,
awit sampun kathah tuladanipun ingang sampun sami kasebuting Bramartani, saben
wonten panjurung ingkang lepat linggning sastra utawi tanduking tembung tamtu
lajeng dipun waoni utawi kabantah, utawi kajelir-jeliraken lepatipun, ingkang
makaten punika kula wegah sanget rumaos boten kaconggah angladosi, mila anggen
kula badhe manjurunglajeng boten siyos, awit nalaringkang samanten wau tanpa
damel,naming badhe anyrinakaken karesepaning panggalihipun para titiyang ingkang
sami maos bramartni kemawon.
Wondene samangke sampun kalampahankula aturr panjurungpanjenenganipun tuwn
juru ngarang anelakaken kaparenging panggalihipun kados ingkang sampunkapacak
ing Bramartani ongka 28, wau, milaing wingking kula inggih badhe kumapurun malih
angaturi panjurung, nanging kula prasadu, bokmenawi wonten lepating panyerat kula
utawi tanduking tembungipun, para titiyang ingkang sami maos bramartani mugi
mugi sampun wonten ingang ambantah, utawi ngajak paben, kula sakalangkung mopo
boten kaconggah angladosi.
Kajawi sangking punika, kula anglairakenreseping manah kula amaos bramartani
salaminipun panjeenenganipun tuwan ingkang ngarang Bramartani punika dados juru
ngarang, awit boten wontenpanjurung ingkang sepi paidahutawi ngewak-ewakaken,
naming saprakawis ingkang taksih andadosaken cuwaningmanah kula,
namungpanjurung cangkriman, punika saking pangraos kula piyambak kok kirang
paidah, awit paidahipun naming tumanduk dhateng lare lare kemawon supados
lantippambudinipun,
Ing Betawi kaping 18 Juli 1878
Kula pun
Bagus Jaka Mubtadi.
=====================\=====================\===============
Bagus Jaka Mubdi mugi amaos bramartani ongka 16 kados lajeng sumerep dhateng
esthining manah kula, ing pangarangipun serat wau, pinten banggi pra saged iyeg
ambiyantoni ing kerkat kjula, angudi dhaeng wetahipun tembungjawi, supados serat
bramartani ing tembunganipun dadosa tuladha, sanadyan kiranga pawartosipun,
ingkang sami maos sampun ngnatos anggalih tuwiningpamaosipun ingggih yektos
pangarang kados ingkang sampun kalampahan anuwuhaken cuwaning ingkang sami
manjurung, pramila sarehning sanmpun kenging kayektosan ing pangangkah kula,
pamuhi kula mugi para sarjana ingamangke sami sarju amanjurung, anggitanipun
sampunngantos tansah kagebeng kemawon makaten ugi panjurungipun bagus jaka
Mubtadi inggih kula ajeng-ajeng dhaengipun.
Jurungarang
=================\====================\=================
Minogka Cumadonging Lumunturigsih.
Asring srig kna dhusun amastani, manwi wonten tiyang estri arencan glare meal
dhamit, mongk jinurung ing tuwuh kenging lajeng dados jodhonipun.
Anenggih wont satungaling tiyagn wasta bok Ragayuda ing dhusun Sukarami, gdhah
weak dhampit, sapar umur 2 wulan lajeng kapisah, ingkang estri dipu rimatipiyambak,
dene ingkang jaler kasukakaken ipenipun estri, ananging saderengipun kapish nunggil
nysy kaliyan sdherekipun estri dhaeng biyungipun pribadii, ing sapunika rare kakalih
smpun umur 5 taun sami wilujeng, wasana pangintening bapa biyung badhe boten
nylayani pamanggih ksebut ing nginggil wau.
Pramila sking dahat cumadhaka kula akumacelucumundhul ing atur
anuwunlumunturing sih palimirmanipun priyantun sujana, punapa asah saking
paningkahipun awit salami kjula dereng miring tuwin anyipati lalampahan
makatenpunika.
Dahat angrsa-arsa pun Surangkara.

Saking pamanggih kula paningkahipun lare dhampit kasebut ing nginggil punika,
amurang sarak ingkang kasebut ing Kur’an wonten ing jus sakawan patsal pitulikur,
sanadyan paningkahipun naming anuruti gugon thon kadamel isarat kemawon inggih
botenkenging. Juru ngarang
========\========================\=====\
Camburan
Amugn kadamel kasenengan.
Upami kula ing saben dinten saged tangiing wanci jam nem enjing, miwahlajeng
enget manah adamel kasenenganipun para tiyang, amitulungi sarana angular-uluri
dhumaeng paa tiyang ingkang andhadhepa anyuwun papariman, anRarapu tuwin
asung basa manis arum dhumateng ing tiyang ingkang sawegkagebeng ing kausahan,
anedahaken marginipun ingkang yekti dhumateng ing tiyang ingkang lampahipun
kasisip, ambok manawi sakelangkung mupangati, tur prakawis manggkaten punika
wau gampil dipunlampahiing dalem kawan likur jam rampung. Cobi kula ejrahipun
bilih kula ing dalem sadinten sage d anandukaken aamel kasenentganipun
satunggiling tiyang, saking ing saprakawis kemawon, ing dalem sataun amesthi saged
angsal 355 tiyang, upamiumur kula ngantos dumugi 40 taun sarta ing sadinten
dintenipun boten kendhat, ambandrengaken angggenkula lalangen adamel kasenengan
mangkaten wau gugunggunging pikantukipu tiyang ingkang sami
kasenenganmanahipun saestu angsal 14160 tiyang lah mugi kagalih ya ing bab
prakawis punika, suwawi samikula aturi ambatang, punapa kula kongng anglampahi.
N.K. Inggih Arya Manungkara.
=================\=======================\==========
Punika candhakpun cariyos ringgit lampahan kngsa ngaben-aben.
12. Ngadeg raden Kongsa, kang ngadhep ditya Sratimontra, gunem pejah ing caraka,
denng raden Pamadi angrebat atmajaning ontagopa, sratimontra dinangu wartaning
jawi, aturipun gendering ngakathah ingkan gpaman Raden Ugrasena sampun dhateng
angsal sawung, raden Kongsa medharaken karsanipun, ing tembe yen wonten katingal
jalma priya satunggal pethak terus ingkang satunggal cemeng terus punika dikakaken
anyirnakaken kasaru sowanipun prabawa, sasampunipun ngabekti dinangu karyanipun
maturkautus ingkang ramamatedhakaken pangestu, saha matedhani pirsa yen ingkang
paman sakaliyan sampun angsal sawung, sarta sampun mirantos panggenan
kambengningpun ing ngalun-alun, aturipun Raden Kongsa sendika prabawa
dikakaken rumiyin raden Kongsa mundhut parnah ngnadhap waringin kembar
sawadyanipun sadayua prabawa aturipu sendika saunduripun patih Prabawa, raden
Kongsa ngandika ing Sratimontra, dikakaken pradandosan lajeng budhal a dhateng
ngalun-alun, sratimontra medal ing jawi, undhang para bupati bodhol dhateng ngalun-
alun, amirantos tarup tuwin panggungan pinarakanipun raden kongsa para prajurit
dhinawuhan baris sangandhap waringin kurung, tuwin margi margi pamengkang sami
jinagenanan, para bubati sami winangsit karsanipun raden Kongsa, lajeng smi
umangkat rden kongsa sawadyanipun.
13, Ngadeg sitinggil arya Prabu Ugrasena Bratasena patih Saragupita, NBratasena
tinantun punapa ingkang dipun ajengi tuwin manawi purun asantun busana,
wangsulanipun boten susah asantun pangangge, ingkang dipun ajengi naming nedha
minum waragang, sampun dipun paringi inuman lajeng amucang. Kasaru dhatengipun
patih Prabawa, matur yen raden ongsa sampun mirantos, arya Prabu ngandika ing
rekyana patih sami dikakaken udnhang baris ing ngalun-alun, anepungana baris ing
adipaten, sarta samiya angatos-atos, saha pasanga kentheng watesing kambenganipun
tuwin mawi yata tabuhan badhe angabenipun, aturipun patih sendika, arya Prabu
Ugrasena Bratasena sami dhateng pagelaran, prajurit sami baris amasang wates
ingkambengan sinungan kentheng, tuwin ingkang sami anyandhiyani tarup
wringinkembar, arya prabu Ugrasena Bratasena, sami wonten saleringpagelaran,
aprajangji tohipun kalih raden Kongsa, sasampunipun dados lajeng dhawuh
angungelaken gongsa Brasena manjing ing kentheng, atayungan ditya sratimontra
magnsah amandhapan, sareng parek Bratasena kendel amalangkerik, sratimontra
anggigila gambirasura, Bratasena tajenm amandeng kimawon, surak wadya
kasepuhan tuwin wadya kadipaten gongsa kajangtur sratimontra Bratasena, Tanya
tinaya, sratimontra susumbar senapinurih ana makna punapa dadamelipun, Bratasena
sumaur boten susah mawi sanjata, nanging dede caranipun manawi bondayuda
adhinginana, sratimontra mangsah anggronyaut raden Bratasea panggah datan
tumama, sratimontra dipun uja amilih panyakotipun saking wuri tuwin ngasadipun
kirigaken sratimontra dhawah rumangkang anulya tinendhang malesat tangi wangsul
badhe nyaut dipun rumiyini, kacandhak pinggangipun jinunjung dipun bucal dhawah
ngajengipun raden Kongsa, wadya kasepuhan surak ambal ambalan kadya manengker
triloka, sratimontra dipun inumi wragang nunten mangsah malih anggigiro Bratasena
tayungan sareng celak lajeng ngadeg amalang kadhak, sratimontra madhapankalih
lelewa angulat ulataken wawelinge raden Kongsa, nanging deren gwonten katingal,
milamubeng gene amrih papan, sinigeg ingkang yuda.
14. Ngadeg raden Pamadi, aningali sapunakawaniun ing pagedhongan sampu
kawartos lami yen ing ngalun-alunmadura badhe wonte tatingalan kambengan ngaben
janma, sadhatengipun rdenUgrasena angsal genipun ngupaya awung, tiyang sapraja
oreg, ingmangke kalampahan tiyang saknagari, kadosdipun suntak, sami aningali
kantos jejel, raden Nayaranakalih Rara Ireng pados papan ingkang sela boten wonten,
dumugi wurining Pamadi,raden Narayana saget katingal margi ngajengipun rden
Pamadi Nalagareng petruk sami wedhakan susuker, tiyang sami boten tahan celak,
mila padhangkimawon, Rara iren gtaksih dereng katingal, lajeng dipun tantun
kaancik-ancikaken tunggak Rara Ireng purun, raden Nayarana, anjungjungingkang
rayi dipun amplokakend hating radenPamadi pangucapipun titip kadangipun dhateng
tunggak, Pamadi boten mangsuli, raden Naayana misah pangenanipun, Raden
kakrasana nggenipun ningali sendhen wantilan dirada, sratimontra dangu ngggenipun
alelewa,Bratasena dipun sendheni, nunten dipun penek saking wingking, sratimontra
pirsa dhaeng Kakrasana,badhe tumurun kasarengan dipun kipataken dhawah pinggir
kendhang,lajeng nubruk kakrasana dipun saut jangganipun sratimontra gereng-gereng
ngucap aken umales, karasana musus astanenggala mingisp selandariji, sratimontra
dipun nenggala pejah, RadenKongsa tumurun sangkingpalenggahan,kakrasana
jiambak sak9ing ngiringan dhawah kalenggak, dipun kakahi raden nayarana neja
tutulung sareng prapta yitnanipun Rden Kongsa Nayarana, dipun rumiyini kajambak
dhaah krungkep dipun kakahi kalih pisan sarta dipun dhawahi asta dhateng raden
KongsaKakrsana musus enggala kongsa tinebakjajanipun pecah, pejahing ngenggen,
bupatiyaksa gumulung mangsah Bratasena badhe ngukunm Kakrasana raden
Ugrasena anyerepaken kakrasana punikaputranipun ignkang Uwa madura,malahdipun
jak tutulung anyirnakakenyaksa, Brasena mangsahlajeng prang sampak, wdya yaksa
punggawanipun pejah dening Ugrasena Bratasena ARya Prabu animbali kakrasana
kalih nayarana, tuwin prta Rara Ireng sami kabekta minggah ing sitinggil ditya alit
sami bibar maleduk angungsi wana.
15. Ngadeg prabu Basudewa, Braasena arya PrabuUgrasena, kakrasena narayana,
RaraIreng Pamadi sasampunipun sami nganbekti radenPamadi pinangku ing wentis
kanan Subadra pinangku ing wentis kering, Prabu Basudewa, angandika Pamadi
sampunkrama yen boten jodho subadra Rara Ireng sampunkrama yen bten jatu karma
kalih arjuna, sami kaseksen ing kdang tuwin ….tancepkayon.

Lo adhi pakem nikikanggo lakon sawengi, empun kalebu genah yen dika sumeja
anglakoni mayang,upama ngupaya ingkang kena banjur ginawe mayang luwiye teka
pakem niki sasumurup kula dereng onen, anjaba pakem anggitan iya sanesuwarga
kanjeng pangeran Arya Kusumadilaga,ingkang diparingake kula rumiyin, marga
kamot sabarang patrape yen angringggit, upama kaya wong mayang di buki ing
saklakon salakone, nganti kalebu kartas 40 kaca utawa 50 kaca, mawa-mawa dawa
cendhakinglelakon wau ananging gone iya rekangjeng dereng nganti rampung lagi
oleh limang lakon.
ATur kula dhateng mas Sastramiruda
O inggih kados manawi pakem dhinapur kados dhalang angringgit sadalu kalebetaken
sak gendhingipun ngantos kawandasa utawi skeet kaa, tiyang nggen sampeyan damel
pakem gancaran punika mawon sampun semanten panjangipun, tur punika kula
dereng saget lajeng nglampahaken ringgit, amargi taksih kirang, suluk greget saut
sarta gendhing poacpanipun, langkung malih umpak-umpakan tuwin banyolipunlah
ingkang sampeyan wastani ugeripuntiyang ngringgit punika kados pundit kula mugi
sampeyan paringi pitedah.
Wangsulanipun Mas Sastramiruda
Adhi dhawuhe kanjeng wong mayang ana ugere, ingkang kudu dilakoni, utawa ana
ingkang kudu dicegh nalika anglakoni amayang, kaya kang tak tuturake ing ngisor iki.
1. Ontawacana wong mayagn bias awijang-wijang, swaraning wayang aja nganti
anaingkang padha
2. enggep wog mayang aja nganti kemba, pamikire utawa patrape,
3. Enges wongmayang bias agawe welasaning wayang utawa neng sem ena
yenngucapake wayang pangantenan.
4. Tutuk wong amayang aja nganti nyuda ucap-ucapan tuwin anggedhong
lelakon.
5. Banyol wong mayang bisaacucut gawe guyuning uwong
6. Sabet wong mayang panyekeling gapit kudu resik tindak-tanduking wayang
najan perangan bias awijang.
7. taksih wonten candhakipun.
Ongka 33,Kemis kaping 15 Agustus 1878

Papethikan pawartos kawat saking Ngacih (Aceh)


Tiyang ing kalihlikur mukim sami kaandhapingyudanipun ingmangke pangadegn ing
ngriku sami anywyn badhami, wangsulan colonel Panderheidhe inggih karsa
baami,bilih para pangageng wau sami angladosaken Panglima Polim tuwin abib
MOhamad Saha sanesipun ingkang angojok-ojoki mampangm bilh boten enggal
kaleksanan inggih aluwung nglajengaken ydanipun mongka wadya kumpeni sampun
angancik ing telengipun mukimwau.
===============\====================\===============
Surakarta
Nalika kaping 12 Agustus punika tuwan Treibel komandhaning prajurit Dragonder
ajal ing gesangipun tuwan Tribel boten kendhat atatulung, pramila kalulutan ing
sasami, saha katrisnan ing para gusti, tangeh saged amanggih timbanganipun
watakipun para andhap punika ingkang kathah kathah, bilih ra celakaken para ageng
ingkang cepak lajeng ambek kumingsun angungsil-ungsilaken badanipun punika
tuwan Tribel boten malah prasaja sane ting wicantenipun andhap asor solah
tingkahipun nalika layonipun kakuburaken mawi karengga ing cihnanipun para
prajurit tuwin pakumpulan masoneri, para tiyang ingkang angateraken jejel menggah
paa agengingakng sami anjenengi kanjeng tuwan residhen panjenengan dalem
kanjeng gusti pangeran adipati anom kadherekaken putra Santana dalem sawatawis
panjenengan dalem kanjeng gusti pangeran adipati ariya Mangkunagara,kadharekaken
putra Santana dalem tuwin para opisir ing wadya Mangkunagaran.
Sarehning kula boten anypati piyambak utawi boten sumerep ingpranatan
uparenganipun tindak dalem cangkrama hatenging Tegalgonda, tuwin tindak dalem
ibu dalem kanjeng ratu ageng saha panjenengan dalem kanjeng gusti pangeran adipati
anom amirsani candhi-candhi ing Prambanan ngiras kapangggih panjenengan dalem
kanjeng ratu amangkubuwana ing Yogyakarta, pramila kula boten saged amacak ing
sakedhik-kedhika, ing kawontenanipun ing mangke kula tansah angajeng-ajeng
panjurung bab ing punika, anglekara sanget bilih abdi dalem ingkang sami andherek
boten wonten satunggal tunggal ingkang kadununganing kawigyan saged anganggit
tindak dalem wau,eman sanget awit saking pawartosanglangkungi endahipun.
Tuwan Semit anggugat dhateng tuwan Mailse, awit kakinten kalintu anggenipun
angracik jampi, ingkang ngantos dados jalaran pejah ing anakipun kalampahan
pangadilaning Semarang utusan jaksanipun atiti pariksaha,kados ingakng
kawedharakeningserat pawartos Semarang, sarehning boten wonten kateranganipun
gugat wau boten kaangsalaken.
Nalika ing dinten Senen tanggal kaping 4 angajengaken tanggal kaping 5 Agustus
wanci jam 9 dalu, ing griyanipun kapala Agen wasta Singadiwirya, ing
Klathen,kadhatengan walandi suldhadhu, 3 iji, sami ing beteng Klatehen, dhatengipu
ing griya wlani ingkang satunggal lajeng nyandhak pistul, ingkang kaselehaken
ingngamben pistul pinuju kaisenan wasana platukipun kainggahaken madhep
mangilen, ingkang pinuju wonten ngajengipun Sakiman kalih bok Karyadikrama,
tumunten pustule lajeng mungel, pelor kenging pupunipun sakiman ingkang kiwa,
butul trus lajeng kenging kupingipun bok karyadikrama, ingkang tengen, ugi butul,
pelor lajeng trus dumugi ing gedhek, tiyang 2 lajeng sami dhawah, akapidhara,
anaming boten dados punapa, tuwin boten dados tiwasipun, wlandi waulajeng
kaladosaken ing ngasistenan.
Nalika tanggal kaping 5 ruwan Dal 1807 1 mas Singadiwirya kapala Agen 2
Arjapracek Agen sami ing klathen 33 bahabigwik, cosuntang kisan, punika sami
nyepeng tiyang pawestri 2 iji, sami bekta apyun cacah 6 kati, wonten ing margi
gondhang, tiyang setri kakalih lampahipun sami anyelamur, kalamomor, sami bekta
aniani, reka-reka sami badhe derep supados sampun gnatos katawis, suprandosipun
kacepeng lajeng kakunjara.
Nalika dinten Jemungah paing tanggal kaping 10 wulan Ruwah punika 1807
panjenengan dalem kanjeng gustipangeran adipatianom ing Surakarta, tedhak ameng-
ameng dhaten gprambanan, punika ing setatsiyon Prambanan, mawi karengga
kadekekan palengkung urut margi ngantos dumugi ing candhi Sewu, saklangkung
samuwa, saha ing setatiyun ing peken Pramabab ingkadhestrikan miwah candhi Sewu
sami kadekekan gongsa, para tiyang sami aneningali tehak dalem wau, saklangkung
anggening rame, ajejel sek-sekan, dalah tiyang ing Klathen sami marlokaken ningali
tedhak dalem.
Sampun rambah-rambah, kapaling agen kaguyang rare ingkang dhadhugalan,
kalampahan nalika tanggal kaping 1 Ruwah punika, kapalipun agen cacah 8 iji, sami
kaguyang kabandhang-bandhangaken dening rare jaka, ingkang besur, sareng dumugi
ing ngajeng oacubab Jkatgeb kare ubgjabg satybggak wastam dtab Bagus Sukarta,
ppunika dhawah amangkureb ngantos tatu, ing ngalmbe gusi guwin kulit rai smi
nglonyom, saking panuwuning para tiyang, mugi parintahan dhawuhna dhateng lurah
agensupados amambengana, kapalipun sampun ngantos kaguyang in glare, ingkang
dhadhugalan makaten, manawi boten kapambengan ing wingking tamtu dados
tiwasipun.
Panjurung
====================\====================\===========\
Yogyakarta
Rayi dalem kanjeng pangeran Aiya Adiwijaya, saking karrsa dalem kadunungaken
wonten ing pulo Bangka, garwa tuwin putranipun sami andherek. Embok pijen ing
dhusun sangkang kabegal kapendhetan babektanipun telas telasan ambalejed kados
nalika lairipun.
======================\==================\
Panjurung nyuwun dipun guyubi
Dahat andadosakenarsayaningmanah kula, dupi aningali panjurungipun bagus
Jakamubtadi ing Batawi, dene sampun karsa anglingga watak wantahipun ingkang
budi, dados condhong kaliyan garentesing manah kula, sami amastani kirang
migunani bilih ing Bramartani isiya poncabarkah kadosingkang sampun, ing mangke
saking pangajeng-ajeng kula dahat mangayubagya dhumaenging panggalihipun tuwan
Jurungarang, sanadyan ing bramatani kirang apa wartosipun sakedhik anggeripun
kathah isinipun cariyosingkang leregipu gumepok dhateng ing kawruh, sakin
gpangintenkula ingkang mangakten punika emperipun tumunten andadosaken
dhaganipun titiyang ingkang sami maos, sarta ugi saged mahalani dhumateng tiyang
ingkang taksih cekuk balilet kados pun kula, ewadene atasingpangleresan utawi
panaruwe mugi sampun lajeng kaebrug boten prayogi kemawon, balik dipun slusura
ingpigunanipun awit larak katawis bilih suraosipun ing pamilah tuwi ing panerang
wau tatela salwirng kasedyan tegesipun kalayanbares, lo mangkaten wau yen murih
amungupaken tuwi amengakaken panampinipu ing liyan sayektos, ing panerangipun
sampun teka angayah miwah sampun agahananyagedi wicara, saha kanthi pangerng-
erang, panasten ttundhonipun lajeng andhapur angisin-isin, dados ingkang dipun
leresaken inggihanrimah,lajeng ngupadosi punapa ing saprayoginipun embok manawi
tiyang ignkang sasilih na,a pun cepak krodha saged animabgn raos saking
kawontenanipun prakawis punika,
Sampun lami temen kula boten nate katrenjuh panjurungipu mitra kula para priyantun
1:K.W.:2 Nawungkrida, 3, bekisar mas, 4 jakamayeng, teka beteah temen sami
amempen, cobi para mitra kula aturi angguubi rekanipun kula ingkang kados warana
amothah nedha berkah seserepan kados ing ngandhap punika.
K.W. utawi kawungkridha kula suwunimawarwi kula endheel-endheli ing panyuwun,
mugi manjurunga cariyos ingkangmawi kasekaraken awit kula sakelangkung resep
aningali anggitan sampeyan rumiyin punika.
Bangkisarpas sampun mawi ewed pakewed kula aturi andugekaken panggubahipun
sakin gtembung arab dhateng ing tembungjawi bab ilmu palak sarta kawruh
sanesipun.
Jakamayeng kula aturi asung pariwara patrap rekanipun tiyang angungkat-ungkt
prakawis.
Wasana kula pun ancak agra bebahan kula among amirengaken sarta bilih saged
amendhet paidahipun.
Kaserat ing Besuki tanggal kapin g13 wulan Ruwah Warsa Dal sinengkalan Pujongga
Ruhur Angesthi Kawruh katandhan REksi ancak Agra.
=====================\====================\=============
Angojahaken kabar reregeding prakawis dhusun
Mangun marsana, griya dhusun (Ngelo) ingang minongka demang panatusing
dhestrik prambanan sami bawah kabopaten Kalathen kadugi anampeni arta
kathahipun 50 rupiyah saking bekel wasta Pawirasetika, griya dhusun prajenan ugi
bawha Klathen. Arta samanten wau kajengipun dadosa pikuwat panulakipun
gugatipun lurah patuh saking nggenipun kadakwa adamel bekel pawingking
miyankanipun siti sakikil tanpa lapur,emeh kemawon saged batal prakawisipun
katondha nalika lurah patuh nedha katringan dhateng dhistrikipun mawi kawangsulan
ijeman sami sanalika, mengggah gugading lurah patuh boten pikantuk karana, sanajan
kapara yekti angggening damel bekel pawingking sampun 20 taun dumugi sapriki,
wangsulanipung dhistrik ingkang makaten malah adamel lanjarraning lepatipu kang
sarira, sawab lurah matuh anggenipu anenun serat gugat boten sinambi leyeh-leyeh,
anangin gkanthi wawaton ingkang saged angira bilih punika prakawis angelna
rampungan dening dhistrik amila kalangkung gampil wasananipun dhistrik anyorog
ngahing prakawis dhateng kabopaten. Kasebut nginggil punika prelu kabopaten
amanggalih sudana pun lalampahan ingkang kula sampun rambah amireng kabar bilih
para demang panatus anggenipu saregep nampani arta peteng punika dunungipun
among kadamel awak-awaking dhistrik marga saengga kawenang ngandening paentah
gampil dhistrik amocot dhateng demangipun, mila saupami para parentah kabopaten
pulisi dhusun boten karsa anggalih babpunika saestu badhe amanjangaken pangurun
kula, sabab sanajan dhistrik boten wenenangaken adamel ponising prakawis ananging
saged adamel danguning prakawis dhusun.
Ing tinarja, kaping 10 Ruwah Dal 1807.
Katandhan dening Atmajawirya
==================\==========================\
Panjurung wangsulan, katuringang ambatang cangkriman
Ing kabr Bramartani ongka 31 medal ing dinten Kemis kaping 1 wulan Agustus taun
1878 wonten suraos pambatangipun cangkriman priyantun ingkang sisilih nama
Sugyarta, kaciren tanggal kaping 30 ulan REjep warsa Dal ongka 1807 panganggit
kula cangkriman kabatang kalajengking, Utawi saseratipun mitra kula ingkang sisilih
nama, korespondhen anungggil titimongsa tuwin sareng wedalipun ing Bramartani
ongka 31 suraosipun cangkriman kula kabatang, tilat bau, menggah pambatangipu
mitra kula sakaliyan ingngingggil punika, andadosna pamirsa taksih nalisir, nanging
sampun anggepoki, margi cangkriman kala ing iwngking piyambak wandanipun mawi
pejahi, ta, saha mitra kula mawi mrasajakaken manawi taksih bodho, yen lepat ing
pambatang sampun ngantos dados eruning manah, ingkang punika mugi andadosna
sirnaning sumelang, mandar, angindhakna reseping panggalih, ing bab tepanging
kakaruh, tuwin lalantaran irembag ingkang badhe mikantuki, inggihing sadungkap-
dungkapipun piyambak piyambak, teka wotnen ingkang duka, punapa malih ingkang
dipun dukani, punika panen dede leresipun sanajan ing ngatsipun ingkang sami
lantaran pirembag, wonten ing pasamuwan bramartani, punika jalaran amarsudi
indhaking kawruh, tegesipun leres lepat kedah kawastara igkathah, langkung malih
para sarjana, ingkang karsa manjurung supados angregengi bramartani, sabab
pamanggih ing manah kula piyambak serat anggaitanipun para sujana, saestu
angidnhakaken saserepanipun tiyang punggung kados kula punika, mila kula tansah
mangajeng-ajeng, sangking lunturing panggagalih para sarjana, karsaha manjurung
rareggan ing Bramartani, ingkang langkung prayogi, supados maedahi tuwin
angrerepa ingkang maos.
Dene pangangggit kula, cangkriman mawi sekar, saha kula sukaning tembang
wangsalan pancen ingkang kula angkah, sageda anambahi regenging bramartani,
atelada ingkawigyanipun para sarjana mila ingkang kula tuju mitra kula, ingkang
sisilih nama mas Sastradirengga, ing kampgn kaparak Tengen nagari Surakarta,
jalaran kula enget mitranipun kridhamardhawa, anama Trusthasastra, atunggil
kampong tuwin praja kaliyan mas SAstradirengga, nalika ubaling pustaka Bramartani,
ingkang ngasta pandamelan redhaktur tuwan F.L.Winter, punika prayantuningkang
nama TRusdhasastra, kerep nganggit wgsalan tanpa kasekaraken, utawi remen
nganggit cangkriman, mila kula tiru-tiru damel cangkriman kula dadosakensatunggal
kaliyan wangsalan supados resepa ingkang karsa mirsani, yen wonten kawekenign
panggalih, pambatangipun cangkriman mas Sastradirengga, pamurih kula sageda
matur dating mitranipuningkang nama Trusdhasastra, wasaa ngantos punika, ingkang
kula tuju ig manah derengkarsa paring wangsulan ananging sampun wonten
sanesipun prayantun ingkang karsa nyaruwe mila sakalangkung suka bingah kula,
rehningkula sampunanglairaken upami sampun kabatang ing liyan gambuh kaping
tiga, taksih nalisir, saestu kula lajeng amedharaken saesthining manah, ing mangke
kula medharaken ancer-anceripun ingkang kula damel cangkriman wujudipun bongsa
langening praja, ing saupami para mitra, ingkang pancen remen dhateng bab
wangsalan ugtawi cangkriman karsa awon nganggur kadamel cagak lenggah,
sasemben amungu panggalih, bok bilih gadhah paedah, anyuda kabesturon.
Katur ing dinten Jumungah kaping 10 wulan Ruwah ing warsa Dal ongkag 1807
Katandhan kula pun Padmasucipta.
==================\\\\\\\\\\\\\\\\=\\===========

Wangsulan
Ing bramartani ongka 19 tanggal kaping 18 Juli taun 1878 wonten serat wangsulanipu
mtira kula kusumawicitra ing nagari Yogyakarta, suraos saking pamurihipun mitra
kula pun Kumadaya panjenenganipun kusumawicitra karsa anganggit
kawontenanipun bakda mulut taun Dal upnapa lampahipun ingkang sampun kagem
ing karaton dalem kakaklih, punapa sampunpancen ……sanesipun.
Ing sarehning sampu sahantawis dangunipun dereng amangsuli mila kula angaturi
serat suraosipun sami nyuwun dhateng panjenenganipun mtira kula kusumawicitra,
mugi karsaha nganggit pawartos bakda mulut warsa Dal punika punapa sami tuwin
sanesipun supados mikantuki dhateng ingakng dereng sumerep.
Ing wasana dipun mitra kula kusumawicitra boten kaconggah angangkat jalaran
kathah pandamelanipun ingkang parlu kedah linampahan sarta paring priksa
sarehning cariyos kawontenanipun bagda garebeg mulud Dal sampunkapacak ing
Bramartani ignkang kagem ing nagari Surakata saha mitra kula Kusumawicitra
anggen sampu sumerep sadaya ing salampah-lampahing badgda garebeg mulud Dal
ingkang kagem nagari Ngayogya ing ngatasipun sampeyan galih sami, sanajan
wontena ingkang nalisir naming sawatawis.
Ingkang punika mugi sampun andadosaken rengatin gpangglih manawi sampun
wonten selaning pandamelan ingkang parlu mitra kula kusumawicitra amedharna
ingakng dipun cariyosaken nalisir punika punapa gesehipun, sokur karsa macakiing
kabar Bramartani,s anajan kapacak a Koran mataram kimawonkados sampun cekap
dados nama gagentosan tinular tular ing pawwartos dene ing bab engggen paduka
angaken sampun lami asring asisinglehnama punika boten dados punapa ing
sasenengipun angagenan.
Kawula pun Ngarsa-arsa mitranipun Kumadaya.
========================\================
Candrarini
Kang agya gita srinata, ing Surakarta nagari, Pakubuwana ping sanga (IX), mangun
wasitaning estri, ingkang cinitreng ari, respati tanggal ping pitu, jumadilakir wulan,
kanembe sangkaler warsi,miarsakna trus ingkang sabda narendra. Lwiring kang
wiyata arja, ujar ugering pawestri, kang winayuh denya karma, yogya ngupakareng
dhiri, manjrenih mardiweni, ing widagondarum-arum,rumarah ngadiwarna, winoring
nayanamanis, mangesthi \ya ing reh cumondhonging karsa. Awit jenenging wanudya,
pegad denya palakrami, nistha nirkadarmanira, winardenira dumadi, sami lan mangun
teki, kang badhar subratanipun, punggel kaselan cipta,marma sagunging
pawestri,marsudi \ya widadaning palakrama. Den kadi duk jaman purwa, garwane
sang pandhusiwi, kang kocap laying wiwaha, lilima ayu linuwih, tiga putrining
aji,kang kalih atmajeng wiku, pantes dadya tuladha, estri kangkang gep ing krami,
winursita dyah lima candranign warna. Kang sepuh warasumbadra, saking mandura
nagari, admaja sribasudewa, ing arna ngresepken ati, jaid kang netra lindri, prasaja ing
driya tanggguh, semu kurang budaya, awijang dedeg respati,kuning wenes labete
among kapama. Tan pati ngdi busana, mangu kadung yenlumaris, jedmika arang
ngandika, tan egu semunemanis, ririh tanduking angling, lumuh ing wicara sendhu,
amot mengku ngaksama, tuhune pribadipinrih, setyyeng priya datan langgana sakarsa.
Mring maru kadya sudara, rumaketanswaleng ati, sanadyan kurang budaya,legawa
anrusing batin, winong wong widadari,labed kadangira wisnu, marma sang dananjaya,
pamengkune esmu erring, maruniira anggepe sami nyuwita.Myang rana sribaladewa,
miwah prabu arimurtimkalangkunging trisnanira, marnag dyah
banoncinwi,kadangestri satunggil,pinisah panggenanipun, marma tansah anduta, wau
sang naendra kalih, Tanya warta mring sang retna madubrata.
Taksihwonten candhakipun.
================\=====================
Candhakipun cariys ringgit purwa lampahan Kongsa ngaben-aben
Pangandikanipun kanjeng Pangeran
7. kawiradya, wong amayangkudu bias umpak umpakaning karaton ingkangginawe
jejering lelakon wayang, utawakarta kartine sawiji-wijining nagara, sarta resik
rarengganing kadhaton.
8. Paramakawi, wong amayangkudu bias ing tembung kawi dasanama, ingang ginawe
anegesi jujuluking ratu, utawa satriya ingkang padha diucapake sajroning jinejer mau.
9. Amardi basa: wong amayang kudu bias bas kedhaton, sarta bisaha ambedakake
basaning wayang sawiji-wijine kaya ta pangucaping dewa, pandhita, raatu satriya,
punggawawadya spanunggalane utawa ucaping buta marang rajane: wijanga tekan
swarane.
10. Paramasastra, wong dhalang kudubisa marang kawruhlayang, supaya kena
ginaweha anjejerake lelakon, lan ginawe ngawruhi laying ingkang kena ginawe suluk
tun greget saut.
11. Awicarita, dhalan gkudu luwih tutuk barag kandhane sajroning amayang, sarta
angawruhana, apa barang kang gumelar ingkang bakal kanggo ing pawayangan.
12. amardawa lagu dhalang kudu lebda marang tembang gendhing ingang padha
ginawe awayang.
Dene ingkang cinegah wog amayang.
13. Angowahi balungan lan jejering lelakon wayang, kang wis dipathok ingpakem
kagem ing karaton utawa kagem ing kadipaten anom.
14. Aja duwe seneng lan gethng, marang sawijing wayang, utawa lelakoning wayang
15. Yen carita aja mtu teka ing kelir lan guneme mengkono uga aja sawiyah-wiyah.
16. Aja nganti anggegarap utawa anyemoni,nganti gawe erune sawiining uwong
17. Aja banyol ingakng gepok wadi, utawa lekoh nganti saruri dungu ing uwong.
18. Sajroning amayang aja nganti bisa acubak lakoning wayang, kawit jam satengah
wolu isa atutuk wayah jam nem esuk bubare, najan awa cendhak kalelakoning
wayang bisaha ajeg aja ngati kabogelan kurang lelakon utawa karinan,
Aturipun mas Sastramiruda.
Kawula nuwun ingkang dipun wastani lampahan wetan utawi lampahankilen, punika
kados pundit, punapa inggih sami kagem ing karaton tuwin kalebetaken kagungan
dalem pakem sadaya, upnapa naming waton kasenenganipun dhalang piyambak.
Dhawuhipun kanjeng Pangeran.
Mungguh patakon mu lelakoning wayang, ingakng diarani lakon wetan utawawa
lakon kulon niku, abdi dalem dhalanging kasepuhan, karo abdi dalem dhalang ing
kadipaten iku pakemlakoning wayang ana bedane sawtara, amorm misah,lagi caritane
nalika bedhah ing Mataram, abdi dalem dhalang arane kyai Anjangmas, ngungsi
marang kedhu, bojone kyai Anjangmas mau kabandhang ing mungsuh marang
Kedhiri, sanurunge tentrem dahuru, nyai ANjangmas amulang lakon wayang marang
dhalang tanah wetan ingkan gdilakokake lakon bagong, sasuwene ambarnag wayang
nyai Anjangmas banjur mangggon ana ing Pranaraga, Dene kyai Anjangmas banjur
nusul panjenengan dalem ingkang sinuhun kanjeng susuhunan Parbu mangkurat
marang ing Tegal, sajroning isih dahuru, dhalang anjangmas iya isih ambarang
wayang,anglakokake lakon Petruk.
Pangandikanipun Kanjeng Pangeran Arya Kusumadilaga.
SAstramiruda, patakon mu bab pathetan, ananging pawayangan diarani suluk, utawa
suluk ana ingkang tinembungake sasendhon, pathetaniku cengkoking rebab, ingkang
de aani suluk panembunging dhalang, tegese suluk iku sasmita, anuwuhake
pasemonning wayang ingkang den suluki, utawa pasemoning dhalang marang nayaga
gone bakal anjaluk gendhing, dene sasendhon iku, tegese sindhen, endi suluk ingkang
datan parebab mung dibukani swaraning dhalang karo gender, iku sasendhon arane,
mungguh ingkang den arani suluk pananggalan iku,mung binedaing ngaran bae, kaya
ta pathet manyura gendhe,sinilih ginawe suluk wayahing pethet nem, kagawa patute
dhalang ingkang den suluki, atawa suluk kloloran ginawe anyuluki wayang yen nuju
pondhongan ing wayah pathet sanga, apa maneh suluk tlutur iku pancenpathete nem,
yen ana wayang welasan ing wayah pethet manyura,. Iku nganggo suluk tlutur barang
miring, supaya aja salin pathetane, dadiingkang ngaran suluk pananggalan iku, suluk
ingkang anyelani pathete, dene bab greget saut, diarani tembang kawin, aha-ada ing
ngaran kawin gurisa, iku pancen sakingkaliru pakecapaning dhlang ing desa bae,
amarga pangrungu ku cnekgoke, ada-ada utawa greget saut padha nanging apalane
dhalang ing desa iku arang ingkang turut tutuk sapada.
Taksih wonten candhakipun
MadMasucipta.
Ongka 34, Kemis kaping 22 AGustus 1878
Surakarta
Tuwan P abdi pulisi karesidhenan ing ngriki, awit sanget anggenipun angudi
sirnanipun ngabotohan mentas anampeni ganjaran sarana kabithi bathukipun ngantos
emeh kalenger, anlika amikut para tiyang ingakng sami keplek kados wonteningkang
amanasi ingmangke tiyangingkang kacepeng samikakunjara, bilih para lurah
kampong tuwin priyantun pulisi kabupaten sami sumerep ing bekipun kados boten
kalampahan ing babotohanngantos angrebda, embok ingggih dipun galih awit
makaten wau marginipun dhaeng kanisthan.
============================\==============
Yogyakarta
Tuwan Skirlir ingkang angereh siti pamaosan ingkarawelang, kaalembana awit
anggenipun anarekah inggahipun toya saking ing lepen Praga boten mawi dhawahan
mongka toya wau ingmangke, ngantos saged angoncori atusan bau siti, ingkang ing
ngajeng boten asal toya, sapinten gunanipun tumraping dhaeng konca alit.
==============================\=======================\
Pasuruhan
Saking karsanipunkanjeng gupremen dhistrik Wanareja kaliyan PUrwareja, ing
sapunika kadherekaken ing kabupaten Bangil, ingkang wau tumut dhaten gPasuruhan
dados ing Pasuruhan sapunika kantun 10 dhistrik, ing Bangil dados 6 dhistrik.
Ing salebetipun wulan punika ing salebeting kunjaran kawedanan Wanareja, Bangil
wonten satunggal pesakitan anganyut tuwuh sarana sabukipun pyambak, katangsulake
ingrujining kori lajeng kasindhetaken ingjangganipun, wondening margining
kacepeng tyang pulisi, awit angobar taneman rosan nagari.

Katur ing sang Martamengbudiman


Panjenengan tuwan Jurungarang
Nuwun kula sampun amundhi sih palima sampeyan, anggatekaken madhangi ingakng
dados petenging manah kula bab rare dhampit, atur sumaos kula ingkang dados
sredaning dasih, kula junjung ing ulu dwara, katumanem ing sotaning ardaya, dadosa
jimat tan lir uwaling suwndani, salancana, kasunaran ing tanaya, mityakardakula, awit
sampun gumayeng driyamba.
Waana atur sakalangkugn langkung ing panuwun, winantu gunning pamuhi mugi
panjenengan tuwan ginanjara gunging basuki kabula ingkang kaprayang,
tuwinlanggena dados pandapenga ubanipun para cikrang budi kadyakula.
Kairing tabe kurmat akathah-kathah kula pun
Surangkara
Pangalembana punika kasangetan ngantos boten wonten ngengehanipuning tembe.
Jurungarang.
===============\=====================\===============
Panjurung.
Ing sadinten-dinten anggen kula kekesahan ing dhusun-dhusun, sasampuning jadheg
kuwajiban kula, kula anglajengaken usiking manah amarlokaken isaating ngagesang,
kula lajeng lenggah kempal dhaeng sawetawis konca dhusun, ing nriku kula
angimutaken kathah-kathah nalar ingkang anggendeng dhaeng kawilujenganipun,
ananging ing mangke kula jujug ingkang prelu kemawon.
1. Mengggah pirantos tuwin nalar mendhanipun griya kabasmi, awiting masa
punika benteripun sakalangkung, siliripun kenceng sanget anggigirisi, supaods
dipun prelokaken satunggaling griya, angathahaken bul cukil gumbeng, sami
kasenan toya, saana kanthiya ondha tuwin ganthol.
2. Saupami sampun bakda ngratengi bukti, supados latu dipun siram pejah, dilah-
dilah kaseleh ingkang prayogi, sampun kantos kagepokan dening samukawis
ingakng kasilir, awit watak dhusun dilah kacandthelaken ing gehdeg, dilah
ajug-ajuga seleh sangajenging patilemanipun, utawi celaking sampiran, saha
salongtanpa dedilahan, among sami angeloni badhiyangan dhedhak
sapanunggilanipun awit pagriyanipun sami kapara dhe pondhami utawi alang-
alang, langkung malih sanginggiling poga pawon, katumpukan dening jalu
tuwin klobot punika prelu dipun singkrihaken, awit amutawatosi sanget.

Nalar ingakng kawdhar punika, boten angemungaken sapisankemawon anggenkla


ngimutaken,ananging derengwonten ingkang amarlokaken, saupami ingon-ingon
tumindakipun ngantosi dipun gering, utawi dipun cemetheni dening ingkang
ngangen.
Ingkang mawi sampun asring angggen kula nyipati, saben griya kabasmi
aturanipun ingkang darbe wisma, kabawur dening jalaran ingakng kasebut wau,
akaen punika sayektos badhe angendhakaken pambudinin gpulisi, angegungaken
dhaengparalampah juti, saengga kantos nglanjak ingliyaning griya, paukukanipun
katemah pyambak awit saking sumbrananipun.
Ingkang mawi ing masa punika amesthi andadosaken suka bingahipun para
durjana, gampil panulubipun.
Waana atur panyalemong kla punika saupami wonten ingkang kalepatan, among
cumadhong gunging pangaksamanipun ingang sami sudyapti. Titi.
Pun Surangkara
Kula sanget amangayubagya dhaeng panjurung punika, Jurungarang.
=================\======================\=========
Bab angopeni ayam
Ingah-ingahan patik ingen ingkang kawicalkathah misilipun dhateng ing
manungsa punika among ayam, awit pinten-pinten prakawis mupangatipun
ingkang acanthi paidah, ingkang remeh kemawon kadosta:Basaning olah-olahan
kuwih-kuwih tuwin ulam-ulaman punika emeh kathah ingkang dipun wowori
tiganng ayam wau, menggah ayam babon punika bilih umuripun sampun dumugi
sanga utawi sadasa wulan saestu tumunten angendhog, upami tiganipun sampun
ngalempak wawanwelas utawi gangsal welas iji mongka boten dipun nelong-
elong, amesthi lajeng dipun angremi, wondene bilih tiganipun wau dipun
pendheti, sampun tamtu ing salajengipun anggening anigan wreden sanget, embok
manawi ing dalem sataun saged pikantuk tigan 100 iji, saking ing satunggilipun
babon kemawon.
Menggah dumuluring paniganipun wau gumantung wontening pangopenipun
ingakng angingah, kados pundit ing pasabanipun utawi anggenipun anedhani,
manawi ing pasabanipun ayam wontening jembekan tuwin ing engggen supek
saestu tansah sasakit ten kemawon, pramila prayoginingpangumbaripun kedah
wonten ingpapan bunar, kados ta wonten ing enggen wiyar utawi wontening
pasuketan, punika ingkang andadosakenkasarasan miwah benjing manawi anigan
sampun tamtu ageng-ageng, wondene bilih niyat amakani ayam prayoginipun
kapakanan uwos, yen boten uwos inggih jagung,nanging kaekuma toya rumiyin
dangunipun sadalu, langkugn denign mikantuki bilih purun amakani jagung
godhogan ingkang taksih manget-manget awit punika ingkang anginggalaken ing
pangendhogipun, sangaya langkung prayogi malih bilih purun amakani gandum
nangng sampun ngantos gandum inakng taksihinggal saking ingpangolahipun,
dene ingkang amikantuki wau kedah amiliya gandum ingakng sampunwayu,
kairis-irisingakng alit-alit rumiyin, pinten banggi bilih saged amakani godhogan
uwi elandi, ingkng sampun radi asrep, sabab punika doyananipun sakathahing
ayam, anangingsampun ngantos kalandengaken ing pendhak-pendhak amakani
teka uwi mangkaten awit manawikasengkuten ingpanedhanipun boten lami
amesthi sakelangkung lema, temahan mindhak among subur badan kemawon,
wekasan badhe anyakedhikaken in gpangendhogipun, pramila anggenipun makani
mangkaten wau mawiya kapanci, enjing sapisan sonten sapisan, samanten ugi
sampun ngantos kaladuken, menggah paidahipun dhaeng ing ayam bilih kaumbar
wonten ing papanbunar utawi wonten ing pasuketan wau kalih prakawis ingakng
sapisan ayam saged kikirab tuwin kekipu, saba angruruh kasenenganipun
piyambak, ingkang kaping kalih saged milih anunucuk uler, cacing, rumput tuwin
wiji, inggih pundit ingkang dipun senengi, ingkang upami boten gadhah papan
wiyar ingakng cekap kadamel angumbar supados ayam pikantuk painggaran,
among pakanipun kemawon sampun ngantos katlendhekan malahkapara kaladuk
kan tinimbang ayam ingkang angsal pasaban wonten papan wiyar.
Wondene bilih wonten ngkang sumeja angangremaken ayam, ayam ingkangageng
saestu saged angangremi tigan kathahipun gangsal welas iji, dene ingkang alit
among saged angangremi tigan tiga welas iji, ananging anggenipun ngupados
tigan ingang badhe kaangreman wau, kedah ngupados tigan ingnag laminipun
saweg gangsalwelas dintten ing saderengipun dipun angremi sampun ngantos
kadelehaken wotnening enggen asrep rumiyin, kang mawi bilih kadelehaken ing
enggen asrep embok manawi dados uwukan sarta kemlekeren, kacariyos tigan
ingang dhapuripun bunder dados babon dene ingkang dhapuripun lonjong dados
jago.
Ingkang manawi anggenipun angangremi sampun sami anetes, ing dalem kalih
utawi tigang dinten kuthukipun sampun ngantos kapakanan punapa punapa
rumiyin, yen sampun nyandhak dumugi kawandinten tumunten kapakanan katul,
pinten banggi bilih saged amakani kuliting roti kaubek kalayan tigan madon, mugi
sampun ngantos kasupen andelehi toya pangomben ingkang asrep tuwiningkang
bening, sarta anyawisi bubukan banon ingkanglembat awit punika dados
kabingahanipun kaangge akekipu, maidahi andoyanaken nedha.
N.K.InggihArya Manungkara
===========================\===============================
Candhakipun Candrarini.
Garwa ingkang panenggak winarni, apaprab Dewi manuhara, sakin gpratpan
Wijile,putrinira sang wiku, manik ara ingkang palinggih, wukir tirta kaama, ing
wrna pinunjul,kadya gambar wawangunan, netra jait anteng pamulune manis, yen
paeswimbuh endah. Nadyan ngusug yekti maksih manis, wonda rurup kang bau
awijang, maya-maya sapangane, amarda pangunguwung, kuning wenes masemu
dhilis, lwir hyang pudhak sinurad, katonwananipun, tanpa epipindhanira, ondakara
katawenging ngimanipis, rumamyang asrah nista. Anyunari ingang siti resmi,
kuciwane panaung samantra, dene lugas gegelunge, ananging meksih munggguh,
sarwa ramping sranduning dhiri, marmantha kurang madya, ing prembayunipun,
lwir tawon gungkang gumana, lambungira satata kang mikatoni, kadya sekar
kintaka. Lathi dhamis agula sathemlikekta kadyakang manggis karengat kengis
dening wiragane,waja amiji timun, renteg rampak kang pucuk kuning, kimilat wor
wicara, weh kesarkang dulu, sarwa lus sasolahira, yen amesem iraban arang
kaeksi, sinamunpangandika. TEmbung arum rumaket amanis, tandukira
angengayuh driya, bisa nuju ing karsane, priya myang marunipun, pinapangkat
genyangalnggati, susila anoraga, sepi ingpiyangkuh, enget trahing dwijawara,
betah nglapa kareming bongsa ngastuti, asmara mring sasmita.
Panengah dewipalupi, atmajanireng pandhita, bagawan kadwa wostane, dhepok
wukir ya sarata, endah respati warna, liringa anunjang biru, sumowot kadi kartika.
Dhemes sehdp marek ati, kadya prati marinengga, , sarenteg bangbang awake,
maweh brongta kang tumingal, liringe pindha uwlan, tanpegat mangesmu
guyu,,kengis kang waja gumebyar. Antenge wekasan keksi, sumeh
ingpasemonira, pantes yen amathet lambe,ngiras mintonaken waja, pangun
tetesing toya, kataman baskara nawung, lwir tranggana mrih sasana.
Jajawelarweweg isi, gmah ingkang payudara, parigel patrape solahe, kewes
kedaling wicara, tinut liring nging netra, tandang tanduke rumengkuh,mring
priyamyang marunira. Bisa cawis ngeladeni, kang dadya kaeming priya, myang
putra cethi sedene marma wong samadukara, ajrih asih sadaya suyut tur
mawakayungyun prabawa wijiling tapa.
Garwanira sang Parta sumenthi, ingkang winiraos, retna gondawati kakasihe,
sriarjuna yana kang siniwi, nateng sriwadari, ing wrnapinunjul. Dedeg ngrompoh,
kang sarira ngelnttrih, amrdapa tinon, kuning weneng wingit pasemone, anteng
dyatmika luruh yen angling,mring wiweka titi, kurng gujengipun, Rema memak
ngondra wila-wilis, ngerompyoh kang sinom, jonggga lumung welar pranajane,
maya-maya liwr cengkir paningit, agandhewa gadhing, wijang baunipun.
Wiragane anenangi branti, yen lumampah alon, membat madya alemes lambunge,
angler tunjang lumembak ing warih, kasiliring ngangin, wah gandanira rum.
Susileng tyas sumawi teng laki, dumulur sapakon, kinawruhan sisiku marune,
winiweka winorran mamanis, yen rengat pinlimping, ing wicara arum. Wasis
slwir pakaryaning esti, raratus kekonyah, widadari sang dyah pagurone, winulang
en mringn marune sami, mrih dadiya kanthi,ngladosi mring kakung.
Taksih wondten candhakipun.
=====================\=========================\
Candhakipun cariyos Ringgit PUrwa. Lampahan Kongsa ngaben-aben janma
Bokmanawa karepe arep arani tembang kawi, dadi tembang kawin, ada-ada gone ing
ngaran kawin gurisa iku kira-kira awit apalane ingkang mau nganggo tambang laku
16 orane bisa anembang prawira lalit dadi ginawe tembang gurisa, yen karepe ing
sabenere, suluk ada-ada iku ginawe adeg-adeging jejer, supaya dhalang elinga bakal
pangucaing ratu ngkang jinejer, dene suluk greget saut iku, sasmita ning wayang
anepsu utawa bakal abondayuda, lan dadi sasmita ning dhalang marng nayaga, yen
bakal angunekake gamelanplayon, manta apa kareping dhalang, ingkang sinastan ing
greget saut mulane niayaga nabuh I wayang iku ora kena sawiyah niyaga kudu kulina
duga-dugane masang tanduking wayang.
Anjaba ingkang kanggo ing pawayangan, pancene pathetan iku, lungguhe ing
gamelan salendro, ingakng diarani sendhon lungguhe ing gamelan pelog, iya ginawe
telungpangkat, ingkang kapisan sendhon lima, kapindho sendhon nem, kaping telu
sendhon barang, dadi ana wong ingkang ngarani patehet barang iku kaliru, mungguh
gamelan pelog kudu angaran sendhon barang.
Aturipun Mas Sastramiruda.
Kawulanuwun saking pangandika dalem wiyaga pagender sagedadhateng gendhing
gender punapa wonten ringgit wau ingakng mesthi kedah gegendhing gender, utawi
ingakng dipun wastani gendhing ageng, punika kados pundit, ingkang sami akngge
ing paringgitan punapa malih ingkang dipun wastani ladrangan tuwin gendhing
mirong, saha ingakng sami tinembungan inggahing gendhing utawi dhawah ing
gendhing, punapa denten malih,kawula amring miring tiyang amastani gendhing
taledhek menggah sadaya wau punapa inggih sami kaangge ing dhalan gangringgit,
tuwin manawi wonten lenggahipun piyambak-piyambak kados pundit pamijangipun.
Pangandikanipun kanjeng pangeran.
Sastramiruda patakon mu bab gendhing gender, ingang pesthi kanggo ing
pawayangan iya ana, kaya ta wetuning buta prepatan gendhng ngejangkrik genggong,,
gendhing dhendha kang enggo metuni setanan yen gegodha, gendhing tlutur kagawe
wetuning wayang ingkang nuju susah, gendhing dreg sapanunggalane ginawe,
wetuning buta raton utawa sabrang pandhelengan Manawa wis pathet manyura, apa
dene dhalang yen nuju mung okala (angruwatt) iku kudu nganggo gendhing gender,
kaitan gendhing keneng, Manawa wis nuju nglaeng gendhinge dhendasanti, utawa
yen marengi lakon perange tinandhing, bima suyutdhana, iku gendhinge sinta,
ingkang tak tuturake iki,ming gendhing gnder ingkang lungguhe, kasrambah kanggo
ing pawayangan,mung duh panunggalane akeh, nanging ora parlu kango
ingpadhalangan, dene pancene yen muni gendhing gender ora nganggo rebab,ing
sarehning pangender ing saiki, akeh ora cakep marang gendhing gender, dadi kudu
tinuntun marang kaya gapa ngrebab ingkang bisa gendhing gender, gendhing gedhe
iku ora ana, sangkane karan gedhe cilik mau, saking pangucaping ngakehbae, yen
salubune gendhing mau ugere ming warna papat, ingkang kapisan gendhing kapindho
ladrangan ingakng kaping telu mirongg kaping papat teka tawang, pangkate kethuk
ana ingkang kethuk arang, ana ingakng kethuk kerep, itunganing kethuk sadurunge
gendhing munggah, ana ingkan gkethukloro kerep atawa arang, ana ingkng kethuk
papat kerep utawa arang apa dene ana ingkang kethuk wolu, mungguh bedane
gendhing lan ladrangan, utawa gendhing mirongka-rongka tawang,s arta ingakng den
aani gendhing taledhekan, ing ngisoriki pratelane.
Taksih wonten cnadhakipun Padmasucipta.
Ongka 35, Kemis 29 Agustus 1878
Kulawisudhan
Raden Panji Mertanagara, patih ing Kabupten Pakalongan kganjar cihnaning
kautamen ing pasuwitan warni medhalye jene, sumerep sih tatengeripun kanjeng
gupremen atasing langgeng tuwin kasetyanipun ing pangabdenipun.
Raden Tumenggung Atmadipura, bupatiing Banjarnagara Banyumas ing mangke
kalilan angangge nami Jayangara
RadenDemang Pawirakusuma, patih ing Sukapura kolot Prayangan ingmangke kalilan
angangge nami Suryanataningrat
Raden Wongsanagara, wadana ing Cicalengka, Prayangan ing mangke kalilan
angangge nami Adikusuma
Raden Paji Condrawinata, asisten Wadana ing Sentana reja, kaangkat dados wadana
ing Majareja.
Mas Sastradipura, wadana ing Rancak kaelih dhateng ing Panjalu, swargadipura,
wadana ing Endramayu, kaelih dhateng ing Rancak sami baah kabupaten ing Galuh,
Cirebon.
===========================\=================
Surakarta
Kanjeng tuwanignkang wicaksana Vice Admiral Komandhaning Wadya Lautan ing
tanah Indiya Nederlan mentas rawuh ing nagari ngriki, sarehnign rawuhipun wau
inasakaken lahanan pramila boten kasegah aben abening sima, lerep wonten ing ngriki
kalih dinten lajeng tindak angsul dhaeng ing Semarang, ing sonten angrintenaken
konduripun ing dalem paresidhenan mawi jagongan sampeyan dalem ingkang sinuhun
kanjeng susuhunan panjenengan dalem kanjeng gusti pangerna adipati anom
kadherekaken putra tuwin Santana dalem sawatawis panjenengan dalem kanjeng
gustipangeran adipati ariya Mangkunagara, kadherekaken putra Santana
kamangkunagaran sami anjenengi.
==================\==================\===============
Yogyakarta
Nalika tanggal kaping 23 wulanpunika kanjeng pangeran Tepasana, putra dalem
suwargi ingang sinuhun kanjeng sultan Amengkubuwana ping IIIyuswa 70 taun atilar
duya kondur ing kalanggenan.
Serat pawartos mataram angwedharaken bilih ing salebetipun enem wulan bawah
ingkedhu, kaambahing kecu ngantos sangang panggenan menggahpanggenan wau
sadaya sami celak tatel watesing nagari ngikri, kadost ta ign Kaliwungu, angsal
langsatlaniwun kathah, ingkang gadhah griya kaniaya saha kaerut ing saka.
Ing Ngablak angsal-angsalanipun sedheng, griya karisak, ing ngelo, angsal-
angsalanipun sakedhik ing jare angsal-sangsalanipun kathah, ing Kaliurang, angsal-
angsalanipunkathah ing jrangkah, angsal-angalanipun namungprabotan griya, ing
gimbal angsal-angalanipun prabotan griya, ing Brubuhan …..angsal-angsalanipun
prabotan griya tuwin lanbu. SAdaya kakeconwau ingkang kalapuraken naming
stunggal pramila kathah kasidhem awit para bekel utawi panganggenging padhusunan
ing ngriku ajrih bilih kamantunan ing pandamelanipun.
===============\==============\=============
Semarang
Serat pawartos Searang angwedharaken kados ingnandhap punika Ranadiwongsa
lurah ing Kuwu sampun angsal 34 taun anggenipun anglampahi pandamelanipun
sarehning sampun wiwit sepuh pramila pryantun wadana ingkan ambawahaken
dhuwun wau amrayogekeken bilihpun Ranadiwongsa aseleha ingpandamelanipun
sakawitpun Ranadiwongsa acukeng, rumaos bilih taksih kngkat dhateng bekipun awit
saking cupetipun tuwin mawi amundhi ubayanipun prayantun wadana wau, bilih seleh
anakipun ingkng kagentosaken pun Ranadiwongsa lajeng andherek sareng tiyang
dhusun sami kakakalempakaken ingkang amilih dhateng anakipun Ranadiwongsa
sapalih, ingkang sapalihipun amilih tiyangingang wasta pun SEtra, boten mawi
amawang dhateng labetanipun pun Ranadiwongsa, punapa malih dhateng ubayanipun
payantun wdana, pun SEtra lajeng kaangkat dados lurah, pun Ranadiwongsa boten
anarimah nunten asaos unjuk dhateng kanjeng tuwan residhen ing SEmarang,
anyuwun mugi kanjeng tuwan akarsaha nymenekaken pangangkatipun pun SEtra
wau, manawi amras…..ken bilih selehipun wau, amargi amundhi ubayanipun…..bilih
kadaosanipun sadaya wau…..patrap salingkuh, kados kanjeng
tuwan…….Ranadiwongsa, inggih sampun kerep kemawonbilih sa….punika, asring
angasoraken adil.
================\================\===========
Panjurung
Sawatawis dinten punika kula mieng pawartos bilihawit saking karsa dalem ingkang
sinuhun kanjeng susuhunan abdi dalem lurah punakawan titiga sami kaganjar
kawisudha dados abdi dalem Oernas sarta wonten satunggaling abdi dalem
punakawan kawisudha dados abdi dalem lurah punakawan.
Kula miring pawartos malih bilih nalika dinten senen kapengker punika abdi dalem
Ordenas wonten ingakng kakarsakaken dados panewu tuwi bekelipun abdi dalem
Ordenas mawi kaparingan indhaking tedhanipun saha abdi dalem punakawan
satunggal kakarsakaken dados abdi dalem lurah punakawan, wondene ing mangke
saking karsadalem abdi dalem lurah punakawan, wontdene ing mangke saking
karsadalem abdi dalem panewu tuwin bekel Ordenas abdi dalem Ordenas sadaya sami
kaparingan sesebutan raden ngabei.
Wasana kula badhe sakalangkung bingah, manawi paprentahan nagari jawi amirib
paprentahan gupremen Nederlan sabendinten angundur abdi dalem saking
kalenggahanipun ingkan awoning kalakuhan utawi boten netepi ing kawajiban kosok
wanggsul aganjar indhaking pangkatipunabdi dalem ingkang sae ing kalakuhan sarta
netepi ing kawajiban.
Katandhan Sidi Pangripta.

Panjurung kabar kasangsaran nalika ing dinten Rebo tanggal tanggal kaping 29 wulan
Ruwah taunpunika, anakipun Raden Panji ing Grobagan wasta pun Ngawe, dados
abdi dmosikan ing Cakranagaran, rehning dinten padusan badhe pasa, pun Ngawe
kesah adus dhateng lepen Ganggang, mawi rencang tiyang kalih dados tiga kalih
piyambakipun, sareng dumugi ing ganggang tiyang tiga wau sami adus bigah-bigah,
dhasar toyuanipu ageng ngelresi ragi bening ananging lena yen ing lepen ganggang
punika kalebet santer ilenpun ing toya, ing wusana pun Ngawe kablebek ing toya
dados lan pejahipun, rencangipun kalih sami saet mentas jisimipun pun Ngawe ugi
kenging kaentasaken.
Pangenget enget nalar ingkang makaten punika tiyang sumedya adus susuci ing wusa
pasuci babar pisan, mongka ing lepen Ganggang sampun asring-asring wonten tiyang
kablebek wonten ing ngriku, yen dah punapa mangakten punika. Yekti
================\================================
Walgita sinawung sekar, pangkur miwah tur tale sagunging, kaurmatan ulun katur,
mring panjenengan tuwan, mudhi ing kang anjurubasani tembung, jawimyag
jurupangarang, ing pustaka bramartati, Dahat kumarcelu amba, tumut atur panjurung
mung sadremi perlu janma kang dereng wruh, gancarireng narendra, maha raja
Willem kaping tri kang mashur, jumeneng kalipatollah ing Nederlan gusti mami.
Kalamun sarju ing driya, mugi mugi karsaha masak munggwing,bramartani kemis
ngayun, rumuhun kang jinarwa, nagri wlandi duk ingkuna-kunanipun, kareh ing
Sapanyol praja, nanging dahat karya kikin. Parentah saka makama, nganti dadi prang
astha dada warsim purwane mene winuwus, duk sama Nederlan, prang pungggawa
sangking Sepanyol sadarum, ananging tiyang Nederlan, kang rasa anggadhah siti.
Saingga terah tumerah sami andarbeni ing kakang pribadi,kawrat prajangjeyanipun,
ing pratondha lawan cap, miwah raja sepanyol pamintanipun, ywa nganti cidra
ngubaya, patembaya ywana lingsir. Mong seku tanah Nederlan, dereng wonten
ingakng jumeneng aji, tksih setad oder juluk, tegese wakil raja, ran bupati
kajumeneng namanipun, setad oder kangjeng tuwan, Prinnes Willem Van Oranye. Ing
Sepanyol lama-lama, nulya nilar patembaya ig ngarsi, wah punggawa nyabegdiguung,
ngangge saweneng wenang, siya-siya nganiaya patrapipun, samana para pratiwa
miwah jeng pangram Oranyi. Nuwun ingkang pangadilan, mring sepanyol
pratingkahipun abdi, nateng sepanyol kawuwus, angggalih datan karsa, aturipun
sadaya tan pinaelu, malah sakalangkung duka, srinarendra sigra nuding, Punggawa
ertopansalba, tegesipun ing….kinen angencengi dhawuh, prajurit kinandhenan,
sangangewu tan ucap ken lampahipun, ertohpanalba wus prapta, dhawahken abdikeng
aji, Ing sasolah ambek siya, ngongsa ongsa nganiaya sesame, kathah denya karya
lampus, marang wong tan padosa, malah langkung saleksa lan wolungewu, sujanma
kang pinejahan, tiyangkang tan nut agami. Inggih sami punejahan, yata wau tuwan
Willen Oranyi, sakalangkung dukanipun, jajabang winga-winga, dene aturpanuwun
ora ginugu, malah akarya niaya, kathah mateni sujanmi. Samana p[ara punggawa, ing
Nederlan sabayan tu ing kapti, tandya angalawan ing pupuh duk salebeting warsa,
sewu ponca atus lan sawidak wolu, denira abondayuda, nganti wolung dasa warsi.
Duk nalika sajroning prang, kitha Ledhen kinepang nganti lami, susah ing janma
kalangkung, tan bangkit mamet tedha, dadya janma mangan kapanggihipun, sawe
kodhok tikus kadhal, sagawon sami binukti. Angantikathah kan gpejah, sing kaliren
telas ingkang binukti, sangking wau pamrihipun, nateng sepanyol marma, ngepang
kitha dipun prih sami anungkul denya tan bangkit anadhah, lawan sampun ngantos
mijil. Tumut Bantu jeng pangeran, pan Oranye Willlem kan gmangsah jurit, taksih
rame aprang pupuh, nanging wadya jrokitha, datan wonten kang teluk anungkul
mungsuh, malah burgemswerira, rinubung dipun tangisi. Maring wadya kananira,
tembungipun dhuh tuwan kados pundit, yen awet maktene temtu, sadaya sami pejah,
botena satged ngupaya bukti aluwung, teluk malih maring mengsah wwaktu punika
kang dadi. Bugemester aran tuwan, pandherdherep duk samana mangsuli,
burgemester delingipun, ehkona pawong sanak, ingsun ikilahpatenanana rumuhun,
bathang ku padha pangana, naming ing sapungkur mami, Away pisan nganti sira,
angulungna kutha ae tan eling, bangsamu wus akeh lampus, iya kinaniaya, wong
seapnyl ambege daksura digung,lah padha sira rasakna, apa maneh ing sakiki, Taksi
wonten candhakipun.
======================\=================
panjurungipun mangunbrata katiten kaping 13 Agustus punika boten kapacak awit
boten amrasajakaken namanipun temen, menggahpanjurungipun ingkang kantun kula
boten amawa ing pamacakipun saha sanget tarimakasih kula dhateng mangunbrata,
punika warninipun panjurunging kang migunani.
=================\====================
Candhakipun cariyos ringgit purwa,
Lampahan KOngsa ngaben-aben.
Pangandikanipun kanjeng pangeran Arya Kusumadilaga.
Sastramiruda praedane, gendhing karo ladrangan, ingkang kapisan gendhing iku
cengkoke sathithike loro, yen ingang diarani ladrangan angemingake cengkok siji,
utawa gendhing mau nganggo munggah apa dene ngangoniba, Manawa ladrangan
tanpa munggah tanpa niba, ingkang denten bungake munggah biba ning gendhingiku,
unining kethuke, kaya ta kawitane gendhing kethuk loro banjur munggah dadi kethuk
papat sapadhane amarga akeh unining kethuk mau dadi den arani mungggah, ingang
sinebutake gendhing aniba, iku salin kawit lan tan tibane ing gendhing kaya kawite
kethuk kerep gendhing niba ladrangan, utawa kawite kethuk arang niba dadi kethuk
kerep, dene ingkang den arani gendhing mirong iku, ora nganggo munggah utawa
niba, kethuke ajeg kaya ladrangan nanging malik kendhang bae, bab gendhing
katawang ora kasrambah ig pawayaga kagem begsaning kalangenan dalem badhaya,
ingkang tinabuh ming kethuk kenong, kemanak kendhang egong, bokmanawa iku
merit aritane gendhinging gamelan ing surendrabawana, nalika isih jaman kadewan.
Mungguh ingakng den arani gendhing taledhekan, pancene ingkang mau endi
gendhing anggitae panjak ambarangake taledhek, sabab ingjamankuna taledhek
ambarang iku tabuhane mung trebang karo kendhang, ingang ambukani gawe
gendhing iya ming cangkeme panjake, bareng taledhek ambaranganggo boning telu
rebab kendhang egong, endi gendhing kethuk kerep utawa ladrangan, iku iya ginawe
ambarang taledhek, dadi wong ingkang during sumurup angarani gendhing
taledhekan, amadene ana saweneh gendhing olehe, teka taledhek ing ngamonca, yen
gendhing ingkang asli teka ing ngamonca mau ing Surakarta kene wis ana, nanging
bedane cengkoke, iku iya banjur karantekan asline, yen ingkang pancen gendhing
mau ing Surakarta kene ora nana, iya ming den arani apa jenenging gendhing bae, ing
bab gone saweneh, ana ingkang ngarani gendhing gedhe cilik, bokmanawa pamikire,
dispirit ingkang ken…..keh di anggep gedhe, ingkang kethuthuk sathithik di anggep
cilik,
ATuripun mas Sastramiruda.
Kawula nuwun ingkang dipun wastani gongsa runtutingrarasipun, saha ingkang
panjenengan dalem dhawuhaken bab engkoking gendhing, utawa ladrangan, wonten
ingkang cengkok satunggal tuwin kalih, punapa dentenmalih, ingkang dipunw astani
irama, lomba sarta irama rangkep punika kados pundit, mengah kanggenipun ing
paringgitan
Pangandikanipun Kanjeng pangeran.

Sastramiruda bab aingang den arani Irama gelis suwene elete unining kethuk
tinembangan aran landhung cekaing irama, sajroning agendhng, mungguh rangkep
lambaning irama, elete gelis muni ning kethuk iku, ing ngaranan irama lomba,
amarga pangimbale saron utawa ingkang gambang ora bias angrangkep, dene patrape
gamelan pawayangn mau iramane ora ajeg kendho kenceng kang gawa patuting
wayang.
Patakonmu bab cengkoking gendhing, iku tibaning kenong, utawa ingkang amarengi
karo unining egong, angonn thuthukaning wilahaning gamelan, yen gendhing mau
sabe tibaning egong, ora ngalih-ngalih ming manggon sawilah bae, iku aran cengkoke
siji, yen tibaning ngeong ngalih wilahan loro utawa telu itunging cengkoke iya manut
loro utawa telu, kaya mangkono saurute, mungguh ingkang den arani gamelan runtut
rarase, upamane gamelan sagrengan, ingkang ginawe nabuhi wayang utawa gamelan
gedhe, ingkang bias amor swarane, apa sapituruting wilahan, iku aran gamelan runtut
rarase, dadi tegese saruntut mau awot tegesing raras sewaraning gamelan, nyatane yen
raras mau swara utawa serenging swara, kayata saron panerus,karo demung wujude
gedhe cilik salagi di thuthuk dhewe dhewe, ingang gedhe iya gedhe unine, nanging
yen tinabuh bareng ora sulaya, labete runtut raras bisa padha, mengkono
sapanunggalane gamelan sarancak mau, jangji runtut rarase endi ingkang
tunggaljenenge iya amor swarane, sanajan kawat kayu epring utawa wuluh, manawi
wis runtut linaras iya bisa awot ing swarane.
Aturipun mas Sastramiruda.
Kawula nuwun ingang dipun wastani janturanipun dhalang angringgit, punapa inggih
gendhingipun ingkang kajangtur wau utawi manawi wonten sanesipun ingkang
angadhahi nama janturan, saha kawula asring nilingaken dhalang manawi ngringgiyt
ingkang nuju jejer, enggenipun ngocapaken, mawi tembung karma sagatra, tumunten
sagatra malih ngoko, dados prakewet enggen kawula angraos pancen ingang leres
idpun angge punapa tembungipun karma, punapa ingkang rtembung ngoko, anjawi
punika bab pocapanipun rinnggit, para dhalang sepuh-sepuh ing padhusunan sami
ngangge karma inggil, dados nymleng kados tembungipun tatiyang alit matur ing
gusti, sarta dhawuh dalem bab tembungkadhaton punika boten kalampahaken, najan
jejer Suyudhana Durna Sangkuni tembungipun inggih boten mawi basa kadhaton,
tuwin umpak-umpakanipun ing karaton sadaya kasami,namungjujulukpun ingkang
piyambak, ananging boten mawi dipun teges, menggahpancen tembung ingkang
kaleres kaanggeing padhalangan kados pundit ing pamijangipun.
Katur dinnten Jumungah kaping 24 wulan Ruwahing Warsa Dal ongka 1807 taksih
wonten candhakipun,
Padmasucipta.
Ongka 36, Kemis kaping 5 September 1878
Surakarta
Kala wingi enjing ing pengkeran loji ageng wonten baris ageng kados adapt amarengi
tingalan dalem taunan kanjeng gusti pangeran adipati anom Raja PUtra Narendra ing
tanah Nederlan.
Ing mangke koncapulisi ing Mangkunagaran anggresula, amrgi sangking pananduking
patrap calunthangan pager banon sawetan dalem gondasiwayan asring asring
kagempuri, sanadyan prasasat boten kendhat kendhatipun jageni, maksa dereng saged
anyepeng tiyang ingkang anandukaken patrap wau.
Kala wingenipun dalu nyonyah S ingkang amaosi siti dhusun ing Brengosan kakecu,
sareng barang darbekipun sampun gusis kabekta sadaya, griya lajeng kabesmi,
menggah konca jagi boten ananggulangi dhatengipun durjana, mandar lumajeng tuwin
boten anedha tulung, tiyang makaten wau punapa botenkenging kaewokaken dhateng
patrap ge…..dhektur anganthuki, saking pawartos bupatipulisi ingkang ambawahaken
siti dhusun wau, sampun anyepeng tiyang sadasa ingakng kakinten tumut angecu.
==================\=====================
Yogyakarta
Nalika tanggal kaping 30 Agustus kapengker punika, tiyang awasta pun Talesana
bekel ing dhusun Gadhingan kabawah ing Gamping kakecu, sareng durjana sami
ambedhah pager cepuri talesana lumajeng, bojinipun kaajak boten purun ingang
lajeng anyelakilesung badhe kagendhong, ananging katututan durjana sakawan
ingakng satunggal angethungaken dedamelipun embok Talesana kinen sumingkir,s
asampunipun durjana lajeng a…..andadosan ingkang wonten ing griya, unduripun
mawi anggerek maesa,konca ingkang sami sadya tanda dhatengipun nalika ecu
sampun sami kesah, dene rawuhipun konca pulisi kenging kaupamekaken kados
tiyang angladosaken sambel bibaring dhahar,
Nalika tanggal kaping 2 wulan punika ungelipun kenthongan angangkang,
kawontenanipu kados ing ngandhappunika. Konca ingkang sami ajagi, patoman ing
Muja-muju, enjing wancijam sakawan sami ningali bilih wonten tiyang angarit
godhong tom sareng dipun celaki tiyang wau lumajeng, kacandhak pejah wonten ing
dhusun Tempel.
=====================\============================
Camburan
Wonten prajurit ingang dipu sanjata mengsah kenging ilatipun tatas sanalika dhokter
anandukaken tarekah ingkang gumunaken dhokter waulajeng amagas alat sagawon
kaengukaken angkemipun prajurit wau prajurit nunten saras ananging anggadhahi
meda, bilih amambet sasuker anandukaken watak ing sagawon.

Pulisi anyepeng sawijining kusir ingakng karetanipun anunjang nini-nini, wonten


kapulisen kadunungaken ing kalepatanipun awit bilih amanengenake kedhik nini wau
boten katunjang, batur wangsulanipun inggih leres ananging bilih kula manengena
sakedhik saestu anemahi sangsara ingang sawek nalaripun kula anunjang parawan.
================\===========================\
pawarti padhusunan bawah Sukaarja
Kula miring pawartos nalika ing dinten Jumungah wage wulan Ruwah warsa dal
punika, sakinten wanci jam pukul ½ 12 griyanipun mas Bei Sutasudarta abdi dalem
prayantun panewu dheskrik ing kitha Sukaarja kabsmen anglanjak griya sanes kirang
langkung telas griya 20 iji, ingkang dados wiwitan kabasmi ugi griya pawonipun mas
bei wau, kinten-kinten jalaransumbrananipun ingkang sami ngratengi tatedhan.
Ing dinten malem Saptu Paing griya Cina tengga pak Lekek angrangkep sade tike, ing
dhusun gahtak masaran, kabaesmen telas griya 2 iji, kateranganipun latu pandameling
durjana:
Kawegiganing tiyang lampah juti, ing dhusun dhenokan sakiduling kitha Sukaarja,
kawartos wonten tiyang gadhah damel mantu, mawi angungelaken gongsa, sarta
tiyang ingakng gadhah damel wau kalebet cekap sareng ramening tiyang ingkang
sami jagong, wonten griya ingang kaparnah kidulin ggriya ingkang dipu nenggge
jagongan, dipun basmi ing durjana sareng ubaling dahana guguping tiyang kathah
barang amalipun ing kadarbe damel bebas sami kaaturaken ing tiyang durjana arewa-
rewa tandang tulung, patrap makaen wau mikantuki sanget dhateng ingakng seja
culika.
Wonten tiyang awsta Nalapawira, pakabaran pandamelanipun asring ambegal aring-
aring, amindha asmaning para gusti manda nalika pun Nallapawira wau ambegal
santri badhe kesah ngaji dhateng Panaraga lajeng kawuningan ing pulisi Sukaarja,
wasana sareng katangkep pun Bonggolmiruda, kancanipun tiyang kalih sami
kacepeng lajeng katur ing nagari kapatrapan dipun bucal, ing mangkepuna
Nalapawira bonggl wau, andugekaken pandamelanipun begal aring-aring wonten ara-
ara ing sambi lengek-lengek sawetan dhusun Teguhan, andadosaken samaring tiyang
ingakng sami lumampah ing ngriku.
Tiyang dhusun ing Gubangan wasta Kertamenggala, kabawah dhestrik masaran
Kidul, anglampahi kadurjanan mandung pantun, kaptrapan ukuman pandamelan
paksa, dereng dumugi wangening paukuman lajeng miruda, wangsul mantuk ing
Balegriyanipun malih, ingkang andadosaken pangunguning manah kula, bekelipun
ing Gubangan wasta Sutadrana, kaparnah sadherekipun jaler kalih kretamenggala kan
gminggat wau, teka lajeng purun kanggenan sarta boten repot ingparentah, tuwin
panggengipun dhestrik sumerep dhateng pun Kertamenggala inggih boten dangu
katranganipun mila saged mantuk, nanging pun minggat naming sarana asantun nama
pun Mirmagati, punika saget nambak wilujeng tanpa nyaur sambutanipun paukuman
dhateng nagari, ingakgn dereng dipunlampahi, bokmanawi pun Mirmagati wau, kedah
angsal panjurung dipun belanana ingpaukumanipun, saking pooating bekel tuwin
demang pulisi sakin gkandheg kampiran ngingu angubungi lampah kadurjanan, najan
pangagenging dhestrik inggih kalebet tilar kawajiban dene lumadosipun durjana sakin
gpiyambakipun mantuk tanpa katerangan.
Katandhan Sedyarja.
=====================\========================\
Panjurung nyuwun teranging pakabaran
Ing sarehning kula miring kabar menawi ing sak punika kanjen gparentah aeng ing
Surakarta, aaparing wawah dhateng sak wenining tiyang boten kalilan simpen sekul
aking, ingakng punka sarehning kabar wau ragi aneh ananging sawek kabar medal
saking para abdi alit, punika punapa sak yektos, bilih kabar wau sayektos, saking
panyuwun kula mugi wontena para priyantun akarsa paring kabar menggah paedahipu
tuwin sababipun anggening boten kenging simpen utawi tan dho sekul aking ingkang
supados kula saget ananjangi dhateng…..ingkang sami wade kuwih kuwih gipang,
tuwin tiyang jawi ingkang sami wade ampyang cengkaruk, pun minta.
Awit tuwuhipun pawartos punika ingkang saestu naming sakin ggethok tular, mongka
sampun amaratah tiyang pakampungan padatanipun angakingaken sekul wadhang,
pramila prayogi sanget bilih nagari lajeng ampas pawartos wau.
Jurungarang.
===============\======================\===============
Esmen
Ing nalika tanggal kaping 28 wulan punika, ing pamulangan jawi Caruban (Madiyun)
para siswa dipun titi prksa kados adapt saben, ing ngriku para siswa amintokaken ingk
kasagedanipun wondening ingkang anjenengi papriksa wau
1. Kanjeng Tuwan Presidhenipun KOmisi Pamulangan
2. Kanjeng Tuwan Sekretarisipun KOmisi Pamulangan
3. Kanjeng Rahaden Mas Tumenggung Sasradipura, Liding KOmisi Pamulangan
4. Rahaden Mas Cakra Amijaya KOmisi Pamulangan

Saha para priyantun ing ngriku sadaya sami dherek mirsani.


Ing sabibaripun pariksa lajeng amaringaken ganjaran dhateng para siswa ingkang
masthi tampi, kadosta buku warni-warni, gambar warni-warni, pethen alit wadhah
pulas, pethen alit wadhah bekakas ukur tuwin anggambar, saha bekakas
panyeratan sapanunggilanipun.
Muridipun wulan punika naming wonten 170 iji, ingkang tampi ganjaran murid 58
iji.
Ping 30 Agustus 1878
Kula pun Sukapawarta.
================\======================
Pinandara sagunging emanis, kanang tabe lawan kaurmatan, kang winantu-wantu
dene, trus sucining kang kalbu tumutura sayogya maring, sudara dahat sreda, kang
limpading kalbu wigya ing ngreh wicaksana, putus tataing sastra miwah kakawin,
mumpuni kaninditan. Kang panengran tuwan JOnasportir, jumeneng ing redhaktur
pustaka, Bramartani panggelare, ing tri bawana kasub, doning sakeh karma lan
niti, marma pantes ing ngaran, wasitaning kawruh, pasamuaning sarjana, denya
mintonaken tata lawan titi, prajagu Surakarta. Tarlen muhung tur warta sademi,
denya tampi nugrahe ywang suksma jeng gupremen papasiye, mring abdi kang
linuhung, setya tuhu inglair batin, kanjeng gusti raden mas, adipati juluk,
anenggih cakranagara, kang rinengga ing songsong jenar bupati, prajadi panaraga.
Amarengi ari kemis paing, ping sajuga ing wulan ramelan, warsa dal de
sangkalane, prawata sirnanipun, bujonggga kang amengkubumi, nuju mongsa
katiga, julungwangi wuku, mring pandhapa Panaraga, prapratiwa sadaya
kempalan sami, busana geng basahan. Para tuwantuwan angestreni, jineengan
marang sripaduka, jeng tuwan besar residhen kang jumeneng Madiyun, lan jeng
tuwan Asisten kanthi, kontrolir ing Gemulak, teni agemipun, monca bupati
kangprapta, ing Madiyun gusti jeng raden mas nami, tumenggung Srasradipura.
Ngagem teni prajuritan pekik, dhasar taksih taruna rinengga, baludiran busanane,
murwanipasrahipun,kanjeng tuwan residhen maring, jeng gusti Panaraga, gya
tuwan kontrelur, amaos ingkang palekat, tembung wlandi akathah-kathah winarni,
dene cekaking karsa. Rehning prja Samara ta mangkin, wus kinumpul maring
Panarga, amarga sangking cilice, patihira kaundur sinung pangkat wadana
dhistrik, samaranta deneta, wadana linugsur, kirang taberi ing kaya, aleleda
marma mene den kendeli, lawan malih wadana. IIng geng mulak ugi den kendeli,
brastha lawan dhestrik kira pisan, dadi nir juga dhestrike, rehning wadana sepuh,
lan kolektur kinen amukti, pensiyun pinaringan, benjing badhenipun, jaksa jrunita
wadana, ing gemulak jru tulis golektur sami, kinendelan sadaya. Marma samene
brusahan sami,s amrata akeh lulungsuran, priyayi lawan upase, akarya ngresing
kalbu, jeng gupremen yen nora galih, yekti keh kawlas arsa, mangsuli ing ngayun,
pra tuwan sami tur kurmat, atur tabe maring wau kanjeng gusti, nulya mijil
sampanyah. Nging kuciwa teka sepi mamrig, pradanggane amempen kewala,
witan pinareng mangsane, pasalagi pupucuk, adoh msrik ngraronce kardi, wit
kirangpara nyonyah, yekti nora mungguh, pasamuwan kiran Gretna, tanpasekar
purwa kanthi tan mepeki, samene panaraga. Wajibpinuji gemahing nagri, saya arja
wuwuh ng jajahan, tanpa prang anungkul dhewe, kaluhuraning prabu, yen ing
kuna arebut….kit, samangke kang warastra, munglimpading kalbu, lan
secatuhuning….ntah, anastiti taberi sabarang kardi, yeku lungiding astra.
Dha…..ka sub ing satanah jawi kanejgn bupati ing Panarga, anetei salokane,
jejeging adilipun, para marta asih ing dasih, mumpuni ing kadamrman, kasujanan
putus, berbudi tur wicaksana, anglenggahi utamaning ulun amri, asih maring
mamitran. Semu sume…ing pamulu wingit, ruming lesan lamun angandika,
renyah sedhep wor…seme… kuciwa wancinipun, yen ingsurya wus rada lingsir,
tebihingkang beragan, mungpangesthinipun, den sasi angsal nugraha, putra wayah
nglulu luriya ing panggalih, kadi kang panjenengan.pra prati…bdisanegari, ajrih
asih ing cipta ambapa, samya nut ing sabarang….adoh pakrti dudu, wong dursila
durcara sepi, mityas sukaar…wong tanine tulus, sai wutun wutun kuna, kang
ngamane…….nukang besi, dedagang tulus dagang. Nora nana kang lumaku juti,
wongsa praja anandhang agama, mamalad olul amrine, ing sasolah den tinut,
mamawajib ingkang nagari, milih bupatinira, kang maha mbegsadu, bangkit
metyasingkawula, wruh ing sarak netepi lurah agami, tan kadi sapunika. Kathah
ingang amilih bupati, kang balasar anasar ing solah, mung karemaring karamen,
tebih sangking pamilut, tyasing dasih ingkang kaswasih, angger taksih taruna,
cukat tandangipun, tebih ing budi utama, mung serenge gumriyeng amemedosi,
sapari prentahira. Krasna brangas asal nuli dadi, barang prentah tan nganggo
matara, rajin ing sabarang gawe, satemah nisthanipun, karya rusak marig wong
cilik, dudu gnggonanggonan nata, iku pamrihipun, mung angger tuk pangaleman,
nora nimbang tembe lamun pothar-pathir,mung ngrebut karajinan. Tanlyan siku
walere pinusthi, solah tingkah saruning busana, puniku ginedhekake, yen kurang
ingpanglulu, pangaleme angrubagini, tumuli antuk cela, ewa jroning kalbu, sapa
brangkit doracara, ngalembana akarya manis ing gusti, yeku tuk panembama.
Lamun abdi ing gal dadi mantra, lamun mantra gya dadi wdana, nora mungbupati
babehe, kang mahambeg kadyeku, lurah sanes bongsa mimirit, ambege goragadha
miwah tyas kumingsu, nguni nagri panaraga, dhistrik kira sakawan juga
anami,kuthaing Panaraga. Nulya dhistrik ku tukang kaping tri, pulung dhistrik
kang kaparsakaan, arjawinangun namane, wuwuh inggal mung telu, samarata
parang landhes trik, jebeng samene dadya, jangkep dhestrikpitu, mrma saya
megah arja, panaraga apanjang punjung awukir, loh jinawi sapraja. Toya
tumumpang samargimargi, singasinga kang tinanem medal, sugih sugih
wongkanine, sangking pamerdenipun, kanjeng gusti ing panaragai,cipta
prasujanma, samarata sagung, suka lir amanggih retna, dene bangkit kareh
kanjeng gusti malih, nguni ing samarta, Ingakng jumeneng bupati anami, radian
mas Yumenggung Bratadirja, tan dangu puput yswane, kang putra taksih timur,
marma wonten bupati wakil, dene panegranira, raden mas tumengung Arya
Kusumadiningrat, kenging godhanastha darunaning cethi, nganti manggih
sangsaya. Mundur sangkingpalenggaha wakil, praja samarantagya den asta,
kanjeng gusti salamine, angrakep nganti dangu, luwih sangking sawindu nuli,
putra kabratadirjan, wus diwasanipun, jumeneng ing Samarta, lama-lama
pinindhah mring nagri Ngawi, Samarata suwengan. Ciptaning lit marma sukasami,
kadi antuk dining seijawara, temtu dadi panggen denge, paring sukara ayu, tebih
sangking kang waler sarik, kadi puspita lama, katranganing jawuh, samene
karoban tirta, maya ingkang minongka kang maosadi, temtu nuli tumruna. Taru
semeron ingggal gumanti, karuksekar angambar sapraja, amrik angi gandane, ,
tumanduk kang rum-arum, maweh suka sukaning janmi, titi pangarangira, tarlen
minta maklum, galap gangsuling pawarta, temtu kriang dhemes kirang pacak
saking, tuniguning kawigyan,. Nadyan doning kang pratomeng kawi, bramartani
kempalanin gsastra, yekti wonten lan alane, yen jejer bagus tulus, lir arjuna
mentar pribadi, tan nganggo panakawan, yekti rda saru, cariyos ulun punika, den
galiya won-awoning bramartani, luwung dadya gujengan. Nadyan dipun gugujeng
tanisin, rehning dhusun tebih pramasastra, marma mung nuwun dukane, kedhik
rada nyanyanyaru, mung kinarya pratamengwarti, supadi kauningan, kang
jumeneng baru, anggaliya kautaman,
Saking kula pangindhung ing Panaragi Ngabei mangunbrata.
=================\=====================\
WEwah ngaturi cangkriman
Kanthi sinawung ing kidung, cangkriman kapulamugi, sumongga sami kabatang,
wonten dayannng sujanmi, kalamun tumraping sarak, wanodya wajib den kawin.
Nging nora batalken wulu, wonten malih kang pawestri, yen kagepok wulu batal,
nging tan kena dipun rabi, lah sumongga rinebata, kang sudyarsa angecupi,
Ngabei Mangubrata.
====================\==================\=============
Kanthi dahad ngayunan-ayun, wangsulan sing mitra mami, dyan panji
padmasucipta, gen ulun purun mudhoni, ambatang cangkrimanira, kasebuting
Bramartani. Rehne wus ubaya ngayun, yen wus kabatang kaping tri, meksa nalisir
kewala, karsa ngaliraken pamanggih, punapa esthining driya, mangke wus
jangkep kaping tri. Mongka tan kabatang estu, marma ulun yuna udani, punapa
babarira, kangsampun kasebut ngarsi, sampun ngantos tanpa wekas, anglenther
boten kagalih. Opel den wira ngethiyu, nyerat nganggit tembang kawi, kajawi
sakingpunika pamurih kula ing wingking, cangkriman pataken soal angsala
wanuli. Liti paminta sulangsul, cinitra anggara ari, tanggal ping nem wuwulan
siyam, warsa dal kang nyengkalani, mitra para sang sugyarta, resi luhur ngesthi
siwi.
=================\================\
Candhakipun Condrarini
Garwa kang pamekasipun, nama sang Wara Sirikandhi, saking nagari Cempala,
reja ingkang asisiwi, srimahaprabu Drupada, ing warna tuhu linuwih. Jenar
pasariranipun, kadya kancana sinangling, wadana nuksmeng ssongka, ulate galak
amanis, budiman ingkang umiyat, sedhed dedege respati. Nandhang kang wicara
tanduk, gandes luwes ngelayoni, tulus raharjaning driya, kalamun slanggapan
angling, data mawi tiningalan, sinandi nglilin gdariji. Amung lawan kakungipun,
kalamun den anindakani, patitis saulonira, cumondhong mapan ken liring, esmu
sumeh guyunira, gumebyar kang waja kengis,. Narawung lwir thathit barung,
tumempuh sumyarngene……….driya, marma lamun den ladosi, marang sang
retna cempala, sang narpati sandhe anangkil. Lawan sukane sayu, maos sagung
srat palupi, kang sekar wisati kandha, swara arum tan brebegi, kenyut sang gya
kang miarsa, yen sampun den warsitani, Bakit mantues lan memangun,
jumbuhingkang busanadi, tumrapa marang sarira, ing warna tibaing panji,
nyamlenge tan pindho karya, dadya tuladanign estri. Miwah marang para maru,
rinasuk dipun slondhohi, nora keguh rinengonan, gapyak gapyuk den srowoli,
dadya nora bias duka, lejar lumantur ingkang sih. PUwara momong agunggung,
marang sang warsrikandhi, tuwin rising dananjaya, antuk babah dening ratih,
nanging sang retna cempala, tangeh yen ageng kang alih,. Awit wus waskitheng
tuduh, dadya denira malesih, begti marang marang tuwa, gemati mrign dewi
kunthi, pamunjunge saben dina, sakarsane den turuti. Yen kacarita ing dangu, estri
kangkang gep ing krami, nalika duk jaman purwa, wus ta wilang yen utami,
marma yogya pinirita, pakolee pinarsudi. Pinangkat sakadaripun, kang kanggo ing
jaman mangkin, ywa kongsi tan patulatan, buwwang caraning dumadi,
bokmanawa tibeng papa, ina lupute pribadi. Dumrunuh keh sami nutuh,
kaduwunge angranuhi, sanadyan dipun pupusa, jronig urig maksih eling, yen kena
away mangkana, becik rahayu lestari.
=====================\====================
Panjurungipun sugyarta bab amaosi tuwin amaosaken siti benjing kemis wingking
kapacak.
Ongka 37, Kemis kaping 12 September 1878

Kulawisudhan
Raden Adipati Wiradipura, buypati ing BOndhawasa, ing mangke kalilan angangge
songsong jene, amargi setya tuhu ing pangabdenipun dhateng kanjeng gupremen.
================\================\=============
Surakarta
Ingmangke saking kassa dalem ingkang sinuhunkanjeng susuhunan putra dalem
ingkang ments kasupitaken sami kaparingan dalem…….Raden mas ingMandhawud
kaparingandalem anunggil sawcapuri kalih an ing PUrbanagaran tilas dalemipun
suwargikanjeng ratu kadhaton bandara Raden Mas Suwendra kaparingan dalem tilas
dalemipunkanjeng pagneran Ariya Natakusuma, pindhaipun bandara raden mas
Suwendra nalika tangggalkaping 10 wulan Ramelan wanci jam pitu sonten mawi
karengga kadherekaken para kanjeng pangeran saha Santana dalem sawatawis
ingkang salajengipun sami jagongan.
Tnggal kaping 8 wanci sonten ing kampong Suranatan wonten griya kabesmen telas
griya tiga, enjingipun wanci jam wolu ing kampong bawah Kadipaten anom inggih
wonten griya kabesmen telas griya satunggal ageng, saking cakutipun tongga
tepalihingkang sami tandang, latu boten saged amaramend hteng sanesing griya,
sanadyan wontena ompa ananging kirang gunaniun awit kakirangan toya, mongka
bilih kareksa ha ing saestunipun bawah kadipaten anom pancen boten kirang toya, ing
mangke ilinipun toya ars-arasen sanget katawis bilih badan leash boten dipun upakara.
Ing salebtipun wulan siyam punika, manawi ing wanci dalu tiyangmireng swaranign
mercon tuwin long, wonten ing margi-margisarta ing pakampungan mangkaten
punika saetu andadosaken sumelang embok bilih anjalri wontenipun bancana latu,
awit ing amngke nedhengipun brang barang sami garing, gampil kajalran urubipun
kalih dene tiyang angungelakenutawi nyumet marecon tuwin long saderengipun
angsal lilah punika punapa boten wenang kasaru we agengipun kacepeng.
Milanipun sakingpanuwun mugi parentahkarsa andhawuhaken dhateng para pulisi
angulat tulataken kasebut ing nginggil wau.
Katandhan
ARjasucipta.
=======================\========================
Saking pamanggih kula sadaya patrap ingkang amutawatosi, pulisi kajibah amurih
sirnanipun ananging priyantun pulisi pakampungan pancen sanget anggenipun sami
lumuh, kadosta, tiyang ngabotohan punika, ingggih boten wonteningakng
anyaruwe,lalampahanipun para pulisi makaten wau, punapa amargi
sakingpunggungipun punapa amrgi saking sengsemipun dhateng ing rukun.
Jurungarang.
============================\\\\\\\\\\\\\\\\\\
Yogyakarta
Konca pulisi mentas amikut gogolongan kecu, ingkang sami kalebet julig julig
inglampahanipunkadurjanan para kecu wau badhe nandukakenlampahipun dhateng
ing dhusun ngampon sakilenipun Nagari, mandar sampun ambesmi griyanipun
dhistrik ing ngriku, ananging konca pulisi………………………………. Para kecu
wau, saking pawartos babenggol titiga ingkang tumut kacepeng, awasta REsawijaya,
saking ing Lojajar, Mustam saking ing Dayu Wongsawijaya, saking ing Ngerel.
Tiyang awasta pun SEtra ing kampong Mangunkusuman anggadhah lembu ingkang
mentas anak-anak medal satunggal mwi suku gangsal kathah tiyangingakng sami
aningali, andadosaken untungipun pun Setra wau, awit sinten sinten ingakng sami
nonton mawi anilari tumbasanipun sekar konyoh.
==============\=======================
Sakal;angkung andadosaken suka pirenaning manah kula, ing sapunika sampun
wonten karsanipun kanjeng parentah naari bawah gupremenan, sami angencengaken
pirantosipun amambengi urubing latu.
Kayektosan kula aningali ing salebeting kampongan tuwin adhusunan sakalangkung
angresepaken manah, awit aningali pekawisan tuwin magi alit-alit sami resik,
sinaponan injing sonten sarana kasiram toya, ngajeng winging griya mirantos dening
Bul dhukil gumbeng cinanthel ing ngongkek, lwir gumandhuling angklung, ondha
sinendhen ing griya cinanhtelan ing ganthol, langkung malihing saben dalu patrol
angidreri kampong anggugah-gugah.
1. angimutaken bab panyelehing dilah, sasaminipun samukawis ingkang
amutawatosi.
2. Ingkang darbe wisma kapurih medala aningali ingah-ingahanipun tuwin
angidreana balegriyanipun.

Watak ingkang sampun sanadyan paprentahan sakngnginggil kenceng, anangng bilih


kiran gopen tuwin tabrerinngprayantun ingakng kawajibnan utawi mawi
amawangsanes wajibipun, saking pamanggih wujudipun wau badhe boten nylayani,
urubing colok lisah petoliyun.
Surangkara.
===========================\==========================
Betawi
Ing dinten Rebo tanggal kaping 4 wulan September, utawi kaping 7 wulan Ramelan
punika, ing Betawi wonten pasamuwan angurmati ingalan dalem taunan kanjen ggusti
pangeran adipati anm rajaputra narendra ing tanah Nederlan, Ing wanci jam
satengahpitu enjing para prajurit dharat miwah kapalan sapanunggilanipun sampun
sami apacak baris wonten ing ngalun-alun Palis utawi Waterloplin braising prajurit
sekutree wonten bingkilen majeng ngetan, leripun lajeng kasambetan braising prajurit
dharat sakingtangsi weltpredhen (Batawi kitha enggal), nunten kasambetan barisipun
prajurit dharat saking angsi mister kornelis (sakidulwetaning Weltevreden), prajurit
punika ingkang sapalihOnderopisir kemawon, ingkang damelipun naming
anggugulang kawruh paprangan sarta katemtokaken ing tembe badhe dados
opisir,braising prajurit punika wonten bing ler majeng ngidul, wetanipun atepang
kaliyan braising prajurit Artileri utawi setabel, nuntenkasambetan prajurit kapalan
kapaleri utawi Wiusar. Sareng wanci jam pitu kanjeng tuwan ingkang wicaksana
guprenur jendral rawuh ing ngalun-alun iku anitih kareta, dumugining ngalun-alun
ingkang bing kidul lajeng tumedhaks aking kareta saha majeng jumeneng wontening
ngriku, kaayap ing kanjeng tuwan Litnan Jendral sapanekaripun andhungan ageng
alit sadaya, boten dangu prajurit sekutre sapanunggilanipun wau lumampah mangetan
urut-urutan medal ing ngarsanipun kanjeng tuwan ingakng wicaksana guprenur
jendral ingkang sarta sami urmat, miwah tabuhanipun inggih kendel ing
kananipunkanjeng utwan ingkang wicaksana kalayan mungel, dereng kendel kendel
bilih dereng tabhaning golonga ingkang sanesipun wau dumugi ng ngriu, yen tabuhan
ingkang sanes sampun dumugi ing ngrikulajeng ………..tap (tabuhan mirunggan)
ingkang boten kesah saking sakananing kanjeng tuwaningkang wicaksana, ingkang
sarta tansah mungel kemawon sasampunipunmubeng sapisan kanjeng tuwan ingkang
wicaksana lajeng kondur, para prajurit sapanunggilanipun wau sadaya inggihlajeng
bibar sami mantuk sewang-sewangan.
Dalunipun ing dalemipun kanjeng tuwan ingkang wicaksana guprenur jendral ing
Riswik weltrevreden dhahar bujana ageng mawi dhansah, para priyantun ageng-ageng
sami rawuh saos bekti, ingngriku kanjeng tuwaningakng wicaksana guprenurjendral
anggenipun angiyaraken wilujeng alemkanjenggustipangeran adipati anom, tetep
yuswa tigang dasa sanga taun wancijam kalih welas dalu bibar.
Menggah kaurmatan kados ingkang sampun kasebut wau sadaya, sampun ajeg
sabentanggal kaping sakawan wulan September inggih kados makaten
Ing Betawi kaping 7 wulan September taun 1878
Bagus Jakamubtadi.
==============================\======================
Punika candhakipun Sepanyol bedhah Nederlan.
Wus riwut abondayuda, nganggo cira pepe kateluk aris, cintraka apa bok temu, lah iya
ing sabisa, bias pa angrukti gegamanipun, sawega ing jronig kuth, wong Sepanyol
abangkit. Angrurah sajroning praja, wiktu burgemmester manabda sarwi, angunus ing
pedhangipun, ayun suduk sarira, sangking mangat denya labuh kithanipun, wusana
ledhen raharja, tan kareh Sepanyol malih. Punggawanira suminggah, sing Nederlan
awit ingkangpakarti, tuwan Willem karsanipun, bedhah tamping samodra, wit
Nederlan jro kitha ingggil kang laut, dupi tamping wus binedhah, jro praja dadya
jaladri. Wong Sepanyol kathah pejah, kurambyangan marma kathah sumingkir,
dereng kendelperangipun, aneng laut lan harat, ing mongseku rada unggul
perangipun, willemOranye Pangeran taksih lestantun ajurit. Marma sinebut unggul
prang, wit jeng pangram Willem datan mekasi, ing ngaprang taksih lestantun, benjang
putra oan wayah, kang ngakarya sampurnanira prangpupuh, ing ngandhap badhe
kajarwakake sawuse mengsah sumingkir. Jeng Pangran paring ganjaran, maring
wadya jro kitha Ledhen warnil, tetedhan sadaya tuwuk, kang mentas manggih baya,
lawan wisma gedhonglangkung aggengipun, yek akadhimi nama, tegese wau kang
panti. Griya ageng pamulangan, marma dadya pusakaning nagari, duk samana
wonteniun, saingga sapunika Akadhimi tagsih santosa kalangkung, sawusing tampi
ganjaran ,janma suka suka sami. Dupituk pitulas warsa, kanjeng tuwan Willem
Oranye lalis, sedanira kalataun sewu ponca tus lawan, wolung dasa sakawan tanggal
sapuluh, ing wulan Juli kawarna, jeng tuwan denya ngemamasi. Nora seda sangking
gerah, awit sangking cinidra dening telik, cundaka kang mara sadu, utusaning
narendra, ing sapanyol tiyang Prasman asalipun, baltasar girares nama, nalaripun
denya nyilip. Pinaeng jugari pngran, tedhak saking daleman mawi abdi, mlampah
mlampah karsaniun, saweg prapta gapura, wontenjuga sujanma aneng ing ngriku,
busana sarwa gombalan, sanget…………….diminta ngemis. Kanjeng Pangeran
uning, langkugn welas sigranedya mapeki, arum pangandikanipun, sira iku wong apa,
amemelas sandhang kalawan warnamu, apa kurang kang kopangan, pun sudra umatur
raris. Dhuh gusti botenkadosa, mila ngantos makaten inggih sangking, cupet sandhang
pangan ulun, ing sari arinira,ingkang amba tdha anamungpapasung, ngiras anak
lawan kadang, kang welas miyat ing dasih. Lamun pinaeng tan angsal, anenedha
sayekti nora bukti,marma sing paminta ulun, dhatengkang murbeng ngalam,yen aweta
makaten luhungpinugut, sampun andadwa wiring, mring donya kawelas asih. Menawi
pinujeng karsa,mugi wonten peparing dalem gusti, ddosa pasambet umur, ing sadinten
punika, kanjeng pangram sakelangkung welasipun, sigra paparing ardana, kaglih yen
sudra yekti.
Tksih wonte candhakipun.
=====================\\\====================
Pethakan saking sarat dhalang basa Mlayu
Kang pinurwa ing lagu artati, caritane duk ing jaman kuna, ana sawijining rajeng,
Omayon paljujuluk, tanah Cina prajanireki, panguwasa mya krajanya, mayan ta
pinunjul, lan misuwur namanira, yayah kadya tatkala ing jaman nguni, tan araja
tumimbang. Aprawitani tya maning ngaji, kinajrihan dening raja liyan, kang celak
lawanprajane, sadaya samya nungkul, adadya reh bawahireki, marmane maharaja
mulyane akomuk, pindha she pirdun ing kuna, ruhurira tanpa Suleman Nabi,
kawasalir Iskandar. Den susuhun lan ing ngaji aji, angemperi kaya raja dara, dene
kabeh nayakane, mratah waskithengkalbu,amumpuni salir pakardi, sata pangeranira,
prakos wadi byanung, satya asadu ing budya,pratiwane wng becik paham ing
ngelmi,nir kuciweng samatra. Sakabehe gedhongesang aji,s amya isikang
dyanawimala,liinuwih kasudanane, tangeh rinonce tembung, dewadyanta kathah
nglangkungi, kongsi tan keneng etang, gyanira sang prabu angreh sagung wadyabala,
awawaton adalang munag ing ngeber budi, marma seneng kalintang. Daruna saking
widagdeng aji, tuwin saking wibudyambeg darma, titiyang kang neng krajane, samya
amolihuntung, dene julukireng narpati, Omayon pal tegesnya, nalamat rahayu, mula
sinebut mangkana, karsane para wong sajro nagari, manggih akaslametan. Patihira
aran mangkubumi, asubadya ingpambekanira,lan langkung eber budine, turida mring
piyatu, myang maringwong nandhang rudatin, lan marang para rondha, kabeh wadya
prabu, panganggepira mring patya, nora beda kalawan yayahireki, sih tresna trus ing
driya. Deta wau patih mangkubumi, tuhu kendel marang adilaga, wrinpratikel aprang
kabeh, wicaksana jro rembug,lan sumurup terang sakyehning, prakara jro nagara, yen
atyang kang ayun, sumedyaakrya resah, bias bujuk pinrih abali badhami, nyang malih
kyai patya. Salamine datar nate ajrih, jrone rudahya bugnah kewala, tan kontra sadei
bae, lir giyo ta kang labuh, datan ajrih tinempuh angina, wit saking
sagedira,jroningnagara gung, satata gemah raharja, ya marmanta kipatih ran kogesteri,
rembug becik tegesnya. Sang prabu ugi ngunignani yenkipatih wong waskitheng
driya, mula banget pitayane, ing nganggep lir sadulur, apa dene sumitra becik, rinaket
kinasihan, tanwinengku batur, mangkono uga kipatya, langkung ajrih ngastawa
marang narpati, sasatya sredanira. Kacarita nujuwa ring sawiji, sang ngnata lan
rekyana patya, miahkabeh pangerane, numpak kuda sadarum, yun bebedhag marang
wanadri, nalika dugi wana, macan banthengipun, kiang kidang lan manjangan, celeng-
celeng, mulat manngsa lwih ajrih, samya mlayu sasaran. Ugi kathah kang kena ing
mimis, sarta tatu awit kenapanah, ana dene kangcinakot, denng sona pamburu, gya
wontenkang nguculen paksi. Alang ing aranira, yapeksi pemburu, nulya mabur
akalangan, kogsi tkan samadya ning widik-widik, nyamberri mamanukan. Sawusira
gyanbebedhag sami,antuk kewan myang manuk akathah, sang nata parentah age,kinen
leren sadarum, para ingakng andherek sami, dhinawuhan ambekta, paburuwan wau
winawan maring kahatyan srinarendra kondur dhinerekenpatih miwhpara pangeran.
Duk samana kondurre sang aji, prbangkara anedheng bentarnya prakuda lendhuk
lampahe, wadya kesel sadarum, saking gyane tetedhag sami, winimbuh kabaskaran,
sanget sumukipun, ngalentreh alumaksana,kongsi datan tahan amring soroting rawi,
ngorong salit kalintang. Sangprabu aparentah aglis, marang patih arsararyan kedhap,
daruna langkung mepune, pangandikaning prabu, baya patih sawastuuning,gon kang
neta panas, ingakng rada seyub, Mangkubumi lon atunya,lwih prayogi
padukarsararyan awit, bentere datan jamak. Yen tan rayan pukulun kawatir, lamun
prabu temah dadya rongga, myang wadya sanget susahe, dene ang punanggunung,
ingkang tinon sakig ing ngriki,akathah wit-witannya, saka mantyane sayub,mang ana
sendhange juga, pan ing ngriku kados konging den rayani, sakeca awanira.
Durungnganti telas turing patih, sangnarendra anggbrag itiyan, miwah kabehkang
andherek,lumirig sangaprabu,mugahmarang sukuning ngardi, gampang ing dalanira,
tan tara sawangu, dumugi pucakin gngarga, sakalangkung sang nata acaryaeng ngaksi,
beciking palemahan. Sakabehingprawiwitan sami, samya lemu aruhur sadaya,miwah
atepu epange, gembuleng…dinulu, godhongira ijo andadi, nenggih senening surya,
tambi salumebu,dadya luwih edhumira, awa asrep ilining anginsumilir, karya segering
ongga. Ana uga…………..mangkok, mila mrene-mrana, aluwih bening banyune,
kehkekembangan arum, kongas umrik sinerang angina, langkung langenwinulat, yata
sang aprabu, dhawah tata palenggahan, apratistha ana teining parigi, badhe karsa
lenggahan. Sangaraning sendhagn signet wening, kilong-kilong mancorong lir
irya,mang luwih sakamatise, kathah minakadulu, samya ume saliras liri, tuywa lintang
aliyan, sanget asringipun, malad rarasing wardaya, milanipun sang nata kacaryan
galih, gyanira lelenggahan. Srinarendra angandika aris, mangkubumi di tumameng
ngarsa, linggih pare king sun kene, dene wdya sadarum, panwus kinen kapaa ebih, wit
arsa paguneman, lan ihtiyaripun, sawuse amantun sayah, gya mumuhi kawasaning
maha sukci, kang wus katoning jagad. Sakabehe tatanduraniki, apa dene sakeh
kekembangan, maha kawasa kang gawe, arga kabyaktanipun, gunung-gunung myang
kali-kali, lawan sakehing kewan, pan samya atutur, amarng para manungsa, lamun
allahkang paring jiwa sakalir, kalawan amarentah. Sinarendra lan rekyana patih,nulya
ami ngidung gegentenan, mangkene kidunge rajeng, manuk kang mancok iku, neng
uwit kang awarsari, ngucap Allah akbar,dene erinipun, ngucap gedhening hyang
suksma, sigra patih nambungi angidung genti, mangkene kidungira. Gusti Allah
ngutus ingang ngangin, angluruhken godhongmring bantala, darapon lemu dadine, de
gusti karya jawuh, angeberi ksigi siti, mrih tuwuhing tanuman, purna kidungipun,
nenggih gyan lenggah sang nata, cedhak uwit sawiji alangkung mencit, garowong
myang wus tuwa….barindhil ngarang pangergaring, ngingna tawon nalane
growongan, pamase eram galiye, miyat tawoon puniku, dene mabur mring ngendi-
endi, brengengeng swaranira, ngandika sang prabu, marang rekyana patya, eh
delengen tawon kangwan cilik iki, tansah alunga teka. Lakunira lir wong nambut
kardi, angkubumi alon ing ngaturnya, de tawon punika kabeh, leres dhawuh sang
prabu, apan sami anambut kardi, mandar pranatanira, abecik satuhu, menggah kewan
tawonika, dadya tladha kang becik tumrap sujanmi,lantiyangkang mangretya. SAged
angsal wlang ngre nagari, awit tawon ana rajanira,, kang mrentah kawula
kabeh,nenggih raja puniku, langkung ageng lan sasamining, sadaya samya urmat,
mangistha weng tuduh, dene rising tawon raja, apratistha ana ing kadhaton adi,
samadyanireng tala. Kadhatone tinombok ing lilin, langkung awig ipakirtyaira,
alempeng kaya ingngukor, tuwin pasaginipun, ceples kadya dipunjangkani,
sapinggiring kadhatyan, kathah griyanipun, kang den goni prakawula, apa dene sang
raja tawonpuniki, angereh adipatya. Ulubalangjaksa lawan mantra, sarta kathah tawon
ingkang dadya, reksapintu rkaton rajeng, prajurit tuwi nmadhur, samya jagi pratawon
cilik,gyae manambut karya, sakeh wmadu, adadi kaya nagara, pira pira dalan
terusaningpanti, kenceng yayah sinipat.
Ing sasaged saged badhe kula lajengaken
Ktandhan penyalnBasah ing Lamongan.
Ongka 38, Kemis kaping 19 September 1878
Kulawisudhan
Kaangkat
Raden Dawuwijaya, Asisten Wdana iing Pamoyan dados Anderkolektur ing Sukapura
Kolota Priyangan
Mas Danasemita, Carik ing kantor Bojanagara, dados Jaksa Pangkat ajung
Raden Mas Danuwinata, Asisten Wadana ing Dhupok dados wadana ing Balepanjang,
bawah magetan Tanahh Madiyun
Mas Sastrakusuma, Jaksa pangkat Ajung, dados wdana ingWaru, tanahRembang
Mas jaya Amisastra, Asisten Wadana ing Sumber, dados jaksa Pangkat Ajung, tanah
Rembang
Kaparingan lereh saking pandamelan lastantuning pangkatipun
Mas Wiradiwirya, jaksa pangkat ajung ing Bojanagara.
================\========================\=============
Surakarta
Ing nagari ngriki mentas kadhahtengan tiyang,saking sanjangipunignkang sami
angetutaken asli saking Turki, tilas raja ingnagari Yaman ajujuluk Sarip Ahmat
SayitIslam bilih kapirid ing jujulukipun tebih sanget sungsatipun kalihan
kawujudanipun tiyang wau sanget angggenipun lethek tuwin tandukipun dhateng
sasaminng titaha sawiyah-wiyah, anggepipun sampun boten wonten tiyang sae, tiyang
suci namungliyaning awakipun embok bilih pancen tiyang majenun manawi pancen
tiyang Turki ingkang asli, utawiignakng priyantun saestu nate sarawungan kalihan
sanesing bngsa, dhatengipuning tanah liyan ingkang masthi mawi ambekta serat
pangirid, saha sumerep dhateng tata, kados tiyagnwau bilih estu tiyagn Turki, ingggih
pancen wedalan minggiran jujulukipun wau naming kadamel tedheng
kemawonamurih kaajenanana. Mugi-mugi ingnagariliyan sampun ngantos
wonteningkang gugon tuhon.
Kareeg ing Balong sanget risakipun menggahprenahipun boten tebih kalihan
griyanipun priknca pulisi, ingkang anbawaheken pakampungan wau, kados daring
sumerep malih kareteg wau risak bilih otenlepat nalika kanjeng tuan kul Eniyus
sampun anamtokaken pandamelanipuntuywin andadosi kereteg wau kajibahan
dhatengpacinan sanadyan makatena punapa priyantun pulisi ingngriku boten wenang
anyaruwe, kados saweg ririwud angenipun amaringi, pralilahipun tiyang ingkangsami
jajanggongan puputan punapa punika kawonte eres-eresipun awit bilih sampun
kalapuraken ingkang saestu nagari lajeng anindakaken ingakng masthi linampahan.
==============\==========================
Yogyakarta
Nalika tanggal kaping 14 wulan punika wonten lalampahan elok ingakng masthi
anuwuhaken panggraitanipun para ageng, supados arumeksaha nagari ngriki sampun
gantos karisakan.
Ing dalunipun tanggal wau wonten kaki-kaki kirang langkung umur 74 taun dereng
terang sangkanipun sakin gtanah ing pundit, sampun angangkah abesmi griya peken
tujonipunkadengangan ingkangjagi peken wau kakilajeng kacepeng saha kaladosaken
dhateng nagari, nalika kapariksa tandukipun kados tiyang ewa, angaturakenniyatipun
badhe abesmi wa, supados pacinan arisaka loji ageng ambaledhosa, latu lajeng
amaremena dhateng ingkaratoningkang supados sirnaha, wekasanipun ingkang
sinuhunkanjeng sultan badhe kajayat ayasa karaton enggal awit piyambakipun mentas
angsal wisik dipun atag abesmi amargi jumenengipun karaton samun sepuh, wah ing
sasirnanipun adeging karaton kedah wonten ing mambirata kados nagari boten kirang
prayitnanipun ananging kumedah sumundhul ing atur, bok bilih lampahipun kakiwa
uwonten kosidanipun awit aturanipun mawi anggepok wadosipun karaton kakalih.
=================\===============\==========
Camburan
Wonten tiyang estri kalihan kaum asasarengan numpag kaeta asep estri ambekta
awisanipun nagari warni renda wedala tanah Brusel adi sanget kadamel
uparengganipun praboting para estri, sareng andungkap dumugi watesing tanah liyan
tiyang estri katingal biyas cahyanipun kaum welas asih lajeng apitaken egger dak
deleng cahya mu biyas apa kowe lara, wangsulanipun estri: boten kiyahi, kauningana
anggenipun biyas cahya kula punika, tuwuh sakig bagektan kula awarni awisaing
nagari, renda saking tanah Brusel kaum lajeng wicanten gampang engger, marenekna
dak sasabane jubahku kene, renda lajeng kaulungaken dumugi ing wates estri mudhun
saking kareta, lajeng katitipariksa dening pulisi ingih wilujeng, kaum anututi mudhun
kaandheg kncapulisi aiken kyai sameyan napa bekta awisaning nagari, wangsulanipun
ora engger, lah napa kang menthol-mothol ditekem iku, wangsulanipun kalayan
waskitheng tyas sarwi anudingi iki para bote wadon wangsulan punika anuwuhaken
leret panampining konca pulisi, ingkang sarwi gumueng laeng angeculaken pun
kaum.
Wonten nem-neman kalih sami wasisipun dhateng panggenanipun tiyang sasadeyan
ingang satunggal awicantn mara adha rukun angrakit ukara, sapa ukarane kang dawa
iku ambayara, sabarang kang padha dipangan wong loro, sareng sampun sagah ing
wicanten wau amiwiti, aku gitik sarwi anemamakaken camethinipun satunggalipun
bote saronto lajeng anebus dak sokol inggih ngayang anggenipun andhawahaken
bithi.
====================\==============\
Wangsulan katur ing Sumitra Ngabei mangunbrata.
Nuwun mugi sampun andadosaken runtiking pangalih, kula dherek nyelani sakedhik
pamanggih, ambatang cangkriman sampeyan sagayuh-gayuh kula, saupami boten
condhong inggih sumadhong pituwah sampeyan.
1. Wanudya boten ambatalaken wulu, nangingkenging dipun ningkah, inggih
punika mara sepuh estri tilaranipun mara sepuh jaler, ananging ingkangdados
semah anakkipun estri dereng baleg umuripun tuwin ingkang derng kantos
asmara, ing ngriku lajeng pirakan aingkah dhateng tilas mara sepuhipun wau.
2. Wondene wanudya ingang batalaken wulu,nanging boten kening kaningkah,
inggih punika 1 biyung kuwalon tilaranipun bapa, 2 ipe estri sadherekipun
semah, ananging kenging ugi kaningkah saupami biyung wau katilar dening
bapa saderengipun kaasmara, utawi ipe sadherekipun ingknag dados semah
samun pirakan.dados kalajeng-lajeng anggen kula atur katrangan, kacariyos
wonten 1 rondha darbe weak, 2 pambajeng ipun estri dereng balek umuripun
ing ngriku dipun semahaken pikantuk priya taruna, sareng karaos raos
kedangon anggenipun ngantosi, semahipun kapirak, antawis sawetawis dinten
sang taruna sowan dhateng kyai Akim aningkah dhateng tilasing
marasepuipun wau, dhaar sae warninipun kaetang rondha sekar wasana atur
kula punika sumongga ing sampeyan.
Pun Surangkara

Candhakipun cariyos bab ringgit purwa: lampahan kongsa ngaben janma


Pangandikanipun kanjeng pangeran Arya Kusumadilaga.
Sastramiruda ingang den arani janturane wayang iku duduga melane ingkang jinantur
enenging ricikan gamelan mau diarani sirepan, dene ingkang den arani anjantur,
dhalang nalika acarita sajronign sirepan, kalirune ingang padha ngarani, seseg
tambaning irama tinembungake janturan, mulane ssaweneh ana prayayi
begsa,mundhut gendhing kebogiro janturan, iku karepe akon angunekake kebogiro
nganggo katambanake iramane, ewadene sarehning wis kaprah kalanturing tembung
mau niyagane iya banjur bias anampani.
Dene dhalang yen carita nalika kajejering wayang nganggo tembung karma di wor
ing tembong ngoko, karepe tembunge karma iku wicaraning dhalang marangkang
nanggap utawa marnag prayayi liyane ingkang miyarsaake, ingang tinembungan
ngoko iku,jejering caritane, ingkang ora kanggo ing pawayangan mung tembung
karma inggil kajaba dhalang wayang gedhog ingakng nganggo karma inggil saupama
dhalang ayang purwa nganggo karma inggil jujuluking ratu ora ditegesi, iku dhalang
during weruh ugere amayang, dadi bakal ora nana prabedane ucap ucapane wayang
gedhog karo wayang purwa.
Aturipun mas Sastramiruda
Kawula nuwun rumiyin pundit wotnenipun ringgid danaare wonda, ingkang mripat
kalih akaliyaningakng mripat satunggal, utawi ringgit lanyapan mantunipun sangkuk
ringgit liyepan sami kajait punika kalajaman punapa, saha kawula asring miring
saweneh wonten ingkang remen ringgit amila angsala ringgit tatahanipun cemca
pangrawit utawi tatahanipun KyaiGonda, ngkang dereng kajujut menggah kawit
wontenipun ringgit jujutan kala jaman punapa, sagetipun angyaktosi tatahanipun
tiyangkalih wau kados pundit, dentening sapunika sampunkathah tiyang saget natah
sae, punapa boten wonten ingang anyamiwarninipun.
Pangandikanipun kanjeng pangeran.
Kaananing wayang iku ingkang dhingin buta kethek matane loro, wayang layapan
sangkuk wayang liyepan ora di jait bedane wayang tatahane Crema pangrawit karo
tatahane kyai Gonda, yen tumrapa wong bathik padha lemese utawa resike, tatahane
kyai gonad iku anyengka ruk padhang, tatahane Crema Pangrawit angremit, sanajan
ing jamankuna, utawa saki akeh wong bias natah becik, nanging during ana ingkang
nimbangi tatahane wong roro iku, utawa wujuding tatahan wayang mau, ora beda karo
kaananing aksara, seje tangan iya beda pasemone, kawite wayang lanyapane ora
sangkuk, wayang liyep pan dijait, nalika panjenengean dalem ingakng sinuhun
kanjeng susuhunan pakubuwana ingkang kaping III iyasa wayang babone wayang
iyasan ing kartasura, panatahe Crema pangrawit karo kyai Gonda, basa dadi saklakon
diparingi jenengKyai Pramukanya, dadi iku wiwitan wayang iyasan karaton ing
Surakarta.
Mungguh kawite buta kethek diwngun mripat siji,nalika panjenengan dalem kanjeng
gusti pangeran adipati anom ingkang kaping II, ing Surakarta iyasa wayang babone
kyai pramukanya, dadi rong lakon ingang sakothak diparingi jeneng kyai mangu
sakothake maneh diparingi jeneng kyai Kanyut.
Dene kawite ana wayang dijujut kapisan panjenengan dalem kanjeng gustipangeran
adipati anom ingkang kaping pindho mau, iyasa wayang abbone kyai pramukaya,
diwangun mripat siji buta kethek sarta kabeh di jujut, basa dadi sak lakon kasaosake
marang karaton, katelah karan wayang kadipaten, iku banjur akeh ingkang ayasa
wayang, padha nganggo wawangunan ing kadipaten, bareng ing sajumeneng dalem
ingkang sinuhun kanjeng susuhunan Pakubuwana ingkang kaping IV iyasa wayang
babone kyai Mangu basa wus dadi salakon diparingi jeneng kyai JImat, iku wuuding
wayang uga jujutan angungkuli wayang jujutankapisan, tumuli karsa dalem
amangunkagungan dalem wayang kyai jimat wau, iturun maneh basa dadi saklakon
diparingi jeneng kyai Kadung, iku kawite para gusti, utawa ing Surakarta akeh
ingkang iyasa wayang jujuta kapindho, sangking padha kapencut marangkagungan
dalem wayang kyai kadung, ananging teka anaingkangbisa tiru ora, sabab kyai
kadung mau dadi pangungunan dene wayang jujuta tekan wadonane dinulu isih
sebetan kaya wayang during dijujut.
Dene ingkang milala wayang lawas oleh atatahane Crema pangrawit utawa tatahane
kyai Londa, iku bener, sabab wayang tatahane wong roro mau, ingkang during dijujut
amasthi iyasane para gedhe, dadi ora kurang prayoga ing panggarape, sarta wyang
lawas iku ginawe mayang, luwih kapenak ditimbang amayangake wayang jujutan.
Aturipun Mas Sastramiruda.
Kawula nuwun ingkang dipun wastani ringgit Kantep ringgit Murgan , ringgit
Dugangan, ringgit panggungan, ringgit katongan, ringgit Pranakan, ringgit dhagelan
ringgit ricikan, punapa denten malih kawula asring miring dhalang punika yen nuju
ngringgit dipun tembungaken mangggung, punika kados pundit pamijangipun
Taksih wonten candhakipun
Padmasucipta.
=================\=================\=============
Panjurung amedharaken anggitan kula Cangkriman
Puspita gandheng panuduh, sekar kinanthi knapti, tambang pangreh ing turongga,
basan wigar kayeng dasih, pustaka tabe kawula, katur tuwan C.H.Adhi. Radya
pangggah nirlampah dur, ing Surakarta nagari, janma mendrang pasaosan, redhaktur
ing Bramartani, sri umantar tulangmatswa, rismpuning wiyosneki. Sisaning wreksa
tinunu, tengan wong dhusun nggulati,yen pareng condhong ing driya, mabantu trap
jejeran kris, panjurung amba punika, kapacaka rirespati. Tembung trus asng praruhur,
atmaja dyah raras sati, laju katur ing prmitra, sagotra trah jayeng murti, sajuga ye kan
gpaparab, raywa mbeg ladak kuaki. Dwi parab ardananya gung, Sugyarta
korespondhen tri, kitha tanah Pangasalan who klenthengrumambat kang wit,
minaruntung ing samodra, ambatang cangkriman mami. Lagosik kayun tan muwus,
ing nguni maksih nalisir, mangejum ruweting tembang mangya mba wedhar ken
mamrih, babag tyas wredi srenggala, sami sukaha ingg galih. Kawan wanda sasstra
wujud, garakapa busana dwi pinisah dadya dwilingga, salinggga ing ngarsa mawi
parabot buntu pepetan wigyan kasasgedan yekti. Sami pangucaping wadu, ing
bandara gerah ratis, ingkang salingga nglegena, amejahi ta ing wuri, kapat weh
wancining jawah, tumurun suka wong tani. Kinumpulan wanda catur, gerah kapat
anetepi wujud bongsa langen praja. Kagungan dalem sang aji, enggo nama gerah
kapat, dinunung gedhong citingggil. Titi palesteng pagelung, cinitreng ri Saptu kaping
tiga ing wulan Ramelan, warsa dal den sangkalaning “swara Muksa Murtiningrat,
Padmasucipta nandhani.
==============\===============\================
Lir satpada pari kudu mamrih, mamaduning puspita upama, tan pegat pamarsudine,
kadarmaning kakaruh, kang rinuruh dadya wangari, rasapen rinancana, parjamba
mauyun, sumaos byantaring tumun, jurubasa mudhi kang jumeneng redhaksi, lwire
juru pangarang. Ngarang sagung pustaka pawarti, myang madara lagunin glukita,
bramartai mrih senene, wahyan ta gyan saharju, ulun atur panjurung naming, samatra
tanpa pedah, among trimah luwung, ngiseni papan kang sela, ywaningingsep
anyenyep tan maha lani, kongas lir tanpa raras. Tarlen muhung minta pangaksami,
kumamwi amba mawi ngrancana, nglinut ing katamaningreh, jujul tyas kadalurung,
pangratine awarti kontit, tan tantuman katula, katali keng kalbu, tanwrin sindhining
pangripta, kang rinukti, kaen purwa kaning kawi, kocap tanah Eropah. Lamun
dungkap ngajengken eleking, dhesember ping ponca myang sadrama, wus samapta
pangruktine, prahamong dagangipun, paguyuban anyedhiyani, nyadeni kalangenan,
mamrih senengipun, raywa lit sinung bojana, badhe mongka tondha kaurmataneki,
riageng Sin Nikolas. Mula buka rikala ingnguni, kang inaran riageng punika, mung
pinggaraning prarare, temahan para sepuh, kapilayu kilut byantoni, ngetebi pasamuan,
alwir nguumbyang-ngumbyung, kadadyaning painggaran, sru wapepek beleg maneka
menuhi, srining pangupakara. Winarnaha ingkang sarwa-sarwi, len balaburing boja
sadrasa, tangeh gananjara ing reh, yapya wus wanci nuju, dinten ageng wiwit byar
enjing, wuryaning pasamuan, prarare wus ngrasuk, busana suma abingtyas, kasat mata
ing neya ing gartan sipi, tnadya paran pinaran. Papanggiyan mitranipun smi,
sakulawang sawanda-wandawa, sanintya sasasantine, tan lya wilujengipun, ari ageng,
Sin Nikolas, wangwang abawa suwara, wulinga ing kayun, riwid dhasar wamirasa,
yeku mongka asahan supangastuti, tatal kang tinatula. Tinelaten wus linuri-luri, dera
aslinipun duk ing kina,mangkaten sing cariyose, wuspirang pirang taun, antarane
prapteng samangkin, wonten janma sajuga, bebete kasebut, gelengan wong bongsa
waswa, santa budya mas u ring ngaranan mursid, sumbageng rat supunya.
Taksih wonten candhakipun.
=======================\=====================
Punika candhakipun Sepanyol bedhah Nederlan
Pun Meskin ngrogoh kandhutan, ngambil pistul den tamakaken maring, jeng pangeran
jajanipun, ngandhep terus walikat, dhawah kantu pundhusdha sigra lumayu, kawarta
sareng sakala, cinepeng au pun pekir. Sadangunira kantaka, jen gpangeran au a
amamuhi, sambat sambat delingipun, dhuh gusti Allah amba, nuwun mugi wontena
welas pukulun, miwah dhateng bongsa kula, kang sami kawelas asih. Dupi jeng
pangeran sambat, abdinipun soldhadhu, ingkang jagi, miwahpunggawa angrungu,
sigra mlajeng uninga, atutulung wah bujeng dursilanipun, saingga pekir kacanhak,
jeng pangram tan dangu lalis. Dursila kang indha-mindha, janma sudra wus winiyasat
mati, kinaningaya rumuhun, linabrak pinapala, ingkang sanget gigirisi denya
nglampus, panjangkalamun jinarwa, yata sawusing ngemasi. Putra gumantya kang
rama, apanegran kanjeng pangeran moris, ugi dereng jumeenngprabu, taksih kadi
kang rama, setad oder denya prang taksih lestantun, jumenengira jeng pangram,
angsal catur dasa siki. Taun wau jeng pangeran, moris seda kapetang jroning warsi,
sewu kalawan nematus, salawe duk ing tanggal, tigalikur wulan April kang lumaku,
ginantyan ari peparab, jeng pangeran Pridhirik Hendrik. Taksih dereng jumeneng
nata, setad Oder pangakting rama nguni, taksih rame perangipun, lawan Sepanyol
praja, denya jumeeng antuk kalihlikur taun, jeng pangeran nunten seda, duk nalika
jroning warsi. Sewu satus kawandasa, sapta tanggal nem likur maret nuli, ginantyan
putra jujuluk, wau kangjeng pangeran, Pan Oranye Willem kaping kalihipun,
anunggak semi kang eyang taksih Setad Oder nami, Dupya antuk satunggal arsa,
denya jumeneng kendel tan aprangmalih, kacrriyos nederlan ungggul, sepanyol kang
kasoran, marma lajeng bedhamikakalihipun,niring prang nalika warsa, sewu lan
nematus luwih. Kaandasa wolu nulya, kacariyos jeng pangram Willem ping dwi,
denya jumeneng lagi antuk, triwarsa nunten seda, duk nalika ing salebetireng taun,
sewunematus kalawan, skeet tanggalira kaping. Nenem ing NOpember wulan, nagri
Wlandi suweng angantos lami, singga kalih likut taun, setad Oder tan ana, awit
garwanira jeng pangeran wau, ing wektu sedaning raka, sangsori saweg garbini. Dupi
babar miyos priya, diwasane ing sajronipun warsi,sewunematus lan pitung, dasa kalih
punggawa, ing Nederlan rembag wau rising sunu, inunjung gumantyeng rama, Willen
Oranye ping katri. Setad Oder apalenggah, lami-lami ngiras jumeneng aji, ing nagri
Inggris winuwus, marma jumeneng nata, aneng Inggris awit dados putra mantu,nira
narendra Inggeland, dene ingkang rayi kalih. Mongseku kitha inggelan, perang ageng
lan bangsanipun sai, sakalangkungresahipun, marma amintasraya,jeng pangeran
Willem Oranye abantu, wit prabu inggris wus linggar, aneng nagariing Paris. Jeng
pangram Wllem ping tiga, denya yuda unggul tentrem kang nagri, marma
jengpangeran kasub, prawira ing ngayuda, mondra guna pinilih tandhing suibyanung,
rembaging para punggawa, sadayaing nagri inggris.
Taksih wonten candhakipun.
Katandhan Arya manungkara.
====================\\\\\\\\\\\\\\\\\=======================
Candhakipun pethikan saking serat dhalang basa Mlayu
Wonten dene sang bremara aji, amakir tya yndhang-undhang praja, angger miwah
pranatane, tumrap dasih sadarum, taman kenaka lamun ngambil, madutapi malam,
sing dondhengahipun, anging kudu amalapa, saking sekar ingkang arums arta adi, yen
ingkang manrang undhang. Pandeya regeding kang dhiri, reksa pintu anglarangi
waswa, nora kena amalebeng, saha wangwang den antup, dene reksa dwara yen
nganti, ngelirken kawajiban, lan suka lumebu, marang sawiji sadpada, kang amawan
mamala sang raja pasthi,uning tar kakilapan. Tawon ingkang kalupan mring wajib,
sinebaken marang pangadilan, pinarik saprakarane, wusingpamriksanipun, kapatrapan
ukuman pati, madukara kang manrak, undhanging prjeku, uga katrapaukuman,miturut
kang wus katamtu undhang nagri, kalawan sabenernya. Apan ana ruwiyaning janmi,
samantara jaman kunanira, wong angereh karjane, kang dadi watonipun, pantuke
anulad sking, pangreh ing Mdukara, atas prajanipun, tandya kirekyanapatya, sigeg
denya awawarah marang gusti, tantara srinarndra. Wungu saking denira
aguling,lalawanguna dika jroning driya, miwah aaspadakakem karyaning tawon wau,
pangruruhing maduning sari, sarta panggawenira, don pratisthanipun, lawan pratikel
prayoga, myang sang nata parmati ancar yengggalih,mring wateking sadpada. Dene
sanget taberi ing kardi, apa maneh paran karanira, para tawon sakabehe, adarma
wntunipun, samya tulung tinulung genti, tana kang pincakara,myang ganggu
ginanggu, arukun asih siniyan,sabiyantu niskara kang den lakoni, temah dadya
santosa. Sang aprabu awacana aris, yen wong gedhe lan cilik sadaya, wisudha tunggil
budine, nglakoni pantesipun, yayah kadya pratawon iki,niscayakang nagara, agemah
rahayu pageneta madubrata, kewan asor, andarbeni stup sami, wengis liring
wujudnya. Nging antupe auhung kinardi, amangreksa marang angganira, tanpisan
tinamakake, menyang sahayanipun, supayane anandhang sakit, lan ora sesengitan,
karo kawanipun, kaya adating manungsa, wit temene wawatekanireng janmi, antya
ing paenira. Wewantuning pramanungsa sami,ambancana genti binancana, campah
cinampah saane, weh wineh srikingkalbu ing ngalanan genti ngalani, kongsi tandarwa
suka,jroning uripipun, marga tansahwancakdriya, mbok Manawa ana wong liyan
yunkardi, ing kasangsayanira. Mangkubumi umatur wotsari, leres pangandika
padukendra, nging tawon kalakuahane, tan ana gesehipun, laksitane…ugi, nengguh
ngatasing janma, benten watekipun, sarta karepe tan sama, deta hanma
tinitahakenhyang widhi kalawan jiwaraga. Menggah kawontenaning sujanmi, awit
saking kakalih prakara, kang linuwih ing geesehe,ingang sajuga alus,de akasar ingang
satunggil, nyawekulangkung terang, raga sru alimun, jiwa ingakng amarentah,
raganira lumaksana ingpanuding, pamara wulanbala. Sanggyaning kang para janma
smi, sinung mulya ina asor uga, wau watek sakalihe, suwala karonipun, lankarana
wateking janmi, datan dadi stunggal, samene myang besuk, lakunira beda beda, sarta
malih, wit saking punika ugi, ngumbar awanepsunya. Anyegiti mring liyaning janmi,
amimisuh nepsu lan anacad, miwah gawe duryasae, tan wrin ing angganipun, sarta
watekira pribadi, kang tansah dipun cipta, lepating lyanipun, tan ngatung beciking
liyan, yata wau srinaranata anggalih, yen leres tu ing dhatya. Sang aprabu alon denya
angling, rehne janma wateke kadyeka, dhemen ngumbar karepane, kang jeneng awa
napsu, marma saka panggalih mami, lwih becik wong amisah, singkeh akeh iku,
marta paneng Sonya sana, supayane badanira dadi sukci, sakawatek kang ala. Mbok
Manawa amangunteki, bias ngreksa away nganti angsal, kasusahan ing kalbune, kaya
kang akeh mau, wit jatine manungsa iki, kadi angganing palwa, neng madyaning laut,
kang pinrang angn lan ombak, ya mulane begya kang kalis bilahi, slamete keng
plabuhan. Apan lagi jeneng ing wang amngkin, asinung wrin kalawan truwaca, tan
semang sathithik bae, yen wong martapa wastu, amalabdasan tosa sidi, ana dene sing
sapa, kumpul uripipun lir awor ula biludhag, apa maneh moita bang kit ngenderani,
pialanireng janma.Ingsun ora agawok sathihtik, desa dhengah kang mangulah tapa,
srumalarat ing uripe, ngasepi dunungipun, wit mangkono lakunireki, pantenmanungsa
ingkang bening budinipun, ngupa unggyan palindhungan, karanane aseneng
enggaring kapti, datan bias pinanggya. Antarane para tiyang sami, ingakng darbe
kalakuhan ala, abab punikuing mangke, ingsun adarwakayun, amangarah nebihken
dhiri, saka manungsa kathah, darapon asinung, seneng lan rengening driya sarta aneh
moliha arja basuki, satata sadyakala. Kangsun puji ing rahina ratri,mugi allah
kaswasih mradana, sawargankang langkung gedhe, angalap jiwanng sun, sinuceken
saking ing sisip, duk aneng nusapada, lan sampurnanipun, nihan ni rekyna padya,
langkung kagyat, duk mirengngandika aji, marga tan condhong ing tyas,
mangkubumimebah tur nya aris, ulun asrah lepatnyuwun duka, sadarpa tur panaruwe,
leres dhawuh sang parabu, kang umahya sing akalbudi, ingkang matyan taterang, ugi
ulun weruh, lamundarsananing liyan, saban-saban akarya regeding budi, tanmasthi
sung kadarman. Tuwin malih ana sarken saking, margi ingkang nuntun mring
kotaman, dewong tapa iku luweh, wyatna agaminipun, saha tobat marang ing sisip,
nging yen ginagas-gagas, gampil antukipun, kasidaning rengpangretyan,
yenmanungssa uripe aluwih becik, kumpulan karo kathah. Katimbag lan urip neng
asepi, tebihkaro sasamining janma, sabab yen amatuhake, ya marang angganipun,
amanyegahi ngining kapti, miwah kaarsan ala, becik temahipun, sagung kang paa
budiman, samya tutur wong kang kulineng asrami, adoh sing kabecikan. Ajalaran
gone mangunteki, kurang terang marang pangretiyan, lan sirna akalbudine, marma
tyang tapa wau, den larangi dening agami, yekti paduka nata, wus sinungan wruh, yen
tiyang karem neng Sonya, tan nagungi paedahe tinimbang saking, wongurip lan tyang
kathah, arawita kaarsan hyang widhi,kyehningjanma ing sapramudita, tulung tinulung
ngagenten, sawastu datan lamun, tiyang saged gesang pribadi, lah sumongga paduka,
ayun amangalbu, yen ing tira amartapa, sinten ingakng asung nandhanglan rijeki, sri
nata ngarti keng tyas.
Ongka 39 Kemis kaping 26 September 1878
Surakarta
Para durjana ingkang sami mangecu ing Brengosan sampun sami kacepeng, menggah
barng ingkang kabekta inggih sawatawis sampun sami kapangggih, amrayogekaken
mugi nagari amatrapana paukuman ingkang sakalangkung awrat bilih naming
kapatrapan ukum gantung dumugi ingpejahipun warninipun naming kaanggep ukum
padintenan awit ngantos sapriki taksih wonten kemawon lalampahan makaten
sanadyan ing ngriki wonten mendhanipun ananging inggih asring-asring wonten.
Patrap calunthangan bawah ing Mangkunagaran ingkang sampun kagiyaraken wonen
pasamuhan bramartani,ngantos ing mangke dereng wonten mendhanipun mandar
puncu banon rulah urut margi wingking dalem ing Suryadiningratan sami dipun
gempuri, panjenengan dalem kanjeng gusti pangeran adipati ariya mangkunagara
sampun andhawahaken dhateng abdinipun pulisi sami ing ngandikakaken
jageniananging ngantos sapriki dereng angsal katerangan sanadyan patrap ugal-ugalan
boten kenging kaewokaken dhateng lampahanipun durjana, ananging makaten wau
andadosaken pangungunipun ing ngakathah.
Baah ing bekonang kathah tiyang tani ingakgn sami anyadeni maesanipun awit ing
mongsa katiga punika rakaos sanget anggenipun angupadosaken ingonipun punapa
malih bradhatan nggih angrebda, mandartiyang alit ing hdusun Nongkageneng sami
kagepok ing raos bab ing bradhatan wau.
======================\===========
Yogyakarta
Nalika ing dinten salasa tanggal kaping 24 wulan Punika, panjenengan dalem kanjeng
gustipangeran adipati Ariya Suryasasraningrat seda.
=================\================
Yogyakarta
Kanjeng tuwan Residhen mentas angundhangaken bilih tiyang anumpak kapal utawi
kareta samikaawisan ingkang ngantos anglanjak wonten ing papan ing alun-alun
ingkang kadamel angepang ajat dalem maleman makaten wau badhe angindhakaken
regengipun pasamuan bilih para wawit anggatekaken kalampahanipun.
Pulisi bawahing Klathen sampun angandheg kapal ngantos pitung dasa iji kathahipun
ingkang lumebetipun tan paserat lulusan menggah kapal wau pancen kathah ingkang
peteng pinangkanipun kados sampun boten maiben.
Serat pawartos Mataram angedharaken bilih wonten panji dhistrik mentas anedha
pasumbang, kadamel amragadi pasegah tindakipun kanjeng tuwan residhen dhateng
ing Redi Kidul ing dalem sajung salangkung sen bilih pundhutan wau waradin
dhateng para tuwan ingkang sami amaosi siti kdos kenging kaanggep bilih terang ing
nagari, rpamila ragi anyaleneh awit naming tuwan satunggal ingkang kapundhutan
wah tuwan wau dunungipun tebih sakin ging redi kidul ing wasana lalampah wau
anuwuhaken pamanggih bilih pun panji anyahak wawenang, angangkah angsala yatra,
sarehning seratipun pamundhutan pacap dados kodheng amestanana bilih pancen pun
panji ingkang amundhut embok bilih carik utawi abdinipun sanes ingkang gadhah
akal makaten wau, ananging inggih kenging ugi bilih nagari pancen andhawahaken
dhateng para panji, amundhut panjurung wragading pasegah wau, kadadosanipun para
panji ssaged-saged angangkah wangsuling gadhahanipun yatra, snadyan pamundhut
wau boten amurwat ananging makaten wau adedahaken lalampahan angudi angsaling
yatra.
=================\===========================
Cariyos dhusun Camboran
Ing dhusun Serut bawah dhistrik ing Lepen Soga, kabupaten ing Klathen, tiyang
amongtani anggenipun sabin ing masa rendheng an ingakng sampun kapengker
punika, sami tiwas gabug, katiga punika sami nanem terong dipun tedha ing ama
tikus.
Rencangipun bekel nama Wongsareja ing dhusun Jethak baah Klathen nalika kaping 1
wulan Siyam punika, kapandungan maesa sarakit, sapriki dereng kapanggih,
pasabinan ing prayan sapannggilanipun baah dhestik Gedhongan, nggenipun nanem
pantun katiga punika, anci gumadhung, sami risak kaparag ing ama tikus, mongka
nyan regining uwos sabethakan ingkang wuluh 6 kethip, uwos ingkang pethak
sabethakan reginipun 8 wang, tujunipun pangaosing palawija kalebet mirah, sarta
tiyang sabin kala rendheng kalebet tulus.
Tyang kenging paekan ing dhusun tukuman bawah Klathen, sampun sawatawis lami,
wo0nten tiyang wasta Ki Jagalesana, punika kepandunganingkang kenging kabekta
ing durjana, barang warni-warni kaadhahan ing pethi, aturipun ing parentah sadaya
pangaos 500 rupiyah, nalika dereng pranatan dhestrik panatus pulisikang
ambawahaken wasta Ahmad Darum ing dhusun pangkol, ingkang kaleres patrol bekel
ing tukuman wasta sontareja, saking kencenging dhawuhing kabupaten supados
sageda acepeng durjana wau, pun ahmad Darum alih sontareja wau, adamel paekan
maturingparentah amastani tiyang, mondhok ing dhusun tukuman wasta pun
Kertasetika,punika ingkang dipun aturaken amandung ing griyanipun jagalesana,
salajengipun ingkang dipun dakwa kacepeng, lakejng katur ing nagari, griyanipun
ingkang dipun pindhoki pun Ketasetika, dipun galedhah sepen, sarehning datan
pcihna, ahmaddarum kalih Sontareja wau, kenceng angaken sumerep nalika wanci
bangun ditntennuju kapandunganipun Jagalesana, pun Kerta setika lumampah
mangilen anyunggi pethi, sami kadugi imbar sumpahipun, sareng saksi sampun
kasumpah kertasetika kabucal dhteng ing Riyo laminipun 5 taun, saantukipun saking
ngari sontareja,boten dangu lajeng sakit busung, badanipun sadaya sami abuh
kalajeng pejah, ahmadarum agantos taun sakit anututi pejah, dados pasakitan mantuk
saking bucalan saksikalih wau sampu pejah lami sanadyan panjang celak gesanging
manungsa punika saestu samun tinakdir piyambak-piyambak, ananging andadosna
pangenget-enget sampun ngantos wonten kumapurun dhateng sumpah ing nagari.
Sedyarjo.
=================\====================
Candhakipun Cariyos bab Ringgit PUrwa: lampahan Kongsa ngaben janma.
Pangandikanipun Kanjeng Pangeran Arya Kusumadilaga

Sastramiruda patakon mu bab tembung ing padhalangan ingkang den arani ayang
Kantep, iku sarupane wujuding wayang ingang kasuthangen (kadawan sikil) kurang
sembada katembang ing paakane, iku tinembungake wayang kantep, pamiride
tembung mau songka arane wong tiba lungguh, tinembungake wong teka kantep
pasthi dawa salonjoring sikile,katimbang awit lungguh ing bokong tekaning endhase.
Dene bab tembung in gpadhalangan ingkang den arani wayang Murgan, ing sarupa-
rupane wayang ingkang ginawe tanpa babon, iku tinembungake wayang Murgan,
pamaride songka ing tembung mrunggan utaa tembung Mirungga, tegese karepe
andhewe, ora manut ing ngadate, wong agawe wayang kudu ana babone, dadi tumrap
patembunging wong ambathik, diarani bathikan rujagan, ing pambathike kapaksa
datan papola.
Mungguh bab tembung ing padhalangan ingang den arani wayang dugangan,
sarupane wayang bala punggawa kurawa, buta lan kethek, ingkang ora milujinejer ing
panggungan,iku padha aran wayang dugangan, parlu ginawe ganepinglakon wayang,
utawa lakuning perangan, pamiride tembung wayang dugangan mungguh saben saben
wayang mau perang ra banjur anamakake gagaman mung jangkah jinangkah dhingin
utawa sarana tangan.
Ing bab tembung ing padhalangan ingkang den arani wayang panggungan, keliring
ayangiku perang telu, ingkang kaparnah tengah benering balencong, manengen saasta
kurang sathithik, mangiwa saasta bener, iku arane paseban, tancepaning wayang
sakiwatengening paseban diarani panggungan, dadi ingkang den arani wayang
panggungan yaiku wayang ingkang padha dijejer kiwatengening paseban, mulne
diarani wayangpanggungan marga panatane, diurut kawit kang dhuwur dedege,
tumurun tumurun upama undhak-undhakan, pangetrape wayang ing panggungan
kiwa, utaa ing panggungan tengen padha tinembungake anumping.
Ingkang tinembungake ing padhalangan den arani wayang katongan, sarupane
wayang ratu ingkang padha jinejer ingpanggungan, ingkang den arani ayang
pranakan, kabeh wayang putraning ratu,lan atmajaning satriya, aliya bambang lan
wayang wadonan, ingkang padha milujinejer ingpanggungan iku tinembungake
wayang pranakan.
Ing bab ingkang tinembungake wayang dhagelan, yaiku sarupane wayan gsetanan
wujude buta cilik datn paprabot, parlu ginawe wadu barate bathara kala yen dhalang
anuju ngruwat, utaa ginawe wadu barate bathari durga, pamiride mulane den arani
wayang dhagelan tegese buta tanggung.
Dene ingkang tenembungake wayang ricikan akeh kaujudane tgese ricikan mau
wayang prabot ganeping lelakon, mulane kagungan dalem wayang ing karaton ana
arane kothak dhagelan, iku isine ming wayang setanan utawa wayang ricikan nganti
sakothak kebak, supaya ganepa ginawe lelakoning wayang, dene yen wayang ingakng
kanggo ing wong dhalang jangji wayang ricikan sapanunggal den ewis ana
patangpuluh rupa iya wis kena ginawe nglakokake lelakoning wayang, munggguh
ingkang parlu kanggo wayang ricikan mau gagaman jaran prampogan utawa kayon.
Pamiride tembunging wayang prampogan mau dene wujude prajurit pdha asikep
tumbak mungguh wayang kayoniku ginawe jejer sadurunge ana wayang ingakng metu
iku nuduhake sasmita kareping dhalang bakal gentine ayang ingakng jinejer, dadi
tembunging padhalangan gone angarani kayon mau pancene kayun tegese karep,
bokmanawa kayon mau anane bareng panganggita wayang walulang bareng dadine
kelir lan balencong sarta tancepanng wayang.
Taksih wonten candhakipun, Padmasucipta.
==============\============================
Candhakipun Sint Nikolas.
Kawelantrah kontaping paarti, wirotama mirut sesiningrat, kataman kasusatyane, tyas
ayuwahmamayu, ayuning kang susilajanti, jatmita amandhita, sudigbyeng tyas
wimbuh, sinembah-sembah ing kathah, kanang anung amanungku pudyastuti, titising
reh kasidan. Kadarmanya sumirat martini, datan pegat pangesthining cipta, karya
rhaayuning akeh, dan kasupunyanipun, tarlen muhung kinarya tampsil, santosanireng
dhawak, mandar lyan dinulur, kinarya reh lobamurka, danardana ing raya lit sabenari,
miwah jaajakatira. Anyapuken kawat mring palangip, anguluri maring kang kabetah,
sakelangkung nastitine, ing dana kang dinunung, sinalusur sangkaning aris, saking
panamurira, nungku pudya ginung, pramila datan karatan, ing siyasat kusut kasmala
kasarik, siniksa ing pangweke. Ajujuluk rising maha yogi, Sint Nikolas tanah ing
Eropah, kang mongka dhadhepokane,nenggih kadarpanipun, saben ari angikis
ratri,mentar anamur sudra, kawiryan kapungkur, yawn kacundhuk rare kanang,
pangon kathah kakaring den parepeki, tandya angsung ardana. Ya pyan dungkap
wayah madyaratri,laju jujur ngrampid padedesan, angrureuh tiyang kaluwen, sarta
susah kabutuh, bondha tanpa dera tan kanthi, mamres pambudidaya, anginte sapangu,
ngrungoken liring rarasan, kaya paran kang dadya witing pandeling, ing
yogyaningmadya. Lamun monganing reh saking awit, begsilar jamamrih pang udsaha,
teka kapareging conpreng, papal gyanira ngupul, maksih mardi margining dadi,
nadyan tiwas terabas, malah saya sengkut,ngudi ngupaya sarana,mrih santosa, dyan
wiku Sint Nikolasi, musthi pangrekadaya. Atutulung masang byu asandi,
anandukaken pakarti sampeka, titi sunya ing panjere, apudaradinunung, samadyaning
wismanineki, hungyaning kang mamelas, menggah warninipun, kang mongka
pamulungira, arta wastra waneh baksana pinanci, tan koningan ing janma. Lama-lama
ngradon ingkang tampi, kathah sudra ingkang katambetan, saking tanwrin prawitane,
tambuh pandakwanipun, kang pasrama teka cumawis,mulat nganan atowang, ngering
maksa suwung, dadya panglocitanira, baya baya bokmanawa sing dhadhemit, kang
ngasih ing ngapapa.
Taksi wonten candhakipun.
=======================\=================
CandhakipunSepanyol bedhah Nederlan
Jeng pangram jinunjung nata, anggentosi kaprabon nagri Inggris, ngadhaton
wontening ngriku, dene tanah Nederlan, taksih kareh ing nama isih sinebut,
pangkating lama kewala, Setad Oderyening Wlandi. Dadya wau jeng pangeran,
winastanan awsta pangkat kalih, lulus denya madeg rabu, angani surudira, kanjeng
raja datan aatilar sunu, seda nalika ing warsa, sewu sapta tus kakalih. Jalaran dhawah
sing kuda, kang jumeneng setad Oder annuli, sangking Prislan asalipun, adipati
panengran, jeng pangeran Johan Willem Priso iku, terah ingkangjeng pangeran,
Willem Sapisan ing nguni. Nging tedhak saking wanodya, wus kaping pat dene nagari
inggris, wau kang jumeneng ratu, wanodya ipenira, jeng pangeran willem ingkang
ping Telu, dupi praptanipun warsa, sewu pitungatus luwih. Sawelas kanjeng pangeran,
Johan Willen Priso tumekeng janji, jalaran kerem ing ranu, wektu anitih palwa,
ginentosan putra ingakng ajujuluk, pangeran Willem kaping pat, saingga praptaning
warsi. Sewupitungatus lawan skeet juga Oktober tanggal kaping,kalih likur pangram
lampus, gyaninantyaning putra, jeng pangeran willem ping gangsal jujuluk, wau ta
kanjeng pangeran,jumeneng dereng ngantos lami. Kalangkung sungkaweng driya,
dene abdi kathah kan gboten asih, jeng pangram lingsem kalangkung, murca sangking
Nederlan, aneng inggris nalika sajroning taun, sewu pitungatus lawan, sangangsdasa
gangsal kaping. Wolu januwari wulan, jeng pangram pindhah sing nagri Inggris, ing
Dhitslan sinedyeng kayun, wau sapraptanira, jeng pngeran ing dhitslan tumunten
surud, ing salebetipun warsa wolulas atus nem luwih. Jeng pangeran atilar putra, jalu
taksih wonten nagari Inggris, dereng wonten wartanipun, lamun arsa gumantya,
ingkang rama wau ta Nederlan sampun, kajumenengna narendra, sangking nagari ing
Paris. Luwi Napoliyon Parab, ingkng rayi kanjeng raja suwargi, Banaparte
Napoleyon, Keiser nagri Prasman, luwinapoliyun namungkawantaun, denya
jumeneng ing Nederlan, nulya kondur den timbale. Ing raka srimaharaja, duk nalika
salebetipun warsi, sewu astha tus sapuluh, mantun jumeneng nata, sabab bipun mila
katimbalan kondur, wit negri ayun nempal, wlandi lan nagari Paris. Sajroning gangsal
wlas warsa, nagri Wlandi tan ajumeneng aji, dupi salebeting taun, sewu astha tus
lawan, gangsalwelas wau ta ingkang winuwus, putranira jalu pangram, Willem ping
gangsal suwargi. Kang wonten nagri Inggelan, kinondurken mring nagriWlandi malih,
jinunjung jumeneng prabu, aneng nagri Nederlan, dening sagung para punggawa gung
agung, ajujuluk kanjeng raja, Willem Pangeran Oranyi.
Taksih wonten candhakipun.
Mangunbrata.
================\=======================
Candhakipun Pethikan saking serat dhalang Basa Malayu.
\\i\\ Lamun tiyang mangunbrata, kadi pundit gyane bangkit, nanduken liring pakaryan,
kadosta: aya sapanti, sawastu yawning janmi, darbe kaarsa nandur, kedah ngangge
pandaya, pacul parang sasamining, yen mangirtya pandaya wau sadaya.Sinten kan
gayun masunga, sasandhangan tuwin bukti, miwahlamun angaryaha, kongsi
sadarganng urip, ugi dereng mabangkit, amolih pirantos wau, kang kinaya sarana,
antuk isarating urip, sumarmane tyang budi man amananda. Boga muhung sapulukan,
taman kalakyan binukti, yen tarmanungsa atusan, kang nambut kardi rumiyin,mrih
labda dring sami, tiyang sajuga wus tamtu, tan bias agaweha, barang sawiji pakarti,
parlu wonten ingkang suka pitulungan. Tiyang tan molih tulungan, saking
satunggaling janmi, yen uripe pipisahan, mila dhuh srinarapati, away pisan angapti,
ing bab amartapa wau, sae ngatasing janma, ulun purun amastani, datan wonten tyang
saged gesang priyongga. Karanten sakin gpunika, sampun sandeya ing galih, prayogi
rising nararya, tetep mulya madeg aji, yayah ing ari mangkin, wit sakin gpandriya
ulun, manungsa mangunbrata, sanest yang budi myang mursid, nging jatine mung are
sanget kelikan. Sang nata rarat wacana, turria umijil saking, budi kang linuwih
padhanging sira wus amarteni, ywandon kang akeh janmi, tansah ana para padu,
congkrah prakara dakwa, dupi kang prapadu uwis, rinampungan siji kalah siji
menang. Ingkang tinetepken kalah, braminta mesgulng ati, krana tanyun ngaku lepat,
puwara salami-lami, ruwet rentenging nagri, tan ana entyarsanipun, kipatih matur
sigra,punika panambang patik, para paben tan apiprakara dakwa. Yakti gampil
rinampungan, miturut undhang nagari, marma sangyaning titiyang, pantes amituhu
sami, ukum kang wus psthi, aneng jroning undhang wau, darapon sumerepa, kang
leres miwahkang sisip, pangrampunging prakararan pangadilan. Nareswara
angandika, sapa kang wigya myang adil,bias ngrampungi prakara, waton bener ing
salami, matur nembah kipatih, kangreksa adil puniku, ingkang apangkat raja, sabab
kathah para janmi, ingakng karya duryasalan manrakprentah. Lawiya
srinaradipa,angelresken kang tan sisip, anglepatken kang asalah, lawan dangu
narapati, ngring priye gon sun bangkit, antukpangretiyan iku, kang trang mrih
amarentah, sakabehe para dasih, waton ukum kang adil, ywa kongsi salah. Lan priye
goning sun bias, uninga kyehningprakawis, karo ing sabenerira, umatur rekyanapatih,
sangkaya narapati, puruita kawruh ukum, ukum undhanging praja, myang adile kang
nagari, tuwin malih sadaya waton Karajan. Tan ana kan gbecik sajuga, ngatsing
jeneng narpati, amuhung adil punika, miwah Karajan sang aji, yun tan widada yakti
yen nir ukum bener wau, sarta wajib paduka, aningtrang tyang ageng sami, miwah
paring pangkat kang pantes dheweknya. Sang ratu kawogan ngreksa,kalayan
pangatiyati, ywakongsi tyang ageng ika, cumangkka paparing aji, lan niaya kang alit,
daruna kajatenipun, tiyang ageng akathah, kang mamet untung pribadi, tan ngemuti
angajeni ratunira, Myang saban karya pitenah,mring tiyang alit nagari, tan mamrih
basuki arja, marma yogya narapati, maham nen ring lakuning, tiyang amangreh
prajagung, yawn kang katinggalan, sadaya pnrih auning dadya mangke
wicaksajenengira. Darapon para kawula, tamana kang salah kardi,muwah karya
uruara, sungsang saya mring sang aji, awit sangyanging abdi, karepane datan
mungkul, sapalih gumirig sang, sapalih nut pribadining, boten tamtu setya tuhu mring
sanarya. Lan sakyeh tiyang ing parja, widagda ing tembung manis, kang ngimurdriya
narendra, amarga punika pasthi, paduka sirna saking, cethil lan wengis ing wantu,
marma sang nareswara, kedah wicaksaneng galih, anganthiya sanis karaning
kawigyan.
Manawi wonten candhakipun
Ongka 40, Kemis kaping 3 Oktober 1878
Kulawisudhan ing Mangkunagaran, nalika dinten Septu tanggal 28 wulan September
1878
1. Mas Ngabei Jaya maharja Panewu kawedenan Kartipraja,kaelih pandamelan
dados Panewu ing Girilayu, Karang pandhan.
2. Raden Mas Ngabei Jayanatarja, panewu Gunung Jumapala, kaelih dados
panewu kawedanan kartipraja.
3. Mas Ngabei SAstrapradata, panewu Gripir Nagari, kaelih pandamelanipun
dados panewu gunung Jumapala, sarta kapatedhan nama Mas Ngabei
Arjapradana.
4. Raden Ngabei Tirtamarta, mantra Katemengggungan kawisudha dados
panewu gripir nagari, sarta kapatedhan nama Raden ngabei Tirtaprabawa.
5. Mas Ngabei Poncamartana, mantra Gununggirimarta, kawisudha dados
panewu Gunung ngadiraja.
6. Mas Ngabei Arjaprayitna, Mantri Gunung Nguntaranadi kaelih ing Girimarta
7. Mas Sasrawilaga, Jurutulis kawedanan ing Baturetna, kaisudha dados Mantri
Gunung ing Nguntaranadi, sarta kapatedhan nama Mas Ngabei Sasrtawilaga.
8. Mas SAsrtrasuwarna, Jurutulis kawedanan ing Wanagiri, kawisudha dados
Mantri Gunung ing laroh, sarta kapatedhan nama Mas Ngabei Arjasuwarna.
9. Mas Ngabei Arjasumbaga, mantra Gunung Kampung TEngah, kaelih dados
mantra Emban kawedanan Mondragini.
10. Mas Ronggasastrabaya Jurutulis kawedanan Reksapraja, kawisudha dados
mantra gunung kampong tengah, sarta kapatedhan nama Kyai ngabei ARja
Ubaya
11. Mas Ronggasastrasasmita jurutulis ngarsa dalem, kawisudha dados mantra
carik ign ngarsadalem,s arta kapatedhan nama mas Ngabei Sastrasasmita.
12. Mas Ronggasastra Wiguna, Jurutulis ing temenggungan, kawisudha dados
demang ing Temenggungan sarta kapatedhan nama Mas Demang SAstra
Wiguna.
==============\====================

SURAKARTA
Nalika ing dinten Akat Pon tanggal kaping 2 wulan Sawal taun punika, wanci pukul 3
siyang, putranipun kanjeng pangeran Ariya Adikusuma seda, ing salajengipun
kasarekaken ing ngastana Nglangkungan.
Nalika malem Akat tanggal kaping 2 wulan Sawal punika, abdi dalem prajurit miji
pinilih, wasta Margapinilih, ingknag gegriya wonten bawah ing Puspakusuman,
manggen sakidul regol, wanci jam satengah sanga dalu, griyanipun kang ngajeng
kobong, jalaran kabesmiing pandung, saking rikat guyupipunpara tongga kang murih
sirnaning latu, sanalika lajeng pejah, dahana boten saget mraman, ewadene sareng
wanci jam satunggal griya kang wingking dipun wangsuli katedha ing dahana malih,
temahan curna, telas griya satunggal dados sadalu wau pun marga Pinilih kabesmen
kaping 2 tlas griya 2 iji, inggih talah agumun kula pun Marga PInilih, punapa saking
sembrananipun, punapa saking panginggit-inggitipun ing dursila, anggenipun
kalalutan ing latu.
Nalika tanggalkaping 24 September, wonten tiyang sakinging dhusun Mager
angangkah badhe abasmi griyaing dhusun Gadhing, ananging kadengangan katututan
boten kacandhak saking yinanipun para tiyang ing dhusun mager dalunipun sami
kajagenan sareng wanci jam sakawan dalu drujana wangsul saweg badhe
anandukaken awonipun kadengangan malih katututan kacepeng, tuwuh saking
awanepsu tiyagn wau lajeng kapotheng-poitheng, lah punika ujudipun adil ingkang
agigirisi.
Nalika malem Isnen tanggal kaping 29 wulan September, kanjeng pangeran Ariya
Surya Atmaja kagungan damel jagongan amarengi tingalanipun taunan tetep yuswa
40 taun menggah ingakng anjenengi pasamuan wau, panjenengandalem kanjeng gusti
pangeran adipati anom kadherekaken para kanjeng pangeran putra dalem tuwin
Santana dalem saatawis kanjeng tuwan residhen tuwin tuwan tuwan sanesipun
watawis semunipun ingkang sami rawuh sadaya sami seneng, bibaripun wanci jam
kalih dalu.
Wonten pawartos bilih tiyang dhusun ing Wrus Brang WEtan sami sowan ing
parentah anyuwun adil awit sami boten tarimah bilih dhapuranipun deling sami
karisak tiyanging Asem Legi, saking panimbangipun tuwan Asisten ing Klathen
tuwuh sakng aturipun ingkang sami angrisak dhapuran deling wau badhe kalintonan
ing sawujud tiyang ing weru sami dereng narimah.
Sanadyan sampu limrah tiyang ing dhusun sami kadunungan ambeg gugoh tuhon
katarik sakin gkirangipun pambudi trakadhang ingakng sampun sinebut nama
priyantun tiyang ing dhusun gugon tuwonipun taksih dipun cangking kadosta:
Sapunika wonten pawartos ingkang kalangkung andupara inggih punika nalika ing
dinten saptu tanggal kaping 3 wulan warsa punika, tatiyang ing padhusunan tanah
Sokawati Kidul sami miring manawi badhe wonten prayantun anggaledhah griya-riya
ing padhusunan, serating pawartos sinen tiyang ingakng simpen sekul aking, tuwin
inthil menir katul punika lajeng kabekta dhateng nagari, tiyagn sakcihnanipun, badhe
anampeni paukuman pandamelan paksa wonten ing PulauAcih, saha sampun wonten
ingkang kalampahan kagledhah kawartos dalasan pangangge ingang dipun rawat I
lajeng kapundhut ing prayantun,mila sadinten wau tiyanging padhusunan sami
kagegeran manahipun piyambak-piyambak, sami anyingidaken karag menbir katul,
saweneh woten ingakng dipun pendhem tuwin kacemplungakening sumur saweneh
dipun bucal ing ngara-ara, ingakng tebih sangking padhusunan, dene tiyang ingakng
darbe para bot angkep punika anggujengaken, awit sami manggul bagor dhateng sabin
anyingkiraken karagkatul sinjang sinjang sami dipun sabukaken ngantos kados tiyang
estri nuju wawrat, sarta gadhah adhuwung kalih tiga inggih dipun sengkelit sadaya,
sareng dalu malem Akat ngantos jejet ing dhusun-dhusun pangraos boten woten
sabawaning walang salisik sangking kekesing manah para alit, sareng Akat enjing
tiyang alit sami ataken tinaken dhateng prapat monca dhusun sasenengipun piyambak
piyambak, ing sapunika sampun tentrem saking bab punika, ingkang andadosaken
pangungun naming ingggalipun waradin cariyos dupara wau, sareng sadinten punika
saged dumugi sabawah afdheling ing Sukaarja.
Ing dinten Senen dalu angrintenaken Slasa kaping 6 wulan WArsa punika ing dhusun
Brumbung kadhestrikan Masaran Kidul wonten griya kabasmi telas 4 cacah wuwung
rehning kang darbe griya kawical cekap griyanipun kalebet ageng mongka ing dhusun
gnriku awis toya pajahing latu ngantos byar enjing panjenenganipun dhestrik boten
anindaki malemipun kemis tanggal kaping 8 tunggil wulan Ramalan punika tiyanging
dhusun Kalideres wasta Pak Siyam kapandungan maesa cacah 4 gedel mongka tiyang
ingkang gadhah wau pinuju kagnjar sakit benter tis.
16/9 6:07. Palyadunya.
===============\======================
Yogyakarta
Para durjana ing mangke sangsaya majeng kapurunanipun dereng lami ing dalem
residhenan ing griya pancen podnhokan mentas kaecalan dilah Setolep, mongka
ingngandhapipun gumantunging dilah wau wonten konca maanan ingkang jagi, kilap
konca macanan wau sweg pinuju ginilut dayaning panendra winastan Arip kilapan
pancen kadunungan patrap culika ingkang binasakaken gedheg angandhuki, punika
dereng terang.
Nalika dalunipun tanggal kaping 24 wulan September, wanci jam tiga, ing dhusun
mangun wonten konca grobgan kabegal ingakng anglampahaken grobag wau
kagandhen sirahipun boten dangu pejah ing ngenggen durjana lajeng angrucat lembu
saking pasanganipun kabekta malajeng, grobak katilar,mengggah pawartos anginan
wonten bekel satunggal ing dhusun Kenthungan kilen bab ing punika wau kenging
kagrayang.
Ingkang sampun dados paengipun kanjeng gupremen sasurudipun kanjeng gusti
pangeran adipati ariya Suryasastraningrat ignkang badhe kaangkat anggentosi kanjeng
pangeran ariya Suryadilaga, mayor Twedhekomandhan wadya Pakualaman putra
pandhadha suwari kanjeng gsuti pangeran adipati Pakualam kaping Kalih (II),
mengggah kepyukipun benjing tangggal kaping 9 wulan punika, ajujuluk kanjeng
gusti pangeran Adipati Prabu Suryadilaga.
Nalika ing dinten Slasa wanci jam 12 siyang tanggal kaping 24 wulan September
kanjeng gusti pangeran AdipatiSurya Sastraningrat, sampun atilar dunya kndur
dhumateng ing rahmatullah, yuswa 38 taun.
Ing dintenipun Rebo injing angkatipun layon kasarekaken ing pasareyan kitha ageng,
wondene ingakng sami angurmati jenengi, ingakng sinuhun kanjeng sultan, sarta para
pangeran, kanjeng tuwan risidhen, kanjeng tuwanmiliter kuandhan, kanjeng tuwan
Aisten, sata para tuwan tuwan sanesipun inggggih kathah, para bupati sawatawis,
punapa malih tamu sangking nagari Surakarta, kanjeng gusti pangeran Adipati Arya
mangkunagara, kadherekaken kanjeng pangeran ARya Prabu Prangwedana, tuwin
kanjeng pangeran Gondasiwaya.
Wondene menggah pakurmatanipun rerengganupacara kadipaten ing
Pakualamaninggihboten newah kados ngadat, punapa malih militer ing nglaji ageng
inggih angurmati drel sarta lajeng jajari dumugiing tukak sarta mriyem ing nglaji
ageng mungel kaping 9.
Mekaten malihingkang anguntapaken dumugi ing pasareyan ing kitha ageng wau,
kanjeng tuwan risidhen kanjeng tuwan militer kumandhan kanjeng tuwan Asisten,s
arta tuwan-tuwan sanesipun sakwetawis, miwahkanjeng gustipangeran adipati Arya
Mangkunagara sak putrinipun.
Nunggil dinten Rebo, sontenipun wancijam 6 kanjeng tuan residhen tindak
dhatenging Pakualaman kadherekaken tuwan Jurubasa, menggahperlunipun sangking
karsanipun kanjeng gupremen sak surutipunkanjeng gusti pangeran adipati
Suryasastraningrat wau, ingakng kakersakaken gentosi jumeneng kanjeng
pangeranmayor ARya Surya dilaga.
Jayeng Sunarja.
===============\======================
Punika candhakipun cariyos serat Gedhog lampahan Panji raras.
Jejer ing ngarsa pungkur, bancakdhoyok kadi Wesi Wutuh, sakeh braja tan ana
ingkang negasi, gada bindi goplak-galuk, kang pinenthung megal-megol. Pijer denira
udur, tan angrewes udregdebuk dhacung bancak angling wong mekasar padha baring
wong tutur lagi den rembug, pijer kesusu angroyog. Ki Dhoyok asru muwus, sibancak
iku sida kepaung, lagi tumondhemene den uli-uli, cobak yen gelem mangamuk, pesthi
pepatine ewon. Ki Bancak sumaur, puluh-puluh lagi suthik ngamuk, dhoyok angling
kami weteh ingsun iki,lah ya uwis ingsun nurut, sigra tangane wong roro. Mulung
sami angacung, wong mekasar talenana ingsun, wong Mekasar saya ebatkeh
muringring, sigra pinusara gupuh, jalma ronurut kewon. Tinuntun sumarunthul, laju
katur mring kang para ratu,lan ngaturken tingkahe jalma kekalih, para nata sami
ngungun, dene warnane mengkono, Luwih kasegtenipun sigra kinen angunjara gupuh,
winor panji nom.
Sang Prabu Bramakumara, suka arsa among ….., mulat marang raja putra, jenggala
estu tan mosik, eca nggenira linggih, neng sorwreg salengguk-lenguk, nulya matah
punggawa, sami prawira segti, arya Bagaspati dadya titindhihnya. U…nan kang para
nata, punggwa miwah papatih, tinangaran sareng mangsah, yata wus sen sang panji,
kasupenya andadi, wus nirsandenyaningkalbu, mangkaa tumedhak, rising jawata
kekalih, hyang basuki kalawan bathara sra…..hyang Girinata, angalingi mring sang
panji,hyan gbasuki, ………hyangSamba gya malih warni, amindha sang apanji, panji
temen, hyang basuki kang mawa, siluman datan kaeksi, panji tinon jumeneng angasta
langkap. Arya Bagaspati mulat, lamun para sang apanji, jumeneng ngasta Gondhawa,
angling Arya Bagaspati, eh sagung koncamami, den nganti-ati ing kewuh, si Panji
kaya kaya, gone liwung uwis mari, ketarane iku angadeg prayitna. Yen temen gone
waluya, abot sinongga ing jurit, lah kabeh padha kariya, ingsun umangsah pribadi,
dyan arya Bagaspati, marepak meh prapta ngayun, lolong kang ngekinira, sedhengan
aprang jemparing, Arya Bagaspati asru asusumbar.Eh eh sang satriya ditya, payo
tandhing lawan mami, ingsun arya Bagaspatya, manggala sumbageng segti, ing
aprang pilih tandhing, Makasar dadya tutungul, sedheng tandhing lan sira, yata sang
amindha Panji, gya nauri lah payo sanarsanira. Ywa kacuwan ing tyasira, sagendhing
mu sun ladeni, mesem arya Bagaspatya, anggarjita sajronig ati, temen iku si Panji,
wus maridenira liwung, dyan bagaspati mojar, eh panji nukul aris, kadya paran
tingkahmu nadhahi ing prang. Mung suh lawan patang…, lan akeh punggawa segti,
sira mung kari prayongga, ingsun eman sira Panji, yegti tanemu pati, Sri
bramakumara prabu, asih maranging sira, yata sumbar den kendeli, sumarmanya
mangkana denya pocapan. Arya bagaspati arsa, uninga tyase sang panji, yen wus nir
kunjanapati, yata panji tiron angling, wruh antara Bagaspati, yen mungguh
sariraningsun, yegti datan suminggah, nadyan awuwuh amaning, wus sedhenge
jatining satriya dibya. Suka kinarubut ing prang, Arya Bagaspati myarsi, ing tembung
wus tan kaworan denya kingkin tan nglabeti, sang Arya Bagaspati, tan wrin lamun
kasalimur, mungsuhira jawata, nyana sang panji sayekti, arya Bagaspati sigra matak
montra. Pangapesing sakrusura, ing tingkan kadya semadi, wusnya gya menthang
gandhewa, bah niti sula pinusthi, angling sang bagaspati, eh panji den yitne kewuh, tri
sulagya lumepas, gumebyar saengga thathit, nging tra…..sumimpang jrih mring
jawata. Tan montra parek lan ongga, mu…..Bagaspati lamunjemparing sumimpang,
ngungun jenger tanpa angling sigra amenthang malih, senjata dibya winangun ing
montra arda narendra, den lumepas kang jemparing, megsa nimpang yayah kadya
palarasan. Ebat anggoyang kepala, sira arya Bagaspati, amicara jronig nala,lamun
mengkono si Panji, sapa bias nadhahi, desakeh gegaman luput, kagunan tanpa dadya,
mempeng arya Bagaspati, cipta arsa angetog sudiranira. Wiyoganya musus asta, aji
pamungkas kinardi, tan antara astanira, kang pinusus mjil agni, saking seleng
dariji,kumantar sangsaya dangu, pawaka uws angrebda, kadya kang wisma
kabesmi,kang dahana ginetak mumbul gegana.Pani pinrih amarwasa, marang sang
amindhapanji, suraking wadya gumerah suka denya aningali, saweneh ana angling, si
Panji tan wurung lebur, pinanganing Hyang Brama, saben arya Bagaspati, yen
tumandang sayekti mungsuh esir. Keh solahe kang mumuja dibyane sang Bagaspati
kuneng wau kang dahana, kang murub munggeng wiyati tibanira ambalik, mring
wuritan arsa laju, nibani wong Mekasar, busekan pating jalerit….keh malocot tuwin
geseng kaparwasa. Gumerah agundem gundem yata arya Bagaspati wruh yen balik
nadhana, nibani rowangpribadi, sigra denya nglepasi, senjata baruna gupuh, mijil
wengantariksa, anibani ponang agni, wusnya sirep mundur arya Bagaspatya.
Arya Bagaspati ngundhangi punggawa, eh sagung konca mami,padha umangsaha,
amrih dadya kakawal, nanging den angati-ati, ingsun tur wikan mring sagung para aji.
Kang liningan agya denya nabuh kendhang gong nberine tinitir, mangsah sasarengan
sikep pdha….kunta, punggawa lan para mantra, nalika perak, lan……
Taksih wonten candhakipun.
Teks selanjutnya kertas sudah sobek-sobek dan tidak terbaca.
Ongka 41, Kemis kaping 10 Oktober 1878

Surakarta
Nalka ing dinten Selasa Paing, tangggal kaping 11 wulan Sawal taun punika, ing
kampong Bujanagaran griyanipun Mas Carangsutikna, wancijam sedasa siyang
kasayaban, durjana bedhat lemantun, beta barng isenipun lemantun telas-telasan, ing
mongka griya pinuju suweng, mugi andadosna kaprayitnan pawingkingipun.
Katandhan pun Bengkuk
Nalika tanggalkaping 2 wulan Oktober punika sonten wancijam 7 griya tuwin wande
sakiwatengenipun radinan agenging Krisak bawah Wanagiri kabesmen telas
sadaya,jalaran kasuled dening pandung, cacah wuwung ingkang brastha dening latu
kirang langkung 30 iji, pitunanipun kataksir boten kirang saking 1000 rupiyah,
mandar wontenkapal satunggal gadhahanipun cina gramen saking pacitankatut
kabesmen, bokmanawi cina punika ingakng dipun angkah, awit watosipun cina wau
bekta arta sawatawis kathah mondhok wonten ing Koplak ingkang kasuled rumiyin
griyanipun Nyonyah Cina sakidul wetaning Koplak sarehning angina saking kiduls
arta santer dados sakedhap latu lajeng nglanjak griya ingkang kathah-kathah,
dangonipun naming ½ jam.

Ing Bramartani 26 September ongka 39 anyariyosaken bawahKlathen kadhatengan


ama tikus sakiduling nagari ugi makaten tikus wau boten ngemungaken nedha
krowodan kemawon dalasan wit kopi ugikathah ingakng risak dening tikus wau
jalaran pangipun dipun antasi ngantos kantun wit kaliyan pupus nginggil kemawon
bilih ama tikus wau boten nunten sirna,andadosaken sumelangipun ing tyang alit bilih
mongsa pantun, sapunika nagari sampun andhawahaken murih sirnanipun ama
wau,tiyang alit kadhawahan madosi tikus, satunggal tikus kaparingan satunggal sen
ananging sakingpamanggih kula boten nyekapi, tiyang alit kirang sengkutipun awit
panggenanipun tikus wau angel ngerong sangandhaping sela, dados rekaos
pandhudhukipun, pramila amrayogekeken bilih kajawi kaparingan pituwas ign
pangudi sirnanipun tikus wau, tiyang mawi kageregaken saha kabebahan tiyang
satunggal kedah angladosaken tikus pinten, ingkang anggumunaken sanget tikus wau
angggenipun lajeng wradin ing pundit-opundi, o mugi-mugi lajengnunten sirna ama
wau.

Pakabaran ing dhusun Sendhen Dhestrik prambanan ingKalathen, nalika


angrintenaken dinten akat pon ing wulan ruwah warsa dal punika, griyanipun Rongga
ing dhusun wau, katuwenan ing durjana kecu, angsal barang sawatawis ananging sami
rahayu boten wonten kaasangsaran, dados kalih kalih kecu ing brangosan boten let
satengah wulan. Ing dinten Jumungah ping 25 wulan siyam warsa Dal punika, ing
dhusun Tanjung dhestrik masaran bawah Sukaarja, wonten bangke sampun kaku
gumalimpang sangandhaping wit asem pernah sawetan dhusun Caket, kinten-kinten
tiyang pejah awit sakit, kawujudanipun tiyang taksih nem, tanpa labet kaaniaya,sareng
sampun kapariksa pangagenging dhstrik dhawah angubur jisim wau, ingakng
andadosaken pangungun dene panggenaning tiyang pijah wau kalih dhusun celak
sanget teka sampun kaku saweg kasumerepan punapa punika dalu ngaken dipun
rondhani kang mongka ing dhusun tanjung dipun griyani demang panatus
pulisi,langkung malih pawartos pangburipun jisim wau tanpa dipun suceni, punapa
sak caranipun tiyang pejah, naming parlu dipun pendhem bok bilih dhistrik kang
bawahaken saweg katendhakan kaum, punapa punika ingkang dipun wastani tiyang
pejah, kapendhem cemeng.
O Inggih Ta lah.
==========================\=============
Yogyakarta
Kala wingi wancijam sanga enjing kanjen gpangeran Ariya Suryadilaga, ingkang
piniji ingkangjeng gupremen agentosi suwargi kanjeng gusti pangeran Adipati ARiya
Suryasastraningrat rawuhipung dalem paresidnan mawi kadherekaken Santana ing
Pakualaman sawatawis sareng wancijam sadasa para tamu sampun sami
sampata,kanjeng tuwan residhen lajeng angundhangaken nawalanipun kanjeng
gupremen bilih ing mangke ingkang kapiji jumeneng ing kadipaten
pakualamankanjeng pangera nAriya Surya Adilaga, mawi pangkat sasebuta Kanjeng
Pangeran ADipati Ariya Prabu Suryadilaga, sasampunipun wanci jam sawelas
kanjeng tuwan residhenangirid ingkangmentas jumeneng dhatenging kadhaton
ingakng asowan mangabekti ing sahandhap sampeyan dalem ingakngsinuhunkanjeng
sultan sakingkadhaton wawul dhateng dalem paresidhenan sawatawis dangunipun
kanjeng pangeran adipati ariya Prabu Suryadilaga angrumini kodur, boten
dangukanjeng tuwan residhen rawuh ingdalem Pakualaman kadherekaken para tuwan
sanesipunatata lenggah sawatawis dangunipunlajeng angunjuk kalih rambahan
ingkang rumiyinkanjeng tuwan residhen asung wilujeng dhateng kanjeng pangeran
adipati Ariya Prabu Suryadilaga, sasampunipun kasumenekaken sawattawis nunten
kanjeng pangeran Adipati ARiya Prabusuryadilaga angunjuk wilujengipun kanjeng
tuwan residhen saha para tuwanignakng sami wotnen sadaya, sakonduripunkanjeng
tuwan residhen pasamuhan bibar.
==================\======================
Panjurung
Kula mentas katamuwan sadherek agriya dhusun in gPulung bawah Panaraga
madayin anyariyosaken kencenging pulisi, sarta lampahipun pangasilaning tiyang alit,
saha dadosipun tataka arjaning sagari wau, nunggil kados cariyosipun Ngabei
mangunbrata, ingkang sampun kapacak ing Bramartani ongka 38 taun punika,
ingkang kadamel bubukaning cariyos tamu kula wau.
Wonten tiyang badhe nyanjata celeng kancanipun tiyang kalih nanging celeng wau
lumajeng lumebet dhateng papringan sareng karundhuk ing parpingan punika wonten
sabawaning karusekan, lajeng dipun sanjata mawi mimis kinjeng, wasana kalentu
angengingi pawestri ingakng pinuju karusekan angangkah ebung, ing saknalika
dereng pejah, sapinten kaduwunging kang nyanjata, tuwin agengingkang nandhang
sangsara, tiyang tiga babayang ingkang kataton dipun bekta dhaeng dhusun griyaning
bekel, sahantawis dangunipun tiyangingkang kanin lajeng pejah sareng sampu
nkapriksa ing pulisi,jisim dipun kubur, tiyang ingkang nyanjata kaladosaken
ngersaning parentah kalayan saksinipun, sareng sampun kapariksa ing pangadilan
tiyang kangnyanjata kaleres boten kukum, kalilan mantuking balegriyanipun,
prakawis dereng rampung angestosi serat pones, lo puneng I bagenipun maedahi
dhateng ngandhap utawi dhabe paentah, sami kauntungan kalih-kalihipun.
Dene cariyosipun bab pangasilaning tiyang alit, anjawi pamulasaraning sabin tuwin
pategilan, sami kaprasudi kalayan santosa, tatiyang alit sami dipun dikakaken nenem
kopi presil, ing sak kuwawinipun piyambak piyambak, yen sampun mongsa ngundhuh
wohipun katumbas ing parentah, lami-lami para alit arebat tan kathaha kebonipun
kopi, andadosaken cekapipun para tiyang alit kanjeng parentah inggih ageng
untunganipun langkung malih pangreksaning bab pulisi sapanunggilanipun sampun
boten kakirangan, mila sampun kados kimawon kaarjaning Panaraga.
Ingkang dados pangunguning manah kula, awit ingkang waucariyosipun tamu kula
sadaya kula wastani boten wawaton temen, amargi pangraos dereng sadasa taun
dumugi dinten punika, ingpanaraga nalika palamnipun ingkang dipun namakaken
warok gegeg, punika ing nagari wau dipun tembungaken letuh, dados leres mitra kula
pasi ancak agra: genipun mastani panruwe tuwin pamilah wau, yen dipun talusur
andadosaken prayogi ing kadadosanipun, sanes ugi kalih ingakng gadhah watak,
anutupi tingkahipun ingkang salah, ngantingalaken kasaenanipun kemawon saestu
ingkang boten anyptati piyambak lajeng tumut anggunggung, dados karoban alem
supe dhateng awonipun, dados pun awon angsal panggenan barukut,mongka kathah
alem wau, ingkang cumipta kadamel ruruba ing pasuwitan,mila pamuhi kula para
wajib amrayatna dhateng kawulanipuningkang watakipun kirang pasaja ing atur,
angangkah pikantuking badan pribadi.
Katur ing dinten Slasa kping 3 wulan sawal ing Sadal ongka 1807
Katandhan dening pun Maudara, ing Trajutresna.
=================\==========================
Pambatangipun cangkriman mitra kula ingkang jujuluk Surangkara kawrat ing
Bramartani ongka 38 cangkriman kula ingkang ongka 1 dereng leres anggenipun
mastani, wondening ingkan gongka 2 ingkang sampun condhong mila ing sapunika
kedah kedah kula awedharaken cangkriman ongka 1 wau leresipun lare estri ingkang
dereng baleg punika yenkademek tiyangjaler sanes boten ambatalaken wulu, ananging
kenging kanikah, mila puanuwun kula mugi sampun angantos dados runtiking
panggalih, awit kula anyulayani pamanggihipun saha sapnten pinten suka pirenaning
manah mitra kula Surangkara karsa paring pambiyantu sangking atur kula
cangkriman wau mila kula matur saklangkunging panuwun.
Kula punMangubrata.
==================\====================
Panjurung rarepen Mangayubagya
Kasmaran wrin mikantuki, kabar Bramartaniongka tigang dasa nem ing leke, ping
gangsal September candra,nenggih warsa punika, ing ngriku wonten panjurung, sing
ngabei Mangunbrata. Sinuwung sekar artati, amuji kadarmaning sang, pinantu sihing
srirajeng, narendra gung ing Nederlan, lan Mahayakaken kaarjan in gpanaraga
sawastu, ulun dahat mangastawa. Puja mba ing ngariratri, kang mugi prajamanira,
kararancan mulyane, karahayon samadenta, wit sing pamarsudisang, lirnya radya ye
kang kasub,loh jinawi kartaarja. Amurah barng binukting, kang tanitulusing karya,
mendah dene mupangate, sayakti janma ing desa, nadyan kalis durjana, lamun tan
tulus mamacul, kekes nemah tilar wista. Mring ngujang mung mamrih bukti, ingkang
gampnag ngupajiwa,wong tani wutun wateke, tan nateng babaki pundhak, angsal bias
sasawah, amongtani bias tulus, atentrem teerusing manah. Rumasa cumpum
punyinukti myang ytedhaning anak rayat, lastari arja ciptane, paran saget kalaksanan,
rendheng sawah keh bera, yen katiga larang banyu, lemah nela suket sirna. Temah
dadysa bumi suci, wit resik tan suker padhang, terpinri thathukulane, yen kang wajib
datan kirang, pamardi lan parentah, tansah kalaban ing ngatur, kang samya kinen
rumaksa. Betah tindak nguciwani, amengo ingk kawajiban,mung mrih asiling badane,
pribadi yen mituruta, tuwindak lan santosa, najan tanpa bondha bau, yakti mulyaken
ngakathah. Pratikel kang mahalani, lamun para kinuwasa, masa wurunga dadine, ing
sapangkat met prayoga,ing wawengkon priyongga, yen sarta lawan pitulung, ing sang
maha kinawasa. Yan tansah kagebeng dening, pangupakaranira kang, rumakarandhant
mulyane, parlu arebut pakangsal, ciptane maasa dadak, parentah mring dhusun-
dhusun, jangji tan ana raresah. Ing sayakti karan rajin, sartantuk pangalembana,
kurang pangan sapantese, wong kuli tanda diapa, ujer kanjengparentah arambahparing
pitulung, marang wong kang kurang pangan. Mila datan mamrih ugi,indhaking
pangupajiwa, arebut keneng tanduke, alali lamun manungsa, tentreme lawan tedha,
murih untung rebut dhucung, anbubaraken manungsa. Kang samyo mah minggring-
minggring, giris krep keneng paekan, kang rumaksa pangggawene, sugih swara
kamandaka, kinarya lilinduran, tatatentrem uapipun tondha sudaning durjana. Purna
sagung pudyastuti, mugi kang mahakawasa, angsungmulya puwarane, titi cinitra
risoma, ing loktri wulan Sawal warsa Dal sakalanipun Giriruhur bramanengrat. Amin.
================\=====================
Murwagita sinawung mamanis, nyangkalani duk riyadi siyam, lir wukir rubuh swarae,
dimen doh wartanipun, prapujongga sunga pawarti, karameyaning praja, Panaraga
kasub, endahingkanangrasanggan, amarengi duk ingngari Saptu Paing, kaping sajuga
sawal. Ing warsa Dal wukunipun langkir,mongsa kapat marengi katiga, enjang denya
ngangkatake, jeng gusti pitrahipun, ing kauman rinenggeng margi, kinurmatan ing
munggang, weh suka kang dulu, dadya tontonan samarga, ginarbeging sagung
prangulama musthi, wah cinongsongan jenar. KOnduripunjeng gusti singmasjid, gya
busaa miwahprapratiwa, ngadi-adi panganggene, tenigeng akekampuh,pukul sanga
denya umanjing, rame swareng pradongga, mariyem jumegur, tandya sami
nguswapada, mring mandhapa ing gusti radian dipati, sawusnya tur pranata. Kinen
mundur asoaneng jawi, anganteni rawuhe jeng tuwan, yarman asisten REsidhen dupi
pukul sapuluh praptanipun ptatuwan sami, ngagem kustim bludirran, lan tuwan
Kontrolur, roken sagung tuwan tuwan, kinurmatan pradongga mariyem malih, kathah
tontonanira. Warna-warna sadiya ing jawi, prapunggawa wus manjing sadaya,
samekta ing ngarsa andher, asri busananipun murub mubyar ambalerengi, kasongan
jwaleng surya, baludire mancur, karya senening pandhapa, untabira priyayiing
panaragi, kadya girikusuma, Kalihkihta kempal dadi siki, samarata lawanpanarga,
pepak prasumiwi kabeh, wadana onderipun tan petungan kang para mantra,
sambongko pilan cacar, miwah mantra guru, ing saben dhistrik sinungan, mantra
dhudhug sarta kumetiring kopi, lawanpraju panitra. Kanjeng tuwan mahyaken
pamuhi,maring gusti kanjeng Panarga, miwahkang pratiwa kabeh, sukara arjanipun,
aleberra mring swami siwi, lankadang kula warga, nandhanga rahayu,binarung
swaraning surak, den wekasi mariyem awanti-wanti, karyoreg kang pratala. Wali-
wali denira gundhisi, kanjeng gusti anulyannambrama, sungpamudya pratiwane,
miwah turing priyantun, susuhlih mring radian mas patih,kang munjuk ingngayunan,
tan sah ungelipun, mariyem ambal-ambalan, sasaosan minuman lir toya mili, ing
ngiderkenpratuwan. Prapriyayi uga wus pinanci,purwa carma karape marapat, warna-
warna inhumane, punapa karsanipun, anggur asem sampanyeh brendhi, sopi anggur
madhera por tuwin lmirmut, petrup selsewater pepak anggalasah botol pleslan guling-
guling, ing siti tingg gulimpang. Sami kasandhung kasimpar janmi,kumarampyang
kumrincing kumrapyak, udan minuman mangsane, karya sukaning kalbu, pra
punggawa tansah mamuhi, ing kaluhuranira, jeng gusti punjul, denya rumsep mring
wadya, pangrekuhe lir putra wayah pribadi, karya trenyuh ing driya. Ciptaning tyas
wawalesing gusti, tanlyan muhung bekti sungkemira, boja pati wawalese, dene
tamantri bawuk, sami sinung minuman adi, kang dadya srining warna, mung kang
gandhul gagandhul, ing jajakeri sajuga, onder karangsari dhistrik Panaragi, Mas Kyai
Onggakrama. Antuk madhali perak pribadi, sangking setya tuhu jroningkarya, wus
lama ing pangabdine, jambul wanen meh ciklu, marma nagri sung trima kasih,
madhali cihnanira, bekti sungkemipun, mringjeng gupermen tan kadya, liyan praja,
angger katon rema putih, nulyeng ggal tuk onderstan. Nora kena dinuga ing piker, seje
praja susating pranatan, lamun karsaning gupremen, yekti wrata sadarum, yen
mangkono apilih kasih, susahe kanglinepas, untunge kang tulus, mangsuli malih ing
ngarsa, rasenggane tontonan kang aneng jawi, kanthipinurweng kata.
Taksih wonten candhakipun.
==========================\=====================
Cakraning tyas ingindarpayani, amahyaken carita sarana, rinancana sinawung reh, ing
lagu manis merdu, kaarsan ta ambok manawi, maladyun panupiksa, katama gunasru,
tumrap sagung bongsa srengga, atanapi janma sudra bab pamardi, lan tresnane mring
weak. Kang jinejer gitanireng tulis nata dewi Proteyah mariyah,Padma Hertohkang
mandhre, ing saksen kang kalebu, wewengkoning dhitslan prajadi, antyakinontap
warta, ing jronagara gung, utawi ing moncaradya, pamardine marang siwayanireki,
miwah kaswasihir. Nenggih wau sang Hertoh Garini, pantes dadya retnaning kusuma,
ngatasing kabudayane, miwah ing ayunipun sanajana wus lunges dewi, maksih katon
gumilang, mancur cahyanipun,mapindha wulanpurnama,lir sutondha yawn sinung
trawaceng galih,mumpuni ing kadibyan. Lalana amring gelaring bumi, amanjajah
nungsa miwah praja, nginte iryapurakabeh, sawastu tan kacundhuk, kang umimba
sang kadiratih, ing bab pamadinira,mring siwayanipun, tanapi ing kasredanta,
sumarmane laksitane patut yekti, tinulad para srengga. Jeng Dayita darbe putra siji,
ajujuluk Erenes Pangeran Kalulun pekik warnane, cukat ayitnan kalbu,myang sutikna
marang sakalir, wasana duk pangeran yuswa kawantaun tinilar seda ing rama, dadya
kari piniara dening wibi, adan ingkang kocapa. Sabakdaning sang ERtoh ngemasi,
amaha dewi gung kapasuk unang,karasarasa driyane, senggayayah tumutur, belalaya
asuduk dhiri, nging samenthang tan tega, tilar wekanipun puwara manglipuring tyas
saparan don kang putra tansah kinanthi, mungwing ing asta kiwa. Katemahan rising
narenswari, amiyat mring weak pribadya, pinardi wneruhake, ing utamaninglaku, lan
kawigyan kang migunani, dupi wau kang putra wus sinungan weruh,warsita darma
ingrena, watekane asadu santa utami,kangibu nulya seda. Jeng Pangeran gung katrap
rudatin de tinilar seda ibu rama, sanidya krantal kalbune, bingung sengkel kaduwung,
kang kali kamung yayah wibi, katoneeng padonetra, ing siyang myang dalu,
glangsarane pakasutan taman bisa nendra sakejap pangaksi,mung orem kang kagagas,.
Sudarane sang Hertoh winarni, prenah paman lawan jeng pangeran punika kang
banjurake, pariaraning ibu, saka mantyan den ta amamrih,marang pulunanira, ywa
kongsi acundhuk lan tiyang tan santa budya, tuwin tiyang kang cidra mala ing kapti,
wau paman jeng pangran. Amamilih pamonging pamreti, yeka guru kang putus
kawigyan tuwin utama ambeke,kinen mulang sang bagus, aja kongsi driyasmara
mring, arsa yan kang tan yogya,ingpakantukipun guru satata mangarah, endraning
kanjeng prangran saking ing budi, kang marang kaduryasan. Sang pangeran winulang
agami, laku tama kalawan kasetyan sarya arda pangungkihe, mugi ERenes ayun
ngwindasaken malaning dhiri, yeku watak ugungan, kang tan guna tuhu, myang
mandar sung byama atma, lan pangeran pinrih gambuh sabenari, mrtambek anoraga.
Aprawita sang sang guru udani, yank eh para putrabongsa srengga,kang ngegungken
panggaliye ciptaning para guru, laku becik wiwit anglindhih, pangrasa kang kadyeka,
saking anomipun, yen kalunta tan wun bakal amandeya kcintrakanireng dhiri, ana ing
ngalam padhang. Pamong wulang kabeh seka kapti, amanduken sarat mong kagaran
tumrap ingpariwarane, mrih Erenes saharju, nandharaken anggane tuwin se ing
tandukira,mring sasawenehipun lan maranga sudra pisan sarka guru atitir gyan
mituturi, marnag ERenes pangram.Kuciwane kang para dumadi, myang kapesane
neng ngalam dunya, tan nganggo mawang janmane, srengga lan sudranipun atanapi
tiyang winasis ugi sami kapesan myang kacuwan tamtu, sumarmane nora kena,
yenmimirang sasama sami dumadi, rajan ring badrak ala. Akaranten sakyeh ning
wiyati, kang tumanduk marang jeng pangeran saking sangya gugurune, barkahe
magunagung, milanira kala gumanti, dadya Hertohsuahntya, utamaninglaku, meh tan
ana timbangira, para dasih sumungkem amanganjali, asih wahya dyatmika. Data tita
ing ngalami-lami, rising Hertoh asusutakathah, pinardiing Kawruh kabeh, manulad
patrapipunduk jenenge winulang wibi, tanapi duk winulang ing gugurunipun yayah
duk maksih taruna, nulya kyehning para putra putra sami, ing ngagya puruita. Marang
guru ingkang wus mumpuni, saniskaraning kang kawadagdan myang
utamapambekane, sartaang Ertoh dhawuh, marnag para priyayi akim kinen
srinitipriksa,kawimbuhanipun gyane prawek pruita, sarya maneh apan samya den
dhawuhi, gosthi lan pamong wulang. Ing babpatrap beciking pamreti,marang sagung
ingkang para putra, deta lamun wus pinanggeh, patrap pamuruk wau,nulya kinen
nindakna aglis nenggih Ertoh priyongga, sru panitinipun wulanging guru mring
putra,sarta ERtoh karsa tumut sung wiyati, inggih sakawigyanta. Risang Ertoh adadya
ripuning, samubarang ingkang kaladukan kaya ta dhahar myang ngombe,
kaarsanireng kalbu, sakeh putra nulada sami, ing sapratingkahira, sakeh para sunu,
apan pinaringan serat pranatane laksi tanireng dumadi, ana ing ngalam dunya. Sarta
Ertoh suwarah supadi, kyehnin gputra yogya angestokna, kalawan ing astatine,
pranataning tumuwuh, away kongsi tinerak wani, sarta sami linilan maharsayeng
kalbu, marang lampahkang prayoga, anyegah alampah kang done tan becik yeku
ingkang mangkana.
Taksih wonten candhakipun, kaandhan D.M.H.
=====================\==================
Candhakipun pethikan saking serat dhalang basa Malayu
Nanging kalamun sang ulun, wicaksana ing panggalih, wigya maliha reng ongga,
tebih ising tiyang kadyeki, reh bujuk teka kawahya, ing janma dreng kidinrengki.
Nata ywa kelu karuhun, mring palading basa manis, kedah sinungwrun priyongga,
kang dora miwah kan gsidi, yen paduka hyan uninga, kalawan titi taberi. Laksiteng
wdya sadarum, mamengi kang badhe kardi, sangsayamyang uruara, wastudeging
kraton aji, satiti salama-lama, lan luhur mulya matyanti. Sidya nawas kitheng kalbu,
adadya wit ing raharji, tumrap nararya priyongga, atanapi para dasih, deta sagung para
raja, parlu kedah sabenari. Akarsa amangrarembug, lan tiyang budi myang arip, sarta
tiyang wicaksana,miwah ywa lupa sang aji,ngrejakenkarajanira,mrih linulut sakeh
dasih. Saha supadi sadarum, tentrem seneng denya urip, lawn molih kauntungan,
mangkya ulun yn wawarti,kang darbe lampah kadyeka, raja aran dhabi kelim. Tatkala
ngreh nagri Hindhu, satata areja basuki, awit saking rembukira, ingkang nama
Bidhapai, tiyang waspada ing driya, saliring kukum mumpuni. Sang Dhabi kelim
antyasu, angraket mring bidhapai, minta wulang ngreh nagara,mamrih reja lan
basuki, sarta tiyang sanagara, rukun seneng gyane urip. Sakehing wiyatanipun, bidha
pai marnag aji, samya katurut sadaya, data nana ingkang kari, marma pantes
tinuladha, dening sagung praarpati. Panguwasaning prabu wau,kamantyan agung
andadi, kongsi pirang pirang warsa, prajane tetp nityami, arukun tiyang nagara, tan
ana drengken sakserik. Risang Dhabi Kelim prabu, lwih kondha asmanireki, dumugi
terah tumerah, marma pantes narapati, angruruh komntaping asma, mrih praputra
wayah sami. Nebut kabecikanipun, myang barkat lawan pamuhi, reh kluhuran myang
kamulyan,yan kang sinuwus ngemasi, sirna labete tan ana, paeka darman lan nami.
Tan sirna maksih misuwur,pamane ratu s binesmi, nadyan genine wus pejah, gandane
anilas wangi,kongas umrik mrene-mrana, ambune amanrambahi. Nalika kipatih
matur, ing bab raja Dhabikelim, lawan bidhapai Brahman, sang nata gung sukeng
galih, angembang sekaring driya, lir mawar ngisep bun enjing. Nareswara ngandika
rum, marnag patih mangkubumi,lah ingsun ingin kalintang, miyarsa kanang wawarti,
ing bab dhabi kelim raja, sarta Brahman bidhapai. Muwah ingsun gung kacelu,
amiyarsa kang panggosthi, tiyangbudi sakaliyan, pan kosi watara lami, tan ana tiyang
kang wigya, nyaritaken marang mami. Ingmangkya sun ngucapsokur, amarang hyang
murbeng bumi, dene sira patih wikan, ing carita kang sruadi,yogya sira sung uninga,
rembuge wong mau kalih. Awit ingsun ayun mungut, kinarya wiyata yekti,
sakakawruhe wong limpad,kang misuwut ngendi-endi, meh tana timabganira, atas
sangerehing nagri. Ana tiyangkang sung tutur, yen ilating janma budi, upama
soroging wisma, kang isi kawruh sakyehning, sumarma awit punika, sira patih karya
becik,Iya marang angganing sun, lan kabeh isi nagari, kang sarana amambukak,
gedhonging kang kawruh adi, sabab ing sun antuk wulang, mangrehrahayuning nagri.
Lan paradasih sadarum santosa uripemangkin, sarta basuki raharja, wau patih
Mangkubumi, nulya wiwit acariyta, kang den brangta ni sang aji, Manawi wonten
candhakipun
Ongka 42, Kemis kaping 17 Oktober 1878

Kulawisudhan
Surakarta
Raden Mas Adipranata, kapitan Prajurit Prawira anom kaangkat dados Mayor
mawikaparingan pangkat tuwin nami Raden Mas Ariya Praiwrawinata
Raden Mas Jayengranu, kapitan prajurit Wira Utama, kaangkat dados mayor mawi
kaparingan pangkat tuwin nami Raden Mas Ariya Gondawinata.
Raden Mas Surya, Kapitan Prajurit Jayatanantaka,kaangkat dados Mayor Suratetana
mawikaparingan pangkat tuwin nami Raden Mas Ariya martawinata.
================\=================
Pawartos saking tanah ERopah
Praja Ruslan tuwin Praja Serpiye sami bote nkarsa angudnuraken wadyanipun saking
wawengkonipun praja Turki, mongka makaten wau sampun sami dipun salesihaken
nalika kalempakipun para cundakaning para praja liyan wonten ing kitha Berlein,
mandar praja ruslan sampun angebahaken wdya dhateng ing tanah Rumili, awit praja
wau angencengi badhaminipunpiyambak nalika kendelipun paprangan badhe boten
amiturut pranatanipun Konggres ingkitha Berlein.
===============\=====================
YOgyakarta
Sasampunipun kanjeng tuwan residhenangpykaken jumeneng ipun kanjen ggusti
pangeran adipati ARiya Suryadilaga, lajeng angandika makaten Pangeran Adipati,
kalarumiyin wawengkoning Pakualaman areja sanget sdaya ingkang amanggen
wonten ing wawengkon wau, sami arumaos asrep manahipun ing wanci dalu
tilemipun boten mawi angangenangen dhateng barang darbekipu nkala samanten
ingkang jumeneng rama ing jengandika, sasurudipun rama ing jengandika ing bawah
Pakualaman kirang tentremipun pandung tuwin kecu asring-asring wonten, ingkang
sami kapiji anggentosi rama ingjengandika, boten pisan-pisan saged anyameni
lalampahanipun, punika ingkang anuwhaken kawontenanipuning Pakualaman ing
mangke. Kanjeng Gupremen angajeng-ajeng supados makaten wau ing mangke
sirnaha, pramila ing sasurudipun pangeran adipati ariya Suryasasraningrat
ingjengandika ingkangkapiji anggentosi, awit apitados bilih ingjengandika badhe
boten anyulaayani ing karsanipun bilihingkang sami kaereh ing wawengkoning
Pakualaman sami sae kakapti ing kanjengipun kados tentreming wawengkon
Pakualaman wangsul areja malih,menggah wangsulanipun kanjeng gusti pangeran
adipati ariya Suryadilaga cekak aos bilih badhe anggatekaken sadaya dhawahipun
kanjeng tuwan residhen saha ing salaminipun gancaring cariyos nalika jumenengipun
kanjeng gusti pangeran adipatiAriya Suryadilaga, sakendelipun gndhing ungsukan ing
Beteng lajeng angungelaken mariyem kaping sangang rambahan.
\==================\=======================
MESIR
Sarehning wawengkonipun tanah punika kirang raharjanipun sambautanipun ingkang
jumeneng Kedhip ing dangu-dangu sangsaya mindhak mongka para nayaka ingkang
kaangkah naming indhakingkasugiyanipun piyambak piyambak boten pisan-pisan
arumeksaha dhateng kaluhuranipu npraja, pramila sang kedhip tuwuh saking eklasing
galih, aminta sraya dhateng praja Enggelan amurih praja wau, angutus nayakanipun
ingkang linangkunging kawegiganipun supados amranata apa asilanipun tanah Mesir,
ing mangke utusan wau ssampun angaturaken pratelanipun saking
pamanggihipuningkang badhe anuwuhaken raharjanipun tanah Mesir punika sang
Kedhip kedah angrucat paparentahanipun ingkang naming awaton adat kina,
paparentahan wau kapranataha kados paparentahanipun para praja ing tanah Eropah,
punapa malih babing asilanipun nagari tuwin pangadilan sadaya manuta pranatan
wau, sang Kedhip sakalngkung parenging karsa lajeng angundhangakenpranatan wau,
tuwin ing amngke sampun kalampahpunapa malih ingkang kapitados bab ing
asilanipun nagari tiyagninggris tuwin tiyang Prasman menggah ingkang
kajumenengaken patih Gubarpasah,ingkang sanajan wiyosanipun ing Mesir ananging
watakipun bongsa tnah Eropah, awit timur mila punapa malih wulanganipun pancen
wonten ing tanah ERopah.
===============\=================
Manisipun jeng tuwan redhaksi, denya asung panrimah mring amba, palastaning
pangecape, nederlan gancaripun, kang winahyeweng ing Bramartani, respati kaping
tiga, Oktober ing taun, sasra astha tus lan sapta, dasa astha, tinengeran ongka kaping,
kawandasa sumarma. Srukamantyan sukareneng ati, dene atur panjurung kawula,
karya jeng tuwan sarjne, dene ta karsanipun, kinen marna carita malih, ing Belgi
denya pisah, wonten gancaripun saklangkung puteking driya, dene ulun dereng uning
sayekti, babating kang pawarta. Marma tarlen anuwun aksami, sangking dening
cupeting kuningan, muhung tur wata sanese, babatipun rumuhun, sang aprabu ing
nagri Paris, Napoleon Banapartah, kang kasub pinunjul, prawireng prang
mondraguna, ing ngayugya wus karya gancaring warti, nging pinugut kewala. Kang
ngumiyat sing watawis mami, kirang dhamang tan wruh kang daruna, purwamula
bubukane, sang prabu Napoliyun, nguni-uni sanes narpati,trah punggawa kewala,
dene asalipun, singpulo Kursika bawah prajeng prasman kala timure sang aji, sakolah
jroning kutha. Dupi sampun wigya manjing upsir, aneng prja Prasman lama-lama,
minggah kaptin mayor kunel, singga jendral jinunjung, saderenge jendral palinggih,
kang jumeneng narendra, ing Prasman jujuluk, luwi kang kaping nembelas, nalikaing
taun sapta wlas tus luwih, sangangdasa lan tiga. Daurugengjeng raja bilahi,
cinepenging wadya nya pribadya, sagarwa lawan putrane, sang prabu gya linampus,
kinunjara garwa lan siwi, tan lama prameswara, sinedanan sampun, sami pinocok
kang murda, kadang putrid sawiji dipun pateni, sang nata tilar putra. Mung kakalih
jalu lawan estri, putra kakung seda ing kunjaran, wus raja Luwi namane, kaping
pitulasipun nanging tiyang Ingggris mansami, tanpurun nebut raja, nagri liyanipun,
Inggelan moncapraja, wus ngarani putra Luwi aran aji, yata sawusing seda. Luwi
kaping nembelas lan sori, miwah putra sajronign nem warsa, ing Prasman suweng
pamase, dupi praptaning taun, sewu lawan sapta tus luwih, nawadasa lan nawa,
jendral Napoliyun, jumeneng konsul anama, aneng Prasman prasasat jumeneng aji,
tyas swarda ambeg murka. Durga ngong saonggsa karem juti, sabuwana yun
rinenggep asta, samana nanelukake, prang rame para ratu, ing Eropah ingkang ginitik,
singga dungkap ping warsa, sewu wolungatus, catur Napoliyun sigra, jumeneng nata
sangking karsane pribadi,jujuluk ing narendra. Napoliyun lir winahyweng ngarsi, para
nayaka prasman sadaya, wus rempeg golong karepe, tansah denya mrep mungsuh, ing
ngayuda asurasakti,prawira mondraguna, keh kitha kacakup, sadherekira titiga, wus
sing ngankat jumeneng narendra sami, kadang juga ing Dhistslan. Kang sajuga
jumeneng ing Itali, nulya pindhah ing Sepanyol praja, ing Nederlan sajugane, Natong
Nederlan wau, apa parab srinarapati, Luwi Napoleyon nala, , sajronireng taun, sasra
lawan astha tuss sad, denya madeg nata lagya caturwarsi, sigra wau ngandikan. Aneng
prasman nalika ing warsi, sewu wolungatus lan sadasa, linungsur panjenengane, sing
karsanireng prabu, nagri wlandi ayun kinardi, wewah ing praja Prasman, dimen saya
agung, nunten kaasta pribadya, Luwi Napoliyiun suwaleng kapti, nut karsaning karng
raka. Awit sampun uning kang panggalih, yen kang raka kemauk ing karsa, nembe
jumeneng pamese, tur pangggalih tanjujur,ngong saongga sasra kah kapati, wau sang
natong Prasman, pradandan anglurug, arsa mrepnagari Ruslan, kala taun sewu
wolungatus luwih, kalih wlas kanglumampah. Praja Mosko binedhah rumiyin, wong
sapraja tan anglawan prang tinilar adoh aleres, wisma tan nemanipun, binasmenan tan
anakari, supados wadya Prasman, tan antuk angaup sarta nora angsal nadhah, dhasar
wektu puniku marengi atis, kekayon sami sirna. Wadya Prasman tan atahan sami,
marma keser Napoliyun sigra, wangsul kondur sawdyane, tan lama duking taun, astha
wlas tustriwelas nuli, sang prabunglurug marnag, ing Dhitslan pinethuk, wadya
Prusen miwah wadya Moncapraja, denya prang ing kitha Lipsih, rinebut para raja.
Keser Napoliyun sorting jurit, lan sawadya bibar kondur marang, Prasman ing Ngelot
lampahe, samarga binabujung, keser Napoliyun kajodhi, cinepeng gya jinengkar,
saprajuritipun, ingkang sami saseliran, aneng pulo Elbuh kabawah Itali, punika
jroning warsa. Astha wlas tus catur wlas lumaris, praja Prasman gya ngadegan raja,
Luwi ping astha wlas mangke, kaprenah arinipun, lawanLuwi ping Sad wlas nguni,
srinapoliyun denya, kinendhang meh antuk, samadya warsa miruda, kondur marang
praja Prasman jujug maring, priyagungipun praja. Kang paparab iya Marseilei,
artosipun sanginggiling Jendral nguni dadya punggawane, sang prabu Napoliyun, ugi
dados Ran marseilei, datan tumut binucal, tetep pangkatipun, dupi wau nata inggal,
myarsa lamun marselile sampun balk, giris tandya umentar. Ngungsi dhaten gpraja
gen ing Belgi, Napoliyun wus umadeg nata, wadya Prasman suyud kabeh, wit
sangking teesnanipun, kendel wanter asih ing dasih, raja Luwi aminta, sraya para ratu,
wus sami samekteng yuda, , pakempalan aneng ing nagari Belgi,keser Napoliyu
myrasa. Gya tengara arsa mapag jurit, nglurug aneng Belgi sedyanira, praraja myarsa
wartane, sigra denira methuk, aneng dhusun waterlo panggih, rame denira yuda,
kathah ingkang lampus, mengsah rewang ting sulayah, keser Napoliyun apes
ingngajurit, kasor konduring yuda. Mundur marang nagri Prasman malih, lerep
wonten praja satus dina, sang prabu lengser karsane, ngungsi tilar kadhatun,
Amerikah sinedyeng kapti, wit prajayun rinisak, kinepung praratu, sang prabu
prapteng samodra, ayun numpang palwa Inggris udani, sigra wau pinegang. Sang
aprabu tan suwaleng galih, apuwara kinendhang kenmarang, pulo Sentelenerane,
taksih anunggi taun, astha wlas tus poncawlas nguni, duking waterlo yuda, marseile
sampun, kacepeng para punggawa, pinalastrandipundrel denya ngemasi, napoliyun
winarna. Sentelene dupi wus nem wasi, sang aprabu puput ingkang yuswa, seda duk
kala warsane, sewu lan wolung atus, slikur sigra pinetak nuli, ingngrikukang
ngastana, samana kacatur, dupi tuk sangalas warsa, layonira sang prabu pinindhah
maring, sajroning kitha Prasman. Denya mawalayon duking warsi,sewu astha tus lan
catur dasa, sarira lan busanane, mayit sadaya wutuh, mung satiwel ingkang sasisih,
dlamakan ingkang rentah, langkung elokipun, dewus pirang pirang warsa, layonira
sang prabu tan wonten gigrig, samana nagri Prasman. Raja Luwi ping wolulas malih,
wngsul jumeneng mring nagari Prasman, lulus raharja jenege, saingga seda sepuh,
warsa sewu asthatus luwih, kawwanlikur anulya, wau jumenengipun, raja Karel ping
sadasa, kadang raja Luwi ping nembelas ugi, saweg antuk nem warsa. Nagri Prasman
dauruging malih,wadyanira prasamya babela, anulya kinendhangake, srinarendra ing
taun, asthwlastus tridasa nuli, ingkang jumeneng nata, LUwi Phillip prabu, yeku
kangkagungan karsa, angondurkenlayonira ribupati,napoliyon maring Prasman. Raja
Luwi Philip taksih ahli, lawan Prabu Luwi ping Pakbelas, nanging wus tebih urute,
denya jumeneng wau, Luwi Philip asthawlas warsi, dau rumalih praja, prayitna
sangprabu,sigra lolos sangking pura, maring negri inggris nalika ing warsi sasra
asthatus lawan. Catur dasa astha kang lumaris, nagri Prasma jroning kawan warsa,
sepitana an rajane, wonten pangagengipun,ran Presidhen kanjumeneng nami,
Napoliyun punika, kapenakanipun, lan prabu napolyun swarga, putranira LUwi
Napoliyun nguni, kang jumeneng mring Nederlan. Dadya thukul treh Napoleyun
malih, ingkang jumeneng PResidhening Prsman, us catur warsa lamine, salebetireng
taun, astha wlas tus lawan skeet dwi,presidhen aparentah sangkingkarsanipun,
ayunjumeneng narendra, prapunggawa lawanprajurite sami, embag mangayubagya.
Dadya jumeneng prabu kangkaping tri napoliyuning Prasman Nagara, marma kaping
triparabe, wit kang uw rumuhun, wus puputra jalu satunggil, timur denria seda,yen
sampun na lampus, yektijumeneng narendra, dadya aran Napoliyunkangping
dwi,marma wau sang nata. Jumeneng nata ing naari Paris, parab napoliyun kaping
tiga, puwara wonten prang rame, ing rpislan mengsahipun, gung pepejah datan
pawilis, sang nata jroning ngaprang, nungkul maring mungsuh, tan susah malih
jinarwa, awit dereng lama yeti wus keh myarsi, amene tanpa raja. Raja Prasman
wangsul kadinguni, pangagenge residhen kwela, ripiblig iku arane, titi pangapusipun,
ping sadasa risoma manis, sawal jroning warsa dal, kapat julung pujut, kapetang
ponang sangkala, wiku musnaliman anunggangingbumi walandi kaping sapta. Wulan
Ojtober ingkang lumaris, astha wlans tus sapta dasa astha, tanlyanulun ngaturake,
kakusaruning tembung, mugi smya paring akasami, wonten galaping sastra, miwah
gancaripun, suka kalamun cineda, dimen karya wewah lan pencaring kawrin, ngabei
mangunbrata.
==========================\====================
Candhakipun natadewi Protayah Mariyah
Pratingkah kang datan mawi wangkid, apa dene pratingkah akng ala, sang Irtoh
srupandriyane, mugi putra sadarum, mituhuwa amya nglakoni, kawuhe mring agama,
myang wulanging guru, supadine amanggiha, kaarsayan kang umahya sangking sidi,
lan tebih sing sangsaya. Kacarita duk praputra sami, sampun tekeng diwasaning yswa,
miwahkathah pangawruhe, winawan rama lalu, mring paguron ageng nagari, anulya
kinen lenggah, pinrih amangrungu, wiyata kalaning mudha, kadipundi lampahe dera
mangudi, wimbuh begyaning wadya. Supayane pratanaya sami, alanteh analika
taruna, nulya den paringi kabeh pakaryan kangpakantuk, sarta samya pinardi apti, ajar
pakaryan teka, ing sangsiptanipun, sawiji-wijining putra, pinaringanpangkat ing
saprayogining, kabawah ing jeng rama. Karya wau ing satunggil tunggil,
katimbanglan kawigyaning putra, lan kedah linakon dhewe, ,s arta mawikatuntun,
dening abdi Ertoh sawiji, ingkang sampun awigya, traping karya wau, dene abdipuni
ingkang,amulang myang amardi anakireki, antuk urmat sing Erta. Risang Ertoh sru
anggumateni, ngatas pamardimring kulawarga, yennuju samya sumiwe, apan nganggo
dinangu,pangkat apa ingkang kapilih, utawi dadya tontra, yen wus padha matur,
pangkat ingakng rinemenan, ning wikara kapruitakaken mawi, katimbang lan kang
pangkat., Don pamulangirengprawan mawi, ana sajroning prabasuyasa, wit
lampahingpakaryane, munggweng jroning kadhatun, sarta Ertoh mawi maringi, serat
serat akathah kangkinarya muruk, kalaan smya ignngagya alalana marnag liyaning
nagari, wragde pinaringan. Kinenngruruh kawidagan sami, anjembarken panduking
panetra, mrih moncar kaengetane, kalusur tuk ing pangawruh, saparandon pinrih
ngulati, lamun wus padha wgiya, marang kawruh tuhu, anulya sami ginanjar,
kaprangyayeningkang sampun dipun pilih, sasenenge priyongga. Kacarita duk Ertoh
hyan lalis, amumulang prasiwayanira, ngatasing tata tatane, manyembah inghyang
agung,lan panganggep maring dumadi, kinen sidya na marta,myang
pangrengkuhipun,kawajibane praadya,pinrih lawan suka senenging kangkapti,sata
malih arsaha. Angayogmi sidining pra abdi, away kongsi ngawra-awratana,s arta
pangreh ing wdyane, rinesepa ing kalbu, alandhesan wigyanig budi, kang sarta
anyidikna, gyan abdi sadarum, nglampahi anggernagara, myang pinrih arukunlan
akrabe sami, ywana ingkang sulaya. Sarta maneh ywana kaang drekeni, mring kang
gadhah bondha langjung kathah, bangkita menggaka napson, lamun ana kang
kojur,karya lepat angganireki, yawning dadya sulaya, pinrih ywa kang nepsu, apa
dene mumungsuhan, tuwin arsa mananduken wawalesing, luwih becik Manawa.
Prakarane pinasrahna aglis, marang mitrane wogn sakaliyan, kang temen-temen
driyane, dimen banjur rinampung, risampuning rampung prakawis, baliya rukun
padha, lankarya atuhu, marang arjaning ngakathah, aja ana kang mamet untung pribdi,
kalawan away pisan. Andindhaken pangawasa tuwin, kaasilan ing pawedalira kang
tan yogya pakantuke, lan dipun kawlas ayun, atutulung marang wong miskin, tanapi
wong amlarat, ingkang sampun sepuh, sart adipun waspadakna, aja ana titiyang
miskin kan gnganti, kawase satan yogya. Ri sampuning Ertoh saung wiyati, ingkang
putra de sajuru samya, nyabarken sangara kabeh, lawan sudibyeng kalbu, away tan
bias adarbe gingsir, darwa apa narima, ing nitya manipun, aja kaladuk pangrasa, ing
kamulyan ingkangsampun den gadhahi, sarta yun alembana. Tamat.
====================\\\\\\\\======================
Candhakipun babpitrahing Bupati Panaraga .
Gumrudug manjing sadarum topeng reyog badhut ringgit andher mringngarseng
mandhapa, plataran jibeg mawarni, gongsa angklung suling rebab, gumarumung
kapiyarsi. Kang mongka tutunggulipun, gandarwonan jalu estri, saestha kadya
raksasa, kiswa gimbal angajrihi, ngandhan-andhan kalenthangan, brengos duk capang
sakuping. Godheg wok brisnetranipun, malolong bunder smu brit, bregagah amalang
kadhak, prakoswa dedeg geng inggil, nganti sundhul ing tritisan, semahe wewe
pinirit. RAmbat gimbal dhawul-dhawul, kopeking susu sakendhi,kese keser klengsreh
lemah, genging gsami, kalawan gandarwo priya, pating regunuk ing ngarsi. Wurine
setanan pnuh, ngangge kedhok monca warni, wonten muka pulas rekta, jenar cemeng
miwah wilis, coreng-coreng belang-belang, kweh warnane kang mamedi. Busanane
pinapatut, lawan warnanipun rai, ana wiron kakuthungan polang-polang lurik-lurik,
wonten ingkang wastra puspa,baju sekar dipun anggit. Wonten wstra taru-taru, baju
ron sineling-seling, dene teka kadiwarta, cariyosing kaptin inggris, kang kalaut aneng
palwa, kalunta-lunta kaswasih. Kang ngaan robene sonkrisu, kat gawrong kacara bali,
tholang-tholang geng kalintang, wonten kinarya pawesti, warna-warna kakedhokan
ngangge racukan mathinthing. Mathentheng weteng mathunthung, ign saestha kadi
bunting, tinabuhan kanthi trebang, salomprete ngalik-alik, kang beksa asalang
tunjang, mencak migel ting pandhalit. Kadya ing sawastunipun, kang ngingranan
dhadhemit, wingking reyog baya k bayak, pating parehgol sasirig, barongan bareng
barengan, ing wuri anggigilani. Ting paroggeel tandang ipun, lir sarpa kru rama
ringis, kanang prstha tul denta, ing tengah sawarna panti, geng inggil ginarbong
endah, linungsir lan pinalisir. Cita mawarna winangun, lir papajangan pangantin,
wawisman winaweng janma, ing jro doning widadari, yeku sakathahing tandhak,
busana angadi-adi. Pratingkele tan pinikul,lumampah suku pribadi, pinilih kang
endah-endah gamelan ing kanankering, ginotong lir lokanonta, ngrarangin dipun
carmani. Wonten lelampahanipun sinulukan den sindheni, rame aneng palataran, tan
dangu tandhake mijil, beksa neng ngisor taratag, mameden ingkang mentoni.
Buburon wna aselur,ginotong aneng jro joli, rineka kadi kurungan, kethek bendghung
den clanani, tetopen sinung rsukan, kayungyun endah ing warni. Marma kathah kang
dudulu,lanang wadon gedhe cilik, seseg jejel pelumpelan, jroning kabupaten nganti,
meh cuwak kehing sujanma, kadya kang sela blekithi, Gumludhug saengga ladhu,
gadebeging wong lumaris, gelang-golong gagolongan, ngaler ngidul naningali, miwah
rameningn pucangan, sakanan keringe kori. Menek meh wus prapta ruhur, kalorot
dhawah ing siti, marma sring dadya gujengan, sinurakan wanti-wanti, gumergumer
dergumerah, akarya tuli kang myuarsi. Kang dadya srining pandulu, prajanma kang
niningali,kathah sami pepayungan, wit anggendhong rare alit pepayung nganti
atusan,lir puspa amonca warni, Lawa sutra payungipun, ana rekta jenar wilis, dauseta
biru kresna, marma tontonan mawarni, sing biraining wadana, samya amawa pribadi.
Jor-joran pambektanipun, angedi-edi pangeksi, kang wajib dipun laela, wadana slaung
pribadi, endah ipun tatingalan, wijile nganeh-anehi.
Taksihwonten candhakipun.
====================\=====================
Ongka 43, Kemis kaping 24 Oktober 1878

Serat kaat saking tanah Eropah

Istambul kaping 14 Oktober, wadya Ruslan ingkang sampun kaunduraken ing mangke
kawangsulaken malih dhateng Adriyanopel Turki. Ingkang wontenanipun Turki kalih
anustenreik ing mangke katingal sami manentheng, mandar wadya Turki wonten
ingkang kakintunaken dhateng ing Bosni, ingkang badhe angalang-alangi tanah wau
kadunungan wadya Ostenreik.
Serat kawat saking Senapati Wdya ing Ngacih konjuk Sripaduka Kanjeng Tuwan
Besar:
Kitharaja kaping 13 Oktober aabib Ngabdurahman sampun tumungkul enjing wanci
jam pitu piyambakipun asowan pitados kala ingkang wonten anak galung, ingkang
lajeng angirid pun abib wau mawi kairing ing prajurit dhateng ing kitharaja: Menggah
anggening amasrahaken prjah gesangipun wontening pasamuhanipun para
pangagenging wadya dharatan tuwin lautan sanalika lajeng kaimbar.
Sanesipun dinten Tungku mudha Taid inggih anungkul sowan pasrahipun ingpejah
gesang ugi mawi pasamuhan paa pangagenging wamyadharatan tuwin lautan, nunten
kaimbar.
=================\\\\\=============
Surakarta
Kala wingi sampeyandalem ingang sinuhun kanjeng susuhunan animbali abdi dalem
/arsitek tuwan Bikar, saeng sowan wonten ing ngarsa dalem sampeyan dalem ingakng
sinuhun kanjeng susuhunankara amatedhakaken satunggale arloji jene mawi rante
tuwin medhalyon dhateng pun abdi dalem wau, tondha cihnanipun ing kaparenging
karsa dalem dhumateng ing lalabetipun.
Serat pawartos Dheporstanlandhen anggiyaraken bilih kanjen gpangeran Ariya
Londhasiwaya badhe angayoni, damel sumur bur wonten papan dalemipun piyambak
menggah pirantosipun sampun kathah ingakng dhateng, sanadyan kangjeng pangeran
Ariya LOndasiwaya bab ing Indhakin gkasagedanipun naming tuwuh
sakingtaberinipun sasarawungan makaten ugi sadaya padamelan ageng alit ingkang
sami dipun ayoni, kadadosanipun sadya samiprayogi, boten wonten ingkang kenging
dipun cacad.
Ing nagari ngriki naming wonten dhukun satunggal ingkang bab lampahipun
atutulung tiyang esri arenang lare, sampun angsal wulang ing pamualnganipun
kanjeng gupremen ing Batawi, rpamila prigel sangetpatraping anggenipun tatulung,
inggih punika abdi dalem dhukun pun embok sarinah, ananging emn sanget pun
embok Sarinah wau sasanggenipun awrat pramila rag rikuh ilih atutulung dhateng ing
sanesipun ing mangke wonten dhukun sanes ingkang dudunung ing ngriki,
ingmanggen wonten ing griyanipun pun Wongsa, tiyang sade gandhos ing kampong
PUrwadiningratan dhukun wau inggih sampun nate angsal wulang, wonten ing
pamulanganipun kanjeng gupremen ing Batawi,menggah namanipun embok Sarimah.
Kala tanggal kaping 19 angrintenaken tanggalkaping 20 wulan punika, ing griyanipun
pun Nayadrana ing dhusun karang sumapura kadhatengan kecu ing salanipun
punDurjana sakedhik sanget naming 13 rupiyah, sakingpawartosipun para kecu
dhatengipun sakng Yogyakarta, sahaingkang dipun angkah pancen demang ing
Karang Sumapura, anangingkalintu ing griyanipun pun Nayadrana, pramila prayogi
sanget manawi konca pulisi karsa angulat-tulataken embok bilih para kecu wau awit
naming sakedhik angsalanipun manawipados wewahipun dhatengingg griyanipun pun
demang wau.
================\=========================
Yogyakarta
Nalika tanggal kaping 19 wulan punika ing dalem paresidhenan wontenpista dhansah
tuwin dhahar, kanjengtuwan residhen karsa anyugata dhateng kanjeng gusti pangeran
adipati Ariya Prabu Suryadilaga, ing sampeyan dalem ingkang sinuhun kanjeng sultan
tuwin prameswari dalem gusti kanjengratu kancana inggih anjenengi pista wau,
punapa malih kanejgng usti pangeran adipati Ariya mangkunagara inggih rawuh.
Benjing tanggalkaping 2 NOpember ngajeng punika ing dalem Pakualaman badhe
wonten pista, ingkang manut paartosipun badhe angresepaken ing kadadosanipun
andulu sasawanganipun ing mangke, kados ing tembe wawengkoning pakualaman
saestu wangsul prayogi malih, sanadyan pangangkatipu kanjeng gustipangeran adipati
Ariya Prabusuryadilaga, andadosaken runtikipun manah, ananging kanjeng gupremen
pancen boten kagungan pamandeng sanesipun dene bilih allah utangala angudaneni
karsanipun kanjeng gupremen saha aparing langgenging kasugengan dhateng kanjeng
gusti pangeran adipati Ariya Pabu Suryadilaga, saestu kataharjanipun wawengkon
Pakualaman badhe enggal katawis.
=================\==================
Candhakipun Fitrah
Tengah ari kondure tetami, miwah kang nanonton, kantun para pratiwasakohe, para
onder wadana manginggil, pinatedhan bukti, lan jeng gusti kumpul. Para manri miwah
para Naib, ketib sapangisor, palang bekel tinata tedhane, aneng masjid samana kan
gbukti, ing madyeng pandhapi, suka-suka nutug. Warna-warna minuman umijil,
tansah aguguyon, sangking resep rumesep angepe, suba sita wus datan ginalih, jen
ggusti murwani, denira paring tus. Tarlen muhung pamudyeng basuki, yweng suksma
darapon, sungkararjan sawarga ahline dinohaken sagung suker sakit, ing wuri lestari
kayuwananipun, Dinulura saciptaning batin, sing sukaning batos, prapratiwa surak
surak rame, nulya malih jeng gusti kundhisi,mring para priyayi, geng alit sadarum.
Amedharken raosing panggalih, dhuh sakeh miteng ngong, away dadi cuwalan
serike, Manawa na kaluputan mami, jejering ngaurip, sok akeh kang limut. Solah
tingkah munala wan muni, yen ana kacenthok, ing bebasan akarya kredyate, sun
maminta aksama mu sami, punggawa sakalir, tur sembah tumungkul. Nora bangkit
malesih ing gusti, tan lyan sruning batos,jiwaraga kang dadya lirune,ajrih asih
sumungkeming batin bibaripun bakti, sampun liwat luhur. Sowang sowing denira
sosami, asarwus rumantos mring lun ulunlawan turanggane, artawa tanggeming
prapriyayi kampuh kuluk langking, sami ngangge baju. Kelet putih prasami
mathinthing, lawunge cinoncong, pontha-pontha lawan sabawahe, palang bekel wus
samimiranti, kemput urut pinggir, dhangah apepayung. Kanjeng gusti wus mijil ing
jawi,nora ngagem dodot, ngagem kuluk bapangan arane, lenggah aneng paseban ing
jawi, kursi wus sumaji, sadhiyan tatamu. Para tuwan nyonyah kang ningali, ing
pasowan amor, lanjeng gusti gya munya kang bendhe, lawan munggang
garjitaprasami, nyepeng sodor nitih, kuda kudanipun. Pandhan-pandhan tetandhingan
sami, asrilamun tinon, nirig lembat respati solahe, besus besus kang sami anitih, keh
wigyeng turanggi, parigeling lawung. Ki Dangulu miwah Ketileib, tumut nyepeng
sodor, bau cemeng nglewe sarebane, racak ngangge rajut kang turanggi, pantes
lankang nitih, weh reneng pandulu. Kehing kuda rantap-rantap keksi, saestha yen
tinon, kadya pagrjajarak sikile, carongoting sodoe busanani, lawan janur kuning,
papaesing lawung. Rawe-rawr lir sulur waringin, yen winiyat sing doh, rembyak-
rembyak maweh sritingale, ngawe-awe nut siriging wajik, sestubusanani, rengganing
lun-alun. Tengah bandera pinanjer inggil, kaledhere tinon, sing kadohan akarya
senene, umbul umbul kanan kering margi, tinempuh ing angina, saestha kukuwung,
Tejanipun kang ngasta nagari, yeku jeng bupatos, marma ngimbuh lun-alun arsine,
keksi sing doh kumelap nyeneni, biru rekta putih, dumelng dinulu. Dhasar lun-alun
ing Panaragi, satuhu kinaot resik-gasik gumrining sitine, wrata bersih sukete
balindhis, katiga wus lami, tan ana kang thukul. Pukul gangsal hyang Rawi wus
lingsir, sampak lan kekayon,jwalanira sumongrot sorote, tempuh lawanpakeyan
turanggi, miwah tepi-tepi, tarakipun kuluk. Ting galebyar lir thathit sisiring, karya
sukeng batos,rempek rampak turongga tandange, bangkol-bangkol sirige keh dadi, nut
rarasing gendhing, ratuna keh baut.
Kehing janma kang naningal, tan petungan agung alit, jalu estri ambalabar,lirjaladri
tanpa tepi, anganti tumpangntindhih, mubeng sacangkok lun-alun, kaisening sujanma,
lir gugunungan kaeksi, ngarsa andhap ing wuri tumpang tumpangan. Cik-ancik ing
pager bata, mukajan malir upami, wismaning tawon tetala, cublik cubliking kang rai,
sunaring netra kadi, enthunging tawon kadulu, tan among jroning kutha, janma urut
pinggir wukir, marma kethen ayutan gunging sujanma. Perlu miyat karameyan, dhuh
adhuh kang aningali, dene sami busanen danh, tan ana kang katon busik, awit wektu
riyadi,punapa sadar benipun mangsane papameran, keh sosotya lan retnadi, pating
glebyar kasonganing diwangkara. Sangkelat lan sutraleksana, kulambine wong
ningali, endah-endah ing wanita, wong kuning samya jakiningm mathinthing
mindhing-mindhing, yu-ayu keh mesu guyu, kadya sekar setaman, monca warnaning
pawestri, ting parelok lolok-loloking wadana. Sinome amicis anjrah, kathah ingang
dhangir alis, thi-athi anujweng karma, cacenthunge amalipir, lir tontonan swargadi,
adi-adining kang dulu, dhedheg bendi kareta, marapet pepet ing pinggir, kang nitihi
dayitaning kang pratiwa. Tan susah malih winahya, temtu tan sami janma lit lir pisang
munggeng tadhahan, meloking warna kaeksi, wreksa wuleting alit, ngatonken
pasemunipun, wau ta ingkang watang, dupi mider wanti-wanti, tandya neseg
pradongga turonga mangrap. La wung wus samya binuwang, turongga keh ander
pati, balapan ata badnhangan, lancing linancang ing ngarsi, kuda saingga thathit,
raharja saayanipun, pukul nem denya bibar, kempal kerid dening patih, putra dalem
radian mas Cakradipura. Ginarbeg para pratiwa, mijil sakilening panti,
pasowanlampah tinata, songsong sodore den ampil, tinon danat respati, ririh rempeg
lampahipun, marak aneng paseban, nulya sinugata warih, selsewaterlan setrup
ucaping janma. Nyamlengipun denya watang, teka marengi ing ngari, setumarma wus
sayogya, netepi setoning nami,maleme minggu latri, bujona pista lan nayub, mring
jroning kabupatyan, pratuwan nyonyah keh prapti, prappratiwa bapangan gem-
agemira. Patih kolektur wadana, samilenggah aneng kursi, onder wdana ingngandhap,
kasukan miwah mamain, setoter tengah latri, mijil dhadhaharanipun, minuman warna-
arna, wus ingnadhah gya kundhisi, kanjeng tuwan asisten surak gumerah.jeng gusti
tumutur dhawah, kundhisi aganti-ganti, surak use balambalan,kurmat mriyem
gegeteri,barung mrecon nimbangi, nganti oreg swaranipun, tumulya tandhak
medal,jeng gusti karsa murwani, rame umung keplok surake gumerah. Tur larih
pratuwan tuwan, litnan cina lanpriyayi, sami tuhunjuk-unjukan, ganti-ganti
kangmurwani, anganti gagat enjing, pukul gangsal bibaripun, gungipun wonten
ningal, moncap raja kathah prapti, sasadeyan ing plataran warna-warna. Bebakul
sugih sakala, wiwit enjing kongsi ratri, wangsal wangsul mulih bethak, sakedhap bae
wus enting, marma suka kepati, ing plataran ngundhung-undhung, tarutaru pawuhan,
sinapon ngnati saari, dereng telas saking gunging roning tedhan. Baledar saparan
paran enjinge malih keh prapti, para pensiyun angguran samya prelu mangastuti, wus
lenggah kanjeng gusti, ing madyaning pandhapa gung, pra putra prasantana, adaya
dipun timbale, mentas ujung siyang kinen tunggil dhahar. Leseyan anganti siyang,
pukul tiga bibar sami, titidenya barang tembang, tarlen minta pangaksami,
sarukakening warti, eman lamun tan cinatur, endah ingkang rarenggan, rinipta ing
Panaragi, depangindhung pun Ngabei Mangunbrata. Tamat.
==================\=====================
Candhakipun cariyos Pethikan saking serat dhalang Basa Malayu
Nayaka wak trawotsari, nulya murwani carita, alon teteh ing nature, inggih jeng
srinaranata, nalika jaman kina, wonten raja nagri indhu, kang kalika ing buwana.
Kranten jaya anta-anti, ing ranangga ngrurah rwang, meh tan ana timbangane, puwara
keh ratu liyan kabawah ing sang raja, nganjalingus w wapadasru, wingwrin tyas
konjem bantala. Wau endra bathara ji, asinung kawicaksanan, kretarta ing kawruh
kabeh, ngatasing pamusthi praja, ngeman mrig prakawula,mila den sihi trus kalbu,
dening wadya lir sudarma. Deta sang minulya aji, Dhabikelim jujuluknya, ireku
tansah mandriye, prasida arjaning praja, senenging kawulanta, samiya amolih untung,
tebiha saking sangsara. Sakyehning kitha kaeksi, akathah ponang dipongga, titihane
maha katong, kang kenaingngnaggo aprang, balatan raningang, kathah prakoswa
dipbyanung, sudira tanggoning yuda. Dhabikelim narapati, langkung sugih raja brana,
tanapi raja penine, lamun kasudananira, kawijanga sadaya,byakta tanapurnanipun,
rinonce ing gitarengga. Saluruh Karajan aji, ana kuthane myang praja, akathah
pakampungane, aresmi gemah raharja, tiyang alit sadaya, derantuk baksananipun,
krana becik tan kuangan. Sangya lurung geng jro nagri, tan akaton wong miminta,
kang sarta titiyang kere, jalaran ing bab pariman, linarang datan kena, wong jonjang
bubruh myanglumpuh, rare lola tiyang wuta. Lan tiyang sepuh kang sakit, tanapi
janma cintraka, tan kaliwatan jugane, samya pinaringan boga, sandhang arta balonja,
dening kaadilan prabu, myang tan kirang ing prangreksa. Sang nata tan pisan apti,
angluhurken jenengira, ngatasing kaniytamane, muwah tan limut sapisan, marng
pangreh nagara, kang para data sadarum, kanimpuna lan sidyana. Pangkume marang
abdi, gedhe cilik tanpa bda, utawa bau kapine, tansah wewaton kasidyan, tandya
ingkang kawarna, rikala sang prabu lungguh, mungging dhamparing Karajan.
Nitiradya lan bupati, saerehira pratiwa, sadaya samya sumiwe, anaing poncakarana,
kulayaduha kthah, kang sowan ing jro kadhatun, tarap neng ngabyantarendra. Tantara
srinarpati, andhawuhakenpangandika, kinen karya pista gedhe, lan ngaya mring liyan
praja, nimbali prabudiman,lantiyang akim sadarum, pinrih mumulya riaya.. Riwusing
para tetami, ingkang saking moncaradya, samepta sowan kedhaton, sang nararya
nulya lenggah, manggihing pratetamya, lans ung panembrameng rawuh, kanthi rum
artati sabda. Tan sapangu srinarpati, alalwa paring sasmita, lumekas bujana andon,
gya tekakangpasugatan, samya enak sadaya,myang adi ing warnanipun, neng
tipayaruksmi slaka, Ing tatkala jronig bukti, tinatap langen ing praja, yeku kyehn ing
unen-unen, lan lagu arum mangraras, satata weh wulinga, marang sagunging tetamu,
kang lagyeng camam bujana. Sawuse sadaya sami, katek bujana don suka, bubar
dhahar gya sang raje, akarsa imbal wacana karo para tetamya, ing bab ikmat
lawankawruh, atanapi kabecikan. Antara pratamu sami, ana ing sajuganira, kang lwih
becik gupitane, atas eberireng budya, sojare tiyang teka, yawn eber budi puniku,
ingknag abecik priyongga. Wit tyang ageng alit samil, wreda tanapi taruna, bangkit
amitongtonake, kamurahaning atinya, nengguh tiyang kadyeka, asih samining
tumuwuh, sarta tinrima ing Allah. Rinaos raos sang aji, yen rembuge tyang budyeka,
bener lan becik kinaot, milar sapinet warsita, nulya nata paentah, marang sajuga
abdinipun, manbuka perbendha aran. Arta pirang-pirang kethi, barangkancana salaka,
kang molek molek warnane, lan sotya nawaren endah,kathah sami winaya, sing
perbendha aran wau, sigra binage sang rja. Marang kabeh tiyang miskin, tuwin
titiyang warondha, lan rare loola sakehe, sarta marnag paa wibra, muyang wong
ngelmu samuha, ing jroning nagri sang prabu, tanana kang kaliwatan. Sawuse srinata
mbagi, kang punang dyana wimala, tumulya kondur ngadhaton, anjujug mring
pajungutan, risaksana anendra, ing reh wardaya sang prabu, manyotar daka lesatan.
Dumadya sajroning guling, sakedhap kehdp nypena, nihan kang katon ngimpene, ana
wong mota sam teka, cahyane marakata, maestha purna maenu, anabda marang
pamasa. Lah sang prabu Dhatikelim, rehne rireke paduka, weh saharse mring wong
akeh, tan ngeman mring kasudanan, byaktarda berbudyanta, mangkya mbar
sasungireku, ganjaraning kamurahan. Sira ari benjing-enjing, durunge angkara mraba,
karsa anitih kudage, nuju angetan kewala, yekti mangkepaduka, manggih raja brana
agung, alarang pangaosira. Sajati aprawiteki, irantuk wimbuh kamulyan, kaluhuran
ngebatake, anganungi para raja, sageng napping buwana, tamating supenanipun sang
srinulya wungu nendra. Antya sutrasthaning galih, sigra ngarcana hyang suksma, kaya
adapt ing sabene, pendhak ingnalika enjang, ngucape sokur mrin gAllah, saksana sang
mahamulku, amundhut turongga kuswa. Sampuning nata manitih, gya linggar saking
puraya, anuju mangetan bae, sigra prapteng ara-ara, jembar angilak-ilak, tanpa duk
sinadinulu, nareswara nir sadarga. Lalungak sianganangan ngeri, tuwin mulat marang
wugyat, nggih dereng wonten kang tinon, kang tetes lan kang supena, nanging dupi
sang nata, dumugi anggraning gunung, kang ana guwane juga. Akaton wong kaki-
kaki, lungguh neng ngarep ing guwa, sang nata mrepeki age, arsa ararywan sakedhap,
tyang kaki-kaki ika, akasar panganggenipun, lir wong ahli manguntapa. Amanganggo
tilban putih, ujwalake swane pethak, kaya salaka warnane, sing waktrane pa
katondha, lamun tiyagnmursada, nulya mareki sang prabu, nganjali sujuding lingira.
Suwawi risang narpati, ywan saharju tyas paduka, tedhaka ing guwa ngrike, ngingsepi
samun kahanya, paelan puraendra, rinengga sarwendah murub, weh kacaryan
sinatmata. Nanging kawruhana ugi, Manawa raja dukina, inggih akarsa kapanggoh,
lawan janma pekir tapa, yeku minongka cihna, berbudi darmaning ratu, tan tampik
ring miskin sudra. Nata mangsuli sabdaris,eh wredaywadarbecipta, yawn ingsun
gampang pinanggeh, tiyang saleh lir adika, mangkya sun kadreng dahat, amimitran
lan sireku, temen-temen trusing driya. sArta ing paminta mami, lamun sira duwe
susah, umatura ng sun age, wit ing wngtutulung arsa, krana pangajaping wang, yen
sira nyembah hyang agung, nyuwuna barkah mring kita. Sawuse sridhabikelim,
wawan sabda lan wong tuwa, anyengklak nitih kudane, dwisthane ayun umangkat,
wong tuwa nulya mojar, lah nata pupundhen ulun, karsa amandheg sakedhap.
Mirengnaing ngatur patik,lamun tiyang mangunbrata, kaya dene lulun kiye, kinira
tiyangmalarat,ing guwa wisma amba, wonten raja brananipun,kang pantes katur sang
nata. ARta bondha ulun teki, dineha ing rukmi slaka, myang sosotya lan liyane,
barang ingkang endah-endah, pusaka saking bapa, nguni duk tumekeng
lampus,ngingpukulun alenggana.Ngangge barng kang kadyeki,asta maning wrdaya
mba, muhung yitna mring hyang widhe, sarta jaman kalanggenan, tuwin slameting
jiwa, kasudananing donyeku, datan pisan kula etang, Anging paduka narpati, kengin
gngangge ardaneka, seraaya gung pigunane, lan mrih basukining praja, marma
pukulun minta, yn amalap sadayeku, kang aneng guwa punika. TAtkaleka
sribupati,langkung sukaning wardya, dene kabeh ingkang tinon, ceples lan
supenanira, gya pajar mring kireda, kaananing impenipun kang katon sajroning
nendra. Wong wreda matur wotsari, inggih sang maswa narendra, supena paduka
mangke, mongka dhawuh ingpangeran, den arsa ganjar sira, raja braneku sadarum,
kang wonten guwa punika. Taksih wonten candhakipun.
Ktadhan penyalin Basah ing Lamongan.
=======================\===========================
Ongka 44, Kemis kaping 31 Oktober 1878
Pawartos saking tanah Eropah

Ingmangke sampun tamtu anggenipun sampeyan dalem srimaharaja Badhe


apalakrami, angsal putrid ing Waldhek tanah Dheitselan menggah benjing punapa
dhaupipun dereng katamtokaken.

Pawartos kawat.
Sarehning bongsa natsarani ing tanah Turki, sami anyuwun kaayuban ing Ruslan
pramila unduripun wadyaning praja wau kasigeg.
Tanah Bosnia sampun kadunungan wdya Ostenreik
Kajawi ingkang sampun kapranata wonten konggrs ing Berlin Ruslan ing mangke
rarembagan kaliyan Turki, bab pambayaring lintuning waragadipun peranging kaliyan
Turki.
Grikenlan angucik mulungipun pasiten bawah Turki, ingakng sampun
katamtokakening konggres kagelengaken dhateng bawahipun praja wau.
Abib abdurahman badhe kaangkataken dhateng ing Mekah, mawikapatehdan balonja
sawulanipun 25.00 rupiyah.
=====================\==================
Surakarta
Raden Angabei Dipamartana abdi dalem Panewu pangrembe krapyak mentas
anyepeng tiyagn wonten ing margi, jalaran nalika dipun takeni ngaken nama ADipati
Jganagara, ingmangke tiyang wau sampun kakunjara, sarta katindakaken
papriksanipun ing salajengipun parentah nagari mugi sampun ngantos kabesturon
tiyang ingkang makaten wau naming kaewokaken dhateng tiyang ewah.
Nalika kaping 28 Oktober punika wanci jam 8 dalu woten soldhadhu kakalih sami
adamel reresah wonten margi sacelaking griya pajagen ing Natakusuman sareng
kadhatengan tiyagn tandang soldhadhu ingkang satunggal malajeng magnaler
satunggalipun mangidul ingakng malajeng mangidul wau ing samargi-margi kaulasara
dening tiyang ingkang tandang ngantos rekaos sanajana sampunboten pisnan-pisan
kaconggah anglawan ewa samanten wonten satunggaling priyantun anamakaken
dhesipun dhateng soldhadhu ngantos gumuling ing siti boten ngarejet, acumandhaka
sumundhul ing ngatur patrap makaten wau, punapa boten kenging kaewokaken
dhateng tanduk siya aniaya, leresipun bilih tiyang adamel raresah lajeng kacepenga,
nunten kaladosna dhateng parentah.
====================\======================
Yogyakarta
Nalika kanjeng gusti pangeran adipati ARiya Mangkunagara wonten ing ngriki, karsa
tuwi dhateng kanjeng raden ADipati Danureja ingkang pinuju gerah, awit sakign suka
bingahipun dipun tuweni wau, kanjengrahaden adipati anyaosi tatenger arni waos
ingkang mawi kataretes ing sosotya, saha sanet ampuhipun tiyang kaberet sakedhik
kemawon masthi andadosaken pejahipun, sarehning sampun katelah dados adatipun
bongsa walandi tuwin jawi, bilih anampeni bongsa lalandhep kedah kalintonan yara,
tegesipun lalandhepingakng katampenan wau sampun ngantos amagas pawong
mitranipun pramila nalika kanjeng gusti pangeran adipati ariya mangkunagara
anampeni waos wau, lajeng angulungaken talen satungggal.
=======================\=====================
SEMARANG
Ing dhusun Sidarawuh mentas anuyepeng tiyang amandung lare, anakipun tiyagn ing
dhusun Elo Ireng, pun Siman ingakng mandung lare wau, sasasmpunipun dipun
pulasarangantos alempe-lempe,kadangu lajeng angaken bilih anggenipun anglampahi
mandung lare, amargi saking pangojok-ojokipun saweneh kaji, mawi dipun epahi
satus rupiyah, sanalika yatra lajeng kadedahaken para tiyang ing ngriku,
sasampunipun siman kaladosaken dhateng ing dhisrik.
Sawatawis dinten laminipun pun Kasan dipun ken ken lurahipun atumbas eis mawi
kabektanan yatra kertas anganggsal ruiyah, saha kaetutaken anakipun lurah wau, lare
saweg umur sakawan taun eis boten dhateng, pun kasan boten wangsul pun lare boten
manthungul ibata priatosipun tiyagn sepuhipun pun lare, mandar kesahipun pun kasan
wau boten anilar lacak sareng watawis gangsal dinten laminipun pun lare katilar
wontening dhusun Buyaran kapupu tiyang amande ingkang lajeng kaladosaken
dhateng wdana ing Grogol ing mangke lare sampun kawangsulaken dhateng tiyang
sepuhipun, sumongka sami kagalihtiyang kakalih kasebut ingnginggil punika, pantes
tuwin murwatipun kaukum punapa.
Kaji Dul Sukur ing dhusun kalayaran kaatag kesah saking dhusun wau, awit
anggenipun aside apyun peteng kapenging anggenipun anandukaken patrap salngkuh,
ananging pun kaji kabujung ing melik pramila sanadyana murang sarak mandar
adodro panyadenipun apyun kalampahan katundhung wau, ing mangke Dulsukur
badhe angaleh dhateng ing kalayaran kidul esrinipun boten pruun saking bebeging
manah estrinipun dipun penthung, ngantos kalenger kagrijug toya kalih tong saweg
saras tiyang sepuhipun pun estri sami alok boten tarimah.
==================\==================
Camburan
Wonten kere angemis wontening tepinng radinan saweneh kaum ingkanglangkung
amurugi lajeng andhawahi yatra, kere sakalangkugn panarimahipun sarwi amumuhi,
makaten lah sanet panuwun kula kiyai kaum mugi panjeenngan dalu punika kondur
dhateng ing jaman kalanggenan lo mengko ta aja kasusu, besuk barengan bae, mulane
kowe dak pujekake dawaha umurmu.
Wontennem-neman kakalih sami pethukan wonten ing margi, ingakng satunggal
lajeng angaruh-aruhi, lah kabeneran aku katemu kowe,arep atakonmarangkowe
ananging lagi kalalen ayo padha amampir menyang bak men kene dhisik sareng
sampu nsami lumebet ingkag wicanten wau lajeng aken anyadeni bakmikalayan
ubarampenipun sasampunipun telas anggenipun sami anedha, ingakng wicanten wu
anyambeti, e iya, kaelingan aku saiki, saktemene aku arep utang dhuwit marangkowe,
dak enggo bayar bakmi kangpadha dipangan mau.
Lare ingkang wicanten temen wonte tiyang ingkang anglampahaken yara dintenan
apitaken dhateng anakipunjaler, thole, kowe besk arep dadi apa, lae amangsuli, tiyang
murka bapak lo iku pagaweyan apa thole, inggih bapak saben tiyang mantes mendhet
yatra saking sampeyan masthi wicantenipun dhateng kula makaen: o iki besuk iya
dadi wong murka kaya remake.

Isarat sirnaning tinggi.


Amben ingkang kathah tingginipun saestu boten anentremaken tiyang tilem icalipun
tinggi wau gamil sanet epang utawi godhongipun uwit kalampis bilih kaselehakening
panggenan ingkang kathah tingginipun sawatawis angunipun tinggi lajeng sirna, isarat
wau sampu kathah ingkang anyobi, wekasanipun amikantuki sanget.
Kula nuwun panjenenganipun redhaksi manawi kaparne ghdangan ing panggalih,s aha
sela ing papan, atur kula punika mugi kapacaka ing pakabaran taning Bramartani.
Awit inggal punika kula manggih serat katiwar,wonten ing pawuhan, sareng kula
tingali cucuwilaning bramartani, tilas meal dinten kemis kaping 17oktober 1878
ongka 42.
Ing ngriku wonten tatembunging sastra, anirokaken pangandikanipun tuwan
risidhen,nalika kepyakipu jumeneng dalem kanjeng gusti pangeran adipati ARuya
Suryadilaga, pangandikanipun kanjeng tuwan risidhen makaten, (pangeran Adipati
kala rumiyin wawengkoning pakualaman arja sanget, sadaya ingkang manggen ing
wawengkonw au sami rumaos asrep manahipun, kala samanten ingakng jumeneng
rama ing jengandika, sasurudipun rama ijengnadika bawah Pakualaman kirang
tentremipun, pandung tuwin keu asring aseing wonten, ingkang sami kapiji
anggentosi rama ing jengandika,boten pisan-pisan saged anyammeni lalampahipun)
Saweg dumugi samantenpamaoskula lajeng kogug, kalampahan tangi salebeting
sanubarikula, tumunten mangasahkalam panurat, winahyeng pabaratan ing
Bramartani punika, awit sanget pangunguning manahkula, dene kok pangandikanipun
kanjeng utwan risidhen mawikatambahan (pandung tuwin kecu asring wonten) lololo
punika kados pundit nun nun.
Punapa malih suraosing tembung panjenenganipun kanjeng gusti kang kaping III
kagelengaken dhamel sudaning tentrem ing Pakualaman, bnab punika inggih kirna
gkayektosanipun, kang mongka saking sumerep tuwin pamireng kulak ala
jumenengipun kanjeng gusti pangeran ?Adipati ingkang kaping III wau dereng wiwit
gempalingtentrem, pangraos kula tesih raharja.
Wasana ing mangke wonten ingkang nandhukaken pangerang-erang, satengah
ngansoraken kaluhuraning gusti kang kaping III punka sinten, manawi priyantun
ingPakualaman sumonggata kula aturi mratelakaken asma apngalipun ingkang saestu,
badhe kula aturi ngabentik swaning kalam nglairaken lulungidan, supados sawatawis
anyenengaken pabarataning Bramartani.
Ngayogyakarta kaping 29 Oktoer 1878
Katandhan Mas CEkruk TRuna.

Kula boten amawang amacak panjurung punika, embok bilih kawastanan bau kapine,
inggihleres nalika jumeneng ipun suwargi kanjeng gusti pangeran adipati ARiya
Suryasasraningrat ingakng kaping III, balejat balejat kaengetan kula wontenipun kecu
bawahing Yogyakarta among balenteng balenteng kemawon nalika samanten bawah
ing Pakualaman kaambahutawi boten kula boten kaengetan kilap bilih pun cekruk
turna sage amratelaken wonen utawi botenipun sampun angsah kalam panurat tam as
muindhak agigirisi, sanadyan angabentik swaraning kalam utawi anglairaken
lulungidan ngemungna anggepok nalar ignkang mahalani dhatengityang ignakng
angaken balilu kadosta kula. Jurungarang.
===================\======================
Candhakipun cariyos pethikan saking serat dhalang Basa Malayu.
Nalikane sribupati, miring ature wong tuwa, langkugn asta magaliye, tumulya ngatag
wadyanta, kan glumirig laksana, ngetoken arta bondha gung, saking guwa don
kiwreda. Ring sampuning para abdi, junjungi sela goraya, alal wakeh barang katon
yeku makutha kancana, pinatik ing sosotya, cahyane gumilang mancur,tialep
mamaladriya. Kalpika, mawaretnadi, gelang lan kalung apelag pinarmata abramurob
gugubahan moteara, myang pethi mas akathah, isi rerenggan sadarum sakarukmi lan
salaka. Srinarpati Dhabikelim andhawuhaken pangandika, ambukak pethi sakehe,
dupi punang pethi menga, sangnata sru ancarya, karanten katon supenuh, isi barang
pupuluhan. Sadya apik ing warni, alarang pangaosira, datan karuwan tapsare, deta
pethi kang sajuga, suan tyan dah kawruyan awig ing pakirtyanipun sinasotya
amradipta. Kuncine kan gpethi adi, sinasri ing nawaretna, abramarkata lawene,
sanggyaning kang para miyat dheleg kabyataneram akakenen driyanipun kacelu
andarbenana. Nanging tan ana kang bangkit ambuka pethi punika, awit an ana soroge,
wus ing ngubrets den upaya, peksa taman pinanggya,mongka sang gsrigung mahayun
uning jrone ethi ika. Wus utusan sang maswaji, marang sajuganng wdya, animbali
tiyang pandhe, muyang mawan pirantinira, nanging ugi tan wigya, amambuka pethi
wau, temah kalagyan binedhat. Wus umenga kang pethi, ana bogeme sajuga, , kalalun
peni rupane, parekising dhadhapuran, ginawe sing kancana, nyulah senene lir tengsu,
sungkumesar kang tumingal. Bogem den ambil sangaji, sanalika dipu buka, isine tan
ana maneh, mung gulungan sutrapethak, amawa tutulisan, yah udi ing sastranipun
sarta dene basanira. Sang nat tatkala ngaksi,nitya saeraming nala, dyan dangu marang
abdine, nihan delinging sabdanta, apa ta pakenira, wruh tegese salayang iku, kang
dinangu matur nembah. Mok bilih serat puniki, pepengete tiyang kina, kang rawat
bondha sakehe, wonten ing guwa punika, ana maneh kang mojar yawn isi jimat mrih
sampun, bondho kaana kang ilang, Nging ature para dasih, sikitan ana ginega,
aprawita sakabehe, smya tan bias umaca, tulisan kang ratistha, aneng sutra pethak
wau, lan tan mangreti basanya. Nareswara mgamdola ros. Omg sim la[emgom
la;omtamg. A,amgrimgi omg imomge. Ti;osam di,imimg sira. Mata gua mgitis
wadua. Djomawijam a,amgririj. Tyang p[arameng basa monca. Kang Liningan mentar
aglis, lampahe agegancangan, mangya cekakne kanangreh, cara kagyane ngupaya,
janma wrin basa monca, wus olehden irit laju, sowan ingngarsa narendra. Duk tiyang
alim sumiwi, banjur sinambrameng nata, wit saka sukeng galiye, dene kaarsaning
driya, denira yun uninga, artinign tulisan wau, masthi bakkal kaleksanan.Wus seda
ngusawatawis, gone janma alim prapta, sang aja parentah age, amendhet gulungan
sutra, kang mawa tutulisan, saksana pinring ken gupuh, saryan dhawuhken andika.
Ingsun kaliwat mahapti, wikan tegeseing tulisan, kang tumrap ing sura kuwe, marga
ingpanarkanigwang, anyebutken prakara, ingkang maguna aperlu, ngatasingjeneng
manira, Sasampuning tiyang alim, umaca ing kang tulisan, kan gana ing sutra uteh
tamat yitna surasanya, sigra matur sang nata, mangkana ing sojaripun, dhuh rising
maha narendra. Byaktane serat puniki, ardana kang luwih endah, tinimbang rukmis
lakane, tuwin sosotya sadaya, sabab serat punika, isi wuwulang kang ayu, sarta
nasihat sunyata. Kang karya slamet sang mulki, saha marang Karajan tamyang tiyang
praja sakehe, ing mangkyambayun umaca, tulisan kang neng sutra, sarana sinalin
tembung, lah mangkaten ugnelira. Ing sun using srinarpati, iyaingkang sah ing
ngalam, nyimpen laying wasiyate,lan kyehning dyana wimala, ana enggon punika,
mamrih ing ngalam sadarum, dening Dhabikelim raja, Daruna ing wang wus tas dik,
sabakdane ing sun seda, Dhabikelim sangakatong, kang marentah bongsa iNdhya,
lawan oleh bondheka,myang serat wasiyatipun, drapon manggih gung kabgyan.
Kawruhana Dhaikelim yen tyang suciing wardya, wastu tan winutakake, denig cahya
mas salaka, tuwin senen sosotya, nanging sinten janmanipun,ingkang kukurangan
yitna.
Taksih wonten candhakipun.
Katandhan PenyalinBasah ing Lamongan,
======================\========================
Ongka 45,Keis kaping 7 NOpember 1878
Pawartos saking Eropah
Praja Ruslan andunungaken wadya wontening Bulgarei tuwin ing Rumili, tanah
Turki, kathahipun 120000 tiyang.
Prenah sawetanipun edi Balkan tanah Turki Praja Ruslan tuwi Grikenlan sami
angebahaken wadyanipun.
Praja Turki mentas angundhangaken pranatan Bab lamahanipun paparentahan ing
wawengkonipun golongan tanah Asiye, makaten wau tuwuhing rembagipun praja
Inggris.
Tiyang alit ing masedhoni bawah Turki sami amadeg kraman anyuwun kagelenga
dhateng Bulgarei, ingkang ing mangke sampun pethal saking Turki.
Sadaya serat pawartos ing Ruslan sami mangajapa laganipun malih saha wadya
Ruslan ingkang wonten prenah eleripun Istambul boten purun oncat saking tanah
Turki,mongka kesahipun wau sampun katamtokaken nalika konggres.

Pawartos saking Aceh


Tuku Bait ingang mesas anungkul sampun kalilan wangsul dhateng Cutbodhoh, ing
mangke angaturi pratela bilih tuku Lamkunyit ingkang anggentosi tuku Nekpurba ng
Mukim Songa, ugi anyuwun nungkul tuku Imam Saha pangageng sanesipun ing
Lamjampu, , tuwin wakilipun pangageng ing Indrapurisaha Imam pintang ugi
pangageng ing Indrapuri sampun sami sowan ing Kitharaja
====================\========================
Surakarta]
Wonten pawartos ingkang sampun kawentar, bilih ing salebetipun wulan Besar
sampeyan dalem ingkang sinuhun Kanjeng Susuhunan Badhe amikramekaken putra
dalem titiga. Kadosta:
Kanjeng Pangeran Ariya Mataram kadhaupaken angsal Raden ajeng Kusretna
martanyah, purtainipun Kanjeng Pangeran Ariya PUrbanagara.
Raden Ajeng siti Suyah kadhaupaken angsal kanjeng Pangeran Tumenggung
Bratakusuma.
Raden Ajeng Umi katun kadhaupaken angsal raden mas Ariya Atmaja.

Ing mangke para tiyang aninali telikipun pak apyun sami kinen bilih medal ing
radinan ginarebeg konca pulisi, angler tenung ingkang badhe anumpes manungsa,
sampun boten wonten kendhatipun saben dinten anjajah pakampungan galedhahi
griya, utawi angandheg tiyang wonten ing margi, tur angsal-angsalanipun boten
amirib kalihan pratingkahipun saweneh anggumunaken anggenipun asring amanggih
apyun wotening panggenan ingakng wau sampun jalimet panggeledhahipun mongka
botenkapanggih ing sakedhik-kedhika, punapa patrap makaten boten kaanggep
anyalawadi,pramila para wajib mugi anggalih alalamah makaten wau, saha para saksi
ingkang majeng ing rol ing mangke prayogi kaimbara, tiyang galedhah makaten kados
pulisi bawah ing Rembang punika ahdemenakaken patrapipun boten pating karoncal
ajalalatan tur ing wulan ingkang kapengker ing salebtipun sadasa dinten angsal-
angsalanipun 363 katicandu,lah makate ta :Prawira saha amaregi pituwasipun.
Mentas punika wanci dalu sacelaking kaparapatan Gemblegan wonten prayantun
mendem kadhabyang denng arganipun sakalangkung andoadosaken gidhuh tuwi
kagetipu tiyang ing pakampungan anunten wonten satunggaling tiyangkampung
anggugah tiyangjagi upados anandukaken wewenangipun dhateng tiyangigakng
damel gidhuh wau, ananging tiyang patrol amangsuli kalayan gampil Omas kula ajrih
yen tiyan gmedem ditogake mawon inggih empun leres sanget wangsulan wau, awit
sasumerep kula dereng wontenpranatan ignang amatrapi dhateng para tiyang ingkang
adamel kagetipun pakampungan kacepenga inggih tanpa damel:
Kawattos wonten tiyang kalih tiga ingkang pejahkaparag sasakit kolerah, awit saking
punika sakalankung amikantuki bilih titiyang ing mongsa mangke, sami anjagi
badanipun sarana angombe ingkang mawa raos benter, inggih punika wedang jae
tuwin weang mrica, sarta anedhaha ubat anget amargi isaat wau sampun katondhaha
maedahi.
Saweg wonten jawah sawatawis dinten margi salebeting kihta kathah ingkan gadados
leleran prayogi sanet bilih nagari bab ing punika angencengna dhawuhipun dhateng
paa tpiyantun pulisi kabupaten lurung bawah kadipaten sampun awitipun karikil ing
mangke lurung wau katingal sae.
==================\\=-=====================
Yogyakarta
Pasamuan in gPakualaman nalika tanggal kaping kalih wulan punika, mawi anyuled
kembang api, katingal bilih angresepaken ingkang sami ajagong,sampeyan dalem
ingakng sinuhun kanjeng sultaninggih anedhaki mangagem pangagemipun jendral
mayor, kadharekaken para pangeran putra Santana dalem tuwin abdi dalem para
nayaka saha sanesipun bibaripun wanci jam tiga enjing.
Mentas punika tiang kakalih awasta pun Kasan raji tuwin pun Nayawijaya, ing
dhusun Samiran bawah ing Kretek sami dhateng ing wana tenunan bawahing Redi
Kidul badhe angrencek kajeng, wonten ing margi saelaking wana wau sami aningali
sima,ingkang angleresi tilem Kasan Raji boten saronta lajeng anamakaken kudhinipun
temahan sima pejah.
Para wajib sami dipun aturi anuweni, bilih mangke ing kampong beskalan
golonganipun kampong Gandhekan tuwin ing Pacinan sami wonten ingakng
ngadegaken ngabotohan mandar ingkang asuka pawartos wau dhateng serat Mataram
amratelakaken bilih papanipun angabotohan kaelih dhateng ing sanes panggenan
sarehning pratela pangelih wau naming kasamun kemawon kados para wujib lajeng
saged anggayuh pikajengipun sanadyan anglengkara bilih ingakng keener wau purun
maha anerak parentah ing nagari, anangig embok bilih sawek kasupen.
===============\========================
Prayangan
Ing Cianjur wonten tiyang lawas ta oun aswata oyb Auo ubgajbg abgabgjag naga
anehagukare a\estru abana oyh Hybagm kare way bgabtis jatatib gabgsak oabggebab
wag sabget hybag ubg abgje jaoykasara wibteb ubg rinag sajum auo jaceoebg debubg
oykusu ubgajbg sanoyb abgjebu ubg jakeoatabuoyb atyruoyb jakubty tutabguoyb
ubgajbg oabceb vadge duoy boehagum ubgjabg duoyb abgjag vihibuoyb ubgjabg
nebtas duoy oegat saga abybgguk sagrutajakugab oyb Hybag waym
ababgbgjaterabgabuoyb oehaguoy hybag oabcebjaabgjagm awut sasanoybuoyb
oegatjakugab vihibuoyb oyb Hybag vadge duoyb ravebu viteb oyryb. Ing mangke
bawah ngriki codhot angrebda, ingakng sanget angrisakaken palairnanipun para alit.
=================\==================
SAMARANG
Pulisi ments angentasi jisim sakin gpalabuhan sarehingjisimw au kelemipun mawi
dipun bandhuli jangkar, pramila pulisi gadhah cipta bilih pancen jisimipun
tiyangingkang dipun niaya, katiti pariksa katernagnanipun inggih yektos pancen
tiyang maha dipun pejahi, awit nalika gesangipun angimbalaken kopi dhateng palwa,
dipun ajag sakuthu nyidhem kopi wau boten purun pramila lajeng dipun pejahi
kancanipun.
Camboran
Wonten tiyang atutuwi ingg griyanipun tiyang sugih ingkang sanget ethilipun
sarenglumebet ing griya, tiyang cethil kapanggih angadhep meja saweg anyathoki
laler, sareng panyathokipun laler angsal satunggil lajeng kalebtaken ing wadhah
gendhis saha katutupan ing tutupipun tmu apitaken menggah partap mangkaten wau,
wangsulanipun tiyang cethil kadamel teetnger manawi gendhis kacolong denign
rencang, nunten sumerep awit laler ingakng wonten salebeting wadhah gendhis
amasthi abur, dados katawis bilih wadhah wau ments dipun ungkabi.
Ing Bandhah wonten tiyang kakalih sami andhudhuk bangkowang angsal satunggal
iji ageng, ingakng sakalangkung adadosaken cikrak-cikrakipun bangkowang nunten
katedha tiyagnkakalih, wasana boten watawis dangu sakng panedhanipun lajeng sami
karaos sakit ing padharanipun temahan tiyang ingkang satunggal pejah, saking
papriksaning dhokter bankowang wau wonten upasipun jalaran mentas katedha sawer.
Ing tanah Amerikah ler wonten sasakit tular tumular ingkang kawastanan ing tembugn
Malayu penyakit Dhememkuning, ngantos ewon titiyang ingakng kasrambah sasakit
wau, saha kathahingkang anemahi pejah, pawartos ingkang kabekta denign Meil
mentas punika amratelakaken bilih nalika wulan September ingkang saweg kapengker
ing tanah Amerikah sampu nwiwit wonten mare Asrep pramila panimbangipun para
titiyang manawi sasakit wau badhe lajeng sirna, sabab kapirid sadangunipun benter
suda, sasakit punika wonten mendhanipun.
Ing kitha paris kadhatengan sudagar bongsa cina kathahipun 50 tiyang, ingkang
anggerlaraken barang daganganipun dhateng ing kitha wau, menggah sudagar wau
kairid deningprayantun geng kakalih tuwin prayantun alit kakalih ingkang ugi sami
ambekta barnag warni-warni kathah pangaosipun ignakng badhe kasaosaken dhateng
marsekalek Makmahon inggih punika ingkang jumeneng angasta pusaraning praja
Prasman.
\===============\====================
Purwakanira makirti, rumancana kapustaka, duking ngari Buda Wage, ping astha likur
ing wulan, ramelan dal kang warsa, dene ta sangkalanippun, wiku sirna liman tunggal.
Laksitan ingakng winarni, katanireng basa arab, saking usul denir amet, gita
sinawunging sekar, asmarayun miarsa, jeng nabi caritanipun, kang wajib pinint-pinta.
Ranabi paras palupi, nahanta purwaning warta, jeng Rasul mongka dutane, gusti
ingkang maha mulya, jumeneng kalipatolah, arum pangandikanipun, sapa sapa kang
manitra. Maring asmaning ywang Widhi, sastra nadyan rinawatan, yekti doh
poncabayane, luput sakehing niyaya, roga bilai sirna, teluh satruse tan maprrung,
cedhak ing sukara arja. Ngandika bagendha Ngali, sapa sapa ingkang ngucap, sipate
gusti ngong gedhe, ganjaraniraignbenjang, sami tawab ing kakbah rijumungah kaping
satus, sidkah retna sapawata. Mardikaken janma siki, amaca kuran sawrsa, nganti ping
sewu katame, iku kang mongka ganjaran,malih denya ngandika,jeng nabi kgungan
dhukuh, ing ngaena-en ranira. Lan janjam arane warih, talaga ran kalkaosar, gusti jeng
bai yektine, panguluning sagung duta, panutupe agama, iya panjenenganipun, pinuji
muji pribadya. Kang ngasih maring ing dasih, gung denya asung manpangat, ari
delahan ing tembe, dadya panutuping bongsa, Aimkures kalawan, Arab nabi im
sadarum, bongsa tipta lanmadinah. Tya mah kalipah jeng nabi, kang rama radyn
mangabdalah, ngadul muntalib putrane, jumeneng adipati Mekah, trah sing jeng Nabi
Aam, kaddyan sitilan ranu, nging jeng nabikang sarira. Sayekti badan rukani, wredine
atmarabana, panrohila picahyane, yeku kang minongka bapa, bapane roh sadaya, ing
ngaken rasa ywang agung,kanjeng nabi kanangrena. Dewi Aminah wawangi, sinung
wenang simpen rasa, terah ping satus urute, lan jeng nabi Braim marma, guti nabi
Mukamad, kakasihira ywang agung, panutup nom pasarengat.
Kang mongka dutanira ywang, trahira nabi Ismangil,bebangsanira wijil rab, nahanta
wau jeng nabi, panjenengan tan inggil, tan andhap lamun dinulu, yen jajar laning
kathah, jeng nabi inggil pribadi, cahyaning kang wadana lir ondakara. Meles
cemengkanangrema, saben ing riya di kaji, kanjeng nabi denya paras, wimbuh ing
ahya nelahi,lir basonta sisiring, jronin gngimba alisipun, idep tumengeng tawang,
tingal jait kocak lindri, esemira kadya madu pinusthika. Lathi mengeh-mengeh reta,
waja lir mutyara keksi, gumebyar mindha sasotya, kumbalatinap julandhir, jajenggot
kawanyari, rungih-rungih grananipun, jongga manglung araras, wijanging jajarespati,
lamun sare brangengeng ing swaranira. Lir sadpada nguswa sekar, tanpegat denira
muji, sawungunira anendra, tandya denya magngastuti, nging tanpa wulu awit, jeng
nabi andikanipun, jroning nala tanendra, bau anggandhewa, gadhing, melik-melik
kanak angler sudama. Walikat kanan cinitra,lailaaillelaahi, walikat ing kering munya
mukamad rasullahi, kanjeng nabi sinelir, kagungan salembar wulu, mawa gonad mrik
ngambar, kongas rumelir kasturi, pusering rajeng nabi amawacahya. Kadya surating
baskara, karya trangireng sabumi, wangko amimba kancana, wentis tarincing
awingwing,kadi gamparan gadhing, jeng nabi sampeyanipun, sami umijil toya, lamun
dinuteng ywang widhi, tindakira jeng nabi kalangkung gancang. Lamun mangsahing
ngayuda, miwah yen apranglawan jin, tan lyan pinrihnut agama, jeng nabi prawireng
jurit, suratan waspangalih, yentedhak dharat pepayung ngawiyat imaseta, datan basah
dening riris, yen lumampah ing toya kalis kewala. Tan teles dening udaya,
antengjatmika mumpuni tan pati gumujeng suka, mung eseme winor angling, sumeh
pamulu manis, yen rongga sungsu keng kalbu, dadya kang pangastawa, swandana
borak anami, geming astrajenmparing tan kena pisah.Kucing mongka kalangenan,
lawan sonaning wanadri, tan rena miyating cecak, susuring lathi kinardi, balung
manyawak yekti, lamun wektunig asujude, kangjeng nabi mukamad, yen ulun salam
dhingini, lamun andum jaraan gunging sasotya. Kancana wastra busana, mring
sakabat miwah pekir yatim nora kaliwatan,jeng nabi tan arsa ngambil, nadyan kedhik
tanapti, gandanira kanjeng rasul,kongas rume angambar, lir sariing biratwangi,sweda
minging lirarasing puspa gonad. Swara rum lamun ngandika, jumeneng panguluning
mukmin, panuntuning janma sasar, jeng nabi sihing tetami, mukjijat mijil warih, sing
supit jarijiipun, sela bangkit rarasan, sasongka dhawahing ngarsi, ngaldakeng kut
kinenjeng nabi lumampah. Dahat wiranging ywang suksma, tansah udrasa ing batin
tanpa tika gungan suka, sring salat wektuning ratri, tanpegat amumuji, yen siyang
gugn siyamipun, senenkemis puwasa ujwaleng cahya nelahi, trus tumerusing ingga
kasapta sawara. Pakareman mung titiga, kang mawa gonad rum wangi, kadwi tanlyan
kung wanita, katrisalat kang kaesthi, yswanira jeng nabi, sadasa tri langkungipun,
surat maring Madinah, rabingulawal lumaris, ing warsa Dal ping Dwi wlas ing
ngarisoma. PUtra wowolu sadaya, dewi patimah annuli, Umikaltum kang pamadya,
REtnajenap rinenami, dyah rukiyah tumuli, jalu panengeranipun, ngali kasim rinira,
priya malih ngalibraim, Ngalitayit Ngalitair kang pamekas. Sasang dayitanira,dewi
katijah wawangi, Dyah Ngaisah lanLatibah, REtna Kasipah annuli, kusumajenap
nami, maemanap kang rum-arum, saonah lan Sukiyah pamekas lanang wewangi, dewi
Umi Salamah kang masung bronta.
Taksih wonten candhakipun.
========================\======================
Ongka 46, Kemis kaping 14 Nopember 1878

Surakarta
Salowongipun abdi dalem panewu Carik kapatiyan Raden Ngabei Wongsaatmaja,
ingkang kapiji anggentosi raden Rongga sasra Senjaya Mantri arik ing Kapatiyan
kaparingan Sesebutan tuwin nama Raden Ngabei Sastra Sanjaya, kapatedhan lenggah
siti 4 jung.
Ingknag kapiji anggentosi Raden Ronggasastra Senjaya magang Mas Arjadikrama,
kaparingan sesebutan tuwin nama Mas Rongga Sastra Pramana, kaptedhan lenggah
siti 2 jung.
Kabayan Kapatiyan Raden Karya Simbarja kawisudha dados abdi dalem mantra
Gowong, kaparingan Sesebutan tuwin nama, Raden ngabeiKarya Simbarja,
kapatedhan lenggah siti 3 jung.
Pawartos bab waos sakin gDanburejan inkang kasaosaken dhateng pnajenengan
dalem kanjenggusti pangeran ADipatiAriya Mangkunagara, ingkang kula tedhak
wonten ing Bramartani ongka 44 mungel bilih waos wau kataretesing sosotya,
ananging kayektosanipun boten saestu bilihdhapuripun waos paniwah aneh awit
ingngandhapipun wilah ing sanginggilipun methuk, kiwa tengenipun mawi dhapur
janma tuwi garudha,sirahipun mawi kapasangan sosotya kadamel maripat dados
sosotya wau naming kapantes kemawon pramila tuwuhipun pawartoskataretes wau,
saking kinten-kintennamung saking andon pamireng, inggih punika wiwinihipun
paribasa: sudaning kiriman undhaking pawarta.
Nalika dinten Saptu tanggal kaping 9 wulan Nopember punika, kanjeng Pangeran
Ariya Panular seda, ing dinten Salasa kaping 12 ugi wulan punika, abdi dalem wadana
bupati gunung ingkang sampu lereh raden Tumenggung Mangkupraja inggih seda.
Kaum ing Pandhanan bawah ing jatinom anandhang sangsara, amargi pinuju tilem
kagrujug wedang kaliha ingkang estri, ingkang ddos jalaran saking kinten-kinten
kados bojonipun sepuh, sampun boten saged angampah manahipun ing sadangonipun
dipun wayuhm kalampahan kaum sayah anggenipun andadosai griyanipun bojo enem
mantuk lajeng ambethang wonten ing griyanipun bojo sepuh, ingkang lajeng
anggodhog gawe wedang kadamel anggrujug wau.
Mentas punika witipun kalapa tiyagn anama Sawikrama ing dhusun Kauman
(Sukaarja) kasamber ing gelap sanalika tapasipu murub sarta latunipun andhawahi
pagyoing griyanipu sawikrama lajeng mubal saha amremeni griyaning tongga
tepalihipun ngantos wonten griya 6 iji ingkang kabesmen bebas dados awu.
Cina dagang wacucal lembu ingkang manggen ing sakidulipu griya pajagen ing
Natakusuman asring-asring angepe wacucalipun wonten sapinggiring margi,
ambetipun wacucal wau anglangkungi banger, mongka ambet makaten wau pancen
asring anjalari tiwasing seger kawarasan punapa priyantun pulisi ingkang gadhah
beking ngriku boten kadunungan ing ponjadriya, mugi parentah karsaha anyaruwe.
Nalika marebenter anginipun angidit saben wanci dalu titiyang kampong sami
sawatos ababbaya latu, sapunika sareng mare rendheng meh saben dalu jawahipu
angriwis kathah tiyagn boten saged tilem angles, jalaran sumelang manawi griyanipun
kalebetan durjana, awit wektupunika kawatos radi kathah pandung.
Sarehning wektu punika mare jawah, parentah nagari tanah Andhawuhaken kenceng
dhteng para priyantun pulisi, supados amardi dhateng para tiyang kampong angurug
margi bebahanipun piyambak-piyambak ingkang jeblog sarta parentah nagari sanget
pamarsudinipun dhateng saening ting ing kampong kajawen saha wonten prayantun
ingkang kabebahan anitipariksa tingting wau, saben dalu.
Ingpeken sarta ing warung-warung kathah tiyang sade semongka, krai, pelem kuweni,
pakel tuwin who-wohan sanesipun ingkang wektu mangke kedah dipun sirik jalaran
rencang kula mentas nedhakrai lajeng kemawon sakit padharanipun saha murus mawi
luntak-luntak gemoking badanipun anyep kula kinten manawi kaparag ing kolerah
nanging kula prayitna enggal kula ombeni jampi ingkang sampun kalimrah, lajeng
mantun.
Ing mangke para tiyang mugi ingkang prayitna ing pamomongipun rare ingkang
taksih alit ing yogyakarta anakipun Nyonyah Dhe, ing ngriki anakipun abdi londa
atmajan sami ical.
====================\==================
Yogyakarta
Sangking karsa dalem kanjeng guti pangeran adipati ARya Prabu Suryadilaga, saha
sampun biyantu karsa akaliyan kanjeng tuwan REsidhen radinan marging kareta
ingkang sangking sepur weh, ingakng notok banon beteng ing Pakualaman, punika
sangking karsa dalem banon beteng wau kabecah radinan kaleres mangidul anjok ing
waung tanjung, ing dinten Akat tanggal ping 10 NOpember punika sampun awit
kagarap, punika sak iba manawi sampun kalampaha dados konca ingang tumedhak
sangking sepur utawi para kusir kareta sewan temtu sami bingah sanget awit margi
saya sekeca wah mindhak celak ingkang mesthi kaoal kareta sewan boten wonten
ingkang mogok.
Utawi malih ing sak punika sadaya bawah ing kadipaten Pakualaman sampun kathah
indhakipun sae sarta ayem utawi abdi dalem ingkang sami anyambut damel katingal
sengkut.
==================\===========================
Samarang
Tiyang anama Ngadi Paing dhusun PIlang lor dhistrik Singen Kidul kala kaping 6
Nopember punika kapejahan dening anakipun jaler anama parja, sarana penthung,
wondene ingkang dados sababipun boten terang, wonten ingkang mratelakaken
manawi pun Parja andarbeni sakit ewah, dados anukulaken panggagas manawi
anggening mejahi bapakipun among jalaran saking kalintu ciptanipun.

Camboran
Wonten tiyang dhusun apit kan marginipun dhateng kunjaran ingkang dipun pitakeni
amangsuli yen sampeyan tako dalan kang anjog kunjaran sampeyan metu capurining
tongga kula ngarep nika, yen sampeyan anemone memehan sampeyan cangking, ing
ngriku sampeyan mesthi tekan ing kunjaran.
Akalipun tiyang ambekta apyun peteng saking pulo Bali dhateng tanah Jawi, kados
ingngandhap punika.
Tigan kambangan ingang dipun kamal punika sampun limrah ing satanah Indiya
Nederlan kadhempul ing awu ingakng kaulet kaliyan sarem sarehne sampun
kasumerpan manawi tigan kamal mentah punika kadumunung wonten ing dhempul
awu mangkaten wau, tiyang ingkang ambekta apyun peteng lajeng kathukulan akal
bilih bektanipun apyun peteng prayogi kareka adipun dhempul ing awu kados tigan
ingkang dipun kamal wau, supados sampunngantos gampil kadengangan denng pulisi
bum sarta akalipun mangkaten dhempul ingkang isi apyun kadekek wonten ing
ngandhap tigan kamal lan kadekek wontening nginggil.
=================\=====================
Panjurung
Ingkang manawi adadosaken kapareng saha condhong ing panggalihipun
panjenengeanipun tuwan ingakng angarang Bramartani, panjurung kula kang
kasebuting ngandhap punika mugi kapacaka.
Ing nalika dinten malem Jumungah Legi kaping 31 Oktober ignkang saweg kapengker
punika, panjenenganipun tuwan, L.H, Mirop Buk Odher ing Pabrik Delanggu,
sampun karsa damel tatingalan sulapan, ingkang saengga ngantos adadosaken
gumuning ing ngakathahingakng sami aningali, sanajan ing nagari Surakarta sampun
kathah tatingalan makaten wau, ewadene kula dereng nate anyumerepi kados ingakng
sawek nembe punika, menggah warnining tatingalan wau kados ing ngandhap punika
pratelanipun.
NOmer 1 Walandi kasuduk pernah ingpadharan sarta kawedalaken ususipun, rah
medal belabaran ngantos dumugi pejah, lengen katengkel dados kalih,jongga kapagas
pisah sangking ing gembugn, patrap makaten wau antawis wonten saking ½ jam
layoning Walandi lajeng kabuntel ing sinjang pethak boten dangu saged mulya malih
kados ingkang wau.
Nomer 2 tuwan ingkang nyulap kabesta kenceng lumebet ingngandhap meja,
kakrodhong ing sinjang pethak wonten ing ngriku ngungalaken biyolah, (Rebab
Wlandi) mawi kagendhingaken cara Walandi, cara Jawi, cara Cinten tuwin cara
Malajeng.
Nomer 3, peksi gelathik 1 iji, kakethok gulunipun kalebetaken ing bumbung blek
lajeng kasenjata, saged gesangmalih medal sakin gsalebeting roti.
NOmer 4 Kulti isang dados pelem
Kajawi punika taksih warni-warni, kekathahen bilih kula pratelaaken sadaya, dene
kathahing tiyang sami aningali, saking kinten kula kirang langkung 2000 salaminipun
ing pabrik Delanggu wonten tingalan dereng kadospnika, saupami tuwan ingkang
nyulap wau karsa mundhut panjurung minongka pituwas dhateng sakathahing tiyang
ingkang sami ningali, kados dene para barang sulap saiba angggenipun badhe
manggih kauntungan, saking kinten kula bilih ing dalem satunggal tiyang
kapundhutan 25 sen kemawon badhe boten owel yen katimbang kawontenaning
tatingalan.
Sinerat kaping 6 NOpember 1878
=================\=====================
Kula adreng anunuwun ing panjenenganipun tuwaningkang ngarang serat pawartos
Bramartani, mugi karsaha amacak panjurung kula ing ngandhap punika. Tiyang sugih
punika kenging kawastanan remen atulung dhateng tiyang ingkang nandha kamlaratan
nanging anggenipun remen tutulugn wau acanthi pangangkah sageda pikantuk
kauntungan saking tiyang ingkang dipun tulungi, wujudipun inggih punika juru
anggantos ingakng sampun kasumerepan ing kathah. Tiayng malarat punika saged
dipun pikantuk arta kalayan gampil ingkang kaangge anyanggi kabetahaning
gesangipun saben dinten boten liya sarana saking anggantosaken bara darbekipun
dhateng tiyang ingkang mampu anggantos mangkaten punika andadosaken dhangan
ing kalih kalihipun, jalaran tiyang ingkang malarat sagedpikantuk arta kalayan gampil
sarana anggantosaken darbekipun wau, tiyang ingkang anggantos angsal kauntungan
ananging ingakng andadosaken panggrantes tuwin karantanipun tiyang malarat
punika, denesaupami anggantosaken barang regi 60 rupiyah among pajeng 15 utawi20
rupyah, mongka kabuburanipun manawi kasade pajeng 40 rupiyah utawi langkung,
dados liya sareman juru angantos angsal kauntungan 20 rupiyah utawi langkung,
mengggah pangantosipun dhateng barang remeh inggih mangkaten ugi,saupami regi 5
rupiyah among dipu najengi 50 utawi 75 sen mila bilih katimbang timbangtiyang
anggantos wau boten yekti panulungipun dhateng tiyang malarat pantes yen
katembungna, anulung menthung. Ewa samanten sanajan juru angantos punika
anggenipun angagagi penthung mawi ancik-ancik amingkklik-mingklik murih saged
gumamplneg pamenthungipun dhaten gsirah ing tiyang malarat (anggeripun kolu)
ingkang badhe kapenthung inggih boten niyat mundur, wasana manawi juru
anggantos tanpa tepa sarira, amasthi badhe damel pitunaning nagari, amargi saking
awanipun tiyagnmalarat ingkang dipun tulung dipun penthung, mila saupami
wontenpranatan ing bab wau ingkang pikantuk dipun lampahi ing kalih-kalihipun
saestuprayogi sanget.
Sinten ingkang boten dados juru angantos utawi boten anandhang kamlaratan saged
animbang bab punika ing saleresipun, Kaserating kampong Pasar Kaliwon tanggal
kaping 10 ing wulan Nopember taun 1878
Katandhan Sedyarja.
======================\=======================
Tamatipun pethikan Kitab saking Usul.
Ingkang winahyweng palupi, nalika jeng nabi paras, mahyaken ing patanyane, janma
marign Abubakar, mangkana aturira, dhuh tuwan ingakng linuhung, mugi sidkah ing
pawarta. Dahat kumacelu uning, nalika jeng nabi Paras, paranta ingprawitane, riwulan
miwah kang tanggal, gemingker puspunapa, sasananing wektu nyukur, ing pundit
dununging praja. Bagendha BUbakar angling, mitreng sun iya sayogya, wajib sun
marna gancare, nalika kondur singaprang, lawan narendra Lakad, marengi ing Mekah
dhusun, jeng Nabi amaos Ku’ran. Tantaraja Brail prapti, sarta mawa ayat Ku’ran
maring jeng nabi ature, dhuh kakasih ing ywang Suksma, amba dinuta mawa, ayat
Kuran ing pukulun paduka kinen peparas. Ayat sawusnya tinampi, nuwun sandika
turira, benjing punapa karsane, denya ayunyukur amba, Jabrail pamit nulya, marak
ing ngayuanipun, gusti ingakng maha mulya. Umatur denya tinuding, kekasih tuwan
tatanya, benjing punapa parase, sabdanira hyang wisesa, ri soma ing Ramelan, ping
nawa wals tanggalipun, jabrail wangsul pepangya. Umatur ing kanjeng nabi, punapa
andikeng suksma, jeng nabi mali ature, sinten ingkang kinen maras, jabrail gya
umarak, ywang suksma andikanipun, Jabrail kang nuykur sira. Iya mring kekasih
mami, nanging neng ngarsaning cahya, Jabrail wus wangsul tureng, ing jeng nabi
kang ngamaras, yekti amba pribadya, neng ngarsacahuya ling nya rum, jeng nabi
paran kinarya. Karepus tanjdya jabrail, wangsul maturing pangeran, ywang wisesa
andikane, kinen malap ron kastuba, aneng jronign sawarga, iku minongka karepus,
jabrail gya lumaksana. Mung salembar warna wilis, endah ing warna gumebyar, lir
sutra ijo aluse,jabrail wus panggih lawan, jeng nabi lon turira, punika mongka
karepus, taruning wreksa kastuba, Wus pinaras kangjeng nabi, Jabrail atur uinga,
cacah ing rema gunggunge, sakethi lawan saleksa, triewu tritus lawan, tri
dasalangkung papitu, jeng nabi aris ngandika. Eh mitreng ngong jabarail, dene tatan
wonten rentah, rambut ingpundi puruge, jabrail alon turira, andikane hwang suksma,
mring widadari sadarum, kinen malap rema tuwan. Sinten sinten kang ngrwati,
pustaka lepat ing roga, dene pura sadosane, siksa kubur nora kena, rineksa dening
allah,ing donya ngakeratipun, tinekan sabarang cipta. Kang tanyun maa lan myrasi,
sinungllak nate denira ywang, marma mukmin sakabehe, den sami simpen carita, duk
kanjeng nabi paras, sapa kang nora mituhu, yekti munapek ing suks,a. Bektine nora
tinampi, dene kangngasimpen padha, sinung rahmat sadinane, dening pangram ping
sawelas, lamun pinaeng rongga, yekteng ggal waluywanipun, winawa mentara arja.
Ing dharat laut basuki, tan kasasar ing sacipta, kewan sagalak-galake, pragalba jrih tan
yun marak, rinekseng malaekat sampurnapangriptanipun, pangindhung pun
mangunbrata. Titi tamat/
Ongka 47, Kemis kaping 21 Nopember 1878

Pawartos kawat saking ing Aceh


Tongku lamkunyitnekpurba sampun lumebet ing Kitharaja, saha badhe anungkul ing
ngajeng piyambakipun kalih an para Imam ing MUkim sanga sampun sami atilar
wawengkonipu tongka Kertug saking mukim tiga inggih sampun lumebet punapa
malih para ageng ingkang kawical inggil-inggilanipun para ingkang sami
ambawahaken mukim enem likur, ugi sampun sami asaos atur ing panungkulipun
================\=================
Surakarta
Nagarimentas angundhangaken pranatan bab ingpatrapanipun tumrap dhateng para
tiyang ingkang anglampahaken kareta, mandar badhe amewahi arjanipun praja, bilih
nagari ugi karsa andhawahaken patrapan tumraping dhateng tiyagn angabotohan
kados para ageng inggih boten kakilapan sanadyan makaten wau naming
katembungaken kasukan tegesipun kalangen ananging pandamelan wau pancen
amalarati, saha murugaken dhateng awa ingakng angsoraken dhateng badan.
Nalika tanggal kaping 18 wulan punika putranipun kanjeng pangeran Ariya
ADikusuma seda, dados ing salebetipun taunpunika putranipun tiga ingkang seda.l
Kula mentas anampeni serat saking kanjeng tuwan ignakng angereh lampahing serat
kawast tuwin serat pos anedahaken prayoginipun ambayar waragading srat pos
wontening panggenipun angkatipun, awit makaten wau badhe anyirnanaken lalampah,
anggening srat serat boten ngantos katampen dhateng ingkang sami dipun kintuni,
sakin gpamanggihkula pitedah wau inggih boten wonten awonipun bilih katuruta,
mandar sakalangkung prayogi, manawi ing pojokaning ngalamat kawrahana ingkang
kintun supados bilih srat wau boten katampen lajeng genah anggenipun badhe
amangsulaken dene ingkang kintun serat sumerep nalaripun, amargipnapa seratipun
boten katampen.
=================\================
Yogyakarta
Serat pawartos mataram angedharaken bilih nagari badhe angundhangaken pranatan
amatrapi dhateng ityang ingakng sami angabotohan awit kagalih angrebdani pun
sadaya lampah juti, amargi ing mangke kathah tiyang ingkang sami ngabotohan, lakar
makaten temahanipun ngabotohan inggih dhaten gpandamelan kanisthan.
Pasamuan tingalan dalem wiyosan katingal bilih angresepaken awit para tamu
unduripun sami wanci sonten.
Para tiyagn ing Brosot mentas amanggih ulam wonten ing gisik ingkang anglangkungi
agengipun embok bilih punika ingkang kawastanan ulan lodan, sarehning para tiyang
kawalahan ing pambektanipun ulam wau dhateng nagara pramila lajeng kajorogaken
dhateng ing laut malih.
Samarang
Anuju satunggil dalu tiyang anama Kastamah ing kampong Bokoran abedhahi
kancanipun lek-lekan wonten ing griyanipun ngantos jam sakawan enjing kastamah
saweg amapan tilem sareng wanci palethekin gsurya estrinipun nedya anggugah
piyambakipun supados sampun kasep anggening dhateng pandamelan wasana sareng
kastamah kaoyog-oyog dening estrinipun boten kemruget sarta gemoking badanipun
asrep punapa dene boten ambekan amratandhani bilih sampun lay, awit saking punika
kastamah estri lajeng anjelih sarosanipun.
Ratpanyustesi ing Samarang angrampungi prakawisipun raden Kusumadiputra wdana
ing manggar demak kadakwa angangge tiyang pancen langkung saking tamtu sarta
mawi anggebag dhateng tiyang wau, raden kusumadiputra kaleres kapatrapan
paukuman bucal laminipun sataun lah punika ingkang kawastanan adil.
==============\===============
Kudus
Ing Kudus wonten rare anama Sajimin anuju satunggil dinten mentas nedha rosan
cangkemipun kalebetan tawon ingakng andadosaken jalaraning pejahipun sareng
cangkemipun katitipriksa wonten ingkang labet kenging antup ingang andadosaken
eram dene tawon wau anganggep jdohi pangolahan kilang dhateng cangkemipun
Sajimin.
================\=================
Camburan
Ing tanah Eropah wonten kaca praksana panjangipun 30 kaki, gunanipun kaangge
aningali rembulan surya tuwin lintang.
Para tiyang jawi kathah ingkang boten ajeng anedha keju, jalaran nginten manawi
keju wau kadamels aking puwan sagawon tuwin babi, mongka satemenipun kadamel
sakin gpuwan lembu.
Ing Nedrelan tiyang adamel martega sarana pirantos rodha ingakng kalampahaken
dening sagawon kakalih.
Wonten ingkang sanjang manawi badhe aniteni tetengering tiyang pinter utawi busuk
saged sumerep saking kawontenaning sirahipun sinten ingakng sirahipun ageng,
inggih saged tuwin moncer budinipun ingkang sirahipun alit lonjong masthi busuk
sarta cupet budinipun anangin gmangkaten punika dereng kenging kaanggep yekti,
jalaran ginempa dening kawruhipun para dhokter ageng sampun aniti pariksa
utakipun manusa sarana kapecah sirahipun kathah kedhiking utak manut ing umur,
tiyangingkang umur 30 dumugi 40 taun utakipun langkung kathah, sangaya kathah
utakipun sangsaya landhep budinipun.
Makaten malih tiyang wigya sampu anitipaiksa utakipun para bongsa, menggah
ingakng utakipunkathah sarta awrat piyambak tiyang Dhtislan mila tiyang Dhitslan
wau langkung pinter, dene ingkang utakipun sakedhik piyambak tiyang Afrikah.
Wonten katrangan malih utaking tiyang jaler wawrat 2 kati, 6 ½ tail utaking tiyang
estri wawrat 2 kati 2 ½ tail dados kaot 4 tail awrat utaking tiyagnjaler,mila engetaning
estri awis ingkang nyameni engetanign tiyang jaler.
Para dhokter ageng sampun pikantuk pangawruhing ngatasing panjaginipun seger
kasaosan inggih punika ananem sesekatan saubeng tuwin salebeting griya, awit sekar
sarta godhongipun angisep awa awon ingkang dados lantaraning sasakit.
=================\==================\===========
Ing sawatawis dinten laminipun, sderengipu genging jawah, dhusun Kauman caket
kiduling kadhestrikan Masaran bawah Sukaarja, sakinten wanci jam gangsal sonten,
ing Dirgantara mendhung katingal gumandhul, swaraning galudhug angoregaken
bantala, boten antawis dangu, lajeng wonten prahara, anggigirisi wor dhawah ing
jawah annging boten deres, gumledheging angina tuwin rame alokin grare ingang
sami angon lembu maesa, sumerep carat taun parnahipu ler, ingkang katrajang ing
prahara wau, kathah kakajengan ingkang rungkat tuwin griya-griya, ingkang mowat-
mawut payonipun, salebeting kepyur-kepyur grimis, wonten swaranin gbaledheg
jumebles rambah kaping kalih, angsal wit kalapa ing dhusun kauman wau, kaleres
pemahanipun biyang KUcir, sami sanalika tapas mancung balaraking klapa punika
murub,latu katampeking prahara, katutipun dhawah ing payon kandhang utawi girya,
ubaling latu prahara taksih anggigirisi, nangin gkaleresan dene angina lampahipun
ngenceng mangidul, dados ingkang kabesmi naming kawan pemahan judheg dumugi
dhadhah ingkang kidul, mongka ing dhusun Kauman punika, tiyang gagriya kalebet
kerep sarta kathah tatiyang ignakng kalebet cekap ing kadosnyanipun dados
griyanipun ingggihkathah ingakng ageng-ageng, wonten tiyang prapat sakiduling
dhusun kauman, wastaning dhusun Kangukan, tiyang Kangukan wau damelipun bakul
ojogan dhateng peken ing Munggi, saweg dhateng miring aloking griya kabesmen ing
Kauman lajeng tandang, pamektanipun dagangan tuwi ndhuwung dipun tilar ing
rgiya, naming tiyang wau lumajeng tandang ambekta arit, rehning dhusun Kangukan
kalih dhusun ing Kauman, naming let sabin watawis sabau mujur, boten kalinga-
alingan dhusun sanes, dados tatiyan gestri sami ningali saking dhadhahing dhusun
Kangukan ingkang pinggir ler, wasana griyanipun tiyang ingakng tandang wau
kadhawahan latu, lajeng mubal telas dalasan baangipun samikaasmi boten wonten
kang katututan.
Andadosna pangenget-enget ingpadhusunan manawi wonten bancna latu, yen
sakinten riya ingakng kabesmi wau sampun mubal prayogi tongga ingakng radi celak
amirantosa pajagining griyanipun piyambak, sanajan ignakng caket panggenan latu
griyanipun sampun dipun rebahaken, rehning griya payonipun sami welit yen
kadhawahan latu ignggih inggal mempanipun,s ampun asring asring ing padhusunan
punika, wonten griya kabesmi,lampahing latu plencat-plencat, gugon tuwonipun
tiyang ing dhusun lajeng dipun wastani latu salat, nanging istunipun inggih latu
kabekta ing angina, langkung malih kang kabesmen marengi wanci siyang, amrgi latu
ingakng katut ingmaruta boten katingal wujuding latu, mila nalika wulan sawal,
dhusun Gathak sakiduling dhusun ing Padakan, bawah dhistrik Nendho, wanci siyang
wonten gray kabasmi, kasarengan lampahing maruta, temahan griya sadhusun
bebas,punika inggih plencatanlampahing dahana dhasar ing dhusun punika griyanipun
kalebet kerep.
Katandhan pun Maudara, ing Trajutresna.
===========================\======================
Rarasing sarkara kang kinapting, denya sekung tyas mardawengka, mastuti tayeng
hyang dene, pan doning deya tan wruh, jinurung tepa palupi, suta wangsa wandawa,
mamardiyeng sadu, warga samya mengeta, dayaning kang kabudayan ring dumadi,
yayah ing saniskara. Karana wit karenaning nguning, jaman buda tumrah in
gsamangkya, dene angggit anggit purwane, pinet sane panipun, ing wong dhalang
yekang marsudi, gancaring lelampahan, kresna sekar mungguh, ing mangkya rinegeng
tembang, monca pat mrih dadya sukaning tyas sami,kang maca myang miarsa.kang
winarah sajarahireki, pinunggel wit sutalen swaya, kang samya anurunake, pandhita
myang praratu, pencar dadya enem prajadi, ing wiratha witira, daya triprajeku, Astina
lawan Ngamarta,ing Madura apencar daya prajatri, Kumbina Nglesanpura. Duk
makirtya ing risoma manis, enjang wanci ing gathita astha, nembe las dilkangidah lek,
nuju ing wuku Tolu, masa Gangsal warsa Dal maksih, Winduadi lumampah, ing
sangkalanipun, Giri Ruhur Naga raja, ingkang langanmasaran kidul dhukuh ing,
nagari Surakarta. Yekang mongka wuryaning kintaki, narendra dinagari madura,
srikunthi boja juluke, wingit ratonipun, turkeringan sameng narpati, kalising
parangmuka,mangkana sang prabu, dhaup lan putrid Wirtha, apuputra sakawan sajuga
estri, kang sepuh sinungaran. Raden Basudewa gmantyaji, neng madura putra kang
panenggak, dewi Kunthi kakasihe dhaup lan Prabu Pandhu, dewa madeg astina nagri,
arine malih priya, nama Arya Prabu, jumeneng nateng kumbina, kang waruju ing
rama sinung kakasih, rahaden Ugrasena. Madeg nata nglesanpura nagri, Prabu
Basudewa pan wus karma, titiga Prameswarine, satunggil putrinipun, prabu Rama
Bad lawan gri, mantili kan gpanengran, maendra sang ayu, garwa taruna singarga,
nama Endhang Maesah, garwa paminggir, dyah Badraini nama. Ing ngantara sang
prabu sisiwi, patutira lan retna maedra, kakalih sami priyane, asarenglairipun, ingkang
sepuh sinung kakasih, rahaden kakrasana, kang taruna sinung, nama raden Nayarana,
garwa sangking Argacinidra ing resmi, denign sang raksasendra. Gorawongsa nagri
Gilingwesi, temah patutan sajuga priya, pinarnah ing kadipaten, siniweeng wdyadiyu,
raden Kongsa kakasihneki, garwa paminggiringkang, patutan sang ayu, anama WAra
Sumbadra, atmaja tri samya ginadhuaken maring, kiayi Ontagopa. Ing
Widarakandhang dhukuhneki, sapejahing kongsa kakrasana, gumantyeng rama
parabe, Sribaladewa sampun, dhaup utri Mandrakanagri, dyah erawati nama, kadang
kalihipun, nayarana sinugn parnah, aneng kadipaten sampun mangunkrami, suteng
Kapi Jembawan. Apaningran endhang Jembawati, Wara Sumbadra tunggil kadang
nya, neng kadipaten ARjune, kuneng gantya winuwus, Gajah Oya Astina nagri,ing
nguni kang akarya, Palasara wiku, duk dhaup putri Wirata, Durgandini neng
Silugangga nambangi, amila sang kusuma. Atmajendra namur nanambangi, dene sang
retna anandhang mala, amis gandaning anggane, sasmitaning dewanggung, tembe
mulya yen anambangi, marengi mangsanira, Palasara wiku, anyabrang angsung usada,
paripurna sang retna laju karabi sang dyah Darbe paminta.
Taksihw onten candhakipun.
==========================\=================
Lir sadpada mangingseping sari, denya ngungsed mrih uning ruwiya, ngini jeng nabi
gerahe,pindara ing kinung, dimen rena kang ngamiyarsi, ribudapa ing tanggal, sawal
ping salikur, ing warsa Dal kang lumampah, kuruwelut mongsa kalmia marengi,
katiga sinangkalan. Wiku musna anunggangi bumi,depa ngindhung dahat sudra
papa,tan ana malih karyane, mung sedya apitutur, kojah ingkang pantes linuri, ing
sasameng tumitah, mung pangesthinipun, ywanganti manggih cecedan, sarukakening
sastra minta aksami, denya maksama ngripta.Pranunganung kang pratomeng kawi,
yogya sami mamasung manpangat, den nyambamarna gancare, gustijeng nabi rsul,
dupi roga satemah lali, sarira wus karasa,lamun arsa surut, wus maklukim rasullullah,
sarira lum lir sasongka lagi, katawengan ing ngima kawangwang, surem kang condra
kenyare, wus lama gerahipun, nanging nora sanget kang sakit, marma sayah wus
leash, ciptanireng kalbu, tansahmamangening driya, siyangtari denya yun tumekeng
lalis, wus takdiring pangeran. Kanjeng nabi kalangkung priatin, kang kagalihing wuri
kayapa,umating sun sadarna, yen wus sun tilar lampus, nora duwe panutan malih, lah
sapa kang daderah, muga taywang agung, netepna santoseng driya, ing nagama
denpadha katrima sami, bekti sumungkemira. Lan onowa tembe mitulungi,
agamengsun pitutur mring umat, den cadhanga ganjarane, miwah nugrahanipun,
kanjeng nabi alon denyangling, mring garwa dyah Ngaisah, undangen sutengsun, nini
ptimah dening ggal, tan antara sang retna lan putra putrid, Kasan-Kusen karuna.
Kanjeng Nabi rum denira angling, adhuh nini apa tan amyrta, lamuningsun lara dene,
lama nora kadulu, dene becik sapungkur mami, amomong sutanira, den sareh pitutur,
surupna ing kautaman, lawan sira den begri maring ywang widi, rehning kapurbeng
priya. Iku dadi ing susulih mami, den mituhu ywa nganti duraka, kaesthiya pituduhe,
sira woding tyasing sun, dhuh anaku lola samangkin,lah kasan kusen padha,
mituhweng ibumu, den becik sapungkurring wang,lah tanini lakimu undangennuli,
lawan kabeh sakabat.Sanak kadang den pepakna sami, ingkang adoh padha
kongkonana,, jalu estri sakabehe, samana sampun kumpul, marak aneng byantareng
nabi, samana andikanya, gusti kanjeng rsul, sanak sanak ngong sadaya, ywa pepeka
benjang ing sapungkur mami, den mituhweng agama.Aywa karem ing pakarya juti,
den mituhu panggawe utama, rumaketa sami trane, ywatinggal begtinipun, lan
dhangan adaderah sami,mringpara bagnsanira, dhuh Ngali sutengsun, manira titip ing
sira, dayitamu ala becik sira wajib, pitutur lan daderah. Miwah sakeh sanak sanak
mami,lamun ana kaluputan ingwang, sun aminta aksamane,mumpung sun durung
lampus, manawa na kalalen mami, prasabat aturira, sadaya gumrumung, tan rumaos
karya dosa,kanjeng nabi ririh angandika malih, yen ana sun pepala.Prasabat matur
mesmu tangis, ting garumung munjuk tan rumasa, sarwi kumembeng waspane,
saweneh sambatipun, adhuh gusti paran kang dasih lamun paduka tilar, sinten
apitutur,nora andarbe panutan, mung paduka gustikang asihing dasih, nulya sareng
karuna.Keh solahe prasakabat sami, ana dhikir kabanjur andhawah, sru buneg puteg
driyane, saweneh tangisipun, sami maos Kur;’an kapyarsi, rame swareng karuna,
sasabatjeng rasul, gumergumer der gumerah, kadya rugingprabata swaraning tangis
tan ana nolih wuntat.
Taksih wonten candhakipun. Mangunbrata.
============================\===============
Ongka 48 Kemis kaping 28 Nopember 1878

Pawartos kawat saking tanah ERopah


Bombay, 12 Nopember Jendral Ridhulep wadya Inggris sampun dumugi ing Ketah.
Sang amir ing tanah AFgasnistan sampu nambidhatlaeken unta satus iji, sami dipun
momoti sandawa tuwin mimis saking Kandhahar dhateng ing Kabul.
Petresbureh” 14 Nopember Ruslan angrujuki anggenipun prangkrik anglantari,
rembagingpangudinipun Grikenlag angendhih tanah bawah Turki.Tiyang ing
masedoni baah Turki sami amadeg kraman pasang rakitipun braising kraman
sakalangkung prayogi.
Olwar, 15 Nopember wadya ing Afganistan sampundumugi ing Kandhahar, sang
amir amasanggrahan wontening Yelalabad badhe amethukaken wadya Inggris wotnen
ing redi Kiber tuwin ing Ketah.
Turki, 15 NOpember ing tanah tanahigkang sampun sami dipun oncati wdya Ruslan
kathah titiyang Natsarani sami mahadipun pejahi, titiyang ing Bahdad sami amadeg
kraman.
Kalkutah, 23 Nopember Kanjeng tuwan ingakng wicaksana guprenuring tanah tanah
kabawah Inggris sampun anundhangaken dunungipun anggening praja Inggris
angebahaken wdya dhaeng tanah Afganistan tumanduking payudanipun wdya au
naming maligi dhateng sariranipun Amir menggahbarang darbekipun tiyang alit
badhe dipun atosi, pupanamalih badhe boten anyaruwe dhateng pwetahing
maliginipun tanah wau, ananging praja inggris kedahananggulangi rumojongipun
praja liyan. Wadya Inggris ampu mangangsah beteng ign AAlimuswid saha sampun
kadunungan.
=================\========================
Pawartos saking Aceh
Ing mangke tanah-tanah ignang sampun sami anungkul kabenan sadaya, jawahipun
sanget, kathahpara ageng ingkang anyaosaken katemenanipun saha sami anywuna
ayoman ing kanjeng gupremen.
===============\================
IngSurakarta
Nalika kaping 24 Nopember punika wanci enjing ing dalem kapatiyan wonten
pasamuan amarengi siramipun kawandasa dinten bandara Raden Ayu PUrwanagara,
kajawi sawatawis tuwan tuwan saha para abdi dalem bupatiingkang sami rawuh,
panjenengan dalem kanjeng gusti pangeran adipati anom inggih anedhaki,
kadherekaken sawatawis, pangeran putra tuwinsantana dalem awit saking tanduking
boja kramanipun ingkang kagungaan damel ingkang ngantos anuwuhaken rumeseping
paa tamu, pramila jam tiga siyang pasamuan wau saweg bibar.
Amarengi dalunipun tanggal kapin g26 Nopember punika, pasakitan ing kunjran
wonten ignakng ambobol ngantos pitulikur tiyang ingang saged oncat.
(Porestenlandhen).
Ing mangke titiyang sadeyan ing parapatan Secayudan sansaya angrebda, kenign g
binasakake ngantos baleber dhateng ing radian pramila amutawatosi lampahig kareta
tuwin kapal anyegah tuwuhingsangsara bab ing makaben wau, prayogi sanget bili
nagari karsa andhawahaken parentah, watesipun tiyang sasadeyan wonten ing
tepinipun margi ageng.
Ingkang bopati polisi Kalathen, panjenenganipun Rade Mas Tumenggung
Mangunkusuma, saeng mariksani serat bramartani ongka 33 kapengker sami
salebeting taun punika anyariyosaken demang Mangunmarsana panatusing dhistrik
Prambanan anggenipun purun purun nampeni yatra besel saking bekel prajenan,
menggah rikating cariyos pun mangun marsana ing sanalika lajeng kapariksa ing
kabopaten temen lajeng kabayang dhateng ing kunjaran, kocapa taksih satunggal
awasta demang Wirya Semita, ugi panatusing dhistrik Prambanan, punika inggih
tunggil kareman, purun-purun nampeni yatra ingakng dunungipun dados pikuwat
pamenanging prakawis kathahipun 150 rupiyah, saking kyai Sakrama, griya ugi ing
dhusun prajenan mandar punika satengah mengsahipun Pawira Setika , sabab kyai
Sakrama bekelipun pawingking wah busukipun sanget prasasat dipun kecu alus-
alusan, mila cariyos punika kacupet samanten kemawon rumiyin tembe saengga
ingkang bopati karsa nglaksanani angunjara dhateng Wiryasemita saestu badhe kathah
candhakipun ingakng ngwedharaken lampahan kadya punika, wondene gunanipun
kasebut nginggil punika naming angreksa para pangagenging paprentahan dhusun
sampun ngantos kalepetan gandaning hawa ingkang marbuk arus wasana dipun
ngatos-atos para ambek reged.
Panjurung.
========================\================
Yogyakarta
Ing nagari ngriki tanah sisih kidul kathahtitiyang ingkang samikatrapen,kathah
ingkang amestani bilih jalaranipun sasakit wau, awit toya ing tanah ngriku reget
sanget ananging kados sanes punika jalaranipun ing tanah wau kathah kapal momotan
ingkang masthi boten waradin sami saras sadaya, asring-asring wonten ingkang dipun
tarajang sakit pileg bilih wonten kapal pileg pejah, palajengipun saestu dhateng ing
jagal ingakng lajeng sami andhasaraken ulamipun kewan pejah wau, mongka
rumasuking ulamipun kewan pejah saking sakit sampun tamtu anuwuhaken sasakit
embok inggih para ingakng andarbeni bek enggal aparing dhawah sirnanipun
lalampah anawekaken ulamipun kewan sakit saha nagari karsaha angudi supaods para
jagal sampunngantos angleledi gemuk dhateng para priyantuningkang saged
amlesedaken ing jejegipun (Porstelandhen).
Amarengi dalunipun ingkang angrintenaken dinten tindakipun kanjeng tuwan
residhen dhateng tanah Kilen Praga, raden mas Tumenggung LOndakusuma
angumiyini, mawi kadherekaken abdi dalem wadana tuwin pangageng sanesipun
ingkang sami gadhah wawengkon ing ngriku, sami badhe amethuk rawuhipun
kanjeng tuwan wonten ing dhusun Kamusu, ananging lerepipun para pangageng wau
wonten ing ngriku, boten pisan-pisan anyigekaken pakaremanipun para durjana ing
dhusun Jumeneng, utawi malihpara durjana kados pancen badhe angatingalaken bilih
boten ajrih utawi angaosana dhateng para ageng wau, awit ing daluning rawuhipun
raden mas tumenggung Londakusuma griya ingkang celak pasanggrahan lerepipun
wau kakecu, wah kalampahanipun pangecu wau cakut sanget awit sareng para ageng
wau sami wungu lajeng atandang para kecu sampun oncat saking ngriku, wah kathah
angsal-angsalanipun.(LOKOMOTIP).
Wektu punika, ingkang ngsta panguwasa ing Pakualaman karsa amulyakaken margi,
margiingkang sangking sepur mangidul punika sampun katerusaken mangidul dumugi
margi ageng sakiduling beteng ing Pakualaman, wondene margi ngajengan ing
danukusuman mangidul punika inggih ugi katerusaken dumugi margi ageng sakidul
beteng, pramila bilih sampun rampung panggarapipun margi wau badhe andadosaken
kamayaranipun para tiyang ingkang lumampah dhateng sepur, anamung para tiyang
ing bawah Pakualaman ingkang sakilening beteng, sami angresula, awit margi
alitingkang sanging margi ageng anjok dhateng lepen Codhe, sami kapejahan dhateng
kapala kampong ing Jagalan Ledhoksari, margi wau sangking pikajenganipun kepala
kampong sapunika dipun elih wonten ing Jagalan sangajengipun kandhang maesa,
punika andadosaken susahipun para tiyang ingakng sami lumampah, sabab
ingngajengan kanhdang maesa jevlokipun sanget kathah sesukeripun saha nyumelangi
bilih wonten maesa ingkang giras bokmanawi ing tembe badhe anddosaken sangsara.
Ingkang punika, saking panuwun kula, sarehnng ingkang ngasta panguwasa ing
Pakualaman karsa amulyakaken margi, mongka pejahipun margi alit sakilen beteng
wau ingngajeng boten terang saking dhawuhing parentah, ingakng ngasta
panguwasamugi mugi karsaha dhedhawuh bikak gesangaken margi alit ingakng lami,
supados andadosaken kemayaranipun para tiyang ingkang lumampah. (Panjurng)
==================\=====================
Batawi
Saeneh griya ing kampugn tanah Nyonyah, saben ing wanci dalu dipun sawati
kalayan sela, nanging boten kantenan sinteningakng nyawati, praila wonten ingkang
mastani manawiingkang nyawati setan, anunten saweneh walandi tilas soldhadhu,
ingakng dudunung sacelaking griya wau, dhateng ing ngriku ambekta sanjata ingkang
sampun dipun iseni sarwi wicanten seru, bilih piyambakipun sumerep punapa punapa
amasthi dipun sanjata, temahan griya wau boten dipun sawati malih, sanadyan
sampun tetela bilih ingkang anyawati griya wau panen tiyang, amargiajrih dhateng
pangancamancam pun gugon guhon inggih taksih adreng amastani,bilih ingkang
nyawati griya wau bangsaning wisaca.
=====================\=============================
Madiyun
Mentas punika wanci enjing ing Madiyun wonten lindhu, ananging among sakedhap
sarta boten sanget.
================\=======================
Camburan
Sarehning nalika pambikaking panggelaripun barnag kagungan ingang damel saking
kataberen ing tanah Paris boten wonten ingkang sampun angintunaken gongsa,
ngantos kalampahan kajeng gupremen angarsakaken tumbas gongsa regi 3500
rupiyah, ingkang kinintuaken dhaeng panggelaran wau, ananging sanget andadosaken
gelaning manah, dene gongsa wau boten dipun kantheni wayaga pisan ingkang nabuh
wektu tiningalaken ing kathah, mila temahanipun para tiyang ingkang ningali boten
mangretos dhaten ggunanipun gongsa wau, malah wonten soldhadhu ingkang nginten
manawi bonang punika wadhah janganipun para soldhadhu ing Indhiya Nederlan
kenong kakinten wadhah janganipun ing Opsir,dene gong kakinten wadhah
janganipun ing jendral.
Awit saking lepasing budinipun bongsa Eropah ngantos saged anganwontenaken
pirantos pinten-pinten ingkang anggawokaken, tiyang anenun sinjang sarana pirantos
ingkang kalampahaken dening toya, utawi denign kukus punapa malih sapunika
wonten pamanggih enggal pirantos olah-olah sarana panasing surya.
===============\===============\================
Candhakipun ringgit PUrwa: lampahan Kresna Sekar.
Praja ingkang sami lawan nagri, ing Wiratha sang resi Mamuja, dadya praja Astinane,
samana patutan wus, jalu raden Biyasa pekik, gumantya ing Astina, jujuluk sang
prabu,Kresnadipayana Krama, dhaup putri giyanti retna ambiki, ambini kang
taruna.Dadya maru lankadang pribadi, retna abiki apan ptuta, kakalih sami priyane,
Dhestharata kang sepuh, raden Pandhu dewata runi, ambini apatutan,jalu wastanipun,
rahaden arya Widura, tnaya tri anandhang cacat prasami, rahade Dhestharata. Apan
wuta netranira kalih, pandhu dewa tengeng jangganira, arya Widura sukune, ingkang
ing kanan gejug, ing sawunya karma putraji, Dhestharata dhauplan, Gandari sang
ayu, atmaja Prabu Gandara, raden Pandhu wau plawan dwi Kunthi, putrid nagri
Madura. Garwa taruna raden Dewi Madrim, putrid sangking nagari Mandraka, dupi
wus karma putrne, anulya sang aprabu, KResna dipayana sumilih, ing putra kang
panenggak, gumantya kaprabun sripamasa amagawan, neng retawu sang prabu
Pandhu sisiwi, gangsal prasamya priya. Tiga patutan sing dewi Kunthi, Puntadewa
kalih Pratasena, tigarahaden pamade, kalihpatutanipun, ingkang saming retna yu
Madrim, Pinten lan Tangsen kembar, dene kadangipun, Dhestharata wus patutan, lan
Gandari satus wuragille estrei, warnane yu utama. Ing nalika prabu Pandhu lalis, nagri
astina sinrahken kadang, Dhestharatapulunane, Pandhawa maksih timur, mring kang
nguwa pinarnah sami, aneng ing Gajahoya, lawanibunipun, dewi Kunthi Datan pisah,
wulucumbu umiring dedewi Madrim,lina margi konduran. Dupi diwasa sang pandhu
siwi, sinikara marang ingkang uwa, asandi sinung prajane,sebagyarsa pinandum,
karya balesinung piranti, samya ing ngisenobat, saka blandar usuk, sadaya pring
wuwutuhan, paanggrahan bale sagalaraneki, tan antara den obar. Aneng jronign
pawaka mawredhi, pandhu dayita lan prahatmaja, tan kantun wulu cumbune,
pamarmaning dewagung, sung sasmita garangan putih, tutulung tuduh marga,
mringpratala pitu, luwaring sangking babaya, Bratasena dhaup land yah Nagagini,
putreng hyang Ontaboga. Samantara mijil sing pratiwi, Putnadewa Bratasena miwah,
ari raden pinten tangsen, cemuris kang tumutur, , suwita mring Wiratha nagri, dewi
Kunthi arjuna, lan Teiwulucumbu, samya mring ngartawu arga, ing nalika punika
Dena tinandhing, yuda lan Rajamala. Parta kinen tutulungnulya glis, mring Wiratha
nanduken bramasta,dadya marga antakane,raja mala ing dangu, rupa kenca-kenca
kakalih, samya sareng palastra, detanaya pandhu,katri prasamyakadangnya,lawan
resiKresnadipayanananging, kadadyaning sukreta. Tunggil yayah dyah Rekathawati,
Narpadayita srimatsanata, mangkana ring sang pamease, mass anta kang sung tuduh,
mringkang wayah sang pandhu siwi,kinon ababat wana,marta bawahipun, jajahan
nagri Wiratha, dupi dadya prajawinastan samangkin, nagari ing Ngamarta. Raden
Puntadewa madeg aji, ajujuluk Prabu Yudhistira, Bratasena ingakng kinen, babat ing
wana Munggul, pawenang wus dadya raneki, judhipati arjuna,kinen babat sampun,
aneng wana madegonda, sinung aran ing Madukara samangkin,dewa yah kalihira.
Taksih wonten candhakipun,
==========================\========================
Candhakipun gerahing Gusti Rasul
Samana wonten sakabat, juga aran kasha marak mangarsi, sarya londenya umatur,
amba nguni kadukan, duk mangsah ing ngayuda riwut prang pupuh, satemah ambaka
taman, paduka gebag camethi. Samangkin kawula arsa, males maring paduka nuting
tudig kang para sabat sadarum, kendel denya karuna, sarwi nabda ingkasah anguwus-
uwus, eh kasha liwat daksura, tanpa ngrasa siraiki. Jeng gusti kaya mangkana, teka
dadak sira yun amisakit, apa wus tandarbe kalbu, kapan gusti mamala, maring sira
away ta sira sadebus, jeng nabi arum kang sabda, wus jamak manungswa lali.Lah
away maido sira, dimen males kasah payo tumuli, males mringmanira mukul,
mumpung sun during ngajal, paran tembe yen nganti malesireku, ing ngakerat dad
apa, mumpung isih padha urip. Prasabat nangis sadaya, eh ta kaah malesa maring
mami, sunungguh ing gustiningsun, baya tatan panalar, karanjingan apa sira edan
taun, becik aturna kewala, angapura maring gusti. Nuwun camethi pun kasha, nguni
ingakng dipun karya anggitik, jeng nabi amatag gupuh mringputra dyah patimah,
kinen ngambil sang retna udrasa muwus, melasa sih aturira, rama amba kang
nglampahi. Sanadyan rapteng antaka, sarwi bekta camethi aneng ngarsi, mring kasha
ris wuwusipun, dhuh manira kewala,kang nauri jeng rama sambutanipun,mara kasha
anggitika, sanadyan tumekeng lalis. Semu runtik aturira, dede gusti sang dyah kang
karya sakit, tan wonten paedahipun,jeng nabi lon ngandika, lah tanini camethi
ulungna gupuh, kasha inggal amalesa, prasakabat samya nangis. Eh kasha kaliwat
dadraha pasira iku kaworan baring, sang dyah patimah srumuwus, dhuh kasha
kaningaya, apa baya kang tinemu badhenipun, pun kasha matur nalika, tuwan amukul
pun dasih. Kenging pupuser kawula, kangjeng rasul gya buka kanang nabi, yeku puser
tegesipun, tandya keksi gumebyar, lir basonta andhadhari wektu bangun, sumorot
ujwalanira, sumunar marang wiyati. Langit trus sapta sawarga, kasonganing
cahyaning puser nabi, cengengengleng jetungngungun, kasha nungkem mi pada,
sarwi nangis melas asih aturipun, dhuh gusti nuwun aksama, pun dasih kalangkung
sisip. Cidra matur komondaka, nuwun tuwan aksamaasamangkin, sampun ngantos ari
lampuys, dados punapa amba, mrma dasih paduka akamipurun, matur dora
komondaka, muhung yatna tuwanangling. Nalika ing masjid mahya,mring saka bat
sinteningkang umaksi, ing puser tuwan sawastu, manjing jroning sawarga, tanpa kira-
kira marma amba matur, dora cara mrih uninga ing puser paduka gusti.Sampun lami
patik arsa, yun uninga nanging boten marengi, angsal margiingkang patut,ngandika
rasullulah,iya kasha sun apura sado samu, insakllah manjing sawrga, lumrahe wong
goroh sami. Sayekti anemu siksa, naming sira dora manjing swargadi, wus pasthi
karseng hyangagung sira manjing sawarga rpasakabat sadaya sami gegetun, myat
pratikele pun kasha, dora tema mijil suci.
Taksih wonten candhakipun
Kula pun Pangindhung mangunbrata
Ongka 49. Kemis kaping 5 Dhesember 1878

Ing Surakarta
Ing mangke sampun umum pawartosipun bilih sameyan dalem ingkang sinuhun
Kanjeng Susuhunan sampun andhawahaken palakramanipun putra dalem titiga
kalampahanipun benjing tangal kaping 23 Besar punika, ing sapekenipun panganten
sami kaundhuh dhateng dalem panabean sabibaripun dame ling ngriki lajeng ing
dalem kapurbanagaran inggih wonten damel mugi-mugi sampun ngantos wonten
jawah kemawon.
Para tuwan ingakng amaosi siti dhusun kathah ingkang sami angresula, awit
pangrebdanipun kadurjanan ingkang tumrap dhumateng tataneman ing sabin makaten
wau sakin gpamangihipun awit para pandung ingkang sami kascepeng naming
kapatrapan paukuman sakalangkung entheng,ramila para tuwan wau ing salebetipun
wulan punika, sami badhe angalempak rerembagan ing sirnanipun kadurjanan wau
(Porstenlandhen).
Panjenengan dalem kanjeng gusti pangeran adipati Ariya mangkunagara mentas
angsal tikus saking tanah Sembuyan inggihpunika ingkang dipun wastani tikus ama,
mengggah wujud tuwin warninipun inggih kathah emperipun dhateng tikus sanes-
sanesipun naming bututipun kados buntut bajing, saha mawi sawiwi kados walang
kappa. Pramila kathah tiyang dhusun ingkang asring-asring amastani, bilihama tikus
wau dhatengipun dhawah saking ing nginggil cariyos makaten wau inggih kenging
kaanggep awit kayektosanipun tikus ama mawi sawiwi, dados saged abur.
Ing mangke kanjeng pangeran Ariya Gondasiwaya sampun amiwiti ing pangeburipun
sumur, wonten ing papan dalemipun piyambak ingkang anggumunaken ing
ngakathah, tiyang dereng nate atampi wulang, punap amalih dereng nate anyipati
padamelan makaten mongka naming tumuwuh saking taberi tuwin saking kencenging
karsa, sadaya pandamelan ingkang dipun asta kanjengpangeran ariya Gondasiwaya
kadadosanipun tamtu sae, eman sange dereng kagungan karsa tindak dhateng nagari
ageng, iba indhakingkawruhipun.
====================\====================
Yogyakarta
Sampeyan dalem ingkang sinuhun Kanjeng Sultan karsa anjenengi anggenipun abdi
dalem ringgit tiyang sami anggegulang, menggah ingakng badhe kagebyakaken
lampahan Pragolamurti (Postenlandhen).
Amargi saking deresipun jawahing jurang lepen kuing kathah siti jugrug tiyang
ingkang wonten ing ngandhap sami alit manahipun bilih ing balebering toya siti wau
kabut lajeng angurugi sabin sabin ingkang wonten ing ngandhap (Postelandhen).

Camburan
Sareng panggelaring barang kagunan tuwin pakriyan wiwit badhe kasigeg ing mangke
tiyang ingkang ningali ing sadinten-dintenipun 150000 tiyang, punapa malihing
dinten nalika tedhakipun kanjeng tuwan jejering para nayaka ing Prangkrik dhateng
ing pasamuan mandar mawi ginarabeg para kanjeng pangeran saking praja ing
ngamonca, badhe amaringaken tatenger dhateng para tiyang, ingkang barangipun
onjot tandhingipun tiyang ingkang aningali ngantos jejel tanpa wilangan pangeleting
panggenan tiyang satunggal ngantos pajeng seket rupiyah.
Benjing amarengi ing dinten dhaupipun srimaharaja ing Nederlan para ageng ingakng
dipun suruhianjenengi damelipun ngantos tiyagn 3000, ingmangke ing tanah –tanah
ingkang sami kabawah Nederlan sami anglempakaken yatra, tumuwuh saking
rumeseping para tiyang piyambak-piyambak dhateng sarira dalem srimaharaja, bilih
sampunnganlempak badhe katumbasaken tatenger, nunten kaonukaken dhateng ing
Nederlan.
======================\===========================
andhakipun ringgit purwa, lampahan KResna Sekar
Raden PIntentangsen sinung sami, wismeng patinggi ing Padhusunan, bumi rata
wulan maleh, ing sawojajar sampun, rinarengga pantes nulya sri, tan ana kang kuciwa,
aparipurna wus, kuneng mangsuli arita, duk pandhawa sagotra keneng piranti,kabasmi
tutumpesan. Sru marketer wong sapraja tis-tis, tyas karantan tateleng pawarta, tutur
tinutur jatine, juti singular jeng tuwuh, ingpulunan denya mrih dhateng, tita katareng
tingkah, kahana tinunu, nunungkul dera mrih laya, de kang dhat sukeng tyas sandi
makingkin, dhestharata lan garwa. Retna aha Gandari lan Sangkuni, tiga punika
anunggal karsa, cipta lestari pamrihe, praja Astina wutuh, yakti tulus wibawa mukti,
putra pambayun nulya, ing ngadegen ratu, jujuluk Srikurupatya, Raden Arya sangkuni
mongka papatih, wise sareh ing praja. Mengku bangbang lumluming prajadi, kadang
nata wus sinungan parnah, sayarja astina mangke, srikurupati sampun, dhaup putrid
Mandraka nagri, dyah Banuwati nama,kadang kang waruju, kusuma dursilawatya,
dhinaupken lan satriya Banakeling, ran Rden Jayadrata. Sampurnaning karya
amarengi, wonten brahmana sabranga jawa, ngatras maruta wijile, Durna
paparabipun, dahat pinarcaya wit saking, ingnguni rikalanya, awasta ginacupu,
kalebeng jro Jalatundha, dhahyang Durna punika ikang saget ngambil, prasetyanig
narendra. Bapa guru marang sang maharsi, mila mangkya mongka tuwanggana,
Sokalima asramane, kang dadyan delingkewuh, kadang paripeyaniraji, narpati
Ngawongga, rising suryasunu, kinudang manggalaning prang, bratayuda sumanggup
tandhing kasektin, lawan nata pandhawa. Miwah wonten atmajaniraji, sri santanu
murti ing Talkondha, Dewabrata paparabe, sinamiing pangrengkuh, lawan Durna
tinaritari, kathah amonca praja, ulubalangipun, sadaya samya sumewa, myang
agugning prajurit mantra bupati, tuhu tanpa wilangan. Saben masa samya atur putrid,
panunungkul bulu bykti miwah, peni-peni sadayane, myang raja peni tan wun, sotya
retna kang ngadiadi, kianrya rengganingkang, kadhaton mas murunb, kucek ujwaleng
baskara, sarawungan lan rengganig kenyapuri, Astina karyasmara.
Kuneng anuju ing ngari, respati srinaranata, siniweng siti bentare, lenggah mungging
dhapar denta, pinatik ing sosotya, arja pramudani babut, den ayap sagung
pawongan.manggung badhaya saripi, nompa upacaranata, babak dhalang kacumase,
tanapi arda walika, kinebutan lar badhak, lantaran pedhang myang tulup, tameng
jemparing gandhewa. Kongas gandaning narpati, dumugi ing pangurakan, sirna ing
kamanungsane, apindha jawata ingkang, den ayap waranggana, repidhem baanipun,
mugnpaksi kuk lawan jalak. Muny imbal ganti-ganti, ing saluhuring taratg,
mewahingg siningkaprabon, wdya ingkang nambut karya, pandhegendhing kemasan,
cat kapyarsa swaranipun, araras lir mandaraga. Maweh ascarya kangnagkil, sinten
jujulukingnata, prabu Kurupati dene, ngratoni kadang kurawa, aparab Suyudhana,
suyut ingpapingilipun, danamaring paparingnya. Suyut Kurawa wit saking, rebut
pingil marmanira, jaya pintana parabene, jaya unggul pinta puja, srinata ingnastina,
rosa ingpamujanipun, parab anggandirasuta. Atmaja dyah anggandari, jujuluk
Duriyodhana, durrimustika tegese, Yod dhana araing yuda, musthikanin gpaprangan,
andina dana lumintu, asung boja busanarta. Lir pendah ilining warih, warata marma
kasusra, lelabuhanireng katong, narendra anjalasutra, alus pangreh ing wadya, anoya
gumana angsung, mamanising adya bala,, Bumi kapetak ambeking, narendra marta
utama, ginunggunga pambekane, kadi datan pawekasan, karta katining praja, astina
ngungkur ken gnung, angereingken pasabinan. Ing kanan praja banawi, amangku
peken bandaran, loh barang tinandur tuwoh, amuruh buja busana, tebih laku
dursila,janma dagang siyang dalu, tan ana sang saying marga. Gemah arjaning nagari,
kasub ing ngamonca praja, keh janma prapta sedyane, awisma aneng astina,
kayungyun yuning narpa, denira tansahmamayu, kamulyaning wadya kuswa.Makater
prang muka wingwrin, nungkul tanpi nungkulingprang, mangestu padaning katong,
ing ngariras patisoma,s ang nata siniwaka, pepak para kadang prabu, ulubalang pecat
tondha. Tondha mantra myang prajurit, aglar lir kembang palasa, ing paglaran tinon
abyor, surem sunaring raditya, kataman prabaningkang, busananing pratiwanung,
kang caket ngarsaning nata. Resi Durna lan Sangkuni, kang mongka patih wisesa,
waskitha ing driyanya ngreh mrih unggul ing ngering praja, luwesing pamicara,
rumating tyasira putus, ring juti tan kawastara. Kuneng nabda sribupati, mring
pandhita sokalima, paran bapa Durna dene, ngong piji sowan andika, umatur
dhahyang Durna, timbalan nata kang dhawuh, salami tan kadi mangkya. Guguping
tyas kula margi, wanter timbalan paduka, sang nata ngandika alon, away kaduk
beleng driya, andika ywa katenta, atampi ganjaraning sun, umatur pandhita Durna.
Pukulun srinarapati, sare pimanara sapta, ing ngakilem datan darbe, cipta tampiya
ganjaran, ing gatri myang raina, tan pegat esthiign kalbu, yen wonten karsa paduka.
Pun bapa upami ruksmi, lineler binasmi tondha, dora satuhu sang katong, yen
mundhut jaya kadibyan, ingkang tinatah mendat, amalurut sinalukun, sinanjata latah
latah. Myang kaluwihaning jurit, angracut bayuninglawan, panglesrebing sarba sato,
singawara kaprapta nembah, panututing turongga, pangendhakign dwi pangeku, katur
sadaya sumaga. Sang nata nabda rumanis,enggeh bapa ngong tarima, prasetya andika
kabeh, ing samangkeya tyas manira, tan cipta ngajijaya, resei Durna turira rum,
wangsul kula tinimbalan. Paraning karsa narpati, mangsuli sabda sang nata, bapa
durna sumarmane, dika ngong piji magnarsa, enggihlamun sambada, driyanta
prayoginipun, andika mawiya karma.Dhahyang Durna ngling pamuji, Ijagadewa
bathara, monyor kenthos waloh gembor, samaranti samalola, pritgantil buntut kisa,
andhe-andhe nora wurung, neng mata dadi mamala.
Taksih wonten candhakipun.
=================\===========================
Tamatipun gerahing Gusti Rasul
Kanjeng nabi angandika aris, kabeh sanakingong, away anamulih mring wismane,
tunggonana manira ing jawi, ywa akeh kaeksi, sung ruweting kalbu. Tandya para
sakabat wus mijil, udrasa gmuroh, neng na wau Ngijrail praptane, mamba janma arab
aneng kori, warnane ngajrihi, prakosagung luhur. Kiswagimbal wus awarna putih,
netrane sumorot,lir baskara kembar sisiringe, nguwuh-uwuh ulun minta idi, wabu
kanjeng nabi,ngandika mring sunu. Tingalana nini ana janmi, neng dwara anguwoh,
minta idi yun manjin gdelinge, sangkusuma gupuh amarpeki,Ngijrail lonangling,uluk
salam matur. Dhuh sang retna putrane jeng nabi, umatura gupoh, amba ayun panggih
sudarmane, sang dyah dhawah kantaka tan eling, jrih miyat ing warni, dangu pungun
pungun. Matur alon pinagsa sanget jrih, sang retna dharodhog, sinten tuwan ing
pundit wismane, aneng dwara paran sedyeng kapti, ngijrail nauri, jama ngarab
ulun.ARsa panggih lawankanjeng nabi, sang dyah wangsul alon, netyapucat
kamantyan ajriye,matur maring kang rama ing kori, sujanma kang prapti, prakoswa
gung ruhur. Kiswa gimbal netyane lir rawi, gumebyar sumorot, ngaken tiyang sing
Arab wijile, ing salami ulun tan ningali, janma memedosi, kang kadya puniku.
Swaranira angajrih-ajrihi, ulun andharodhog, temah dhawah kantaka asuwe, kanjeng
rasul dupi amiyarsi, wrnane wus salin, sarira pyuh lesu.Dhasar nandhang gerah
sampun lami, Ngijrail wus rawuh wus kaesthi jeng nabi surute, amarengi ari soma
kaping, kalih wlas ing rabi,ngulawal kang santun. Praptanipun wau sang Ngijrail,jeng
nabi lingnya lon, dhuh suteng sunnnini sayaktine, tamuprapta iku dudu janmi, sing
Arab sayekti, dadalane lampus. Nggon sun pisah lawan siranini, miwah putu karo, iya
iku ngijrail dutane, ywa wisesa dhuh woding tyas mami, tanduwe sudarmi, adhuh
putuning sun. Kasa-Kusen den becik sunlalis,jeng nabiu lingnya lon,s anak ingsun
ngijrail praptane, paran ingkang sinedya ingkapti, punapa yun ngabil, inggih
atmaningsun. Lahpunapa tinjo bae maring, jeneng suntur nya lon, amba naming
tutuwi yektine, nanging ulun paduka sung idi, ing ngutus hyang Widi, Atma kinen
mundhut. Kanjeng Rasul angandika malih, de teka katinaros, lamuns ampun hyang
suksma karsane, dhawuhipun amba kinen nari, yen tuwan tanapti, yekti amba
wangsul.Kinen nurut sakarsanta yekti, jeng rasul ling nya lon, sampuntelas jeng nabi
delinge, paran ingkang winicara malih, mung arsa pepanggih, lawan mitra ulun.Sang
Jabrail ing pundit samangkin, dene datan tinjo, tur nyari sang Ngijrail samangke,
wonten langit kapisan anganti, rawuh tuwan kanthi, kang malekat agung. Tan antara
Jabarail prapti, sungsulam tur nya lon, dhuh jeng nabipramalekat kabeh, angentosi
atma tuwan sami,s apti tukang langit, wus menga sadarum, Kanang swarga sampun
den paesi, rinenggeng para bot, waranggana andher sacethine, ngarsa-arsa prapta
tuwan sami, rasullullah anglng, paran umat ulun.Benjing ing wuri kang sami bekti,
miturut yang mann, lah punapa tinemu ing tembe, jabarail matur sami ugi, lan tuwan
sayekti, kanugrahanipun. Malah kongsi ridelahan benjing, jeng rasul nabda lon, lah
sumongga lekasena age, sang ngijrail anulya ngideri, ing kanan lan kering,nipun
kanjeng rasul. Kanjeng nabi wus rongeh kaeksi, tan buh kang karaos, sang Ngijrail
ing dagan adage, jarijine sukuwus tinarik, kang kakalih dugi, dalamakanipun.kanjeng
Nabi wus karaos sakit, angandika alon, lah lerena ing sakedhap bae, sangngijrail wus
kendel tur nyaris, paran tuwan apti, jeng nabi ling nya rum. Inggih sangking raosipun
sakit, lah malih den alon, sang Ngijrail miwiti asareh, kanjeng Nabi aken kendek
malih, dahat ting asakit, tan kaawa ulun. Sakarate wong arsa ngemasi, ngijrail tur nya
alon, dhasar inggih asakit raose, janma lalispunika jeng nabi, kaakasih ing widi,
mendah sanesipun. Kadipundi karsa tuwan amngkin, ambanut sapakon, kanjeng nabi
malih andikane, dugekena nanging den aririh, Ngijrail miwiti, prapteng jajanipun.
Miwah sulbi wus santun pangeksi, seak ingkang panon, atmakumpul punika purwane,
keh rencana panggodhaning ngeblis, kang tan tuk rahmating, ywa suksmana enkung.
Keh warnaning mamrih gingsir, kang tantuk rahmating suksma, sakala limut imane,
jongga seret sru kasatan, angucap datan bias, sarira leash kaklangkung, dahatkapengin
ing nadhah. Kadi kaliren wus lami, panarikira kang atma, sapira-pira sakite, nulya
nagodha rencana, mamba rena sudarma, miwah anawarna guru, dayita kalawan weak.
Mawa papanganan adi, narma dawening kalintang, angajak sasar pamriye,lamun
ngnati tinampanan, pastheku dadi sasar, anamimba sanakipun, mitra kang sring
kinasiyan. Kalangkung denya mlas asih, ngarih-arih angrarepa, mamrih tinut saujare,
marma sami den waspada, kang santosa ing tekad, aywakena ing pambujuk, wektu
sakarating lena. Den beti maring yang widi, ing kono tan nemu sasar, sinungan rahmat
patine, lawan ana tatengeran, iya patang prakara, ing dalem sakaratipun, katon
ingkang cahya kresna. Kadwi katon cahya abrit, katrikaton cahya jernar, cahya seta
kacature, yen cahya ireng katingal, sira dhikir dening ggal, napi isbat iya iku, setan
Yahudi kang cahya. Awor lan nepsu kang nami, luwamahiku wus pisah, lan ati agung
godhane,dhikir mudipun santosa, napi isbat lan lapel, wajib takonamring guru,
cahyeku tumuli sirna. Yen cahya jenar kaeksi, punku nepsu amarah, wus pisah lawan
atine, setan luwes ingkangprapta, ngrancana anggodoha, marma den becik pujimu,
karane kuluwih gawat. Setan luwes sara wasis, nadyan janma tan sakarat,
pinanjinganan garbane, ambuujuk mamrih sasar, alikane manungsa, amaca Kur’an
gya metu, ing dubur denya singeda. Malekat ingkang genteni, madon abining
manungsa, yen raywan ing pangajine, malekat tumuli mentar, setan luwes kang
prapta, lamun janma iku sujud, sarta muhi setan lunga. Tansah denya wira-wiri, setan
luwes langkung guna, yen katon reta cahyane, puniku nepsu suwiyah, wus pisah lan
wardaya, setanmardudi kang muncul, den santosa dhikirira. Lamun cahya katon putih,
puniku luputing godha, wus kapungkur rencanane, marma dipun gugulanga, away
tyas ambek swarda, tembe bok sasar ing lampus, balik den kaesthi padha.Tyas rahayu
santa budi, kadarmane den gedhekena, mituhu ing sarengate, away pegat gung
dadana, karya reneng sasama, wus titi pangriptanipun, pun Ngabei Mangunbrata.
Tamat.
================\===========================
Ongka 50 Kemis kaping 12 Dhesember 1878
Serat kawat saking Eropah
Palakrami dalem srimaharaja sampunkatamtokaken wonten tanggalkaping 7 januwari
1879.
Sadaya serat serat manggepokan solah bawaning praja Ruslan ingkang tumrap
dhatengparanagariing madyaning tanah Asiya, ingkang mentas kawedharaken sami
asuraos bilih General Kofman tan kendhat imbalan sastra kalihan amir ing tanah
Afganistan angwedharaken biih prabu Ruslan angrsa-arsa, supados sang Amir
amangsulna cundaka praja Inggris, mongka ing mangke tanduk makaten wau
kadunungaken tumuwuh saking General Kofman primadi.
Panjenenganipun sang nata ing tanah Itali kacidra, ngantos kataton sakedhik
pangagenging para nayaka badhe anyepeng tiyang ingkang anyidra,temahan kataton
ngantos badhe andadosaken pejahipun.
Para nayaka sami asaos onjuk dhateng sang nata ing Turki, mugi atepang rukun
kalihan praja Grinenlan saderengipun praja liyan sami amor ing prakawisipun.
General Roberet sesampun amikut kitha Peirwarkortal ambeskupmariyem kathah saha
mengsah sanget anggening kandhap ingpayudanipun, wadya Ruslan badhe boten
oncat saking kitha ADriyanopel tanah Turki, bilih Turki wau dereng angestokaken
sasanggemanipun.
================\==========================
Surakarta
Sampun kathah serat pawartos ignang sami angwentaraken bilih kanjeng tuwan
ingkang wicaksana mister Panlasebergen badhe aseleh paparentahanipun menggah
ingkang kaparengaken saking karsa dalem srimaharja, badhe kaangkat angentosi
kanjeng tuwan Johir Mister Dhentekse, ingmangke jumeneng lid ing Irstekamer tanah
Nederlan.
Kanjeng tuwan Dhentekse kawentar sanget ing utawmi tuwin wegigipun dhateng
pangereh ing praja, saha amunjuli ing pangolahipun dhateng pahasilaning
nagari,punap amalih dhatenging paparentahanipun anrang tur teguh, boten mawi
awangwang saha sampun pundhuh dhateng ing kawontenanipun tanah jawi, wit kala
rumiyin sampun nate dados Atpokat wonten ing ngriki.
Ing ngriki tuwin ing Yogyakarta ingakng sami tampi tatenger, bab
anggenipunanggelaraken barang dhateng ingk kitha pareis (Paris) ingngahdappunika
pratelanipun.
Kanjeng Gusti pangeran Adiapti Ariya Mangkunagara, angsal medhali Salaka, bab
pandameling gendhis pasir saking Rosan.
Tuwan Panaspen berputse, dhorepal angsal patondha mamunjuli, bab pandameling
nila.
Tuwan Operbek angsal medhali salaka, bab padameling endhis pasir saking Rosan.
Para tuwan tuwan ing Yogyakarta sami angsal medhali salaka tuwin pratondha
mamunjuli, bab pandameling gendhis pasir saking rosan.
Siti dhusun pamaosanipun para tuwan ing Gemampir tuwining pakem anggsal
medhali slaka, babapndameling nila.
Raden Mas Ma’un putranipun Raden tumenggung Arjadipura, kawisudha dados abdi
dalem mantra Gedhong tengen kaparingan nama Raden Mas Ngabei Arjakusuma,
akalayan lenggahsiti 5 jung.
Tuwan Buning ingkang andarbeni pangecapan ing Yogyakarta mentas amintokaken
serat pananggalan tembung malayu sastra Walandi,kaangge ng taun ngajeng punika,
pangarangipun tuwan F.L. Winter ing ngriki, menggah sastra tuwin wujudipun boten
anguciwani, mawi gambar dalem srimaharata ing Nederlan saha kawewahan pratelan
dunungipun para ageng tanah Gupremenan.
====================\==========================
Yogyakarta
Nalika Jumuwah kapg 6 Dhesember punika sonten wancijam wolu ing tepining redi
Marapi wonten suwara jumegur, naming sawatawis dangunipun katiti pariksa pipining
kawah gempal sakedhik ingkang dhawah ingkawah anjalari suwara jumegur wau.
Menggah benjing amarengi palakrami dalem kanjeng raja, saking pawartosipun ing
nagari ngriki badhe wonten pasamuan gentos gentos ing dalem paresidhenan ing
kadhaton tuwin ing dalem Pakualaman.
================\=====================\===============
Panjurng Bab Kawruh taneman
Sami-sami kawruh pawedaling bumi, kawruh tataneman punika amigunani piyam
dhateng manungsa, sakathah manungsa tuwinkewan-kewan sami angsal tedha saking
tataneman sarta manungsa saged pikantuk sasandhangan praboting griya, jampi jampi
saha rerenggan edi-edi sakin gtataneman wau, salaminipun manungsa gesang wonten
ing ngalam dnya ingkang dados tedhanipun boten ling saking pawedaling tataneman.
Kajawi tataneman ageng ytuwin alital ugi wonten ingkang kalebet gegelenganing
tataneman inggih punika luput jamur sarta talutuh.
Paperanganipun ageng tataneman punika kadosta: Oyod wit pang, godhong, sekar,
who tuwin pucuk sanajan ta taneman wau kathahipun ngantos ewon tiyang ugi saged
angyektosi satunggil tunggilipun saking daya, ambet alus sarta kasaripun.
Manungsa tuwin sato kewan anggenipun anenedha sarana cangkemipun nanging
panedhanipun tataneman sarana ototipun ingkang sami bolong.
Satunggal-tunggaling taneman anggadhahi otot bolong kakalih, ingkangsatunggal
gunanipun angisep awa tuwin bun satunggilipun angisep mubarang teles saking ing
siti ingkang dados tedhanipun wujuding otot wau oyod sarta godhong.
Oyot punika ingkang dados pikekahing wit tumanemipun wonten salebeting siti,
godhong-godhonging taneman sami megar wonten sanginggiling siti, mangkaten ugi
oyod-oyodipun sami analesep ingsiti amrika-mriki saha angisep ingkang dados
tedhanipun sarana ototipun ingkang bolong.
Wit punka thukulan oyod menggah lampahing tedha wau mangadhap manginggil
wonten salebeting wit amadin dhateng sakathahing pang tuwin godhong-godhongipun
sadaya.
Godhong wau inggih kados oyod minongka prabot kangge angisep tedha,
tandhanipun manawi tiyang angrampasi godhonging taneman seminipun amasthi lami
jalaran prabotipun wonten ingkang kirang.
Saben-saben tiyang sami eram sumerep godhong-godhong kadunungan otot
salaminipun godhong punika alus ingakng nginggil tinimbang ngandhap sarta ingkang
ngandhap kathah bebolonganipun kaannge ngisep bun manaa tiyang badhe sumerep
punapa inggih temen mangkaten amethila godhong kacurana toya ingngandhap
nginggil amasthi lajeng kayekten bilih ingkang nginggil tuunten beset tinimbang ing
ngandhap ait ingngandhap wonten bebolonganipun ingkang ngisep toya wau.
Katandhan S.P. ing Kratonan.
========================\=======================
Yen kapareng dhangan ing panggalihipun tuwan ingakng ngarang serat Bramartani,
serat kula punika mugi kapacaka ing abaratan Bramartani, kados ingkang kasebuting
ngandhap punika.
Ing bramartani ongka 48 kaprateandhan Lokomotip, angabaraken yen ing dinten
dalunipun angrintenaken tindakipun Kanjeng tuwan Residhen dhateng tanah sakilen
pragi, kaleres dhusun celak Pasanggrahanipun Raden Mas “Tumenggung
Gondakusuma wau kakecu,kalampahan tandanging kecu senggkut sanget, saking
sabab punika cariyos boten patitis, ugi wonten ing nalika dalu wau swaraning
gundhala ingkang saklangkung anggegeter, anamung dursila mandung lembu, saking
tangginasipun raden tumenggung kapala dhistrik ing Jumeneng ingkang
ambawahaken dhusun ingkang kapandungan wauy, lajeng kaparingan parentah
ingakng dahat anteb, piyambakipun sampun boten susah andherek methuk rawuhipun
ingkang jeng tuwan residhen, kinen angupadosana raja kaya ingang ical satiyangipun
dursila ingkang ngantos kapanggih, yen boten saed angleksanani dhawuhing parentah
mas kapala dhistrik sampun angresula anampeni ganjaran saking kanjeng parentah
aeng ingkang bareyot, sanalika mas kapala dhisrik sareng nampani dhawuhing
parentah ingkang saklangkung anteb lajeng pratigya,ngusap rawis sarwi matur
sandika, antawis sakawan dinten pun dursila sacihnanipun lembu sami kacepeng,
sasampuning trang papriksanipun pulisi, dursila sacihnanipun lajeng kaladosaken
dhumateng kabupaten ing Suleman, salajengipun kaunjuk ing nagari, sanalika pun
dursila amanggih karaharjan agriya gedhong ignkang tansah dipunjagi kalayan
prayitna, Lah punika menggah katranganipun andadosna sumerepipun kisanak
ingkang matang tuna anumbak luput.
Ewadene amarengi ing dinten malem Jumungah wage ugi salebetipun wulan sela
ingkang kapengker punika,ing dhusun Morangan clak-celak ing kabupaten Suleman
bawah dhisrik ing Jumeneng wonten dursila culeng, sakala wau pun durjana
kasembadan sasedyaniun, boten wonten ingkang alang-alangi lampahipun, anangin
gsarehning kapala dhistrik ing jumeneng ingkang ambawahaken dhusun Morangan
wau dereng sirep pangulad-dulading jaja, boten antawis dinten pun durjana culeng,
sampun sami kapikut kapurpara amrkungkung dening kapala dhistrik ing Jumeneng,
salajengipun kaladosaken dhumaeng kabupaen ing Suleman,menggah ing
katrangannipun gumantung ing karsanipun kanjeng parentah ageng.
Mangunan kaping 9 Du;lkijah warsa Dal, ongka 1807 Gunapraceka.
==================\============================
Candhakipun ringgit purwa lampahan Kresna Sekar
Sinuhun sintenkang apti, ajodho kalih pun bapa, desampun lungsesamangke, sang
nata malih ngandika,s anajan wis satuwa, manawi andika sarju, karma manira kaduga.
Ing pundit kang wonten putrid,atmaja kadang ing nata, ing sanuswajawa kabeh, ing
jengandika ywa taha, lah para ucapena, pandhita Durna turipun, nun inggih-inggih
sandika. Ambagenggeeng dennya linggih, kendel derengamicara, mangangen-angen
driyane, mesem-mesem kajuwitan,byar enget matur santak, dhuh sinuhun kangpanuju,
conthonging paminta amba. Najan kathah para putri, pan inggih naming sajuga, bibi
pan dukapunebeng, atmaja Prabu Bismaka, Retna Rukmini nama, kasusra warna yu
punjul, datan wonten kang cinacat. Ngasorken resmining sasi, najan para waranggana,
sarwaka sor sabarang reh, miriba ayuning warna, kantun gandes wiraga, miriba
wiraga kantun, amrak manah leng-ulengan. Yen pareng karsa sang aji, mung punika
senenging tyas, sang nata manis wuwuse, bapa ywa marasing driya, luwih bagja
andika,manira ingkang anyuwun, ing paman prabu Bismaka. Nar pangandikeng
Sangkuni, paman arya kaya paran,mungguh karsaning sun kiye, supaya bias kalakyan,
apa ing ngong priyongga, mring kumbina anunuwun, supaya pareng sang nata.
Putrine tulus karabi, marng bapa sokalima, rekyana patih tur nya lon, pukulun
menggah kawula, tan rembag yen paduka, tindak pribadi saestu, asompok sabarang
karsa. Prayogi den waranani, kanthiya ing pamiluta mangkaten tan damel kaget,
sadaya karsa narendra, kawrata ing pustaka, punika pamanah ulun, ewa punika
sumangga. Kuneng ature Sangkuni, ing driya cipta umewa, mring pandhita Durna
dene katongton sih ing narendra, yata sri syodhana, sapadurat datan muwus, wasana
ngandikeng Durna. Paran andika ngrembagi, resi Durna lon turira, langkung prayogi
sangkatong, aturipun palebaya, nata malih anabda, sinten prayoga lumaku, mring
kumbina tur pustaka. Supadiywa nguciwani, umatur pandhita Durna yen pareng karsa
pantese, jawi raka paduka endra, anak dipati Karna, ingkang dados kanthinipun,
prayogi pun Jayadrata. Kalih punika watawis, datan kirang ing waweka, amawrat
gamil myang angel, sang nata sarju mangagya, marang rekyana patya, paman
Sangkuni den gupuh, karo sira timbalan. Iya kakang adipati karma lan Si Jayadrata,
den pareng prapta ngarsengong, Sangkuni sandika mentar, prapta paglaran pangya,
Karna jayadrata sampun, kalih samya tinimbalan. Sandika anulya kerit, minggah
marang siti betar, sadaya cingak kang anon, anarka yen ana karya dene karo Santana,
prasamya andeling kewuh, tinimbalan ing narendra. Ya taraha den apatih, ngirit
karma Jayadrata, prapta ing byantara katong, katri samya sareng lenggah, karma ing
ngawe nulya nyakup asta wusnya angsul, lenggah jajar lawan Durna. Gya satriya
banakeling, umangsah mangaraspada, dupi wus mung dur gya linggeh, keringing
rekyanapatya, sang nata rumanabda, kakang dipati marmeng sun, miji pisowan
andika. Ywa kaduk beleng panggalih, karma umatur noraga, yayi aji saestune, dahat
gitaningtyas kula, tampi timbalan nata, neng jawi agung kumepyur, dupi prapta ing
ngarsendra.
Windhagring manggih usadi, raosing tyas paripurna, tan lyan pangesthiing batos, yen
wonten karsa paduka, anglar-elar jajahan, ngripak jahjaaning satru, kula sandik
lumawan. Nabda rum sri Kurupati,kakang adipati Karna, prasetya andika dene, sadaya
kula tarima, nangng dede punika, kang dadya praluning kalbu, marma kakang
adipatya. Andika ingong timbale, ing mangke manira arsa, atur pustaka wiyose, ing
paman Prabu Bismaka, tan wonten kang prayoga, ambekta serat saestu, kathaha
parasantana.Kurawa tan pantes ugi,mung andika kang sambada, dipati Karna tur nya
lon, sandika paran ing karsa, pun kakang tan lenggana, nanging menggahkarsa prabu,
atur pustakeng kumbina. Nabda rum sri Kurupati, kakan gwit pun bapa Durna,
ngopurih karma yaktine, lumirig ingkang pininta, dhaup putrid Kumbina, marma
andika ngong tuduh, kanthiya pun Jayadrata. Sayakti saged matawis, ewet gampiling
pratingkah, away ming kalih karyane, karma atanggap ing driya, sahandika ing nata,
ngandika malih sang prabu, marnag raden Jayadrata.Eh sindureja sireki,lumaku
wadadi kontha, kakan gdipati lakune, marang nagara Kumbina, anggawa laying
ingwang, sindur ja nembah umatur, kawula nuwun sandika.m,angkana Sri Kurupati,
anuduh karya pustaka, datan dangu serat dados, sampun pinaringken marang, adhipati
ngawongga, sampun atur pamitipun, karma nyakup asteng narpa. Gya Jayadrata
ngabekti, pamit nguswapadeng nata, wusnya kalilan kalihe, karma pamit marang
Durna, paman sang dwijawara, kantuna sumiweng prabu, kula mangkat mring
Kumbina. Durna inggar turnya aris, O inggih anak dipatya, mugi raharja lampahe,
kula anjujurung pudya, nanedha ing Bathara, pinarenga driyanipun, inggih ramak mra
tuwa. Ing tembe yen antuk kardi, prasatsat anak dipatya, lan Jayadrata kaliye, asung
jodho ing kawula, e Hongwilaheng jagad, pratingkah jawata estu, asidik tan keneng
samara. Marang titah dahat ngadil, weh sukawinales arja, nak diapti kauling ngong,
yen istu jatukrama mba, lawan bibi paduka, pun rukmini pitung dalu, pitung dinten
kula embank. Eman-eman ngambah siti, sanajan sene bobotan, mlangkringa
ngembanan makseh, lawane eman wijik toya,yen jejet keneng tirta, legane ing manah
ulun, cawik kasanten kewala. Sangkuni gumuyu angling, ii wake gondhel Durna,
paran karepira dene, keh akeh kaul kang longka, yen ora kalaksanan, cinakoting ula
dumung, Durna sumaur cikbena.nadyan keh ubaya mami, jangji sida dhaup lawan
etna ruksmini pasthine, sakeh ing kaul kalakyan, titenana yen dora, Durna mencep
manthuk-manthuk, gantya Raden Jayadrata. Pamit marang Durna resi, tuwin adipati
Karna, ngling mring Sangkuni pamite, mirah Raden jayadrata, yata sang mantra
mukya, jumurung ing kalih ipun, mamuja arjaning marga. Wusnya sareng mundur
kalih, tumurun sing siti betar, laju marang pasowane, yata kang maksih sineba, sang
prabu Suyudhana, arum pangandikanipun, eh andika bapa Durna. Ing samangkin
ngong lilani, umantuk ing sokalima, nanging ngong pamduming gawe, andika jurung
gapuja, nanedha ing Bathara, lastari ne karsaningsun, myang andika mamanguna. Ing
asrama aywanganti, tembe kuciwa kawuryan, durna sandika ature, nata ngandika ing
patya, pama Sangkuni sira, yatna ing karya myang mangun, endi kang during
sembada.Sandika aturing patih, sang nata malih ngandika, dhawuh katimbalaning
ngong, mring kakang dipati Karna, sun liilani anggawa, kurawa sakayunipun, myang
dhawuhna kang sewaka. Padha bubar na samangkin, ingsun kondur angadhatyan,
patih sandika nulyage, ambubarken wdya bala, kang samya asewaka,nulya jeng kar
sang aprabu, sangking dhampar palenggahan. Sagung kang wadya prajurit, sadya
amapan kurmat, tangara barung swarnae, kadya manengker triloka, sangkuni lawan
Durna, kalih sareng unduripun, prsamya kakanthen asta.
Taksih wonten candhakipun.
=======================\================================
Panjurungipun pun Sastrarespati botenkapacak awit boten amrasajakaken namanipun
ingkang satuhu, eman sanget amargi kula kapiadreng badhe anuh.
Sanget panuhun kula dhateng pangindhung mas mangunbrata, panjurungipun saestu
samua wontening bramartani.
Juru ngarang.
==================\====================\==================
Ongka 51, Kemis kaping 19 Dhesember 1878

Pawartos kawat saking tanah Eropah


Kastuta: Kanjeng Tuwan ingakng wicaksana juemeng angereh tanah-tanah
wawengkoning praja Inggris anampeni wangsulan saking san gAmir ing tanah
Afganistan tatembunganipun angrampek kalampahanipun wangsulan wau kakinten
bilih sasampunipun wadya Inggris saged amikut beteng ing Asimusyid.
Londhen wonten tiyang bongsa Prasman kacepeng ing tanah Inggris awit sampun
anglairaken pikajenganipun anggening badhe anyidra sang rameswari ingtanah
Inggris.
Bombay, pawartos pungkasan angwedharaken bilih kitha Dhekah tanah Afganistan
sampun kapikut para tiyang ing ngriku bote purun ananggulangi ing mangangsahipun
wadya Inggris sadaya pambekel ing kitha karet kaibar sami angaturaken pitulungipun
tiyang tiyang ambekta tatedhan boten kendhat.
Sang raja ing tanah Kasmir angaliraken suka bingahipun tutulung dhateng wadya
Inggris ananging ingkang dados pamanggihipun migunani sanget bilih sang raja
kasmir anjagenana wates-watesing tanah afganistan, bala pikutan ing beteng
Alimusnyid sami kairid dhateng ing Pesapur, ingakng pangkat prajurit sami
kalerehaken ingkang pangkat pangageng sami kaangggep ing sarananipun mongsa
paperanganing tanah Eropah. Wadya Inggris ingkang mangangsah dhateng tanah
Afganistan kathahipun 29100 tiyang,kajawi tiyang 12 000 prajurit andhungan.
Kalkuta, Kolonel Atwug ingakng mandhegani panjawatipun wadya Inggris dhateng
tanah Afganistan sampun dumugi ing kitha sutigurdhin wdyanipun amir ing Kabul
kaangsahaken mopo, para priyantun tuwin para ageng ing Yelalabad sami
angaturaken panunggkulipn, margi ing redi kaguta ingkang tepang wates kalihan
tanahkabawah Inggris kapanggih boten kajagenan ing prajurit.
=================\==========================
Surakarta
Nalika ing dinten salasa srah-srahan palakramanipun putra dalem saking dalem
kapatihan kasowanaken ing kadhaton mawi kadherekaken abdi dalem para bupati
jawilebet pulisi tuwin pamaosan sak panekaripun kapontha dados tigang gelngan
kajajaran piyambak-piyambak kala wingi enjing ningkahipun mawi kajenengan para
ageng, tuwin para abdi dalem ingkang pancen kalilan sowan ing palataran kadhaton
inggih sami umareg sareng wanci jam satengah sadasakanjeng tuwan residhen
kadherekaken para ageng tuwan tuwan tuwin tamu sanesipun rawuh ing kadhaton
punapa malih kanjeng gusti pangeran adipati ariya Mangkungara kadherekaken putra
Santana dalem sawatawis inggih sowan bakdanipun ningkah an pasunggata minuman
kaajengaken nuntenkanjneg tuwan residhen angunjuk wilujengipun putra dalem
ingkang sami apalakrama, pasunggata minumankaunduraken lajeng angunjuk
wedang, kendel drel tuwin suwukipunkagungan dalem gongsa, kanjeng uwan
residhen kondur kadhrekaken sadaya tamu, sonten wanci jam pitu putra dalem
kaparingaken medal dhateng ing kabatihan mampir ing dalem paresidhenan sampeyan
dalem ingkang sinuhun kanjeng susuhunan inggih anedhaki mangagem busananing
jendral andungkap dhateng ipun panganten kanjeng tuwan residhen rawuh, ca
sampuning panggihipun panganten pasunggata wedang tuwin minuman kasaosaken
watawis kendel satengah jamm ingkang sinuhun kondur, watawis dangunipun para
tamu lajeng majeng dhahar bibar dhahar lajeng sami mangunsuka. Menggah
uparengganipun srah-srahan pangarakipun pangantenpunapa malh ing dalem
kapatihan tuwin adinipun pasunggata sadaya boten anguciwani, inggihpunika
anelakaken mirahing sang prabu,, tuwin wegigipun ingkang pinasrahan amandhegani
kagungan dalem damel.
==============\======================
Yogyakarta
Ingkang gadhah koplak ing dhusun Bratadiningratan katamuan konca culeng, ing
wanci dalu konten koplak wau kathothok dipun sapawangsulanipun bilih konca tebih
sami badhe mampir jajan sarehning anggenipun sasadeyan ing dinten punka sakedhik
angsalipun ingkang gadhah koplak gupuh lajeng angengakaken konten ciptanipun
badhe amanggih lintoning tuninipun asiyang, sareng konten menga lajeng wonten
tiyang sakawan malebet sami kathokan kemawon wah raidipun calerongi angus
sanalika ingkang gadhah koplak lajeng malajeng, barang darbekipun dipun tegakaken
para culeng lajeng asengkud anggening ngangkudi barang, angsal kalih belah rupiyah.
=================\===============
Sela Brani (Magneet Steen)
Kacriyosa celakipun ubeng-ubenganipun jagat ignkang sisih ler, inggih punika ing
tanah Nurwagen, saha ing Swedhen utawi ing Enggelan, katingal wonten maujud
parincen sareng kayektosaken maujud wau kalebet jinising papelikan, warninipun
cemeng meles anyiti teles, sela punika ing tembung welandi dipun wastani: magnet
tegesipun selabrani.
Boten angeramaken yen titiyang ingkang dereng nate anggagas dhateng agenging
kadayanipun satunggil-tunggiling maujud anggumuni ing watekipun sela brani, dene
daya panggendengipunboten katingal nanging among kadadosanipun ingang kenging
katingalan, dayaning sela brani saged anarik waja utawi tosan, ananging menggah
kawontenanipun ingang katingal inggih among kadadosanipun kemawon, geseh bilih
katandhing kaliyan tiyang ingkang mamendhet sadhengah, tanganipun kedah
ngacung, wujud kedah kacepeng,lajeng kapurugaken dhaten ging enggen ingkang
dipun kajengaken, sanajan tangan kacelakna kaliyan wesi, wesi punika boten kesah
saking ngenggen, sanes manawi kacelakan selabrani, sabab wesi lajeng katingal
murugi dhateng ing sela brani, mongka selanipun brani boten mebah, sarta boten
katingal yen anandukaken daya, sanajan manungsa boten sumerep dhateng purbaning
dayanipun sela brani, among saking tumuwuh ing ngakalipun angreka,lajeng
kapanggih pigunanipun ingkang estu.
Punapa dene ing bab selabrani punika kenging kadamel tataran manawi amurih
sumerep dhateng ing Prakawis Elektrisiteit, sabab sami daya ingkang boten katingal,
ananging saking sampurnaning pambudinipun manungsa, ngantos saged amiyakta
langitanipun, inggih punika panganggening daya ingkang tumrap ing telegrap,s arta
pirantos ingang tumrap ing griya inggil tuwin pucaking manara.
Wondene kawontenanng sela brani wau kenging kaperang dados kalih bagiyan,
ingkang sapisan maligi kakemelaning maujud saking parincen, ingkang kaping kalih
maujud saking tarekah, katranganipun mangkaten: amendheta tosan utawi waja,
ingakng kasar sratanipun, tumuntne kagosoka kaliyan kakempelaning sela brani, bilih
sampun mateng ing panggosokipun saestu lajeng katularan gadhah daya panggendeng
ing sawatawis.
Kacriyos kithanipun ing nagari welandi wonten selanipun brani wawrat 300 pon
tumunten wonten ingkang angyektosaken sapinten dayaning panggendengipun
dhateng ing tosan, temahan sela brani samanten wau kuwawi anggendeng tosan
ingakng wawrtipun 230 pon wasana sareng katebihaken ing sawatawis dayaning
panggendengipun radi aber, ananging yen kagalih ing saleresipun sela brani kaliyan
tosan wau embok manawi inggih gendeng ginendeng.
Katnadhan Manungkara ing Kadhipala.
===============\======================
Panjurung kabar camboran, cariyos ing padhusunan
Ing dhusun Nglungge wedalipun ing sabin Gadhu ingkang sapunika sampun wanci
sepuh, salong katrajang ing gabug, ing Baki spanunggilanipun genipun sabin gadh
pejah margi katiga panjang toyanipun sami sat, bawah Klathen sarap
sapanunggilanipun kadhestrikan gesikan sami katrajang ama tikus, ingkang boten
karisak ing tikus wedalipun sae, pasabinan ing trotok hombong sapanunggilanipun,
ingkang dugi ta\enipun sami tulus, kang katilar toya nalika wanci pantun meteng sami
gabug, pasabinan Tukuman Prayan KOripan bawah dhistrik GEdhongan kaparag ing
ama tikus, ingkang boten risak tuwin katututan toya wedalipun sae, ing sapunika
tiyang tani ingkang angsal toya sorotan sampun wiwit garap pijeyan, kawontenanipun
jawah ing masa rendheng punika, tiyang tani amastani rpayogi, awit mawi labuhan
boten lajeng gebyag kados rendhengan ingakng sampun kalampahan, ing samangke
tiyang tani saget nanem palawija, ananging ngadat manawi rendhengan dangu
labuhanipun sabuiin ingakng tadhahan asring kirang prayogi, jalaran angrumput
tanemipun tuwin kalungse ing masa, menggah kawontenanipun ing dhusun regining
uwos taksih kalet mirah sabethakan, 8 kati 5 ½ kethip, kabekta saking mirah tatedhan
jagung tuwin kasepa, kawilujenganipun tiyang alit sami saras, nanging ring sang tikus
tingalipun dereng karsa sumingkir, kilap yen dereng wancinipun angalih panggenan
tuwin para ama griya, ingang taksih andumugekaken karsanipun, nalika kaping 28
wulanDulkangidah Warsa Dal punika, dhusun ing Guyangan tani bawah dhestrik
Masaran, tiyagn wasta Pawirasetika, gadhah anipun maesa, 3 iji, kapandungan, wulan
kaping 4 Besar punika, ing dhusun Gathak nunggil dhistrik Masaran Cina tengga
pakter akaliyan sadeapyun ingakng kobongan griyanipun kala katiga, punika
kapandungan kapal estri wulu abrit, sapirki inggih saestu sami amleng.
Ing Bramartani pepenget nalika kaceiyos wonten kecu, ing dhusun Karang Samapura,
naming angsal tiga welas rupiyah, pakabaran saking kalintu ingkang pancen badhe
dipun angkah ing kecu, para wajib samiya ngatos-atos, punika kayaktosan cariysoipun
bawah dhestrik Gesikan wonten cina katamuwan kecu nanging ing cariyosan boten
terang barangingakng kenging kabegl ing kecu, kala tanggal kaping 2 angrintenaken
dinten REbo Paing, dhusun ing Tebas bawah dhestrik Kalisoga, dipun rawuhi mas
keu, ingkang lajeng mundhut punapa sak kajeng-kajengipun, pakabaran wonten
tiyangingkang kaleres tangganipun badhe tutulung, karumiyinan kataton kilap pejah
gesangipun, pun kecu inggih lestantun sak nalika wau amanggih wilujeng, manawi
cariyos punika kapara yektos ingggih talah, prayantun dhestrik ing Kalisoga, awit
wulan Madilakir dumugi besar punika, boten wonten kalih atus dinten bawahipun
kadhatengan kecu ping 4 pamuji kula mugi mugi para durbrata lajena kapikut,
nanging ing pangajeng-ajeng kula, bok inggih kalampahan, yen wonten durjana,
kados ta pandung maesa kapal lembu, ingkang sampun angsalan kewan wau, kantos
kalih tiga utawi langkung punapa inggih teka boten gumarubyug
inglampahipun,denten dereng wonten kacariyos pandungkapranggul ingpulisi rundha,
tuwin pun kecu manawi mundur inggih dereng wonte cariyosipun ingakng kapranggul
konca rundha, mongka pawaretos awit wulan madilakir ping 27 dumugi wula Besar 1
wonten kecu ping 10 panggenan dilalah pun keu kalih pun rundha sami wilujeng
boten panggih pinanggih, bokmanawi pun randha gadhah manah ewet prakewet
kantosa kapanggih kecu dereng wanuh, langkung prayogi dipun upadosi siyang, tur
sampun pisah kalih kancanipun kathah yen kapanggih anampeni ganjaran, dene yen
boten kapanggih boten dados punapa naming kapitunan lampah.
Kawula pun Maudara, ing Trajutresna.
======================\============================
Panjurung camboran ing kabar Bramartani.
Kang kacariyos ing kabar Bramartani ongka 47, kemis kaping 21 Nopember taun
punika, wonten pamrayogiing bab anglampahaken serat medal ing pos,ingkang
punika aktosan kula piyambak ngantunaken serat dhateng dhusun Sumbersari,
kawadanan Bululawang, agdheling Malang, residhensi Pasuruwan, ingkang kula
kintuni tiyang nama Baiman, ing sadangunipun kula kintun rambah ping sakawan,
mardar ingkang kantun punika, mawi mastakaraja ingkang sampu katunggilaken
wonten ing ampolop ongkosipun 20 ½ sen, inggih maksa boten dumugi, serat kula
boten wangsul, ananging inggih boten mawi nama kula kaserat wonten pojoking
amplop wau, dene pirsa kula yen pakintun kula serat boten dumugi, margi ingkang
kula kintuni sera ting sapunika sampun mantuk dhateng Surakarta ngriki mila
langkung prayogi sinten ingakng kintun mawiya,amratelakaken nama tuwin manawi
botngsa alit amratelakna pakampunganipun, supados manawi wangsul seratipun
inggala katampan malih.
Kajawi punika upami kakintun serat dhateng sawijining tiyanging padhusunaningkang
sami anunggil residhensi,punapa inggih kenging kakintunaken wedal ing pos, awit
sangking kinten-kinten, manawi saget kalampahaken kados dene lampah ing serat –
serat ingakng sami medal ing pos dhaeng parisidhenan saensipun kados sangsaya,
adamelkamayaranipun para ingkang sumedya kintun kinintunan serat wau.
Palnyadyana.
===============\====================
Kathah tiyang agami Islam ingknag dereng sumerep jujulukipun gusti kanjeng Nabi
Rasullullah, mila prelu kula angaturi katrangan sakedhik, naming paedah dhumateng
ingkang dereng uninga.
1. Akyan satitah, wredenipun sadurunge ana makluk
2. Adam Mukim, wredenipun sadurunge sinung aran
3. Adam Ilapi, wredeipun kala linairaken
4. Rohilapi, wredenipun sadurunge linairaken
5. Kaspidultiyah, wredenipun minongka pasimpenan ujar kang pesthi
6. Kakekatulkaji, wredenipun kakekat ing dumadi kabeh
7. Badlulngalam, wredenipun sarat aiya kabeh
8. maklumat, wredenipun sahanan kang gumilang-gilang sawiji
9. Rasullullah, wredenipun tinungal sarupa, sabadan sanyawa
10. Roh Rambani, wredenipun miinongka tibangn sih, wekasaning sih, iya iku
kang dinadekaken dhingin.

================\==========================
Punika candraning mongsa, sumonga sami kayektosan punapa inggih leres, awit
punika pangarangipun para pujongga.
1. sotyamurcasangking Ngembanan
2. Bantalarengka
Candranipun mongsa sakalih, mangsanipun siti nela

3. Sutamanuting bapa
Candranipun mongsa katiga, mangsanipun lulungan sami anurut ing lanjaran.
4. Waspakumenbeng jronin gkalbu
Candranipun mongsa sakawan, mangsanipun sumber pepet
5. Pancuran mas sumawuring jagad.
Candranipun mongsa gangsal, mangsanipun wiwit dhawahing jawah
6. Rasamulya kasuciyan
Candranipun mongsa kanem manggsanipun wowohan nedheng
7. Wisakentar ing martua
Candranipun mongksa kapitu, mangsanipun kathah sesakit
8. Anjrah jroning kayun
Candranipun mongsa kawolu, mangsanipun kucing gandhik
9. WEdharing wacanamulyua
Candranipun mongsa kasanga, mangsanipun gasir sami ngenthir, gareng sami
gereng,
10. GEdhong minenjronig kalbu
Candranipun mangsa kasa dasa, mangsanipun sato kewan sami meteng
11. Sotya sinarawedi
Candranipun monga dhestha, mangsanipun peksi sami ngeloloh
12. Tirta sah sangking sasana
Candranipun mongsa sadha, mongsa badhidhing.

Dados ing sapunika dhawah, rasa mulya kacuciyan mangsanipun wowohan


nedheng, pangraos kula inggih kok nyamleng, wektunipun sawo itheng-
itheng,lajeng pelem sami meteng, benjing tangalkaping 26 wulan Dulkajah
punika gantosipun wisakentar ing maruta, kathah sesakit, mugi sami angatos-
atos menggah ingkang dhinahar, sampun ngantos dhahar bongsa lelandhep,
kados ta semongka, timun, krai, wowohan ingkang kecut-kecut.
=====================\======================
Pepanggih ingkang migunani ing ngatasipun para langip, paedahipun tiyang
ingkang sami tumbas serat kabar bramartani, ingkang sapisan miren
gpawartosipun nagari ingkang tebih tebih, kaping kalih angindhakaken ing
kawigyanig sastra, kaping tiga, lepiyanipun bramrtani,menawi sampun kawaos,
cariyosipun ingkang sae-sae,utawi ingkang mawi sekar, kados ta cariyosipu
ringgit purwa lampahan Kresna Sekar, punika eman sanget saupami boten ba
kempalaken kewesin gpangripta utawi saening cariyos, yen ta katedhak
langkung sangking rrwah mila panuwun kula dhumateng panjenenganipun
tuwan redhaktur, pangesapipun cariyos ingkang mawi sekar sampun ngantos
kaget, awit prayogi kadamel anglantahaken pasinaon.
Atur panjurung kula badhe kula kendelaken rumiyin, ngaso ngupados cariyos
ingkang sae, benjing cariyosipun serat kressna sekar menawi sampun
rampung,kula badhe wiwit ngaturi panjurung malih, sampun angantos ngregoni.
Kulapangindhung pun Mangunbrata.
==================\============================
Candhakipun ringgit PUrwa,lampahan Kresna Sekar.
Yata aling, sarsang prabu, atindak sang, king sitinggil, kendel ngajeng,
ngiwiwara,ngungkurken warana asri, den ayap srimpi badhaya, kang samya
mangampil-ampil. Upacaranira prabu, dangu umulat renggani, gopuramane
kawarna, genging wiwara pendhardi, angungkuli nguhurira, witing pucang,
miwah tiris. . Pucuking gopura sinung, sotya geng sakepuh jenggi, rebut praba,
lan baskara, gumilap ambalerengi, sirap reng usuking karya, pesipyansalaka
putih. Rinaja wredi pindhagung, turutirah tebegneki, ing ngukir patrap-patrapan,
sasakawaja sinungleng, talundhag sra sah jarambah, akik biru banglan kuning.
Inebing wiwara sinung, gedhah ing tengah sinungging, gambar jalwestri yen
menga, pindha bedhang, nganti anti, yen minep lir papasiyan, kacaryan kang
tembe uning. Dwarakan nan keringipun, sinungan gupala sami, arca parung
sukinarya, rambut pamor negraneki, mirah gengma brengos kawat, ing
nguntonsalaka acih.Irunge jinora terus, tekeng kuping kanan kering, ing jro den
ingoni kombang, yen menga mineb kang kori, gereng-gereng pindha yaksa,
giris tyas kang tembe meksi. Saking samba den pamatur, tan montra arca
kinardi, kadya satu uning yaksa, dhasar astinan nagari, pasiten pasir polatan tur
tumumpang toya wening. Langkung remining kadhatun, pager gedhong
ngesinuji, sarwa sri samya kancana,murunb ujwa lanelahi, tan paeddhu rendra
loka, nata yen moyos kinangkil. Ngrasuk busaneng kaprabun, aja jamang
tinundha tri, kancing grudha mung kurema, dennore arja ssusumping,
gugubahan sureng patya, akelat bujanting-anting. Sotya sangsangan lur rulur,
nagakarang rangan simpem, bajug kanan kering astha, abingggel retna mantesi,
kakroncong naga mamongsa, uncal tutup rasa ruksmi. Kampuh limarbeprem
linut, para daukup gubegsri, calanaci, dhegubegan, dhuwung tinatah sotyadi,
warongka winangun ladrang, alandheyan tungggak semi.
Taksih wonten candhakipun
==============\=====================
Ms sastra REspati kula kapiadreng nunten badhe amaos panjurung sampeyan
serat trisula.
Juru ngarang.
Ongka 52,Kemis kaping 26 Dhesember 1878
Pawartos kawat saking Eropah
Dhesember, benjing tanggal kaping 21 ingkang amandhegani wdya Ingris badhe
malebet dhateng kitha Yellalabad sarta lajeng ananjrak wonten ing ngriku. Sang amir
los mawi amasrahaken wenangipun dhateng sang Yakubkhan.

===============\=======================
Surakarta
Nalika ing dinten Senen kapengker punika, putra dalem ingkang sami apalkrama,
amarengi sapekenipun saking dalem kapatian kakondurakening
kadhaton,menggahsumuanipun pangarak asritinon ing malemipun Rebo ing kadhaton
sakin gkarsa dalem amangun pasamuan dhansah para tamu nyonyah-nyonyah tuwin
tuwan-tuwan ngantos jejel punapa malih saking ing ngamonca inggih kathah,
pasugata tuwin tandukipu putra dalem ingkang sami kapatah among tamu
angresepaken manah, pramila bibaripun pasamuan wau ngantos anungkap enjing.
Papethikan serat dhateng juru ngarang serat pawartos Semarang asuraos sawatawis
laminipun kula mentas dolan dhatengpadhusunan ing Surakarta, sonten wanci jam
sanga kula miring ungeling titir, boten dangu tuwan ingakng kula pondhoki dipun
lapuri,bilih saweneh kajinemanipun kacidra, saksana lajeng kalapuraken dhateng
pangagenging dhistrik menggah dudunungipun pangageng wau watawis wonten
gangsal pal tebihipun suprandosipun sanadyan jawahipun deres saha kedah anyabrang
lepen alit-alit ingkang pinuju sami banjir,wanci jam kalih dalu sampun dumugi
ingpanggenan bancana, sasampunipun titi-pariksa lajeng mangkat dhateng
Karanganyar, lampahan kirang langkung inggih enem pal tebihipun mongka wnaci
jam gangsal enjing kaliwon Karanganyar sampun dumugiing panggenan bancana
wau, lajeng adumugekaken titipariksanipun manrei dhistrik temahan jam sadsa enjing
sampun saged anyepeng tiyang sakawan ingkagn kenging ing graying magepokan
prakawis wau, saking kinten-knten nalaripun cidran wau amargi saking rebatan
wanita, wekasanipun kula lajeng amelehaken dhateng tuwan ingkang kula pondhoki
wau, kados pundit seratpawartos asring asring anyampahi dhateng lampahanipun
pulisi, mongka ingkang kula sipati piyambak lampahipun atrangginas wangsulanipun
makaten konca pulisi wau sami abdi kamangkunagaran tedhanipun laot wah kaereh
dhateng papatih ing ngriku, ingkang sampun kawentar wegig tuwin wekelipun.
Praha ingkang umidid ing swatawis dinten punika andadosaken susah tuwin
kuwatosipun para tiyang ingkang sami lalampah wonten ing lautan, langkung malih
dhateng tatiyang ingakng anggaota, wonten ing labuhan Samarang, nalika dinten
Minggu, awit baita asep ingkang badhe dhateng ing batawi ngantos pukul 2 siyang
saweg rampung anggenipun angigahaken tiyang sara anggenipun anginggahaken
barang-barang ingang kaemot, sabab saking agenging ombak ingkang anyempyok-
nyempyok dhateng tembokipun lepen Baru, ngantos pucuking tembok ingkang
bingkilen jugruk, ing mangke lanteranipundados kaelih dhateng ing dharat tebihipun
325 elo.
Makaten malih ing ngriki tuwin ing Yogyakarta ugi kathah wit-witan ingkang nemahi
karisakan, boten sol ananging sami tugel tuwin rampal epangipun, malah pilar tembok
kawartos kathah ingkang sami benthet.
Ing waktu samanten wotnen rare ingkang raraosan, tobat tanduraku pdha rusak dening
prahara, nganti entek ake akal, enggon ku anandur wiwit nalika samana saiki wus
antra telung sasi, dadi karugiyan akuangarep-arep prasasat wus kablondrong,
tumunten wonte rarte ingkang anjawab tembungipun sumengah, pilungguh nama rang
prayayi pulisi awit iku juru agawe atata-tentrem.
==============\==========================
Semarang
Nalika dalunipun tanggal kaping 21 Dhesember punika griyanipun Kaji Mukamat Nur
kemasan ing kampong Krangkeng kalebetan durjana pandung sarana ambikak kori,
kenging barangipun awarni mas inten kakinten regi, f 280, tuwin arta krtas regi f 320
gunggung, pitunanipun dados f 600, dene sumerepipun kaji Mukamat Nur bilih
griyanipun kalebetan durjana, jalaran saking kgugah dening tiyng jagi, awit korinin
ggriyaingkngwau dipu kuncimenga, sareng kaji Mukamat Nur tangi, aningaliyen
loroganing meja sampun menga, sarta boten wonten isinipun sakalangkung
kumelaping manh kaji Mukamat nor andakwa bilihdurjananipun rencangpiyambak
anama Sarip awit punika ingkang kapurih angunci meja wau nalika ing wanci sonten
mila lajeng kalapuraken dhateng pulisi, pulisi tampi palapuranipun kaji Mukamat Nur
enggal titipriksa dhateng griyanipun tiyang ingkang kengin gdakwa, temen barang
barang sarta artanipun kaji Mukamat Nur ingkang kabekta pandung, kapanggih
wonten ing ngriku, Sarip nunten kacepeng ngakenni mandung.
================\===========================
Bojanagara
Tatiyang ing nagari samikatingal suka seneng, awit sangsaya wewah-wewah ajaniun
ing nagari, sanadyan ing mangke masa jawah, meh saben sonten angreceh,
suprandene boten kendhat wonten panganten dipun arak, wondene kawontenanipun
rerengganing panganten wau warni-wani, wonten ignkang katumpakaken kreta,
wotneningkang katumpakaken kapal,manawi pinuju ingkang katumpakaken kapal
punika mawi upados kapal ingkang sampun dipun sinau saged angengon wirama
utawi ingakngsaged aniteni dhawahing kenng saha gong, menggah pranatanipun
mangkaten: ingkangminongka pangajur anjajari wonten ing ngajeng pyambak reyog
kalih rakit, mawi ing ngulu-ulu gong sawinastan geedhenceng,ing smadyanipun
wonten rarenipun kakalih antawis sami ngumur 10 taun, panganggenipun kados
taledhek sarwi angigel wonten pundhaking bdhudipun, sawingkingipun rare kakalih
ingkang anjanggru tumunten pangurung-urung rontek, tiyangipun ingkang ambekta
sami joget tatayungan, landheyanipun kacongcongaken, andadosaken asrining
paningal, tumunten kasambetan dening para wanondya mangangge sarwa adi,
ingkang wonten sawingkingipun pawestri wau sinoman jaler ugi sami angigel pating
kathuwel pratingkahipun kados rare jamurean,. Sarta mawi ngunjuk janewer sarwi
surak surak angedhasih inggih pnika ingkang anambahi ramenipun. Yen ing
panganten wau dumugi margiprapatan, mawi kendel pangantenipun lajeng mudhun
sakin gtumpakan, kapal ingkang sampun kasinau wau tumuntenkaabanan tilem denig
panegaripun, inggih lajeng tilem malumah kados kaal ingkang tilem kapatos, panegar
trangginas amratingkah joget wonten sanginggiling badanipun kapal, sinendhonan
denign gendhing sekar gadhung bagelen, dhasar kathah wiraganipu napancak jonga,
pating gedhaklik.
(Slompret Malayu).
==============\====================
Panjurung
\\sinom\\ Dhuh kimas S.P. Kratonan, ulun dahat nayogyani, pustakanta ingkang
tumrap, bramartani tanggal kaping, sapta wlas dul kijahi, taun dal sangkalanipun,
sewu astha tus sapta, dene surasane tulis, kawenangan sira buka elmu kodrat.
Nyataken kawruh taneman, nuli bramartani kaping, pat likur ing wulan Besar, wonten
kang manjurung malih, prakawis sela brani. Detandhane asmanipun, nungkara kadi
pala, maya kajating tyasmami, amisungsung kadarpan manadukara. Kacaryan
langening gira, lir ngusyaruming kang sari, sumyah rumasuk mring ngonggga, dadya
nambrama ing angling, sanking losing sukapti, paduka sakalihipun, sun daliih samya
limpat, pambudi temen winasis, amimiyak kawruh maring kayektian. Punika
pahalanira, prasasatan paseriring, ulun kapingin kalintang, nanging cinegatan dening,
kethul datap kuwawi, anggayuh kang radi muluk, nedya mupusing kodrat, kuwatir
yen den arani, datan amrih saya atasing ngagesang. Supaya away ing ngaran, kurang
lesninging pambudi, awit ujaring bebasan, ilat minongka gemboking, angenangen
utawi, tembung mongka kuncenipun, yen ilate tan ngucap,manah buntutan pambudi,
raosing tyas rinawengi manggung semplah,. Pramila amrih sumimppang,mtranira
amulasih, minta brkah seserepan, yen mlethek raditya ari, risedheng masa enjing, teka
alengtingalipun, panas setan patiya, beneh yen ing tengah ari, sang raditya tumenggel
neng jumantara.Katingal alit tinimbang, nalika mletdhek duk enjing, nanging panase
kajamak, sumelet mring ngongga tuwin ngancik trrancenging wanci, suda malih
panasipun, nanging raose sabadan, beten nalika duk enjing, myang punapa kang
winastan candhik ala. Cariyosipun pun biyang, kang samya momong rarya lit,
kadhatoning ngendraloka, ing masapunika sami,konten dipun bikaki, dadya prabanira
mancur, sumorot mring ngakasa, maweh senenning pangeksi, sangking kathah
rerenggan tumejang kara, lo nanging paduka away,gumujeng punika awit, cariyos
satiyang kuna, ingkang langip ing pambuedi, geseh lawa watawis, kawruh padka kang
laung, tumrap ing kayektian, pratondha sruwa cumawis, kasat mata datan mawi
binawuran.
Katandhan Magangan Keniten ing Wiryadiingratan pun T.R.
===============\============================
Candhakipun ringgit purwa, lampahan Kresna Sekar
Canelasi, nasotyabyur, mubyar songsong pinaradadi, sang nata lamun lumampah, lir
rinubung kilat thathit, sunar ujwa, leng busana, wimbuh senening narpati. Kuneng
tindaking sang prabu, gantya kawuwus jropuri, prameswari kang paparab,kusumayu
Banuwati, kaojating liya praja, sanadyan para absari. Tan tumimbang warnanipun,
gandesing solah respati, cahya anukmeng sasongka, yen angusut mundhak manis,
jeleh jelalat wiraga, karuna wuwuh prak ati.Wayah bangun umun-umun, ayune wus
jejel piput,najan mentas wungu nendra, prak atine, tumpang tindhih, yen cinondra,
warnanira, kusumayu, banuwati. Sanajan kang para putus,swargja na para binakit,
kurang condra,luwih warna, sedheng dedege repati, carma abengnglek paras, maesan
mastaka neki. Kiswarda angroing bakung,pilingan napak ing pdhil, babathuk pacak
acala, ngarencang bayune wilis, sisinome micis panjrah, athi-athi ngudhup turi.
Imbam lengkung, abitangsu, netrane jait alindri, pipi trapsedheng lan karma, tinon
maya maya manis, grana rungih, mali carma, turut treping pasuneki. Lathi sedheng
yen dinulu, tan mucang masemu abrit, pindha kang manggis karengat, waja gempung
yen kacincing, ing ngujung katon gumebyar , apacak tetesing warih. Singa mulat
leleng mangu, sadhekan pacak mantesi, uwange nyang kal kapisa, jongga angling
gadhung mathis, pamidhangana raumas, sasalang pepet tur isi. Jajawi jangkang
pambayun, sengoh pindha cengkir gadhing ngaluwengi, wong awonga, lir pendahna,
dhingkinir, lambungena won gumana, aturur lengganga gilig. Ing tepak
pungkurranipun, kenceng tipis lir winangkis, asingset walikat asta, andhengklang
gandhewa gadhing, bau wijang angarencang, kumambang kang otot wilis. Pek-kepek
tipis aturut, mucuk tang jangkang dariji, kananka mawa ujwala, tinon kadya wintang
ngalih, cacethik mungal araras, sedhengtraping bocong ramping. Pupu turut lir siniku,
cingklok lenggang, jengku kalih, bunder pindha, astagina, gagars kenceng ing wentis,
akiyal aos ngemanak,tlapakan gamparan gadhing. Polok bunder sedheng putut,
jajempol lawn dariji, tinon pindha sirah sarpa, kanaka patingparelik, tungkakneka diji
nongka, kakencent lenggang atipis. Liring ngelir kilat barung, tangkep gapyak swara
manis, gendheng-gendheng yenngandika, gonas-ganes angsung brangti, yen nuju
risoma miwah, respati nata siniwi. Miyos marang siti ruhur, sang retna lenggah
umungging,parnahpananggap suyasa, deneyap parekan sami, anompacapuri miwah,
kaprabonin gprameswari. Sangkep sangarsaning pintu, klangenan badhaya srimpi,
taatalengggah babanjengan, yun den ajar begsa gendhing,pradan gangrarangin raras,
salendro senggak ngadhasih. Awimbuh langening gambyang, yen sang retna mulang
asring, baksa pribadi upadya, tinulud ukelin gsrimpi, janma kang samya tumingal,
najan sami ning pawestri.Lelengjetung, tyase wuyung, mandhekel amarbes mili, lir
kena gunawisaya, nayaga kang anabuhi, singamulat sanalika, lali cengkok keing
gendhing. Malongo getun angungun, byar eling yen den kepraki, kang asenggak
mangap-mangap, cangkeme nanging tan muni, kang keplok gathung kiwala, pek-
epeke tanangkepi. Ing tyas parasamya kayungyun, marang sang sri tanareni, pantes
kaojating jagat, dupi wus dugi bagsaning, sarimpi sang retna lenggah, wonten
pawongan tur uning. Yen sang nata kondur sampun, dumugi ing srimanganti,
prameswari ngagyamarang, pawongan kinen mangambil, toya kang neng sangku
miwah, keset pangesating warih. Wus pinarnah ngarseng pintu, tantara jajaran keksi,
bucu wujil para wija, mire badhayan srimpi, sang nata prapta ing natar, nulya
jumeneng sang putrid. Ngarseng wiwara tumurun, parek mendhak angabekti,
nyandhak padaning narendra, kakalih wus den wijiki, anulya kakanthen asta, sarimbit
tumindak manjing. Ing Prabasuyasa laju, lenggah ing jramah sang aji,lan garwa porek
satata, ginelaran pramadani, angambar ginanda wida, sinebaran sarisari.Kabanton jaje
badan rum, myang ukel ting para cethi, kasiliring samirana, kongas angebeki puri,
antara denira lenggah, sumaos dhaharan aji. Mawarna sangkep sawegung, wowahan
kan gadi-adi, tan towang tinanyakena, myang lah-olahan mepeki, samya nyami
sasegeran, sang retna matur wotsari. Jeng sinuhun den ten dangu paduka miyos
tinangkil, sang nes lawwan saban saban, paran darunanireki, nata rumangsuli
nabda,dhuh bok ratu Banuwati. Ya marmane yayi ingsun, suwe miyos ing sitinggil,
ngong nimbali, bapa durna, lan pamanarya sangkuni, padha angrembuk si bapa, Duna
iku, sun kon rabi, Milih asenenging kalbu, putrid atmajanin gngaji, ng ngendi ingsun
kaduga, nglamar kang sarta bawahi, nembah matur prameswara, punapa purun
nglampahi. Dewus lunges wancinipun, nata manabda rumanis, yayi mengko bapa
durna, kaduga ngalkoni rabui, yen dhaup putri Kumbina, arane retna Rugmini.kasub
warnane yu punjulngasorken resmining sasi, kasusra ing moncapraja, akeh satriya
buapti, kasmaran miyating warna, kadhotyas marga pakering. Dene atmajaning ratu,
liwat dinamada yayi, ing mengko uwis diwasa, iku during mangun krami, ingsun
laksanani uga, sibapa pamintaneki. Manira bajur anuduh, marang kakang, adipati,
kana lan sijayadrata, lumaku anggawa tulis, jabaning laying ngong wekas, ambobota,
gampang sungil. Ing laku away katlanjuk, kang kamont rjoning kintaki,liyane
pangalamaring wang, yayi marang si Rugmini, pamiluta yen sang nata mundhut peni,
rajapeni minongka srananing sunu, ingsun ingkang minangkani, raja brana, ing
ngastina, diangsua pindha warih, mung putrine kaparenga dhaup lan sibapa yayi. Sang
retna matur wotsantun, wor gumujeng mathet lathi, langkung umami karsendra, mrih
santosa wit sangking sih, paduka dhateng sang dwija, nanging inggih kados pundit.
Tebih malah nyamutyamut, Kenya jodho kaki-kaki, paran lamun wiraosan, punapa
nyebut kang kyai, sepuh wewah calaina, komperen badan waradin. Punama ing
tembe purun, pun rugmini anglampahi, panganten prabote cuplak, yata sagung para
cethi, kang samya sumiweng ngarsa myarsa turing prameswari. Gumuyu abata rubuh,
gumer saweneh nyukikik.mabantu batnu asuka, cukakakan kang kapering kapikel
apijet manah, ana kongsi matbes mili, Kan gnrih samya ngampet guyu, kapoyuh sor
angebesi, wastra sampur kaompolan, ana kapentut dharidhit, ing ngapet-ampetan
kena, mak dhut prêt sora swaraning. TEmah ger-geran ginuyu, kancana ana ngruhi,
erlo us wongkurang ajar, duleg tan angon dudugi, meneng jrih kang ing ngaruhan,
samuran medal mring jawi.
Taksih wonten candhakipun.

Anda mungkin juga menyukai