(RPP 1)
Nama Sekolah : SMP Negeri 3 Munjungan SMP
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas / Semester : IX / I
Alokasi Waktu : 4 x 40 menit
A. STANDAR KOMPETENSI
1. Mengapresiasi drama yang diperdengarkan.
B. KOMPETENSI DASAR
1.1 Menemukan isi pesan dari drama tradisional kethoprak.
C. INDIKATOR
1.1.1 Menyebutkan ciri-ciri kethoprak.
1.1.2 Menjelaskan kata-kata sulit.
1.1.3 Menceritakan kembali cerita yang diperdengarkan.
1.1.4 Menyebutkan amanat cerita yang diperdengarkan.
1.1.5 Menemukan candra dalam cerita yang diperdengarkan.
1.1.6 Menemukan paribasan, bebasan, saloka dalam cerita yang diperdengarkan.
D. TUJUAN
1. Siswa dapat menyebutkan ciri-ciri kethoprak.
2. Siswa dapat menjelaskan kata-kata sulit.
3. Siswa dapat menceritakan kembali cerita yang diperdengarkan.
4. Siswa dapat menyebutkan amanat cerita yang diperdengarkan.
5. Siswa dapat menemukan candra dalam cerita yang diperdengarkan.
6. Siswa dapat menemukan paribasan, bebasan, saloka dalam cerita.
E. KARAKTER
Kreatif, mandiri, rasa ingin tahu, bersahabat/ komunikatif, tanggung jawab.
F. MATERI
1. Sejarah kethoprak
Kethoprak mujudake sawijining seni tradisional, sing nduweni daya pangaribawa seje,
awit saka sipate sing alus lan luwes. Miturut cathetan sejarah, kethoprak lahir ing Surakarta
dhek taun 1908. Diangkat saka sawijining kesenian rakyat sing wektu iku mekar ngrembaka
ing karang padesan, lan durung ana jenenge. Dening RMT Wreksadiningrat, taun 1908
kesenian rakyat mau digawa mlebu menyang kraton, banjur diwenehi jeneng kethoprak.
Wondene istilah kethoprak kuwi asale saka sawijining piranti tetabuhan sing aran keprak. Yen
ditabuh nuwuhake swara prak prak, prak.
Seni tradisional kethoprak kasebut wiwitane amung sederhana banget. Masyarakat
karang padesan ing wilayah Surakarta, mligine para kadang tani nduweni sawijining tradisi
sing ora nate dilirwakake. Kanggo asung tandha panuwun marang Gusti sing maha kuwasa,
sarampunge panenan padha nganakake ramen-ramen, kaya dene sandhiwara. Sing main ya
wong-wong kuwi dhewe. Critane diangkat saka kahanan kang dumadi saben dinane ing
satengahing masyarakat. Kostume uga sederhana. Klambi ireng, clana kombor ireng lan
nganggo iket. Sing penting kena kanggo mbedakake antarane penonton lan sing ditonton.
Papan pementasane biasane amung ana satengahing latar. Dicoloki nganggo obor blarak.
Piranti tetabuhane amung lesung, suling, kendhang, lan keprak. Kang dadi ciri kas kesenian
iki, saben ana pemain sing munggah panggung mesthi sinambi tetembangan lan jejogedan.
Nalika wiwitane muncul, kabeh paraga ditindakake dening wong lanang.
Sawise digawa mlebu menyang kraton, seni tradisional kethoprak saya disenengi
dening masyarakat. Ing ngendi-ngendi papan banjur ngadeg group-group kethoprak. Anggone
nggelar pentas uga ora mung sarampunge panenan bae, nanging bisa ditindakake sawayah-
wayah.
Awit bisa tuwuh ngrembaka kanthi becik, ing taun 1927 kethoprak wiwit ngalami owah-
owahan. Wondene owah-owahan mau dumadi ing maneka warna perangan. Ing antarane
yakuwi babagan crita, kostum, iringan, lan paraga. Yen wiwitane crita kepthoprak mung
ngangkat ngenani kahanan urip lan panguripane wong cilik, kang dumadi saben dinane ing
satengahing masyarakat, wiwit tahun 1927 crita kethoprak ganti ngangkat crita sing asipat
istana sentries. Yakuwi crita-crita sing ana sambung rapete karo kahanane kerajaan-kerajaan
sing nate mekar ngrembaka mligine ing tanah Jawa.
Jroning perkembangan sabanjure uga ana crita kethoprak sing diangkat saka crita-crita
film, lan crita-crita saka manca negara. Judul-judul crita kethoprak kuwi uga nduweni ciri khas
dhewe. Biasane digawe dawa lan nglantur. Kanthi judul sing dawa mau diajab bisa luwih akeh
aweh gambaran ngenani isine crita, saengga wong-wong padha kepengin nonton. Tuladhane,
Labuh tresna sabaya pati, geger padhepokan Putatslawe. Geni tresna ing rananggana,
Retna Dumilah tundhung Mediun. Tresna sinungging ludira, Dewi Prabarini kapidara.
Ontran-ontran kembang sepasang, Dewi Lukitasari edan. Kurban gegayuhan Sri Huning
musthika Tuban. Serial Angling Darma, Bathik Madrim sayembara, alap-alapan Dewi
Setyawati. Lan sapanunggalane.
Kanthi anane owah-owahan crita, kostume uga owah. Yen sadurunge mung
migunakake klambi ireng clana kombor ireng lan nganggo iket, banjur ganti migunakake
kostum sing dikenal kanthi istilah Majapaitan lan Mataraman. Anggone migunakake kostum iki
dijumbuhake klawan crita sing diangkat.
Sabanjure babagan iringan uga ngalami owah-owahan. Yen sadurunge amung
migunakake lesung lan keprak, terus diganti nganggo gamelan komplit pelog slendro. Nanging
piranti sing aran keprak tetep digunakake. Kanthi anane owah-owahan ing babagan iringan iki,
fungsi iringan uga owah. Nalika kethoprak isih diiringi kanthi lesung, fungsi iringan amung
minangka pratandha gumantine adegan. Nanging sawise nganggo gamelan, fungsi iringan
kejaba kanggo pratandha gumantine adegan, uga nduweni fungsi kanggo mbangun swasana
jroning adegan. Ing wiwitane ngadeg, kabeh paraga kethoprak ditindakake dening wong
lanang. Sawise akeh ngalami owah-owahan, wekasane paraga wadon banjur ditindakake
dening wong wadon.
Urip lan panguripane kethoprak iki biasane pindhah saka papan siji menyang papan
liyane. Ing sawijining papan biasane ora suwe, watara sewulan. Yen penonton sajake wis
bosen dheweke pindhah menyang papan liya. Nganti ing sawijining wektu yen papan sing
ditinggal mau sajake wis kangen menyang kethoprak, banjur diparani maneh.
Jaman biyen ora saben wong bisa dadi pemain kethoprak. Mung wong-wong sing wasis
ngrakit basa bae sing nduweni kesempatan dadi pemain kethoprak. Awit main kethoprak
mono ora gampang. Awit tanpa migunakake naskah. Nanging nganggo cara improfisasi.
Sutradara mung njelasake ngenani intine crita. Para pemain ngembangake dialog dhewe ana
ing sandhuwuring panggung. Mula dibutuhake sawijining ketrampilan khusus supaya bisa dadi
pemain kethoprak kang mumpuni.
Pagelaran kethoprak uga nduweni ciri khusus. Ing saben wiwiting pagelaran mesthi
kabuka dening sawijining tari-tarian khas pagelaran kethoprak. Tari pambuka jroning
pagelaran kethoprak iki ana loro. Yen ora tari bedaya ya tari gambyong parianom. Wondene
gendhing sing dadi ciri khase pagelaran kethoprak yakuwi srempeg mataraman. Kanggo
ngregengake swasana pagelaran, ana pelawak sing kewajibane momong tokoh utama jroning
pagelaran kethoprak kasebut. Pelawak iki ana sing lanang lan ana sing wadon. Pelawak
lanang tugase dadi abdine tokoh utama lanang disebut dhagelan. Padha karo punakawan
jroning pagelaran wayang. Wondene pelawak wadon, sing kewajibane momong tokoh utama
wadon disebut emban. Tokoh utama kuwi dhewe jroning pagelaran kethoprak disebut rol.
Wondene basa sing digunakake jroning pagelaran kethoprak yakuwi basa Jawa standar,
gagrag Jogja-Solo*)
(kapethik saka maneka warna sumber).
2. Cerita Kethoprak
Jaka Kendhil 1
(Laire Jaka Kendhil)
Ing alas praja Umbulharja, Raja, Prameswari dalah Putrine kadherekake para sentana
praja lagi mbebedhag. Sanajan wis ana sawulan lan wis kasil oleh kewan akeh, Sang Putri
durung kersa kondur. Amarga isih pengin nambah isen-isene Kebon Raja supaya akeh ingon-
ingone.
Ing sawijining wengi, ing pasanggrahan tengah alas, Sang Putri lagi kijenan.
Kalodhangan mau digunakake dening Patih Ramapati. Patih kang isih kepernah pamane mau
nelakake rasa tresna marang Sang Putri. Emane ditampik. Mula banjur dipeksa.
Meruhi putrine arep diruda peksa, Sang Nata Umbulharja duka. Pungkasane dadi
pancakara kang ndadekake tiwase Sang Raja. Meruhi garwane seda, Prameswari dadi
murina. Nanging, malah nekakake bilahi tumrap panjenengane. Prameswari nusul Sang Raja
bali ing jaman kelanggengan.
Meruhi rama lan ibune nemahi pralaya, Dewi Kumbini ya Sang Putri Raja Umbulharja
mlayu. Ing tengah dalan kepethuk karo Raja Purwacarita. Sawise dicritani kabeh lelakone,
Raja Purwacarita nedya nulungi. Patih Ramapati kang ngoyak Dewi Kumbini, wekasane seda
ing astane Raja Purwacarita. Dene Sang Putri dijak kondur menyang kedhaton Purwacarita,
malah-malah banjur kapundhut dadi garwa selir, amarga Raja Purwacarita pancen wis
kagungan garwa Prameswari
Amarga mung dadi garwa selir, Dewi Kumbini sajak kurang marem atine.
Panjenengane golek cara kanggo nyingkirake Prameswari. Mula saka kuwi, Dewi Kumbini
njaluk pitulungan marang sawijining Resi. Sang Resi saguh gawe cilakane Prameswari sarana
ngirimake tenung.
Ana ing Taman Sari, Prameswari kang lagi ngandhut sepuh rumangsa ora kepenak
anggane. Sajake wis wancine babaran. Mula, kanthi kabantu dening para abdi emban,
pungkasane Prameswari Purwacarita babaran. Ananging, kaya ngapa kejote penggalihe
bareng mirsani jabang bayi kang lair saka garwa garbane. Bayi mau cacad saka dayane
ngelmu tenung saka Resi kang dadi srayane Dewi Kumbini.
Dewi Kumbini matur marang Sang Raja Purwacarita manawa putra kang kalairake
dening Prameswari cacad. Ing batin sajak ora percaya. Nanging, bareng pirsa dhewe, Sang
Nata Purwacarita duka yayah sinipi. Panjenengane nganggep manawa Sang Prameswari kuwi
pawongan kang kebak dosa. Mula Prameswari lan putrane kang isih bayi mau kudu
kasirnakake. Prameswari mlayu saka kedhaton nedya nylametake awake lan bayine. Dene,
Raja Purwacarita tetep durung trima yen ta nganti Prameswari durung seda. Amarga, yen isih
waluya ateges panjenengane kudu nandhang lingsem kang kaliwat isin. Mula banjur utusan
Patih Purwacarita nututi Sang Prameswari. Yen wis ketemu kadhawuhan nyedani.
Prameswari lan putrane kang kadherekake para embane mlayu ing alas. Ing tengah
alas dicegat macan. Sang Prameswari masrahake ragane dadi pakane kewan mau. Eloke, si
macan ora gelem, malah banjur nglungani. Manahe keranta-ranta, geneya kewan wae duwe
rasa sih marang panjenengane, dene garwane kok banget mentala marang panjenengane.
Ora gantalan wektu, ketungka rawuhe Patih Purwacarita kang ngemban jejibahan
kanggo mungkasi gesange garwa nata Purwacarita mau. Prameswari kang pirsa manawa
arep kaperjaya, pasrah. Sing penting, putrane aja nganti dipateni.
Sejatine, Patih Purwacarita wis pirsa dhodhok selehe prakara kang nyebabake
kedadean mau. Mula, panjenengane ora bakal merjaya marang pawongan kang ora salah.
Kanthi gaman kang wis kena getihe kewan, panjenengane kondur ing kedhaton, lan matur
manawa Prameswari dalah keng putra wis tumekaning seda.
Sabanjure, Prameswari mapan ing omahe embane ing Desa Medhang Sawit. Sawise
manggon ing kono, panjenengane ngersakake ganti asma kanthi julukan Mbok Randha
Medhang Sawit. Ya ing Desa kono mau panjenengane nggedhekake putrane kang diparingi
jeneng Jaka Kendhil. Dijenengake Jaka Kendhil amarga dedege cendhek, rupane ala lan ireng
pakulitane.
Sanajan cacad, Jaka Kendhil klebu bocah kang pethingan. Dheweke seneng laku
prihatin. Nuju sawijining dina nalika lagi tapa, saka rumangsane dheweke ditekani sawijing
priyayi sepuh. Priyayi mau dhawuh manawa sejatine dheweke kuwi putra raja Purwacarita.
Dene ibune kuwi sejatine prameswari kang dicilakani dening garwa selir. Priyayi mau uga
ngandhani manawa dheweke dadi elek rupane kuwi saka trekahe Resi tukang tenung utusane
Dewi Kumbini. Dheweke bakal dadi bagus rupane manawa umure ngancik 20 taun.
3. Amanat
Saben crita kang kaanggit kuwi mesthi nduweni maksud utawa tujuwan tinamtu kang
pengin diwedharake dening panganggite. Semono uga crita ing wayang. Saliyane dadi
tontonan, wayang uga dadi tuntunan tumrap urip bebrayan. Mula saka iku, dhalang kang
nggelar sawijining lakon, kudu tansah ngupaya nglebokakake unsure tuntunan ing saben
tontonan wayang kang digelarake.
c. Saloka
Saloka yaiku unen-unen kang ajeg panganggone nduweni teges pepindhan, dene sing
dipindhakake wonge.
Tuladha:
Palang mangan randuran
Tegese wong kang dipercaya ngrreksa samubarang wekasane ngrusak rereksane
Kebo bule mati setra
Tegese wong pinter ora ana sing nganggokake
5. Candra
Candra utawa Panyandra iki tetembungan utawa ukara kang wis gumathok, kanggo nyandra
kaananing alam, satriya, ratu, peranganing awak, solah bawa lsp. Lumrahe adhapur
pepindhan (perumpamaan).
Tuladha
Candrane peranganing awak
Candra perangan awak iki biasane kanggo nggambarake perangan awak kang
sampurna kanthi mbandhingake karo barang utawa kahanan liya kang sairib.
Alise nanggal sepisan ( cilik njlarit kaya rembulan tanggal siji )
Untune miji timun ( isi timun wujude putih resik cilik-cilik tur racak )
G. PEMBELAJARAN
Pendekatan : Kooperatif ( model STAD )
Metode / teknik : ceramah, tanya jawab, diskusi, pemberian tugas
Langkah-langkah :
Pertemuan I
NO KEGIATAN WAKTU
1. Kegiatan awal
Mempersiapkan alat-alat untuk pemutaran cerita kethoprak. 10 menit
2. Kegiatan inti
Mendengarkan cerita kethoprak dengan membuat catatan-catatan kecil 60 menit
selama penayangan cerita kethoprak.
Menyebutkan ciri-ciri kethoprak dari cerita yang telah didengarkan.
Mencari kata sulit yang terdapat dalam cerita dan menerangkannya untuk
memahami keutuhan cerita.
Menceritakan kembali cerita yang diperdengarkan.
Menyebutkan amanat dari cerita yang telah didengarkan.
3 Kegiatan Penutup
Mencatat hal-hal penting sehubungan dengan kesimpulan yang telah dibuat 10 menit
oleh guru.
Mengerjakan post test.
Pertemuan II
NO KEGIATAN WAKTU
1. Kegiatan awal
Tanya jawab tentang pengetahuan siswa tentang paribasan, bebasan, saloka 10 menit
dan candra.
2. Kegiatan inti
Berkumpul dengan kelompoknya dimana masing-masing kelompok 60 menit
sebanyak 4 orang;
Anggota 1 mendapat tugas tentang candra,
Anggota 2 mendapat tugas tentang paribasan,
Anggota 3 mendapat tugas tentang bebasan,
Anggota 4 mendapat tugas tentang saloka.
Siswa berkumpul dalam tim ahli, yaitu yang mendapat anggota 1 berkumpul
dengan anggota 1, 2 dengan 2 dst. Dan secara bersama-sama
menyelesaikan tugas.
Siswa kembali ke kelompok asal dan menjelaskan hasil diskusi dalam tim
ahli.
Salah satu kelompok mempresentasikan hasil diskusinya ke depan kelas,
kelompok yang lain memberikan tanggapan.
3 Kegiatan Penutup
Mencatat hal-hal penting sehubungan dengan kesimpulan yang telah di buat 10 menit
oleh guru.
Mengerjakan post tes.
I. PENILAIAN
Wujud : Tes Tulis
Alat : Rubrik Penilaian
Instrumen
No Soal Skor
1. Coba aranana ciri cirine kethoprak! 10
2. Rangga Lawe rumangsa kaget, bareng Prabu Kertarajasa Jaya Wardana 10
paring andharan menehi kalungguhan marang Nambi minangka Patih
Hamangku Bumi ing Majapahit. Yen Nambi sing diangkat drajade mesthi
bae liyane bakal runtik atine.
Apa tegese tembung-tembung kang kacitak miring kasebut!
3. Apa tegese paribasan, saloka lan bebasan ing ngisor iki! 15
a. Becik ketitik ala ketara. d. Gong lumaku tinabuh.
b. Ana catur mungkur. e. Bebek mungsuh mliwis.
c. Ngobok-ngobok banyu bening.
4. Apa candrane perangan awak ing ngisor iki? 15
a. alis c. untu e. rambut
b. bangkekan d. gulu
Pedoman Penskoran
NA = (Skor diperoleh : Skor Maksimal) x 100 =
Kunci jawaban:
No Soal Skor
1. Istana sentris, diwiwiti nganggo tari Bedhaya utawa gambyong Parianom, 10
migunakake basa Jawa baku (Jogja Solo), paragane manut critane
(lanang kaparagakake lanang, wadon kaparagakake wadon, Gendhing
khase Srempeg Mataraman.
2. andharan : katrangan 10
kalungguhan : kedudukan, jabatan
runtik atine : gela
3. a. Ala lan becik bakal ketara ing tembe mburine. 15
b. Ora gelem ngrungokake wong rerasanan.
c. Gawe perkara ing kahanan kang ayem tentrem.
d. Wong kang kumudu-kudu ditakoni.
e. Wong pinter musuh wong pinter.
4. a. Alise nanggal sepisan. 15
b. Bangkekane nawon kemit.
c. Untune miji timun.
d. Gulune ngelung gadhung.
e. Rambute ngembang bakung.
A. STANDAR KOMPETENSI
1. Mengapresiasi drama yang diperdengarkan.
B. KOMPETENSI DASAR
1.2 Menemukan isi pesan dari drama tradisional / ludruk.
C. INDIKATOR
1.2.1 Menyebutkan ciri-ciri ludruk.
1.2.2 Menjelaskan arti kata dialek surabaya dalam cerita yang diperdengarkan.
1.2.3 Menemukan tembung yogyaswara dalam cerita.
1.2.4 Menceritakan kembali cerita yang diperdengarkan.
1.2.5 Menyebutkan hal-hal yang bisa diteladani dalam cerita ludruk.
D. TUJUAN
1. Siswa dapat menyebutkan ciri - ciri ludruk.
2. Siswa dapat menjelaskan arti kata dialek surabaya dalam cerita yang diperdengarkan.
3. Siswa dapat menemukan tembung yogyaswara dalam cerita ludrug yang diperdengarkan.
4. Siswa dapat menceritakan kembali cerita yang diperdengarkan.
5. Siswa dapat menyebutkan hal-hal yang perlu diteladani dalam cerita ludruk.
E. KARAKTER
Toleransi , kreatif, rasa ingin tahu, mandiri, komunikatif, tanggung jawab.
F. MATERI
1. Sejarah Ludrug
LUDRUG iku kalebu sawijning seni tradhisi saka Jawa Timur. Critane arupa
gegambaran urip lan panguripane wong cilik. Awit kesenian iki pancen urip lan ngrembaka
saka kalangane wong cilik. Kang dadi ciri khase kesenian Ludrug yakuwi kabuka kanthi
sawijinng tarian kang disebut tari remong. Penari remong biasane nganggo sawijining piranti
wujud klinthing kang dipasang ana ing sikil. Klinthing iki dimanake kanthi cara nggedrug-
nggedrugake sikil. Ya saka sikile penari remong sing nggedrug-nggedrug iki banjur muncul
istilah Ludrug.
Jroning pagelaran ludrug penari remong kuwi nduweni kewajiban sing abot. Awit
kejaba pinter nari, uga kudu wasis ngidung. Kidungan-kidungan ludrug kuwi biasane kejaba
isi lelucon kanggo panglipur, uga nduweni isi sing sipate aweh kritik marang kahanan kang
dumadi ana ing satengahing masyarakat. Pagelaran ludrug uga kairing kanthi gamelan.
Wondene gendhing khusus kang dadi ciri khase pagelaran ludrug yakuwi jula-juli Surabaya.
Beda klawan paraga jroning pagelaran kethoprak, paraga ludrug iki dumadi saka wong
priya kabeh. Senajan suwening-suwe uga ana sawenehing ludrug kang migunakake paraga
wanita. Jumbuh klawan dhaerah asale, kesenian Ludrug iki migunakae basa Jawa
Surabayan. Nganti seprene pancen durung bisa ditemtokake, kapan lan ana ing endi
sepisanan kesenian Ludrug kuwi muncul. Nanging manut para peneliti, Ludrug iki sepisanan
muncul ana ing antarane dhaerah Jombang Majakerta. Banjur mekar ngrembaka nganti
tekan Surabaya, Sidoarjo, Pasuruan, lan sapanunggalane.
Wiwit sepisanan dikenal dening masyarakat nganti tekan titi mangsa iki, kesenian
Ludrug wis ngalami makaping-kaping owah-owahan. Ing antarane yakuwi jaman Ludrug
Bandan, Ludrug Lerok, Ludrug Besutan, Ludrug Stambul Jawi, lan Ludrug sandhiwara.
Jroning Ludrug bandan durung dikenal anane crita. Kang disuguhake marang penonton ora
ana liya kejaba babagan olah kanuragan kang linambaran kekuwataning batin. Tuladhane
dibacok ora tedhas, dibedhil ora tembus, diobong ora mempan. Lan sapiturute. Jaman
Ludrug lerok uga durung dikenal anane crita, nanging wis ora mitontonake babagan olah
kanuragan maneh. Kang ditengenake jroning Ludrug lerok yakuwi sabangsane ngelmu
gendam lan sulapan.
Sapungkure Ludrug bandan lan Ludrug Lerok, banjur muncul Ludrug besutan. Ludrug
iki wis wiwit ngenal crita, senajan isih sederhana banget. Disebut Ludrug besutan awit tokoh
utamane pagelaran Ludrug iki aran Besut. Duwe sisihan jenenge Asmunah, lan duwe paman
arane Jamino. Wong sing dadi tokoh Besut iki kudu nduweni kabisan kang linuwih. Upamane
nalika pentas ngepasi ana udan, Besut kudu bisa nerang udan kuwi mau, kanthi
kekuwataning batine. Babagan kekuwatan batin iki sajake diwarisi saka jenis ludrug
sadurunge.
Ludrug Stambul Jawi, satemene uga padha karo Ludrug Besutan, awit tokoh lan
critane isih padha. Mung bae jroning Ludrug Stabul Jawi iki babagan kostum wis kena
pengaruh saka negara liya, mligine saka Stambul. Wiwit tahun 1932 dikenal anane Ludrug
Sandhiwara. Maneka warna crita bisa ditampilake jroning Ludrug sandhiwara iki. Ana crita
sing nggambarake urip lan panguripane masyarakat dhek jaman penjajahan. Umpamane
jroning crita, Sarib Tambakyoso. Sogol Pendhekar Sumur Gemuling. Jaka Sambang
pendhekar Gunung Gangsir, Jaka Berek, Sawunggaling, lan sapiturute. Ana uga crita sing
nggambarake urip lan panguripane masyarakat jaman saiki. Tuladhane, Wakidun jago tawur,
lahir sajroning kubur, Surati dadi TKW, sambate anak kewalon, lan sapanunggalen. (kapethik
saka maneka warna sumber).
3. Tembung Yogyaswara
Tembung yogyaswara iku tembung loro mengku teges lanang wadon kang lumrahe
mung beda wandane wekasan. Bedane yaiku : wanda wekasan ing tembung sing ngarep
mawa aksara swara (vocal) a, dene wanda wekasan ing tembung mburine mawa aksara
swara i.
Tembung yogyaswara iku cacahe ora akeh, kayata :
1. widadara widadari 6. apsara apsari
2. gana gini 7. yaksa yaksi
3. gedhana gedhini 8. prameswara prameswari
4. dewa dewi 9. raseksa raseksi
5. bathara bathari 10. gandarwa gandarwi
G. PEMBELAJARAN
Pendekatan : PAKEM
Metode / Teknik : Ceramah, tanya jawab, diskusi pemberian tugas
Langkah-langkah :
NO KEGIATAN WAKTU
1. Kegiatan awal
Mempersiapkan alat-alat untuk pemutaran cerita ludruk. 10 menit
2. Kegiatan inti
Mendengarkan cerita ludruk dengan membuat catatan-catatan kecil selama 60 menit
penayangan cerita.
Menyebutkan ciri-ciri ludruk dari cerita yang telah didengarkan.
Menemukan kata dialek Surabaya dari cerita yang telah didengakan dan
menjelaskan artinya.
Menemukan tembung yogyaswara dari cerita yang telah didengarkan.
Menceritakan kembali cerita yang diperdengarkan.
Menyebutkan hal-hal yang bisa diteladani dalam cerita yang didengarkan.
3 Kegiatan Penutup
Mencatat hal-hal penting sehubungan dengan kesimpulan yang telah dibuat 10 menit
oleh guru.
Mengerjakan post tes.
H. SUMBER / MEDIA PEMBELAJARAN
Sumber :
- Mundhi Basa
- Buku pendukung
- Bausastra jawa
Media :
- CD / VCD ludruk
I. PENILAIAN
Wujud : Tes unjuk kerja
Alat : Rubrik penilaian
Pedoman Penskoran
NA = (Skor diperoleh : Skor Maksimal) x 100 =
JOKO GONDHOK
Nok sawijining desa, onok randho sing lagi diadhep anake loro, kabeh lanang. Anake sing
sitok nggantheng rupane, aran Jaka Wulung. Adhike jenenge Jaka Gondhok. Joko Gondhok elek
rupane, beda banget mbarek cacake. Arek loro takok nok mboke, sapa sabenere wong tuwane
lanang sing dadi pepundhene.
Simboke njur ngandhani lek sejatine wong tuwane lanang iku lurah kang manggon ing desa
Pandhan Arum. Sakwise oleh katrangan saka mboke maeng, arek loro njur pamit simboke lek kate
nggoleki bapake ing desa Pandhan Arum.
Nok tengah ngembong, naliko arep nggoleki bapake, Jaka Wulung lan Jaka Gondhok
pethukan mbarek brandal. Brandhal maeng nggawa mlayu wong wedok sing dileboke nok cupu. Loro-
lorone njur nulung wong maeng. Jaka Wulung maju dhisik, nanging dheke kalah. Nalika Jaka Wulung
lagi tandhing mbarek brandhal, Jaka Gondhok dicedheki Kyai sing gak gelem ngarani jenenge. Kyai
maeng ngekei pusaka nek dheke rupa pecut. Kanthi pecut iku maeng, Jaka Gondhok akhire isok
ngalahke brandhal mau.
Bareng mbarek kalahe brandhal maeng, cupune yo pecah. Wong wedok maeng isok metu
saka cepu. Dheke ngaku jenenge Larasati, bojone Lurah Pandhan Arum. Mula tiwas beneran, arek
loro njur kandha nek bapake sing ketepakan ya Lurah Pandhan Arum. Larasati rumangsa diapusi
bojone, merga rikala dirabi biyen ngakune isih jaka. Dheke mlayu mulih ing omahe. Jaka Wulung lan
Jaka Gondhok ngetut ing mburine.
Lurah Pandhan Arum seneng atine mergone bojone slamet saka bebaya. Larasati nutuh
merga rumangsa diapusi. Mula bareng Jkaka Wulung lan Jaka Gondhok teka njur dijak gelut. Nek Ki
Lurah kalah, dheke gelem ngaku bapake arek loro maeng. Sing maju dhisik Jaka Wulung, nanging
dheke kalah. Mula njur mlayu molih wadul ndok emboke. Bareng /joko Gondhok sing maju, Lurah
Pandhan Arum klakon kalah. Nanging isin ngakoni anak marang Jaka Gondhok mergo rupane elek.
Lurah Pandhan Arum iku lUrah sing julig. Mulane Lurah Pandhan Arum gawe ada-ada
ngonoke sayembara. Sayembarane yoiku, nek Jaka Gondhok isok mlebu kendhi, arep diaku anak.
Mergo pengen diaku dadi anake Ki Lurah, Jaka Gondhok gelem melok sayembara maeng. Akhire,
Jaka Gondhok klakon mlebu kendhi jiretane Lurah Pandhan Arum. Sakwise nik njero, kendhi maeng
ditutup dening Ki Lurah njur dilarung nang kali.
Nok seje panggonan, onok prawan loro sing lagi adus nok kali. Arek loro maeng nemu kendhi
sing dilarung dening Ki Lurah Pandhan Arum. Bareng dipecah isine arek lanang elek rupane. Arek
loro iku gak seneng, mulo njur ditarik-tarik. Anehe, bareng ditarik-tarik, Jaka Gondhok malih dadi
bagus rupane.
Rikala Jaka Gondhok kate njaluk pengadilan nok Ki Lurah Pandhan Arum, ing ngembong
ketemu simbok mbarek cacahe. Jaka Gondhok ngomong nek anake. Nanging ora percoyo mergo
anake kuwi elek rupane. Bareng Jaka Gondhok biso nuduhake tandha ing gulune, tilak digepuk
enthong simboke cilikane biyen, simboke lagi gelem ngakoni lek dheke kuwi anake.
Wong telu njur moeo nak omahe Lurah Pandhan Arum. Nok kana KI Lurah wis sadhar
temenan lan ngakoni nek Jaka Gondhok mbrarek Joko Wulung iku anake. Semono ugo mbarek
Larasati, dheke gelem nampa kahanan sing kaya ngono maeng.
RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN
(RPP 3)
Nama Sekolah : SMP Negeri 3 Munjungan
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas / Semester : IX / 1
Alokasi Waktu :
A. STANDAR KOMPETENSI
2. Mengungkapkan pikiran, informasi, dan gagasan melalui berpidato.
B. KOMPETENSI DASAR
2.1 Berpidato untuk berbagai keperluan.
C. INDIKATOR
2.1.1 Menjelaskan bagian-bagian pidato.
2.1.2 Menjelaskan hal-hal yang perlu diperhatikan dalam berpidato.
2.1.3 Berpidato di depan kelas.
D. TUJUAN
1. Dengan berceramah,siswa dapat menyebutkan bagian pidato dengan benar.
2. Dengan berceramah, siswa dapat menyebutkan hal-hal yang perlu diperhatikan dalam
berpidato dengan benar.
3. Dengan berdemonstransi, siswa dapat berpidato dengan intonasi dan artikulasi serta volume
swara dengan jelas.
E. KARAKTER
Kerja keras, mandiri, kreatif, bersahabat/komunikatif, demokratis.
F. MATERI
1. Urutane sesorah/pidato
Sesorah/pidato, yaiku medharake gagasan ing ngarepe wong akeh (umum) kanthi
tujuan tartamtu.
Dene urutane pidato, yaiku :
Salam pambuka
Purwakaning atur
Isi.
Dudutan.
Pangarep-arep
Salam penutup.
2. Wong kang arep nindakakake pidhato utawa sesorah kudu ngrengkuh sarat kaya ing ngisor
iki :
a. Swara;
Pangolahe swara kudu cetha, tegas lan ora digawe-gawe
Kudu nggatekake pangucapane swarane aksara swara (ucapan)
Wiramane swara (lagu); alon, cukupan apa banter kudu kaslarasake karo isi sesorah
b. Busana (ageman)
Elinga marang paribasan; ajining raga saka busana. Ora kudu larang regane, nanging sing
pantes lan slaras karo kahanane.
c. Subasita (Trapsila)
Wong sesorah kudu bisa ngecakake trapsila utawa tata krama. Amarga, yen ora bisa
ngecakake tata krama bisa nyuda kawibawan. Ora perlu digawe-gawe, cukup sing prasaja,
anteng, manteb nanging ora ketara kaku.
d. Basa lan sastra
Laras, tegese trep karo kahanan sing diadhepi
Leres, tegese kudu bener, ora nyalahi paramasastra
G. PEMBELAJARAN
Pendekatan : PAIKEM
Metode : CERAMAH dan DEMONTRASI
Pembelajaran ini menggunakan metode ceramah, guru memberikan penjelasan singkat
mengenai tata cara dan urutan dalam berpidato,setelah itu siswa membuat naskah pidato
sesuai dengan ketentuan.
Langkah-langkah :
NO KEGIATAN WAKTU
1. Kegiatan awal
Tanya jawab tentang pengetahuan siswa tentang pidato. 10 menit
2. Kegiatan inti
Siswa menyebutkan urut-urutan dalam berpidato. 60 menit
Siswa membuat teks pidato dari beberapa tema yang telah ditentukan guru
secara acak.
Siswa menerima penjelasan tentang hal yang harus diperhatikan dalam
berpidato.
Siswa berpidato di depan kelas dengan bergiliran.
3 Kegiatan Penutup
Guru memberikan refleksi, demi kesempurnaan naskah pidato selanjutnya. 10 menit
Guru memberi semangat dan penilaian kepada siswa yang sudah berani
membawakan naskah pidatonya ke depan kelas.
H. SUMBER
1. Mundhi Basa IX
2. Buku panatacara
I. PENILAIAN
Wujud : Unjuk Kerja
Alat : Rubrik Penilaian
ASPEK PENILAIAN
NO NAMA Ketepatan Kelancaran Kesesuaian Isi JUMLAH
pelafalan
01. SKOR
02.
03.
04.
05.
dst
Tabel Penilaian :
SKOR
ASPEK PENILAIAN
3 2 1
INTONASI/LAGU Tepat Kurang tepat Tidak tepat
Pedoman penskoran
NA = (Skor diperoleh : Skor Maksimal) x 100 =
A. STANDAR KOMPETENSI
2. Mengungkapkan pikiran, informasi, dan gagasan melalui berpidato.
B. KOMPETENSI DASAR
2.2 Melakukan kegiatan diskusi dengan memperhatikan prinsip-prinsip berdiskusi.
C. INDIKATOR
2.2.1 Melakukan diskusi kelompok dengan menerapkan prinsip-prinsip berdiskusi.
2.2.2 Membuat kesimpulan hasil diskusi kelompok berdasarkan catatan-catatan selama
berdiskusi kelompok.
2.2.3 Mempresentasikan hasil diskusi kelompok dalam diskusi kelas.
2.2.4 Membuat kesimpulan terakhir berdasarkan hasil diskusi kelas.
D. TUJUAN
1. Siswa
dapat melakukan diskusi kelompok dengan menerapkan prinsip-prinsip berdiskusi.
2. Siswa
dapat membuat kesimpulan hasil diskusi kelompok berdasarkan catatan-catatan selama
berdiskusi kelompok.
3. Siswa
dapat mempresentasikan hasil diskusi kelompok dalam diskusi kelas.
4. Siswa
dapat membuat kesimpulan terakhir berdasarkan hasil diskusi kelas.
E. KARAKTER
Demokratis, toleransi, bersahabat/komunikatif, kerja keras.
F. MATERI
1. Diskusi
Kedadean-kedadean kang dumadi ing masyarakat utawa ing lingkungan sakiwa tengen
kita kuwi akeh banget. Kedadean mau ana kang nduweni akibat (dampak) kang becik (positif)
lan uga ana kang ala (negatif), Akibat-akibat mau bisa tumanduk marang kita lan bebrayan
agung (masyarakat). Dampak utawa akibat saka kedadean mau, utamane akibat sing ala, perlu
digatekake banjur dirembug. Supaya kita bisa nyegah aja nganti ngambra-ambra lan
ndadekake kapitunan.
Kedadean-kedadean kang ana kelasmu upamane masalah karesikane kelas utawa menawa
ana kancamu kang nglanggar tata tertib sekolah.
d. Ngusulake pitakonan
Para audien utawa peserta rerembugan nduweni hak nyuguhake gagasan, pikiran, saran lan
uga pitakonan. Sajroning ngaturake pitakonan kudu migunakake basa kang jelas lan
gampang dimangerteni. Ngaturake pitakonan kang ana gandheng cenenge karo masalah
(topik/temane) rerembugan ora oleh mlenceng.
G. PEMBELAJARAN
Metode : ceramah bervariasi, tanya jawab, diskusi
Langkah-langkah Kegiatan Pembelajaran
NO KEGIATAN WAKTU
1. Kegiatan awal
Mengkondisikan siswa untuk melakukan diskusi. 10 menit
Membagi kelompok yang terdiri atas 4-5 siswa.
2. Kegiatan inti
Siswa berdiskusi bersama kelompoknya berdasarkan tema yang telah 60 menit
ditentukan.
Tiap kelompok membuat kesimpulan hasil kerja kelompok.
Setiap kelompok mempresentasikan hasil diskusi kelompok dalam
diskusi kelas.
Siswa membuat kesimpulan hasil diskusi kelas.
3 Kegiatan Penutup
Merefleksikan hasil kegiatan pembelajaran. 10 enit
H. SUMBER
1. Buku Teks
2. Mundhi Basa
3. Buku pendukung
4. Bausastra Jawa
I. PENILAIAN
1. Jenis : Penilaian proses
2. Teknik : Penugasan
3. Bentuk : Tes simulasi
4. Soal :
1. Coba diskusi bab sing ana sambunge karo kwajibane siswa kuwi ? 5
2. Apa dudutan saka diskusi sing wis kotindakake mau? 5
Pedoman penskoran:
NA = (Skor : Skor Max) x 100 =
A. STANDAR KOMPETENSI
3. Memahami wacana berhuruf latin /jawa dengan
tehnik membaca cepat.
B. KOMPETENSI DASAR
3.1 Menemukan isi teks berhuruf jawa dengan cepat 50 kata permenit.
C. INDIKATOR
3.1.1 Menemukan aksara murda dalam bacaan.
3.1.2 Menemukan aksara swara dalam bacaan.
3.1.3 Menemukan aksara rekan dalam bacaan.
3.1.4 Menemukan angka jawa dalam bacaan.
3.1.5 Membaca tulisan jawa.
3.1.6 Menjawab pertanyaan tentang isi bacaan.
D. TUJUAN
1. Siswa dapat menemukan aksara murda dalam bacaan.
2. Siswa dapat menemukan aksara swara dalam bacaan.
3. Siswa dapat menemukan aksara rekan dalam bacaan.
4. Siswa dapat menemukan angka jawa dalam bacaan.
5. Siswa dapat membaca tulisan jawa dengan benar.
6. Siswa dapat menjawab pertanyaan tentang isi bacaan.
E. KARAKTER
Disiplin, kerja keras, mandiri, rasa ingin tahu, gemar membaca dan tanggung jawab.
F. MATERI
1. Aksara Murda
Ing basa Indonesia, aksara murda diarani huruf kapital. Amarga ora kabeh aksara
Jawa ana aksara murdane, mula panganggone aksara murda kuwi ana bedane karo huruf
kapital.
Paugeran panganggone aksara murda :
Aksara murda gunane kanggo nulis jeneng gelar/pangkat, jeneng dhiri, jeneng panggonan
utawa wewengkon, jeneng lembaga pemerintah, lan lembaga liyane kang nduweni badan
hukum.
Panulise aksara murda becike mung siji wae, kuwi wae yen ana murdane. Yen aksara
wiwitan ora ana murdane, digoleki mburine, mangkono sateruse. Yen ora ana, ateges ora
perlu ditulis mawa aksara murda.
Aksara murda ora kena dipangku utawa dadi sesigeging wanda.
Jenenge Gusti Allah (Ind : nama Tuhan) kabeh ditulis nganggo aksara Murda, yen pancen
ana murdane.
Aksara murda bisa diwenehi sandhangan cecak ( = ), layar ( / ) lan sandhangan
wignyan ( h )
#
Tawangmangu : #w=mzu
W
3. Tuwan Tantri : #uwnn`i
Ta
$
Sasrakusuma : $s]kusum
4. $ Kabupaten Sampang : @ bup[tnmP=
sa
&
Raden Gandakusuma : r[fnnFkusum
6. & Gunung Galunggung : &unu=&lu=gu=
Ga
Ana kang ngarani manawa aksara swara a (A), i (I), u (U), e (E) lan o (O) kuwi
klebu aksara murda. Nanging, panemu mau salah, benere aksara swara iku gunane kanggo
nulis tembung-tembung asal saka manca wujud vokal kang madeg sawanda (Ind : satu suku
kata).
2. Aksara Swara
1) Wujude : A , unine a I , unine i
U , unine u E , unine e
O , unine o
2) Gunane kanggo nulis tembung manca kang dicethakake
Tuladha :
Agustus : Agus|s\
Ibrahim : I*]aim\
Usman : UsMn\
Espres : E[sP]s\
Ornamen : O/n[mn\
3) Aksara swara ora kena dadi pasangan. Manawa dumunung ing saburine wanda sigeg,
aksara sesigeging wanda iku kudu dipangku.
Tuladha :
Wulan April : wuln\Ap]il\
Mas Idris : ms\If]is\
Pak Umar Said : %k\Um/$If\
Kulak elekton : kulk\E[l[kTon\
Wulan Oktober : wuln\O[kTobe/
4) Aksara swara ora kena ditrapi sandhangan swara
3. Es [As\ Es\
N Aksara
Pasangan Tuladha
O Rekan
k+
1. Khatib arep khutbah :k+tibHxp|+tBh
Kha K+
f+
2. Wong dzalim kesed dzikir : [w=of+limKe[sfF+iki/
Dza F+
g+
5. G+
Gha Ghazali lan Ghulam Ahmad : g+j+lilnG|+lm\ Ahmf\
4. Angka Jawa
1 = 1 6 = 6
2 = 2 7 = 7
3 = 3 8 = 8
4 = 4 9 = 9
5 = 5 0 = 0
G. PEMBELAJARAN
Metode : penugasan, tanya jawab, demonstrasi, ceramah.
Langkah-langkah Kegiatan Pembelajaran:
Pertemuan I
N KEGIATAN WAKTU
O
1. Kegiatan awal
Menjelaskan kegiatan pembelajaran yang akan dilaksanakan. 10 menit
2. Kegiatan inti
Mendengarkankan keterangan tentang aksara murda, aksara 60 menit
swara, aksara rekan dan angka jawa.
Berlatih menggunakan kata yang mengandung aksara murda,
aksara swara, aksara rekan dan angka jawa.
3. Kegiatan akhir
Menyimpulkan kegiatan pembelajaran yang telah dilakukan. 10 menit
Pertemuan II
N KEGIATAN WAKTU
O
1. Kegiatan awal
Apersepsi 10 menit
2. Kegiatan inti
Membaca siswa dalam membaca bacaan yang berhuruf jawa. 60 menit
Mencari kata yang mengandung aksara murda, aksara swara,
aksara rekan dan angka jawa.
Menjawab pertanyaan yang berkaitan dengan bacaan.
3. Kegiatan akhir
Refleksi hasil kegiatan belajar. 10 menit
H. SUMBER :
1. Buku wewaton panulise aksara jawa, dening Padmosoekotjo
2. Mundhi Basa
3. Majalah berbahasa Jawa
4. Buku pendukung
5. Bausastra Jawa
I. PENILAIAN
Jenis : Post test
Teknik : Tes Tulis, Tes Lisan, Praktek
Bentuk : Tanya jawab, diskusi, penugasan
Rubrik penilaian
Pedoman Penskoran :
A. STANDAR KOMPETENSI
4. Mengu
ngkapkan perasaan, pikiran dan informasi dalam bentuk tembang.
B. KOMPETENSI DASAR
4.1 Membuat tembang macapat sesuai dengan kaidah.
C. INDIKATOR :
4.1.1 Menyebutkan aturan penulisan tembang macapat.
4.1.2 Menganalisis bentuk tembang macapat.
4.1.3 Mengubah tembang dalam bentuk gancaran.
4.1.4 Menjelaskan watak-watak tembang macapat.
4.1.5 Menjelaskan tembung garba.
4.1.6 Menulis tembang macapat sesuai kaidah.
D. TUJUAN
1. Siswa dapat menyebutkan aturan penulisan tembang macapat.
2. Siswa dapat menganalisis bentuk tembang macapat.
3. Siswa dapat mengubah tembang dalam bentuk gancaran.
4. Siswa dapat menjelaskan watak-watak tembang macapat.
5. Siswa dapat menjelaskan tentang tembung garba.
6. Siswa dapat menulis tembang macapat sesuai kaidah.
E. KARAKTER
Perilaku yang menunjukan kerja keras, kreatif, mandiri, menghargai prestasi, dan cinta tanah air.
F. MATERI
1. Tembang macapat
Tembang macapat kang uga diarani tembang cilik kuwi, manut riwayate nduweni guna paedah
kang gedhe banget, ing antarane; kanggo maujudake rasa pangrasa, maujudake uneg-uneg
lan bisa uga kanggo aweh kabar (informasi). Mula saka iku, ora salah yen kabudayan Jawa
kaya dene tembang macapat tansah diuri-uri, apa maneh tumrap wong ngaku wong Jawa.
Tembang macapat cacah sewelas (11) kuwi nduweni paugeran dhewe-dhewe. Paugeran iki
wis gumathok lan ora bisa diowahi. Coba gatekna tabelpaugerane tembang macapat ing
ngisor iki !
Jenenge Guru
No Guru Wilangan Guru Lagu
Tembang Gatra
1. Pucung 4 12, 6, 8, 12 u, a, i, a
2. Maskumambang 4 12, 6, 8, 8 i, a, i, a
3. Gambuh 5 7, 10, 12, 8, 8 u, u, i, u, o
4. Megatruh 5 12, 8, 8, 8, 8 u, i, u, i, o
5. Mijil 6 10, 6, 10, 10, 6, 6 i, o, e, i, i, u
6. Kinanthi 6 8, 8, 8, 8, 8, 8 u, i, a, i, a, i
7. Durma 7 12, 7, 6, 7, 8, 5, 7 a, i, a, a, i, a, i
8. Pangkur 7 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8 a, i, u, a, u, a, i
9. Asmaradana 7 8, 8, 8, 8, 7, 8, 8 a, i, o, a, a, u, a
10 Sinom 9 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12 a, i, a, i, i, u, a, i, a
. Dhandhanggula 10 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7 i, a, e, u, i, a, u, a, , a
11.
2. Nggancarke tembang
a. Sing perlu digatekake nalika nggancarake tambang macapat yaiku :
Kanggo ngoyak guru lagu, gatra tembang kerep migunakake baliswara
(pamaliking ukara), mula kudu dibalekake marang ukara asale.
Tuladhane :
pitutur bener iku = iku pitutur bener
sru anangis = nangis seru
Tembang macapat akeh kang nggunakake tembung Kawi, mula kudu
diganti nganggo tembung padinan :
Tuladha :
den kaesthi siyang ratri = supaya digatekake awan bengi
sekar Pangkur kang winarna = kang kacarita ing tembang Pangkur
Supaya dadi crita kang runtut, bisa nambahi utawa nyuda tetembungan.
Sing penting ora ngowahi isine crita.
Tuladha :
kapatuh pan dadi awon = (manawa) kapatuh (rak) dadi ala
Tandha panulisan (titik, koma, pitakon, pakon) kudu manut wewaton
basa gancaran
b. Tuladha :
1) Tembang Kinanthi
Pinandeng sarwi tumungkul,
Anoman ngiling-ilingi,
sarta mirsakaken karuna,
sumedhot tyasira nenggih :
iya iki baya-baya,
Kusuma putri Manthili !
2) Owah-owahane
(Wanita ayu punika) dipuntamataken (dening Anoman) kanthi rasa trenyuh,
Anoman (anggenipun) namataken,
sarwi nangis,
(jalaran) manahipun sumedhot (lan mbatos),
sajake yaiki
putri trahing Manthili (Dewi Sinta)
3) Gancarane
Kanthi raos trenyuh, Anoman maspadakaken sarwi mbatos, Sajake yaiki putri trahing
Manthili (Dewi Sinta).
3. Ngrakit tembang
Carane ngrakit tembang macapat kang baku yaiku kudu mangerteni paugerane
tembang kang arep digawe. Nanging ana bab siji maneh kang kudu digatekake nalika nggawe
tembang macapat, yaiku bab watak-watake tembang. Amarga antarane jinis tembang karo isi
(kang bisa dideleng saka watake tembang) kuwi kudu cocog.
Dene watak-watake tembang yaiku :
Pucung, watake : kendho; kanggo crita kang sakepenake
Maskumambang, watake : sedhih, nelangsa, keranta-ranta; kanggo crita
kang sedhih utawa susah
Gambuh, watake : rumaket, kulina, wani-wanuh; Kanggo pitutur kang rada
sereng (keras)
Megatruh, watake : sedhih, nglokro (putus asa); kanggo crita kang susah
banget
Mijil, watake : wedharing rasa; kanggo crita isi pitutur
Kinanthi, watake : seneng, asih tresna; kanggo crita kang ngemu tresna
Durma, watake : galak, nantang, nesu, muntab; kanggo crita perang
Pangkur, watake :sereng; kanggo crita kang ngemu sereng utawa gregeten
Asmaradana, watake : sengsem, sedhih, prihatin; kanggo crita kasmaran
Sinom, watake : sumeh, grapyak; kanggo crita isi pitutur
Dhandhanggula, watake : luwes, ngresepake; kanggo piwulang
G. PEMBELAJARAN
Metode Pembelajaran : ceramah bervariasi, tanya jawab, demonstrasi, diskusi, pemberian tugas.
Langkah-langkah :
Pertemuan I
NO KEGIATAN WAKTU
1. Kegiatan awal
Tanya jawab tentang tembang macapat yang telah dikuasai siswa. 10 menit
Memotivasi siswa untuk memulai kegiatan pembelajaran.
2. Kegiatan inti
Mengenalkan jenis-jenis tembang macapat. 60 menit
Menganalisis bentuk tembang macapat.
Mengubah tembang dalam bentuk paragraf.
3. Kegiatan akhir
Mengevaluasi hasil kegiatan. 10 menit
Pertemuan II
N KEGIATAN WAKTU
O
1. Kegiatan awal
Apersepsi materi yang lalu dengan yang akan dipelajari. 10 menit
Mempersiapkan diri untuk melakukan kegiatan
pembelajaran seperti yang telah dijelaskan oleh guru.
2. Kegiatan inti
Mempelajari tatacara pembuatan tembang macapat. 60 menit
Mempelajari watak tembang macapat.
Mempelajari tembung garba.
Membuat tembang macapat.
3. Kegiatan akhir
Membuat kesimpulan kegiatan pembelajaran yang telah dilakukan. 10 Menit
H. SUMBER
1. Buku Teks
2. Mundhi Basa
3. Buku Tembang
4. Bausastra Jawa
I. PENILAIAN
1. Jenis : Post test
2. Teknik : Tes Tulis, Praktek
3. Bentuk : Penugasan
4. Soal :
Pedoman penskoran :
NA = (Skor diperoleh : Skor Maksimal) x 100 =
5. Kunci jawaban:
NO. PERTANYAAN SKOR
1. Sing baku kudu awewaton paugeran : 7 gatra, 8u, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i. 10
2. Maskumambang, Pucung, Gambuh, Megatruh, Mijil, Kinanthi, Durma, Pangkur, 5
Asmaradana, Sinom, Dhandhanggula.
3. Kendho; kanggo crita kang sakepenake. 5
A. STANDAR KOMPETENSI
5 Mengapresiasi cerita pewayangan.
B. KOMPETENSI DASAR
5.1 Menemukan isi cerita dalam pewayangan.
C. INDIKATOR
5.1.1 Mengenal jenis-jenis wayang.
5.1.2 Mengenal gamelan sebagai pengiring pagelaran wayang.
5.1.3 Mengenal pralambang dalam pertunjukan wayang.
5.1.4 Menjelaskan arti tembung kawi dalam cerita.
5.1.5 Menemukan bentuk tembung saroja dalam cerita.
5.1.6 Menemukan peristiwa yang berhubungan dengan gugon tuhon dalam cerita.
5.1.7 Menemukan dasanama jeneng wayang yang terdapat dalam cerita.
5.1.8 Menjawab pertanyaan tentang isi cerita.
5.1.9 Membuat ringkasan cerita.
D. TUJUAN
1 Siswa dapat mengenal jenis-jenis wayang.
2 Siswa dapat mengenal gamelan sebagai pengiring pagelaran wayang.
3 Siswa dapat mengenal pralambang dalam pertunjukan wayang.
4 Siswa dapat menjelaskan arti tembung kawi dalam cerita.
5 Siswa dapat menemukan bentuk tembung saroja dalam cerita.
6 Siswa dapat menemukan gugon tuhon dalam cerita.
7 Siswa dapat menemukan gugon tuhon dalam cerita.
8 Siswa dapat menjawab pertanyaan tentang isi cerita.
9 Siswa dapat membuat ringkasan cerita.
E. KARAKTER
Sikap dan tindakan yang selalu berupaya ingin tahu, bersahabat, semangat kebangsaan dan cinta
tanah air dan menghargai prestasi.
F. MATERI
1. Cerita wayang Mahabharata
Budhalan Wadyabala Pandhawa
Wus tetela lamun kurawa tan kena ginawe becik, puguh anggennya ngukuhi Negara
Astina, pratandha Bharatayuda tan kena den wurungake. Mangkana ta Pandhawa sigra
apacak baris amepak wadyabala samekta ing yuda nedya ngrabaseng Kurawa ing Kurusetra
mbelani bebener, bidhal saking alun-alun Wiratha.
Enjing bidhal gumuruh saking nagri Wiratha. Sagunging bala kuswa. Abra busananira,
lir surya wedalira saking Jalanidhi, arsa madhangi jagad. Duk mungup-mungup ing pucuking
wukir.
Lah ta ing kana wau, untaping wadyabala Pandhawa saking Wiratha aselur-selur tan
ana pedhote, tinon saking mandrawa pindha sela blekithi. Sela watu, blekithi semut.
Lamun sinawang kadya semut mlampah ing watu.
Kumelaping kakandha miwah kumlebeting dwaja apadene umbul-umbul kadi werdu
angga sasra. Werdu lintah, angga banyu, sasra sewu. Kadya lintah sewu kumelap ing
banyu.
Bengingehing kuda, pangempreting dwipangga, pangeriking kuda, swaraning janma,
miwah kropyaking watang gathik, binarung lan swaraning tambur gong beri mawurahan
pindha warsa kinteki. Warsa udan, kinteki wana pejaten, kadi talethoking udan ing alas
pejaten. Nyarangaping langkap, bedhil, tumbak landheyan pindha jati ngarang.
Lampahing wadyabala sajuru-juru datan kena wor suh. Kang busana putih kumpul
padha seta, tinon saking mandrawa pindha kontul neba. Kang busana abang kumpul padha
rekta, tinon saking mandrawa abra markata pindha wukir kawelagar. Wukir gunung,
kawelagar kobong, kadi gunung kobong. Kang busana ijo kumpul padha wilis, tinon saking
mandrawa pindha tanem lagya gumadhung. Tanem tandur, gumadhung ijo royo-royo.
Kang busana kuning kumpul padha pita, tinon saking madrawa pindha podhang areraton.
Podhang wus ngarani arane peksi, areraton areroyoman. Kang busana ireng kumpul
padha langking, tinon saking madrawa pindha gagak areraton, kadya peksi gagak
areroyoman.
Baleduging lampah peteng angampak-ampak angendhanu pindha mendhung.
Mangkana ta lampahing wadyabala Pandhawa wus prapteng laladan Kurusetra kang
minangka dadi ajanging prang mbrasta durangkara. Para wadyabala Pandhawa sigra
makarya yasa pakuwon kinarya palereman.
Kawruh Basa
tan, datan : ora puguh : kukuh, kenceng kekarepane
den : di amepak : njangkepi
yuda : perang ngrabasa : ngrusak, ngrebut kanthi
peksajalanidhi : segara lir, kadya, kadi, pindha : kaya
mandrawa : kadohan kakandha : geni
dwaja : gendera dwipangga : gajah
janma : manungsa langkap : laras, gendewa
ngarang : mengangah prapteng : teka ing
pakuwon : pondhokan palereman : papan kanggo ngaso
2. Jinise wayang
Kejaba wayang kulit utawa wayang purwa yaiku wayang kang digawe saka walulang kang
nyritakake lakon Ramayana lan Mahabharata, ana sawetara jinis wayang liyane, kayata:
1. Wayang wong
Yaiku, wayang kang paragane wong, dene critane padha karo wayang purwa.
2. Wayang beber
Yaiku, wayang ditontonake kanthi migunakake mori sing digambari banjur dibeber, yen
wis rampung banjur digulung maneh. Wayang iki nyritakake lelakone Jaka Kembang
Kuning karo Dewi Sekartaji
3. Wayang klithik utawa wayang krucil
Wayang iki dianggo ing kraton nyritakake lelakone Sri Gatayu tekan Panji Kudalaleyan
4. Wayang wasana
Wayang sing digawe saka kayu gepeng. Wayang iki nyritakake lakon Damarwulan lan
Minak Jingga.
5. Wayang madya
Wayang sing njupuk lelakone Parikesit tan turunane kajupuk saka crita babad Tanah
Jawa.
6. Wayang gedhog
Wayang sing digawe saka kayu nyritakake lelaone Panji Asmarabangun karo garwane
Dewi Sekartaji utawa Candrakirana
7. Wayang golek utawa Thengul
Wayang kang wujude golekan. Nyritakake lakon Amir Hambyah lan Umarmaya, babone
njupuk saka layang Menak
8. Wayang sadat
Yaiku wayang kang nyritakake lakon agama Islam
9. Wayang suluh
Wayang anggitane Jawatan Penerangan RI, kanggo menehi sesuluh (penerangan)
marang rakyat
10. Wayang potehi
Yaiku wayang kang nyritakake lelakon Cina
3. Gamelan
Gamelan dasanamane : gangsa (krama), pradangga (Kawi). Pradangga saka tembung
Sansekerta mardangga kang tegese kendhang. Gamelan uga lumrah diarani karawitan, mula
sing nabuh banjur diarani pangrawit.
Gamelan saprangkat iku kedadean saka kumpulane rericikan warna-warna.
Rericikane gamelan
Wujude rericikan Gamelan yaiku :
1) Wilahan, kayata : gambang, gender, demung, barung, peking, slenthem
2) Pencon, kayata : gong, kempul, kethuk, kenong, bonang, saron
3) Kebukan, kayata : kendhang, ketipung
4) Sebulan, kayata : suling
5) Saka kawat, kayata : rebab, clempung, siter
Gunane rericikan gamelan
Rericikan gamelan sing minangka :
1) Pamurba irama, yaiku : kendhang
2) Pamengku irama, yaiku ; kethuk, kenong, kempul, gong, kempyang
3) Pamurba lagu, yaiku : barung (bonang gedhe)
4) Pamangku lagu, yaiku ; demung, slethem
5) Pamangku yatmaka, yaiku : gender, gambang, clempung
6) Pambuka pathet, yaiku : rebab
7) Uba rampe murih gayeng (muyeg), yaiku : suling, siter, keprak, siter
Wadhah peprincene gamelan
Wadhah peprincene gamelan ana sing diarani :
1) Plangkan (kayu), yaiku : kethuk, kenong
2) Rancakan, yaiku : bonang, rebab, suling, kendhang
3) Pangkon, yaiku : gender, saron, barung, demung
4) Grobogan, yaiku : gambang, gong kemodhang
5) Gayor, yaiku : (canthelan) gong, kempul
Piranti rericikan gamelan :
Piranti rericikan gamelan ana sing diarani ;
1) Pluntur, yaiku tali (benang) sing dumunung ing gender, slenthem
2) Dhendha, yaiku kayu gilig panancange pluntur
3) Sanggan, yaiku kuningan (wesi) sing nyangga pluntur
4) Bremara, yaiku : pantek kancinge pluntur sing mlebu wilahan (sing digawe saka pring)
5) Placak, yaiku : paku (kuningan/wesi) kang mlebu ing wilahan
6) Tawonan, yaiku ; gabus (penjalin) sing ngganjel wilahan
7) Bantalan, yaiku : sepet (kabuntel gombal) ganjeling wilahan gambang
8) Klanthe, yaiku : tali sing kanggo nggantung gong, kempul
2. Laras Gamelan
Manut larase, gamelan kabedakake dadi loro
a. Gamelan laras slendro
Titilaras gamelan slendro
Laras barang = 1 (ji)
Laras gulu = 2 (ro)
Laras dhadha (jaja) = 3 (lu)
Laras lima = 5 (ma)
Laras nem = 6 (nem)
b. Gamelan laras pelog
Titilaras gamelan pelog
Laras panunggul (bem) = 1 (ji)
Laras gulu (jangga) = 2 (ro)
Laras dhadha (jaja) = 3 (lu)
Laras pelog = 4 (pat)
Laras lima = 5 (ma)
Laras nem = 6 (nem)
c. Pathet
Pathet yaiku tebaning swara kang ing basa Indonesia lumrah diarani wilayah nada. Saben
laras kapilah dadi telu.
Laras slendro
.'. .'. .'. .'. .'.
2 3 5 6 1 2 3 5 6
Slendro Pathet Nem :
5 6 .'. .'.
'. '. 1 2 3 5 6 1 2
Slendro Pathet Sanga :
6 .'. .'. .'.
'. 1 2 3 5 6 1 2 3
Slendro Pathet Manyura :
Laras pelog
.'. .'. .'. .'. .'.
2 3 5 6 1 2 3 5 6
Pelog Pathet nem :
5 6 .'. .'.
'. '. 1 2 4 5 6 1 2
Pelog Pathet Lima :
6 7 .'. .'.
'. '. 2 3 5 6 7 2 3
Pelog Pathet Barang :
d. Urutan laras ing pagelaran wayang
Urutane laras kang kagunakake ing pagelaran wayang yaiku;
Laras slendro pathet nem kagunakake wiwit jejer nganti perang gagal
Laras slendro pathet sanga kagunakae wiwit perang gagal nganti gara-gara
Laras slendro pathet manyura kagunakake wiwit gara-gara nganti paripurnane
pagelaran.
Laras pelog lumrahe dienggo sabubare perang gagal. Nanging mung sawatara
wektu wae, sabubare kuwi bali marang laras slendro
e. Pralambang wayang
Ing jaman kariptane, wayang kuwi kanggo nggambarake urip lan panguripane manungsa. Apa
wae kang digunakake ing pagelaran wayang ana pralambange dhewe-dhewe.
Dene pralambang mau, kayata :
wayang pralambange manungsa
kelir pralambange langit
debog pralambange bumi
blencong pralambange srengenge, rembulan, lintang
gamelan pralambange kabutuhane manungsa (sandhang, pangan, papan, lsp)
kothak pralambange sangkan paran
gunungan pralambange urip
cempala pralambange jantung
kepyak pralambange lakuning getih
4. Tembung Kawi
a. Kawruh Sapala bab Basa Kawi
Manut jamane, basa Jawa bisa kaperang dadi telu, yaiku :
1. Basa Jawa Kuna
Basa iki dadi basa padinan wiwit Jaman Mataram kuna (Hindhu) nganti Jaman Majapait.
2. Basa Jawa Tengahan
Basa iki ginawe basa padinan ing akhir jaman Majapaitan
3. Basa Jawa Anyar
Basa Jawa anyar digawe basa padinan wiwit Jaman runtuhe Kraton Majapait utawa
wiwitane jaman Demak nganti tekan saiki.
Basa Jawa Kuna uga diarani Basa Kawi. Sebabe diarani basa Kawi amarga wong-wong
saiki bisa mangerteni basa Jawa kuna saka tulisane para Kawi ing naskah-naskah kuna.
Kawi kuwi yen saiki lumrah diarani Pujangga.
b. Tuladha
N N
BASA KAWI BASA SAIKI BASA KAWI BASA SAIKI
O O
1. wijil wetu, metu 16 cumanthaka Kumawani, umuk
2. panakrama tingkah sing was 17 jawata dewa
3. dupi bareng ing nalika 18 haywa aja
4. lungaya gulu 19 pranaya niat
5. yuwana slamet 20 kewala wae
6. puja pangalem 21 sira kowe
7. pangastawa pangalem 22 raharja slamet
8. ingsun aku 23 lumaksana lumaku
9. lawan karo 24 kalayatan Kesuwen, kasep
10. uninga weruh 25 reksa openi
11. taranggana lintang 26 suku sikil
12. murca ilang 27 nendra turu
13. madya tengah 28 narendra raja
14. candra wulan 29 ketilapan kelalen
15. winastan diarani 30 kumalungkung gumedhe
2. Tembung Saroja
Tembung Saroja yaiku tembung loro kang padha utawa meh padha tegese, dienggo
bebarengan.
Tuladha : Kang busana ijo kumpul padha wilis, tinon saking mandrawa pindha tanem lagya
gumadhung. Tanem tandur, gumadhung ijo royo-royo
Katrangan : Ijo royo-royo kuwi klebu tembung saroja. Ijo, wis ngarani. Royo-royo tegese ya
ijo. Dadi, ijo royo-royo tegese ijo banget.
3. Gugon Tuhon
Sawijining prakara kang magepokan karo gugon tuhon (mitos) mesthi digathuk-
gathukake karo sipat, tingkah laku, budhaya, kapitayan lan panguripane wong Jawa. Nanging,
kang jenenge mitos kuwi sejatine ora mung darbeke bebrayan Jawa, nanging wis dadi
darbeke saperangan manungsa ing alam donya.
Saben negara duwe mitos dhewe-dhewe, klebu negara kang kagolong negara modern.
Ananging lumrahe mitos luwih ngrembaka subur ing masyarakat pinggiran (marginal). Sanajan
mangkono, ora ateges mitos kuwi darbeke wong bodho wae. Mitos uga disenengi dening
masyarakat sing tataran intelegensine dhuwur. Mung wae mitose kala-kala beda karo sing
diduweki masyarakat pinggiran.
Dene ancase mitos yaiku :
1. Supaya pranatan luwih gampang diugemi lan manungsa gampang
ditata.
2. Supaya dadi awet lestarine perkara-perkara kang dianggep wigati lan
kudu dilestarekake, kareben ora gampang cures.
3. Supaya manungsa ora mung ngagul-agulake marang panemune dhewe
utawa tataran intelegensi lan intelektuale wae, nanging uga gelem nggunakake rasa
pangrasane marang bab-bab kang ana gandheng rapete karo kapitayan utawa keyakinan.
4. Supaya manungsa gelem nggunakake pikirane dhewe, tanpa pengaruh,
tanpa kajlentrehake.
5. Nylamur pitutur. Mitos kagawe (kaya-kaya) pinangka gantine angger-
angger (undang-undang) utawa kaya-kaya dadi undang-undang sing ora katulis. Malah
panguwasa ing jaman biyen sengaja gawe mitos supaya kawulane luwih manut.
Ing Jawa sing sok dimitosake yaiku wit-witan gedhe, kali, gunung lan liya-liyane.
Lumrahe kali-kali, wit-witan, alas lan liya-liyane sing dimitosake luwih becik kahanane lan
luwih maedahi tumrap panguripane manungsa. Yen nganti katerak, bisa nekakake bebendhu
upamane banjir (tumrap wit-wit sing ditegori), sawernane penyakit (tumrap kali utawa belik
sing diregedi), lemah jugrug (tumrap alas kang digundhuli). Dadi yen dinalar, saweneh prakara
malah luwih migunani yen dimitosake.
Ing bebrayan Jawa, mitos (gugon tuhon) kuwi wujude arupa unen-unen kang cekak
utawa padhet ukarane lan cekak utawa padhet isine. Nanging, gugon tuhon gedhe utawa
jembar isine. Malah-malah gugon tuhon sok dipercaya nduweni daya ngungkuli kodrat,
kamangka nyatane ora kaya mangkono.
(Sumber : Jayabaya no. 13, November 2009)
Tuladhane :
- Aja mangan karo turu, mundhak dadi ula.
Yen dijarwakake kira-kira tegese wong mangan karo turu kuwi kaya ula kang sawise
mangan banjur turu. Yen luwe lagi klithih-klithih golek pangan maneh. Dadi wong-wong
tuwa ora kepingin anake padha kesed.
- Wong wadon aja mangan ana tengah lawang, mundhak adoh jodhone.
Jarwane kira-kira mangkene; wong kang mangan ana tengah lawang ateges ora ngerti
tata krama. Ora bakal wong gelem ngepek bojo wong kang ora duwe tata krama. Akibate
dadi adoh jodhone.
- Bocah cilik aja mangan brutu pitik, mundhak gampang pikun utawa lalen.
Jarwane, brutu kuwi enak rasane. Yen nganti ngrasakake sing kepenak, wong bakal
kedunungan rasa lali lan ora gelem kakehan mikir, mula banjur gampang lalen.
- Aja nglungguhi bantal, mundhak udunen.
Jarwane kira-kira, bantal kuwi kanggo sirah. Yen nganti kagunakake lungguh kaya wong
mau ora gelem nglungguhi barang atos kaya dene wong kang lagi udunen. Bisa uga
kaanggep murang tata.
4. Dasanama Jeneng Wayang
Sing dikarepake dasanama jeneng wayang kuwi jeneng utawa sebutan utawa julukan saliyane
jeneng asline.
Tuladha :
Raden Janaka = Premadi = Margana = Pamadya = Danajaya = Mintaraga =
Ciptahening = Prabu Kariti = Kendhitatnala = Palguna Kombang Ali-ali = Jlamprong =
Endra Putra = Endra Tanaya = Wijanarka
Raden Werkudara = Bayu Suta = Bayu Putra = Arya Panenggak = Bratasena = Jagal
Bilawa = Wijasena
Puntadewa = Wijakangka = Gunatali = Krama = Ajata Satru
Kresna = Narayana = Padmanaba = Wresniwira = Wasu Dewa Putra = Narasinga
Anoman = Anjani Putra = Kapiwara = Rewandapingul = Senggana = Rama
Handayapati
Duryudana = Kurupati = Dastradmaja = Gendari Suta = Jakapitana = Tri Panangsah =
Pambangun Kuru = Kurendra Pati
Semar = Ismaya = Badranaya = Nayantaka = Sukma Ekalaya
Bathara Guru = Girinata = Sang Hyang Jagad Nata = Pukulun Pramesthi = Qiwa Maha
Dewa
Gathutkaca = Purbaya = Tetuka = Kerincing Wesi = Bima Suta = Rimbat Maja = Arimbi
Putra
Abimanyu = Pangaribawa = Bambang Pengalasan = Parta Tanaya = Palguna Putra =
Tanjung Anom = Satria Plangkawati
G. PEMBELAJARAN
Pendekatan : kooperatif
Metode : kooperatif learning
Strategi belajar kooperatif learning memberikan kemungkinan pengajar subjek didik berinteraksi
dalam situasi yang konduktif. Selain itu, juga dapat mendorong subjek didik memanfaatkan
informasi, pengalaman pemikiran atau gagasan yang dimilikinya untuk memecahkan persoalan
baru yang dihadapinya. Dengan kata lain, strategi ini akan memungkinkan subjek didik mampu
memecahkan masalah yang dihadapi oleh kelompok.
Langkah-langkah Kegiatan Pembelajaran
Pertemuan I
NO KEGIATAN WAKTU
1. Kegiatan awal
Mengkondisikan siswa untuk siap mengikuti pelajaran. 10 menit
Memberikan petunjuk siswa tentang materi yang akan dibahas pada kegiatan
pada pertemuan ini.
2. Kegiatan inti
Mendengarkan Cerita wayang Mahabharata. 65 menit
Mempelajari jenis-jenis wayang.
Mempelajari gamelan sebagai musik pengiring pagelaran wayang.
Mempelajari pralambang pada pagelaran wayang.
3. Kegiatan akhir
Menyimpulkan kegiatan yang telah dilaksanakan. 5 menit
Pertemuan II
NO KEGIATAN WAKTU
1. Kegiatan awal
Mengkondisikan siswa untuk siap mengikuti pelajaran. 10 menit
Memberikan petunjuk siswa tentang materi yang akan dibahas pada kegiatan
pada pertemuan ini.
2. Kegiatan inti
Mendengarkan Cerita wayang Ramayana. 55 menit
Mencatat tembung-tembung kawi.
Membuat kalimat dengan tembung saroja.
Mencari tembung gugon tuhon dalam cerita.
Mencari dasanama jeneng wayang.
3. Kegiatan akhir
Mengerjakan post test. 15 menit
Pertemuan III
NO KEGIATAN WAKTU
1. Kegiatan awal
Mengkondisikan siswa untuk siap mengikuti pelajaran. 10 menit
Memberikan petunjuk siswa tentang materi yang akan dibahas pada kegiatan
pada pertemuan ini.
2. Kegiatan inti
Mendengarkan Cerita wayang Mahabharata. 60 menit
Menjawab pertanyaan bacaan.
Membuat ringkasan cerita.
3. Kegiatan akhir
Melakukan refleksi hasil kegiatan belajar. 10 menit
H. SUMBER
1 Buku cerita wayang
2 Buku Teks
3 Mundhi Basa
4 Buku Pendukung
5 Bausastra Jawa
I. PENILAIAN
1. Jenis : Post test
2. Teknik : Tes Tulis
3. Bentuk : Tes uraian
4. Soal :
5. Kunci jawaban
Pedoman peskoran :
NA = (Skor diperoleh : Skor Maksimal) x 100 =
A. STANDAR KOMPETENSI
5. Mengungkapkan gagasan, perasaan, dan harapan
melalui bermain peran.
B. KOMPETENSI DASAR
6.1 Melakukan kegiatan bermain peran.
C. INDIKATOR
6.1.1 Menyusun dialog dengan menggunakan ukara wancah dan ukara wutuh.
6.1.2 Menyusun dialog dengan menggunakan unggah-ungguh yang baik.
6.1.3 Memerankan di-alog dari naskah yang telah disusunnya.
D. TUJUAN
1. Siswa dapat menyusun dialog dengan menggunakan ukara wancah dan ukara
wutuh.
2. Siswa dapat menyusun dialog dengan menggunakan unggah-ungguh yang baik.
3. Siswa dapat memerankan dialog dari naskah yang telah disusunnya.
E. KARAKTER
Disiplin, kreatif, mandiri, demokrasi, komunlatif/ bersahabat.
F. MATERI
1. Ukara wutuh lan ukara wancah
Ukara wutuh yaiku ukara sing perangane jangkep, ora ana sing dibuwang, dene ukara
wancah yaiku ukara sing saperangan unsure ana sing diilangake.
Gatekna tuladha ing ngisor iki:
Man, kowe arep menyang endi?
Tulungagung.
Ukara kapisan kalebu ukara wutuh, dene ukara kapindho kalebu ukara wancah. Ukara
kapindho iku upama didadekake ukara wutuh dadine: Aku arep menyang Tulungagung.
Ukara wancah kerep tinemu ing basa lisan, lan biasane mujudaka wangsulan saka pitakon
kaya tuladha ing dhuwur. Nanging ana uga sing dudu wangsulan saka pitakon. Gatekna
tuladha ing ngisor iki.
Becak!
Tukang becak iku noleh, banjur muter becake tumuju panggonanku ngadeg.
Tindak pundi, Pak? pitakone tukang becak iku sawise aku lungguh ing jok becak.
Pasar sore.
Ing pethikan dhuwur ana tuladha ukara wancah 2, yaiku:
(1) Becak!
(2) Pasar sore.
Jelas yen ukara (2) mujudake wangsulan saka pitakon: Tindak pundi, Pak? dene yen ukara
(1) dudu wangsulan saka pitakon. Ukara wancah (1) iku menawa digawe ukara wutuh
dadine: Tukang becak, mrenea!
Tuladha-tuladha liyane isih akeh. Mung wae perlu dicathet, ukara wancah iku mung
digunakake kanggo pacelathon utawa dialog. Yen ing ragam basa tulis, ya mung kanggo
nulis karangan kang wujud crita utawa narasi lan ing crita mau ana pacelathone. Dene yen
ing karangan-karangan wujud liyane ukara wancah iki arang tinemu.
G. PEMBELAJARAN
Metode : ceramah, tanya jawab, diskusi, demonstrasi, penugasan
Langkah langkah :
Pertemuan I
No Kegiatan Waktu
1 Kegiatan Awal: 5 mnt
Menjelaskan pada siswa tentang cara / metode / sistim
pembelajaran.
2 Kegiatan Inti: 50 mnt
Guru menunjuk salah satu siswa untuk maju ke depan,
supaya bertanya apa saja kepada guru, dan guru menjawab dengan ukara
wancah.
Menyilahkan dua anak maju kedepan untuk mengadakan
perbincangan dengan menggunakan ukara wutuh dan ukara wancah.
3 Kegiatan Penutup: 25 mnt
Guru bersama siswa membuat kesimpulan tentang difinisi ukara wutuh
difinisi ukara wancah.
Memberikan PR siswa supaya menyusun perbincangan / Pacelathon, yang
menggunakan ukara wutuh dan ukara wancah.
Pertemuan II
No Kegiatan Waktu
1 Kegiatan Awal: 5
Menjelaskan / mengarahkan siswa untuk mempersiapkan hal-hal yang
harus dilakukan selama KBM.
2 Kegiatan Inti: 65
Menyuruh salah satu siswa supaya bertanya kepada temanya dengan
bahasa gancaran (ngoko lugu).
Menyuruh 3 anak maju kedepan, untuk masing-masing supaya menuliskan
contoh:
Ukara dengan bahasa ngoko alus.
Ukara dengan bahasa kromo lugu.
Ukara dengan bahasa kromo alus.
Menyilahkan 4 anak tampil kedepan untuk mengadakan perbincangan
masalah rencana kegiatan besuk hari minggu. Dimana masing-masing
berperan sebagai bapak, ibu, anak ke 1, anak ke 2.
Menyilahkan anak yang lain untuk mengutarakan kebenaran / kesalahan
penggunaan kata / kalimat yang di perbincangkan 4 temanya.
Memandu / menunjukkan kata / kalimat yang benar sesuai unggah
ungguh bahasa.
3 Kegiatan Penutup: 10
Memberikan tugas PR supaya mengubah kalimat dari yang berbahasa
ngoko lugu menjadi:
ngoko alus/andhap.
krama lugu.
krama alus/andhap.
Mengadakan wawancara dengan salah satu atau tiga anak dengan
menggunakan unggah-ungguh bahasa.
H. SUMBER
1. Mundhi Basa
2. Buku Pedukung
3. Basa Jawi 3, SMP, Wardono,BA.
I. PENILAIAN
1. Teknik : - Tes lesan / wawancara
- Tes tulis
2. Bentuk : Wawancara (Tanya jawab)
3. Soal / Instrumen :
Pertemuan : I
No Pertanyaan Jawaban Skor Skor
1 Anto, silahkan anda bertanya kepada Dilakukan dengan benar 100 100
andi. Masing-masing dengan Setengah benar
menggunakan ukara wutuh. Sedikit benar 50
25
Salah
5
2 Tuliskan satu contoh ukara wutuh dan Dilakukan dengan benar 100 100
dua contoh ukara wancah. Setengah benar
Sedikit benar 50
25
Salah
5
Pedoman penskoran :
NA = Jumlah Perolehan Skor maksimum / 2
Pertemuan : II
No Pertanyaan Jawaban Skor Skor
1 Suta sapa asmane wong tuwamu? Dijawab dengan benar 20 20
Setengah benar 10
Tidak menjawab 0
2 Coba matura wng tuwamu yen sesuk Dijawab dengan benar 40 40
arep ujian akhir, supaya antuk donga Tiga perempat benar 30
lan restu. Setengah benar 20
10
Benar seperempat
0
Tidak menjawab
3 Owahono dadi kromo alus : Polahe Dijawab dengan benar 40 40
anak, Bapak melu ngelakoni. Tiga perempat benar 30
Setengah benar 20
10
Benar seperempat
0
Tidak menjawab
Pedoman Penskoran :
NA = Jumlah Perolehan Skor maksimum
A. STANDAR KOMPETENSI
6. Membaca indah karya sastra jawa.
B. KOMPETENSI DASAR
7.1 Membaca puisi jawa dengan intonasi dan ekspresi yang baik.
C. INDIKATOR
7.1.1 Menjelaskan kata sulit dalam puisi.
7.1.2 Menafsirkan makna puisi.
7.1.3 Membaca puisi di depan kelas dengan intonasi dan ekspresi.
D. TUJUAN
1. Siswa dapat menjelaskan kata-kata sulit dalam puisi yang dibacanya.
2. Siswa dapat menjelaskan makna isi puisi yang dibacanya.
3. Siswa dapat membaca puisi di depan kelas dengan intonasi dan ekspresi.
E. KARAKTER
Mandiri, Peduli Sosial, Gemar membaca, Demokratis.
F. MATERI
1. Tuladha guritan
Pertemuan II
KEGIATAN WAKTU
1. Kegiatan awal
a. Apersepsi : guru dan siswa bertanya jawab tentang pembacaan puisi. 10 menit
b. Guru menjelaskan kegiatan yang akan dilakukan siswa.
2. Kegiatan inti
a. Siswa memperhatikan cara membaca geguritan dengan seksama. 60 menit
b. Siswa secara bergantian membaca geguritan di depan kelas dengan
intonasi dan ekspresi.
3. Kegiatan akhir
a. Guru menyimpulkan kegiatan pembelajaran. 10 menit
H. SUMBER
- Teks puisi
- Buku Mundhi Basa IX
I. PENILAIAN
Pertemuan I
Bentuk tes: tertulis
Soal :
Penilaian
Indikator Pencapaian
Teknik Bentuk
Kompetensi Instrumen
Penilaian Penilaian
- Menafsirkan makna Tes Uji petik - Critakna kanthi ringkes apa isine
puisi praktik/ kerja geguritan sing wis kok waca ?
kinerja
Aspek penilaian
No Aspek Penilaian Skor Nilai
1 Menceritakan isi puisi yang akan dibaca
a. Benar 3
b. Kurang benar 2
c. Tidak benar 1
Keterangan
NA = (Skor diperoleh : Skor Maksimal) x 100 =
Pertemuan II
Bentuk tes: praktik
Soal :
Penilaian
Indikator Pencapaian
Teknik Bentuk
Kompetensi Instrumen
Penilaian Penilaian
- Membaca puisi di depan Tes Uji petik - Geguritan sing wis kok critakna mau
kelas dengan intonasi praktik/ kerja wacanen ana ngarep kelas !
dan ekspresi kinerja
Aspek penilaian
No Aspek Penilaian Skor Nilai
1 Ekspresi membaca puisi
a. Bagus 3
b. Kurang bagus 2
c. Tidak bagus 1
2 Intonasi membaca Puisi
a. Bagus 3
b. Kurang bagus 2
c. Tidak bagus 1
Keterangan
NA = (Skor diperoleh : Skor Maksimal) x 100 =
A. STANDAR KOMPETENSI
7. Mengungkapkan perasaan, gagasan, dan informasi
serta pengalaman dalam prosa dan puisi.
B. KOMPETENSI DASAR
7.1 Menulis geguritan tentang pengalaman yang mengesankan.
C. INDIKATOR
7.1.1 Mendaftar ide yang akan dijadikan puisi.
7.1.2 Menyusun kerangka puisi.
7.1.3 Mengembangkan kerangka menjadi puisi utuh.
7.1.4 Menyunting puisi yang telah disusun.
7.1.5 Mengubah puisi menjadi bentuk paragraf.
D. TUJUAN
1. Siswa
dapat mendaftar ide yang akan dijadikan geguritan.
2. Siswa
dapat menyusun kerangka geguritan.
3. Siswa
dapatmengembangkan kerangka menjadi geguritan utuh.
4. Siswa
dapat menyunting geguritan yang telah disusun.
5. Siswa
dapat mengubah bentuk geguritan menjadi bentuk paragraf.
E. KARAKTER
Menanamkan sikap kretif dalam berkarya, mandiri, gemar menulis, komunikatif dan bertanggung
jawab.
F. MATERI
1. Teks Geguritan
Jojogan
Dening : Yunani
Aku lair ing padesan ora ngerti desaku
aku lair ing padesan ora tepung sawah-sawah lan kali biru
ah, panguripan ngoyak-oyak ing palagan
riwe tansah mili merga polusi
aku kangen ijomu padesan
aku kangen tentremmu jojogan
ing kana jarene ana grojogan
putri Nglirip legendha kang isih urip
jojogan
kapan-kapan aku dolan
Kawruh Basa
Tepung : kenal
Palagan : papan perang (papan Nyambut gawe)
Riwe : kringet
Jojogan : dalan mudhun (lumrahe ing dhaerah gunung)
Pangripta kuwi miyos ing Tuban. Nanging saiki ngrasakake urip ing Surabaya. Mula ing
geguritane, panjenengane nyritakake yen lagi kangen marang panguripan ing desa kang
ayem tentrem kanthi hawa kang seger. Ora kaya kang lagi dilakoni saiki, yaiku urip ing kutha
kang kebak polusi lan kaya-kaya tansah diburu kanggo nyukupi kabeh kabutuhan uripe.
2. Isi geguritan
Basa ing geguritan kuwi rinengga tembung-tembung kang asipat wadi, semu utawa
kudu katapsirake. Amarga geguritan maknane geguritan kuwi ora walaka kaya kang katulis.
Basane uga katata nganggo tata swara (persajakan), lan ukarane nganggo tata ukir
(pembaitan/tipografik)
Tuladha
Nalika Aku Dadi Lilin
(Panggurit : Widodo Basuki)
Nalika aku dadi lilin
Dakpangan getih dagingku
Kanggo ngobori kang padha andon laku
Matiku lila legawa, nadyan ora ana sing aweh prasapa
Sanajan geguritan ing dhuwur katone prasaja, nanging maknane jero banget. Mula
saka kuwi, kudu nggatekake tembung-tembunge, ukara-ukarane lan geguritan kuwi kanthi
wutuh.
Ing geguritan dhuwur mau penggurit mbayangke dheweke dadi lilin sing kudu aweh
pepadhang sapa wae kang mbutuhake, sanajan kudu ngobong awake dhewe lan ora ana sing
menehi bebana, pangalem utawa pakurmatan.
Dadi maknane geguritan anggitane Widodo Basuki mau yaiku : Yen arep tetulung
marang wong liya kudu lila lan legawa, senajan kudu ngorbanake awake dhewe lan ora
nampa piwales saka kang ditulungi.
3. Ciri-ciri geguritan
Geguritan uga lumrah diarani puisi Jawa Gagrak Anyar utawa Puisi bebas. Mula saka
kuwi geguritan ora kaiket ing guru gatra, guru lagu lan guru wilangan kaya dene tembang
macapat. Geguritan uga ora kaiket aturan-aturan kaya ing puisi-puisi Jawa tradisional liyane.
Tuladha
Dadia Tirakatmu Anakku
Dadia tirakatmu anakku
yen dina iki ora ana upa
kowe padha ora mangan sega
kejaba gegelan tela
tamba ngelih panyuwaraning atimu
Dadia tirakatmu anakku
sawengi ngrungu udan kumricih
padha ndhekep weteng ngelih
kemul amoh gombalane biyungmu
ing gubug trocoh gubuge bapakmu
Kliwat saking tetesing kringete
sengkude bapakmu ngusungi bata
nggarap gedhong-gedhong ana kutha
nembok gedhong susun sundhul angkasa
wis kliwat saking olehe ngaya bapakmu
olehe mbangun negara
olehe labuh dadi luluhing bangsa
ngranggeh tukoning tela
Dadia tirakatmu ya anak-anakku
dadia pambukane nalarmu
dadia marganing kamulyanmu mbesuk
cingkrang lan kasangsarane
wong tuwamu kang tumpuk-tumpuk
Kawruh Basa
tirakat : prihatin sengkud : sregep
labuh : bekti nalar : pikir
marga : dalan cingkrang : kurang
sangsara : susah
G. PEMBELAJARAN
Metode : ceramah, tanya jawab, penugasan, demostrasi.
Langkah-Langkah:
Pertemuan I
NO KEGIATAN WAKTU
1. Kegiatan awal
H. Mengenalkan siswa tentang puisi dalam kesusasteraan Jawa. 10 menit
I. Mengkondisikan siswa untuk mempelajari geguritan.
2. Kegiatan inti
Menjelaskan kata-kata sulit. 60 menit
Menganalisis isi geguritan.
Menganalisis bentuk geguritan.
Membuat geguritan.
3. Kegiatan akhir
Memperbaiki geguritan berdasarkan masukan dari guru. 10 menit
Pertemuan II
NO KEGIATAN WAKTU
1. Kegiatan awal
Apersepsi. 10 menit
Mengkondisikan siswa untuk memulai kegiatan pembelajaran.
2. Kegiatan inti
Membaca geguritan. 60 menit
Nggancarake geguritan.
3. Kegiatan akhir
Menyimpulkan hasil kegiatan pembelajaran. 10 menit
H. SUMBER
1. Buku Teks
2. Mundhi Basa
3. Buku kumpulan geguritan
4. Buku pendukung
5. Bausastra
I. PENILAIAN
1. Teknik : Praktek
2. Bentuk : Demonstrasi
3. Soal/Instrumen :
Pertemuan I
Amung sawelat
ambaning ilat
Prandene wasis murba misesa
gawe begja cilakaning angga
Ajwa kendhat
ngreksa ilat
Pertemuan II
Rubrik Penilaian
ASPEK PENILAIAN
NO NAMA Lagu Intonasi Ekspresi JUMLAH
SKOR
S U Y O N O , S Pd RUSWONO YULIANTO, S Pd
NIP. 19611231 1983 03 1 140 NIP. 19620726 199903 1 002
RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN
(RPP 11)
A. STANDAR KOMPETENSI
8. Mengungkapkan perasaan, gagasan, dan
informasi, serta pengalaman dalam prosa dan puisi.
B. KOMPETENSI DASAR
8.1 Menulis berita
C. INDIKATOR
8.1.1 Membedakan penggunaan frase dan kalimat dalam menyusun berita.
8.1.2 Menggunakan ukara lamba dan ukara camboran dalam menyusun berita.
8.1.3 Membuat kerangka berita.
8.1.4 Mengembangkan kerangka berita menjadi berita utuh.
D. TUJUAN
1. Siswa dapat membedakan penggunaan frase dan kalimat dalam menyusun berita.
2. Siswa dapat menggunakan ukara lamba dan ukara camboran dalam menyusun berita.
3. Siswa dapat membuat kerangka berita.
4. Siswa dapat mengembangkan kerangka berita menjadi berita utuh.
E. KARAKTER
Senang membaca, peduli sosial, bersahabat / komunikatif, mandiri, disiplin, dan demokratis.
F. MATERI
1. Ukara lamba
Ukara lamba adalah ukara kang dumadi saka jejer siji dan wasesa siji
Tuladha:
Bebek e // nglangi
Simbah // gerah //waja
2. Ukara camboran
Ukara lamba loro utawa luwih kang kagandheng dadi siji. Lumrahe mingunakake tandha
wacan koma ( , ) lan utawa migunakake tembung panggandheng.
Ukara camboran ana loro yaiku, ukara camboran sejajar lan ukara camboran susun. Diarani
ukara camboran sejajar amarga ukara ukara kang kagandheng nduweni kalungguhan kang
sajajar. Dene tembung pagandheng kang digunaake, kayata: lan, tur, serta, utawa, banjur,
malah, nanging, mung wae, suwalike, semono uga, saliyane, kamangka, mangka, terus lan
nuli.
Tuladha:
Ukara ka 1 : Bapak maos Koran.
Ukara ka - 2 : Ibu nyulam.
Ukara camborane : Bapak maos Koran, dene ibu nyulam.
Ukara camboran susun amarga ukara ukara kang kagandheng nduweni kalungguhan kang
beda. Ana ukara kang dadi bakuning ukara ( induk kalimat ) lan liyane minangka pang ( anak
kalimat ) amarga sipate mung njangkepi katrangan saka ukara bakune. Dene tembung kang
pagadheng kagunakake, kayata: menawa, awit, supaya, tinimbang nalika, amarga, bareng
jalaran, marang, sanajan,karo, kanthi, jare, lan sebab.
Tuladha:
Ukara ka 1 : Budi ora gelem sinau
Ukara ka - 2 : Bijine budhi akeh sing ala.
Ukara camborane : Budi ora gelem sinau, mulane bijine akeh sing ala
G. PEMBELAJARAN
Pendekatan : Kooperatif
Metode / teknik : Simulasi ( dolanan kertu ukara )
Pamulangan ini nggunakake pendekatan kooperatif, yaiku siswa sinau bareng kanthi nggatekake
katrangane guru. Proses pasinaon lumaku kanthi ayem tentrem mung siswa nyebar golek
pasangan nggoleki tembung kang cocog.
No Kegiatan wektu
1. Kegiatan pembuka
Apersepsi guru lan para siswa takon pitakonan bab nulis 5 menit
warta, banjur latihan nggawe teks warta.
2. Kegiatan inti
Guru ngenalake kartu sing isine tembung kang disusun dadi 60 menit
Ukara. Banjur nerangake kagunan lan jalarane pembelajaran.
Diterusake merang kelompok kerjane sing anggotane dumadi
saka 5 nganti 6 siswa. Guru ana ing tengah kelas nggawa
kertu sing wis diacak banjur ndhawuhi siswane njupuk kertu
siji. Siswa nggoleki pasangane sing cocog, yen ketemu
banjur didhiskusekake marang anggota kelompoe dhewe-
dhewe.
a. Diskusi kelompok
Guru dadi fasilitator mubeng ndeleng kerjane kelompok
siswa. Siswa sing pinter marahi sing ora pinter padha
dene asah lan asuh
b. Simulasi kelas.
Rong kelompok banjur maju ana ing ngarep kelas
kanggo simulasi, nanging garapane digarap bareng.
Saben kelompok nggoleki kebenaran dan pengakuan.
3 Kegiatan akhir
Guru nyimpulake materi kang wis disinau kanthi klasikal. 15 menit
Diterusake kanthi maringi post tes.
H. SUMBER
Buku Mundhi Basa halaman 30 31
Buku guritan
I. PENILAIAN
Wujud kerja dalam bentuk individu dan pengamatan kelompok
Pedoman penskoran
NA = (Skor diperoleh : Skor Maksimal) x 100 =