Anda di halaman 1dari 228

======= www.alangalangkumitir.wordpress.

com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

SEJARAH TAPEL ADAM


۩۩۩ Pupuh 01 ۩۩۩
DHANDHANGGULA

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
1. Giyuh hing tyas dennya mrih manising, wasita [1] leng-lenge kang
kahungan, tang tumunggu pangikete, pan saking karsanipun, Kanjeng
Pangran Harya Mantawis, terang hingkang timbalan Kanjeng kang
Sibuhun Susuhunan Pakubuwana, Senapati Ngalaga Ngabdurrahman,
Sayit Panatagama.
2. Ingkang kaping saptarsa ngwasani, babaddira nagri tanah Jawa,
winangung hing sajarahe, haluraning laluwur, hingkang luhur linuri-luri,
linalat salirrira, laluwur kang luhur, haluran kang saking Jawi, jinarwakker
sadaya.
3. Wijang-wijangira kara para ji, miwah para Nabi Sadayannya, hawit duk
tapel hadamme, tinurut hurutipun, saputrane Kanjeng Nabi Sis, kang
marang panengennya, myang pangiwanipun, pinurwa duk purwanira, para
ratu sadaya hing tanah Jawi, wawinih saking dewa.
4. Trahing Nabi campur trahing ngejim, mangkya winaone sajarahira,
mugyantuka sapangate, mawantuwa ring wahyu, yuwanane dennya
ngayumi, ring wadya sadayanya, sinunga rahayu, haywana sangsayanira,
yuwanane tumerah hatrusa wuri, manggiha suka harja.
5. Myang harjane wadya sanagari, Surakarta hing karatonira, luhura lir
laluwure, kang sami sinung luhur, hing Hyang luhur luhuring nguni, kedep
hing ngrat kadeppan, rat Jawa sumuyud, rerep ri pusa hanannya,
salaganing bumi pada lulut hasih, pilih tan ngastu pada.
6. Kang piniji maharjeng gitadi, raden hangabehi [2] Sibdusasatra, kaliwone
raja Niten, mangun langening tembung, myang nging tembang titaning
dongding, sedeng hingkang kinondang, hamedar kondagung, kaliwoning
Kadipatyan, nenggih Raden Ranggawarsita ngabehi, trahing pujangga
praja.
7. Taruna wus wignya sakaliring, kapujanggan miwah kasujanan, halim kiwa
panengene, kitab gung ngagung putus, myang nging basa kawi winasis,
muhtamak pabettira, hing carita kasus sagung para bijaksana, Surakarta
kang ahli carita sami, tuwin para pujangga.
8. Miwah para ngulama kang sami, halim kitab raseh saking para, Musannib
Arab hanggite, ngajawa katampan wus, mring Susuhunan Giri mredenni,
winulangken sakabat, myang warga tinuntun, Jeng Sunan Giri widagdya,
basa Arab myang basa Kawi winasisi, winarna basa Jawa.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 1


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

9. Hamrih dangan kang sami miyarsi, marma sinawungan lawan tembang,


nira siku sasingkelle, rehning darmi tinuduh, dening Gusti pinardyeng budi,
muda punggung pinninda, pujanggeng prajagung, dahad gung ring kang
Pamudya, ring Hyang Ngagung kaping genging puji, marang Sang
Nayakengrat.
10. Hiya Kanjeng Nabi kang sinelir, Muhammaddinnil mustapa lawan, para
sakabate kabeh, ping tri pamujinipun, marang sagunging para Nabi, ping
pat pamuji marang, para ratu-ratu, ping lima pamujinira, marang sagung
para Wali para Mukmin, tuwin para Pandita.
11. Sadayane hingkang kecap sami, jroning serat sa-[3]jarah punika, mugi
genga haksamane, myang paringa panjurung, ring panganggit wenganing
budi, pamedaring tyas muda, pambukanning punggung, pangapusireng
pustaka, pinadangna dening Hyang denira hamrih, runtutute kang carita.
12. Para Pujangga hing nguni-huni, dennya sami hamarma carita, tanah Jawa
sejarahe, Ki Hageng hing Matarum, sempalane datan winnilis, pangiwa-
panengennya, pangetan winuwus, hamung bakune binuka, panning
mangkya karsanya Sri Narapati, winedar sadayanya.
13. Pinurwa ring pannitra nujwari, somamanis tanggal ping nembelas,
Dulkangidah Dal tahune, sancaya windunipun, siyang wanci hing pukul
kalih, mangsa surya kasapta, sangattipun Yusub, wuku telu kang
lumampah, Brama wugu Sri tumurun nuju dadi, mangsa wuku kalima.
14. Sinenkelan yenning tahun sasi, gunung hobah hing pitun nagara, lamun
hing tahun srengenge, sangkalannya penettung, patang rupa Panditeng
nagri, hijrah jeng Nabi duta, hing tahun sitangsu, Pandawa lilima
manembah, hing jeng Nabi tahun surya pitung bumi, nembah hing
nayakengrat.
15. Sangkalaning jagad hetang hawit, Nabi Adam tumurun mring dunya, Lan
Babu Kawa toyane, samodra warna pitu, hiku lamun hing tahun sasi,
lamuning tahun surya, sangkalanira wus, sirna guna trussing rasa,
kunneng kitab Bahrul Butun kang winarni, rinacul lapallira.
16. Myang maknane sampun den muraddi, kusus lawan [4] Ijemmak kiyasira,
trussing dalil lan kadisse, duk masih awang-uwung, myang ngilmunning
maksih ginaib, ran Allah durung ngana, miwah ranning rasul, halamipun
Akadiyat, nulya kitab Bahrun Ngalam hingkang muni, halamipun Wahdat.
17. Maksih rancanganing gaib, nuli Bahrul layud-layud ranning kitab,
Waakidiyat halamane, ya misih gaib iku, Arwah halammira winnarni, ran
Allah lan Muhamat, katelune rasul, laku tri Insan Kamil, sapta wajib
kababar.
18. Sadurunge gumelar bumi langit, maksih wang wung Akadiyat kocap,
ghaibing ghaib tegese, yaila iyanajul, dadi dhingin kang sajaratil, muntaha

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 2


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

nuli hana, kang haran cahya nur, Gusti Allah hangandika, marang hing nur
heh nur sujudda hing kami, nur sujud kaping lima.
19. Mring Pangeran hingkang Maha Suci, marma wonten limang wektu solat,
wit saking henur sujudde, kang smi sedya ngrungu, mituhuwa hyaiing dalil,
kang maca jinabdda, haja gumantung junut, kang henur dadi kamulyan,
nur malumah kukuse mandhuwur sami, dadi langit kasapta.
20. Saisine hing nginggil pra sami. Haran kursi miwah dhindhing jalal, lukkil
mahpul satulise, kukus dadi gni sumyur, kamulane Malaekat sami, miwah
[5] jan lanhitnujan, lan widada rya gung, surya lintang lan rembulan, lan
sadaya isine nginggil prasami, saking nur lumahira.
21. Kaebing nur jroning kitab muni, Barul Lahud he nur kurebira, dadi bumi
kapitue, lawan saisinipun, hingkang wonten sajroning bumi, jro kali jro
samodra, jroning rong jro watu, miwah kang nyangga pratala, sadayane
saking kurebing nur sami, gya nur miring sujudnya.
22. Marma dadi bumu handhap hinggil, legak-legok papereng jajurang, saking
hing nur pamirenge, hanuli henur lungguh, dadi kamulane kang hardi,
saking nur lungguhira, mdal krengetipun, dadya kamulane toya umbul
sumber kali pancuran jaladri, kringeting nur asalnya.
23. Reregeting henur hingkang mijil, dadi kamulane isining rat, jro bumi dharat
toyane, kekedhepe hingkang nur, kamulane gurnita sami, caleret thathit
kilat, lalidhah galudhug, hangsal saking nur kedhepnya, misih gaib hangsal
karsaning Hyang Widhi wahdat lan wakadiyat.
24. Hantaraning pitung leksa warsi, Gusti Allah pan [6] harsa hanglirna, halam
Arwah pannabanne, ngandika Kun Payakun, gimelar kang bumi langit, lan
saisine pisan, kang pepak Asnapun, bumi langit gya gumelar, lapal Kuran
Sitikatyi yayamin, semastana ngaras.
25. Kursi maknanipun pan dadining, langit kasapta saisenira, kalawan pitung
bumine, hiya saisinipun, hing dalem nem dinna mepaki lalampahan, sewu
warsa sawiji-wijining langit, denning lalongkangira.
26. Hing sawiji-wiji kang langit, nglimang ngatus tahun hibrerira, hing peksi
tanpa hareren, dhindhing jalal punika, tegesipun halam Swargadi, hapan
petak-petakan, lir tala tawon gung satunggal-tunggaling swarga, wiyaripun
tanpa wangenan sayekti, widadari kang tengga.
27. Warna sakawan kang widadari, putih ireng kuning lawan abang, kang putih
semu jenarre, lan hireng abang tungtung, hingkang hireng tungtunge abrit,
semu pethak lan jenar, hingkang abang tungtung, kuning tungtung
tungtung pethak, sorot hireng sadaya sulake wilis, kang widadari jenar.
28. Sorot hireng abang tungtung putih, tejanya muyek hingkang pasariran,
rebut gon sungsun sorotte, hujwalanira banung, sasolahe hangresapeni,
haruruh rurus wijang, tan kena winuwus, hendah hendahe kang warna,
pan sadaya kakuwunge hanelahi, saben swatga satunggal.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 3


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

29. Hingkang tengga ten kena winilis, widadarine [7] kathen wendran,
sadayeku hing badhene, nenggih gadhanganipun, jalma hingkang sami
hantuk sih, hing Hyang manjing sawarga, ginanjar sadarum, hing sapetak
petakira, warna-warna kaswargan sawiji-wiji, hana rupa mutyara.
30. Rikittanne pan mutyara sami, kembang-kembang pethettanning taman,
hawarna mutyara kabeh, hapraba ting palancur, kang kasawarganipun
sawiji, sami hinten sadaya, pepethettannipun, godhong woh sekar
pradapa, pang wit hinten sararenggannira sami , sara wedinne kodrat.
31. Ngebarliyan ngujwala nelahi, hing sawarga jumerud mangkana, pra sami
jumerud kabeh, pethetan kembangipun, kumala mas luru, suwasa miwah
salaka, sakalire kadya kang wus kocap nguni, namane ya warnanannya.
32. Marma hujwalannira nelahi, ting pancorot mancur ting palancur, tan nana
siyang dalune, halam sawarga punika, tetep halambang kang nglanggengi,
tan kenna winarnaha, pasang rakitipun, satunggal tunggaling swarga,
kodrating Hynag pan sarwa ngebat tebatti, pepucakking sawarga.
33. Lapal laila hailalahi, lan lapal mukamad rasullulah, kang haran [8] ngisor
swargane, kang haran lohkilmahpul, maknanipun lapal kakalih, loh punika
pan kalam, mahpul papanipun, kang kalam nurat piyambak, haneng papan
nora lawan den cekelli, tan wonten kendellira.
34. Kuwasane Hyang kang Maha Suci, lepas saking watara duduga, tinggal
prayoga majadde, kalangkung helokkipun, pangandika sapisan dadi, Kun
Payakun samana, sajege tumanduk, tanpa wali wali Allah, sipat baka
tanpa obah tanpa gingsir, hingkang kayu sajarah.
35. Til muntaha hageng hang nguwit, pitung jagad gagodhongannira, pan
monca warna rupane, kunning bang hireng biru, kapuranto dadu lan wilis,
wungu kalawan seta, sami mawi kuwung, rebut sorot ting galebyar, ting
pancorot haciri tulisan sami,haranne kang manungsa.
36. Lamun godhong alum salah siji, pasthi lamun manungsa lara, yen godhong
aking huwonge, wus tuwa repot ciklu, lamun godhong rentah saking wit,
tinadhahan malekat, gya tumurun malekat ngambil nyawaning, jalma kang
mungal surat.
37. Yen wus kababar halamming jalmi. Lohkil mahpul [9] dadi panengeran,
manungsa dawa cendhake, lamun godhong nom runtuh, pupus miwah
tengah kang pethil, rentah saking wittira, hana pethil sepuh, hobahe kang
gagodhongan, lir gamellan hunine pating carengkling, hiramanira raras.
38. Hanyumrahi sarira kapyarsi, ngegarakenning tyas hungallira, jajalangan
gendhingngane, sangandhping wreksagung, kang rumeksa malekat sami,
yutan baran hawendran, tan kenna hingetung, saking kathahing malekat,
karyanipun pinatah sawiji-wiji, sapangkat pangakattira.
39. Kang kinarya hutusan Hyang Widdhi, pan sakawan malekat Mukarab,
Janarail, Mingkaille, Ngisrapil, Ngijraillu, denning kannang sakawan sami,

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 4


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

Ijajil gangsallira, hapan kinaryagung, hangreh malekat sadaya, kang


minangka kalipahira Hyang Widdhi, dadya ratuning suwarga.
40. Denne hingkang pitung lapis bumi, jembarripun lawan langit samya, pan
kinarya kebarrane, hing ngandhap lan ning luhur, miwah lapis-lapissing
bumi, lan langit tan prabeda, hing sap-sapannipun, sinengga denning
Malekat, warni Naga hing Mesrik tekeng Mahribbi, sirah buntutting Naga.
41. Lantan mindhuwur hing pitung langit, buntut ma-[10]lengkung gathuk lan
sirah, hamangan buntutte dhewe, wengkuning bumi pitu, hiya warna Naga
nglekeri, buntut gathuk lan sirah, hiya buntuttipun, kang minangsa
salaminnya, takdirring Hyang nora lara hangreh matti, hingkang Naga
sinongga.
42. Denning lembu gumarang sawiji, sungu sewu kupenge kang singat,
maksrik tekeng mahribbinne, lembu sinonggong watu, kumalasa hageng
nglangkungi, wiyare pitung jagad, denning selannipun, hapan sinongga
hing minna, hulam henun singga dening jaladri, hamongsa sami hulam.
43. Minna littatalit prapta pribadi, takdiring Hyang tannana kendhatnya, dene
saluhur bumine, cinatur hisennipun, kang dumadi sawiji-wiji, redi lebak
jurang, sami medal banyu, sendhang kali lan pancuran, hasri tinon
pasangan surya lan sasi, lintang habra hing tawang.
44. Kuwung malengkung punggirring langit, sirah manjangan ngobe sagara,
kilat thathit lan caleret, glar sato kewanipun, wana wukir jurang ringring,
warnane beda-beda, miwah jroning banyu, hisine pan warna-warna, hising
rong jro bumi datanpa wilis, warnane beda-beda.
45. Wus mangkana Hyang Maha Suci, nitaheken kang peksi satunggal, geng
luhur hijo warnane, gilapnya kang lar mancur, pakanane wus den cawisi,
tumuwuhan ngalam dunya, pira-pira thukul, lir wiji sawi warnanya, satelase
thuthukulan den thotholi, kang peksi nuli ejah.
46. Nulya Allah ngandikeng Ngijrail, kinen manjing [11] sajroning mutyara,
sawiji sami gedhene, Ngijrail haturipun, lebet hamba saking ing pundi, tan
wontenten marganira, kang kumala buntu, lan hinggih mongsa dedhenga,
kang kumala namung sawijining sawi, lamun hamba beber lar.
47. Saking Masrik meh tekeng Mahribi, punika mba dereng tiwikrama, maksih
warni malekat, ngalam dunya meh jujul, lamun tiwikrama sayekti, hing
ngalam dunya sesak, hing pundi pukulun, marmamba saged manjinga,
hing sosotya Allah hangandika haris, hora teka manjinga.
48. hajrih mopo Ngijrail gya manjing hing sasotya langkung wiyarira, sigra
hambeber elare, miber kalangan nglangut, nora montra gepok hing pinggir,
dedel meksa tan montra, gepoka hing luhur, Ngijroil sayah hibernya, nulya
kendel sujud tobat hing Hyang Widdhi, nuwun hapurasmara.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 5


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 02 ۩۩۩


ASMARADANA

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
1. Hyang Suksma ngandika aris, heh Ngijrail awasna, ngarsanira apa katon,
Ngijrail sigra humiyat, wonten peksi satunggal, warnanya ijem kalangkung,
hujwalanira sumunar.
2. Tungtung abang sorot kuning, tungtung biru so-[12]rot pethak, muncar
ngunguwung prabane, gilaping larnya tumeja, Sang Hyang Suksma
ngandika, Ngijrail den enggal mangsuk, marang guwa garba.
3. Hiya ingkang manuk wilis, Ngijrail saksama, hing sajroning paksi hijo,
hanglangkungi wiyarira, hupami bebera lar, mibera den kadi wau, gepok
pinggire tan bisa.
4. Hosiking tyasnya Ngijrail, Gusti Rabilngalaminna, luwih saking kuwasane,
tan kena kinaya ngapa, marang hingkang kawula, lan iki hana wismagung,
haneng jroning guwa garba.
5. Warnane kaliwat wilis, Ngijrail harsa parekka, larutsadaya bayune, kang
Maha Suci ngandika, Ngijrail malebuwa, jroning wisma hijo iku, Ngijroil
matur nglenggana.
6. Hamba tan seged mrepeki, lesu lupa tanpa krekat, tadhah dadaku
maklukke, Allah Tangala ngandika, hiya Ingsun tarima, Ngijrail haturireki,
dhadhasar mangkono uga.
7. Miyarsa swara Ngijrail, dumateng kalingan hira, neng sajroning wisma hijo,
humatur swara punapa, Gusti kang kapiyarsa, ngandika kang Maha Luhur,
heh Ngijrail wruhanira.
8. Yeku swaraning Sankamil, Ngijrail lon turira, [13] wonten pundi
panggenanne, kang Maha Suci ngandika, tan ing jro tan ing jaba, nora
ngisor nora dhuwur, hadohe tan wangenan.
9. Luwih parek lan sireki, ananging nora gepokan, Ngijrail halon hature,
saderengipun gemelar, bumi langit kasapta, wonten ing pundi genipun,
kang Maha Suci ngandika.
10. Lah hiya hiku Ngijrail, bablase Inwaakada, bakda soinlasonene,
sadurungira ginelar, tan kena ingaranan, hiya yen sawiji iku, gemlare bumi
akasa.
11. Tan kena ingaranan kalih, kang nurat ngusuli sabda, kados pundi
terbukane, lapal kakalih punika, sami dipun galiha, duk maksihe awang
uwung, Sankamil panggenanira.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 6


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

12. Hantaranira Ngijrail, dennya lumebu sasotya, pan sewu warsa lamine,
mangkana kang murbeng jagad, hangresakken anitah, neng dunya jin
naminipun, kinarya sisining jagad.
13. Neng alam dunya alami, salaki rabi satata, branahan anak putune, ejan
kang minangka raja, tamejut kadi jalma, maksih sami badan alus, awit
angsal dadining brama.
14. Lakune duraka sami, datan mukir ring Pangeran, lali mring hingkang
nitahake, lamine antaranira, jan dadi ratu dunya, apan pitung keksa tahun,
mumah mumuh ambeganira.
15. Dadi kadukaning widdhi, jan sira sinamber gelap, [14] anak putu
kadhatone, Hyang Sukma nuli hakarsa, nitahaken banujan, neng dunya
kinatya ratu, sami angsal saking brama.
16. Bala pirang-pirang kathi, slaki rabi satata, branahan anak putune, maksih
badan alus samya, banujan dadi raja, puwa-puwa hambegipun, namak
mumah aneng dunya.
17. Lakune duraka sami, bajunan sanak putunya, lali marang Pangeran,
lamine antaranira, dadi ratu neng dunya, hapan wolung leksa tahun,
hanulya tampa duduka.
18. Sanak putune sirnanting, banujan kinelem toya, yata hingkang winiraos,
kang kinarsakken dening Hyang, Sang Ijajil Malekat, dadi ratuning swarga
gung, langkung mukti hawibawa.
19. Duka samana sang Ngijrail, wus dilalah tyasirarsa, huninga ngisor langite,
tan antara gya tumedhak, ginrebeg pra Malekat, pitung kathi kang tut
pungkur, prapta sor langit kapisan.
20. Hangabekti sewu warsi, Ijajil marang Pangeran, tangine saking sujude,
saha bala gya tumedhak, mring langit ping kalihnya, sapraptane lajeng
sujud, Ijajil marang Pangeran.
21. Hing sawuse sewu warsi, saha bala gya tumedhak, [15] pan cinaturaken
bae, saben langit pan mangkana, Ijajil udhunira, jangkep pitung lapisipun,
hiya pitung ewu warsa.
22. Wus prapteng dunya Ngijajil, langkung denira kacaryan, lali karaton
swargane, mider hangideri jagad, Ijajil takdiring Hyang, karasan minggah
gunung, jinang kali myang sagara.
23. Glar sato kewan marpeki, miwah isining samodra, akeh warnane
katongtong, kali sumber myang bagawan, sendhang miwah pancuran,
suruping surya handulu, kemyare wulan lanlintang.
24. Pating karethap neng langit, abra sajagad kawratan, Ijajil karem ing tyas,
neng dungya ngideri jagad, masrik mahrib jinajah, hingiring malekat gung,
pitung kathi datan pisah.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 7


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

25. Pra malekat matur sami, sadaya ngajak wangsula, kundur minggah
sawargane, dennya wus lami neng dunya, bikmanawi paduka, manggih
dukaning Hyang Ngagung, Ijajil alon sahurnya.
26. Hiya sun tarima sami, malekat kabeh turira, sru marma ing jeneng ingong,
hanana kang walang diya, mungguh dukaning Suksma, hing tyasingsun
durung tutug, miyat lalengening dunya.
27. Deningta gen ingsun bali, mulih marang nging [16] sawarga, lamun wus
padha lawase, lan endhuningsun mring dunya, saking langit kasapta, hiya
pitung ewu tahun, ngabekti marang Pangeran.
28. Malekat kendel samyajrih, nyerang atur mring ratunya, dadi anut
sakarsane, iku caritaning kitab, Bahrul butun kalawan, Bahrul ngalam
nahrul lahud, hananing jan lan banujan.
29. Lawan malekat Ngijajil, anannya kinarya wijang, tinithahken dewe-dewe,
wonten kaol kang satengah, mungal sajroning kitab, nenggih salsilatul
guyub, min ansabil jinatiwas.
30. Sayasin tegesereki, sajarahing jin lan setan, kang bangsa siluman kabeh,
nalika jeng Rasulullah, siniwi aneng kakbah, hing para sakabet agung,
nimbali ratuning setan.
31. Kalawan ratuning Ngejin, nama Prabu Tamimasar, ratune setan namane,
nenggih sang raja Saraban, dinangu kalihira, ananing jin purwanipun,
kalawan ananing setan.
32. Nembah sujud ratuning jin, miwah ratuning kang setan, Saraban
Tamimasane, ngaturken sajarahira, sageng bangsa siluman, ananing jin
purwanipun, miwah ananing kang setan.
33. Hingkang tinitah rumiyin, Marijan lawan Marijah, [17] dereng sipat, dereng
sipat jin kalihe, sajodo warni bun upas, sami kadadosannya, hulate kang
latu samun, hapan upasing dahana.
34. Hinggih sami mijil saking, cahya Nur kamulanira, kang Maha Suci karsane,
kinarya isining jagad, Maeijo susutan Jan, hajan punika sasunu, hejan
paparab Banujan.
35. Punika kawit sipat jin, Banujan yoga tetiga, Ijajil kang sepuh dhewe,
kinarya ratuning Swarga, sasampuning kadukan, hakathah jajulukipun,
Ajumarah sayatina.
36. Paparab malekat Karis, hajajuluk Iblis laknat, hanurunken setan kabeh,
sutaning banujan hingkang, panengah namanira, Ngajalijin turunipun, kang
wuragil sutanira.
37. Hapaparab Handajali, nurunken dewa lan ditya, kathah asalah kadaden,
handajali turunira, wahuta kang winarna, Ijajil sutanipun, pinucung sang
kathahnya.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 8


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 03 ۩۩۩


PUCUNG

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
1. Hingkang sepuh sutane nama yalabur, Pasin panggulunya, nulya Akwari
nireki, apan nuli lakaos nulestri marah.
2. Nuli sahet nuli dasim srinipun, hanuli welahan, sadaya suteng Ngijajil,
sanga pisan pan dadi ratuning setan.
3. Tan winuwus kang wawolu turunipun, namung tu-[18]runira, Jalabur
hingkang winarni, saurute praptaning raja Saraban.
4. Pan sakawan nenggih sutaning jalabur, kang sepuh hanama, dajal
paparabireki, Dajal lannat hamargantuk lannattulah.
5. Kinunjara haneng langit ping catur, wit badhe mamongsa, nglebur
saisining bumi, linuwaran benjang yen dina kiyamat.
6. Haprang lawan Nabi Ngisa mengsahipun, Mukamat ngapiyah, Humarmaya
Nabi Kilir pejahipun Dajal saking Nabi Ngisa.
7. Rining Dajallannat Dajil naminipun, Senut arinira, nama Nun hingkang
wuragil, Dajil wau nama Dulilsutanira.
8. Nuli dubil nuli dit blas sutanipun, hasusuta Lallal, ingkang gadha jeng Nabi
Dris, cinolok dom netranira hingkang kiwa.
9. Dalah mangke picak siji netranipun, Lallah asasuta, suta satunggil hanama
Lalim, hasasuta Jalarat susuta Buldet.
10. Hingkang katul minggah ing palwa Nabi Nuh, Buldat hasasuta, Sarhas nuli
hasasiwi, Mihsat suta Hamarah suta Hawiyan.
11. Hasasuta nama Langin hasasunu, Biktab suta Distar Distar, sauta Balal
sasiwi, Hambal suta Kibrat nuli sutanira.
12. Nama Iprid kang ngrencana Nabi Ayub, kala ka-[19]sengsara, Iprid punika
sasiwi, nama Ngiprus hasuta Karisiyan.
13. Hasasuta nama Swino hasasunu, Dipil hasasuta, Milasar suta Asijasin,
nuli hasasuta nama Karis sarah.
14. Karissarah wahu puputra Ngastarus, sasuta Buldyat, Buldyat wahu sasiwi,
Dulya larat susuta nama Duwanar.
15. Hasasuta Buwanarjas hasasunu, Salahat sasuta, nama Bangan hasasiwi,
nama Bangal jebul hasasuta Yayal.
16. Hasasuta Jahil hasasuta Sarbun, suta Sarbudanar, suta Mungajal sasiwi,
Maksum suta Malrat suta Mallarabad.
17. Hasasuta raja Sarabad puniku, turun kawandasa, tatiga saking Ngijajil,
sutanipun sanga kathah pencarira.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 9


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

18. Lawan turun Handajali hapancarut, sami lap ingalap, miwah turuning
Ngajali, hapan dadi isen-isen ngalam dunya.
19. Hingkang nurunaken jim Ngajali wau, Ngajali sasuta, nama Ngaljus
hasasiwi, nama Ngajrak kayanganira karanan.
20. Hing Ngajurak sasuta Damras ranipun, hasasuta haswat, sasuta Amman
sasiwi, ran Maheran punika pan kawit Islam.
21. Hanut marang agamanira Nabi Nuh, Maheran sasu-[20]ta, Sabah
hasasuta Sahlil, hasasuta Sajab Katlabat.
22. Hawit kapir hamargi kawon perangipun, lan ratuning setan, nama Wujan
trah Ngijajil, sutaning Katlabat ngatis namanira.
23. Hasasuta Kadngan hanuli sasunu, Latbiyan sasuta, nama Sarsar hasasiwi,
nama Aswas hasasuta nama Dadjah.
24. Hasasuta Hajali namanireku, kang sareng sadina lahire lan Kanjeng Nabi,
Yusub lajeng dados pawong mitranira.
25. Kawit Islam malih Gajali milyanut, hing ngagamanira, sarengat Nabi
Ibrahim, jin Gajali sasuta nama Alidat.
26. Hasasuta Janabar kawon prangipun, lan ratuning setan, raja Iprid trah
Ngijajil, kapir malih Janabar manut ingsetan.
27. Hasasuta Salmun hanuli sasunu, Salmusil namanya, sasuta nama
Aswasil, hasasuta Karmus suta Salmunasar.
28. Hasasuta Sarngam sasuta Jabarjus, kapir lajeng Islam, teluk marang
Kanjeng Nabi, Sulaeman wus sare sarengat jeng nabi Musa.
29. Raja Barjus pan kinarya ratunipun, jim setan sadaya, dening jeng Suleman
nabi, suteng Barjus Asngasar sasuta Bastam.
30. Nuli hasasuta Kasras hasasunu, hejin tir sasuta, nama Inrus hasasiwi,
nama Kanam kapir malih kawon aprang.
31. Lan ratuning setan nama Bangaljetul, kanam ha-[21]nama Bal, Kanam
sasuta Sarkasi, hasasuta Girkasi suta Kabiras.
32. Hasasuta Giraji nuli sasunu, hanama Dam riyat, lajeng Islam manut
maring, agamane jeng Nabi Ngisa reh kulah.
33. Jin Damriyat wau hasasuta Memum, memum hasasuta, nama Mursad
hasasiwi, hanama jin Sangkan sasuta Marikan.
34. Hasasuta Karissatir namanipun, kakalih sutanya kang sepuh namanireki,
hejin Kalbal kang anem jim Kaskani jan.
35. Hasasuta Aswasil nuli sasunu, Sanasil apatya, jim Kalbat wau sasiwi,
Dawisatir hasasuta Tiyruyasar.
36. Tiyruyasar punik nuli sasunu, Prabu Tamimasar, hapeputra Rodosatir,
hapan seket turunan saking Marijan.
37. Kang wus kecap sadaya wau jim ratu, lan ratuning setan, mung ginanjar
hingkang maring, Prabu Tamimasar lan raja Sarabad.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 10


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

38. Gurunipn Handajali kang cinatur, sutannya satunggal, nenggih


peparabireki, Prabu Winus jajuluk Sri Handakara.
39. Handakara sutanira wolulikur, hingkang sepuh nama, Prabu Paliya warni
jim, panggulune hanama Prabu Jampina.
40. Warni ditya sungu nuli harinipun, ran Patih Parwata, harinira nama Jahwi,
awak sarpa nuli rinira hanama.
41. Jin Jaminah jin diyu jajulukipun, nulya harinira, hanama [22] raja Parangin,
harinipun nama Min warni kukila.
42. Harinipun nama Kup hawarni manuk, nuli harinira, warni yuyu nama Dahri,
harinira ran Maranis warni ditya.
43. Harinipun hanama ejim Wakitu, hinggih warni ditya, nulya rinira hanami,
Sang Balidhuh warni jim jajuluk Baljwak.
44. Harinipun hanama Ejim Balituk, hanama waraka, nuli Malituk warnesthi,
nuli Prabu Ngamunkeling jajuluk Am.
45. Nuli Prabu Nuradi nuli rinipun, hanama Wellahan, harinya ran Patih Hamir,
harinipun jim Kaliku namanira.
46. Warni Kucing nulya Kalilat rinipun, Ejim warni Sima, nuli Wenu rinireki,
harinira nama Limpak warni gajah.
47. Nuli Lapuk warni ditya harinipun, Suhas warni kapal, nuli Buraham, warni
wil, harinira ran Palapat warni sona.
48. Harinipun nama Malak warni tikus, nuli harinira, hanama Ejim Allapid,
jangkep wolulikur, kathah pencarira, sami nurunken pribadi, turunipun
kathah hingkang salah rupa.
49. Turun Handajali lan Ngajali carub, miwah lan [23] turunnya, malekat
karisngijajil, carub besan binesan alap ingalap.
50. Nak kumanak tanpa wilis kathahipun, bangsaning lalembut, jim setan
prayangan peri, purwa saking Marijan pungkuranira.
(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 04 ۩۩۩


PANGKUR

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
1. Kuneng jin sajarahira, hamangsuli caritanireng nguni, nenggih kitab Bahrul
butun, Bahrul ngalami lawan, Bahrul lahud Ngijajil sasampunipun, tumurun
mring ngalam donya, samana Hyang Maha Suci.
2. Karsa karya tapel adam,
adam hingkang dadi Kalipah neng swargi, Jabarail gya
ingutus, tumurun marang donya, kinen ngambil hing siti warna pipitu, kang
kinarya tapel adam, Jabarail tumurun aglis.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 11


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

3. Mring ngalam donya wus prapta, dereng dhawuh siti dhingini hangling, heh
Jabarail sira hiku, dinuta hing Hyang Suksma, kinen ngambil maring sun
warna papitu, yun kinarya tapel adam, matura marang Hyang Widdhi.
4. Yen ingsun banget lenggana, dene nora wurung adam hing benjing, nemu
dukaning Hyang Ngagung, marma ingsun nglenggana, heh Jabarail yen
pari paksa sireku, ngambil ingsun warna sapta sayakti sun upatani.
5. Nemuwa bendhuning Suksma, Jabarail miyarsa ling-[24]ing bumi, hajrih
hing ngupatanipun, Jabarail wangsul sigra, prapteng ngarsaning Hyang
Suksma sujud matur, lamun siti sru nglenggana, hing karsa Hyang Maha
Suci.
6. Kinarya tapeling Adam, dene boten wande adam hing benjing, manggih
dukaning Hyang Ngagung, lamun kawula paksa, nepatani sanget ing
papacuhipun, hamba tinedha manggiha, kang sanget beduning Widdhi.
7. wusnya telas haturira, Jabarail gantya hingkang tinuding, Mingkail sigra
tumurun, maring nging ngalam donya, saparptane bumi dhingin sru
muwus, tan pae pangucapira, kadya nguni mring Jarail.
8. Yen kinarya tapel Adam, sru nglenggana sartane nepatani, Mingkail dupi
hangrungu, linge bumi mangkana, sigra matur prapteng sujud matur,
lamun datan hantuk karya, ajrih sapataning bumi.
9. Ngijrail tumuruna, marang ngalam dunya ngambila bumi, pitung rupa
abang biru, hijo lan kapuranta, putih ireng wungu kuning den agupuh,
ingsun karya tapel Adam, Ngijrail tumurun aglis.
10. Mring ngalam donya wus prapta, dereng dhawuh [25] bumi dhingin
hangling, heh Ngijrail sira iku, dinuta ing Hyang Suksma, kinen ngambil
marang sun warna papitu, kinarya tapeling Ngadam, baliya matura haglis.
11. Yen ingsun banget lenggana, dene nora wurung Adam hing benjing, nemu
dukane Hyang Ngagung, den dhunaken mring dunya, lah matura marang
Hyang kang Maha Luhur, yen mangkono haturing wang, aja mungguh
kang sirambil.
12. Rupa sapta yen gelema, mung arupa siji nglenggana mami, yen sira dreng
kudu berung, maksa ngambil maring wang, sayakti yen sun hupatani
sireku, nemuwa bebenduning Hyang, marma baliya den aglis.
13. Ngijrail duk amiyarsa, lingling bumi sarya sru nepatani, kudha sru denira
muwus, heh ta apa lingira, lakuningsun hapan dinuta Hyang Ngagung,
mangsata dadak mundura, dening upatanireki.
14. Gelema nora gelema, hingsun ambil rupa sapta sireki, bantala angles
tyasipun, dening Ngijrail maksa, datan mundur sangking hing upananipun,
bantala lara karuna, kathah sasambatireki.
15. Hananging tan piniarsa, sasambate Ngijrail si-[26]gra ngambil, hing bumi
warna pitu, abang ireng lan seta, ijo kuning wungu dadu lawan biru,
wusnya jangkep pitung rupa, mesat Ngijrail gya prapti.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 12


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

16. Hing ngarsanira Hyang Suksma, wusing sujud ngaturaken Ngijrail, hing siti
warna pipitu, heh Ngijrail kayapa, duksirambil bumi pitung rupa hiku,
sasambate lawan apa, nora nganggo nepatani.
17. Myang kalane sira gawa, sujud matur Ngjrail mring Hyang Widdhi, hinggih
Gusti sakalangkung, sasambating bantala miwah denya nepatani
hamamacuh, kawula paksa kewala, karuna sambat mlas asih.
18. Hananging tan hamba pirsa, nunten kendel bantala tan angling, telas
Ngijrail turipun, Hyang Suksma hangandika, yen mangkono Ngijrail sira
hing besuk, kang Ingsun sinung karya, yen Sun wus babar alaming.
19. Manungsa neng ngalam donya, pasthi sira ingkang Ingsun sedhahi,
angambila nyanipun, hing nganak putu Adam, yen wus padha kababar
neng dunya, besuk, sira kang hanglurahana, malekat kang tunggu sami.
20. Gedhonge kayu sajarah, tilmuntahalohkil mahpulling janmi, hawendran
malekatipun, hiku sira rehna, hiya dadi Malakulmaut sadarum, lemah
hingkang pitung rupa, wijekken dadi sawiji.
21. Putih ireng lawan abang, ijo dadu biru wungu lan [27] kuning, saksana nuli
cinaruh, wujude hingkang lemah, ana kasap sedheng ana alus, wus carub
winejak sigra, lembut lir endhut kang siti.
22. Wusnya nuli cinaruban, kang bangsangin kalawan bangsagni, sakawane
bangsa banyu, kalawan roh Mukamad, kang ambekta pepake, kang roh
sedarum, sakahing titipaning Hyang , kawengku roh Mukamadi.
23. Lawan Ngijrail warana, papesthene kang wong sawiji-wiji, yen wus babar
alamipun, manungsa aneng dunya, lah padhnen lan unine lhkilmahpul,
pan wus ana tulisira, kang ala lawan kang becik.
24. Dawa cendhak meskin begja, pinter busuk sor ungguling kang jalmi, lan
sahwat ing ngestri jalu, sawusnya carub samya, gya rineka manungsa wau
kang endhut, lamine antaranira, tapel patang puluh warsi.
25. Dadine dina Jumungah, sakalangkung bagusira kang warsi, tan wonten
sasaminipun, sadaya kang rerupan, sawidasta panjange pan sarwa patut,
Allah tangala ngandika, garangen iku Ngijrail.
26. Ana ing bumi lalongkang, tanah mekah lawan tanah [28] ing taib, sandika
nuli sinambut, mring malekat sakawan, Jabarail, Mingkail, Ngisrapil, tumut,
prapta ing bumi lalongkang, sineleh rineksa sami.
27. Tapel kasonganing surya, kawarnawa wau malekat Jajil, kang maksih
kacaryan dulu, asrining ngalam dunya, pan meh lali karatoning
swargagung, mubeng angubengi jagad, lan malekat pitung kethi.
28. Duk samana cinarita, sang Ngijajil sampun miyarsi, hing karsa Hyang
Maha Luhur, hakarya tapel Adam, apan lagya ginarang samangkenipun,
aneng nging bumi lalongkang, tanah Arab lan ing taib.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 13


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

29. Ngijajil sampun rumangsa, lamun badhe angsal dukaning Widdhi, kalamon
dennya tumurun, marang ing ngalam dunya, kongsi lali karatonireng
swarga gung, Ijajil osiking driya, yen mangkono Maha Suci.
30. Karsa nyalini wangunan, neng sawarga kalungsur awak mami, Adam kang
kinarya ratu, melekat jajil sigra, saha bala mesat harsa handadulu, marang
tapelira Adam, prapteng longkang ngarab taib.
31. Ijajil dupi ngumiyat, ing warnane tapel Adam nglangkungi, paukiran
bagusipun, tanana isiningrat, kang rarupan kadi Adam tapelipun, tapel nuli
linebetan, mider jro garba Ijajil.
32. Sawusira temu gelang, langkung hebat Ijajil ani-[29]ngali, sen isening
Adam wau, sajroning guwa garba, hapan wonten kadi wisma mekar
nanjung, Ijajil harsa manjinga, ing wisma dheprok tan bangkit.
33. Ijajil hanuli medal, saking hing jro saprptanireng jawi, wawarti hing
wadyanipun, pitung kethi malekat, wruhanira jroning tapel Adam iku, nora
nana sesamanya, kabeh maklukking Hyang Widdhi.
34. Isen isening badanya, pan kinarya luwih adi kang warni, duweni alam
pamengku, Abir sahire pepak, saisening swarga ing langit kapitu, aras
kursi dhidhing jalal, lohkilmahpul ana sami.
35. Myang lintang surya rembulan, sawarnane pepak tan kurang siji, lan ing jro
ana kadalu, lir wisma tanpa lawang, duk lagyarsa ingsun leboni sumaput,
lesu lupa raganing wang, dheprok tan bisa mrepeki.
36. Tanpa bayu tan karkat, sun pisahken saya lesah tan sipi, iku kira
kiraningsun, nggene Iman Kamulyan, dene ingsun prepeki bae sumaput,
heh sagung para malekat, sira kang kereh ing mami.
37. Upama ana parentahe ing Hyang Suksma apa gelem sireki, hanut marang
Adam hiku, ya ture para malekat, pitung kethi sayektu kula manut, paranta
yen lengganawa, yen wus karsaning Hyang Widdhi.
38. Sayekti manut kewala, saparentahipun ingkang [30] akardi, Ijajil mangsuli
wuwus, yen mungguh isngun ora, lamun hana parentahira Hyang
Ngagung, kinen hanuta ing Ngadam, yekti yen lenggana mami.
39. Sun kadadehaning brama, kinen manut mring kadadehan bumi, kedekken
sakehing tuwuh, amis bacin najisan, tibeng lemah yen jenes arus, apa
gawene, kadukan ingsun lakoni.
40. Yata wau karsaning Hyang, mring malekat sekawan pan tinuding, Jabrail
Mikailipun, Ngisrapil Ngjrailnya, pada sira tiyubna mring nyawanipun,
mring kakasih ingsung Adam, ananging talam rinukmi.
41. Lah sira iku gawas, sigra mangkat para malekat ngiring, anggarebeg
munggwing pungkur, sapraptaning lalongkang, tiniyubken nyawa marang
grananipun, kang tapel Adam sakala, kodrating Hyang bisa osik.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 14


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

42. Dupi harsa pinanjingana, ingkang nyawa marang nging tapel nuli,
hanglangkungi awratipun, jinunjung datan kangkat, kinaliyan tiniganan tan
kajunjung, kang nyawa sangsaya awrat, tan purun manjing piranti.
43. Dening jroning tapel Adam, peteng rupak kalangkung saking rempit, gya
sinereng ing Hyang Ngagung, heh teka malebuwa, dyan tunmanduk
nyawa pan narsa malebu, saking grana marginira, lagya tumempel ing
ngarsi.
44. Nulya wahing tapel Adam, sirahira pecat saking [31] ing jisim, bahu epek-
epek sikut, dhengkul bokong dlamakan, Hyang kang Murbeng Jagad pan
ngandikanipun, marang malekat sakawan, padha patrapna sami.
45. Kang buyar pating palesat, wus kinumpul dening malekat sami, tinatrap
tutup lir wau, Hyang Suksma misik Adam, lamun wahing den age sira
anebut, ngucapa Alahamdulillah, gya Allah ngandika maring.
46. Malekat papat den enggal, tiyupna nyawane adam nuli, tiniyupken nyawa
mangsuk, hing tapel saking grana lumaksana prapteng jro wus manggen
wau, kang tapel wahing sakala, nebut Alhamdulillahi.
47. Rabilngalamina agya, hanauri mring Allah dennya wahing, Iyam Iya kanak
budu, wa iya kanas tangyan, ingkang tapel sadayane sampun kukuh,
darbeni ros thik enthikan, ingkang napas manjing mijil.
48. Hingaranan iku ambegan, pan minangka tatalining bfahurip, kabir sahire
kawengku, wus dadya Nabi Adam, pan ingayap dening malekat sadarum,
kanan keringira aglar, miwah ngarsa lan ing wuri.
49. Kalangkung ing resepira, pra malekat mring Adam hingkang wreni, ngucap
labarakullahu, tegese ingkang lapal, mupangati tapel Adam singsun dulu,
Nur mukamdira ngucap, paken pangandikaning Widdhi.
50. Sun dadekken dhingin Adam, mangka wiji haneng [32] dunya miwiti, kang
dadi ing yayahipun, sagunge kang manungsa, yen erohe pan roh
Mukamad sadarum, tur ingaken tandhaning Hyang, Allah hangandika
malih.
51. Heh Jabarail den inggal, hamunduta busana mring swargadi, hiya kang
sarwa di luhung, Jabrail sigra mesat, tan antara Jabrail ing wangsulipun
bekta busana di nulya, wus inganggekaken sami.
52. Nenggih ,marang Nabi Adam, makuthane nama retnadi, sangkebbing
sariranipun, busana saking swarga, pan sadaya wau hujwala nganguwung,
tan kena yen winuwusa, Nabi Adam ingkang warni.
53. Saking takdiring Pangeran, sakathahing ngujud tanana sami, saisining
sawarga gung, miwah isining dunya, Sang Hyang Suksma ngandikeng
malekat catur, padha sira kalumpukna, sinome malekat sami.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 15


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 05 ۩۩۩


SINOM

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
1. kabeh padha hangiringna, mring Adam munggah swargadi, sakancanira
malekat, kang ana ing pitung langit, hiya lan pitung bumi, mung kariya
kang atunggu, gilira hing rareksan, sawusira ngumpul sami, gya bidhalan
Adam minggah mring sawarga.
2. Sapraptanireng sawarga, kinen Palongka [33] linggih, sinasotya
nawaretna, jumerut nila widuri, prabanira nelahi, muncar-muncar
hangunguwung, tan kena winuwusa, takdinnira Hyang Widdhi, prabanira
madhangi langit kasapta.
3. Pangandikaning Hyang Suksma, mring sagung malekat sami, kabeh
padha hasujuda, mring Adam kalipah mami, yeku sun karya sulih, neng
swarga humadeg ratu, mongka kalipah ingwang, pra malekat sujud aglis,
pan sadaya hamrekungkung sujudira.
4. Sujud marang kahurmatan, antarane satus warsi, mung sang Ijajil malekat,
kang nora sujud pribadi, kadi hujare nguni, tinetepan datan purun, anut ing
Nabi Adam, nulya malekat Ijajil, pan sakala kena benduning Hyang
Suksma.
5. Ijajil salin warnanya, rai perot mata ngelik, liyap linyip lamun mulat,
kedhepe sungsun narithil, biru putih ireki, seret sasuluhanipun, sacanthing
sitahira, bathuk lengar pundhak kepis, kuping ciut gulune gedhe adawa.
6. Dhadha greng ndringkus ingannya, weteng cempluk bokong canthik,
rambute ngaruis abang, jenggot mulyak janggut lincip, bau sagagang
aking, drijinya sadedhang gabu, sikile sahububan, dedege cendhak acilik,
ambekukul lakune miring lan oyag.
7. Hyang Suksma handikanira, heh Jajil sandhangen [34] ugi, sira mopo ing
reh ingwang, mangkono warnanireki, pan sira dadi isi, besuk neng nraka
waelul, Ijajil aturira, sumangga ing karsa Gusti, tan nglenggana dados
sisining naraka.
8. Nanging panuwun kawula, ing salami hamba maksih, tinitah dereng
kiyamat, lumebeng jroning yamani, kalilana nutugi, lawan kalilana benjing,
hanggagodha dhateng hing nak putu Adam.
9. Wontena rencang kawula, lumebeng dhateng yomani, Hyang Maha Suci
ngandika, hiya sakarepireki, kang karencana gingsir, kang tan gingsir
ngong tanasung, lawan wong kang krana Allah, iya aja kok pareki, lawan
aja omah awor lan manungsa.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 16


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

10. Omaha lebak jurang, embel umbul siluk sungil, kayu watu omahana,
saanak putinireki, ing besuk kabeh kapir, Iblis lanat ranireku, Ijajil gya
kaplesat, tiba sajabaning langit, redi dhasar tutupe naraka jahnam.
11. Apan lajeng kayangan, neng redi dhasar Ijajil, ngadhaton jroning dahana,
ing saciptanira dadi, hapan dadining geni, lawan wus sinung pinunjul,
pangwasa ing Hyang Suksma, Ijajil saktinereki, linuwihken saking malekat
sadaya.
12. Benjang maksih dadi raja, Ijajil kang den ratoni, [35] setan dhemit
brekasakan, iya yohanya pribadi, tangkar-tumangkar sami, setan aglis
kathahipun, manak-kumanak samya, branahan datanpa wilis, sami mencar
kayangan neng ngalam dunya.
13. Linantur dening Hyang Suksma, Ijajil sasarireki, kuneng wau kang
winanrna, malekat kang sujud sami, duk mulating Ngijajil, nalikanya
nandhang bendu, malih warnaniraga, ratuning ala sabumi, ngumpul dadi
rupaning Ijajil lanat.
14. Sujuding para malekat, rangkep sujud sukur sami, tan kapire rahmatollah,
ing sawuse satus warsi, liwar sadaya tangi, saking denira asujud, marang
pakaryanira, henggene sawiji-wiji, ingkang kantun amung kang sami
hangayap.
15. Marang sira Nabi Adam, tanana towangireki, malekat kang sami ngayap,
miwah ingkang widadari, Nabi osiking galih, linaden ,malekat ingsun,
rumasa dudu bangsa, myang linaden widadari, gya maladi rem-rem ayam
denya lenggah.
16. Sarwi nglalar lambung kiwa, parmaning Hyang ingkang prapti, myat
wonten wanudya endah, mijil saking lambung kering, ngiga wekasan
linggih, neng iringan sarwa patut, sakala Nabi Adam, medal birainireki,
sakalangkung kasmaran ing galihira.
17. Haranipun Siti Kawa, kasor hapsari swargadi, [36] pamulesmu wilis jenar,
bomjo pasariran lungit, sakala kangjeng Nabi, nolih astanya tumelung, pan
arsa gayuh jangga, sigra Jabarail prapti, hangalangi pamanglunge
astanira.
18. heh tuan dereng aningkah, tan wajib dadosa rabi, mundur astanira Adam,
nulya ningkah kangjeng Nabi, malekat Jabarail, kang ningkahken
kaumipun, walinya Gusti Allah, Hyang Suksma ngandika aris, marang
Adam lawan marang Siti Kawa.
19. Heh wruhanta sira padha, karo ratuning swargadi, sun jurung sakarsanira,
mung siji kang sun larangi, karan woh-wohan kuldi, haywa wani-wani
jupuk, lan ing kawruhana satrunira si Ngijajil, kawruhana panggodhane
marang sira.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 17


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

20. Jeng Nabi lawan kang garwa, sujud sandika tur neki, mangkana sang
Ngijajil, neng ngardi dhasar genipun, miyarsa lamun Adam, ing mangkya
wus darbe rabi, Siti Kawa wastane ingkang wanodya.
21. Paparingira Hyang Suksma, mangkana wau Ngijajil, tan wus raose tyasira,
yen Adam maksih neng swargi. Gya mesat sang Ngijajil, minggah marang
swarga gung, prapta mider ing jaba, temu gelang tanpa margi, mung sawiji
kinunci tinunggu ing mrak.
22. Paksi mrak nang luhur lawang, sirahe mangklung [37] mring jawi, buntut
aneng jro lapisan, pikiring tyas sang Ngijajil, nuli hamalih warni, pan arupa
uler tahun, gumremet ngarsaning mrak, mulat ing mangsanireki, gya
cinucuk kalebu wetengnya.
23. Nuli mising paksi merak, Ijajil tibeng jro lapis, mubeng jro lapis kapisan,
temu gelang tanpa margi, korine mung sawiji, kinunci sarta tinunggu,
dening kang ula naga, sirah mangklung luhur kori, ilat melet lir daludag
kulabetan.
24. Nyrengangas siyunging naga, hagdhing liman ngajrihi, ilunya dres kadi
upas, tumiba upase mandi, netrane balerengi, lir surya kembar duk
bedhug, Ijajil ajrih nyelak, gya matak limunan ing jim, pan sakala Ijajil
dutan katingal.
25. Wus nyelak ngarsaning naga, netrane kalih sinilir, cangkemira dinamonan,
merem angep langkung arip, Ijajil sigra manjing, ing cangkem
dukangopipun, prapteng jro cangkem naga, buntutira neng jro lapis, sigra
mising kang naga Ijajil medal.
26. Tumiba jroning swarga, Ijajil gya malih warni, hamindha malekat jaga,
neng pinggir pethak anangis, klesedan melas asih, kagyat widadari
ngrungu, iki swaraning ngapa, kapyarsa amelas asih, ganti-ganti widadari
samya ngucap.
27. Kaya swaraning karuna, dening ta sawarga iki, larangan lamun karuna, iki
teka wani nangis, sakehing widadari, kang celak sami dudulu, celuken Siti
Kawa, aningali kang anangis, tinakenan sireku malekat apa.
28. Klesetan wani karuna, kang nangis humatur aris, milamba asru karuna,
myarsa rakanta jeng Nabi, lawan paduka Gusti, manggih serenging Hyang
Ngagung, inggih badhe binical, saking sajroning swargadi, den dhunaken
inggih dhateng ngalam dunya.
29. Gusti yen kalampahana, paduka lan raka Nabi, binucal saking sawarga,
dene tanpa dosa yekti, mung dumeh Nabi osik, salebeting galihipun,
linadosan malekat, rumaos yen dede jenis, mresing driya satemah dados
paduka.
30. Miyos saking ngiga wekas, lambunge Nabi kang kering, Siti Kawa keter ing
tyas, watak wantuning pawestri, gugon tuwoning galih, rumangsa lamun

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 18


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

satuku, wasana angandika, apa temen tirireki, kang amindha karuna matur
sapata.
31. Yen amba matura dora, dhatenging paduka Gusti, kenya babenduning
Hyang, badan kawula puniki, sampun limrah lan jinis, malekat
sadayanipun, Siti Kawa ngandika, iya wus ngandel wak mami, lah ing
ngendi gon sun arsa suminggaha.
32. Kang malih warna turira, sarwi luhira dres mijil, [39] dhuh Gusti saking
tresnamba, darbe ratu Kangjeng Nabi, miwah paduka Gusti, apan wonten
syaratipun, paduka lan rakanta, hadahara wohing kuldi, pasthi lamun boten
amanggih daduka.
33. Siti Kawa lon ngandika, iku laranganing Hyang Widdhi, wedi yen ingsun
mangana, lawan durung wruh kang warni, ingsun lan Kangjeng Nabi,
miwah malekat sadarum, tan ana kang mangana, liyan paringing Hyang
Widdhi, subkannallah kanikmataning sawarga.
34. Tan liya mung subkannallah, kaya iku turireki, mangan kuldi wohira,
linarangan ing Hyang Widdhi, malekat kang anangis, ngusapi luh sengrak
senggruk, milane linarangan, wit dados sesarat Gusti, lamun dhahar
mandekken dedukaning Hyang.
35. Apa temen aturira, kang nagis supata malih, dreweli sasumpahira, temah
Siti Kawa gingsir, ing tyas langkung kapengin, nanging tan wruh
prenahipun gennira woh larangan, ngandika marang kang nangis, lah ta
iya gene ingsun tuduhana.
36. Siti Kawa sigra mangkat, lawan malekat kang nangis, sapraptanireng
ngunjwara, humatur paduka Gusti, pan sarwi anudingi, wohing kuldi
prenahipun, Siti Kawa duk mulat, marang wohing kayu kuldi, sru kacaryan
kumecer kedah dahara.
37. Sapraptaning sor tumenga, aningali wohing kuldi, [40] asta kalih gayuh
nyandhak, woh kuldi pinethik kalih, sirah mbun-mbunanereki, Siti Kawa
pan kasundhul, sadedeg inggilira, woh kuldi wusnya ingambil, gya
dhinahar mring Siti Kawa satunggal.
38. Langkung nikmate kang rasa, lagya tekeng jaja nuli, niba kantu Siti Kawa,
sahengetira ningali, kang jaja amendhisil, mentar-mentar dadi susu, lir woh
kuldi kang warna, maya-maya ngrespateni, marmanipun wonten wulu lan
jinabat.
39. Kalanpun Siti Kawa, tumenga mulat woh kuldi, marma rinaupan, kaping tri
lananta kalih, kinosokan pra sami, denira kinarya gayuh, milane kang
mbun mbunan, kaping tri dipun usapi, pan kasundhul woh kuldi kala
tumenga.
40. Mila kuping ingusapan, kaping tri dennya miyarsi, ing tuduhe iblis lanat,
kang mindha malekat nangis, sakng dennya tumindak, mring saandhap
wohing kuldi, saderenge wulu apan kang jinabad.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 19


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

41. Dene sayah riwe medal, Kawa denira lumaris, milanipun yen wanudya,
saben sasi metu getih, kadadehan woh kuldi, miwah ingkang banyu susu,
wohing kuldi toyanya, yen salat Adam ngamati, sak dina tulhikram jakat
pitrah siyam.
42. Marga saking Siti Kawa, dennira mot wohing kul-[41]di, ri sampunira
mangkana, Siti Kawa kundur nuli, bekta woh kuldi siji, karsa ingaturken
wau, mring raka Nabi Adam, Ijajil kang malih warni, sampun musna
mantuk mring kayanganira.
43. Yata wau Siti Kawa, kang bekta woh kuldi siji, wus katur marang kang
raka, jeng Nabi adam lingnya ris, pagene sira yayi, wani-wani ngambil iku,
kuldi laranganing Hyang, apa sira yayi lali, kala dhawuh pacuh marang sun
lan sira.
44. Kang garwa lon aturira, boten kasupen wak mami, marmane purun kawula,
pan wonten malekat nangis, sareng kawula titi, margi saking tresnanipun,
ing paduka lan amba, kathah-kathah turireki, malah sumpah yen boten
temen-temena.
45. manggiha babenduning Hyang, wus katur sadaya sami, wiwitan prapteng
wekasan, solahe ngambil woh kuldi, milanipun suwawi, punika dhaharen
gupuh, woh kuldi kang satunggal, hamba wus nedha satunggal dados
sarat sampun kongsi manggih duka.
46. Jeng Nabi wus kangsaning Hyang, myat ing woh kul-42]di kapangin, yen
mangkono karsanira, iya yayi sun turuti, tinampan wohing kuldi, anuli
dinahar sampun, raose langkung nikmat, duk ingeleg wohing kuldi, tekeng
jongga jeng Nabi niba kantaka.
47. Dadya mandhekel kang jongga, ingaranan kala menjing, duduh kuldi
dadya kama, tan antara Kangjeng Nabi, sawungunya amanggih,
dudukanira Hyang Ngagung, kalawan Siti Kawa, kang busana mesat sami,
saking badan kalih pindha maskumambang.
(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 06 ۩۩۩


MASKUMAMBANG

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
1. Nabi Adam lan kang garwa kawlas asih, busanane sirna, kalih ting
baringkung sami, saparan-paran kesoddan.
2. Harsa ngaub tan ana kang den aubi, miwah angambila, godhonge kang
kayu sami, kinarya tutuping ngurat.
3. Kayu-kayu pra sami ngujar-ujari, lah ta Adam kawa, sampun parek-parek
mami, pan andika wong duraka.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 20


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

4. Keneng gudha saking rencananing ngeblis, temah antuk duka, lah


lampahana pribadi, sampun ngembeti maring lyan.
5. Bokmanawi kalih sami nanulari, miharsa gya kesah, kesoddan tambuh den
nungseni, sadaya lumuh pinaran.
6. Wonten kayu satunggal ran kayu ajir, langkung welasira, mring Adam
Kawa lingnyaris, lah ngambila godhong ingwang.
7. Sigra mara Adam Kawa mring sor anjir, kang kayu anulya, godhonge
ngalinthing sami, hingaran kayu cemara.
8. wonten malih kayu kang welas ningali, marang [43] Adam Kawa, kayu garu
nguwuh aris, ing ngriki sami ngauba.
9. Sigra mara sapraptaning ngisor wit, godhongipun sirna, mangkeret
dalasan mangkin, garu baluju kewala.
10. Wus mangkana karsaning Hyang Maha Suci, Adam lawan Kawa,
tinudhung saking swarga di, tinurunaken mring dunya.
11. Lawan naga merak kayu garu ajir, Jabrail dinuta, hanurunnaken tumuli,
Nabi Adam Tibanira.
12. Neng wukit baot gunung ing sarandhil, apan tanah Selan, Siti Kawa
tibaneki, neng tanah Siyem punika.
13. Dening naga tibeng tanah Aspahami, merak tibeng Yahman, kayu garu
lawan ajir, tibeng wana lan ing ngarga.
14. Sadayeku tibane saking ing langit, tanggal kapng tiga, ing wulan mukaram
nenggih, mangkana jeng Nabi Adam.
15. Siyang dalu anangis tibat ing Widdhi, kagagas ing driya, pisahe
garwanireki, tan karuhan tibanira.
16. Nabi Adam luhira dres tibeng siti, hanglir pendah jawah, kang luh dadya
mirah sami, tanah Selan kawretanan.
17. Cinarita jeng Nabi sawusnya nangis, tumenga ing tawang, sinung Ulham
ing Hyang Widdhi, langit kasapta narawang.
18. Kayu saratil muntaha kaeksi, myang lohmahpul-[44]ira, wela-wela ana
tulis, muni lelampahanira.
19. Papesthene sarirane sampun muni, anglampahi papa, kangelan sarta
prihatin, myang harja sakesanira.
20. Saderenge dumadi praptaning pati, wus nunggal sadaya, wujud ing wong
siji-siji, wusnya tan dennya tumingal.
21. Nabi Adam tobat sujud ing Hyang Widdhi, nulya wonten ayat, timbalaning
Hyang kapiyarsi, kinen mujaya mangkana.
22. Rabanala lam na an pusa nawain, lam tak pirlan nawa, tarkam nala na
kunani, minal kasirin tegesnya.
23. Duh Pangeran badan kawula pribadi, ingkang nganiaya, lamun tuan tan
paring sih, yektyanden papa druhaka.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 21


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

24. Nabi Adam mituhu sigra amuji, eklas wardaya, pamuji ya siyang latri,
dungkap antuk satus warsa.
25. Nabi Adam dennira neng pucak wukir, wanci wektu pajar, asalat subuh
jeng nabi, mung kalih rekangat salam.
26. Jabarail prapta dinuteng Hyang Widdhi, maringken apura, kang garwa
kinen ngulati, saenggene den kapanggya.
27. Nulya tedhak Nabi Adam saking wukir, jog ing [45] ngandhap selan, lajeng
angelaya bumi, Jabarail musna wus pisah.
28. Marang Siyem Siti Kawa kawlas asih, tangise tan pegat, luhira dres tibeng
siti, saparane dadi mirah.
29. Hamethukken sira malekat Jabrail, dhawuh ken apura, lah Kawa dika
hulati, rakanta Adam neng Mekah.
30. Sigra mangkat Jabrail atut wuri, kalane samana, Jagad masih dadi siji,
saparan tanpa sagara.
31. Jroning mahsrik mahrib tan wonten jaladri, maksih neng pinggiran, pisahe
jaman Nuh benjing, kinelem topan lan toya.
32. Dadya pisah bumi pulo-pulo benjing, anaa ciut jembar, pinasthi karseng
Hyang Widdhi, mangkana ingkang ngelaya.
33. Nabi Adam lan Siti Kawa nenggih, wus antuk sawaesa, dennira hanjajah
bumi, praptent tanah bumi Mekah.
34. Papranggulan neng ra-araatarwiyahi, suku ngardi ngarpat, rerangkulan
sami nangis, tangise syokur ing Suksma.
35. Sampun musna wau malebet Jabrail, wau Adam Kawa, laminira gangsal
warsi, neng sukuning ngardi Ngarpat.
36. Tan sakeca raosing galih jeng Nabi, aneng tanah ngarab, sawusira
gangsal warsi, sigra mangkat lan kang garwa.
37. Mider-mider areruntungan samargi, angupaya papan, kang dadya
senenging galih, pan hanjajah tanah ngarab.
38. Hing rum ngindi ngidul ngulon ngaler nuli, marang bukit barjah, anjog kusni
male bari, neng kono kendel lampahnya.
39. Manggih papan wana wiyar tur aradin, lepennya [46] tumumpang, kyeh
kayu geng buron sring, jeng nabi seneng ing driya.
40. lan kang garwa agung dennira ngabekti, sartane dedonga, ngatas
karsaning Hyang Widdhi, dennya kendel neng kusniya.
41. Cinarita apan sanga likur warsi, Nabi lan kang garwa, dedonga ing siyang
ratri, nuli Jabarail prapta.
42. Pan dinuta dening Hyang kang Murbeng Bumi, sartanira bekta, palangkan
lan busana di, badhong kalawan makutha.
43. jamang binggel kelat bau anting-angting, sabusananira, Siti Kawa pepak
sami, Jabrail alon lingira.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 22


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

44. Heh jeng nabi timbalanira Hyang Widdhi, paduka tetepa, mukim wonten
malebari, lawan jumeneng Nata.
45. Alenggaha palenggahan nira nguni, palangkan mutyara, miwah sagung
busanadi, pinaringaken sadaya.
46. Busananta duk masih aneng swargadi, sabusananira, Siti Kawa pepak
sami, paduka angratonana.
47. sagung ingkang sato kewan ing wanadri, lawan ngratonana, anak putunira
benjing, marma jeng nabi paduka.
48. Lan garwanta karsaning Hyang Maha Suci, tinurunken samya, apanta
kinarya wiji, inggih wonten ngalam dunya.
49. Lawan malih paduka dipun paringi, nugrahaning Suksma, kitab sadasa
puniki, ing benjang tuan wulangna.
50. Dhateng anak putu kang tuan ratoni, lan tuan siyama, siyam abel saben
sasi, sampun kantos nawa.
(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 07 ۩۩۩


MEGATRUH

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
1. Duk miyarsa Nabi Adam nulya sujud, lan kang gar-[47]wa aneng siti,
satangine saking sujud, junjung astanira kalih, donga sokur ing Hyang
manon.
2. Tigang dina sampurna sadhawuhipun, Jabarail mring jeng Nabi,
satimbalaning Hyang Ngagung, sato kewan ing wanadri, miwah ingkang
manuk-manuk, sadaya wus ngratu sami, marang Nabi Adam saos.
3. Siyang dalu datan wonten towangipun, saking parmaning Hyang Widdhi,
basane kang manuk-manuk, myang sato kewan wanadri, jeng Nabi pan
sampun mangertos.
4. Duk samana Nabi adam yuswanipun, pinetang kala duk kawit, mring
dunya tumurunipun, praptanira ing samangkin, dennira jumeneng katong.
5. Hangratoni sato kewan ing wanagung, dening tahun surya lagi, satus
sanga likur tahun, dening yen ing tahun sasi, yuswanipun apan kaot.
6. Sampun satus tingang dasa tingang tahun, mangkana wahu jeng nabi,
dhatengken ning galihipun, dennyarsa babarken wiji, lan kang garwa gung
karongron.
7. Reroncene ing tingkah datan cinatur, pamangunireng saresmi, jeng Nabi
mring garwanipun, samana sampun garbini, babar putra jajodhon.
8. Dadya inggal kathahira putranipun, saben babar [48] kalih-kalih, kembar
estri lawan jalu, longkangira datan lami, lamun nuju ingkang miyos.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 23


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

9. Jalu pekik kembaranirestri ayu, lamun ala ingkang mijil, lanange datan
bagus, estrine kembarneki, warnanipun inggih awon.
10. Cinarita kawan dasa putranipun, kembaran langkung kakalih, Siti Unuk
langkungipun, timbanganira Nabi Sis, semi ijen tanpa jodho.
11. Siti Unuk geng pangawak satus gunung, lenjang yen patopan nenggih,
jamanira jeng Nabi Nuh, jagad kinelem ing warih, gunung-gunung datan
katon.
12. Paran dene Unuk namung waked jengku, marma Unuk tanpa laki, ya
saking geng luhuripun, Unuk namung laki angin, wus tinakdir ing Hyang
Manon.
13. Namung laki angin dadya wawratipun, suteng Unuk lahir neki, edalira
saking banyu, pan kongsi kawan dasa ari, wedalira datan alon.
14. Lir lampahing jemparing ing rikatipun, iku lagya genging bayi, diwasa pira
gengipun, kaelokanning Hyang Widdhi, tan montra kena ginayoh.
15. Suteng Unung sang Ngiwad paparabipun, wus pinanthi ing Hyang Widdhi,
Ngiwad dadya mengsahipun, jeng Nabi Musa ing benjing, ingkang wus
kocap cariyosipun.
16. Kangjeng Nabi Musa nenggih dedegipun, pitung pu-[49]luh gas pan sami,
lan panjanging ecisipun, paran dene denniira mrih, ing prang pejahe
pakewoh.
17. Hiya saking Sang Ngiwat geng luhuripun, jeng Nabi Musa pan mawi,
minggah ing tursina gunung, panumbakira ing ecis, namung dugi ngisor
polok.
18. Winagsulan nenggih wahu urutipun, putranira Kangjeng Nabi, ingkang
anem kang asepuh, miwah ing namanireki, putra jalu lan kang wadon.
19. Pambajenge putra Adam ingkang jalu, sinung nama Sayid Kabil, langkung
pekik warnanipun, estrinya kembaraneki, Siti Aklimah yu kaot.
20. Wawrat malih Siti Kawa babaripun, inggih kembar jalu estri, Sayid Abil
jaleripun, Siti Damimah kang estri, warnanipun sami awin.
21. Babar malih sami kembar putranipun, kang jalu Sayid israil, Ngabdolah
bosorabipun, pekik kembarannya nami, Siti Sarirah yu kaot.
22. Babar malih mijil kembar ingkang jalu, Sayid Iearawan nameki, Ngabdur
Rahman Arabipun, Siti Onah ingkang istri, warnanipun sami awon.
23. Babar malih Abukaris ingkang jalu, warnanipun langkung pekik,
kembarannya yu pinunjul, Siti Dayunah raneki, wusnya putra gangsal
jodho.
24. Anatarane sampun tigang dasa tahun, yuswanipun [50] Sayid Kabil,
sedhengnya birahinipun, jeng Nabi Adam anggalih, kang putra sami
jinodho.
25. Putra jalu ingkang awon warnanipun, dhinaupaken putrestri, ingkang
warnanipun ayu, putranya jalu kang pekik, jodho lan estri kang awon.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 24


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

26. Nging salaya lan kang garwa karsanipun, ayu dhaupa kang pekik, awon
sami awonipun, kang garwa dreng turireki, jeng Nabi karsanya bakoh.
27. Dangu dennya pra samya padudon kayun, dennyarsa jodhokken siwi,
kang garwa ature swndhu, paduka tumut punapi, mung ngaken lamun wus
dados.
28. Boten tumut paduka ing sakitipun, apan kawula pribadi, miwahta
kangelanipun, kang ngandhut ing rina wengi, kongsi sangang pancorong.
29. Kongsi lahir dadah dulah momongipun, ngemban gendhong rina wengi,
sayekti wajib katengsun, darbe purba marang siwi, sakarsamba angreh
dados.
30. Nabi Adam miyarsa mesem lingnyarum, yen mangkono kayo kardi,
pratondha sira lan ingsun, kang nora katrimeng Widdhi, anuta aja
padudon.
31. Sigra sami medalken ing rahsanipun, winadhahan cupu manik astagina
pinuja wus, muga Allah anandhani, mring dosiye kang padudon.
32. Wusnya nangkep ing samaya sangang tengsu, buka [51] cupunira sami,
Nabi Adam kamanipun, agatra wujud bebayi, nanging mung balung lan
otot.
33. Warni jalu gantya buka cupunipun, Siti Kawa tanpa dadi, maksih getih
anglempuruk, nulya Jabarail prapti, bekta kodrating Hyang manon.
34. Dene kamanira Siti Kawa wau, maksih tulus rupa getih, limpreg-limpreg
anglempuruk, nulya ana angin geng prapti, kamaning Kawa tinempoh.
35. Ing prahara pan kumitir solahipun, kama kabuncang ing angin, sumyur
saking cupu mawur, asebawa tanpa warni, ngumandhang rame gumuroh.
36. Datan manggen lamun munya lingsir dalu, tankadhangan celak tebih,
ingaranan rijal iku, tan dangu nulya nututi, cupu kakalih tinempoh.
37. Dening angin mesat nuting rijal wau, cupunira Kawa dadi, jati ngarang
raning kayu, cupuninh jeng Nabi dadi nagageng kedah hambadhog.
38. Marang rijal saparanira binujung, gaib karsaning [52] Hyang Widdhi,
maksih sami badan alus, yeku kaol kang sawiji, dene kaol kang kapindho.
39. Rijallolah golongane wali kutub, sinungan karya nganglangi, jagad
amaringaken wahyu, marang manungsa kang sami, nebut asmaning
Hyang manon.
40. Wong kang alul melek laku bangun esuk, temen-temen ing Hyang Widdhi,
rijallolah kang ingutus, maringaken wahyunireki, dening swara kang
gumuruh.
41. Prabawaning rijalollah yen ing dalu, ngumandhang kapyarsa sami, emya-
enya swaranipun, sengga sasmita nawani, wahyuning Hyang kang
ginadhoh.
42. Cupu Nabi ing sasampunipun, kothong dadya Bagendha Sis, Siti Kawa
cupunipun, tanpa dadi maksih getih, nulya nagin geng tumempoh.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 25


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

43. Cupu kalih katut kabuncang ing lesus, tiba sajawining langit, tibane
tinampan sampun, cupu kalih mring Ijajil, kang satunggal cupu kothong.
44. Kang satunggal maksih isi mani wau, Ijajil suka tan sipi, wruh yen na gung
sawabipun, cupu kakalih pinetri, mring Ijajil tan keneng doh.
45. Pan sumongga karsaning wong ngagung-ngagung, [53] pundi kang dipun
karsani, kaol kakalih puniku, ingkang anganggit pan darmi, wala hu alam
kang yektos.
46. Dene kang wus mutamading kitabipun, cupu tinanpen Ngijajil, kuneng wau
kang winuwus, Siti Kawa duk ningali, kamanira tanpa dados.
47. maksih rupa getih neng cupu nglempuruk, kamane kang raka nabi, dadi
bebayi tur jalu, bagus cahyanya nelahi, ruruh wingit ing pasemon.
48. Cupu kalih sirna kabuncang ing lesus, Siti Kawa tobat aglis, matur pasrah
manutipun, mring kang raka dennira mrih, marang ing putra hanjodho.
49. Sawusira Siti Kawa nut ing kakung, pamit musna Jabarail, jeng Nabi
amatah gupuh, jodhoning putra sineling, ingkang bagus angsal awon.
50. Kembarane Kabil Aklimah warna ayu, pinaringaken mring Abil, Israil
kembaranipun, pinaringaken Israil, putra tiga pra samya nuting karsanira
jeng Nabi, bagus jinodho lan awon.
51. Namung Kabil ingkang murtat ing tyasipun, ji-[54]nodho kembaraneki, Abil
dahat awonipun, kembaranira pribadi, Siti Aklimah yu kaot.
52. Eman-eman jinodho lan Abil iku, kembaraningsun pribadi, luwih salah
karsanipun, jeng rama dennira kardi, dana mring putra hanjodho.
(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 08 ۩۩۩


ASMARADANA

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
1. Keneng panuntuning Iblis, Kabil tan wus ing tyasira, temah ing muring-
muringe, marang Abil tibanira, dennya jinodho lawan, Aklimah
kembaranipun, dadya Abil pinejahan.
2. Ingapusan mring wanadri, sirahe kinepruk sela, ngartining tingkah
mangkana saking Iblis kang amulang, sawusnya Abil pejah Kabil lajeng
kesahipun Siti Aklimah binekta.
3. Kembaranipun pribadi, tan kantun saparanira, kendel tanah nut lampahe,
Siti Damimiah tinilar, ingkang awon warnanya, Damimah awon
kalangkung, dening tinampik mring priya.
4. Lajeng kesahireng latri, sapurug datanpa sedya, sarta pratignya ing tyase,
sajeg datan arsa krama, lamun tan antuk priya, kang ngluwihi pekikipun,
saking Kabil warnanira.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 26


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

5. Israwan lawan Israil, samya nut datan suwala, den-[55]ira linintu jodho,
saking karsaning kang rama, pekik dhaup lan ala, putra ingkang dereng
antuk, lintu jodho ala rupa.
6. Abukaris langkung pekik kenengg panggodaning setan, maksih
kembarane dhewe, Iblis lanat mindha rupa, kadya jeng Nabi Adam,
Abukaris kinen gupuh, kesah lan kembaranira.
7. Kendela babat wanadri, Bungas ing tanah Astina, ingkang wekas wetan
dhewe, sartane kinen gambara, ing warnane kang rama, kinen nembah
ingkang suhud, wajib mangeran ing bapa.
8. Cinatur babarireki, bagenda Sis duk samana, ing tahun Adam etangane,
pan satus sawidak warsa, yen ing tahun rembulan, Begendha Sis
babaripun, pan satus sawidak gangsal.
9. Yata wau kang winanrni, putradam sayanira, baginda esis arine,
cinaturaken kewala, baru lampahing kondha, Siti Kawa putranipun, saben
babar sakembaran.
10. Kang Rumiyin Sayid Yasis, Siti Ngawis kembarannya, Sayidin Sesan
arine, Siti Ngais kembarannya, nulya Sayid Yasmujan, Siti Ramsah
kembaripun, nunten Sayidin Yasmijan.
11. Lan Siti Garusah nenggih, nunten babar Sayid [56] Suryan, Siti Sirujad
sarenge, nunten babar Sayid Asman, kembaran Siti Ma’as, nunten Kayu
Mutu, iya Sayid Kayumarad.
12. Kang dadya kembaranereki, nama Siti Indumaras, nulya Yakjuja arine,
lawan Siti Wamakjuja, pan dadining supena, Nabi Adam duk ing dalu,
supena nyaremi garwa.
13. Siti Kawa inggih ngimpi, sinareman mring kang raka, enjang wungunira
sare, rare kakalih wus samya, munggwing ing ngarsanira, lajeng bisa
cacelathu, lawan dapurira beda.
14. Untune landhep tan sipi, kupinge omba adawa, keploh dumugi sukune,
tinakenan sahurira, yen putra Nabi Adam, lahiripun wau dalu, mijil saking
Siti Kawa.
15. Jeng Nabi garjiteng galih, miwah garwa Siti Kawa, samya enget supenane,
jeng Nabi tan ora samar, lamun iki maksiya, tunggil lawan kadangipun,
yekti yen lebur minongsa.
16. Gya tinudhung kesah aglis, Yakjuja lan Wamakjuja, kaliye pra samya
manggen, jawining tanah Aprika, nulya malih putraya, Sayid Loto ingkang
jalu kembarannya Siti Ngujwa.
17. Keneng panuntuning Iblis, kesah murtat mring kang rama, ambanter
kasutapane, neng Kusna tanah Aprika, anunten arinira, sayid kata ran
Sayid Rup, kalawan Siti Rupiyah.
18. Arinipun nama Sayid, Arad lan Siti Artiyah, Sa-[57]yid Kuwakil arine, lawan
Siti Awakiyah, anulya arinira, sayid Asmail ranipun, lawan Siti Asmakiyah.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 27


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

19. Anulya Sayid Asmangil, lawan Siti Amangiyah, Sayid Makail arine,
kembaran Siti Malkiyah, arinipun anama Sayid Tamkail kang jalu,
kembaran Siti Tamkiyah.
20. Anunten Sayid Yahmail, kembaran Siti Yaniyah, Sayid Arnail arine,
kembaran Siti Harniyah, anunten arinira, sayid Samail kang jalu, kembaran
Siti Samiyah.
21. Anulya Sayid Ngawail, kembaran Siti Ngawiyah, Sayid Astail arine,
kembaran Siti Astiyah, arinipun anama, Sayid Nurail kang jalu, kembaran
Siti Nuriyah.
22. Anunten Sayid Nuhkail, kembaran Siti Nukiyah, Sayid Nurkail arine,
kembaran Siti Nurkiyah, anulya arinira, Sayid Sarkail kang jalu, kembaran
Siti Siti Sarkiyah.
23. Anulya Sayid Karail, kembaran Siti Kariyah, Sayid Mihkail arine, kembaran
Siti Mihkrimah, anunten arinira, Sayid Adail ranipun, kembaran Siti Adiyah.
24. Anulya Sayid Panail, kembaran Siti Paniyah, Sa-[58]yid Pujail arine,
kembaran Siti Pujiyah, anulya arinira, Sayid Sasail ranipun, kembaran Siti
Salsiyah.
25. Anunten Sayid saknail, kembaran Siti Sakniyah, nulya arinira wadon,
sajuga tanpa kembaran, Unuk langkung gengira, rare agengnya sagunung,
diwasa pira gengira.
26. Kaelokaning Hyang Widdhi, nulya arinya anama, Sahanail warujune,
lawan Siti Sahalniyah, sawusnya kawandasa, kembaran putranireku,
nenggih langkung akembaran.
27. Yata wau kang winarni, bangenda Sis diwasanya, kalangkung pekik
warnane, sarira rurus ajenar, mawa cahya nugraha, tejanya wenes
sumunu, pindha banguning kartika.
28. Kukuwunge nelahi, saksat wimbahning basanta, luwih saking kadang
kabeh, ruruh ing semu jatmika, sabar lila ing dunya, marteng tyas
legaweng lampus, pasang limpating grahita.
29. Kitab paringing Hyang Widdhi, sadasa maring kang rama, Sayid Sis wus
putus kabeh, sring kinarya wakil mulang, marang kadang sadaya, tuhu yen
peputra piturun, saking kang murbeng bawana.
30. Apanta kinarya suci, bengenda Sis dening suksma, [59 59]
59 datanpa
babudadine, wus sasat putra pupujan, mangkana Nabi Adam, mring kang
putra ngandika rum, kuplup sira ingsun duta.
31. Nunuwuna ing Hyang Widdhi, wiji woh-wohan sawarga, kang yoga dadi
panganane, marang anak putu benjang, kang putra sandika, sigra dennya
munggah gunung, sujud nanedha ing Suksma.
32. Katrima panuwuneki, nulya Jabarail prapta, dinuta mring Hyang Manon,
lan Widadari ambekta, wiji saking sawarga, neng talam mutyara mancur,
pepak kang wiji sadaya.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 28


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

33. Uluk salam Jabarail, nahuri ngalekum salam, wus sami tata lungguhe,
dhawuhken timbalaning Hyang, lamun sampun katrima, kang dadya
panuwunipun, lah dawek mantuk kewala.
34. Kularsa panggih pribadi, inggih lan rama handika, saksana sareng
angkate, mudhun saking ing ngaldaka, Esis lan jabarail, Hapsari
katiganingsun, nampanen nampan mutyara.
35. Isi sawarnaning wiji, ing marga datan winarna, katri wus prapta lampahe,
ngarsane Nabi Adam, Jabarail uluk salam, assalamu ngalaekum, jeng
Nabi kagyat tumingal.
36. Kurmat dekungira sarwi, anauri ngalekum salam. Sawusnya tata lungguhe,
Jabrail alon lingira, tuan Nabi handuta, marang Sis putranireku, dadonga
nanedheng Suksma.
37. Nuwun sawarnaning wiji, pandongane tinarima, [60] inggih pinaringan
kabeh, wiji wowohan sawarga, tanaman ngalam dunya, wiji weratakna
besuk, marang anak putunira.
38. Lan malih putranira Sis, pinaringan ing Hyang Suksma, inggih kang dados
jodhone, Widadari Dewi Mulat, jeng Nabi duk miyarsa, lan kang putra
nulya sujud, dangu nunungkem bantala.
39. Wungu saking sujud kalih, dedonga ayukur ing Suksma, anulya den
ningkahaken bagendha Esis kalawan, hapsari Dewi Mulat, Jabarail
kaumipun, wusing peragat ningkahnya.
40. Anulya kang rayi-rayi, kang sampun samya diwasa, den ningkahken
sadayane, sineling-seling jodhonya, pekik dhaup lan ala, putra sadaya
samya nut, sakarsanira kang rama.
41. Tan ana sawaleng kapti, Jabrail kala samana, sartanira maringaken,
nenggih wesi lawan waja, marang ing Nabi Adam, sarta sabekakasipun,
ing pandhe wesi sadaya.
42. Jeng nabi kinen akardi, gagamane karya wisma, myang nenandur
pirantine, sasawah miwah tategal, perapen wus pinacak, paron myang
ububipun, kikir palu myang gurinda.
43. Lekas pandhe kangjeng Nabi, Jabarail kang nga-[61]mulang, dahana
pinendhetake, geni saking ing naraka, adheme pan tinawa, toyeng
samodra ping pitu, saderengipun tinawa.
44. Tan ana bisa mrepeki, kang ngladosi para putra, pan tikel satus panase,
lawan geni ngalam dunya, jeng Nabi wus akarya, pecok kejen linggis,
pacul, tatah wadung pethel gobang.
45. Pangot kudhi ladhing arit, prantine wong karya wisma, lan nenandur pepak
kabeh, pinaringken para putra, samya hambubak wana, ing pacul gari
waluku, sawusnya dadya gadhangan.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 29


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

46. Lajeng sinebaran wiji, sanggone tuwuh merajak, sangsaya wiyar tebane,
kang tegal bubakan anyar, wiji pala kasimpar, kapendhem miwah
gumantung, kanthi woh handadi samya.
(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 09 ۩۩۩


KINANTHI

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
1. Kuneng gantya kang winuwus, nenggih malekat Ijajil, kang kayangan nardi
dhasar, ngadhaton sajroning geni, wus kathah gyanira yoga, beranahan
mencar sami.
2. Wismeng wana gunung-gunung, jurang pereng kali-kali, pan wus kodrating
Hyang Suksma, jin sinung badan rokhani, bineda lawan manungsa,
saciptanira pan dadi.
3. Wismaha jro kayu watu, jro toya dahana bangkit, satata wus kadya jalma,
sadaya angratu sami, mring Ijajil kang ayoga, lyan tedhaking pribadi.
4. handajali turunipun, miwah turuning Ngajali, bra-[62]nahan pan sampun
kathah, ingkang ngratu mring Ijajil, duk samana amiyarsa, yen Nabi Adam
samangkin.
5. Haneng ngalam dunya sampun, antuk apureng Hyang Widdhi, wus
inggadegaken nata, neng Kusniya malebari, ngratoni sadayanira, sato
isining wanadri.
6. Buron alas manuk-manuk, sadaya mangratu sami, marang sira Nabi
Adam, wus kathah putranireki, sadaya pan kawan dasa,
kembaranlangkung kakalih.
7. Pamumulaning Hyang Agung, tan pae kaladuk maksih, kinarya ratuning
swarga, dening putra Dam samangkin, samya kinen bubak wana,
tategalan den tanemi.
8. Wiji-wiji samya tumuwuh, wiji paringan Hyang Widdhi, saking Sis
panuwunira, sartanipun den paringi, ingkang dadya jodhonira, Hapsari
dening swargadi.
9. Langkung sungkawaning kalbu, tambuh solahing Ijajil, ing siyang dalu tan
eca, tyasira hanggung hanggeni, marang sira Nabi Adam, kalamun
godhawa malih.
10. Kadya duk aneng swarga gung, wus rumasa ora olih, dene mangke Nabi
Adam, wus sinung paningal sidik, nora kena kasamaran, obah osiking
dumadi.
11. Ginodhawa yekti weruh, mangkana wau Ijajil, binalik belah tyasira, angur
ngemorana mami, marang [63 63]
63 anak putu Adam, kang dadya kasihing
Widdhi.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 30


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

12. Ijajil anulya sujud, nanedha sarya sru nangis, Hyang Suksma asipat
rahman, Ijajil kaliwat musrik, saking sruning panedha, ciptane den
sembadani.
13. Wus kabuka ing tyasipun, wonten putuning Ijajil, panengeran Dewi Dlajah,
sigra sinalinan warni, kadya retna Dewi Mulat, Ijajil sampun udani.
14. Yen cahya nur buwah sampun, ngalih marang bagindha Sis, mesat saking
ngardi dhasar, saputrinira tan kari, sakedhap lampahe prapta, ing Kusniya
malebari.
15. Ijajil lajeng jumujug, ing tilame bagindha Sis, Dewi Mulat duk samana, pan
lagya ngandheg tri sasi, wus pinasangan werana, kasektenira Ijajil.
16. Dewi Mulat tan kadulu, mung kang mindha kang kaeksi, bagindha Esis
tyasira, keneng pangasihan Iblis, umiyat kang mindha garwa, oneng
tyasira tan sipi.
17. Kang mindha sinaren sampun, tumurun rahsanira Sis, mring telanakaning
Dlajah, Ijajil suka tan sipi, wruh lamun Sis rahsanira, wus tibeng
putranireki.
18. Dewi Dlajah wus sinambut, mring Ijajil binekta glis, mantuk mring
kahyanganira, hardi dhasar sampun prapti, ilang aling-alingira, Dewi Mulat
wus kaeksi.
19. Bagindha Sis nora weruh, lamun denira nyareni, [64] ing garwa liniru
setan, nyana garwanya pribadi, ingkang nora kasamaran, mung kang rama
Kangjeng Nabi.
20. wauta ingkang winuwus, nenggih dennira garbini, Dewi Mulat wusing
prapta, ing semaya sangang sasi, nulya babar wawratannya, anuju wijiling
rawi.
21. Miyos jalu putranipun, pekik cahyanya nelahi, ananging sang retnaning
Dyah, maksih kandhutanireki, dereng wus dennya bebada, prapteng
suruping Hyang Rawi.
22. Babar malih sang Dyah Ayu, nanging tan wujud bebayi, putranira wujud
cahya, kuneng wau kang winarni, apanta sadina, putranira sang Ijajil.
23. Dewi Dlajah babar sampun, nenggih denira garbini, samya nuju surup
surya, iya tan wujud bebayi, apan maksih wujud rahsa, gilar-gilar den
tingali.
24. Lir bun munggeng lumbu, gya sinambut mring Ijajil, mesat sakedhap wus
prapta, ing Kusniya Malebari, rahsa pinanjingken cahya, anulya wujud
bebayi.
25. Jalu pekik warnanipun, mawa cahya anelahi, Ijajil kalangkung suka,
katekan sedyanireki, wus mantuk kahyanganira, bagindha Sis kang
winarni.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 31


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

26. Sukeng tyas miyat ing sunu, de sampun wujud be-[65]bayi, katur marang
ingkang eyang, jeng Nabi gupuh nedhaki, sukeng tyas mulat ing wayah,
wus samya sinung kakasih.
27. Sayid Anwas ingkang sepuh, nama basane Arabi, yen ing jitabsara Nasa,
kang anem anamnireki, yen ing jitabsara Nara, Anwar basa rabireki.
28. Nama Anwar tegeseipun, cahya kwoh sorotireki, murub abang tungtung
pita, biru sorotipun wilis, ireng sulak kapuronta, dadu wungu gangsal warsi,
lamun ing tahun sasongka, satus langkung wolung warsi.
29. Yata wau kang winuwus, nenggih raden wayah kalih, ingkang anem
cahyanira, sorotipun warni-warni, galak ulate kang cahya, dinulu
ambalerengi.
30. Kang raka cahyanya ruruh, dennya meh tan mawi runtik, yayah wimbaning
basonta, kukuwunge hanelahi, myang sabarang budinira, beda kalawan
kang rayi.
31. Kang raka hambegira, karem marang ing agami, kang rayi geng budinira,
tiru ibune hapsari, kacampuran Dewi Dlajah, putrinira sang Ijajil.
32. Wus prasasat badan alus, ibu hapsari lan Ejim, [66] 66] duk bisa rumangkang
bisa, sacangkang benggang lan siti, wus kedah mabur kewala, sabisanira
lumaris.
33. Apan lajeng bisa mabur, cinarita raden kalih, diwasanira sangsaya,
katingal pekikireki, miwah kukuwunging cahya, kadya tan samining janmi.
34. Prasasatputra piturun, kaliye saking swargadi, kitabira ingkang eyang,
sadasa paringing Widdhi, raden wayah kalihira, wus putus sadaya sami.
35. Kang raka bekti Hyang Agung, karem marang ingngulami, rasaning kitab
sadasa, kaesthi ing siyang ratri, dening Raden Sayid Anwar, dahat karem
matiragi.
36. Gung jajah guwa myang gunung, amrih ing guna kasekten, cinatur
pansampun kathah, wauhira Kanjeng Nabi, sangsaya wiyar tebanya,
denya hambukak wanadri.
37. Ana kang babakal dhukuh, myang tategal nanem wiji, sak gen-gen tuwuh
sadaya, namung wayang kang sawiji, nenggih Raden Sayid Anwar, budine
nganeh-anehi.
38. Lan sadaya kadangipun, ragi tebih ingagami, jengNabi Adam tan samar,
kalamun wauahireki, ingkang aneng Sayid Anwar, kacmpuran trah pamijil.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 32


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 10 ۩۩۩


MIJIL
(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
1. Miwah badhe ingsasarireki, marang agama doh, pi-[67]nisahken lan
kadang wargane, tyase kena panuntuning Iblis, jeng Nabi wus uning, ing
saderengipun.
2. Sinung ilham marang ing Hyang Widhi, tumingal ing kayon, sajaratil
muntaha tulise, lohkil mahpulira sampun muni, ingkang wayah kalih,
lelampahanipun.
3. Wayahira kang sepuh kinardi, karsanya Hyang Manon, nurunaken marang
panengene, sagunge kang para Nabi-Nabi, miwah kang para ji, kang
samya gung-agung.
4. Tanah Arab Ngindhi Rum Ngabesi, sagung para katong samya tedhak
Anas sadayane, tanah besar kang Islam myang kapir, Sayid Anwas sami,
ingkang darbe turun.
5. Wus pinanthi denira Hyang Widdhi, de wayah kang anom, anurunaken
marang pangiwane, dewa-dewa miwah para Resi, hing dewata benjing,
Maldewa pra ratu.
6. Tanah Banggala Keling myang Bali, Jawa sapangulon, pulo ing
Palembang saurute, turun saking Sayid Anwas sami, ananging jengNabi,
langkung wingitipun.
7. Yen nglahirna karsaning Hyang ajrih, kang dereng kalakon, namung kang
wus tumibeng wektune, sabarang reh kang dipun lampahi, samana
nimbali, wayah kalihipun.
8. Sampun munggeng ing ngarsa jeng Nabi, angandika [68] alon, heh ta
wayah ingsun sakarone, pada dandana sira sun tuding, munggah marang
langit, hanggambar swargagung.
9. Den kapetha sakontha-kanthaning, swargadi den utoh, wawangunan
rajitane kabeh, haywa na kang kekurangan siji, swargagung pribadi, ing
nguni gon ingsun.
10. Duk kinarya ratuning swargadi, lawas-lawas ingong nemu duka keneng
panggodhane, Iblis lanat wani-wani ngambil, larangan Hyang Widdhi, lah
eyang ireku.
11. Gya tinundhung saking ing swargadi, tinurunken ingong, marangdunya
pinisah tibane, lawan eyangira kawlas asih, panujune kaki, nulya na
pitulung.
12. Kaya sinung wenang sira kaki, denira Hyang Manon, munggah maranging
swarga dene, ibunira pan iku hapsari, prasasat sireki, ya wis badan alus.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 33


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

13. Dene margane maring swargadi, kaliwat pakewoh, kali papat hiya dalane,
ingkang diji kali begawan Nil, kapindhane kali purak aranipun.
14. Bengawan Daljah ingkang kaping tri, papat kali jakon, kali papat iku padha
bae, hiya sirahe saking swargadi, ndi sira senengi, turuten mandhuwur.
15. Sira nuruta gisiking kali, menggok tuten menggok, [69] yen wus prapta ing
kali judhege, sayektine katon ing swargadi, ingkang wayah kalih, sandika
turipun.
16. Langkun sami sukanireng galih, sinungan karya bot, mring kang eyang
piniji lakune, nora ketang kalih prapteng pati, sinung boting kardi,
anggambar swargagung.
17. Ingkang eyang angandika malih, poma wekas ingong, den tumemen
tyasiraywa mengeng, mung melongo maranging sawiji, tingalireng Widdhi,
hawya sala dulu.
18. Yen tumemen pasthi bisa prapti, yen tyasira menggok, nora bisa prapta
sawargane, nuli, mangkata ingsung jurungi, ingpuji lan dhikir, raharjaning
laku.
19. Ingkang wayah sigra ngabekti, ngraup pada karo, wusnya gantya mring
rama ibune, marang uwa paman sadayeki, ngrangkuk ganti-ganti, raden
kalih sampun.
20. Lajeng saking ngarsanya jeng Nabi, kang kantun wirangrong, yayah kadya
nutaken tungale, marang lampahira raden kalih, dene ta tinuding,
hanggambar swargagung.
21. Langkung gaib karsanya jeng Nabi, tan kena ginayoh, dennya ngutus ing
wayah kalihe, para putra yen matura ajrih, sadaya nut sami, marang
karsanipun.
22. Namung sami nanedha Hyang Widdhi, rahayune karo, dennya tinuduh
marang eyange, yata wau lampahira kalih, rembugan samargi, kang raka
lingnya rum.
23. Lah ta yayi endi kang pinilih, kali papat me-[70]ngko, dene kangjeng
eyang timbalane, kali papat sirahe pan sami, ya saking swargadi, endi
kang panuju.
24. Ingkang rayi sahurira aris, yen sira nut ingong, becik milih ingkang perak
bae, kang kinarya pangandika dingin, kali bagawan Nil, hiyeku tinurut.
25. Kali telu pan kinarya, karilan maringe adoh, becik milih ingkang perak bae,
ingkang raka angandika aris, iya bener rayi, pikirira iku.
26. Sigra wau lajeng raden kalih, lampahira nyerot, tan winarna ing marga
lamine, sampun prapta kali bagawan Nil, tinurut manginggil, kali
lampahipun.
27. Hanut ingkang tikunge kang kali, datan arsa menggoh, hanrang baya
raden ing lampahe, datan etang pringgane kang margi, nurut pinggir kali,
tentengan ruruntung.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 34


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

28. Datan kendel lampah siyang ratri, sruning karsa karo, bangawan Nil angel
gigisike, angerakal karikil maringkil, siluk-siluk sungil, mangab singu-
singub.
29. Nginggil bandhot bundhet ri penjalin, pring ori gumeret, mrenging ori-ori
peperenge, sela miring tumaming hanggawing, lamat-lamat limit,
lelumuten lunyu.
30. Datan kewran raden wayah kalih, angambah margewoh, [71] tan winarna
neng marga lamine, pan cinendhak samana wus prapti, kali bengawan Nil,
tatenputanipun.
31. Mangu ing tyas samya kendel dening, sirah kali loro, ingkang kanan iline
saking lor, mili saking kiddul ingkang kering, wiyaripun sami, myang
pipinggiripun.
32. Miwah lebet weninge kang warih, sami kali loro, langkung kewran dyan
kalih ing tyase, yen nuruta kanan bokmenawi, kali ingkang kering, kang
saking swargagung.
33. Yen nuruta kidul bokmenawi, kali kang saking lor ingkang saking swarga
sirahe, dahat ginayuh tyasnya raden kalih, samya dhodhok munggwing,
pinggir kali jetung.
34. Yata wonten putra Adam nguni, kang kesah sajodho, Sayid Lata kang jalu,
wastane, Siti Ngujwa namane kang estri, murtat ing jeng Nabi, jalwestri
tinudhung.
35. Nulya kesah saking Malbari, neng Kusna tapandon, langkung saking
genture tapane, pan wus dadya nyiluman jalwestri, ing reh sadurunging
winarah wus weruh.
36. Antuk saking wulange Ijajil, pan kinaruh karo, mring Ijajil myang guna
sektine, linuwihken saking saktining jim, marma tyase keni, mring Ijajil
anut.
37. Hapan dadya pasebutan benjing, mring wong kapir [72] karo, Latawal
Ngujwa apan ginawe, wrana lingling ira Ijajil, sahingga pepatih, marmanira
sinung.
38. Kaluwihan kang luwih saking jim, wauta duk anon, Latawal Ngujwa ing
pulunane, sungkaweng tyas kendel satepining, tempuran kali Nil, dhodhok
mangu jetung.
39. Kepyaning tyas kang tinurut dening, sirah kali loro, pan ing nguni nalika
angkate, ingkang eyang ora hanjarwani, lamun bengawan Nil, loro
sirahipun.
40. Latawal Ngujwa sigra marpeki, mring wong dhodhok loro, wus katingal
ngadeg neng ngarsane, mesem sarwi pamuwusira ris, heh bageya sami,
pupulunaningsun.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 35


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

41. Wayah Adam sutengbagendha Sis, Anwar ingkang anom Sayid Anwas
kang tuwa arane, padha dinuta ngiyang ireki, kinon gambar sami,
warnaning swarga gung.
42. Dedalane munggah mring swargadi, karo sirah kinon, milih bengawan
papat arane, ingkang dingin kali bengawan Nil, sirahe pan sami, saking ing
swarga gung.
43. Sirah kali bengawan Nil, kang parek nora doh, iya saka ing malebarine,
prapteng tempuran kepyan sireki, dene bengawan Nil, loro sirahipun.
44. Yen nuruta bengawan kang kering, manawa ingkang [73] lor, ingkang
saking swarga sirahe, kang saking swargadi, manawa kang kidul.
45. Eyangira nguni tan jarwani, yen sirahe loro, lah wis aja sungkawa karone,
iya kulup ingsung kang jurungi, mring lakunireki, kang tuwa nak ingsun.
46. Anuruta sirah Bengawan Nil, kang mili saking lor, dene sutaningsun
ingkang anom, anuruta ingkang saking kering, babaraning kali, mili saking
kidul.
47. Iya padha saking ing swargadi, sirah kali loro, marma nora jinarwan
maune, iyang marang eyangira Nabi, lamun bengawan Nil, loro sirahipun.
48. Eyangira jeng Nabi wus sidik, yen bakal saking ngong, ingkang asung
tuduh ing sirangger, raden wayah kalih duk miyarsi, wuwuse kang prapti,
anggambuh tyasipun.
(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 11 ۩۩۩


GAMBUH

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
1. Lamunsur lungguhipun, langkung ajrih kalihira dekung, mring kang prapta,
dene ta kalangkung sidik, saderengipun tinutur, sasedyanira wus weroh.
2. Dadya lon dennya matur, lan ta sinten paduka pukulun, dennira wruh
sangkan kawula duk alit, eyang miwah rama ibu, dereng winarah wus
weroh.
3. Miwah sasedya ulun, saosiking manah sampun we-[74]ruh, ingkang sarta
dahat asih mring kaswasih, mring kawula asung tuduh, kang tinanya
saurnya lon.
4. Heh kulup wruhanamu, sun putra Adam ya ariningsun, let sasanga lan
ramanira Sayid Sis, Latawal Ngujwa raningsun, marmane murtat wak
ingong.
5. Marang eyangira, dennyarsa liniru jodho ingsun, dadya lunga sako Kusni
Malebari, katula-tula kalahut, aneng ing Kusna tapandon.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 36


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

6. katrima tapaningsun, dening Hyang Suksma sinungan weruh, ing


sadurung winarah lan awak mami, wus kinarya badan alus, myang ing
guna sekti ingong.
7. linuwihken ingsun, lan sagunging bangsa lalembut, wis kariya ingsun kulup
pamit mulih, nutugna karepireku, kang tuwa nuta kali lor.
8. Ingkang nom kali kidul, wusnya telas ing wawelingipun, nulya musna
Latawal Ngujwa tan keksi, ingkang kantun langkung ngungun, Sayid
Anwas lingira lon.
9. Yayi paran sireku, pituture wong kang musna mau, apa tinut apa ora tinut
yayi, dene kinen misah laku, sira ngidul ingsun ngalor.
10. Kang rayi sauripun, lamun sira kakangtari mring-[75]sun, becik tinut apa
sapakonireki, de wus nyata sidikipun, sadurung winarah weroh.
11. Kapindhone angaku, Latawal Ngujwa yen saenipun, let sasanga lawan
jeng rama Sayid Sis, mokal yen amriha dudu, mring sira miwah maring
ngong.
12. Lan maninge nut ingsun, kinen misah laku lan sireku, salah siji kakang
pasthi antuk kardi, luputa ingkang mangidul, benera ingkang saking lor.
13. Lamun kang ngalor luput, dudu kali kang saking swargagung, yekti
ingsung kang mangidul antuk kardi, bisa prapta ing swargagung, aja
kongsi tiwas karo.
14. Sokur lamun satuhu, wuwuse Latawal Ngujwa mau, kali loro ing babar
bengawan Nil, sirahe saking swarga gung, dadi antuk karya karo.
15. Kang raka mesem muwus, iya bener pikirira iku, salah siji kang prapti
antuka kardi, bisa anggambar swarga gung, nanging yayi jangji ningong.
16. Sapa ingkang rumuhun, milih teka swarga haywa banjur, mandheg aneng
tempuran kene ngenteni, becik rerenteng ruruntung, sawusira jangji karo.
17. Sareng ing angkatipun, sesawangan angalor myang [76] ngidul, Sayid
Anwas ngalor nurut bangawan Nil, Sayid Anwar kang mangidul, nut kali
babar tan menggok.
18. Lumampah siyang dalu, samya sruning karsa kalihipun, maksih manut
tikang-tikung kang kali, pan sami pakewuhipun, pipinggire kali loro.
19. Pepereng jurang trejung, tanpa gisik parang suri parung, sela miring
tumawing landhep anggawing, gagampeng mayung tumiyung, ereng-
ereng jurang sigrong.
20. Geger gurda gungagung, grenging eri-eri anggreng-guyung, pinggir-pinggir
geger pager anggaligir, inginggil sumingeb, ingandap bubdet bebondot.
21. Tan wus lamun winuwus , pringganing marga liwih ingkang wus, liya
saking raden wayah Adam kalih, wus prasasat badan alus, tan bisa
ngambah ing kono.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 37


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

22. Kang bisa ngambah amung, sagung bangsa siluman lalembut, ejim setan
parayangan lawan peri, kuneng ta datan winuwus, kang nurut kali
mangalor.
23. Raden wayah kang sepuh, kang winarna amung kang mangidul, kang
anurut bangawan babar manginggil, anut ingkang tikang-tikung, ing kali
tang arsa menggok.
24. Yen ambenera laku, miwah nyimpangana ing pakewuh, [77] datan kewran
Sayaid Anwar wus sinekti, timur mila bisa mabur, kang maksih kesthi ing
batos.
25. Kang eyang welingipun, kinen nurut kali Nil mandhuwur, marma maksih
nut tikang-tikunging kali, kalunta sangsaya nglangut, wus lepas lampahira
jog.
26. Rawa geng kendel mangu, dene kali samodra anakan mawalun, toyaning
kang rawa wening anglangkungi, Sayid Anwar dangu-dangu, mawas
mangidul was paos.
27. Kidul rawa kadulu, wonten kali mili saking kidul, anjog ngrawa muncar
toyanipun wening, Sayid Anwar mesat gupuh, sakiduling rawa rawoh.
28. Lajeng nurut mandhuwur, datan kendel lampah siyang dalu, maksih manut
tikang-tikunge kang kali, marginya sangsaya ewuh, pakewuhe muwoh-
muwoh.
29. Lawan ingkang wus wau, miwah lamine ing lampahipun, denira nut tikung-
tikunge kang kali, lan kala panurutipun, bengawan kang wus kalakon.
30. Pan sami laminipun, lampahira samana prapta wus, rawa jas lan lepenipun
judheg malih, saking rawa ilenipun, wiyaring rawa tan katon.
31. Wekasane kang kidul, pinggir kulon wetan tan kadu-[78]lu, luwar saking
rawa jamiri-jahiri, rawa jas lan wiyaripun, rawa lun lir samodra rob.
32. Sayid Anwar tyas mangu, dangu ngadeg tepining rawa gung, mangu-
mangu nunguneng tyasnya pan dening, wus nora nana tinurut,
ngeningaken tingalnya katon.
33. Sakiduling rawa gung, wonten malih kali saking kidul, jog ing rawa jas lan
toya kras tan sipi, Sayid Anwar mesat gupuh, sakedhap niyub wus anjog.
34. Sakiduling rawa gung, Sayid Anwar langkung denya ngungun, tumingal ing
kali toyanipun wening, iline pan wus kalangkung, anglir pendah wedang
umob.
35. Sayid Anwar gya laju, toya panas tinurut mandhuwur, iya maksih tikang-
tikunging kali, wit ning ta pakewuhipun, ing marga wuwoh mawuwoh.
36. Saking kali ingkang wus, ingkang peteng sumingeb asingub, ingkang
padhang ngenthang-enthang parang curi, siluk-siluk sungil lunyu, embes-
embes embel jeblog.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 38


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

37. Yen tan sarta lan wahyu, nora bisa ngambah marga iku, pan meh prapta
tanah sajabaning langit, sajatining kono iku, wus tan kena kambah ing
wong.
38. Wauta lampahipun, Sayid Anwar sangsaya angla-[79]ngut, pan meh
dungkap prapta sajabaning langit, kendel lampahira dulu, kidul lamat-lamat
katon.
39. Parbata geng kalangkung, meh ngayuh wiyati luhuripun, tanpa jurang
beluju lurus kang wukir, saking doh gilap dinulu, gunung sela waja wutoh.
40. Wukir drasah ranipun, tutuping neraka jahnam iku, pucak wukir
mrengangah tinon ngajrihi, saking doh katingal murub, kadi bagaskara duk
miyos.
41. Wukir Drasah ya gunung, wukir dasar marma nama iku, dene suku nrus
dhasaring kang bumi, sapangisor sapandhuwur, panas tan kena ginepok.
42. Medal karingetipun, dadya kali babar sirahipun, sapangandhap toyanya
panas tan sipi, marine ing panasipun, yen wus anjog rawa loro.
43. Ya rawa jas lan wau, jamiri jahiri kalihipun, Sayid Anwar langkung ngerame
ningali, tebihe kalawan gunung, kantun sadina lelakon.
44. Prandene panasipun, wus karasa ing sariranipun, Sayid Anwar pratignya
sajroning galih, ing lampah lamun tan antuk, saking parmaning Hyang
Manon.
45. Bisa prapteng swarga gung, sarta lawan ing panggambaripun, lawan malih
yen tan bisa tawa saking, panas sumuking kang gunung, suka yen matiya
gosong.
46. Wusnya pratigyeng kalbu, sigra lajeng wau lam-[80]pahipun, saya perak
sangsaya panas tan sipi, pineksa tyasnya nempuh, ing panas kadya den
obong.
47. Neng sangandhaping gunung, jungkel ing siti panon sumaput, yayah
kadya antaka risang Ibnu Sis, tur iku kala rumuhun, neng Kusniya wus
kinaot.
48. Ing guna sektinipun, wus bisa manjinging geni murub, paran dene ing
mangke datan kuwawi, kasumukan panasipun, ing naraka kantakeng gon.
49. Tuhu yen tikel satus, lan geni dunya ing panasipun, Sayid Anwar
sawusnya samdya sasi, denira satengahkantu, panase wus tan karaos.
50. Mring sarira arep sampun, wungu dennira satengah kantu, nanging netra
pan dereng saged ningali, dahana pucaking gunung, pucunging netra lir
coplok.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 39


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 12 ۩۩۩


PUCUNG

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
1. sayid Anwar tumungkul lajengmanekung, ngeningaken cipta, nanedha
marang Hyang Widdhi, bisanira tawa panasing dahana.
2. Lan bisane lajeng minggah ing swarga gung, kuneng ingkang lagya,
manekung nanadhong Widdhi, kawuwusa kang aneng pucaking arga.
3. Sang Ijajil nasar sasare linantur, denireng Hyang Suksma, kayangan
pucaking wukir, pan anyipta kadhaton jroning dahana.
4. Pan kinentha-kentha kanthaning swarga gung, ki-[81]nembar sadaya, kang
kinarya widadari, putraning jin setan peri parayangan.
5. Dene ingkang kinarya malekatipun, jin setan sadaya, pinilih kang guna
sekti, mukarabe belis kang wignya gogodha.
6. Sang Ijajil tumingal ing wayahipun, Sayiddina Anwar manekung nedheng
Hyang Widdhi, bisanira ningali pucaking arga.
7. Lan bisane lajeng minggah sawarga gung, langkung sukanira, nanging
karsanya Ijajil, tan sajarwa mung nedya ngaku Hyang Suksma.
8. Sila tumpang lunggweng palongka jumerud, rupa kaki tuwa, jenggote
panjang wus putih, cahyanira gumilang kadya sasongka.
9. Nguwuh-uwuh saking sapucaking gunung, cumengkling swaranya, kadya
tumempel ing kuping, heh ta Sayid Anwar putu Adam sira.
10. Sutaning Sis kang Anom ibunireku, hapsari sawarga, Dewi Mulat paring
nami, heh wruhanta iyeng sun Pangeranira.
11. Ingkang Murbeng buwana Hyang Maha luhur, Hyang kang Maha Mulya,
kang satuhu Maha Suci, kang dadekken ing bumi langit kasapta.
12. Saisine kang nora samar ing dulu, obah osiking rat, asung bongga ing
sakalir, sangkan alit genira kapati tapa.
13. Prapteng mangke tyasira durung montra wus, tan [82] lyan sira cipta,
mung amrih guna kasektin, ngungkulana ing sakadang warganira.
14. Nadyan ejim setan sagunging lalembut, haywa na memadha, ing guna
sekti nireki, malah-malah sira anduweni cipta.
15. Haywa kongsi keneng lara miwah lampus, kapengin kang padha, sun
karya badan rokhani, prapteng jaman akir langgeng uripira.
16. Dene lakunira iyapan tinuduh, marang eyangira barenglan kakangireki,
kinen gambar kagungan ingsun sawarga.
17. Den kacithak kabeh ingsarakitipun, pantes mangkenea, ujarta Adam ing
uni, karya ingsun wakil ngratoni sawarga.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 40


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

18. Kaya heneng marang langening swarga gung, marma kinengambar,


wekase eyengireki, dedalane munggah maring ing sawarga.
19. Kinen nurut kali papat sirahipun, padha teka swarga, endi ta kang sira pilih,
bengawan Nil purakje kon kali dlajah.
20. Silih milih kang den ucapken rumuhun, kali nil kang perak, lakunira
kandheg sami, neng tempuran bengawan kewran ing tyas.
21. Kang tinurut dene loro sirahipun, siji saking kanan, kang sawiji saking
kering, nuli ana kang prapta jleg tanpa sangkan.
22. Anak Adam sajodho ingkang sun pundhut, ran Lata-[83]wal Ngujwa, sun
karya werana mami, iku ingkang asung tuduh marang sira.
23. Kakangira si Anwas kang kinen nurut, kali ingkang kanan, sira nurut kali
kering, nanging bener kakangira ingkang kanan.
24. Bengawan Nil kang sirah teka swarga gung, sirah kali babar, kang teka ing
kene iki, banyu metu teka karingeting ngarga.
25. Gunung dhasar iki watu waja wutuh, apanta sun karya, tutupe kang
nerakagni, marma mili banyu panas anglir wedang.
26. Luwih banget kasasare inglakumu, nora kira-kira, wong nedya marang
swargai, wekasane jebul marang ing neraka.
27. Sayid Anwar wau kalane angrungu, wuwuse kang mindha, cemengkling
parek dumeling, kadi-kadi tumempel talinganira.
28. Langkung saking sungkawanira ing kalbu, dening sawuwusnya, ingkang
angaku Hyang Widdhi, langkung sidik Sayid Anwar wus angrasa.
29. Den sasarken mring kang tuduh lakunipun, nanging dereng obah, saking
denira semedi, matur namung osiking diya kewala.
30. Yen tan wonten sihing Hyang kang Maha Luhur, saged prapteng swarga,
antuk sawelinging kaki, suka lebur pinangana pi neraka.
31. Kang mindha Hyang Suksma wruh sungkawanipun, Sayid Anwar sarta,
pratignya ing dalem batin, suka lebur yun tan bisa prapteng swarga.
32. Ingkang mindha wor suka ing wuwusipun, lah wis [84] babo aja kuwatir ing
tyasireki, dumeh banget kasasare lakunira.
33. Luwih adoh ingnraka sireku, yen Latawal Ngujwa, nasarken amrih tan
yukti, kinen nurut kali babar jog naraka.
34. Pan kinarya nyepuhi tapanireku, saking wus tan samar, yen bakal ingsun
turuni, iya saking bangete panuwunira.
35. Jro semedi nora menging ing pandulu, temen mantepira, nglakoni pakone
kaki, apan ingsun satuhu kang sipat rahman.
36. Nyembadani sabarang panuwunipun, sagung titah ingwang, kang mantep
tetep tyas neki, ingkang temen-temen tingale marang wong.
37. Lah age sira tumenga ing luhur, mulata sawarga, sarta lan wawenang
mami, Sayid Anwar tumenga non pucak arga.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 41


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

38. Ngungun dening dahana wau kadulu, kutha nawa retna, murup prabanya
nelahi, yayah kadya amadhangi sabuwana.
39. Ting Pancurat ting pancorong ting palancur, abra ting galebyar, ting
parelok ting parelik, kang pinindha rakiting swarga sadaya.
40. pan pinetha ing sakontha-kanthanipun, panthaning [85] pethetan myang
warnaning sarwa sari, sarwa retna sosetya diadi samya.
41. Wus Kapindha sawarganira Hyang Agung, ing swarga pepindhan tan ana
kang kurang siji, sektinira sang Ijajil iblis lanat.
42. Luwih saking malekat sadayanipun, saciptanya dadya, panglanturira
Hyang Widdhi, pan ginadhang dadya dhasaring naraka.
43. Ingkang mindha lunggweng palongka jumerut, jibeg kang hangayap,
pinindhanira hapsari, putri jin peri miwah perayangan.
44. Sayid Anwar wusnya anon nulya sujud, sumungkem bantala, ciptaning
batin wus pasthi, yen satuhu Sang Hyang kang murbeng bawana.
45. Ingkang mindha sukeng tyas ngandika rum, iya sun tarima, sujudira maring
mami, heh ta Sayid Anwar ingsun pundhut sira.
46. Silatawal Ngujwa inguni sun pundhut, ngong karya werana, dene ta
mengko sireki, ingsun pundhut darah ingsun karya wayah.
47. Iya saking sukane tyas ingsun dulu, ing tumomonira, maring sun madhep
sayekti, sun paringi gambaraning naraka pisan.
48. Apan iku wus dadya kembaranipun, swarga lan ne-[86]raka, lamun takon
yangireki, ya matura yen paring ingsun Hyang Suksma.
49. Lawan sira wus sun karya badan alus, tan keneng antaka, badan rokhani
kadya jim, prapteng jaman akir langgeng uripira.
50. Miwah guna sekti prawiranireki, iyawus karya, luwih saking sektining jim,
lan maninge maksih sun gantungi sira.
51. Kanugrahaningsung ingkang luwih agung, marmane tutugna, genira mati
geni, yen wis tutug ing Malebari Kusniya.
52. Haywa suka andon neng praja sireku, tumuli jaluka idin mring eyangireki,
genira mring nutugake mati raga.
53. Jajah alas jurang guwa gunung-gunung, ingkang durung kambah, jurang
pereng kali-kali, delajahen aywana kang kaliwatan.
54. Yen wus tutug enggonnya andon anglangut, jajah ing wanarga, mayeng
ngubengi pasisir, sarupane tapa kabeh lakonana.
55. Luwihena lan tapanira ingkang wus, lan jaluka prenah, genira amati ragi,
satuduhe eyangira Nabi Adam.
56. Lakonana aja sumelang ing kalbu, karana yangira, Adam wus sun karya
sidik, nora samar marang ing sakarepira.
57. Ingkang durung kalakon kabeh wus weruh, nanging [87] yen nglahirna,
kang durung wektune wedi, eyangira luwih wingiting sarkara.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 42


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 13 ۩۩۩


DHANDHANGGULA

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
1. Sapakone besuk mring sireki, apan wus sah saking karsaningwang,
marma lakonana bae, deneta lakunipun, kakangira kang nurut Nil, wus
lilani prapta, iya mring swargagung, miwah ing panggambarira, nanging
gambar naraka tansun paringi, namung sira kewala.
2. Pan sun karya timbangan sireki, kakangira Sayid Anwas kang nganan, sira
marang pangiwane, pan canggahira besuk, iya ingkang ingsun lilani,
anglahiraken kodrat, lah wis den gupuh, munggaha mring swarganing
wang, sun lilani pareka parek lan mami, iya anampanana.
3. Gambar swarga lan naraka iki, lan maninge sun paringi sira, iya
kanugrahan maneh, ngelmu kang luwih punjul, saking kabeh ya titah
mami, kakangirasi Anwas, lakunirawus mudhun, iya teka ing swarga,
nanging praptaning tempuran bengawan Nil, yekti yen dhisik sira.
4. Sayid Anwar miyarsa nulya glis, medal manjing sawarga pipindhan,
tumundhuk munggeng ngarsane, ingkang mindha Hyang Agung, sarwi
sujud denira nampani, ing gambar kalihira, kalawan winuruk, rajsaning
ngelmu pangiwa, nora nana wujuding Allah sayekti, namung piyambakira.
5. Miwah panjing surupe ing pati, laku ingkang nya-[88]kra panggilingan,
panuksman panitisane, Sayid Anwar wus putus, myang bisane amalih
warni, sakutu walang taga, lan kasaktenipun, Sayid Anwar wus winulang,
kang pamungkas kang luwih saking saktining, ejim setan sadaya.
6. Sawusira palesta wulanging, kang amindha Hyang Suksma gya musna,
sarta lawan sawargane, Sayid Anwar sru ngungun, saya mantep ciptaning
batin, maring kang mindha wus nyata, satuhu Hyang Agung, Sayid Anwar
gya umesat, pan sakedhap kewala lampahnya prapti, tempuraning
bengawan.
7. Ingkang raka estu dereng prapti, sigra matek limunan pamungkas, nganti
kang raka praptane, wau ta kang winuwus, ingkang nganan lampahireki,
wus antuk parmaning Hyang, prapa ing swarga gung, Jabarail kang
ambekta, mring swarga miwah panggambarireki, marmanya glis
sampurna.
8. Rinewangan malekat Jabarail, wusnya sampurna penggambarira, saking
swarga glis udhune, wus prapta kampahipun, ing tempuran bengawan Nil,
kang rayi tan katingal, kendel lampahipun, angantosi karsanira, mring kang
rayi anulya sinapa glis, lah ta kakang bageya.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 43


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

9. Sayid Anwas kagyat duk miyarsi, swaraning kang [89] rayi tan katingal,
nulya ngaton neng ngarsane, kang rayi gya rinangkul, lah ta yayi oleh
kasekten, bisa nora katingal, sapa kang amuruk, kang rayi lon saur ira,
kang amulang pan iya Hyang Maha Suci, lah sira kang anganon.
10. Kaya paran ing lakunireki, apa bisa prapta ing sawarga, kang raka saure,
iya yayi pan antuk, pangestune jeng eyang Nabi, saking parmaning
Suksma, warnaning swarga gung, wus ingsun gambar sadaya, nora nana
ingkang kaliwatan siji, wawangunaning sawarga.
11. Ingkang rayi mesem tatanya ris, sira lan Hyang kang murbeng buwana,
apa ta katemu dhewe kang raka sauripun, mung katemu lan Jabarail,
dinuta ing Hyang Suksma, maringi pitulungan, ngrewangi gambar
sawarga, lah ta sira yayi kang lumaku ngering, kaya pawartanira.
12. Ingkang rayi alon anauri, lakuningsun kakang pan kasasar, kali ingkang
ngiwa kiye, sirahe teka gunung, dhasar tutuping nerakagni, gunung dhasar
kang waja, mrengangah kumutug, metu kringete, kang ngarga, dadya sirah
bengawan mili kang warih, panas lir banyu wedang.
13. Ingsun ora kuwasa nanggemi, kasumukan panasing neraka, kantaka neng
ngenggon bae, kongsi samadya tengsu, nuli ana pitulung Widdhi, nedhaki
maksih lenggah, jroning swarga gung, munggeng pucaking prabata,
amaringi gambar swarga lan malih gambare kang naraka.
14. Lan amisik ngelmi pratingkahing, panitisan pa-[90]nuksma kang sarta,
saliring guna kasekten, mring ingsun iya dhawuh, lamun lakunira wus
prapti, ing swarga mung linilan anggambar swarga gung, lan ingsun
pinundhut wayah, Sayid Anwas miyarsa aturing ari, langkung
pangungunira.
15. Sayid Anwar mring raka lingnya ris, lah ta kakang payo nuli mangkat, sun
gawe gegana bae, lan maksiya lumaku, dharat kaya angkate nguni, yekti
lawas neng ngarga, yen sun gawe luhur, lan mengko wus winuwuhan,
dibyaningsun sayekti yen gelis prapti Malebari Kusniya.
16. Ingkang raka nut aturing ari, gya cinandhak binekta umesat, pan amung
sakedhap bae, prapta ing lampahipun, nenggih nagri ing Malebari,
marengi ingkang eyang, Nabi Adam nuju, animbali para putra, para wayah
andher ngarsanira sami, tan dangu antaranya.
17. Kagyat mulat praptanira kalih, lajeng tumameng byantareng eyang, sareng
angraup padane, kang wayah gya rinangkul, sawusira kineng alinggih,
munggeng ing ngarsa jajar, jeng Nabi lingnya rum, heh wayah ingsun
bageyo, karo pisan iya ing praptanireki, kalih nuhun turira.
18. Kaya ngapa ing laku nireki, ingsun duta gambar [91] ing sawarga, apa
baya oleh gawe, wayah kalih turipun, yen lampahnya samya tuk kardi,
gambaripun titiga, mring eyang wus katur, ananging dereng binuka, Nabi
Adam mesem angandika aris, wayah ingsun kang tuwa.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 44


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

19. Sira ingkang sun takoni dhingin, umatura solah tingkahira, ing laku apa
mulane, dennyantuk gambar telu, siralawan arinireki, Sayid Anwas tur
sembah, eyang mila antuk, lan pun adhi gambar tiga, purwa saking
ingkang nginggil bengawan Nil, kakalih sirahira.
20. Dados kewran tyas kawula sami, yen nuruta ingkang saking kanan,
manawi dede sirahe, ingkang saking swarga gung, yen nurutakang saking
kering, manawi estu ingkang, saking kanan wau, sirahe kang saking
swarga, nunten wonten tyang satunggal kang prapti, saking jleg tanpa
sangkan.
21. Pan angaken yen arinireki, putra tuwan jeng rama let sanga, Latawal
Ngujwa namane, purwane tuwan tundhung, murtatipun kesah jalwestri,
martapa wonten Kusna, punika pukulun, inggih ingkang asung tedah, yen
kang kali saking kanan Nil, kang kering lepenbabar.
22. Lepen babar lawan bengawan Nil, sirahipun sami [92] saking swarga,
Latawal Ngujwa sanjange, kawula kinen nurut, kang saking ler bengawan
Nil, pun adi nurut babar, lepen saking kidul, sasampunipun sung tedah,
nunten musna Latawal Ngujwa tab keksi, amba mituhu samya.
23. Ulun nganan pun adhi angering, estu lepen ingkang saking kanan, yen
saking swarga sirahe, lampahnya kawula antuk, parmaning Hyang
enggaling prapti, Jabrail kang ambekta, myang panggambar ulun, ing
swarga gung inggih lawan, rinewangan dhateng malekat Jabarail, marma
glis sampunira.
24. antuk ulun saking ing swargi, inggih angsal parmaning Pangeran, enggal
prapteng tempurane, pun adhi tan kadulu, ulun cipta yen dereng prapti,
temahanipun nyapa, jawil saking pungkur, nunten ngatingal neng ngarsa,
amba taken dennya saged tan kaeksi, wulanging Gusti Allah.
25. Miwah denya angsal gambar kalih, inggih saking paringing Hyang
Suksma, jeng Nabi mesem delinge, lah sira wayah ingsun, ingkang anom
matura kaki, sasolah tingkahira, tetamu Hyang Agung, kang wayah umatur
manembah, ing nalika panyimpangira ing nguni, saking lepen tempuran.
26. Amiwiti malah amekasi, kasasarira neng redi dha-[93]sar, nalika
kasangsayane, sasolah tingkahipun, denya panggih lawan Hyang Widdhi,
pamulang pawelingnya, sadaya wus katur, tan wonten kang kelangkungan,
langkung ngungun sadaya ingkang miyarsi, ature Sayid anwar.
27. Dennya ngaken panggih Hyang Widdhi, langkung saking gaibing
pratingkah, wulang miwah wawelinge, myang kasangsayanipun,
kantakane samdaya sasi, pinundhut mulyanira, wayah mring Hyang
Agung, mung jeng Nabi kang tan samar, yen Ijajil kang ngaku Hyang Maha
Suci, nanging datan winedhar.
28. Nabi Adam ngawe praputra glis, miwah sagung ingkang para wayah,
nangebdha Sis pangiride, kang wayah Sayid Anwas, para putra gupuh,

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 45


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

majeng tuwin para wayah, kapang tepung munggeng ngarsanya jeng Nabi,
gambar nulya binuka.
29. Samya eram sadaya ningali, putra wayah lam-lamen ing driya, non gambar
swarga asrine, luhur pisan kadulu, mawa cahya murub nelahi, dhindhing
jalal katingal, gumawang ngunguwung, wonten tulis jroning cahya lapal
muni Laila Hailallahi, Muhammad Rasulullah.
30. Nulya sujud wau kangjeng Nabi, saputra wayahira [94] sadaya, nebut ing
lapal kaliye Laila Illahu Muhammadarasulullahi, wus tangi sadaya, saking
sujudipun, jeng Nabi ngandikeng wayah, heh ta Anwas sun paringaken
sira malih, gambar swarga lehira.
31. Apan iki nugraheng Hyang Widdhi, lapal loro ingkang munggeng gambar,
temen-temenira nglakoni, iya mring tuduh ingwang, tan mengeng ing
kalbu, ing besuksira turune, marang anak putunira ingkang kari, kinarya
pusaka.
32. Sayid Anwas sandika turneki, gambarira sampun tinampanan, jeng Nabi
gantya ambeber, gambar swarga tukipun, Sayid Anwar kang den tingali,
putra wayah sadaya, pra samya andulu, eram ngungun ing wardaya daya,
dening warnaning gambar wus datan kalih, lan gambar saking Anwas.
33. Namung kaot ing nginggil tan mawi, tulis lapal Allah lan Muhammad, mung
tulis dhawuhe, tan mawi cahyya suwung, gantya ingkang dipun tingali,
gambare kang naraka, ngajrihi dinulu, para putra para wayah, mulat
gambaring neraka keter sami, jeng Nabi anandika.
34. Heh tan Anwar olehira iki, gambar swarga lan gambar neraka, sun
paringaken sira maneh, pusakakna ing besuk, marang anak putunereki,
yeku nugrahanira, paringe Hyang Agung, kang ngambil ing putu sira,
lakonana apa sapakonireki, aja sumelang driya.
35. Lamun temen-temen tyasireki, marang Allah kang [95] nemoni sira,
anglakoni satuduhe, tan mengeng ing pandulu, sayektine kabeh pinanggih,
wuwuse Allahira, kang angambil putu, neng pucaking gunung dhasar,
pituhunen satuduhe pan sayekti,pan wus karsaning Suksma.
36. Deni sira kinen jaluk idi, lawan ingsun tuwin jaluk prenah, genira
anutugake, maring tan panireku, iya kulup ingsun ngidini, dening ta prenah
ingwang, tapaa sireku, gunung baod tanah sela, aneng pucaking gunung
den banget mamrih, subrangta mati raga.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 46


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 14 ۩۩۩


ASMARADANA

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
1. Pan iku tilasan mami, duk dinukan ing Hyang Suksma, saking swarga den
dhunake, mring dunya lan eyangira, Siti Kawa pinisah, tanah Siyem
tibanipun, ingsun tinibaken ngarga.
2. Pucaking gunung serandhil, satus tahun ingapura, ingsun kinumpulken
maneh, iya lawan eyangira, aneng ing tanah Arab, sukuning tarwiyah
gunung, banget panalangsaningwang.
3. Begendha Sis duk miyarsi, pangandikane kang rama, [96] cinatet jroning
galihe, wruh sasare ingkang putra, tumungkul sru sungkawa, jeng Nabi
Adam anduku, bagendha sis sungkawanya.
4. Pangandikanira aris, heh ta Esis putraningwang, sutanira lelakone, wus
tinakdir ing Hyang Suksma, kawula yen nampika, ing titah pan duraka
gung, malah malah ing tyasira.
5. Den banget sokur Hyang Widdhi, lah ta iya pira-pira, sutanira sakarone,
kinarsakken dening Suksma, dadi bebaku padha, pangiwa panengenipun,
angapa yen sak sireka.
6. Sutanta kang tuwa dadi, babakuning panengennya, bebakune pangiwane,
ingkang anom sutanira, apa dudu nugraha, Karseng Hyang kang
mangkoneku, kawula iki pan darma.
7. Nglakoni karseng Hyang Widdhi, mangsa ta dadak bisawa, ngowahi
Hyang Manon, bagendha Sis miyarsa, andikane kang rama, sukeng tyas
anulya sujud, dedonga sokuring Suksma.
8. Miwah ingkang putra kalih, sukeng tyas mituhu samya, mring kang eyang
sadhawuhe, gambar kalih wus tinampa, marang Sayidin Anwar, sarwi
matur lamun sampun, trang timbalanipun eyang.
9. Linilan ulun pamit, ing lampah lajeng kewala, [97] mring wukir kaod
samangke, kang eyang mesem ngandika, iya sokur tyasira, mengkono
kencengireki, ingsun rewangi dedonga.
10. Manedha Hyang Widdhi, muga-muga tinekana, ing saciptanira kabeh,
gonira mrih mati raga, lah wis nuli mangkata, aywa tumulih ing pungkur,
kadang miwah yayah rena.
11. Sayid Anwar gya ngabekti, mring eyang miwah mring rama, sawusira
mundur age, saking ngarsane kang eyang, mesat sakedhap prapta,
sapucaking bapt gunung patilasan Nabi Adam.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 47


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

12. Lajeng dennya mati ragi, aneng sapucaking ngarga, kuneng malih
winiraos, Nabi Adam cinarita, dennya ngratoni marang, sagunging sato
wana gung, wus pinundhut ing Hyang Suksma.
13. Mung tetep denya ngratoni, marang putra wayahira, pan sampun karya
kadaton, neng Malebari Kusniya, pra wayah kang wus samya, diwasa
jinodhon sampun, dhaup nak sanak sadaya.
14. Ingkang kathah tan winarna jodhone, dhaup lan putri paman, Sayidin
Kayumarat, warnanira yu pinunjul, Siti Kayati namanya.
15. Runtut dennya palakrami, tanan suwaleng karsa, Sang Dyah bekti mring
kakunge, kakung asih maring garwa, cinatur wus puputra, jalu pekik
warnanipun, sinung nama Sayid Kinan.
16. Lahiripun amarengi, yuswanipun ingkang eyang, [98] ingetang tahun
srengenge, tugang atus seket gangsal, tan lami antaranya, babar malih
ingkang ibu, sinung nama Sayid Pinat.
17. Tan alami wawrat malih, babar putrane wanodya, kalangkung endah
warnane, wus tan kalih lan ibunya, anama Dewi Sekan, cahyane sumunar
mancur, kadya baguning kartika.
18. Yuswane panjang nglangkungi, kadya datan keneng tuwa, ing benjang
sang Dyah kramane, dhaup prenah warengira, wus tinakdir Hyang
Suksma, dadya ibunya Nabi Nuh, kagarwa Sayid Lamah.
19. Yeku carita megati, winangsulan Sayid Kinan, cinatur cendhake bae,
reroncene tan winarna, buru lampahing kandha, miwah pangetanging
tahun, mung tahun surya kinarya.
20. Tahun wulan tan winarni, cinatur Sayidin Kinan, wus kramantuk misanane,
panengeean Siti Amah, putreng Sayid Tumarah, sayid tumarah puniku,
putreng Sayid Katumarat.
21. Siti Amah wus garbini, babar jalu putranira, Sayid Mahlail namane, wus tan
kali lan kang rama, anuju babarira, tahun Adam kawan atus, salawe ing
tahun surya.
22. Diwasanipun akrami, dhaup lan Siti Matusah, pu-[99]trining Sayid
Makyayel sutaning Ngeran, Ngeran ingkang susuta, Sayid Kanuh kang
susunu, putra Dam Kabil kang murtat.
23. Sayid Mahlail sisiwi, jalu pekik warnaira, Sayidin Majid namane, Sayid Baril
paparabnya, jujuluk Sayid Barat, tegesipun Sultan Agung, Sayid majid
lahirira.
24. Tahun Adam amarengi, kawan atus sangang dasa, Sayid Barat diwasane,
kramantuk misananira, Siti Asup namanya, warnanya yu pinunjul, Siti Asup
kang susuta.
25. Anama Sayid Mukalil, putraning bendha Pinad, Pinad iku arine, dening
Sayidina Kinan, sami putraning Anwas, mangkana ingkang winuwus, Nabi
Adam sawusira.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 48


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

26. Yuswa gangsal atus warsi, lan sawidak lakungira, jeng Nabi arsa seseleh,
ing kukumah nubuah, tegesipun nubuah, seleh kanabeyanipun, kukumah
karatonira.
27. Putra kalih kang pinilih, gantyani karatonira, miwah ing kanabeyane, kang
sinerenan kukumah, Sayidin Kayumarad, juluk Prabu Kayumutu, mengku
nagari Kusniya.
28. Ajeg tindaking nagari, jejeg sapraja sukarja, [100] tanna malangking kang
pangreh, para kadang para putra, wayah buyut myang canggah, sadaya
suka sumuyud, mring sang Prabu Kayumarad.
29. Pangreh ing rad narcayani, pamengkuhira ing bala, ananging kadang
wargane, berbudi tur bijaksana, legawa palamarta, ulahing wiweka putus,
sembada prakosweng yuda.
30. Dene kang gumantya Nabi maksih, Maha Raha Pinandhita, pindha-pindha
pupundhen, mring anak putu sadaya, tinuwa-tuwagana, sinembah
sinuhun-suhun, tinut ing satuduhira.
31. Anggung nanedheng Hyang Widdhi, lestarinireng agama, putra wayah ing
manute, mring putra kang sinerenan, kukumah lan nubuah, ya ta wau kang
wus nenggih Sayidin Barad.
32. Sasampunira akrami, dhaup lan misananira, Sri Mutalil ing putrine, nulya
Sayidina Barad, karsanira eyang, myang rama sadayanipun, jinunjung
umadeg nata.
33. Jujuluk Sri Sultan Majid, mengku nagari Kusniya, Sultan Agung peparabe,
sujud sakula gotrahnya, ingkang rama megawan, saking bumintara kasup,
Sang Sri Prabu Barad.
34. Punjul samaning para ji, karatone binathara, [101] kang garwa lajeng
wawrate, prapteng mangsanira babar, jalu pekik warnanya, sinung nama
Sayid Unuh, amawa cahya nugraha.
35. Ajejuluk Nabi Idris,
Idris diwasanira akrama, Siti Ngarban paparabe, putrining
Sayid Balingah, Balingah
36. Ngamura putreng Pamuri, putreng Sesan Ibnu Adam, Nabi Idris
sasampune, akrama nulya gumantya, karatone kang rama, Narapati Maha
Wiku, jujulukireng karajan.
37. Jeng Sultan Armasul Kakim, ingkang garwa lajeng wawrat, prapteng
mangsaning wulane, babar jalu putranira, langkung pekik warnanya,
cahyanya wenes sumunu, sinung nama Sayid Malkan.
38. Kangjeng Nabi Adam maksih, duk lahire Sayid Malkan, pan meningi
gerpak male, turun wolu tegesira, wusnya jangkep kang yuswa, sangang
atus warsa langkung, suwidak prapteng sedanya.
39. Para putra kumpul sami, wayah buyut miwah canggah, kang wus mencar
yen eyang seda, mesat saking baod gunung, sakedhap prapteng Kusniya.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 49


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

40. Myang malekat Jabarail, prapta dinuteng Hyang [102] Suksma, bekta
saupa renggane, ing layon sampunira, siniraman kinapan, sinareken guwa
kunus, tanah Arabi ing Jedah.
41. Prenah sakilening wukir, Abikubes let sawarsa kang garwa nusul sedase,
babu Kawa layonira, sawusnya Siniraman, sinarekken daganipun, ingkang
raka nabi Adam.
42. Wauta ingkang winarni, Sayid Malkan diwasanya, dhaup prenah warenge,
nenggih retna Dewi Sekan, arining Sultan Kinan, denira akrama runtut, tan
ana suwalang karsa.
43. Sih sinihan jalu estri, Nabi Idris duk samana, lagya sengsem ing galihe, lan
Ngijrail pawong mitra, sampun saengga kadang, pananggung
patemonipun, Nabi Idris cinarita.
44. Kapencut uning swargadi, mring Ngijrail pamothahnya, tinurutan mring
Hyang Manon, Nabi Idris wus binakta, minggah sawarga, mring Ngijrail
sampun rawuh, Nabi Idris duk tumingal.
45. Lelangen srining swargadi, langkung sengseming wardaya, supe marang
nagarane, binekta wangsul lenggana, marang ing ngalam dunya, wus
karasan neng swargagung, katur ing Hyang tinurutan.
46. Panuwunnya Nabi Idris, tetep ngadhaton sawarga, [103] sarta kalawan
wadhage, ingkang kantun neng nagara, wus lami antaranya, ingkang rama
datan kondur, mangkana Sayidin Malkan.
47. Apan wus gumantya aji, mengku nagari Kusniya, binathara karatone,
gagah prakosa ngayuda, sumbaga memondraguna, peparabireng
kaprabun, jeng Sultan Mutawasalka.
48. Sujud sapraja samya jrih, sagotra kulawarganya, tanana malang ing
pangreh, miwah kang ngamanca praja, kekes ajrih sadaya, wus supe
ngagaminipun, jeng Sultan Mutawasalka.
49. Keneng panuntuning Iblis, kalimputing kawibawan, lali maring Pangerane,
saking gunge kang kagungan, puwa-puwambek harda, nutuge
sabudinipun, Sri Nata Sultan Malkan.
(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 15 ۩۩۩


SINOM

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
1. Mangkana ingkang winarna, prameswarining Narpati, nenggih retna Dewi
Sekan, semana sampun gerbini, prapta ngantareng sasi, babar jalu
putranipun, langkung pekik warnanya, amawa cahya nelahi, nenggih
cahya nubuwahing kanabeyan.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 50


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

2. Dumunung munggeng larapan, lir trenggana ngikis ratri, kesisan ing ima-
manda, muncar-muncar anelahi, anama Sayid Sakib, apeparab jeng Nabi
Nuh,
Nuh tan lami antaranya, Dewi Sekan wawrat malih, babar jalu langkung
pekik.
3. Sinung nama Sayid Bulya, apaparab Nabi Kilir,
Kilir pan [104] dadya rijallolah,
gaib karsaning Hyang Widdhi, mangkana kang winarni, Nabi Nuh
diwasanipun, apan sampun akrama, dhaup lan misananneki, putrinipun
kang paman rajeng Malaka.
4. Anama Siti Anikah, warnanira yu linuwih, dene sang rajeng Malaka, Sayid
Salkan kang sisiwi Salkan arinereki, ingkang rama sanga Prabu Sultan
Mutawasalka, sawusnya Nabi Nuh karami, Sultan Agung Malkan prapteng
sedanira.
5. Kalajeng kapir sadaya, karatone kang gumanti, Nabi Nuh Kalipattolah,
Nabi angiras Narpati, mengku kalih prakawis, nubuwah kukumahipun,
Nabi mengku sarengat, agama Adam ing nguni, sampun masuh mring
Nabi Nuh agamanya.
6. Tulus panjenenganira, denira ngrata agami, cinatur sampun peputra, lan
Dewi Anikah nenggih nenem kathahineki, putranira ingkang jalu, pekik-
pekik sadaya, putrestri datan winarni, pembajenge anama Sayid
Kanangan.
7. Sayid Sakin penenggaknya, ajejuluk Sultan Bahur, kang rayi nama Sayid
Sam, anulya Sayidin Kawid, Sayid Kam ingkang rayi, Sayid Yapis kang
waruju, putra nenem punika, kang tiga murtat agami, kang titiga anut
agamaning rama.
8. Kang murtad Sayid Kanangan, Sultan Bahwi lawan [105] Kawid, kang
manut Sayid Sam, Sayid Kam lan Sayid Yapis, anak putu jeng Nabi, Adam
Nalika puniku, kang somahan kewala, cinarita lagya dadi, kawan dasa ewu
nenggih katahira.
9. Ingkang rare miwah ingkang, lalegan datan winarni, kathahe walahu
aklam, mung Allah kang ngudaneni, Nabi Nuh umat neki, nalikanira
puniku, kathah kang sami murtat, manut ingkang putra katri, Sultan Bahwi
Sayid Kawid lan Kanangan.
10. Tan lama antaranira, nulya na dukaning Widdhi, kinelem ing toya topan,
saisen-isening bumi, tumpes tapis mung kari, putra katri kang samya nut,
lan sabat kawan dasa, kembaran gesangireki, binekta mring jeng Nabi
minggah ing palwa.
11. Dene kutu walang taga, mung bekta nyajodho sami, kutu kang gumeremet
samya, tegesing taga kang sami, rumangkang lampah neki, walang kang
bisa mabur, sapakanira samya, sadaya wus den panceni, miwah tedha
sangu-sangu kinathahan.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 51


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

12. Utawi sawarnanira wiji-wiji den pepaki, sabak-[106]danira patopan, waluya


sadaya sami, putra kang manut katri, myang para sakabatipun, lan kutu
walang taga, tan ana kang kalong siji, sampun menstas sadaya saking ing
palwa.
13. Putra tri lajeng pinatah, pencara miliya sami, papan ing sasenengira, kang
badhe den bebakali, tinaneman ing wiji, myang para sakabatipun, kawan
dasa kembaran, sadaya wus dinum sami, putra tiga mendhet ngenem
kekembaran.
14. Kang kathah pinatah pisah, ngrong jodho miliya sami, siti ingkang
binakalan tinaneman wiji-wiji, wus lumaksana sami, ana ngaler ana ngidul,
ngulon miwah ngetan, jeng Nabi ingkang umiring, namung milih sabate
kalih kembaran.
15. Bebakali dhepokira, sinambi ananem wiji, sarta gung ennya dedonga,
rahayune putra katri, kang mencaraken wiji, bubak siti karya dhukuh,
miwah sakabatira, aywana sangsayaneki, lestariya ing saturun-turunira.
16. Wau kang ngupaya papan, sawusira samya manggih, siti kang dados
senengnya, pan lajeng den bebakali, wus dadya den tanemi, wiji-wiji
samya thukul, miwah ingkang bebakal, sadaya samsa sisiwi, apan lajeng
samya besan-binesanan.
17. Lami-lami pang sangsaya, kathah wewahe kang jal-[107]mi, sangsaya
wiyar tebanya, denira bebakal sami, wiji sangsaya dadi, kathah kang wus
dadya dhukuh, ingkang wus gemah mencar, bebakal ananem wiji, lami-
lami sangsaya kathah wewahnya.
18. Miwah kutu walang taga, beranahan manak sami, lami-lami pun sangsaya,
wuwuh mawuwuh kang jalmi, wiji sangsaya dadi, myang dhukuh
sasngsaya wuwuh, wus kathah dadya desa, cinarita putra katri, minggal
dadya desa geng langkung gemahnya.
19. Lami-lami pan sangsaya, harja wus dadya nagari, namaning nagari kadya,
namaning bebakali, Sayid Sam iya nagari, Ngesam nenggih naminipun,
Sayid Yapis namanya, iya nagari ing Yapis, Sayid Kam iya nama nagari
Kam.
20. Miwah sakabat kang samya, bebakal sawise dadi, desa arane ya kadya,
namane kang bebakali, miwah bebakalneki, duk putra Adam rumuhun,
wayah buyut kang samya, babakal babad wanadri, ingkang sadaya
dhukuh desa myang nagara.
21. Namanipun iya kadya, namane kang bebakali, miwah kang samya
martapa, putra wayah Adam nguni, neng jurang kali-kali, alam guwa
gunung-gunung, tilasane keh kadya, namane kang mati ragi, miwah tanah
kathah kang samya karanan.
22. Namane ingkang tutruka, kuneng wau kang winarni, [108] putra tri kang
wus samya, tulus madeg Narapati, harja nagrine sami, candhake bae

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 52


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

cinatur, buru lampahing kandha, reroncene tan winarni, kang ginancar


garwanira Sultan ing Sam.
23. Siti Iskajis namanya, putrinipun Raja Malik, Raja Malik kang puputra,
anenggih sang Rahja Sakir, Sakir ingkang sesiwi, Sayid Salkan
putranipun, Nabi Idris punika, Sultan Sam lawan sang putri, putranira kang
ajalu apan sangalas.
24. Kang Sepuh Sayidin Ibkas, nuli Sri Irpak panenggih, anulya Sayidina Rab,
ingkang rayi nama Sayid, Kustantusniya nenggih, ingkang rayi namanipun,
Sayid Kustantusniyah, anama Sayidin Pirsi, nulya Sayid Parasi nulya
rinira.
25. Sayid Parasis anulya, Sayid Kuristam anuli, Kijistam anulya Aram, anulya
Sayid Harmani, ingkang rayi nama Sayid, Liwad nulya arinipun, Sayid
Ngajam, Sayid Kusistam anuli, Sayid Angad anulya Sayidin Nasar.
26. Anulya Sayidin Barab, kang rayi Sayid Bahuri, songalas Sayid Sayam,
ingkang gangsal welas nenggih, kinen mencarasami, abebakal karya
dhukuh, sarta binektan bala, marmenggal dadosireki, ana ingkang dadya
desa myang nagara.
27. Ana kang jumeneng raja, ana kang dadya Bupati, [109] namaning nagri ya
kadya, namane bebakali, ana kang mati ragi, karem dadya pandhita gung,
ana dadya uliya, miwah putra kang kakalih, Sayid Yapis lan kang raka
Sayidin Kam.
28. Samya kathah putranira, sadaya wus mencar sami, babakal akarya desa,
ya ta wau tanwinarni, putreng Sayid Kam nenggih, mung pinendhet
bakunipun, putra ingkang panenggak, kang nedhahaken kangjeng Nabi
Mukamaddinilmustapa
Mukamaddinilmustapa niyakengrat.
29. Anenggih Sultan Irpaksad, garwanira nama Siti, Rikah langkung endahira,
panggih naksanak sang putri, putreng Sayid Kam nenggih, putranira jeng
Nabi Nuh, dene Sultan Irpaksad, titiga putranireki, ingkang sepuh Sayid
Saleh namanira.
30. Panenggake Sayid Kanan, Sayid Saruh kang wuragil, Sultan Saleh
garwanira, nama Siti Kandakistin, yeku putrinireki, Sultan Tusniya
rumuhun, putranira Sultan Sam, dene Sayid Sultan Salih, putra kalih kang
sepuh ran Sayid Ngabar.
31. Sayidin Saruh taruna, jeng Sultan Ngabar akrami, nama Retna Siti Barah,
raja Bakar kang sisiwi, babar putreng Sayidin, Arwani ingkang susunu,
nenggih Sultan Sayid Sam, jeng sultan Ngabar winarni putranira kang jalu
sakawan.
32. Sayid Kasim pambajengnya, panenggake Sayid Pa[-110]lih, panenggahe
Sayid Kahtan, Nabi Hud ingkang wuragil, dene Sayidin Palih, ingkang
dadya garwanipun, putrine Raja Salan, anama Siti Ngabari, Raja Salan
putranira Sultan Kanan.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 53


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

33. Sayid Kanan kang puputra, Sultan Irpaksad ing nguni, putraning Sultan
Sayid Sam, dene Sayid Sultan Palih, putranira kakalih, Sayidin Rangu
kang sepuh, Sayid Sarid arinya, Sayid Rangu kang winarni, garwanira
nama Dewi Siti Hudah.
34. Nabi Hud ingkang puputra, Nabi Hud putranireki, nenggih Sayid Sultan
Ngabar, Sayid Rangu asisiwa, Sayid Suruh gumanti, karatone eyangipun,
Sayidin Sultan Ngabar, Sayidin Saruh akrami, Siti Ngidah putrining raja
Ngadashar.
35. Dene Sang Raja Ngadashar, Raja Sadad kang sisiwi, kang antuk
benduning Allah, ayasa ngentha swargadi, Sadad ingkang sisiwi, Ngad
Akbar ingkang susunu, Raja Ngus namanira, Raja Ngus puteng Armani,
sang Armani putranira jeng Sultan Sam.
36. Sultan Saruh kang winarna, putranya jalu kakalih, [111] Sayid Nakur
pambajengnya, kang rayi ran Sayid Jajir, tinanem ing nagari, Jajirat
kalidatipun, Sayid Nakur garwanya, Siti Mangikan nameki, pan arine
dening Sang dipati Mekah.
37. Nama Sayid Manguniyah, Sayid Bakar kang sisiwi, Bakar putrane
Bubakar, Bubakar kang sisiwi, Sayid Ngabdullah nenggih, Ngabdullah
ingkang susunu, Sang Raja Ngisyunjabar, Raja Ngisyunjabar nenggih,
kang peputra nama Raja Ngamalika.
38. Ngamalika kang puputra, Sayidina Liwad nguni, putraning Sayid Sultan
Sam, Sultan Nukur kang winarni, putranira kakalih, Raja tarih ingkang
sepuh, nulya Sultan ran Kobra, Raja Tarih kawon jurit, marang raja Namrut
pan lajeng kabala.
39. Kinarya patih misesa, angreh para narpati, sinung nama Patih Najar, Raja
Namrud kang sisiwi, Raja Kaos raneki, Raja Kaos kang sesunu, nenggih
Sayidina Kam, putreng Nabi Nuh inguni, dene Raja Patih Najar garwanira.
40. Nama Dewi Siti Nonam, Raja Nuning kang sisiwi, Raja Nun putraning
Yunan, Raja Yunan kang sisiwi, Raja Yungas nameki, Raja Yungas kang
susunu, anama Raja Mangas, Raja Mangas kang sisiwi, nama Raja
Masisah ingkang susuta.
41. Raja Yunan kang pisan, putranira Sayid Yapis, Nabi Nuh ingkang puputra,
Palih Najar kang winarni, tiga putranireki, Nakur Ashar kang ngasepuh,
panengah nama Ashar, wuragil Nabi Ibrahim,
Ibrahim garwanira jeng Nabi ran
Dewi Sarah.
42. Putinipun Sultan ing Sam, raja aran Kobra neng-[112]gih, Sultan Nakur
kang peputra, ingkang nom garwa jeng Nabi, putrining Sultan Mesir,
anenggih sang Raja Kumus, putri ran Siti Ajar, raja Kumus kang sisiwi,
sang raja Bus putranira raja Jabar.
43. Putrining Ngamalud raja, putraning Sang Raja Ngimlik, Raja Lawid kang
puputra, Sayid Iram, kang sisiwi, Sayid Sultan Sam nenggih, putranira jeng

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 54


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

nabi Nuh, cinatur Siti Ajar, patutan jalu satunggal, nama Nabi
Ismangilladabikulah.
Ismangilladabikulah
44. Dene Retna Dewi Sarah, inggih patutan satunggil, jalu nama Nabi Iskak,
Iskak
sedaning garwa kekalih, putri Ngesam lan Mesir, tan lami antaranipun,
jeng Nabi Brahim dennya, dhudha nulya krama malih, antuk Dewi Putur
putri ing kanangan.
45. Paparab Siti Katurah, raja Yaktam kang sisiwi, punika punggawanira,
nenggih jeng Nabi Ibrahim, Siti Putur winarni, pan akathah putranipun,
nenem kang mijil priya, sakawan ing pawestri, pambajenge anama Sayid
Jimrana.
46. Panenggak Sayid Yaksana, arinya ran Siti Manti, anulya Sayid Madana,
nulya Sayid Madyan nenggih, parab Sayid Madaid, Siti Madinah rinipun,
anuli Sayid Yasbak, Siti Sabikah kang rayi, Siti Sabkiyah wuragil Sayid
Sawah.
47. Wau njeng Nabi putranya, mung kalih kang winarni, [113] Nabi Ismangil
kalawan, jeng Nabi Iskak kang rayi, Nabi Iskak sisiwi, tetiga putra kang
sepuh, nama Siti Kabirah, apan dadya Nabi estri ingkang ingkang rayi Nabi
Nges nulya rinira.
48. Bagindha Yakup namaya, wau Nabi Nges winarni, neng nagri Adum
puputra, ing Ngerum Sultan Rakwail, Rakwail asisiwi, Sultan Jarak
asusunu, Raja Unus puputra, nama Ayub dadya Nabi, yata way Bagendha
Yakup putranya.
49. Pan telulas kathahira, kang saking garwanireki, Sti Lahya putra gangsal,
kang sepuh namanireki, Yahuda rinireki, Bagendha Rubil rinipun,
Bagendha Buyamin, dene putra kang saking, Masnen iku tegesipun, selir
kalih namanya, Siti Balha kang satunggal, satunggale selir nama Siti
Julpa.
50. Dene Masnen Siti Balha, titiga putranireki, Ba-[114]gendha Yadun
namanya, Bagendha Yasjar rineki, tiga Rutalun nenggih, dene Masnen
Julpa wau, iya putra titiga, lan jeng Nabi Yakup nenggih, pan anama
Namtali nulya rinira.
51. Bagendha Dana anulya, Bagendha Asyar rineki, jangkep telulas putranya,
putra kang sepuh einarni, Yahuda asisiwi, bagendha Paris ranipun, Paris
wau peputra, nama Kisron asisiwi, pan anama Bagendha Ras apuputra.
52. Pan anama Ngamidahab, Bagendha Nahsan putreki, Salimun nulya
puputra, Bangaja puputra nuli, Ngubed putranireki, Bagendha Esa susunu,
Nabi Dawud namanya, dene Nabi Dawud nenggih, kang ginancar putranya
pan kalih dasa.
53. Sayid Tamnun kang nguwata, panenggak ran Sayid Kalib, Abisalum
arinira, Sayid Dudniya rineki, Sayid Samanga, Sayid Askum rinireki, Nabi
Nasan nulya jeng Nabi Suleman.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 55


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

54. Arinya Sayid Yukapar, Sayid Alisamak nuli, Sayid Alidanga nulya, Sayid
Alingalab nenggih, Sayid Namah, Sayid Yamyak rinireki, Sang Alisak Siti
ramir manisira.
(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 16 ۩۩۩


DHANDHANGGULA

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
1. Wau bagendha Yakup putreki, Bagendha Lawe ing-[115]kang winarna,
bagendha Pais putrane, sakawan putranipun, Sayid Ngimran kang sepuh
nuli, Sayid Yas arinira, Sayid Jabil iku, wuragil Sayid Kabrawan dene Sayid
Ngiman wau kang winarni, sakawan putranira.
2. Ingkang sepuh Nabi Harun nenggih, nulya Siti Kaltum arinira, Siti Maryami
arine, Nabi Musa puniku, kalamolahireng Hyang Widdhi, Nabi Harun
winarna, nenggih putranipun, nama sayid Ahlingajar, putra Sayid punikas
puputra nuli, Sayid Yasar puputra.
3. Nabi Ilyas papa rabinireki, amangsuli wau kang winarna, jeng Nabi Yakup
putrane, Sayid Asraim iku, apuputra Sayid nunenggih, puputra Nabi Yusak,
kuneng kang winuwus, bagendha Pais putranya, kang panenggak Sayid
Yashar putraneki, Sangkarun namanya.
4. Kang winulang Nabi Musa, Karun dennya bisa karya emas, myang salaka
sadayane, punika kang cinatur, amegati carita nenggih, mangsuli
sejarahnya, wau kang winuwus, jeng Nabi Brahim putranya, ingkang
sepuh nenggih jeng Nabi Ismangil, punika kang winarna.
5. Nabi Ismangil garwanireki, Siti Rasmani ingkang [116] puputra, raja Malal
peparabe, Malal ingkang susunu, raja Ngumru ingkang sisiwi, raja Jurham
kang susuta, Sultan Jarah puniku putranireki, nenggih Sang raja Kahtan.
6. Putranira Sultan Ngabar nenggih, Ngabar Sultan Salih kang puputra, Salih
puniku putrane, Sultan Irpaksad iku, putranira Sultan Sam nenggih, Nabi
Ismangil winarna, kathah patutipun, lan garwa putri Yurhama, nenggih Siti
Rasmani putranireki, sadaya kawan welas.
7. Pambajenge nama Sayid Sabid, panenggake ran Siti Makilas, Siti Basimas
parabe, Sang kusuma kramantuk, jeng Nabi Nges putranireki, kang paman
Nabi Iskak, ing sasedanipun, Sayid Sabid putranira, jalu estri sadaya
anama Sarib, tegesipun Pangeran.
8. Sarta sami kaparingan nagri, sowang-sowang den urutira, Siti Makilas
arine, Nama Sarib Nibayus, nulya Sarib Kedar anuli, Sarib Adabil nulya
Adbail rinipun, anama Sarib Sam nulya Sarib Masmak nulya Sarib Dum
anuli Sarib Musa anulya.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 56


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

9. Sarib Kudan namane kang rayi, sarib Sima nulya [117] Sarib Tima, nulya
Sarib Natur rine, anama Sarib Yatur, arinira ran Sarib Nipis, nulya Sarib
Kidama, wau kang winuwus, nenggih sarib Menakkedur, garwanipun
putrinira Sayid sami, nama Siti Supiyah.
10. Sayid putreng Nabi Salih, nenggih Raja Ngabid kang susuta, Sang Raja
Asap putrane, Raja Masah puniku, putranira Sang Raja Ngabid, Ngabid
ingkang sapisan, nenggih kang susunu, Raja Katir putranira, Raja samud
Raja Ngabar kang asisiwi, sayid Armani nama.
11. Putreng Sayid Sultan Sam putraning, jeng Nabi Nuh wau kang winarna
Sang Menak Kedar putrane, sarib Les namanipun, garwanira anama Siti,
Ngariyah suteng Raja, Lutan namanipun, nabi Lut ingkang puputra,
nenggih Raja Ashar wau kang sisiwi, Sang Raja Patih Najar.
12. Sang Sarib Les wau kang winarni, sampun sepuh denira puputra, meh
ngajengaken sedane, satunggal putranipun, Sarib Jamal ya Sarib Jamil,
garwa ngran Siti Arah, putreng Nabi ayub, Sutan Humus kang putra,
Sultan jarah Sayid Rum ingkang sisiwi, Nabi Nges kang puputra.
13. Nabi Iskak putreng Nabi Brahim, wau Sarib Jamil, cinarita, kalangkung
saking pekike, myang cahyanira mancur, lir trenggana hangikis ratri,
timbang lan garwanira, langkung endahipun, kusuma Siti Ngarah,
cahyanira ngasorken resmining sasi, pan wus dadya utama.
14. Dewi Nasrah lan Sarib Jamil, sengga sura timbang [118] lan sasongka,
Sayid Jamil lan garwane, nenggih sapengkeripun, nabi Yusup Sultan ing
Mesir, isining rat tan ana, kabagusanipun kang nimbangi pekikira, sayid
Jamil miwah sapengkerireki, Retna Siti Jaleka.
15. Putra putri tan ana ngiribi, mring endahira Siti Naarah, ing cahya myang
kukuwunge, mangkana kang winuwus, putranira sang Sayid Jamil, nama
Sayidin Imyak, dene garwanipun, putranira Nabi Yusak, panengeran
nenggih Siti Batusangi, dene jeng Nabi Yusak.
16. Putreng Sayid Nun ingkang sisiwi, nabi Aprahim iku putranya, jeng Nabi
Yusup putrane, nenggih jeng Nabi yakub, Sayid Imyak wau winarni,
putranipun sakawan, nenggih kang ngasepuh, ajujuluk Sultan Kahtan, pan
tinanem neng Ngarab dening kang rayi, anama Sayid Nakdam.
17. Nulya Siti Arwa ingkang rayi, krama Sang Adadi sutanira, nenggih Sang
Makuh namane, putra ingkang waruju, Sayid Adu peparabneki, nenggih
Sayid Udawa, garwanya cinatur, anama Siti Kapriyah, kang puputra
pangagenging Banisrail, Sang Kinan namanira.
18. Ri Sangkinan putrane Sang Sakin, Sakin sutanira [119] risang Kubab,
putraning jeng Nabi Sungeb, Nabi Sungeb puniku, Raja Sobah ingkang
sisiwi, Raja Mikeli nama, Sasjar kang susunu, anenggih Sayidin Madyan,
Sayid Madyan putraning Nabi Ibrahim, wau Sayid Udawa.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 57


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

19. Apuputra jalu mung sawiji, langkung pekik nama Sayid Ngudnan, Siti
Yajrabah garwane, kalangkung endahipun, Sultan Kahtan ingkang sisiwi,
nenggih Sayid Umisak, Misak kang susunu, Sayid Jamil kang wus kocap,
pekiki[un nglangkungi resmining bumi, miwah wenes ing cahya.
20. Sayid Ngudnan wau asisiwi, mung satunggal nama Sayid Mangad, ran Siti
Ngidah garwane, Sang Dyah ing susunu, namanipun Ngudnan sabiti,
Adadi kang susuta, nenggih risang Makuh, sang Nakur ingkang susuta,
nama Tareh Sang Yakrab ingkang sisiwi, Saydi Yastaji lema.
21. Sayid Sabid ingkang asisiwi, Nabi Ismangil wau Sayid Mangad, namung
satunggal putrane, sayid Najar ranipun, ingkang dadya garwanireki, nama
Siti Aliyah, apan aripun, Sang dyah Begendha Ilyas, nabi Ilyas Sultan
Yasar kang sisiwi, Sultan Punikas nama.
22. Sultan Pinikas ingkang sisiwi, Imanalingajar [120] kang puputra, jeng Nabi
Arun putrane, Ngalingimram ranipun, kang puputra begendha Pahis,
Bagendha Lawe nama, putreng Nabi yakup, mangkana Sayidin Najar,
apuputra Sayid malar kang darbeni, swara langkung saenya.
23. Saderenge tumitah jeng Nabi, Dawud namung Sayidina Malar, kalangkung
sae swarane, kang dadya garwanipun, pan anama Siti Ilyati, putraning
Nabi Ilyas, Kalar kang susunu, kalar putraning Ajar, Ajar iku Sangkalad
ingkang sisiwi, Kalad sutaning Ngadad.
24. Ngadad Mungawad ingkang sisiwi, Sang Kinanah Pakuh kang susuta,
Sayidin Jarah putrane, sayid Sabid, Sabid ingkang susuta, Nabi Ismangil
iku, mangkana Sayidin Malar, apuputra satunggal kalangkung pekik, nama
Sayidin Ilyas.
25. Nenggih ingkang myarsa swara saking, jroning guwa garbane piyambak,
yen badhe anurunaken, nama Siti Yusapak, putreng Nabi Yununs, jeng
Nabi Yunus punika, kang puputra anama Raja Amari, putreng Raja
Yumaras.
26. Raja Yumaras ingkang sisiwi, Sri Yumaras putreng Raja Yunan, sang Raja
Yunan putrane, Nabi Yusak kang sunu, Sang Sayid Nun putraning Nabi,
Abrahim kang puputra, kangjeng Nabi Yusup, mangkana Sayidin Ilyas,
putranira jalu kalih pekik-pekik, nama Sayid Madrikah. [121]
27. Sayid Abtal namane kang rayi, Sayid Madrikah sampun akrama, Siti
Salmas paparabe, putraning Raja Salu, miyat putreng Raja Jykari,
putraning Raja Kabiya, Bagendha Lingajar nenggih kang sisiwi, nenggih
jeng nabi Musa.
28. Bagendha Lingin ran kang sisiwi, bagendha Pais ingkang puputra,
anenggih Bagendha Lawe, putraning Nabi Yakup, Sayidin Madrikah
winarni, kakalih putranira, Kajimah kang sepuh, kang anem Sayid
Ngajamah, wau Sayid Kajimah sampun akrami, Siti Batul namanya.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 58


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

29. Sayid Abtal ingkang sisiwi, Sayid Ilyas putreng Sayid Malar, wuwusen wau
putrane, Sayid Kajimah wau, ingkang sepuh putranireki, nama Sayid
Kinanah, nulya arinipun, nama Sayidina Lamrah, Sayidina Kinanah
sampun akrami, nama Siti Yusibah.
30. Raja Ahriya ingkang sisiwi, Raja Yuram ingkang asusuta, Raja Yusapad
namane, Yusapad kang susunu, Raja Asab putranireki, nenggih Raja
Abiyam, yeku putranipun, dene Sultan Suruhbangan, yeku putranira jeng
Suleman Nabi, Dawud ingkang puputra.
31. Dawud putreng Esap pan putraning, risang Ubed [122] putraning Bangaja,
Bangaja iku putrane, Salmun putraning Nuksud, Ngaminabad ingkang
sisiwi, anama Sayidin Ram, nenggih kang susunu, Sayid Kisrawan
namanya, kang puputra Bagendha Paris putraning, Sang Bagendha
Yahuda.
32. Nenggih Nabi Yakup kang sisiwi, ya ta wau Sang Sayid Kinanah, apan
titiga putrane, Sayid Nalar kang sepuh, Sayid Kures paparabneki, Sayid
Nuler arinya, Malik tiganipun, Sayid Malar garwanira, nama Siti Taptis
warnanya yu luwih, putreng Sayid Adamah.
33. Sang Umiyah nenggih kang sisiwi, risang Yasjar sutane Sang Mangad,
Mangad puniku putrane, Sang Kanan suteng Adu sutanira Sang Adi, Adi
ingkang susuta, Nukdadi ranipun, Nukdadi sutaneng Nukdam, Nukdam
Sayid Amisak ingkang sisiwi, anama Sayid Nalar.
34. Sayid Nalar putreng Sayid Malik, garwanira nama Siti Milkal, kalangkung
endah warnane, Sayid Malik winarna, kalih putranipun, ingkang sepuh
Sayid Pahar, Sayid Kahar nenggih namane kang rayi, Sayid Paku
garwanya.
35. Sati Ngasliyah namanireki, yeku Sayid Mahdus [123] kang puputra,
Nahdus suteng Sayid Nuler, Sayid Pahar winuwus, apuputra Sayidin Galib,
garwa Siti Kaijah, nenggih namanipun, Sang Kabir ingkang puputra, nama
Sakip yeku sutane Sang Tapsir, Tapsir sutaning Kanan.
36. Putreng Sayid Ngajimah ing nguni, Ngajimah putreng Sayid Madrikah, yata
warnanen putrane, Sayidin Galib wau, Sayid Lawe namanireki, Siti Anis
garwanya, warnanya pinunjul, putrining Sayidin Nalar.
37. Kang jujuluk Sayid Kures nguni, Sayid Lawe wau kang winarna, apan
kakalih putrane, Sayid Kabngah kang sepuh, ingkang anem Sayidin
Ngamir, mangkana Sayid Kabngah, garwanya winuwus, anama Siti
Ngaliyak, langkung endah kang puputra Sayid Ngulwi, Ngulwi sutaning
Kalap.
38. Kalap Sayid Kahar kang sisiwi, sayid Malik ingkang apuputra, anenggih
bengendha Kures, sayidin Kabngah wau, putranira apan kakalih, kang
sepuh Sayid Marah, nulya arinipun, Sayid Ngadi namanira, Sayid Marah
kang dadya garwanireki, anama Siti Ngumrah.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 59


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

39. Putreng Sayid Ngamir kang sisiwi, sayid Lawe wau [124] Sayid Marah,
apan titiga putrane, Sayid Kalap kang sepuh, ingkang rayi ran Sayid
Tamin, Sayid Majum tiganya, wau kang winuwus, garwanira Sayid Kalap,
langkung endah putraning Sang Sayid Ngadi, nama Siti Jarngiyah.
40. Sayid Ngadi nenggih kang sisiwi, sayid Kangab wau kang winarna, Sayid
Kalap putrane, titiga kathahipun, Sayid Kasa pambajeng neki, nulya Sayid
Jukarah, dene kang waruju, anama Sayidin Jandab, Sayid Kasa garwanya
Siti Sapari, sutaning Sayid Rustam.
41. Sayid Rustam sutaning Sang Malik, putreng Sang Us sutaning Sang
Kasan, Kasan puniku putrane, Sang Nalar kang susunu, Kahar sutanipun
Sang Malik, putraning Nalar ingkang, Kures jujulukipun, mangkana Sayidin
Kasa, putranipun kalih kang sepuh nameki, Sayidin Mugayarah.
42. Ngabdul Manab paparabireki, Sayid Ngabdul Ngaji arinira, Sang Ngabdul
Manab garwane, Siti Kolah ranipun, langkung endah ingkang sisiwi, nama
Sayid Jakarah, yeku putranenipun, nenggih Sayidina Kalab, yata Sayid
Ngabdul Manab kang winarni, putranipun sakawan.
43. Pambajenge Sayid Ngumrulngali, Sayidina Asim [125] paparabnya,
Ngabdulsamsu panenggake, nulya Sayid Nupalu, Sayid malab ingkang
wuragil, sayid Isim garwanya, nenggih namanipun, retna Dewi Siti Jenah,
langkung endah Sang Matlad ingkang sisiwi, Matlad putraning Isam.
44. Isam ngumaru ingkang sisiwi, sayidina Ngamir kang susuta, anenggih
Bgendha Lawe, Sayid Asim winuwusa apan nenem putranireki, pambajeng
Sayid Asad, anulya rinipun, anama Sayidina Slah, nulya Abusumiya
arinireki, nama Siti Umiyah.
45. Arinipun ran Ngabdulmuntalib, pan jumeneng Adipati Mekah, sang Umiyar
warujune, Siti Umiyah wau, krama antuk Tambijumiril, Sang Adipati
Mekah, nenggih garwanipun, kang sepuh Siti Supiyah, putranipun Sayidin
Jandap ping kalih, putreng Jandap kapisan.
46. Sayid Jandap kang kapisan nenggih, putranipun Sayidina kalab, lan sang
dipati patute, Siti Supiyah namung, satunggal ran Sayidin Karis, Siti
Supiyah seda, nulya arinipun, anama Siti Sumbulah, pan kagarwa
kinarang ngulu Sang Dewi tan lami antaranya.
47. Sang dipati nulya krama malih, putraning Sang Sayid Ngimranashar, Siti
Patimah parabe, Ngimrashar puniku, Sayid Mahjum ingkang sisiwi, anama
Sayidmarah, anulya kramantuk, Siti Alih kang susuta, Ngabdulmanab
nenggih ingkang asisiwi, nama Sayid Juharah.
48. Sayid Kalabi ingkang sisiwi, nulya krama malih [126] Sang dipatya, Siti
Labiyi namane, Sang Ayu kang susunu, cinarita Sang Adipati, Mekah
sasedanira, garwannya kang sepuh, garwanya padmi, sekawan, garwa
ingkang pagembe datan winarni, cinatur putranira.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 60


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

49. Sang dipati dalasan kang sami, seda timur apan tigangdasa, Sayid Karis
pambajenge, pan saking patutipunm saking Siti Supiyah nenggih, nulya
Sayidin Lirar, putra patutipun, lan garwa Siti Sumbulah, nulya ingkang rayi
nama Sayid Jubir, saking Siti Patimah.
50. Nulya Sayid Kasam iya Kasim, patutnya saking Siti Sumbulah, Sayidin
Ngidak arine, pan saking patutipun, saking garwa sang Siti Alih, nulya
Sang Siti Belah, Sang dyah patutipun, saking ing Siti Patimah, krama
antuk ngumaru putraning Walid, nulya Siti Katinah.
51. Seda Timur ptutanira saking, siti Sumbulah nulya rinira, Sayid Mukawas
namane, paparab Sayid Makum, putra saking dyah Siti Alih, nulya Siti
Hamimah, Sang dyah akramantuk, Kujasi putraning Asad, patuk saking Siti
Patimah sang dewi, anulya Sayid Rekan.
52. Seda Timur patutarira saking, Siti Sumbulah nulya [127] rinira, Sayid
Mupalu namane, seda kalaning Timur, patut saking dyah Siti Alih, anulya
Siti Barah, sang dyah krama antuk, Sultan Ngabdulngaji ingkang, putra
sayid Nalah paturura saking, garwa Siti Patimah.
53. Nulya sayid Ngujar Seda saking, Timur patutan Siti Sumbulah, Sayid
Ngabdahu arine, seda duk maksih Timur, patut saking dyah Siti Alih,
anulya Ngabdulkakbah, putra patutipun, saking ing Siti Patimah, arinipun
wanodya pan dereng kongsi, pinaring nama Seda.
54. Saking Siti Sumbulah anuli, Sayid Ngabdulsamsu patutira, saking ing
garwa pangrembe, anulya arinipun, patut saking dyah Siti Alih, dereng
nama sedanya, nulya arinipun, Siti Kurati namanya, Seda Timur saking ing
garwa paminggir, anulya arinira.
55. Sayid Ngabdulah patutnya saking, Siti Patimah nulya rinira, kakung pan
lajeng sedane, dereng sinung jujuluk, saking Siti Sumbulah nenggih,
anulya arinira, wanodya pinunjul, anama Siti Supiyah, patut saking Alih
sang retnadi, kramantuk Sultan Ngarab.
56. Arinira nama Abuntalib, patutnya saking Siti Patimah, Sayid Ngimran
paparabe, anulya arinipun, Sayid Ngabas patutireki, saking Siti Sambulah,
nulya arinipun, nama Sayidina Kambyah, patut saking Siti Patimah anuli,
nenggih Sayid Bilahab.
57. Patutnya saking Siti Labuji, nulya rinira wano-[128]dya pelag, Siti Ngatikah
namane, sang retna krama antuk, sang Abilngas sutaning Rabik, nulya
rinira priya, nenggih namanipun Sayid Kajilin patutnya, saking Siti Alih
nulya rinireki, anama Siti Aewa.
58. Saking Siti Patimah suhjari, ripun jalu lajeng sedanira, saking ing garwa
pangrembe, tigang dasa puniku, putranira Sang Adipati, Mekah ingkang
sadasa, seda maksih timur, ingkang gesang kalih dasa, nenem putra
wanodya kakungireki, apanta kawan welas.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 61


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

59. Putra kalih dasa kang meningi, ing jeng Nabi niyakaning jagad, pan
namung pitu kathahe, sekawan ingkang kakung, Bagendha Bas lan
Bagendha Mir, Abintalib Bilahab, wanodya tetelu, siti Supiyah Ngatikah,
Siti Arwa kang manut ing kangjeng Nabi, namung nagnthi titiga.
(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 17 ۩۩۩


KINANTHI

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
1. Kang manut ing kangjeng Rasul, Abas lawan Bgendha Mir, Siti Supiyah
Islamnya, sasampuning kanjeng Nabi, ijrah dhateng ing Madinah, yata wau
kang winarni.
2. Sayidin Ngabdullah wau, garwanira kang rumiyin, [129] anama Siti
Saripah, ratu estri ing Kujaji, tan kongsi, peputra seda, anulya akrama
malih.
3. Siti Maryam namanipun, ing Sangim ran kang sisiwi, Kujangi putraning
Kangab, Sang sangad ingkang sisiwi, Sayid sami putreng Marah, Siti
Maryam dereng kongsi.
4. Apuputra nulya lampus, Dyan Ngabdullah krama malih, anama Siti
Ngantarah, Sang Pakihah kang sisiwi, Mungarayah kang susuta, Abdulah
namireki.
5. Sayid Akbar kang susunu, Sayid Mahjum kang sisiwi, Sayid Marah kang
wus kocap, Siti Ngantarah tan kongsi, apuputra nulya seda, Ngabdulah
akrama malih.
6. Siti Rahim namanipun, Abiraham kang sisiwi, nama Sayidina Madlab,
putreng Ngabdulmanab nenggih, Siti Rahim nulya seda, pan dereng
ngantos sisiwi.
7. Sawusnya krama ping catur, seda tan ngantos sisiwi, Ngabdulah misuwur
panas, lami datan antuk krami, saben tanya rinaosan, sadaya pan sami
nampik.
8. Wus lami dennya tan antuk, krama saben estri nampik, Raden Ngabdulah
sangsaya, kagagas merang ing galih, tan pamit ibu rama, ing dalu nis
saking nagri.
9. Nglang manjing ing wanagung, ing wuri kecalan [130] sami, sagung wadya
bala Mekah, sinebar samya ngulati, miwah sagung para kadang, samya
nelasah wanadri.
10. Jurang guwa gunung-gunug, tuwin praja kanan keri, wus tita datan
kapangya, wangsul kang samya ngulati, katur mring Dipati Mekah,
langkung sungkawaning galih.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 62


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

11. Ingkang rama sampun mupus, yen wus karsaning Hyang Widdhi, tuwin
sagung para kadang, kuneng wau kang winarni, anenggih Raden
Ngabdulah, ingkang nis saking nagari.
12. Nasak wana minggah gunung, lumebeng ing jurang terbis, tan etang
pringganing marga, reragane den pepati, sampun pirang-pirang warsa,
denira jajah wanadri.
13. Dhasar yuswanya wus sepuh, kasembuh sru mati ragi, salamine aneng
wana, yayah tanpa dhahar guling, sanget risaking sarira, cahya nubuah
kang munggwing.
14. Larapannya katon kasud, blerete kabekta saking, sanget risaking sarira,
katon sampun kaki-kaki, semana Raden Ngabdulah, sayah denira lumaris.
15. Kendel sare neng wanagung, pan ing dalu antuk wangsit, heh Ngabdulah
wruhanira, meh parek ajalireki, dene ge sira muliha, iya maring Mekah
nagari.
16. Dene ta lakunireki, wus katrima ing Hyang Widdhi, genira amati raga,
andon anjajah wanadri, kongsi pirang-pirang warsa, tan tolih ing yayah
bibi.
17. Apan ing mengko sira wus, pinaringan jatu kra-[131]mi, Raja putri
Baninajar, ya baninahar nagari, arane Dewi Aminah, warnanira yu linuwih.
18. Cahyane nuksmeng sitangsu, Sultan Wahab kang sisiwi. Sultan Sayid
Ngabdulmanab, Ngabdulmanab kang sisiwi, iya Sang Sayid Jumarah,
Sayid Kalab kang sisiwi.
19. Nora lyan jodhonireku,namung Baninajar putri, Kusuma Dewi Aminah,
ingkang kuwawa madhahi, ing cahya rasa kang mulya, iya ingkang
anampani.
20. Nubuah ingkang dumunung, aneng ing bathuk ireki, Nuringrat cahya
Mukamad, marmane panas sireki, iya kongsi rabi ping pat, durung tutug
nuli mati.
21. Saking tan kuwawanipun, papat pisan amadhahi, marang rahsa mulyanira,
namung Baninajar putri, Kusuma Dewi Aminah, yeku kang kelar nampani.
22. Nubuah ingkang dumunung, munggeng ing bathukireki, wusing swara tan
kapyarsa, Ngabdullah ngungun tan sipi, sukane ngemu sungkawa, dening
ta ujaring wangsit.
23. Meh prapta ing ngajalipun, sukaning tyasira dening, langkung sakethi
nugraha, sinung dadya jalaraning, tumurunira Nuringrat, minangka
bawanireki.
24. Pareki ing ngangajalipun, wus pinupus tan pinikir, kalingan sukaning driya,
ingkang kaesthi ing galih, namung putri Baninajar, Raden Ngabdullah
nulya glis.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 63


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

25. Mijil saking ing wanagung, mantuk mring Mekah [132] nagari, neng marga
datan winarna, lampahira sampun prapti, kathah wadya ketambuwan tan
wruh yen gustinireki.
26. Dennya sanget risakipun, panganggone cara pekir, Raden Ngabdullah wus
prapta, ngarsaning Sang Adipati, gya tumunduk ngaras pada, kang rama
sakedhap pangling.
27. Dennya sanget risakipun, saengga meh kaki-kaki, wruhira lamun kang
putra, cahya nurbuah kang mungwing, larapan maksih tan ewah, lir
trenggana ngikis ratri.
28. Sang Dipati langkung ngungun, kang putra rinangkul aglis, para ibu lan pra
kadang, sadaya samya nangisi, wau ta Raden Ngabdulah, sawusnya
sadaya aris.
29. Mring kang rama nembah matur, ngaturken denyantuk wangsit, nalikanira
neng wana, sadaya wus katur sami, ing purwa madya wasana, ujaring
swara dumeling.
30. Kang swara pamangsitipun, langkung suka sang Dipati, miyarsa aturing
putra, sungkawanira sakedhik, dene winarah kang putra, meh parek
ajalireki.
31. Kuneng ta datan winuwus, kang suka nawung prihatin, geng alit sapraja
Mekah, gantya wau kang winarni, nenggih nagri Baninajar, Ratu darah
hing Ngibrahim.
32. Raja Wahab namanipun, punika ingkang sisiwi, [133] nenggih Sayid
Ngabdulmanab, putraning Juharah Sayid, putraning Sayid Kalab, Sultan
Wahab kang winarni.
33. Pan darbe putri pinunjul, diwasa dereng akrami, paparab Dewi Aminah,
warnanira yu linuwih, kathah para raja-raja, kang nglamar samya tinampik.
34. Denira Sang Retnaningrum, dahat karem ing ngagami, marma tebih
maring priya, kang rama agung prihatin, dene putra wus diwasa, dahat
dereng arsa krami.
35. Jroning prihatin sang Prabu, pan ing dalu antuk wangsit, yen putra Mekah
kang dadya, jodhoning putrinireki, kang nama Raden Ngabdullah, wus
pinanthi ing Hyang Widdhi.
36. Nedhakken Nabi panutup, Sultan Wahab sasampuning, antuk wangsit
kang mangkana, sukeng tyas sigra nimbali, mring kang putra jinarwanan,
ing dalu dennyantuk wangsit.
37. Dhinawuhaken sadarum, Sang retnesmu sukeng galih, wantuning dyah
wus diwasa, kareming ngagama Suci, myarsa andikaning rama, ing dalu
dennyantuk wangsit.
38. Cinetha sariranipun, yen pinasthi jatu krami, lan Ngabdulah putreng
mekah, sinung wenang amadhahi, Nubuah tumurunira, jangjine apan wus
pasthi.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 64


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

39. Wong kadya ibunipun, jeng Nabi ingkang sinelir, kinaramaken naraka,
sinung mulya jroning pati, dadya nut karsaning rama, mituhu ujaring
wangsit.
40. Kang rama suka ingnya rum, yen sira wus anut [134] nini, ujaring wangsit
maring wang, yekti sun atur pribadi, iya mring nagara Mekah, ki harya
Ngabdulmuntalib.
41. Apan maksih darahipun, pdha trah Nabi Ibrahim, nuli sira samektaa,
sapawonganira nini, pira ta gonira gawa, parekan lan para cethi.
42. Miwah brana jro kedhaton, peni-peni raja peni, sasukanira anggawa,
sunarsa budhal tumuli, kang putra lan aturira, kawula rama tan mawi.
43. Ambekta raja brana gung, pasaja mboten kakelir, lampah kawula mring
Mekah, pan inggih nginggah-inggahi, inggih paduka srahna, badan sepata
wak mami.
44. Pocapan arus ing wuwus, ingkang kawula keliri, putrining wong Baninajar,
mring Mekah ngunggah-unggahi, iya mring raden Ngabdulah, pantes age
den tampani.
45. Jer ngerobi brana agung, amrih kandeling ngakrami, pocapan kang
sapunika, ingkang kawula singgahi, sae pasajan kewala, dene yen kedah
tinampik.
46. Atas karsaning Hyang Agung, kang suka suka miyarsi, iya nini bener sira,
ing Mekah nagara suci, adadoh tyase marang donya, mung agama den
sungkemi.
47. Sang Prabu parentah sampun, marang rekyana apa-[135]tih, saos titihan
jempana, lan prajurit kang jajari, ing lampahira tanarsa, bekta kaprabon
Narpati.
48. Sadaya ing wadya gung, satriya myang pra dipati, tinilar tengga negara,
pan namung rekyana patih, kang umiring marang Mekah, wadya namung
sawatawis.
49. Jaba jro samekta sampun, sigra budhal Sri Bupati, saking nagri, baninajar,
remben lampahireng margi, Sultan Wahab nitih untu, nunggil lan putra
sang putri.
50. mBanciya namung pipitu, ingkang binekta sang putri, namung sewu wadya
ingkang sakapraboning ngajurit, garebeg titiyan untun, kyana patih
munggeng wuri.
51. Rumeksa sagung pipikul, rembatan sangu ing margi, lan bekakasing
wanodya, pan mung bekta sawetawis, ponjon bersiyan bothekan, myang
sang retna di.
52. Kuneng ta datan winuwus, kang lagya lampah neng margi, wonten malih
cinarita, nenggih ing Ngesam nagari, kadya sareng lampahira, nanging ta
gantya winarni.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 65


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

53. Ing Sam Narendra pinunjul, tedhak jeng Nabi [136] Ibrahim, jujuluk Sultan
Ngatabah, anenggih ingkang sisiwi, Sayid Sabingah namanya, Sayid
Kabib kang sisiwi.
54. Ngabdulsamsu putranipun, Sayid Ngabdulmanab nenggih, cinatur Sang
Prabu ing Sam, adarbe putri linuwih, paparab Siti Patimah, diwasa dereng
akrami.
55. Kathah para Ratu-ratu, kang nglamar samya tinampik, dahat tebihireng
krama, gung bekti maring Hyang Widdhi, ngluluri luluhurira, kasmaran
ngagama Suci.
(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 18 ۩۩۩


ASMARADANA

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
1. Semana Sang Raja putri, duk bagya sakeca nendra, supena denira sare,
ningali langit kasapta, katon bedhah nerawang, wonten cahya kang
tumurun, amadhangi sabuwana.
2. Saking langit antaraning langit, kapitu wedaling cahya, ngubengi jagad
lampahe, sahengga basanta mimba, murub agebyar-gebyar, tepungnya
rereh tumurun, kang cahya manjing manungsa.
3. warnanira langkung pekik, nanging wus satengah tuwa, dumunung
munggeng bathuke, kang cahya maksih katingal, mancur munggeng
larapan, saking mandrawa ngunguwung, kadya banguning kartika.
4. Nulya na swara kaheksi, heh ta nini wruhanira, [137] cahya kang tumurun
kae, pan iya cahya Nurbuah, iya cahya Nuringrat, medhun mring donya
dumunung, mring Ngabdulah putreng Mekah.
5. Kang Kinarsakken Hyang Eiddhi, dadya sudarmane benjang, Kangjeng
Rasul ing babare, Mukamaddinil Mustapa, Nabi Niyakaningrat, iya Jeng
Nabi Panutup, wanodya sapa kang dadya.
6. Ibunira Kangjeng Nabi, sinucekken badanira, apan wus pasthi jangjine,
kinaramaken ing naraka, ginadhang manjing swarga, Sang dyah pan
kaselak wungu, langkung ngungun ing wardaya.
7. Gugulinge den sungkemi, Kusuma Siti Patimah, kagagas ing supenane,
dene tan mantra supena, swara pamangsitira, Nubuah tumurunipun,
dumunung mring putra Mekah.
8. Menggeng larapan nelahi, datan pangling yen wontena, Raden Ngabdulah
warnane, pekik wus satengah tuwa, sumunu cahyanira, kapencuting
jangjinipun, wanodya pundi kang dadya.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 66


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

9. Ibunira Kangjeng Nabi, Mukamaddinilmustapa, wus pasthi jangjine tembe,


sinucekken badanira, kinaramaken neraka, ginadhang manjing
swargagung, ingkang tanpa kira-kira.
10. Ibu kang kacipteng galih, enjang marek mring kang rama, ngaturken ing
supena, ing purwa madya wasana, sampun katur sadaya, supenanira ing
dalu, kang katingal jroning nendra.
11. Kang cahya tumuruneki, saking ing langit kasap-[138]ta, mring putra
Mekah tibane, tan wonten kang kalangkungan, Sang Prabu duk miyarsa,
kang putrasigra rinangkul, suka denira ngandika.
12. Yeku ngrahaning Hyang Widdhi, nini mring sarira nira, dhinawuhken jro
pangipen, pada lan ujaring cetha, lamung mengko meh mangsa, Nuringrat
tumurunipun, babare neng bumi Mekah.
13. Becik nini den lakoni, wangsit sajroning supena, wirang isin wus jamake,
ing wong hamburu nugraha, sira angunggahana, mring putra Mekah nak
ingsun, apan maksih darah ingwang.
14. Padha trah Nabi Ibrahim, Ngabdulmuntalib ing Mekah, banu Asim tedhak
Kures, ingsun wis miyarsa warta, putra Mekah Ngabdullah, wus krama
ping pat tan tutug, rabine nuli palastra.
15. Iku bokmanawa nini, karsane kang Maha Mulya, iya mring sira tibane,
kang pinasthi sinung wenang, iya hamadhahana, Nubuah tumurunipun,
marma nuli samektowa.
16. Sun gawani si hapatih, kang ngiringana lakunira, lan punggawa kang
separo, sakapraboning ngayuda, rajabrana jro pura, keringgen
sahananipun, karyanen beyaning krama.
17. Lamun wus samkta nini, lawan sapawonganira, [139] tumuli sun
angkatake, Sang Kusuma duk miyarsa, timbalane kang rama, sukeng tyas
dening panuju, lawan ciptanireng driya.
18. Sang Prabu wus marentahi, marang rekyana apatya, lan punggawa kang
separo, sajoga sawadyanira, myang saosan wahana, titiyang Sang
Retnaningrum, kya patih matur sandika.
19. Antara ing pitung ari, jaba jro ingkang sayoga, wus samekta sadayane,
pawongane kawan dasa, nenggih ingkang binekta, kalebet bau inyanipun,
dene ingkang raja brana.
20. Peni-peni raja peni, sadaya satus gotongan, gih saking jro kadhaton,
tinapen mring kiya patya, Sang Prabu sigra tedhak, lawan
Prameswarinipun, anganthi putra sang retna.
21. Prapteng jawi sapun nitih, katri nunggil sajempana, Sang dyah lan rama
ibunira, panganjur kapat punggawa, tengara sigra budhal, wadyanipun
kawan ewu, sakapraboning ngayuda.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 67


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

22. Ing wuri ingkang nambungi, wadya ingkang ngupacara, upacaraning


kaprabon, binektakaken kang putra, sadaya kawan dasa, upacarane kang
ibu, lan upacara sang retna.
23. Kawan dasa ngampil-ampil, upacaraning wanodya, [140] ting pancurat ting
pancorot, kataman ing diwangkara, asri pating galebyar, ingkang
sumambung ing pungkur, jempananira sang retna.
24. Prajurit jro kang jajari, kawanatus pipilihan, sakapraboning prang kabeh,
sawurinireng jempana, nenggih rekyana patya, wadyanipun kalih ewu,
sakaprabon praboning ngayuda.
25. Wurining Rekyana Patih, gotongan miwah rembatan, Sang kusuma
babektane, anulya untu momotan, sagung cethi parekan, lan unta
momotan sangu, ingkang sumambung ing wuntat.
26. Catur punggawa mung kari, kawan ewu wadyaira, sakapraboning prang
kabeh, saleksa gunging gagaman, kawantus langkungnya, kajawi ingkang
pipikul, miwah cethi lan parekkan.
27. Kdhik lampahe ingkang baris, nanging asri tingalan, wadya pipilihan
kabeh, pangkat-pangkat lampahira, sagung pra dipatya, mangku
upacaranipun, kadya panjrahing puspita.
28. Busana mawarni-warni, namung sunaring baskara, ting pancurat ting
pancorot, ting palancur ting paluncar, abra pating galebyar, Sri Narendra
wangsulipun, aneng sajawining kitha.
29. Lawan ingkang prameswari, namung upacaranira, kang lajeng
binektakake, marang ing nagari Mekah, sawusnya Sri Narendra, telasing
pitungkasipun, mring patih miwah mring putra.
30. Sri Bupati tedhak saking, jempana lawan kang [141] garwa, nitih rata ing
kundure, wadya gung lajeng lampahnya, angambah wana wasa, rereh
aring lampahipun, kadya pepara kewala.
31. Tan rekasa kang wadya lit, miwah kang ami ngrarembat, ayeming lampah
asareh, lamun kadalon ing marga, akarya pasanggrahan, rerep lan
sawadyanipun, enjange lajeng lelampah.
32. Kathah lelangen ing margi, miwah lelangen ing wana, kuneng datan
winiraos, ingkang lagya alelampah, raja putri ing Ngsam, lan sawadya
balanipun, kuneng gantya winursita.
33. Nenggih lampahireng nguni, Sultan Wahab Baninajar, sarta kalawan
putrine, duk samana sampun prapta, jawining kitha mekah, ki patih kinen
rumuhun, manjing sajroning nagara.
34. Sowan mring Sang Ngadipati, sartane binaktan surat, mratelakken ing
lampahe, denira bekta kang putra, miwah sasedyanira, kawrat ing nuwala
sampun, nembah mesat kiya patya.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 68


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

35. Lampahira sampun prapti, sajroning nagari Mekah, katur tinimbalan age,
wus panggih lan sang Dipatya, kya patih Baninajar, ngaturaken suratipun,
gupuh sang Dipati Mekah.
36. Denira nampani tulis, kang surat lajeng binuka, [142] sinuksmeng
sajroning tyase, kadrya raosing surat, ngungun sang Adipatya, dene ta ing
rawuhipun, Sultan Wahab Baninajar.
37. Marga saking antuk wangsit, denira bekta kang putra, lamun wus pasthi
jinodho, lan kang putra dyan Ngabdulah, dene sami kewala, mring kang
putra wangsitipun, denya mantuk saking wana.
38. Mituhu ujaring wangsit, yen pinasthi jodho lawan, putri ing Baninajare,
kinarsakken dening sukma, dadya bapa babunya, Nabining Hyang kang
panutup, Mukamaddinil Mustapa.
39. Sawusira maos tulis, sigra sujud sang Dipatya, wungune saking sujude,
donga sukur ing Hyang Suksma, kipatih wus ngangsulan, ingaturan Sang
Prabu, lajeng umanjing jro kitha.
40. Kya Patih mundur wotsari, Sang Dipati gya parentah, mring santana
sawadyane, kinen sami samektawa, lan sasugatanira, Sang Dipati arsa
methuk, wusnya samekta sadaya.
41. Sigra budhal sang Dipati, para putra santana, kang samya andherekake,
segah mateng sadayanya, gili jodhang rembatan, Sang Dipati dennya
methuk, kendel nganti pasanggrahan.
42. Apan sampun den tarubi, tan dangu antaranira, [143] wadya Baninajar
katon, namung sewu winatara, ingkang kapraboning prang, nora nana
labetipun lamun lampahing Narendra.
43. Upacara datan mawi, miwah sagunging tengeran, wus kadya wong
dagang bae, ki Dipati ngungun ing tyas medal sing pasanggrahan, ngadeg
tepining tatarub, saputra santananira.
44. Wau tan kang lagya prapti, Sultan Wahab wus ngaturan, uninga marang
wadyane, lamun sang Dipati Mekah, methuk saputranira, wonten tepining
tatarub, sarta lan sasegahira.
45. Sultan Wahab anulya glis, tumurun saking ing unta, sarwi anganthi putrine,
Sang Dipati Mekah mulat, yen Nateng Baninajar, saking ing unta tumurun,
dharat anganthi kang putra.
46. Gupuh Harya Dulmuntalib, sah saking tarub wungunan, lan saputra
santanane, piyak wadya Baninajar, sareng paran pinaran, Sang Dipati lang
Sang Prabu, tundhuk samya sasalaman.
47. Sang Kusuma angabekti, marang Sang Dipati Mekah, para putra nebih
kabeh, taha denning Sultan Wahab, sarta lan putrinira, Sang Dipati alon
matur, kalangkung saking ngrarepa.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 69


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

48. Nenggih dennya ngacarani, suwawi Sri Naranata, [144] kawula aturi rereh,
lenggah ing tarub wangunan, angayemna sarira, myang putra Sang
retnaningrum, tuwin wadya sadayanya.
49. sayah lamine neng margi, punika abdi paduka, ing Mekah sasaosane,
tetambaning lesu marga, supados kadhahara, Nateng Baninajar dheku,
wus samya kakanthen asta.
50. Tan kantun Raja putri, prapta ing tarub wangunan, wus sami tata
lenggahe, Sang Kusuma datan tebah, neng kerine kang rama, para putra
Mekah pungkur, ragi tebih kang taruna.
(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 19 ۩۩۩


SINOM

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
1. wau Sang Dipati mekah, sarwi mesem turira ris, pun kakang tur
panakrama, sarawuhe Sr Bupati, nenggih Mekah nagari, punapa sami
rahayu, ingkang tinilar praja, miwah lamine neng margi, dene boten mawi
maringi uninga.
2. Pukulun saderengira, tumedhak Sri Narapati, ingkang saestu nugraha,
raosing tyas ulun kadi, kablaburan mamanis, gunturing parbata madu,
robing samodra kilang, Sultan Wahab saurnya ris, pana kramanipun
kakang Adipatya.
3. Kalangkung kalingga murda, kang dhawuh dhateng ing ari, dene ta lampah
kawula, neng marga inggih basuki, miwah kantun nagri, sadaya sami
rahayu, mila tanpa cacala, guyup ing tyas budhal aglis, saking praja bekta
ing putra paduka.
4. Tan ngantos ambekta bala, ngurmati ujaring wang-[145]sit, kadya kang
wus mungel serat, kang kabekta mring pun patih, mesem Sang Adipati,
sarya lon denya umatur, kawula tur pasaja, gen paduka angsal wangsit,
lan ing iki apanta sami kewala.
5. Putra tuan pun Ngabdulah, nalika kapaten rabi, ping sekawan sanget
merang, tinampik sagung pawestri, lajeng nis saking nagri, inggih kantos
tigang tahun, dennya ngical mring wana, ing dalu nulyantuk wangsit, yen
jinodho lan putranta Sang lir retna.
6. Sampun winedhar sadaya, saujarira ing wangsit, sami kewala wangsitnya,
lan kang marang Sri Bupati, langkung sukaning galih, Sultan Wahab
tatanya rum, kakang Dipati Mekah, putra paduka kang pundi, ingkang
nama inggih Rahaden Ngabdulah.
7. Mesem Sang Dipati Mekah, nolih matur saha nuding, inggih punika
abdinta, kang munggeng ngarsa pribadi, Sultan Wahab ningali, ulab

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 70


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

dening cahyanipun, ingkang munggeng larapan, tuhu Nubuahing Nabi,


gebyar-gebyar lir trenggana karahinan.
8. Wayah wus satengah tuwa, katingal kadya nom saking, kalaban senoning
cahya, dhadhasar warnane pekik, Sultan Wahab ningali, marang badhe
mantunipun, lakung reseping driya, ananging Sang raja putri, karsaning
Hyang sinasaban tingalira.
9. Cahya kang munggeng larapan, mring Sang Dyah da-[146]tan kaeksi,
katon sepuhe kewala, Ngabdulah dening sang putri, langkung sungkaweng
galih, miyat badhe kakungipun, nanging sang dyah susela, ajrih ing rama
tan sipi, sungkawane datan kawistareng netya.
10. Sawusnya wradin sadaya, sugatanira binukti, marang wadya Baninajar,
Sultan Wahab den aturi, marang Sang Adipati, wus budhal sawadyanipun,
sapraptanireng praja, Sultan Wahab den saosi, pakuwone tinunggil aneng
jro pura.
11. Namung wadya balanira, kang samya makuwon jawi, mangkana sajroning
pura, garwanya Sang Adipati, sadaya mathuk sami, marang badhe
mantunipun, aneng kagok sapisan, Sang retna wus den tampeni, marang
para ibu binekta mring pura.
12. Paribu resep sadaya, miyating mantunireki, ayu jatmika sembada, liringe
jait alindri, karem ngagama suci, cahyanya nuksmeng sitangsu,
nugrahaning Hyang Suksma, cinetha sajroning wangsit, sang Dyah dadya
ibune jeng Nabi duta.
13. Sultan Wahab Baninajar, pakuwone den saosi, ge-[147]dhong ler kang
tinaruban, tutuwuhan amarnani, tilamipun miranti, Sang Dipati Mekah
tumut, aneng gedhong wangenan, langkung dennya sih minta sih, sang
Dipati marang Sultan Baninajar.
14. Ing dalu datan winarna, enjinge sampun cumawis, samektanireng
paningkah, reroncene tan winarni, cinendhak sang retnadi, wus sampurna
ningkahipun, lawan Raden Ngabdulah, ananging sang raja putri, karsaning
Hyang tingale dereng binuka.
15. maksih dereng sinung mulat, cahya Nubuah kang mungging, larapanira ing
priya, katon sampun kaki-kaki, marma sang raja putri, dahat sungkawaning
kalbu, dene tan mantra-mantra, wonten empere sathithik, lawan wangsit
tuwa kucem tanpa cahya.
16. Marmanya sang saya-saya, sungkawanira sang putri, gung ngungkep-
ungkep kewala, tan kena den parepeki, marang kakung miranti, aneng
jroning gedhong tutup, sang kakung yan mangkana, sawusira marepeki,
marang garwa sapisan sinatmata.
17. Dadya Rahaden Ngabdulah, tan arsa marpeki malih, tebih tyasira mring
garwa, kadi wus karseng Hyang Widdhi, dereng mangsanireki, Nubuwah

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 71


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

tumurunipun, marang Dewi aminah, marma kalihipun sami, karsaning


Hyang tinebihaken tyasira.
18. Kang para ibu sadaya, miwah ta sang Adipati, [148] pra samya namung
sungkawa, dene ta putranireki, dereng careming krami, samya tebih
tyasipun, Sultan ing Baninajar, tumut anaken prihatin, dayan antuk pitutur
mring putranira.
19. Dadya sinrahken Hyang Suksma, ing batin ragi mutungi, Sultan Wahab
mring kang putra, dereng prapta ing pencari, pamit budhalira glis, kondur
marang prajanipun, Sang Adipati mekah, saputranira ngurmati,
dherekaken wangsul sajawining kitha.
20. Kuneng nagari ing Mekah, ki Arya Ngabdulmuntalib, lan sagarwa
santananya, kang sami nawung prihatin, gantya ingkang winanri, putri
Ngesam lampahipun, sawadya balanira, prapta ing Mekah nagari, samya
kendel masangrahan jawi kitha.
21. Dinira miyarsa warta, kusuma Patimah sami, kalamun Raden Ngabdulah,
ing mangkya wus palakrami, putri nginggah-inggahi, Dewi Aminah ranipun,
putri ing Baninajar, dereng lami dennya panggih, keju ing tyas kusuma
Dewi Patimah.
22. Ngungun langkung cuwaning tyas, rumasa kari ing kardi, lawan putri
Baninajar, Sang retna sigra nimbali, marang rekyana patih, sampun prapta
ngarsanipun, sang dyah alon ngandika, bapa sira wus miyarsi, lamun
raden Ngabdulah mongko wus krama.
23. Daup lan Dewi Aminah, putri angunggah-unggahi, [149] teka nagri
baninajar, durung lawan dennya panggih, paranta bapa patih, ing becike
lakuningsun, apa ali kewala, dene wus kari ing kardi, kyana patih
Ngesamalon naurira.
24. Sumangsa karsa paduka, yen ing wartos inggih yakin, yen Ngabdulah
sampun krama, pun bapa ingkang sung warti, wadya tanpingan gusti, kang
juru nelik ing laki, sampun tetela kadya, pangandika sang retnadi, nanging
kantos samangke raden Ngabdulah.
25. Dereng carem mring kang garwa, kadya wus karsaning Widdhi, kaliye
sami kewala, putri Baninajar gusti, inggih tesih Tyasneki, tuminggal mring
kakungipun, marma dipati Mekah, sagarwa sami prihatin, dene putra
dereng carem dennya krama.
26. Sang retna alon ngandika, lamun nyata uwa patih, kaya mangkono
wartanya, banjure lakuku iki , maksih kena pinikir, yen cahya Nurbuwah
durung-durung, tumiba mring aminah, manawa karsaning Widdhi, kang
Nurbuwah ngenteni ing praptaningwang.
27. Iki ingsung ginawanan, layang ing kangjeng rama ji, marang sang dipati
Mekah, mratelakake laku mami, pasaja tan kekalir, yen ngunggah-unggahi

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 72


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

ingsun, marang raden Ngabdulah, mituhu ujaring wangsit, nanging ewuh


lamun ingsun kabanjura.
28. Prapta nagara ing Mekah, iya yen Nubuwah maksih, [150] dumunung
aneng Ngabdulah, wirang isin sun lakoni, ewuhe ing tyas mami, yen
Nubuwah wus katrucut, tumiba mring Aminah, kaya paran salah mami,
becik siwa wa patih kang dhinginana.
29. Siba mring dipati Mekah, ngaturake layang iki, ananging ta kaya paran, ing
pikirira wa patih, bisane awak mami, wruh dhewe sadurungipun, ing
warnane Ngabdulah, aja mung gugoni wangsit, lamun ingkang katon
sajroning supena.
30. Yen mengko anawa, sayekti ingsun tan pangling, wayahe satengah tuwa,
nanging cahyane nelahi, dhasar warnane pekik, semune jalmi karuruh,
saking doh lir jajaka, kipatih turira aris, kang punika pratikel saking pun
bapa.
31. Kang matur mring Sang dipatya, sarating wong laki-rabi, ingkang sampun
kalampahan, inggih mawi nenontoni, jalu kalawan estri, sarat wruha
warnanipun, yen pareng ingkang putra, kula suwune mariki, sengadiya
angaturaken sasegah.
32. Sang retna suka ngandika, iya bener uwa patih, mangkene pratikelira,
pasajan datan kakelir, mangkata ing saiki, surat pinaringaken sampun,
mundur rekyana patya, prapteng jawi marentahi, wadyanira namung satus
kang binakta.
33. Budhal saking pasanggrahan, samya wahana turang-[151]gi, kang samya
jajari surat, warnanen sang Adipati, wus ngaturaken udani, lamun wonten
putri rawuh, saking Nagari Ngesam, bekta sakaprabon jurit, mangkya
kendel masanggrahan jawi kitha.
34. sang Adipati kapitayeng tyas, dereng pinanggih ing galih, ing wadinira putri
Sam, praptaning Mekah nagari, sigra dennya nimbali, pra putra
santananipun, pinundhut rembagira, dereng dugi denira ngling, pan kasaru
parptane patih Ngesam.
35. katur lajeng tinimbalam, tumundhuk rekyana patih, umatur ngaturaken
surat, kang saking gustinireki, Sang Dipati ngurmati, tedhak saking dennya
lungguh, surat wus tinampanan, binuka sinukmeng galih, wus kadriya
suraosireng nawala.
36. Sumuk ing tyas mijil suka, serat penaringaken aglis, mring putra raden
Ngabdulah, binuka sinukmeng galih, putus pamaosneki, ngungun ing
tyasnya tumungkul, myarsa raosing serat, sang dipati ngandika ris, heh
Ngabdulah yeku nugrahaning suksma.
37. Paranta wangsulanira, marang ing sang raja putri, miwah ing
wangsulanira, kang katur ing Sri Bupati, kang putra awotsari, hamba

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 73


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

tangsaged umatur, dhestun amung sumangga, ing sakarsa sang retnadi,


miwah karsanipun jeng Sultan ing Ngesam.
38. Sang dipati mesem ing tyas, miyarsa aturing siwi, ngandika mring kiya
patya, punika wangsulaneki, putra andika adhi, sumangga ing haturipun,
dhateng sang parabu ing Sam, myang katurira sang putri, datan darbe atur
pan amung sumangga.
39. Sampun kang kinarya harja, den jur pinanjingna [152] kowi, datan garantos
samendhang, yen ing karsa Sri Bupati, mesem rekyana patih, miyarsa
wangsulanipun, langkung reseping driya, dangu denira ningali, ngawasake
pukiranita Ngabdulah.
40. Ngungun rekyana apatya, dene tan gethang sanyari, lawan dhawuh sang
retna, Ngabdulah warnanireki, kang katong jroning guling, wayahe
satengah sepuh, nanging kadya jajaka, mawa cahya anelahi, Nubuwah
kang munggeng larapanira.
41. Murubaprabaning wadana, lir trenggana ngikis latri, kyana patih kaulapan,
tan kuwawa dennya ngliring, nginggil tenggakireki, dadya lon dennya
humatur, mring sang dipati Mekah, pukulun langkung respati, wangsulane
putranta raden Ngabdulah.
42. Ananging lamun sembada, ing karsa sang adipati, rehning putri wus
diwasa, prayogi mawi nontoni, jalu kalawan estri, sarat wruha warnanipun,
dados boten kuciwa, yen sami sampun udani, kang punika dede saking
panyuwunnya.
43. Putra paduka sang retna, pan saking kula pribadi, kang nunuwun ing
paduka, ing lampah amrih utami, yen ngemungna gegani, sang retna
supenanipun, langkung maksih kuciwa, mesem ing tyas sang dipati,
amiyarsa pratikelira patih Sam.
44. Ananging sang adipatya, ing galih wus grahita-[153]ni, lamun ing rembag
punika, dede ki patih pribadi, yekti saking sang putri, sang adipati
ngandika rum, inggih langkung prayoga, pratikele adhi patih, terus lawan
wijile agama kula.
(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 20 ۩۩۩


MIJIL

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
1. Inggih putra paduka pribadi, kang kula ken caos, mring sang retna lawan
ngaturake, sasegahe kang abdi ing ngriki, ki patih miyarsi, langkung
sukanipun.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 74


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

2. Dene karsanira sang dipati, lan tyase wus condhong, Ngabdulah kang
ngaturna segahe, pamit mundhur ekyana apatih, arya Dulmuntalib
ngandika mring sunu.
3. Heh ta kulup dandana den aglis, aturna susugoh, marang putri Ngesam
sahanane, kaya dudu pikire pribadi, kipatih dennya mrih, ing praptanireku.
4. Ingsun duga dhasare sang putri, karsane mangkene, kudu-kudu wruha
sadurunge, iya marang warnanireki, dhasare wus wajib, sanadyan sireku.
5. sadurunge kudu hangawruhi, warnane sang sinom, anganggowa cara
santri bae, ngarah apa dhasare wong santri, kang putra wotsari, sandika
turipun.
6. Wus amekta rembatane sami, jodhang miwah songgon, gili saking putra
pangiride, raden Ngabdulah busana santri, nyampingira langking,
srebanipun gadhung.
7. Rasukan jubah caweni kuning, sarwi nyethe golek, [154] sinamiran ubet ro
tasbehe, ilang sepuhe saking doh kadi, jajaka nom pekik, nitih kuda pingul.
8. Kawandasa sabate umiring, rare anom-anom, samya putih busanane
kabeh, kawarnaa lampahe kya patih, pasanggrahan prapti, tinimbalan laju.
9. Marang ngasanira sang retnadi, kya patih turnya lon, ngaturaken solahe
kinengken, dennya panggih lawan sang dipati, maringaken tulis,
tinampenan sampun.
10. Lajeng binuka sinukmeng galih, putusing pamaos, kang nawala gya
pinaringaken, mring putra nulya binuka glis, surat sasampuning,
pamaosnya putus.
11. Lajeng tumungkul deninra linggih, kang rama nulya kon, ngangsulana
kangdadya ature, aturipun kalangkung kapundhi, kang kawrat ing tulis,
dhawuhe sang prabu.
12. Sampun menggah kang pinaringan putri, kinarya pamomong, lamun boten
nyumanggakna bae, sarirane tan ngraos darbeni, pejah gesang neki,
kagungan sang parabu.
13. Dene gusti yakining pawarti, Ngabdulah sayektos. Dereng carem kalawan
garwane, pratandhane Nubuwah kang munggwing, larapannya maksih,
murub prabanipun.
14. Wus satengah sepuh den tingali, kadya jajaka nom, [155] dhasaripun pekik
warnane, sariranenira rurus aramping, pasemone wingit, jatmika aruruh.
15. Pang ing mangke dinuta mariki, ngaturken susugoh, mring paduka paranta
nak angger, raden Ngabdulah prentahe linggih, miwah kang nampeni,
mangke aturipun.
16. Sang kusuma mesem ngandika ris, dene dennya lunggoh, jajara lan sira
kana bae, sedheng gone kalawan gon mami, dene kang nampani, mengko
tembungipun.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 75


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

17. Ing becike ya ingsun pribadi, wus padha patemon, jajaragan lah apa
hasile, akakelir kayata wong cilik, yen jenenging putri, wa patih tan patut.
18. Ngangge isin angewakken ati, ki patih turnya lon, leres karsa paduka nak
angger, dereng dugi ngandika sang putri, wadyanya ki patih, angaturi
weruh.
19. Lamun wonten putra Mekah prapti, ngantos neng pakuwon, ngaturaken
asesegah lampahe, duk miyarsa sang dyah ngandika ris, temonana aglis,
yeku kakang rawuh.
20. Dene mengko pangiridireki, marang ngarsaningong, pra punggawa
angiringna kabeh, kyana patih sandika turneki, medal marang jawi, wauta
kang kantun.
21. Pan sakedhap kondur sang retnadi, mring dalem [156] pakuwon, sawetara
maharjeng gelunge, myang busana winangun sarwadi, dhadhasar yu
linuwih, sasolahe patut.
22. Kaduk raga karana mantesi, akarya wirangrong, galak ulat alindri liringe,
pan kasembuh anandhang wiyadi, sangsayembuh manis, nglalentreh lum-
alum.
23. Sawusira dennya maharjaring, ukel sang lir sinom, marang jawi lenggah
paningrate, aglar parekan kang para cethi, ngayap kanan kering, miwah
aneng pangkur.
24. Tan dangu kyanu patih prapti, munggeng jawi regol, sarwi ngririd marang
tetamu, punggawa wolu samya umiring, wus kinen ngaturi, kyana patih
laju.
25. Manjing regol Ngabdullah neng kering, sang dyah nalika non, mring kang
prapta gumebyar galiya, dene wutuh tan ana kang rempit, lan kang katon
nguni, jro supenanipun.
26. Wus satengah sepuh den tingali, kadya jajaka nom, kasamadan senening
cahyane, gebyar-gebyar prabanya nelahi, Nurbuah kang mungging,
larapan umancur.
27. Sang kusuma aris anedhaki, ngurmati kang rawoh, mudhun marang
ngandhap bebature, sarwi dekung dennya ngecarani, lah raden suwawi,
kula turi laju.
28. Pinarekka nginggil lan wa patih, andheku kang kinon, sang dyah sampun
wangsul mring ngenggone, raden Ngabdullah lan kiya patih, wus jajar
alinggih, neng nginggil babatur.
29. Raden Ngabdulah cengeng ningali, saputing pan-[157]dulon, yayah kadya
rungging wardayane, mulating warna sang kadi ratih, leng leng tan kena
ngling, tyasira keneng kung.
30. Agung dennya sabil jroning galih, miwah sang lirsinom, leng-leng miyat
marang tatamune, meh kasupen lamun putri adi, rengeh dennya linggih,
wau sang tatamu.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 76


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

31. Sarehning driya umatur aris, pukulun sang sinom, pan ing lampah kawula
kinengken, ing sudarma marek ing sang putri, kinon angaturi, ing
sawontenipun.
32. Tedhanipun parekkan myang cethi, dheku sang lir sinom, langkung saking
anuwun ature, punapa ta jeng tuwa dipati, sagarwa myang siwi, samiya
rahayu.
33. Raden Ngabdulah sauriraris, pan inggih sang sinom, sami harja sadaya-
dayane, kaping kalih jeng rama kang weling, paduka sang putri, ingaturan
laju.
34. Manjing jroning praja benjing-enjing, jeng rama wus saos, pasanggrahan
prayogi prenahe, patamanan caket lan jro puri, dene ramanta ji, ing
sadawuhipun.
35. Ingkang kawrat sadaya ing tulis, rawuhe sang sinom, mring kang abdi
Mekah panampare, karsa mupu mring dasih kaswasih, kinon angembani,
mring sariranipun.
36. Kang abdi wus tan saged mangsuli, pan amung su-[158]maos, ing
sakarsa-karsa padukangreh, miwah pejah gesange kang abdi, kagungan
sang putri, sumanggo sakayun.
37. Dene sampurnanireng ngakrami, inggih mung cumadheng, ing sakarsa
paduka nak angger, kinarsakna tamban miwah aglis, Sang dyah duk
miyarsi, Ngabdulah turipun.
38. Trenyuh ing tyas saengga wus panggih, neng tilam karongron, lawan
kakung linut pangrungune, ing tyas ira onar senig-senig, swanida drus mijil
sarira marlesu.
39. Dadya sang dyah wus tanpa wawadi, sahuripun alon, inggih raden punapa
kasile, akakelir sabarang, pakardi, yen sampun kinapti, sae gothak-gathuk.
40. Inggih kula raden benjing-enjing, saha wadya bodhol, manjing kitha
sakedhap arereh, wonten pakuwon sontenireki, ningkah lajeng panggih,
lan sariranipun.
41. Yen gantunga ningkah lami-lami, labetipun awon, nanging kula nuwun
jangji raden, sarirane ing sadalu mangkin, sampun anyareni, dhateng
garwanipun.
42. Dene benjing yen sampun saresmi, lan sariraningong, nadyan nguyunana
dhomas kehe, para putri amba tan praduli, kang kula aweri, mung
samangke dalu.
43. Raden Ngabdulah marem miyarsi, aturipun alon, [159] sampun menggah
kang jinangji angger, mangka dalu sageda kang abdi, dhatengken saresmi,
lan garwa kang sampun.
44. Malah-malah kusuma kang abdi, cepak boten dados, lawan putri ing
Baninajare, namung mulat duk lagya pepanggih, prapta ing samangkin,
dereng salang dulu.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 77


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

45. Pan kalajeng tyas kula tebih, mesem sang lir sinom, miyarsa Ngabdulah
wuwusa, osiking tyas jarene wong santri, kewese kepati, dennya gawe
wuwus.
46. Wusing dangu dyan Ngabdulah pamit, sang retna lingnya lon, inggih raden
sembah ulun bae, aturena mring uwa dipati, dheku kang sinung ngling,
sigra dennya mundur.
47. Sareng lawan patih dennya mijil, saking ing pakuwon, sang dyah kadya
nutaken tingale, ngandikeng mban sira aningali, warnane kang prapti,
angaturi suguh.
48. Kaya paran besuk yen wus panggih, lan sariraningong, apa pantes jajara
lungguhe, dene wus satengah tuwa bibi, pantes ingsun dadi, putrane
pembayun.
49. Wayahane mung kacek sathithik, an jeng rama katong, mung kakang adhi
iya pantese, niken emban umatur wotsari, inggih leres gusti, wus satengah
sepuh.
50. Nanging dereng wonten ewah gusti, sadayane wu-[160]toh, dereng mantra
ngalinthing kulite, maksih alus alurus aramping, yen sampuna gusti,
remane kadulu.
51. Sampun mawi pethuk pethak kedik, kadya jajaka nom, lan isine jagad
sinten darbe, cahya ingkang kadya wau gusti, sumunu nelahi, tejane
ngunguwung.
52. Tuhu putra piturun Hyang Widdhi, badane lawan wong, dene teka dalah
kenakane, mawa gilap kabeh ting parelik, nalikanireng ngling, kawuleram
dulu.
53. Pan gebyar wajanipun kengis, lir mirah sumorot, maksih rapet pepet
pangapite, sang kusuma mesem amiyarsi, gujengira sarwi, jumeneng gya
kondur.
54. Manjing dalem pakuwonireki, kagagas wirangrong, kawuwusa wau ing
lampahe, raden Ngabdulah pan sampun prapti, ngarseng sang dipati, kang
putra won santun.
55. Ngaturaken solahing tinuding, marek ing sang sinom, dennya ngaturaken
sugatane, ing sadhawuhira sang retnadi, sakarsanireki, sadaya wus katur.
56. Lakung suka kangrama miyarsi, babo putraningong, yen mangkono putri
sami karsane, sira sesuk mapagga pribadi, sawetara kaki, den samekteng
laku.
57. Ingkang padha ngiring ing sireki, aja lungsed [161] tinon, becik nganggo-
anggo sapantese, ya sacara-carane wong santri, kapraboning jurit,
ingkang sira pethuh.
58. Aja dumeh bakal dadi rabi, yen putrining katong, wajib kinurmatan ing
praptane, kapindhone garwanira kaki, sadurunge wajib, paringana weruh.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 78


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

59. Lamun sira sesuk bakal kawin, lan putri kang rawoh, ningkah sore banjur
katemune, nadya sira lan garwanireki, karone padha wis, puwas ing
tyasipun.
60. Namung aja kaget bae kaki, temua samengke, ingkang putra sandika
ature, yen mopowa rehing rama ajrih, pinaksa wotsari, saking ngarsa
mundur.
61. Mampir dalem sayah rungsang saking sarira keraos, dadya siram ngayem
sarirane, raden Ngabdulah, denira panggih, lan garwanireki,
Baninajaripun.
62. Mung sapisan dennya marepekki, tinilar mring gedhong, ing tyas mutung
prapta ing samangke, datan arsa marepekki malih, wus karsaning Hyang
Widdhi, dereng mangsanipun.
63. Tumurune Nubuwah pan maksih, neng larapan manggon, marmanira
sakalih-kalihe, tyasira maksih kinarya tebih, wau kang winarni, kang
manggung mangun kung.
64. Raja putri Baninajar maksih ngekep munggeng ge-[162]dhong, tansah
lawan pipitu embane, mung puniku ingkang manjing mijil, ngladosi sang
putri, ing sakarsanipun.
65. Duk samana niken mban miyarsi, nenggih wartaning wong, sigra marek
matur mring gustine, dhuh kusuma kawula miyarsi, wartos saking jawi,
rakanta pukulun.
66. Pan dinuta mring sang dipati, ngaturken susugoh, dhateng putri ing
Ngesam praptane, mring rakanta anginggah-inggahi, praptane mariki,
ambekta branagung.
67. Sejatine apan nenontoni, denira susugoh, raja putri Ngesam wus
tinampan, benjing-enjing praptane mariki, ningkah lajeng panggih,
manising jinem rum.
(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 21 ۩۩۩


DHANDHANGGULA

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
1. Sang kusuma wau duk miyarsi, lamung ingkang raka badhe krama, saking
niken mban ature, esmu sukaning kalbu, mesem sarwi ngandika aris,
sokur yen gustinira, krama besuk-esuk, antuk Rajaputri Ngesam, sayektine
aliye wus tan tumolih, iya mring raganing wang.
2. Pasthi marem kasengsem tyasneki, marang garwane putri Ngesam, ayu
anak ratu gedhe, sugih raja brana gung, iku biyung emban kang dadi,
sukane ing tyasingwang, ing besuk lamus wus, sedheng antarane lawas,
ing panggihe lan putri Sam ingsun pamit, mulih mring Baninajar.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 79


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

3. Sayektine lamun den lilani, malah-malah ing pan-[163]duganingwang, den


runtuhken talake, tetelu pisan besuk, karana wus puwas tyasneki, putra
Mekah maring wang, marga saking mutung, pira ta lawase biyang, mung
sapisan merpeki ingsun lungani, mring gedhong tutup lawang.
4. kongsi mengke nora prapta malih, iku tandhane raden Ngabdulah, lamun
wus putung galihe, marang sariraningsun, Baya ta wus karseng Hyang
Widdhi, iya raden Ngabdulah, dudu pasthinipun, jinodho lan raganing
wang, kaya lagi jodho angalang-alangi, dene padha kewala.
5. Iya lawan rasaning tyas mami, mulat marang rahaden Ngabdulah, kepati-
pati adohe, nora duwe sarambut, acipta sih biyang tyas mami, nora kena
sun peksa, kudu lumuh dulu, ing mengko temahan krama, marma banget
biyar leganing tyas mami, kaya kaul-kaula.
6. Payo biyang metu marang jawi, banget rungsange sariraning wang, lawan
ngekek gedhang bae, sun arsa siram wuwung, dimen ayem sarira mami,
raresik sawetara, niken ban umatur, inggih hangger sae siram, ngegar-
egar ngalapa kang sarwa sari, wonten ing patamanan.
7. Sang kusuma apan sampun mijil, saking gedhong [164] tan kantun mban
inya, prapta ing taman lampahe, manjing patirtan sampun, siram preres
sang raja putri, miwah emban lan inya, sapta adus wuwung, sang dyah
sawusira siram, sigra ngrasuk busana mung sawatawis, sarta lawan
gegondo.
8. Lajeng mider-mider ngalap sari, aneng taman sang kusumaning dyah,
maksih angere remane, panjang rawuh jajengku, pan satuhu sang raja
putri, endah ing warnanira, wus kawektu kidung, tan kena yen ginurita,
cahyanipun ngasorken resmining sasi, sawusnya ngambil sekar.
9. Lenggah munggeng sor mandira resmi, rema sineratan ngembanira, ing
wanci serap srengenge, sang retna ngandika rum, besuk esuk biyang yen
panggih, gustimu lan putri Sam, ingsun arsa dulu, andherek ing ibu
kewala, ngarah apa ingsun biyang nora isin, dereng dugi ngandika.
10. Kagyat mulat ingkang raka prapti, sareng denya paguting paningal, lir
panjang putra pamine, tibeng sela kumepyur, suh rempuning tyasira kalih,
tingale wus binuka, aling-alingipun, raden Ngabdulah tumingale, marang
garwane ingkang sayekti, ngungun kenyut tyasira.
11. Pan kemutan patembayeng uni, jangjinira lawan [165] putri ing Sam, tan
kenging sadalu mangke, nyaremi garwanipun, dene lamun sampun
saresmi, lan raja putri Ngesam, sakarsaning kakung, nadyan nguyunana
dhomas, tan praduli mung sadalu den aweri, haywa kongsi cumbana.
12. Datan pae lan sang putri, Baninajar mulat kakungira, sampun sirna hing
alinge, Nubuwah gebyar-gebyar, abra ngenguwung, tan katingal sepuhira,
kaseninan ing cahya ingkang nelahi, sang dyah kenyuting driya.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 80


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

13. Gya jumeneng methuk marang laki, tundhuk mendhak sang dyah duk
lagyarsa, nembah cinandhak astane, kang garwa gya sinambut, wus
binekta marang jinem mrik, mban inya pitu mulat, marang gustinipun,
langkung sukaning tyasira, dene sampun carem lan kakungireki, sinambut
mring papreman.
14. Kawuwusa kang aneng jinem mrik, raden Ngabdulah lawan kang garwa,
tan winarna pangrenggane, pangrepaning pangrungrum, risang kakung
denira mamrih, nigasi ing kalangyan, langening jinem rum, rarasing reh
karasikan, pan cinandahak rasa mulya tumibaring, retna Dewi Aminah.
15. Miwah cahya Nubuwah kang munggwing, ing larapan wus manjing sang
retna, sareng lawan tumurune, kang rasa mulya wau, rara kenya
pinurweng resmi, ing kakung wus widagda, pangrurahireng ngrum,
kekeran sekar wus mekar, sang kusuma yayah mursita ing resmi,
kawratan ing ngasmara.
16. Risang kakung awlas aningali, mring kang garwa [166] nulya sinetyanan,
sinambut aneng pangkone, dhuh mirah jiwaningsun, ingkang lagya asih
ing dasih, abdine tur uninga, ana putri rawuh, teka negara ing Ngesam,
prapteng Mekah sedyane ngunggah-unggahi, mirah mring raganingwang.
17. Sadurunge paring asih, mring dasihe ingsun wus dinuta, mring pakuwon
ngaturake, jeng rama suguhipun, mring putri Sam nora kakelir, kang dadi
sedyanira, praptane maringsun, wit brangta supenanira, anon cahya
tumurun saking wiyati, tumibeng raganingwang.
18. Yeku ingkang pineleng ing galih, dennya ngunggah-unggahi maring wang,
lawan malih panjaluke, banget-banget maring sun, ingaweran sawengi iki,
haywa kongsi sajiwa, lan sang retnaningrum, saking ingsun wus tan
nyana, lamun bisa iya ing sawengi iki, antuk sih sang kusuma.
19. Saking banget laluning panganti, dadya ingsun tampani kewala, putri
Ngsam panyethine, sarta sajangjinipun, banjur panggihipun, pan ing
mengko kaya paran, dene ingsun nemahi cidra ing jangji, mulat ing
warnanira.
20. Sasat mulat resmine kang sasi, nguni-uni lamun [167] tumingal, warnanira
kang mangkene, kongsia luluh luntur, nora nedya cipta dyah malih,
ngamungna sang kusuma, dasihken maring sun, mengko paran karsanira,
putri Ngesam sesuk ing praptanireki, manjing jro kitha Mekah.
21. Lamun sira gusti anglilani, ing banjure sayekti sun papag, lamun tan
pareng galihe, yekti sun tulak wangsul, wus narima gusti tyas mami,
among sira kewala, ing satutuipun, mesem matur sang lir retna, yen
paduka mangsulna praptanireki, ing sang putri Sam.
22. Lahir batin lepat kaping kalih, kang rumiyin cidra ing ubaya, boten nuhoni
jangjine, pingkalih lepatipun, sasat nampik sihing Hyang Widdhi,

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 81


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

praptaning putri ing Sam, langkung kusung-kusung, atilar ibu rama, kang
pineleng ing galih tan wonten malih, mung nedya amawongan.
23. Mring paduka sagah anampeni, praptaningdon tinulak neng marga, niyaya
lahir batine, lawanta malihipun, ing wong karya sak ing sasami, sae tuan
lajengna, ing pamethukipun, pan sampun kawula sedya, saking nagri gen
kawula anyenyethi, among maru sanambang.
24. Kadya rentah tyase tibeng siti, dyan Ngabdulah kalane miyarsa, marang
aturing garwane, sang retna gya rinangkul, sah ingaras awanti-wanti, dhuh
atma jiwaningwang, kang sawang jumerut, muga Allah anulusna, setyanira
dennya asih marang ing dasih, sang dyah sinambut sigra.
25. Mring patirtan siram jinabaddi, wusing siram la-[168]jeng agegonda, salin
busana kaliye, manjing ing dalem agung, merak marang rama ngabekti,
miwah ibu sadaya, langkung sukanipun, mulat marang ingkang putra, de
wus carem kang rama ngandika ris, paranta putraning wang.
26. Ing dadine rembugira kaki, ing garwanta apa tan salaya, putri Ngesam ing
praptane, raden Ngabdullah matur, putra tuan sampun nglilani, ing
pamethuk kawula, miwah lajengipun, ing paningkah sampun lila, tur
prasetya suka lila lahir batin, darbe maru putri Sam.
27. Sang adipati suka ngandika ris, sarwi ngrangkul marang mantunira, nini
sun ngamini bae, mangkone tyasireku, nedya mrih utameng krami, sira
putri utama, trahing ratu punjul, Sri Bupati Baninajar, Sultan Wahab ratu
hambeg wali mukmin, bakuh maring ngagama.
28. Yayi prabu denirantuk wangsit, sun tatedha nini lestarinya, marang sira
nugrahane, heh Ngabdulah nak ingsun, yen wus rembag garwanireki, nuli
sira mapagga, sakadangireku, marang raja putri Ngesam, ing sacara-
caraning wong Mekah santri, ing laku den samekta.
29. Tur sandika kang putra gya mijil, prapteng jawi [169] enjang wus samekta,
wadya Mekah sadayane, myang para kadangipun, sakapraboning ngajurit,
tuwin kang pra santana, samektanira wus, budhal saking nagri Mekah,
kuneng raja putri Ngesam kang winarni, enjang sampun samekta.
30. Budhal saking pakuwonireki, pan tinata lampahireng marga, bupati
pangkat-pangkate, satunggal payung agung, myang badera saben bupati,
upacaranira bra tinata, neng ngayun, salin lagu ing lampahnya, sang
kusuma mungging ing ngarsa pribadi, sagung pacaranira.
31. Lir panjrah ingkang puspita resmi, upacaranira ingkang rama, tinata neng
ngrasa dhewe, upacara kaprabun, kang angampil kaprabon jurit, kang
sumambung ing wuntat, pacaraning ibu, asri lamun tiningilan, mawor
lawan upacarannya pribadi, raja kaputrenira.
32. Namung sunaring surya tukya sri, senggani lan rengganing jempana, sang
kusuma titihane, linimput ing herlaut, tinatirah ing manten wilis, asri pating

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 82


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

galebyar, muncar ting palancur, mawor lan srining busana, prajurit jro
ingkang sami anjajari, kapraboning ngayuda.
33. Ingkang ngapit munggeng kanan-kering, miwah ingkang garebeg ing
wuntat, busana ngemasan kabeh, mawangkana ngunguwung, miwah
wadya bala gung wuri, tan wus yen winuwusa, sring lampahipun,
busananing bala-bala, kadya mendhung sinalimut kilat thathit, asri pating
galebyar.
34. Wadya Mekah pan sampun kaeksi, sang kusuma ken-[170]del aken piyak,
nganan ngering pacarane, raden Ngabdulah sampun, sinung wikan lamun
sang putri, kendel sawadyanira, sang dyah munggeng ngayun,
amanggung munggeng jempana, pacarane samya piyak nganan-ngering,
saking doh katingalan.
35. Raden Ngabdulah sigra nimbangi, munggeng ngarsa sakadangira, miwah
para santanane, samya garebeg pungkur, maksuh lajeng lampahira ris,
saking doh sampun katingal, sang dyah dennya dulu, mung Ngabdulah
kang wianawas, munggeng ngarsa titihane kuda putih, nanging kucem
kewala.
36. Saya celak pamawasireki, sang kusuma tingale waspada, yen sampun
ilang cahyane, Nubuwah kang dumunung, neng larapan wus tan kaeksi,
angles ing tyas sang retna, wus handugeng kalbu, yen raden Ngabdulah
cidra, prasetyane pasthi ing dalu saresmi, kalawan garwanira.
37. Dahat runtik tyasira sang putri, denira sru kacuwan ing karsa, dadya
nepata wuwuse, heh Ngabdulah sireku, ujaring trah nabi Ibrahim, tinatah
gen utama, setya lawan tuhu, pagene cidreng ubaya, lah ta apa sireku
kang sun pengini, tuwa wus tanpa cahya.
38. Sayektine sira wus saresmi, mau bengi lawan gar-[171]wanira, cahya
Nubuwah ilange, nora suka tyas ingsun, sun tetedha maring Hyang
Widdhi, muga linuwihna, Ngabdulah sireku, saking rasaning tyas ingwang,
ing wong gawe sewu cuwa ing sak serik, aywa nemu raharja.
39. Sawusira nepata sang putri, aken ngingerken jempananira, budhal mundur
sawadyane, Ngabdulah miyat ngungun, wus pinupus sajroning galih,
wadya Mekah sadaya, sigra wangsul mantuk mring Mekah nagari,
Ngabdulah sakadangnya.
40. Lajeng marek sang adipati, ngaturaken sasolah lampahnya, mring putri
Sam pamethuke, miwah ing wangsulipun, anepata sanget ing runtik,
marang sariranira, sadaya wus katur, kang rama duk amiyarsa, langkung
ngungun esmu sungkawaning galih, alon dennya ngandika.
41. Yen mangkono putri Sam dennya ngling, heh Ngabdulah poma tyasira ja,
ngenak-enak mangan sare, lawan garwanireku, nanedhaa marang Hyang
Widdhi, rahayuning sarira, ing satutugipun, lah ta wus padha muliya, mring
garwanta pamomongira den becik, pan putrining Sri nata.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 83


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

42. Kang putra matur sandika, wus mundur dalemireki, tan kantun lan
garwanira, samya sih siniyan kalih, runtut lan walangati, sang dyah bekti
marang kakung, akung sih marang garwa, cinatur sang raja [172] putri, duk
sinaren uni lajeng wawratnya.
43. Bobot sawulan supena, katon ningali swargadi, lawange sawarga menga,
wonten cahya ingkang mijil, saking lawang guwa garba, nulya wonten kaki-
kaki, katingalan medal saking ing sawarga.
44. Lunggweng ing palongka retna, prapteng ngarsanya lon angling, heh ta
anini wruhanira, pan Nabi Adam sun iki, atutur mring sireki, yeku ingkang
sira kandhut, ing besuk apan dadya, Nabi kakasihing Widdhi, iya Nabi
panutup niyakaningrat.
45. Kang linilan badan tunggal, dening Hyang karana dadi, baboning roh
sabuwana, dening baboning jasmani, pan iya ingsun iki, Nabi Adam
wusnya muwus, namung pelangkanira, ingkang wangsul mring wiyati, Nabi
Adam manjing guwa garbanira.
46. Kagyat wungsu lir retna, sigra matur marang laki, lajeng katur mring kang
rama, langkung sukur ing Hyang Widdhi, kinen sageta mingit, sang retna
supenanipun, bobot ing kalih wulan, sang retna supena malih, katurunan
jeng Nabi Sis paningalnya.
47. Bobot tri wulan supena, katurunan Nabi Idris, [173] kawan wulan supena,
Nabi Nuh ingkang nedhaki, gangsal wulan jeng Nabi, Ibrahim ingkang
tumurun, nem wulan supena, kang tedhak Nabi Ismangil, saben wulan
kang katingal jro supena.
48. Nabi nenem kang tumedhak, wus wangsit lajeng manjing, guwa garbeng
sang retna, saben wungu dennya guling, matur marang ing laki, miwah
mring kang rama wau, langkung sukur ing Suksma, mangkana wau sang
putri, sawusira bobot dungkap pitung candra.
49. Cinatur raden Ngabdulah, kadya wus karseng Hyang Widdhi, pamit
dagang marang Ngesam, ngiras tutumbas kinardi, samektaning mitoni,
dennya wawrat garwanipun, adreng ing karsanira, tan kenging dipun
pambengi, mring kang rama kadang miwah garwanira.
50. Sawusnya sami samekta, rembatan daganganeki raden Ngabdulah gya
mangkat, saking ing Mekah nagari, kang garwa siru prihatin, miwah rama
lan kang ibu, samya nawung sungkawa, namung nanedheng Hyang
Widdhi, ingkang dagang marang Sam raharjanira.
51. Kuneng ing nagari Mekah, warnanen lampahireki, kang dagang mring
nagari Ngesam, cinendhak pan sampun prapti, neng Ngsam datan lami,
wus pajeng daganganipun, lajeng dennya tutumbas, barang
samektanireki, denirarsa mitoni ing garwanira.
52. Wus mangkat saking nagri Sam, pipikulira anggi-[174]li, randhat
lampahireng marga, nyata wonten kang winarni, nenggih Ratu Yahudi,

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 84


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

antuk atur saking nujum, lamun kang dadya, mengsahira pan meh lahir,
kangjeng Nabi panutup niyakaningrat.
53. Namung kantun kalih wulan, dinten punika marengi, Ngabdulah putra ing
Mekah, badhe ramanya jeng Nabi, wonten Ngesam nagari, atutumbas
perlunipun, badhe mitoni garwa, nenggih ibunya jeng Nabi, duk miyarsa
sang ratu Yahudi sigra.
54. Nuduh marang wadyanira, sakapraboning ngajurit, ngadhanga raden
Ngabdulah, samya mendhem neng wanadri, marga wana kang saking,
nagri Ngesam anjogipun, marang nagari mekah, tengah-tengahing
wanadri, duk semana lampahe raden Ngabdulah.
55. Prapteng marga wana ingkang, ingkang pinendheman wong Yahudi,
ingadheg kendel lampahnya, tinaken juraganeki, ingkang dadya titindhih,
pasaja ing sauripun, lamun raden Ngabdulah, putra ing Mekah dipati,
sawusira tatela takenira.
56. Wong Yahudi wus narajang, kang kanan keri ngebyuki, marang raden
Ngabdulah, tan antuk kiwuling jurit, prapteng sedanireki, wadyane sadaya
mawut, tan tolih gustinira, wong Mekah kathah ngemasi, duk tinujang
kacekuthah pejahira.
57. Kuwandhanira Ngabdulah, tan pinikir mring Yahu-[175]di, mung rebutan
kang rinembat, wus bubar bala Yahudi, mantuk prajanireki, matur marang
ratunipun, yen Ngabdulah wus pejah, binegal aneng wanadri, duk miyarsi
rajane langkung sukanya.
58. Kuneng wau kang winarna, wadya ing mekah kang sami, kapalajeng
sampun prapta, katur mring sang adipati, lamun putranireki, raden
Ngabdulah wus lampus, antuke saking Ngesam, binegal mring Yahudi,
wadya Mekah kacekuthah kathak pejah.
59. Miwah sagunging rerambatan, linapgeng mring wong Yahudi, sang dipati
duk miyarsa, dahat rentenging kang galih, myang para ibu sami, sadaya
nangis gumuruh, retna dewi Aminah, sesambatira mlas asih, gung kataka
rinapu ibu sadaya.
60. Dipati Mekah miyarsa, sambate mantunireki, sang saya wimbuh ing driya,
para putra wus tinuding, budhal sawadya neki, mring wana pra samya
ngruruh, nenggih kuwandhanira, raden Ngabdulah pinanggih, wus binekta
pinetak aneng ing Mekah.
61. Geng alit sapraja Mekah, sadaya samya prihatin, ing sedanireng
Ngabdulah, miwah ta sang adipati, renteng ngira katarik, welas marang
putra mantu, retna Dewi Aminah, kang dadya wewahing sedih, dene lagya
wawrat tinilar ing priya.
62. Antara samadya candra, prapta pamupuse sami, geng alit sapraja Mekah,
mung awlas dennya ningali, marang garwanireki, Dewi Aminah winuwus,

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 85


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

tutupe pitung candra, dennya bobot sang retnadi, pan supena Nabi Iskak
kang tumedhak.
63. wawarah aywa sungkawa, patine lakinireki, wus [176] tinakdirring Hyang
Widdhi, yaiku kang sira kandhut, ing besuk iku dadya, Nabi ning Hyang
kang sinelir, iya Nabi panutup nayakaningrat.
64. Wusnya sung wangsit mangkana, katon Nabi Iskak manjing, marang guwa
garbanira, kagyat wungu sang retnadi, matur mring sang dipati, miyarsa
kalangkung ngungun, alon dennya ngandika, yeku pituhunen nini,
sawangsite Nabi Iskak jro supena.
65. Sang retna anut ing rama, sampun mupus jroning galih, ing sedanira kang
raka, sapraptaning wolung sasi, sang dyah supena malih, Nabi Musa kang
tumurun, praptaning sangan wulan, sang retna supena malih, katurunan
nenggih marang Nabi Ngisa.
66. Nabi Musa lawan Ngisa pamangsite pan sami, lan mangsite Nabi Iskak,
sawusira asung wangsit, Nabi kalih pan sami, manjing guwa garbanipun,
dungkap prapteng lekira, sang retna supena malih, katurunan pra Nabi
wali sadaya.
67. Katon sami bebantahan, para Nabi para Wali, lawan kekandhutanira,
sawusnya kasoran sami, ngumpul dadya sawiji, manjing maring kang
kinandhut, nulya para Malekat, tumurun saking ing langit, pan amungdhut
marang kekandhutanira.
68. Binekta marang sawarga, tan adangu nulya prapti, [177] winangsulken
putranira, marang kekadhutan malih, nulya myarsa swara tri, kagyat sang
dyah nulya wungu, dene swara punika, apan tetangising Iblis, wruh
kalamun Nabi panutup meh babar.
69. Marma umung sabuwana, iblis lanat tangisneki, ing puniki sang dipatya,
ing Mekah iya miyarsi, swara kang gumrah atri, nulya tedhak mring
genipun, retna Dewi Aminah, wus karaos anyakiti, sasirepe swara umung
sabuwana.
70. Anulya miyarsa swara, jumegur hanggegirisi, kadya gelap satus, wendra,
sagung brahalaning kapir, rebah sadaya sami, remuk ajur anggalepung,
anulya wonten cahya, yayah ngebeki wiyati, ngumpul manjing guwa
manise Aminah.
(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 22 ۩۩۩


DHANDHANGGULA

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
1. Lajeng woten gondo anglangkungi, lan sadaya wawangining denya, saking
swarga pinangkane, ratuning ngarum-arum, lajeng babar kang jabang

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 86


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

bayi, pekik tur mawa cahya, tumeja ngunguwung, sareng lan tumurunira,
lintang johar dumunung puserireki, babayi lajeng ngucap.
2. Was adu anna laila hai, lalah wannas adu ya mu-[178]kamad, dan rasul
lulah tegese : apan nekseni ingsun, satuhune narana yekti, Pangeran
amung Allah, lan nekseni ingsun, satuhune raganingwang ingkang aran
Muhakamad iya kang dadi, utusaning Allah.
3. Nulya malekat samya nahuri, pan gumuruh angucap sahadad, laila
hailalahu, mukamaddan ya rasul, lulah wusnya gumrah ing langit, sang
adipati sigra, kang wayah sinambut, kangjeng rasul babarira, Senen dalu
wanci wektu sangkur nenggih, tanggal ping kalih welas.
4. Wulan Rabinguawal marengi, ing tahun Dal angka tahun Adam, lamun ing
tahun srengenge, gangsal ewu nam atus, lan sawidak warsa etanging,
lamun ing tahun wulan, nenggih gangsal ewu, wolung atus tigang dasa, lan
sakawan dene jumenenging Nabi, sami Senen dintennya.
5. Tanggal kaping kalih welas sami, Rabiingulawal ing tahun nedal, angka ing
tahun srengenge, apanta gangsal ewu, pitung atus yen tahu sasi, gangsal
ewu langkungnya, nenggih wolung atus, lawan pitung dasa gangsal, pun
hingetang duk jumenengira nabi, lamun ing tahun surya.
6. Yuswa kawandasa tahun nenggih, yen ing tahun wu-[179]lan, yuswa
kawan, dasa satunggal lakunge, dene ta hijrahipun, ing tegese
pindhahireki, mangkat saking ing Mekah, Senen dintenipun, rawuhipun ing
Medinah, Senen tanggal kaping kalih welas nenggih, wulan Rabingulawal.
7. Tahun Ehe angka tahun jawi, gangsal ewu pitung atus lawan, tigawelas ing
langkunge, yen wulan gangsal ewu wolung atus langkung ireki, pan
wolung dasa sanga, nuju kangjeng rasul, yuswanipun seket tiga, tahun
surya dene lamun tahun sasi, yuswa seket sekawan.
8. Dene sedanipun kangjeng Nabi, Senen tanggal kaping kalih welas,
Rabingulawal sasine, samya dal tahunipun, nuju wanci antaraning mahrib
lawan ngisa, angkanira nuju, gangsal ewu lakungira, pitung atus tigalikur
tahun jawi, lamun tahun wulan.
9. Gangsal ewu pitung atus nenggih, sangang dasa sanga langkungira, jeng
Nabi nuju yuswane, sawidak tigang taun, taun surya sasi, apan sawidak
gangsal, dene sedanipun, keng ibu Dewi Aminah, kaot kalih satengah
sedanireki, duk babare konduran.
10. Kaot malih sedanipun nenggih jeng Rasul yuswa pitung warsa, dene kang
eyang sedane, duk yuswa wolung taun, kuneng wau winarna malih, jeng
rasul garwanira, apan kalih likur, kang sepuh Siti Katijah, suteng kawiladah
ing asisiwi, anama Sayid Asad.
11. Sutanipun Sayid Ngabdulngaji, Ngabdulngaji pu-[180]treng Sayid Kasa,
Sayidin Kasa putrane, Sayid Kalap cinatur, saderenge sang dyah
kapanggih, lawan jeng Rasulullah, sang kusuma sampun, ping kalih

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 87


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

dennira krama, kang rumiyin sang dyah antuk Bakarkatik, duk puputra
satunggal.
12. Bakar Katik pan lajeng ngemasi, Siti Katijah pan dadya randha, satunggal
estri putrane, tan lami randhanipun, sang dyah nulya akrama malih, antuk
sang Abunibas, sang kusuma sampun, patutan kakalih priya, lawan
Abunibas nulya angemasi, randha malih sang retna.
13. Nulya dhaup lawan kangjeng Nabi, malang gambuh ing panggalihira, Siti
Katijah yuswane, wus tigang dasa taun, langkung gangsal dene jeng Nabi,
ing yuswanipun lagya, gangsal welas taun, kaot kalihdasa warsa, lang
kang garwa antarane dereng lami, Siti Katijah seda.
14. Kangjeng Nabi nulya krama malih, antuk Siti Sodah kang sesuta,
Abipukakah namane, Ngamir ingkang sesunu, risang Ngumar ingkang
sisiwi, nenggih Sayidin Marah.
15. Kangjeng rasul nulya krama malih, antuk Siti Ka-[181]psah kang puputra,
Sayidin Ngumar namane, Ngumar sakabat ngayun, suteng Katib sutaning
Napil, Napil ing susuta, Dul Ngaji ranipun, Ngabdulngaji kang susuta,
Nama Ribah Abdolah ing sisiwi, paran sutaning Jarah.
16. Jarah sutaning Sayid Ngadi, Sayid Ngadi suteng Sayid Kangat, jeng rasul
akrama maleh, Suti Jenap ranipun, Sang Kajimah ingkang sisiwi, Sayid
Ansari nama, yeku kang susunu, Kinannah ingkang susuta, nama Rabik
Rabik sutaning Sappari, Sappari suteng Ngumar.
17. Nugamar sutaning Ngamir nguni, tan alami Siti Jenab seda, jeng rasul
dahat enenge, saengga kadi gandrung, dadya galih ngupayeng estri, kang
nama Siti Jenap, dadosa panglipur, tan alami nulya angsal, nama Siti
Jenab sutaning Kujassi, sutaning Sayid Ansad.
18. Sayid Ansad suteng Asim, Asim putranireng Ngabdulmanap, lestari
kinarsakake, Siti Jenab kan kantun, tan alami akrama malih, Siti Ngumi
Salamah, Sang Karas ingkang puputra, nama Gaid Gaid Ngumar kang
sisiwi, dede Ngumar sakabat.
19. Ngumar suteng Ngimran Akbar nenggih, sang Sayid Mahyum ingkang
puputra, sang Sayid Marah putrane, Sayid Kangab puniku, tan antawis
lami sang dewi, Ngumi Salamah seda, jeng nabi agandrung, nulya jeng
nabi ngupaya, estri nama Ngumi Salamah kinardi, panglipur pcungira.
(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 23 ۩۩۩


PUCUNG

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
1. Tan alami denira ngupaya antuk, ran Ngmi Sala-[182]mah, punika ingkang
sisiwi, risang Abingupiyah Lamir namanya.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 88


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

2. Nenggih raja mugayarah kang susunu, ran Raja Ngabdolah, Ngamin Akbar
kang sisiwi, nenggih Sayid Mahjum iku kang susuta.
3. Sayid Mahjum Sayid Marah kang susunu, nanging sampun randha, Ngumi
Salamah kang kari, nenggih randhanipun, Sang Abusalamah.
4. Nanging nemah jeng nabi ing galihipun, wus pinundhut garwa, nadyan
rondha anom maksih, nulya krama malih jeng nabi Mukamad.
5. Antuk Siti Ngumikabibah ranipun, suteng Abisupyan, sang karib ingkang
sisiwi, ri sang Karab sutaning Sayid Ngumiyah.
6. Sang Ngumiyah suteng Sayid Ngabdul Samsu, putreng Ngabdulmanab,
Sayid Kasa kang sisiwi, krama malih antuk Siti Jawiriyah.
7. Suteng Karas sang Abiya kang susunu, sang kangad namanya, Kangad
sutaning sang Malib, Malib ingkang susuta nama Rabiyah.
8. Suteng Kabit suteng Sangyid Ngabdul Samsu, putreng Ngabdulmanab,
Sayid Kasa kang sisiwi, tan alami Siti Jawiriyah seda.
9. Nunten krama malih kangjeng nabi antuk, ran Siti Supiyah, sangkayi
ingkang sisiwi, Kayi iku sutane sang raja Atab.
10. Suteng raja Sukbah ingkang asusunu, sang raja [183] Saklabah, Saklabah
ingkang sisiwi, nama raja Ngajuja ingkang peputra.
11. Ngusmas Ngaji pan punika gurunipun, nenggih Ajisaka, Ngusmanngaji
kang sisiwi, risang Ngajid pan puniku gurunira.
12. Hyang Kesewa iya sang Bathara Wisnu, pan pinundhut putra, Hyang
Wisnu mring risang Ngajid, risang Ngajid sutaning kang Kananiya.
13. Kananiya sang Yukana kang susunu, Yibdan namanira, Aspiya ingkang
sisiwi, Astubiya Ngumuri ingkang susuta.
14. Sang Rajringam Yukaniya kang susunu, nama Ngaji Mangas, Yukamingas
kang sisiwi, Yukamingas iku sutaning Yusadak.
15. Sang Yusadak iku sutaning sang Saduk, sutaning Sadraya, Ngidriya
ingkang sisiwi, sadhereke sepuh jeng Nabi Bariya.
16. Nenggih raja Silkiya ingkang susunu, dene Sang Silkiya, raja Salum kang
sisiwi, Salum iku raja Kasduk kang susuta.
17. Raja Kasduk Akituba kang susunu, Amiri namanya, dene sang raja Amiri,
kang susuta anama raja Ngidriya.
18. Nenggih raja Yukana ingkang susunu, Sang raja Ngujuja, raja Mangas
sisiwi, raja Saduk Akituba ingkang susuta.
19. Nenggih raja Amriya ingkang susunu, Raja Rimarawa, sutaning Jarkiya
nenggih, Sang Jarkiya sutaning sang Raja Ngudja.
20. Ngudja iku raja Wikak kang susunu, sutaning Ami-[184]kar, raja Pisuk
kang sisiwi, risang pikuk putraning Sayid Pinakas.
21. Dene Sayid Pinikas ingkang susunu, begndha Lingajar. Nabi Arun kang
sisiwi, pan sadherekipun sepuh Nabi Musa.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 89


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

22. Tan alami krama malih kangjeng rasul, nama Siti Maryam, Sayid Ngusman
kang sisiwi, ya Sayidin Ngusman sakabat pangarsa.
23. Putranipun saking garwanya kang sepuh, tinrimakken marang, Sayid
Ngusman mring jeng nabi, suteng nabi kang nama Siti Rukiyah.
24. Marmanipun yen terkadhang kangjeng rasul, ngandika mring Ngusman,
sring basa bapa nak mami, dene maratuwa dadi mantunira.
25. Sayid Ngusman ri sang Ngapan kang susunu, abil Ngas namanya, Umiyah
ingkang sisiwi, Ngabdulsamsu putreng Sayid Ngabdulmanab.
26. Nulya krama malih nenggih kangjeng rasul, tuk Siti Memunah, ri sang
Karas asisiwi, suteng Kajan sang Kajan sutaning Ilal.
27. Sang Umiyah Ansari ingkang susunu, Rabingah namanya, Rabingah
suteng Pahari, putreng Ngumar Sayid Ngamir kang susuta.
28. Sayid Lawe Sayid Galib kang susunu, tan lami tarannya, jeng nabi akrama
malih, antuk Siti Patimah putri ing Lakak.
29. Lakak suteng Miyakun ingkang susunu, nama Sayid {185] Ilal, kang
sampun kocap ing nguni, tan alami dyah Siti Patimah seda.
30. Nulya Siti Batul sutaning jeng rasul, ingaran Patimah, kinarya panglipur
galih, krama malih antuk Siti Asapiyah.
31. Suteng Kalib Kalib iku kang susunu, Asas kang susuta, nama Abukijam
Ngamir, suteng Dinar sutaning raja Ngabdolah.
32. Sayid Ngimram sang Akbar ingkang susunu, Mahjum namanira, Sayid
Marah kang sisiwi, datan lami wau Siti Asapiyah.
33. Winedalken saking sajroning kadhatun, jeng nabi anulya, kramantuk
sutaning Kakim, trahing Banisrail ran Siti Kawilah.
34. Winedalken datan lami krama antuk, sami naminira, Siti Kawilah sutaning,
ri sang Ardil sang Sardil ingkang puputra.
35. Ran Satmata Sayid Salam kang susunu, Karisah namanya, karisah suteng
Sarikil, Sang Sarikil Sayid sangi kang susuta.
36. Raja Sarkil pan ratu juragan agung, ratu nagri Nrajan, sutaning raja
Sasrakil, pan punika putraning raja Yaskab.
37. Suta Yaskab, raja Kahtam kang susunu, Kahtalis namanya, sutaning raja
Suwapil, suteng raja Sarpil ingkang asusuta.
38. Raja Yadik, raja Tareh kang susunu, nama raja [186] Yaskab raja Yareh
kang sisiwi, raja Nadran putranira raja Najar.
39. Najar raja Yastajib ingkang susunu, nama raja yakrak, Sultan Kahtan kang
sisiwi, Sultan Kahtan sutaning Saseng Umisak.
40. Datan lami Siti Kawilah puniku, nulya sedanira, jeng nabi akrama malih,
antuk Sutu Ngumi Sarikah namanya.
41. Suteng raja Jabar ingkang asusunu, nenggih Sayid Asad, putraning Sang
Sayid Asim, tan alami kusuma Suti Sarikah.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 90


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

42. Wibedalken, krama malih kangjeng rasul, tuk Siti Muminah, sutaning
Ngaidahkapsi, tan alami Siti Mumiyah gya seda.
43. Krama malih jeng nabi rasul pan antukl, ran Siti Ngaliyah, sang Tayibat
kang sisiwi, tan alami winedalken saking pura.
44. Krama malih jeng nabi rasul pan antuk, ran Siti Salbiyah, Sang Salab
ingkang sisiwi, tan alami Siti Salbiyah gya seda.
45. Nulya krama malih kangjeng nabi rasul, Siti Malikiyah, Sang Tibah ingkang
sisiwi, tan alami winedalken saking pura.
46. Garwanipun kangjeng nabi kalih likur, pipitu kang seda, nenem winedalken
sami, ingkang gesang sanga ing sasidanira.
47. Kanjeng nabi tigang dintenipun nusul, garwa sanga seda, ing let dinten
ganti-ganti, ingkang seda rumiyin dyah Siti Dedah.
48. Let sadinten Siti Ngaisah kang nusul, seda let [187] sadina, Siti Kabsah
angemasi, let sadina Siti Jenab nusul seda.
49. Dinten malih Ngumi Salamah anusul, seda let sadina, Ngumi Kabibah
ngemasi, dinten malih sedane Siti Supiyah.
50. Let sadinten Siti Maryam sedanipun, Siti Maemunah, sedane len dinten
malih, nulya para selir nusul pejahira.
51. sasedaning garwa rasul lir pageblug, pageblug pra garwa, saking dening
tan kuwawi, para garwa anahen sungkawanira.
52. Kang wus kocap seliripun kangjeng rasul, gangsal kathahira, kang
satunggal saking kapti, ran Mariyah kalihipun ran Rikanah.
53. Sutaning jen, tiga putraning Semangun, iya ran Rikanah, Jamilah
sekawaneki, paran yunipun nguni Siti Jenab.
54. Nenggih Siti Jenab kang seda rumuhun, gangsale Kariyah, pan
pawonganira nguni, Siti Jenab ingkang kantun sedanipun.
55. Putranipun kangjeng rasul pan wewolu, dalasan kang seda, pambajenge
Sayid Kasim, panggulune kang anama Siti Jenab.
56. Krama antul Abilngas susunu, Rabik namanira, putreng Sayid
Ngabdulngaji, putreng Sayid Ngabdulsamsu kang puputra.
57. Ngabdulmanab dening Ngabilngas puniku, kang se-[188]puh garwanya,
putraning Ngabdulmuntalib, nama Siti Ngatekah pan lajeng seda.
58. Nulya tinariman Siti Jenab iku, kaping tri putranya, Siti Rukiyah nameki,
tinarimakaken mring Bagendha Ngusman.
59. Ping sakawan putranipun kangjeng rasul, ran Siti Aminah, Ngumikulsum
parabneki, sasedane kang raka Siti Rukiyah.
60. Retna Dewi Aminah kinarang ngulu, mring Bagendha Ngusman, saking
karsaning jeng Nabi, gangsalipun ran Sayid Ngabdulah.
61. Kang paparab Tayib seda maksih timur, kaping nem putranya, apaparab
Sayid Tahir, ingkang seda kala taksih timurira.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 91


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

62. Putra pitu sadaya pan patutipun, saking dyah Katijah, garwa kang sepuh
pribadi, jangkepipun wolu jeng nabi putranya.
63. Mijil saking selir nenggih patutipun, lawan mbok Mariyah, anama Sayid
Ibrahim, kuneng gantya ingkang winarneng Ngasmara.
(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 24 ۩۩۩


ASMARADANA

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
1. Winangsulan ingkang saking, jalu jinejering kondha, sajarah urut-urute,
Abuntalib garwanira, Nama Siti Pratimah, dhaup lan naksanakipun, sang
dyah putreng Sayid Asad.
2. Nenggih raden Abuntalib, lan garwa Siti Pratimah, [189] apanta gangsal
patute, Sayid Talib pambajengnya, nulya Yakparutiyar, kang rayi malih
ranipun Sayidin Ngalimurtala.
3. Arinya ran Sayid Ngakil, warujunipun wanodya, Siti Ngumingani rane,
Sayidin Ngalimutala, garwa Siti Patimah, putrinipun kangjeng rasul, Sayid
Ngali nulya krama.
4. Antuk dewi Kuraisin, putrinipun Bagendha Byah, sang kusuma patutane,
lan retna dewi Ismaya, putri Jining Ngajerak, sasedaning garwanipun,
kusuma Siti Patimah.
5. Sayid Ngali krama malih, antuk sutaning Abilngas, Siti Imamah namane,
Abilngas ingkang puputra, Sang Rakib namanira, Ngabdulngaji kang
susunu, Ngabdulsamsu kang puputra.
6. Sayid Ngabdulmanab nenggih, Sayidin Ngali Murtala, datan lama krama
malih, saking putri baboyongan, namane tan winarna, miwah kathah
kedhikipun, garwa kang putri boyongan.
7. Putranipun kang winarni, Sayidin Ngalimurtala, apan wolulas kathahe,
kang saking Siti Patimah, nama Sayid Kasan, Sayid Kusen ranipun, Sayid
Masin atinira.
8. Nama Siti Jenab nenggih, lan Ngumi Kalasup nulya, Siti Rukiyah arine,
dene putra patutira, lan putri jin Ngajirak, Kresim satunggal jalu, ran Mu-
[190]kamad Kanapiyah.
9. Ingkang cinteha ing benjing, anumpes ing Dajal lanat, sagung jin kang
murtat kabeh, nulya peputra kang patutan, saking Siti Imamah, Sayid
Jenngali ranipun, Sayid Ngenngali ranira.
10. Nama Sayid Ngimran Ngali, nulya Talibngali ranya, nulya Ngakil Ngali
ranira, dene putra kang patutan, saking putri boyongan, Jakparsadi
naminipun, Tuganusurki anulya.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 92


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

11. Sayid muga nutuk nenggih, arinya ran Sayid Wakab, Mursibakakan arine,
Waruju Ibrahi Astar, sampun jangkep wolulas, nenem putra patutipun,
kang saking Siti Patimah.
12. Jalu tiga wanodya tri, Kuresin putra satunggal, garwa Imamah patute,
gangsal sadaya pan priya, dene putri boyongan, apan nenem patutatipun,
sami jalu sadayanya.
13. Yata wau kang winarni, Sayid Kusen garwanira, [191] Siti Aminah namane,
putreng Kasim kang susuta, Sangadi namanira, Katimah ingkang susunu,
kang lema nguluwi raja.
14. Yeku suteng Abisaksi, Rahtayi ingkang susuta, nenggih sang Yajid
namane, Yajid katim kang susuta, Sang Mahbut suteng Yarab, Sayid
Ngadi kang susunu, Sayid Kangab namanira.
15. Sayid Lawe kang sisiwi, kuneng wau kang winarna, putrane Bagindha
Kusen, mung kakalih samya priya, ingkang seda satunggal, Sayid
Ngabdulah kang sepuh, seda kala timurira.
16. Ingkang yayi nama Sayid, Sulkabismah Mudinnga, Lijenab Ngabidin rane,
garwanira inggih nama dewi Siti Patimah, Sayid Musin kang susunu,
Sayidin Ngali Murtala.
17. Dhaup naksanak sang dewi, nenem putrane sadaya, Siti Jenab
pambajenge, Sang rtena kagarwa marang, Sultan Ngabdulah Makal,
Ngabdulah makal puniku, Sayid Kasan kang puputra.
18. Kasan ingkang kaping kalih, putraning Kasan sapisan, kang raka Bagindha
Kusen, kang panenggak nama Sultan, Jenab Ngalim arinya, anama Sarip
Imamuh, Kamadbarik arinira.
19. Ran Iman Muhkamad Bakir, nulya kang rayi namanya, nenggih Sarip Iman
Kusen, Iman Galib warujunya, mangkana Sultan Jenal, Ngalim nenggih
garwanipun Siti Tapyi namanira.
20. Putrining Sultan Ibrahim, Ibnu Ad ingkang puputra, jeng Sultan Adham
namane, putraning Sultan Mukamad, putraning Sultan Supyan, putranira
Sultan Ngabdu, lah Sakab ingkang susuta.
21. Jeng Sultan Ngemeru nenggih, Sang Sakap ingkang puputra, Sayid
Ngumiyar putrane, Sayid Ngimran Ashar nama, Sang Mahjum kang
puputra, SayidMarah namanipun, putraning Sayidin Kangab.
22. Yata Sultan Jenalngalim, cinatur kalih putranya, [192] Jenal Kakim
pambajenge, jumeneng aneng Madinah, arine aneng Mekah, Jenal Ngalim
namanipun, ngangge namane kang rama.
23. Wau Sultan Jenal Kakim, nenggih ingkang winursita, putreng pandhita
garwane, anama Siti Rakimah, sutaning Seh Mabarak, Seh Pelalah kang
susunu, Seh Mubarak kang susuta.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 93


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

24. Seh Pulel ingkang sisiwi, sutaning Pandhita Kiyal, yeku putreng Pandhita
Seh, Sadadpahan namanya, putraning Seh Sapalal, Seh Ngabas ingkang
susunu, Mahran Ansari namanya.
25. Seh Pahar ingkang sisiwi, Seh Pahari putreng Ngumar, putreng Sayid
Ngamir dene, Sayid Ngamir kang puputra, Sayid Lawe namanya, Sayid
galib kang susunu, wau malih kang winarna.
26. Nenggih Sultan Jenalkakim, apuputra mung satunggal, jalu tur pekik
warnane, Sayid Jenal Kusen nama, sasedaning kang rama, gumantya
karatonipun, jumeneng aneng Madinah.
27. Sultan Jaenal Kusen nenggih, cinatur sampun akrama, ran Siti Leli
garwane, putrining, Sultan Ngakabah, dene Sultan Ngababah, putraning
Sultan Ngumeru, putranipun Sultan Kamjah.
28. Sultan Kamjah kang sisiwi, rahaden Aris Munandar, [193] Aris Munandar
putrane, raja Sayid Ibnu Ngumar, Ngumar Yunani putra, Bagendha Byah
kang susunu, Ngabdulmuntalib ing Mekah.
29. Cinatur Jeng Sultan Sarip, Jenal Kusen ing Madinah, apanta gangsal
putrane, pambajengipun wanodya, Siti Kultum Kagarwa, mring Sultan
Mahmudi ing Ngerum, Sultan Mahmud kang puputra.
30. Ing Rum Sultan Ngabdulkamid, kang tutulung ing prang marang, Sultan
Sarip Jenalkusen, ing Madinah duk binedhah saking nagari Mekah, Sultan
Dulkamid ing Ngrum, Sultan Mahmud kang puputra.
31. Sultan Salim kang sisiwi, Ngabdulkamid kang puputra, Sultan Ngabdulah
putrane, Bagendha Ngusman sakabat, saking Siti Rukayah, putrinira
kangjeng rasul, dene putra kang panenggak.
32. Nama Sultan Jenalkabir, jumeneng aneng Madinah, jumeneng Mekah
arine, Sarip Jenalngali nama, nulya malih rinira, Jenalkarim namanipun,
jumemeneng neng nagri Yaman.
33. Kang waruju Jenalngasik, nyatriya aneng Madinah, wau jeng Sultan
garwane, Jenal Kabir ing Madinah, nama Siti Tahirah, Iman Sapingi kang
sunu, kang ngiket ngelmu pirasat.
34. Seh Edris ingkang sisiwi, Seh Rabas putreng Seh [194] Ngusman, Seh
Ngusman putranira Seh, Sapingi ingkang puputra, Seh Sayid namanira,
Seh Ngabidah kang susunu, Seh Sajid ingkang susuta.
35. Seh Asim ingkang sisiwi, anama Bagendha Matal, putreng Sayid
Dulmanape, putraning Bagendha Kasa, wauta kang winarna, Sultan
Janelkabir wau, mung kakalih putranira.
36. Pambajengipun pawestri, ran Siti Patimah kubra, kagarwa Sultan sang
sinom, Jenal Ngalim ing Madinah, Sang dyah krama naksanak, ingkang
anem putranipun, Sayid Jenal Ngalim Kubra.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 94


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

37. Sayid jenal Kubra nenggih, pan sampun apalakrama, ran Siti Jenab
garwane, putreng Sari Musirulah putreng Sayidin Ngiyal, Sayidin Ngiyal
puniku, putranira Sarip Iman.
38. Rukaniyah Jakparsidik, putraning sang Sayid Imam, Mukamad Bakir
putrane, Sayidina Mailana, Sri Kabirmah Mudinnga, li Jinal Ngabidin iku,
wauta ingkang winarna.
39. Sayid Jenalkubra nenggih, mung kakalih putranira, pambajengira nama
Seh, Najmudnilkabir nulya, Seh Rupasilkabirnya, dene wau sang Seh
Najmu, dinilkabir garwanira.
40. Anama Siti Kadasin, Seh Ngisah ingkang puputra, [195] Seh Mukamad
pan putrane, Sayidina Ngali Yilnga, rilli sadherekira, nem ingkang wus
kocap wau, nenggih Sayidina Ngiyal.
41. Mangkana Seh Najmudinil, kabir puputra satunggal, Seh najmudinil
Kubrane, garwa ran Siti Memunah, Seh Kalib kang puputra, Jenal Kamidin
ranipun, putreng Jenal Kalim Mekah.
42. Putreng Sultan Jenalngali, ing Mekah iku putranya, Sultan Sarip
Jenalkusen, wau ingkang kawuwusa, Seh Najmudinil Kubra, apuputra Seh
Samangun, Siti Ngadun garwanira.
43. Putrinipun ki Seh Ngali, putranipun ki Seh Pasal, Seh Pasal iku putrane,
Seh Ijujad kang puputra, Seh Mukamad namanya, bongsa kanapi
sadarum, Seh Mukamad kang puputra.
44. Iman Kanapi putraning, Seh Ngabdulah kang puputra, Sayidin Kanap
putrane, Sultan Ngabdulrahman Ngerah, putrane Sultan Jiyad, ing Ngerak
ingkang susunu Sayidina Ngumar sakabat.
45. Seh Samangun asisiwi, Seh Kasan pan garwanira, Siti Yubaidah, sayid
Kusen kang puputra, anama Seh Kutup, Abukusenilkarkan iku, suteng
Kutrub Abu Mulya.
46. Parmolana ya Rumtusi, putranira Seh Ngarbiya, [196] Jidilngiski paparabe,
putraning Sayid Mukamad, Seh Mahrib kang puputra, Jidilbastam
asmanipun, putreng Sayid Sarim Iman.
47. Rukaniyah Jakparsidik, putranira sayid Iman, Mukamad Bakri putrane,
Sayidina Wamolana, suteng Kabir Mudin Nga-,li Jinal Ngabidin kang wus,
kocap ing ngajeng punika.
48. Seh Kasan puputra kalih, Seh Kasanudin kang tuwa, nulya Seh Askar
arine, wau Seh Askar garwanya, anama Siti Kapsah, putrining Iman
Ngamarul, Mahdi ratu nagri Yaman.
49. Putreng Sultan Jenalkarim, putraning Sultan Madinah, nenggih Sultan
Jenalkusen, Seh Askar wau putranya, titiga kathahira, Siti Imamah kang
sepuh, pan kagarwa marang Sultan.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 95


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

50. Abulwapak Tajulnagri-, pin ratuning nagri Bahdad, putra panenggah


namane, Iman Tusbara ing Yaman, wau kangdadya Sultan, Ngabdulah
Bahdad puniku, garwanya ran Siti Ngumrah.
51. Seh Ngabas ingkang sisiwi, Seh Ngabas iku putra-[197]nya, Sang Seh
Ngabdulah putrane, Seh Ahmad ingkang susuta, nenggih, sira Seh Jamal,
Jamal iku kang susunu, Seh Kasanudin namanya.
52. Seh Ngaripin kang sisiwi, Seh Makrup ingkang susuta, Sang Seh
Ngabdulah putrane, Seh Mubarak kang susuta, Seh Kurames namanya,
Seh Ngabdulah kang susunu, Seh Mudakir kang susuta.
53. Seh Wahis ingkang sisiwi, Sayidin Ngabdulah Ashar putrane, Bagendha
Abas ing Mekah, mangkana Sayid Imam, Ngabdulah Bahdad winuwus,
apan gangsal putranira.
54. Pambajengipun pawestri, anama Siti Karibah, antuk pandhita, apan
sadhereke sepuh, Ngabdulah ing Siti Ngumrah.
55. Ingkang wus kocap karabi, mring Sayid Ngimran Ngabdulah, ingkang
panenggak putrane, nama Sayid Ngabdurrahman, anulya arinira,
Ngabdurrahim naminipun, nulya Sayid Ngabduljabar.
56. Nulya Sayid Ngabdul Ngajij, cinatur ingkang panenggak, Sayidin Ngabdur
Rahmane, dados Pangulu ing Bahdad, garwa Siti Rakilah, putrining Sarip
Imam Tus-, kara ing Yaman kanthinya.
(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 25 ۩۩۩


KINANTHI
KINANTHI

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
1. Sayid Ngabdur Rahman wau, putranipun pan kakalih, pambajeng ran
Maolana, Mahmudinil Katir nenggih, kang rayi ran Siti Ngumrah, angangge
namaning nini.
2. Dene Maolana wau, Mahmudinil Katir nenggih, gar-[198]wa ran Siti Pailah,
putra Sultan Muhkiyidin, Dulkadir Jaelani Bahdad, putraning Seh Abusalih.
3. Abusalih kang susunu, Sang Seh Ngabdulah nenggih, Sayid Ngabdulah
putranya, Sultan Musajan putraning, Jeng Sultan Ngabdulah Makkal,
putreng sayid Kasan nenggih.
4. Kasan ping kalih puniku, kang puputra Sultan Sayid, Kasan kang kaping
sapisan, wau kang winarna malih, putranira Maolana, nenggih Mahmudinil,
Kubra nulya Maolana, Kamjudinil Kubra nenggih, anulya Ngabdulah
Kubra, nulya Maolana Ibrahim.
5. Kubra wau kang winuwus, Maolana Mahmudinil, Kubra nenggih,
garwanira, nama Siti Asma nenggih, Seh Amad ingkang puputra, anama
Sayid Ibrahim.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 96


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

6. Asparan ingkang susunu, Sang Imamtus karo Sarip, ingkang wus kocap
ing ngarsa, wauta ingkang winarni, Maolana Mahmudinilkubra, sakawan
putranireki.
7. Pambajengira jujuluk, nenggih Seh Jumadilkabir, [199] panenggakira
anama, nenggih Seh Ngabdulah Tahir, nulya Ngabdurrahman wau ta,
warujunipun pawestri.
8. Siti Rukannah ranipun, kagarwa sang rajeng Demis, wauta ingkang
winarna, nenggih Seh Jumadilkabir, garwa Siti Juharah, nenggih ingkang
ngasiwi.
9. Mlana Kamdinil Kubreku, panggih naksanak Sang dewi, warnanen wau
putranya, nenggih Seh Jumadil Kabir, pan sakawan kathahira, jalu kalih
estri kalih.
10. Mlana Kamdinil Kubreku, panggih naksanak Sang dewi, arnanen wau
putranya, nenggih Seh Jumadil Kabir, pan sakawan kathahira, jalu kalih
estri kalih.
11. Pambajengira jujuluk, Seh Jumadilkubra nenggih, anulya Siti Kajimah,
kagarwa Sultan ing Mesir, anulya Siti Ngajimah, kagarweng Yahman
Narpati.
12. Ingkang waruju jujuluk, Seh Amad Mukamad nenggih, katariman putrinira,
Sultan ing Rum ayu luwih, anama Siti Patimah, putreng Sultan
Ngabdulkamid.
13. Ingkang wus kocap rumuhun, nenggih Sultan Ngabdulkamid, apan turun
ping sawelas, lan Sultan Mahmudin nguni, kang krama putri Madinah, Siti
Kultum atmajaning.
14. Sultan Jenal Kusenipun, wauta ingkang winarni, putri Rum Siti Patimah,
patutan gangsal sang dewi, namane datan winarna, Siti Patimah ngemasi.
15. Seh Jumadilkubra wau, pan sampun akrama malih, [200] naminipun apan
samya, Siti Patimah sang putri, kadang Seh Jumadilkubra, putri ing Siyem
nagari.
16. Sang Kusuma kang susunu, ing Siyem Seh Jakpar Sidik, Seh Japar Sidik
punika, sutaning Seh Ngali Dakir, punika ingkang susuta, anama Seh
Mangundakir.
17. Seh Semangun kang susunu, Seh Masiwi kang sisiwi, Seh Ngali Sidik
namanya, Ngali Musa kang sisiwi, Seh Japar suteng Seh Kalap, putreng
Seh Jenalkamidin.
18. Sami Siyem prajanipun, anenggih ingkang sisiwi, Sultan Jenalkalim
Mekah, putreng Sultan Jenalngali, ing Mekah putraning Sultan, Sarip
Jenalkusen nguni.
19. Wauta malih winuwus, Seh Jumadilkubra nenggih, lan garwa Siti Patimah,
putri Rum patutaneki, kang wus kocap ngajeng gangsal, panbajeng
namanireki.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 97


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

20. Maolana Sultan Tajud-, din Ahmadil Kubra Kali-, patu Mulana Sultan,
Mukiyidil Mukamad.
21. Kubra Kalipatu Ngurul-, mulki ing Mekah nagari, anulya Siti Rakimah,
kagarweng Sultan Rum nagri, Sultan Mahmud putreng Murad, putra
sakawanireki.
22. Sultan Ngabdulkamid ing Rum, ingkang wus kocap [201] ing nguni, cinarita
dadya Iman, haneng nagri Maso nenggih, tanah nagari Malaka, yen nuju
kesah ngejawi.
23. Seh Sampurna namanipun, gangsal Molana Ibrahim, dados Iman neg
Ngasmara, tanah ing Cempa nagari, kang saking Siti Patimah, ing Siyem
putra kakalih.
24. Seh Sambaris putra sepuh, Siti Patimah wuragil, antuk Prabu Anom
Cempa, wau Molana Ibrahim, asmara nenggih garwanya, putri ing Cempa
nagari.
25. Warnanira yu pinunjul, nama dewi Siyanwati, suteng raja Awantinab, titiga
putranireki, pambanjengipun wanodya, ran dewi Swaranawanti.
26. Kagarwa marang Sang Prabu Brawijaya Majapahit, putra panenggah
kagarwa, marang Molana Ibrahim, Asmara iya kang nama, retna dewi
Siyanwanti.
27. Kang rayi jumeneng, neng Cempa nama gumanti, iya Prabu Awantinab,
wus masuk agama suci, anut marang ingkang garwa, dene dewi
Swaranwanti.
28. Kang kagarwa ing Sang Prabu, Brawijaya Majapahit, neng tanah Jawa
karanan, Prameswari Dwarawati, dene Prabu Awantinab, ing Cempa
garwaneki.
29. Ya Siti Patimah wau, rining Molana Ibrahim, As-[202]mara lan Awantinab,
alap ingalap sawusing, Prabu Anom Awantinnab, anuting agama suci.
30. Anulya ngalih jujuluk, nama Sultan Sirajudin, wauta Seh Molana, Ibrahim
Asmara nenggih, pan kakalih putranira, samya jalu pekik-pekik.
31. Sayid Ngali ingkang sepuh, ngejawa dalem Geresik, krama antuk sutanira,
nenggih sang Arya Baribin, Adipati ing Madura, Sayid Rahman ingkang
rayi.
32. Mring tanah Jawa dumunung, Ngampeldenta Surabangi, kramantuk
kaponakannya, ki Harya Teja ing Tubin, anama Nyaigeng Bela, seda
lajeng krama malih.
33. Apan antuk putranipun, ki Harya Teja pribadi, nama Nyaiageng Manila, lan
Susunan Ngampel nenggih, kawanwelas putranira, saking garwa kalih
Tubin.
34. Ratu Patimah kang sepuh, putra patutannya saking, nenggih Nyai ageng
Bela, antuk Pangeran Ibrahim, Karangkumuning dalemnya, tanah ing
Jepara nenggih.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 98


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

35. Sasedane lakinipun, ratu Patimah subrangti, mangun tapa neng manyura,
lami-lami karang Nyai, nengih Nyai geng Manyura, anulya kagarwa
maring.
36. Kalipah Kusen ranipun, putranira ki Seh Wadi, Seh Wadi putra Seh Kasan,
Putreng Sayid Askar nenggih, putraning Sayid Mukamad, Saripkusen kang
sisiwi.
37. Sarip Askab kang susunu, Sang Sarip Mukamad [203] Wukin, putranira
Saripkasan, putranira Sarip Ngali, putranira Sarip Amad, putraning Sarip
Masarir.
38. Iman Jahar kang susunu, Sarip Iman Musa nenggih, putreng Sarip Imam
Kajar, putranira Sayid Sarip, Rukaniyah namanira, putreng Sarip
Jakparsidik.
39. Japarsidik kang susunu, Seh Iman Mukamadbakir, putreng Maolana
Sultan, ya Kabir Mahmudin Ngali, Jenalngabidin Madinah, ingkang wus
kocap nguni.
40. kang panenggah putranipun, Sunan Ngampel saking wingking, Nyaigeng
Ratu namanya, kagarwa Susunan Giri, Gajah Kadaton anulya, putra ing
Ngampel kaping tri.
41. Ratu Jumanten ranipun, putra patutannya saking, Nyai ageng ing Manila,
Ratu Jumerut raneki, antuk kiageng Brangta Tuban, karan Nyai ageng
Tubin.
42. Kaping gangsal putranipun, apaparab Ratu Werdi, saking Nyai geng
Manila, kramantuk Pangeran Kali, Pah kaji Ngusman Malaka, runtut
dennya palakrami.
43. Nenggih Ratu Werdi wau, juluk Ratumas Taluki, nulya Nyai geng Malaka,
karan namaning nagari, kang kaping nem putranira, jujuluk sang Ratu
Wilis.
44. Putra saking patutipun, Nyai geng Manila nenggih, [204] Ratu Wilis
apaparab, nenggih Ratumas Surani, kramantukPangeran Kalipah, Nuraga
dalem Garesik.
45. Ratu Wilis gya kasebut, Nyai Ageng Tandhes nenggih, kang kaping pitu
putranya, ran Pangeran Madum Ibrahim, saking Nyai geng Manila,
Pangeran Madum Ibrahim.
46. Sunan Wahdad julukipun, anyakrakusuma nenggih, adhedhepok aneng
Benang, kasebut namaning nagri, nenggih Jeng Susunan Benang, ingkang
kaping wolu maksih.
47. Putra saking patutipun, Nyai geng Manila nami, Pangran Musakeh
Mahmud, Sapanjang kang den wismani, anama Pangeran Tumrap, ping
sadasa saking wingking, Seh Kapjah Mulya anama, Pangeran Tumapel
nenggih.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 99


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

48. Neng Lamongan dalemipun, ping sawelas saking wingking, Seh Randhah
neng Wanakrama, nama Orang Ayu nenggih, ping kalih welas putranya,
wanodya pang saking wingking.
49. Nyai Mandara ranipun, kaping tiga welas nenggih, putra saking wingking
nama, Nyai Amaddarum nenggih, ingkang kaping kawan welas, putra
maksih saking wingking.
50. Nyai Supiyah ranipun, wauta ingkang winarni, [205] Nyai Ageng ing
Manyura titiga putraneki, sami patut saking Pangran, Ibrahim Karang
Kamuning.
51. Wanodya pambajengipun, Nyai geng Sampang karabi, marang Kyai
Ageng Sampang, putreng Lembu Peteng nenggih, nulya Nyai geng
Manyaran, Pangran Manyura wuragil.
52. Kalipah Kusen winuwus, nenggih denira akrami, lawan Nyai geng
Manyura, ambekta putra satunggil, langkung pekik warnanira, dhinaupken
lan putraning.
53. Nyai geng Manyura wau, kang saking Pangran Ibrahim, Karang Kamuning
kang nama, Nyai geng Manyaran nenggih, antuk bektan sami bektan,
runtut dennya palakrami.
54. Lajeng tinanem neng Ngudhung, karan Sunan Ngudhung nenggih, tan
alami nulya krama, dhaup kalawan putraning, nenggih Kyai geng ing
Sampang, tan alami krama malih.
55. Dhaup lan sedherekipun, nak sanak Susunan Kali, Sunan Ngudhung
cinarita, putranira mung kakalih, Sunun Kudus pambajengnya, nulya kang
rayi pawestri.
56. Sang kusuma krama antuk, Pangeran kang Seda Kali, Sunan Kudus
garwanira, kang sepuh apan putraning, Kayi Ageng Kali Podhang, garwa
panengah putraning.
57. Ki Adipati ing Terung, garwa ingkang nem putra-[206]ning, Adipati
Kandhuruhan, Susunan Kudus winanri, wolu putranya sadaya,
pambajengipun pawestri.
58. Nama Nyai geng Pambayun, putra patutannya saking, garwa sepuh Kali
Podhang, nulya Panembahan Kali, dalem bumi tanah Demak, ingaran
Paoncawati.
59. Dadya namane kasebut, Panembahan Poncawati, sasedanira kang rama,
Jeng Sunan ing Kudus nenggih, Panembahan Poncawatya, marang ing
rama gumanti.
60. Nama Panembahan Kudus, wauta putra saking, garwa panenggah kang
nama, Pangeran Palembang nenggih, kang kaping pat putranira,
Pangeran Maos raneki.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 100


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

61. Mijil saking garwa sepuh, kang kaping gangsal yo mijil, saking garwa
sepuh nama, Pangeran Gageneng nenggih, kang kaping nem saking
garwa, ingkang nem namanireki.
62. Ratu Makaja kramantuk, Pangran Singabarong nenggih, kang kaping pitu
putranya, saking garwa nem malih, ran Panembahan Sujaka, putra kang
wuragil. Maksih.
63. Mijil saking garwanipun, nama Pangran Kudus nenggih, kang rayi ran
Pangeran Demang, nulya wanodya karabi, mring Panembahan Madura,
putraning Jaran Panolih.
64. Putranira kangwaruju, wanodya kagarwa maring, putranira Panembahan,
Madiun namanireki, ya Panembahan Nurawan, Pangran Demang kang
winarni.
65. Sumare Kadiri wau, puputra jalu satunggil, anama [207] Pangran
Rajungan, Pangran Rajungan sisiwi, anama Pangran Sarengat, tinanem
Kudus nagari.
66. Puputra kakaloh kang sepuh, Mas Jawa nulya anami, Dyan Arya
Suradipura, kakalih putraneki, pambajengipun estri akrama, Cakraningrat
ingkang lalis.
67. Neng kapal nulya rinipun, nama Pangran Poncawati, wau Dyan
Suradipura, ing Pathi gangsal putreki, kang sepuh estri akrama, Kudus
Jayasentikeki.
68. Tirtakusuma panggulu, gumatyeng Kudus nagari, putra pamadya
gumantya, ing Pathi Dyan Megatsari, Semendhi estri akrama, Pangran
Candhana nenggih.
69. Kang wuragil naminipun, Dyan Martakusuma nenggih, tinanem Kudus
predikan, wau Tirtakusumeki, ing Kudus nenggih putranya, nenem
pambayun pawestri.
70. Jeng Ratu Kencana iku, kagarwa Sri Narapati, Sinuhun Prabu Mangkurat,
kang rayi Dyan Ayu Sasi, pinundhut malih kagarwa, ngarangulu akekasih.
71. Ratu Kadipaten iki, kang raka kinubon wingking, [208] nenggih Jeng Ratu
Kancana, kang rayi malih pawestri, krama kang rayi nak-sanak, raden
Martanongga nenggih.
72. Nulya kang rayi ranipun, Martakusuma ping kalih, mulyestri den aty
Hangga, Kusuma arinireki, raden ayu Wongsengsekar, wau kang winarni
malih.
73. Dyan Martakusuma Kudus, kang kaping kapisan nguni, puputra tiga
namanya, raden ayu Pandhansari, kagarwa raden mas Songka,
Panembahan Purbayeki.
74. Kang pamadya putranipun, raden Martanonggo nenggih, pinundhut mantu
kang uwa, Kudus Tirtakusemeki, wuragil den ayu Puja, kamantu kang uwa
malih.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 101


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

75. Dhinaupaken puniku, lan putra ingkang kakalih, ping kalih Martakusuma,
Martakusuma sisiwi, kakalih kang sepuh nama, Dyan Arya Martasireki.
76. Kudus kang rayi ranipun, Tumenggung Martapureki, Garobogan apuputra,
pawestri sampun akrami, dhaup lawan pamanira, Dyan Suwandi asisiwi.
77. Hanggakusuma dyan ayu Purbaya, kakalih putranireki.
78. Pangran Pubaya kang sepuh, putra kang anem pawestri, paparab
Kangjeng Ratu Mas, kagarwa Sri Narapati, Sinuhun Kangjeng Susunan,
Pakubuwana ping kalih.
79. Apuputra Jeng Sinuhun, Pakubuwana kaping tri, [209] Putra Kangjeng
Susunan, Paku Buwana kang kaping, sakawan nulya puputra, anenggih
Sri Narapati.
80. Paku Buwana ping pitu, ing Surakarta nagari, Nabi Adam Pitrattolah, etang
sampun turun kaping, wplung dasa langkugira, kakalih ingkang nggabuhi.
(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 26 ۩۩۩


GAMBUH

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
1. Malih sajarahipun, Dyan Ayu Martanongga winuwus, apuputra Dyan Ayu
Hendranateki, pan titiga putranipun, samya pawestri yu kaot.
2. Kang sepuh Raden Ayu, Kramayudanagara Tumenggung, ing Toyamas
putra pamadya karabi, kliwon Dyan Sumajayeki, putranya estri kang anom.
3. Apan kaambil mantu, nenggih mring Rajaniti Tumenggung, dhaup lawan
putra kang sepuh pribadi, Ngabehi Nayatruneki, panewu wadana kebon.
4. Pan dadya garwanipun, Jeng Pangeran Mangkubumi susunu, kang
wanodya nenggih paparabireki, Kangjeng ratu Kancaneku, garwanira
Sangakatong.
5. Nenggih Kangjeng Sinuhun, Pakubuwana kang kaping Pitu, kuneng wau
gantya sajarah kang saking Jeng Sunan Giri puniku, kang samya baboni
kraton.
6. Jenal Ngalim rumiyin, putra kakalih pra samya [210] jalu, ingkang sepuh
paparab Seh Jenalkakim, neng Madinah prajanipun, aneng ing Mekah
kang anom.
7. Nunggak semi ranipun, ya Jenal Ngalim paparabipun, Jenal Ngalim
puputra Seh Jenal Kabir, apuputra Seh Najimu, dinil Kabir Mekah
manggon.
8. Puputra Seh Najemu, dinilkobra pan paparabipun, puputra Seh Semangun
nulya sisiwi, Seh Kasan nulya susunu, Seh Ngabdulah namaning wong.
9. Seh Ngabdulah susunu, nama Sayidin Ngabdurrahmanu, putra Maolana
Mahmudinilkabir, putra Maolana Mahmud, dinil Kobra maksih manggon.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 102


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

10. Neng Mekah putranipun, Seh Mulana Iskak asusunu, apeparab Seh Wali
Lanan anenggih, Ngajawa puputra wau, Sri Setmata nama katong.
11. Ya Sunan Giri iku, apuputra nama Sunan Kidul, iya iku Sunan ing Giri ping
kalih, Pangran Seba putranipun, lan Nyaigeng Mani jodho.
12. Nyai geng Mani iku, kang raka mring kiyageng Nis iku, pang kiyageng Sela
sami kang sisiwi, namanya wus karan iku, Nyai Ageng Saba kono.
13. Danira krama runtut, putra kakalih wuragil jalu, [211] apaprab nenggih Ki
Jurumertani, wanodya pambajengipun, warnanira yu kinaot.
14. Krama nak sanakipun, Pamanahan kiyageng Mantarum, apuputra
Panembahan Senapati, apuputra Jeng Sinuhun kang Seda Krapyak sang
katong.
15. Puputra Sultan Agung, ing Mataram puputra Sinuhun, Hamangkurat
ingkang sumare ing Tegil, Pangran Puger putranipun, nenggih kang
umadeg katong.
16. Nagri kartasureku, apaparab nenggih Jeng Sinuhun, Sunan Paku Buwana
kapisan nenggih, puputra Jeng Sunan Prabu, Mangkurat puputra katong.
17. Paparab Jeng Sinuhun, Paku Buwana kaping kalih wau, putra Sunan
Pakubuwana kaping tri, apuputra Jeng Sinuhun, Paku Buwana Sang
katong.
18. Nenggih kang kaping catur, kang wus mashur Jeng Sinuhun Bagus,
Waliyulah puputra Nata kakalih, Sunan Paku Buwana anenggih kang
kaping gangsal puniku sang katong.
19. Ingkang rayi jujuluk, Pangran Dipati Purubayeku, dene Sunan Paku
Buwana anenggih, kang kaping gangsal puniku, apuputra Sangakatong.
20. Kang kaping nem puniku, Jeng Sunan Paku Buwanaku, Sunan Mangun
Tapa sakadhangireki, nenggih kang madeg ratu, ing Surakarta kadhaton.
21. Kang paman Sangaprabu, Pangran Dipati Purbayeku, mengku Surakarta
paparabireki, Jeng Sunan kang kaping pitu, Paku Buwana Sang katong.
22. Wus turun etangipun, ping pitung dasa sekawaniku, [212] dene lamun
sajarahira pan saking, nenggih ki Jagaswareku, tedhak kiyageng Karanglo.
23. Puputra Kangjeng Ratu, Paku Buwana kang kaping wolu, lawan putri ing
Juminahan ing uni, garwanira Jang Sinuhun, Paku Buwana sawiyos.
24. Praptaning Jeng Sinuhun, Paku Buwana kang kaping pitu, saking Adam
etang samya turun kaping, nenggih pitung dasa telu, gendeng datan patya
kaot.
25. Nenggih panengenipun, kang samya tumut nedhakken ratu, campur
kaping sakawan etangareki, praptane kang kaping pitu, Paku Buwana
sang katong.
26. Mangsuli kang winuwus, mung kang dadya wit kang dhinapur, putra Sunan
Prabu Hamangkurat nenggih, kang wus kocap Jeng Sinuhun, Paku
Buwana kapindho.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 103


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

27. Kang raka parabipun, Pangran Arya mijil saking pungkur, lang kang rayi
Pangran Arya Mangkubumi, ngadeg Ngayogya jujuluk, Mengku Buwana
Sang katong.
28. Dene kang raka wau, Pangran Arya nenggih puputranipun, Pangran
Adipati Mangkunagareki, apuputra Pangran Prabu, pinundhut mantu sang
kantong.
29. Sunan Surakarteku, Pangeran Prabu puputra wau, [213] nama Pangran
Dipati Mangkunagari, kang kaping kalih puniku, dene Ngayogya Sang
katong.
30. Jeng Sultan asusunu, Sultan Mengku Buwana jujuluk, kaping kalih Sultan
Kendhang parabneki, Jeng Suntan Kendhang susunu, Mengku Buwana
Sang katong.
31. Kang kaping tri jujuluk, Jeng Sultan Raja paparabipun, tanah Hayam
Benggala lawan ing Keling, tanah Jawa sadayeku, kang samya nedhakken
katong.
32. Nengna Nabi Sis rumuhun, mung puputra kalih ingkang kalebu, ing bab
dening sajarah panengeneki, Sayid Anwas wus kawuwus, pangiwone
winiraos.
33. Sayid Anwar puniku, nurunaken pangiwa para ratu, tanah hayam Sayidna
Anwar winarni, duk aneng dewani iku, Maldewa araning pulo.
34. Ngalih jujulukipun, Sang Hyang Nurcahya paparabipun, apuputra Hyang
Nurasa putraneki, Sang Hyang Wenang asusunu, Hyang Tunggal putra
kinaot.
35. Paparab Sang Hyang Guru, Hyang Bathara Brama pu-[214]tranipun,
apuputra Bramasaddhara sisiwi, Brama Satapa jujuluk, Sang Hyang Tri
Trustha kinaot.
36. Sang Tri Trustha susunu, Sang Parikenan paparabipun, putra Resi
Manumanasa anenggih, Manumanasa susunu, Sakutrem Resi kinaot.
37. Sang Sakri putranipun, apuputra Palasara Prabu, putra Abiyasa
jujulukireki, Kresna Dipayana Prabu, Ngastina puputra katong.
38. Nenggih sang Prabu Pandhu, Dewanata Ngastina susunu, Dananjaya
paparab Prabu Karithi, puputra radyan Bimayu, apuputra Sanga katong.
39. Sri Parikesit Prabu, ing Ngastina punika susunu, Yudayana puputra Sri
Narapati, Sri Yudayana susunu, Gendrayana putra katong.
40. Sri Jayabaya Prabu, ngalih kadhiri kadhatonipun, apuputra Prabu
Jayamijayeki, Jayamijaya susunu, Jayamisena Sang katong.
41. Makasi kithanipun, ing Kadhiri apuputra sang Prabu, Sri Kusumawicitra
sang katong nangging, nulya puputra Sang Prabu, Purwacarita kadhaton.
42. Puputra Sri Mapunggung, apuputra Kandhiawan Prabu, amekasi aneng
jenggala sisiwi, paparab Resi Gathayu, ya Lembu Subrata katong.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 104


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

43. Putra Lembu Miluhur, ya Sri Dewakusuma jujuluk, [215] putra Panji
Marabangun, paparab neki, Sang Prabu Suryawasesa Prabu, nulya
puputra Sang Katong.
44. Kudalaleyan iku, jujuluk Prabu Suryamiluhur, amekasi Jenggala ngalih
nagari, Sang Prabu Suryamiluhur, neng Pajajaran ngedahaton.
45. Ngadeg ngalih jujuluk, nenggih Mesatandreman sang prabu, apuputra
sang Prabu Banjaransari, Banjaransari susunu, Mundhingsari raning
katong.
46. Nulya puputra Prabu, Sri Mundhingwangi nulya susunu, Prabu
Gondakusuma ingkang mekasi, Pajajaran asusunu, Jaka Suruh madeg
katong.
47. Majapahit jujuluk, Prabu Bratakusuma puniku, puputra Sri Handaningkung
parab neki, Sang Prabu Brawijaya, ping sapisan putra katong.
48. Hayam Wuruk jujuluk, kang kaping kalih Brawijayeku, apuputra Lembu
Amisani, Brawijaya kaping telu, nulya puputra Sang katong.
49. Brawijaya ping catur, Prabu Bratanjung jujulukipun, apuputra Prabu
Brawijaya kaping, gangsal mungkasi puniku, ing Majapahit karaton.
50. Brawijaya susunu, Raden Bondhan Kajawan ranipun, apeparab
Lembupeteng Tarub nenggih, puputra kiageng iku, Getas Pendhawa
dhudhukoh.
51. Puputra naminipun, Kiageng Sela nulya susunu, [216] pan Kiageng Ngenis
nulya asesiwi, nenggih Kiageng Mantarum, Pamanahan puputra katong.
52. Madeg nagri mantarum, Panembahan Senapati iku, ing Ngalaga puputra
Sri Narapati, kang sumare Krapyak iku Jeng Sultan Ngalaga katong.
53. Puputra Sangaprabu, Sultan adi iya Sultan Agung, apuputra Jeng Sunan
Mangkurat nenggih, kang sumare Tegalarum, puputra kalih Sang katong.
54. Sunan Mangkurat nenggih, ping kalih madeg Kartasureku, ingkang rayi
Pangeran Puger Dipati, gumatyeng Kartasureku, nenggih jujuluking
katong.
55. Paparab Jeng Sinuhun, Paku Buwana kapisan iku, putra Sunan Prabu
Hamangkurat nenggih, apuputra Jeng Sinuhun, Paku Buwana kapindho.
56. Mekasi kithanipun, ing Kartasura ngalih kadhatun, aneng Surakarta
diningrat nagari, apuputra Jeng Sinuhun, Paku Buwana sang katong.
57. Nenggih kang kaping telu, Sunan Prakoswa paparabipun, putra Sunan
Paku Buwana kang kaping, sakawan Sinuhun Bagus, Waliyulah putra
katong.
58. Nenggih Kangjeng Sinuhun, Pakubuwana kang kaping pitu, etang sampun
turun sawidak satunggil,
satunggil kang saking pangiwanipun,
pangiwanipun kang panengen
winiraos.
59. Wus turun wolung puluh,
puluh langkung kakalih seja-[217]rahipun, mila kathah
kaote sejarah neki. Tengen lan pangiwanipun, ingkang mawi denirandon.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 105


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

60. Sayid Anwar rumuhun, prapteng jaman Nabi Brahim durung, palakrama
maksih banter mati ragi, turun ping lima mas iku, nenggih jeng Nabi kinaot.
61. Saking raka wau, Sayid Anwas yeku purwanipun, kuneng wau nenggih
kang winarna malih, sajarahing para ratu, ing Keling lan Minangkabo.
62. Jawa lan Benggaleku, wau wiratha sajarahipun, kumpulira lawan ing
Ngastina nenggih, putranira Sang Hyang Guru, kang kinarya asmareng
don.
(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 27 ۩۩۩


ASMARADANA

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
1. Putranira Hyang Pramesthi, nenggih Bathara Kesewa, Sang Hyang Wisnu
paparabe, puputra Sri Basupati puputra.
2. Nama Prabu Basukesthi, putra Sri Basukiswara, nulya puputra sang
katong, Sri Durgadana paparab, Maswapati Wiratha, putrestri wuragilipun,
Dewi Utari namanya.
3. Pan dadya garwanireki, radyan Bimayu putranya, Sri Parikesit sang
katong, wonten malih kadangira, Sang Prabu Durgadana, Dewi Durgadini
wau, kagarwa Sri Palasara.
4. Ngastina puputranireki, Sang Bagawan Abiyasa, pan [218] dadya kumpul
kapindho, kuneng ta sejarahira, Mandraka kang winarna, Manumanasa
susunu, kakalih pra samya priya.
5. Kang sepuh namanireki, Rsei Sakutrem rinira, raden Srhati, puputra Sri
Naranata, Hartati ing Mandraka, Mandrakusuma jujuluk, puputra Sri
Hartadriya.
6. Puputra Sri Narapati, Sri Mandradipa puputra, Narpati Salya arine, Dewi
Madrim pan kagarwa, ing Pandhu Dewanata, kuneng malih kang winuwus,
ngatas angin ing Benggala.
7. Mila pinurwa kang kawi, dene campur sajarahnya, lawan sang Brama
tedhake, putraning Hyang Girinita, Sang Hyang Bayu puputra, Hyang
Sumarma parabipun, puputra Bathara Tontra.
8. Bathara Tontra sisiwi, anama Sang Hyang Guritna, Resi Sumbawa
putrane, puputra Sri Mintabasa, putra Kuntadrupara, Hyang Basuki
putranipun, puputra Prabu Maruta.
9. Putra Nateng Ngatasangin, Sri Baratmaja puputra, Bambang Kumbayana
rane, paparab Pandhita Druna, kuneng malih winarna, sajarah Cempala
Prabu, saking ing atas maruta.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 106


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

10. Nenggih Resi Basuki, puputranira kang taruna, Prabu Senggara parabe,
puputra Prabu Druwasa, puputra Sri Drupada, kuneng malih kang
winuwus, trahira Sang Sayid Anwas.
11. Campure lan tedhakneki, ingkang rayi Sayid An-[219]war, nenggih
Benggala sang katong, ingkang kinarya witira, Prabu Samud puputra,
Prabu Kadir asusunu Prabu Ngabid apuputra.
12. Sang Prabu Asab sisiwi, Raja Ngabidin puputra, Nabi Saleh paparabe,
jeng Nabi Saleh puputra, nama Sapwadiraja, Raja Sapwadi susunu,
paparab Nabi Kantalah.
13. Nabi Kantalah sisiwi, nama Sang Prabu Nirkanta, Sri Kanta Limut puputra,
Prabu Ramut putranira, puputra Sri Ramlamat, apuputra Sang Aprabu,
Jantanis nulya puputr.
14. Sang Prabu Sang Lut asisiwi, Raja Saduk putranira, Sang Prabu Sadik
putrane, Prabu Japrani namanya, putra Targani raja, Nateng benggala
susunu, Prabu Sangadik namanya.
15. Apuputra Sang Maharsi, Wimasucondra anama, putri Mantilirojane, Dewi
Tunjungbiru nama, puputra Dasarat, Ngayodya puputra Prabu, Sang
Bathara Rama Badra.
16. Sri Ramabadra sisiwi, Sang Prabu Rama Batlawa, ngalih Pamdherek
kithane, winastan nagri Madura, Prabu Ramabatlawa, putra kalih samya
jalu, kang spuh Dyan Kunthiboja.
17. Dyan Kunthi Sam kang taruni, gumatyeng nagri Mandura, kang raka kesah
prang kasor, ngejawa prapteng Talkondha, bawah nagri Wiratha, suwiteng
Prabu Sentanu, Talkondha langkung sihira.
18. Sri Dyan Kunthiboja nenggih, pinanggihken lan [220] arinya, Dewi Santari
namane, nulya kinen dmununga, aneng wana wekasan, winastanan
Mandureku, sinami samaning praja.
19. kang tinilar Mandureki, Sr Kunthiboja puputra, Dyan Basukunthi namane,
pinundhut mantu kang uwa, santanu putrinira, warnanya ayu pinunjul,
Retna Bandondari nama.
20. Patutira lan sang dewi, Durgandini lan Wiratha, Basukunti madeg katong,
lan kang garwa wus puputra, kang sepuh namanira, Sri Basudewa jujuluk,
Dewi Kunthi arinira.
21. Kang rayi namanireki, Harya Prabu arinira, Ugrasena wuragile, Dewi
Kunthi pan kagarwa, ing Pandhu Wewanata, wau Basudewa Prabu,
puputra titiga namanya.
22. Dyan Kakrasana anuli, kang rayi Dyan Nayarana, Wara Sumbadra arine,
kagarwa radyan Arjuna, krama kadang nak-sanak, kuneng malih kang
winuwus, mangsuli sajarahira.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 107


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

23. Nenggih negari Mantili, Sang Hyang Dimeja puputra, kalih kang sepuh
namane, Prabu Danuja arinya, Danuwati wanodya, kagarwa Sumali Prabu,
nenggih Yaksendra Ngalengka.
24. Dene Danuja narpati, Mantili puputra tiga, Dewi Marawa namane,
panenggakira anama, Tunjungbiru sang retna, putra priya kang waruju, Sri
Danupati gumantya.
25. Karaton nagri Mantili, puputra Prabu Janaka, wi-[221]nangsulan caritane,
Dewi Marawa akrama, kagarwa Sri Narendra, Banowati Ngayodyeku,
puputra Sri Banoputra.
26. Lan Ratmeja Maharsi, dene Prabu Banuputra, namung sajuga putrane,
Dewi Ragu pan kagarwa, mring raden Dasarata, pamaning nak sanakipun,
wau malih kang winarna.
27. Retna Tunjungbiru nenggih, kagarwa Wimasucondra, apan sakawan
putrane, Suma Resi kang atuwa, penenggak resi Kala, Sumaraja arinipun,
wuragil Dyan Dasarata.
28. Kuneng malih kang winarni, Maospati sejarahnya, Bathara Yama putrane,
Bathara Surya puputra, Sang Hyang Rawiyatmeja, Hyang Karaba
putranipun, puputra Hyang Dewangkara.
29. Hyang Dewangkara sisiwi, Hyang Dewanggana puputra, Hyang Dewasana
putrane, kakalih pra samya priya, sepuh Prabu Heriya, Wisanggeni kang
waruju, dene Sang Prabu Heriya.
30. Kakalihputyranireki, sepuh Prabu Kartawireja, Resi Gotama arine, Gotama
puputra tiga, Retna jani kang tuwa, Dyang Subali arinipun, waruju radyan
Sugriwa.
31. Dene Prabu Maespati, Sri Kartawireja puputra, Sasrabahu paparabe, ya
Prabu Harjunasasra, pan turun kaping sanga, saking Sang Hyang Maya
wau, lan Prabu Harjunasasra.
32. Dene Resi Wisanggeni, pan kakalih putranira, [222] putra kang sepuh
arane, Suwandagni arinira, Resi Ramabargawa, dene Suwandagni wiku,
puputra kakalih priya.
33. Kang sepuh raden Sumantri, paparab Patih Suwonda, dyan Sukasrana
arine, kuneng malih kang winarna, sajarah ing Manggada, Sang Prabu
Targani wau, pan kakalih putranira.
34. Kang sepuh Prabu Sangadik, jumeneng aneng Benggala, Sang Prabu
Jisis kang anom, Prabu Jisis apuputra, Sang Prabu Citradarma,
Citradarma asusunu, kalih kang sepuh wanodya.
35. Nama Dewi Citrwati, kagarwa Harjunasasra, kang rayi jalu namanya, Dyan
Citrgada gumantya, mengku nagri Manggada, kuneng malih kang
winuwus, sajarah ing Lokopala.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 108


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

36. Putranira Hyang Pramesthi, Bathara Sambu puputra, Hyang Sambodhana


putrane, esthi Jumili puputra, nama Resi Ilamula, Sidhi nenggih
putranipun, nama Prabu Deradhana.
37. Ing Lokapala prajeki, pan kakalih putranipua, Resi Wasistha namane, kang
anem Sri Dhanurdhana, gumantyeng Lokapala, dene ta kang raka wau,
Resi Wasistha puputra.
38. Resi Pulastha nameki, puputra sang Resi Padma, Resi Wisrawa putrane,
puputra Sri Wisrawana, ya Prabu Danaraja, wau Dhanurdhana Prabu, ing
Lokapala puputra.
39. Sang Prabu Handanapati, puputra Sri Lokawana, [223] ing Lokapala sang
katong, puputra estri sajuga, Dewi Lokati nama, sang dyah pan kagarwa
wau, dening Resi Wisrawa.
40. Puputra Sri Dhana, Wisrawana Lokapala, kuneng malih winiraos,
sajarahing Ngalengka, putra Hyang Girinata, Sang Hyang Brama
putranipun, Dewi Bremani namanya.
41. Kusuma Dewi Bremani, kagarwa Bremana raja, puputra estri namane,
Bremaniwati kagarwa, banjarpanjali Raja, Jatimurti putranipun, puputra
Bremanakondha.
42. Bremanakondha sisiwi, Getah Banjaran puputra, Bremanatama putrane,
Dewi Brenayi kagarwa, ing Yaksendra Puksara, puputra kalih sang Prabu,
kang sepuh Prabu Malyawan.
43. Lawan Yaksendra Sumali, kramantuk Mantilireja, Prabu Sumali putrane,
kalih kang sepuh wanodya, Dewi Sukesi nama, Prahestha putra waruju,
Dewi Sukesi kagarwa.
44. Ing Resi Wisrawa nenggih, ing Lokapala puputra, sakawan sepuh namane,
Sangaprabu Dasamuka, Panenggak Kumbakarna, kang rayi pawestri wau,
nama dyah Sarpakenaka.
45. Putra ingkang muragili, nama raden Wibisana, jangkep sakawan putrane,
telas aluring sajarah, panengen lan pangiwa, gantya kang winarneng
tembung amrih acunging carita.
(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 28 ۩۩۩


PUCUNG

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
1. Amangsuli carita ingkang winuwus, Sayidina Anwar, [224] nenggih kang
winarna malih, sasedane kang eyang Nabi Adam.
2. Saya nglangut panjuming pangesthinipun, hardanireng dadra, dennya
sumedya dadya di, binekdakna dennya dumadi neng donya.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 109


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

3. Aywa kongsi rubeda tumekeng dudu, kadya yangira Dam, tanpa tuwas ing
dumadi, namung yuswa sangang atus sawidak warsa.
4. Nulya seda nora langgeng uripipun, rinasa sangsaya, karasa ing tyasireki,
yen maksiya anut agamning eyang.
5. Sayektine maksih keneng lara lampus, becik ing agesang, nganggo budine
pribadi, aneng donya nutugi sabudinira.
6. Kang kaesthi wus pinasthi cethanipun, nguni Pangerannya, yoga
brangtanira maksih, ginantungan kang luwih geng nugrahannya.
7. Kinen nutugaken dennira don ngalngut, wusnya ngartikeng tyas, Sayidin
Anwar nulya glis, mudhun saking sapucaking Baot arga.
8. Jajah wana jurang guwa gunung-gunung, ing pundi gen ingkang, gawat-
gawat singit-singit, sela angker kayu aeng lemah sangar.
9. Wus jinajah tan na waler sangkeripun, dhasar timur mila, dennya karem
mati ragi, sawarnining tapa sampun linampahan.Pan ing mangke
sangsaya winantu-wantu, goga brangta nira, marma saciptane dadi, Sang
Hyang Suksma tuhu yen asipat rahmat.
rahmat
10. Sayid anwar jinising manungsa tuhu, anak putu Adam, teka mrih tan
keneng pati, parandene tinekan sasedyanira.
11. Iya saking nemening panedhanipun, mring kang Murbeng Jagad, tapane
den sembadani, pirang atus tahun dennya mati raga.
12. Ingkang dereng kambah alas gunung-gunung, jurang [225] guwa-guwa,
kang siluk kang sungil-sungil, pan ing mangke jinajah sadayanira.
13. Tanpa sedya mung nganut paraning suku, dennira alelana, mayeng
ngubengi pasisir, duk samana Sayid Anwar lampahira.
14. Nuju kendel satepining samodragung, laut tanah Ngerak, sinung
waspadeng Hyang Widdhi, aningali saluhuring jaladiyan.
15. Wonten katon kakalih kadya gumantung, gumandhul neng tawang, Sayid
Anwar mesat aglis, arsa wruh aparek lan arsa tatanya.
16. Mung sakedhap netra prapteng ngarsanipun, dereng kongsi tanya, kang
gumantung andhingini, wuwusnya rum heh Anwar bageya.
17. Putu Adam suteng Nabi Sis sireku, iya kang taruna, ibu Hapsari swargadi,
sangkanalit genira amati raga.
18. Kongsi mengko tyasira durung mantra wus, pirang [226] atus warsa,
kepati-pati begpati, nora liyan kang sira cipta ing driya.
19. Mung luputa ing lara kalawan lampus, myang guna sektinya, linuwihna
saking jing jim, sining jagad nora nana kaya sira.
20. Kongsi weruh gon siksaningsun ginantung, ejim miwah setan, tan ana
sinung udani, namung malaekat ingkang sinung wikan.
21. Ligi sira iku ingkang sinung weruh, Ibnu Sis miyarsa, kumel tyasnya esmu
ajrih, dene langkung sidike paningalira.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 110


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

22. Sadurunge winarah sadaya weruh, dadyaris tatanya, lah sinten tuan
puniki, jinising jim punapa jinis manungsa.
23. Dena jenak wonten ing tawang gumantung, boten kesah-kesah, kang
gumantung anahuri, ingsun dudu jinis jim miwah manungsa.
24. Sayektine jinising malekat ingsun, ran Ngijan Ngijaya, wus kasiksa wak
mami, ingaranan Aruta lawan Maruta.
25. Purwanipun ngong antuk dukeng Hyang Agung, gumantung neng tawang,
keneng sikuning Nabi Dris, ingsun duwe kalethek jroning wardaya.
26. Kaduga yen tinuruna raganingsun, marang ngalam donya, dadya ratu
kang ngluwihi, mring Nabi Dris pangratanireng agama.
27. Tinurutan mring Hyang kang Maha Luhur, tinurunken ingwang, madeg ratu
nagri Babil, lawas-lawas ingsun kinenan ing coba.
28. Pan kasmaran marang dyah kongsi salulut, dadya [227] nemu duka,
siniksa mangkene iki, duk jamane Nabi Dris panggantungira.
29. Prapta mengko iya pirang atus tahun, besuk luwar ingwang, jangjine lamun
wus lahir, Kangjeng Nabi Mustapaniyakaningrat.
30. Purwa madya wasana sampun tinutur, karsaning Hyang Suksma, dene
sira bisa prapti, ing goningsun sartane pinaring ilham.
31. Sinung weruh gon siksaningsun ginantung, aneng ngawang-awang, yekti
yen wenang sireki, anampani kabeh ing sakawruhira.
32. Lah dene ge majuwa mring ngarsaningsun, sira tampanana, iya ing
sakawruh mami, ngelmuning Hyang kang ginadhuhken maring wang.
33. Sigra maju Sayid Anwar wus winuruk, palak palakiyah, ngelmu nujum
ngiluduni, myang lakuning surya wulan lawan lintang.
34. Wruh ingering jagad ing sasaminipun, ingkang bangsa hikmah, kalawan
winulang malih, wruh basane ing sakutu walang taga.
35. Pan sadaya Sayid Anwar sampun putus, ing sakawruhira, Malekat
gumantung kakalih, Sang Aruta Maruta lan wuwusira.
36. Heh ta anwar sireku wus badan alus, trahing Nabi Adam, kacampuran
trahing Ngejim, kasepuhan sing matenging tapanira.
37. Wus tan kena ing lara kalawan lampus, langgeng [228] uripira, kongsi
prapteng jaman akhir, nanging iya kurang utamane pisan.
38. Aja tanggung becik banjura sireku, iya marang lulmat,
lulmat angambila banyu
urip, anginuma sartane sira adusa.
39. Banyu urip tirta marta kamandhanu, panguripan sajagad sajagad,
jagad Sayid Anwar
matur aris, yen makaten kawula anuwun tedah.
40. Panggonane ingkang tirta kamandhanu, ing sapaken tuwan, kawula darmi
nglampahi, Sang Maruta Aruta pan wuwusira.
41. Panggonaning luwih ewuh lan pakewuh, tegese ing lulmat, tanah kang
peteng tan sipi, kang tan pisan-pisan kasonganing surya.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 111


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

42. Kajabaning peteng luwih adhemipun, obor nora kena bisa, urip
pinanganing atis, nanging lamun sira kang manjing ing lulmat.
43. Nora susah nganggo obor geni murub, pan wus cahyanira, kang dadi obor
madhangi, nanging nadyan padhang atise kaliwat.
44. Utamane pisan nganggowa sireku, pan ana saratnya, yen prapteng lulmat
sireki, ana katon buron singa barong seta.
45. Den agupuh cekelen pasthi ing bathuk, ana ciuci-[229]nya, iyaku bedholen
nuli, sira peta lengane sipatna netra.
46. Lan borehna den wrata hangganireku, pasthi wuwuh padhang, lan
kuwatan kenen atis, yen tanana mung den mantep tekatira.
47. Kayata duk dinuta nggambar swargagung, mring eyangira Adam, antepe
ing tyasireki, anrang baya kantaka, pratignyanira begpati, den mangkono
antepira manjing lulmat.
48. Keneng atis suku mati nora mundur, yekti sira bisa, angambil ing banyu
urip, dening prenahing lulmat hangubengana.
49. Sajabaning langit kabeh iku tepung, lor kidul myang wetan, lamun sira
aningali, ana peteng pupungkasaning samodra.
50. Pedhut ireng kaya mendhung angendhanu, ya iku ing lulmat, lah uwis
mangkata aglis, sun jurungi muga rahayu neng paran.
51. Wusnya telas welingira kang gumantung, Sayid Anwar sigra, umesat
saengga thathit, pan sakedhap sajabaning langit prapta.
52. Ingubengan lor kulon wetan myang kidul, tepung temu gelang, Sayid
anwar aningali, pedhut ireng kadi mendhung alimengan.
53. Linebetan prapteng gene lulmat sampun, madhangi cahyanya, ing ngarsa
myang kanan kering, ingkang tebih maksih peteng alimengan.
54. Dadya bingung tan wruh lor kulon myang kidul, [230] tumindak tan bisa,
kami kekelen ing atis, aningali buron tanana katingal.
55. Dadya Sayid Anwar wus pratikyeng lampus, atise sang saya, kami kekelen
tan sipil, getih kenthel ngarekel otote samya.
56. Kadya pecat sadaya babalungipun, gumuling kantaka, keparag kekeling
atis, pan angringkel kadya tatas nyawanira.
57. Kuneng ingkang aneng lulmat maksih kantu, kami kekelen ing atis, yata
wau kang winuwus, nenggih sang malekat karis, ingkang wus kayangan
manggon.
58. Aneng wukir dhasar sapucuking gunung, tutupe kang nerakapti, wruh
kalamun wayahipun, neng lulmat pinarag atis, tan kuwawa kantakenggon.
59. Sang Ijajil gya mesat sakedhap rawuh, ing lulmat lampahireki, manjing ing
pepeteng sampun, pan sarwi ambekta api, neraka kinarya obor.
60. nora mati dening atis maksih murub, padhang ing lulmat kaeksi, sayidin
Anwar kang kantu, gumuling gya den prepeki, ingkang kantaka karaos.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 112


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

61. Sarirane kasumukan panasipun, api naraka mari atis, wungu pungun-
pungun ndulu, maring Pangeranireki, Sayid Anwar sujud gupoh.
62. Sang Ijajil meseming tyas lingira rum, heh Sa-[231]yid Anwar sireki, wus
sun karya badan alus, tan kena ing lara pati, langgeng urip prapteng don.
63. Teka dadak pindho karya tyasireku, nedya ngambil banyu urip, amrih nora
keneng lampus, nanging ya luwih utami, tyasira ingkang mangkono.
64. Lah to payo sun tuduhaken sireku, prenahing gon banyu urip, Sayid Anwar
sandika nut, mring Ngijajil sampun prapti, gen tirta marta lingnya lon.
65. Lah ta iku iya kang peteng ngendhanu, ting parentul banyu saking, sagara
rahmat ya iku, banyu urip lah ta aglis, nginuma adusa kono.
66. Sayid Anwar sigra minum sarya adus, wus nora angrasa atis, kasumukan
panasipun, obore kang nerakapi, nikmat ting ngongga karaos.
67. Langkung saking nikmat lan manpangatipun, panginume toya urip, Sang
Ijajil alos muwus, lah nya sira sun paringi, kang pusaka cupu karo.
68. Siji kothong siji maksih isinipun, ingkang isi cupu manik, kang kothong
asthagineku, isenana banyu urip, iku duk Nabi padudon.
69. Adam Kawa dennyarsa jodhoken sunu karsane Nabi putrestri, ingkang ala
antuk bagus, wadon ingkang ayu luwih, jinodho lanang kang awon.
70. Babu Kawa nyulayani marang kakung, kang dadya [232] karepireki, wadon
warnane kang ayu, jodhowa lanang kang pekik, awon jinodho samya
awon.
71. Nora nana ngalah padha kencengipun, Nabi Adam dadya kardi, pratandha
lan garwanipun, padha metokaken mani, winadhahan cupu karo.
72. Jangji kang tandadya bayi kamanipun, manuta marang kang dadi, bayi ing
sakarepipun, dadi namanira Esis, Babu Kawa kamanipun, tanpa dadi
kama maksih, eneng jroning cupu wutoh.
73. Dadya manut Babau Kawa marang kakung, dennya hanjodhoken siwi,
cupu ingkang kothong iku, isenana banyu urip sakebake gonira mot.
74. Yen ombakna marang wong sajagad iku, norantek kang bayu urip, dene
cupu manik iku, kasektene nora keni, brongta marang ing wong wadon.
75. Lawan ora kena sayah lawan lesu, miwah arip lawan ngelih, panas tuwin
adhem luput, yen ngrasa ngelih lan arip, panas atis myang kaleson.
76. Angambunga marang cupu manik iku, kabeh karepe [233] pan mari, Sayid
Anwar sukeng kalbu, wus tinampan cupu kalih, kang isi lawan kang
kothong.
77. Cupu Nabi Adam kang kothong pan sampun, ingisenan banyu urip, apanta
sakebekipun, Sayid Anwar lan Ngijajil, saking ing lulmat wus miyos.
78. Prapteng jawi sang Ijajil alon muwus, heh Sayid Anwar den aglis, banjura
lakunireku, mring sakidul Malebari, pan ing kana ana pulo.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 113


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

79. Aran pulo Maldewa pan maksih suwung, pan durung kisenan jalmi,
Maherosa raning gunung, neng kono matiya ragi, luwihna kang wus
kalakon.
80. Atapaa angon surya pucak gunung, yen bengi anduma warih, yen wus
genep pitung tahun, ing kono pasthi tibaning, iya kanugrahaning ngong.
81. Marang sira nugraha kang luwih gung, sakiduling Malebari, kabeh pulo
maksih suwung, dadi kayanganing ejim, durung ana kisenan wong.
82. Sang Ijajil wusnya telas welingipun, nulya musna tan kaeksi, Sayid Anwar
sukeng kalbu, marang ing Malekat Karis, uni pasthi anggeping batos.
83. Lamun tuhu Pangeran kang Maha Luhur, lagyarsa mangkat miyarsi, ana
swara nguwuh-uwuh, heh Sayid Anwar den aglis, sira ngambila maring
ngong.
84. Wruhanira kayu sewan aranipun, sandilata ma-[234]osadi, pangurip
sagung tumuwuh, kabeh saisining manungsa myang sato.
85. Kutu walang taga lamun ana lampus, kang durung tumibeng pesthi,
ungkulana oyodingsun, sayekti yen urip malih, Sayid Anwar nolih anon.
86. Kayu aking wit godhonge samya wulung, ingkang bisa basa jalmi, akon
ngambil nguwuh-uwuh, sigra dennya marepeki sambilata wus binedol.
87. Winadhahan sajroning cupu jumerut, wadhahe kang cupu manik, Sayid
Anwar mesat sampun, ing marga datan winarni, sakedhap lampahira jok.
88. Sakidule malebari pan saestu suwung, kathah pulo kang kaeksi, sadayane
maksih suwung, dereng wontwn kisen jalmi, Sayid Anwar niyup gupoh.
89. Marang pulo Maldewa apan jumujug, nenggih Maerasa wukir, lajeng tapa
pucak gunung, tapa ngon lampahing rawi, lamun enjang dennya lunggoh.
90. Madhep ngetan yen bedhug tumengeng luhur, lamun lingsir kilen ngalih,
madhep ngilen dennya lungguh, yen dalu angumming warih, lamun enjang
wangsul ing gon.
91. Madhep ngetan aneng sapucuking gunung, angon lampahing Hyang Rawi,
wusnya dugi pitung tahun, pan amung kirang sapta ri, wanci bedhug
dennya lunggoh.
92. Nengeng luhur anon kang samya tumurun, kakejer [235] luhurireki, wetara
pitung penggayuh, jroning surya den tingali, ana kaki-kaki lunggoh.
93. sampun ciklu busanane sarwa wulung, jenggote panjang aputih,
lunggweng palongka jumerut, sila tumpang dennya linggih, Sayid Anwar
nalika non.
94. Nora samar namun kalamun Pangeranipun, ingkang munggeng jroning
rawi, Sayid Anwar sigra sujud, kang nuksmeng surya lon angling, heh ta
Anwar yoganingngong.
95. Pan wus tutug ing mengko tapanireku, angon lakuning Hyang Rawi, tutupe
ing pitung tahun, anamung kurang sapta ri, liwat sukaning tyas ingong.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 114


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

96. Dene sira ngestokken sapakoningsun, tapa ngon lakuning rawi, tan osik
ing pitung tahun, iya tampanana aglis, samengko nugrahaningong.
97. Marang sira nugrahan kang luwih agung, sira apan ingsun kardi, wijining
para ratu, neng kene babarna wiji, sarta lan pituduh ingong.
98. Ing Maldewa ana ratu jim pinunjul, jujuluk Raja Nuradi, Nuradi Mahadewa
parabipun, hambeg santa satu budi, duwe anak siji wadon.
99. Retna Dewi Nurini paparabipun, diwasa durung akrami, cahyane nukmeng
sitangsu, iyeku kang pasthi dadi, jodhonira prapta ing don.
100. Wenang madhana ing nugrahaningsun, kang wus [236] tumibeng sireki,
tusing Nabi ingsun campur, iya lawan trahing ejim, dadya wijining pra
katong.
101. Retna Dewi Nurini lan sira besuk, patutan jalu sawiji, luwih pekik
warnanipun, tur mawa cahya nelahi, lawan sira wus tan loro.
102. Yeki ingkang nurunaken para ratu, jumeneng kusumaning jim, tan pedhot
satutugipun, kongsi prapteng jaman akhir, maratu, akatong-katong.
103. Kakangira si Anwas besuk ya milu, urun mijeni Narpati, ananging
babakunipun, apanta maksih sireki, mung nempeli turun wadon.
104. Dene yen wus prapteng jaman akhir besuk, ilang saking ing jinis jim, mulih
marang purwanipun, jinising manungsa yekti, para ratu keneng layon.
105. Lah tutugna tapamu iku rumuhun, pan amung kurang sapta ri, yen wus
genep pitung tahun, yekti sira den pondhongi, marang Nuradi jim katong.
106. Dhinaupaken sira lawan putrinipun, wis kariya ingsun pamit, mulih marang
ing swarga gung, surya gya wangsul manginggil, Sang Ngijajil wus tan
katon.
107. Sayid Anwar mituhu sawelingipun, nutugen tapanireki, tutupe ing pitung
tahun, pan amung kirang sapta ri, kuneng gantya winiraos.
108. Putrining jim Maldewa ingkang winuwus, kusuma [237] Dewi Nurini, ing
dina sawiji nuju, sakeca denira guling, aneng sajroning kadhaton.
109. Pan supena ningali wulan tumurun, kakejer luhurireki, jro sasi ana kadulu,
nini-nini sarwa putih, neng Palongka retna lunggoh.
110. Sarwi angling heh nini wruhanireku, jodhoning Hyang lata mami, Siti
Ngujwa araningsun, harsa warah mring sireki, yen jatukramanta rawoh.
111. Satuhu kusuma rembesing madu, wayah Adam putraning Sis, Sayid
Anwar namanipun, pekik cahyaning nelahi, dhasar maksih jajako nom.
112. Sira nini sinung anak lanang bagus, tembe warnaning tur pekik, amawa
cahya sumunu, jumeneng kusumaning jim, nurunaken para katong.
113. Tanah Ajam sagung para ratu-ratu, nora lyan sutanireki, iya ingkang darbe
turun, kongsi prapteng jaman akhir, satutuge nora pedhot.
114. Nanging mengko langya kandheg tapeng gunung, angon lakuning Hyang
Rawi, lawase wus pitung tahun, mung kari sadina benjing, lah wis nini
pamit ingong.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 115


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

115. Nini tuwa wus musna datan kadulu, wulan wangsul ing wiyati, Sang Dyah
dennya sare wungu, pangungun ira tan sipi, supenanira kang katon.
116. Enjingipun marek kang rama sang prabu, kusuma [238] Dewi Nurini,
ngaturken supenanipun, ingkang kantingal ing ratri, salebeting
nendranipun.
117. Wulan mudhun kekejer neng luhuripun, ing jro isi nini-nini, ngaken lamun
jodhonipun, nenggih sang dyah Ngujwa lati, sung wangsit manising jodho.
(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 29 ۩۩۩


DHANDHANGGULA

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
1. Amiwiti malah amekasi, nini tuwa ing sawangsitira, sampun katur
sadayane, kang rama sukeng kalbu, amiyarsa aturing siwi, sang dyah
rinangkul sigra, babo putraningsun, pantes lamun mangkonowa, jroning
nendra iya gonnira angimpi, liwat saking diwasa.
2. Sun tetedha mring Hyang Ngujwalati, muga-muga iya satuhuwa, nini tuwa
ing wangsite, mring sira dennya tuduh, jatukrama ingkang sayekti, putreng
Sis wayah Adam, kang martapeng gunung, lah ta wis nini muliya, mring
kaputren sun awakane pribadi, iya ingkang ngupaya.
3. Ingkang dadya pamangsitireki, nini tuwa sajroning supena, baya ngendi
praptane, iya ki bakal mantu, bayo nora nana sajroning, wukir pulo
Maldewa, de wus pitung tahun, nora nana wartanira, ingkang putra wus
mundur manjing jro puri, kang rama sigra mesat.
4. Pan kakejer madyaning wiyati, keblat papat ing-[239]kang tiningalan,
suwung tan ana tandhane, amung pucaking gunung, wonten tejanipun
awening, wukir ing Maerasa, saking doh sumunu, winawas pucaking arga,
dangu-dangu ilanging teja kaeksi, katingal kang atapa.
5. Lunggweng sela sapucaking wukir, maksih sidadhep asuku tunggal,
kalangkung pekik warnane, mawa cahya sumunu, lir trenggana angikis
latri, tejanira sumunar, saking doh ngunguwung, dening cahyaning kang
tapa, pucak wukir lir rinenggeng kilat thathit, Sang Prabu osiking tyas.
6. Dhuh-dhuh adhuh iya baya iki, ingkang katon sajroning supena, nini tuwa
ing wangsite, tapa pucaking gunung, angon lakunira Hyang Rawi, ana
empere uga, iku tapanipun, ya angon lakuning surya, kapindhone sapa
wong kang duweni, ing cahya kang mangkana.
7. Angluwihi saking cahyaning jim, lamun dudu terahing kusuma, wong mara
tapa tedhake, kang trus rembesing madu, wijiling wong handana warih,
mongsa dadak duweya, cahya kang kadyeku, sawusnya ngartikeng driya,
sigra niyup Prabu Nuradi marpeki, prapta pucaking ngarga.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 116


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

8. Ingkang tapa kagyat aningali, nuju tutuping ing [240] pitung warsa,
linuwaraken tapane, manggihi ingkang rawuh, wus anarka yen dudu jalmi,
tapak wayang-wayangan, sangkane ing luhur, wus tata denira lenggah, Sri
Nuradi dhini tatanya aris, hangger tigas kawuryan.
9. De pun bapa tembe aningali, jinising jim punapa manungsa, wingking
pundi pinangkane, myang sinedyeng kayun, lawan sinten sinambating sih,
dene kepati tapa, aneng pucaking gunung, paranta ingkang sinedya, Sayid
Anwar pasaja dennya nauri, lamun jinis manungsa.
10. Saking nagri Kusni Malebari, wayah Adam jeng Nabi Sis putra, Sayid
Anwar paparabe, kesah sangkaning timur, alelana jajah wanadri, sapurug
tanpa seday, nut paraning suku, wus lami kalunta-lunta, prapteng ngriki
lajeng kendel mati ragi, angen lampahing surya.
11. Duk miyarsa Sang Prabu Nuradi, yen satuhu jeng Nabi Sis putra, langkung
sukaning galihe, raden nulya rinangkul, babo sutaningsun sang pekik, pun
bapa tur pasaja, ing satuhunipun, kula puniki jim raja, nama Prabu Nuradi
ingkang mengkoni, sagung jim ing Maldewa.
12. Dene prapta kawula sang pekik, ing ngarsane apanta kabekta, ing atmaja
supenane, katingal duk ing dalu, winangsit ing Hyang Ngujwalati, kalamun
jatukrama, lan sariranipun, dhuh angger lamun parenga, ing karsane
sakedhap kula aturi, dheteng praja kawula.
13. Ningalana marang nini putri, lamun angger panu-[241]ju ing karsa, ngong
aturaken arine, mring paduka satuhu, kang supaya dadosa cethi, juru dang
amawongan, lamun tan panuju, ing galih mung kinarsakna, nini putri mring
anak angger sang apekik, dados kadang kewala.
14. Sayid Anwar kalane miyarsi, ratu jim dewani wuwusira, mesem sajroning
galihe, dene ta sami santuk, saking wangsit ing jatukrami, mung kaot
sariranya, wangsiting Hyang Agung, raja putri jim Maldewa, antuk wangsit
saking Sang Hyang Ngujwalati, marga saking supena.
15. Dadya alon dennira nahuri, paranta gen kawula nut, barang ing reh kang
darbe nagri, samangsane mopowa, yekti duraka gung, Sri Nuradi langkung
suka, dene Sayid Anwar wus anut ing galih, gya cinandhak astanya.
16. Sareng mudhun wau saking wukir, kalih mesat tapak wawayangan, maksih
kakanten astane, ing marga tan winuwus, pan sakedhap lampahnya prapti,
jinujug jroning pura, Sang Kusuma nuju, lenggah neng madepaningrat,
pan ingadhep mban inya lan para cethi, lagya eca sandika.
17. Saking dennya kagagas ing gailih, supenanya ni tuwa kang nukma,
sajroning wulan wangsite, kagyat denira dulu, ingkang rama praptanireki,
sarwi nganthi satriya, cahyanya sumunu, sang dyah wus garjiteng driya,
esmu merang tumungkul denira linggih, kang rama sampun lenggah.
18. Sayid Anwar tansah munggeng kering, Sang Ibnu [242] Sis lan putri
Maldewa, sareng pagut paningale, suh rempu kalihipun, ing wardaya

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 117


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

saengga kadi, panjang putra tumiba, neng sela kumepyur sang retna
kalangkung merang, mring tatamu pinandeng liring ngindhani, tumungkul
denira lenggah.
19. Ingkangrama mesem dennya angling, babo nini aja taha-taha, age
ngabektiya kiye, iya iki kadangmu, jro supena iya kang dadi, wangsite nini
tuwa, kang nukmeng sitang-sitangsu, satriya hadi Kusniya, wayah Nabi
Adam putraning Nabi Sis, kang nama Sayid Anwar.
20. Lawan ngaturana kang pisalin, rakanira nini mentas tapa, rusak busanane
kabeh, apan wus pitung tahun, dennya tapa angon ing rawi, sang retna
langkung merang, nembah sigra mundur, lawan sapawonganira, mring
kaputren suka sang Nata Dewani, Sri Nuradi turira.
21. Lah punika warnane kang rayi, dipun pasaja dhateng bapa, punapa panuju
angger, inggih ning galihipun, Sayid Anwar aturira ris, rumiyin tur kawula,
ing sakarsa anut, sampun menggah pinaringan, putri Nata sanadyan silih
pinaring, Cethi miwah parekkan.
22. Sayekti yen sewu kapundhi, Prabu Nuradi suka [243] miyarsa, mesem alon
andikane, yen angger wus panuju, kawula srah ngarinireki, saisining jro
pura, sadayanya katur, sampun mawi walang driya, lah suwawi
pondhongen arinta nuli, pan sampun garwanira.
23. Prabu Nuradi ngandikeng cethi, lah iringna iki gustinira, lebune marang
kaputren, Sang Prabu nulya kondur, marang dalem puranireki, wauta
Sayid Anwar, mring kaputren sampun, ginarbeg jim prayangan, wau sang
dyah sampun ngaturaken udani, yen tamu sampun prapta.
24. Inggih kang darbe cahya nelahi, ginarbeg cethi parayangan, dipun prayitna
nak angger, praptaning sang tetamu, kadi-kadi lamun nemeni, bantheng
duk tumambirang, salamine lawung, neng wana sungu kancana, tracak
waja harsa anyundhang jajawi, netranipun kumala.
25. Pamandenge marang sang retnadi, nalika neng ngarsa Sri Narendra, kadi
wus kenyut galihe, anon cahya sumunu, ngasaraken resmining sasi, sang
retna duk miyarsa tigasira kumenyut, anglesinmg wardaya lupa, maras-
maras enar-enar senik-senik, paran mengko yen prapta.
26. Harsa mundur kasusu praptaning, sang tetamu sampun menggeng
ngarsa, sang dyah pinrepekan age, cinadhak astane, sang retna sinambut,
lajeng binekteng papreman, lelangening pagulingan tan winarni, rarasing
karadikan.
27. Dennya samya sih siniyan kalih, suka sagung cethi [244] jim paranyangan,
umiyat marang gustine, pantese kalihipun, sapraptaning kawandasa ri,
sang natarsa megawan, srah karatonipun, mring mantu Sayid Anwar,
rembag lawan kang rayi kya patih Amir, ingkang bedhe tinilar.
28. Aneng praja amung ngembani, karatone Sayidina Anwar, tetepa
kapatihane, among wadya bala sagung, punggawa jim samya ngrembagi,

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 118


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

nanging Sayidina Anwar, sanget dennya lumuh, maksih karem mati ragi,
karsanira karya kayangan pribadi, neng wukir Maerasa.
29. Prabu Nuradi dadya nuruti, Sayid Anwar wus nyipta kayangan, sami
sakala dadine, neng sapucaking gunung, Maerasa asrinireki, ngasorken
jroning pura, wus sasat swarga gung, sadaya sarya kancana, sarwa retna
miwah sosotya disdi, semana Sayid Anwar.
30. Lan kang garwa pan sampun angalih, mring kayangan sapucaking arga,
Sayid Anwar sasampune, aneng pucaking gunung, pan angalih parabireki,
nama Sang Hyang Nurcahya, lan malih jujuluk, nenggih Suksma Kawekas,
lan paparab nenggih Sang Hyang Maha Siddhi, Hyang Jagad Pramu Sesa.
31. Sang Hyang Trusthaningrat Mahamuni, Dewa Batha-[245]ra Jagad
werana, ing Jagad rat sadayane, dewa pamungkasipun, Hyang Wisesa
Hyang Utipati, Sang Hyang Jati Wasesa, Sang Hyang Murbeng Luhur, iya
Hyang Murba Misesa, kang wadya jim sadaya jrih asih, marang Sang
Hyang Nurcahya.
32. Saksat marang Sang Hyang Ngunjwalati, anggepira wadya jim sadaya,
pinindha-pindha pupundhen, luwih mring ratunipun, ajrihira sagung wadya
jim, mring Hyang Nurcahya dennya, wingite kalangkung, layanganira
kewala, nora kena yen ingidak milalati, myang kaluwihanira.
33. Angluwihi sagunging ratu jim, wruh basane kutu walang taga, lawan bisa
nguripake, sabarang ingkang lampus, bisa karya ing pati naming, den
arani kewala, mati yekti lampus, marmanya sangsaya-saya, pangidhepe
wadya jim samya jrih asih, malah kahyanganira.
34. Wus karanan ing dewata sami, denira wus dadya pangidhpan, jim pulo
Maldewa kabeh, malah ta wus sinebut, mring wadya jum Hyang Maha
Tinggi, saking den anggep nyata, yen kang Maha Luhur, sasar dadya
sukanira, Hyang Nurcahya sinebuta ing sabumi, yen kang Murbeng
Buwana.
35. Wus rumasa sakurebing langit, kang kasongga lumahing bantala, saisining
jagad kabeh, titahira Hyang Agung, wus tan nana ingkang nimbangi, jim
setan myang manungsa, mring sariranipun, ing punika Hyang Nurcahya,
aneng pulo Maldewa pan sampun mijil, saking jaman manungsa.
36. Sampun emor lan jamaning ejim, Hyang Nurcahya
Nurcahya [246] pan wus manjing
alam, Adam Makdum ing tegese, pangawang uwung-uwung-uwung, wus tan ana
bumi lan langit, padhang tanpa rahina, peteng tanpa dulu, keblat papat
wus tan ana, ngandhap luhur Sang Nurcahya sampun manjing, ing alam
Akadiyat.
37. Wus tan ana sawiji-wiji, jumeneng lawan pribadinira, gaibing gaib tegese,
nalikanya puniku, Hyang Nurcahya den ira manjing, ing alam Akadiyat,
jamane Nabi Hud, maksih Nuh agamanira, Sang Nurcahya lan garwane
Dewi Nurini, aneng swarga kayangan.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 119


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

38. Anekakken ing karsanireki, sasat wikrama sajroning pujo, nyipta tanajul
tarkine, unggah turuning tuwuh, tan antara nulya kaeksi, cahya kang
manca warna, murub prabanipun, ilapating Hyang Suksma, cahya ireng
abang putih lawan kuning, tandha yen tinarima.
39. Dennya minta yoga ing Hyang Widdhi, wus tumurun ingkang cahya rasa,
kang garwa lajeng wawrate, praptang semayanipun, babar jalu kalangkung
pekik, mawa cahya nugraha, tumeja ngunguwung, wus kalih lan kang
rama, pekik mawa cahya wus sinung kekasih nenggih Sang Hyang
Nurasa.
40. Rasa mendhet namane kang wukir, Maerasa nur men-[247]dhet kang
rama, kang eyang mendhet namane, diwasanya kalangkung, denira mrih
amati ragi, sawarnane ing tapa, linampahan sampun, dhasare Sang Hyang
Nurasa, wus satuhu lamun kusumaning ejim, trahing Nabi Srnata.
41. Nora kudu nganggo tapa, ejim wus sinung kasekten, beneda lawan
manungsa, jisime jisim jasmani, kang samya mamrih sekti, marganya
antuk pinunjul, tinuku saking tapa, yen jim wus jisim rakhani, pan wus
kodrat sektine, tan nganggo tapa.
42. Dhasare Sang Hyang Nurasa, kusuma juim trahing Nabi, sinepuhan saking
tapa, marmanira anglangkungi, saking para ratu jim, ing guna myang
sektinipun, wus sami lan kang rama, ramabu suka tan sipi, mring kang
putra ing galih sampun pracaya.
43. Sadaya pusakanira, kang saking Malekar Karis, pinaringaken kang putra,
lawan sangelmunireki, miwah ngelmu kang saking, Malekat ingkang
ginantung, sadaya wus katampan, myang nama ngangge sami, wus
sumilih aneng kayangan dewata.
44. Wus dadya wujud sajuga, tan kena ingaran kalih, sangga satu lan
rimbagan, Nurcahya ilangireki, Nurasa kang kaeksi katingal, saengga
panasing geni, lan urube tan kena yen pisahaken.
45. Ananira Hyang Nurcahya, iya Nurasa a-[248naning, ananira Hyang
Nurasa, pan iya ananireki, Hyang Nurcahya sayekti, wus dadya tunggal
sawujut, mangkana Hyang Nurasa, apanta harsa ngluluri, ing salampah
lampah ing nguni kang rama.
46. Awit duk maksih timurnya, denira nis saking nagri, Kusniya andon lalana,
pirang-pirang atus warsi, dennya mrih mati ragi, jajah wana gunung-
gunung, jurang pereng myang guwa, mayeng ngubengi pasisir, saben
kendel saenggone mati raga.
47. Saking jinising manungsa, dinadya badan rokhani, miwah kaluwihanira,
linuwihken saking ing jim, nimpuni guna sekti, sinung wruh sabasanipun,
sakutu walang taga, lan sinung paningal sidik, saderenge winarah sampun
uninga.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 120


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

48. Ya saking matenging tapa, yeku kesthi ing galih, mangkana Sang Hyang
Nurasa, wus tilar kayanganeki, ing dewata kawuri, lajeng lalana don
nglangut, jajah guwa manarga, myang ngubengi pasisir, saenggone lajeng
kendel mati raga.
49. Sajroning pulo Maldewa, jinajah sadaya sami, tan wonten kang
kelangkungan, guwa-guwa kali-kali, jurang pereng ring ngiring, alas-alas
gunung-gunung, nuju kendel lampahnya, ngadeg pinggiring pasisir,
ngawasaken sakidul pulo Maldewa.
50. Pulo darma katingalan, wiyaripun anglangkungi, lan pulo kang kathah-
kathah, miwah parbatanireki, lan Maerasa sami, ageng miwah luhuripun,
ngran wukir Jakawenang, sukuning ngungkang jeladri, marmanipun nama
wukir Jakawenang.
51. Aranipun gunung lan guwa, sinebut dadya sawiji, [249] guwanipun guwa
wenang, gunung jaka raning wukir, ginreba dadi siji, nenggih Jakawenang
gunung, yayah kadya timbanga, geng luhure wukir kalih, sukunira pan
sami ngungkang samudra.
52. Cinatur pulo Maldewa, apan pirang-pirang wukir, sakidul Malebari, kathah
pulo gunung-gunung, tan ana nimbangane gung luhur wukir kalih, Hyang
Nurasa gya mesat saking Maldewa.
53. Yun wruh pulo katingal, sakedhap wus angungkuli, niyup mangandhap
wus prapta, kendel saimbanging wukir, dangu-dangu ningali, guwa neng
sukuning gunung, nenggih ing guwa wenang, lawange ngungkang jeladri,
lenebetaning jro wonten telagannya.
54. Toya sri kawuryan muncar, iliene kalangkung wening, telaga iku pan
dadya, padusaning jim lan peri, wiyaripun pesagi, pipinggire lir pinantut,
sela item sedaya, Hyang Nurasa yun udani, sigra manjing salebeting
talaga.
55. Prapteng jro resep tumingal, lebet weninge kang warih, resik
sapangandhap pisan, dadya lajeng mati ragi, tanarsa medal malih, tapa
ngum dhasaring banyu, lamine pitung warsa, tan wonten ingkang ngudani,
kuneng ingkang lagya maratapa ngum toyo.
56. Ratuning jim kang winarna, nenggih ingkang angra-[250]toni, sadaya jim
pulo Darma, paparab Raja Rawangin, lawan pRabu Nuradi, apanta
kadange sepuh, sami papasih kadang, sira sang Raja Rawangi, kang
kinarya apatih kadange tuwa.
57. Anama Patih Paewata, den sang Prabu Nuradi, papatih kadang taruna,
nenggih kyana Patih Amir, sadaya kadang neki, kathahe pan wolulikur,
kayangan sowang-sowang, cinatur raja Rawangin, darbe putri sajuga
dereng ngakrama.
58. Warnanira yu utama, paparab Dewi Rawati, sembada ari cahyanira,
ngasorken resming sasi, duk samana sang putri, supena kalaning dalu,

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 121


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

aningali sasongka, sedhenge purnama sidhi, medal saking salebeting


guwa wenang.
59. Cumlorot manjing jro pura, tibeng ngarsane sang ngaji, cinadhak tutut
kewala, binekta ngarsanireki, sarwi ngandika aris, nini sung oleh sitangsu,
metu saking jro guwa, sun paringaken ing sireki, den kareksa pan iku sasi
nugraha.
60. Sang dyah kacarya tumingal, sasongka wus den tampani, dyan ingemban
kasemekan, binekta mring tilamneki, saprataning jinem mrik, ingkang
sasongka pinangku, sahengga nawung putra, apan sarwi den arasi,
sawungune sang dyah langkung ngungunira.
61. Enjang marek mring kang rama, kusuma Dewi Rawati, [251] ngaturaken
supenanira, miwiti malah mekasi, dennya pinaring sasi, wus katur
sadayanipun, Sang Prabu duk miyarsa, ngungun ing tyas ngandika ris, yen
mangkono niniputri impenira.
62. Becik wanane baya, katon sun paringi sasi, sira pan ing kembenira, sira
pangku neng jinem mrik, baya perak kang dadi ing jatu kramanireki, ya
mengko sun utusan, wakira si kakang patih, analika mring sajroning guwa
wenang.
63. Apata isine baya, Sang Prabu sigra nimbali, kang raka rakyana patya, wus
prapta sajroning puri, Sang Prabu ngandika ris, kakang atmajanireku, nini
putri supena, katon aningali sasi, saking guwa wenang ingsun candhak
kena.
64. Sun paringaken putranira, nulya den emban kang sasi, kakembene kang
kinarya, ginawa marang jinem mrik, pinangku den arasi, kya patih miyarsa
ngungun, alon ing aturira, lamun makaten sang Ngaji, supenane putra
tuwan sang lir retna.
65. Sae nunten pinareksa, sajroning guwa manawi, mangke wonten isenira,
Sang Prabu ngandika aris, lah iya kakang patih, talikanen den gupuh,
sajroning guwa wenang, sarpane yen kepanggih, jroning guwa gawanen
mring ngarsaningwang.
66. Sunarsa wruh wahanannya, supenane nini putri, [252] kya patih matur
sandika, wus medal saking jro puri, sapraptanireng jawi, mesat ing gagana
ngayuh, niyup sakedhap prapta, lampahe rakyana patih, lajeng manjing
salebeting guwa wenang.
67. Jinajah sepi sadaya, tan ana labetireki, namung sanginggil talaga,
winawas mring kyana patih, wonten tejanireki, luhuring toya sumunu,
pantes tejaning tapa, kya patih sigra merpeki, ngadeg munggeng
satepinireng talaga.
68. Winawas sing jro katingal, kang tapa angum mring warih, pekik tur maksih
taruna, amawa cahya nelahi, lir lintang manjer wengi, murub prabanya

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 122


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

ngunguwung, kya patih eram mulat, dhuh-adhuh ta baya iki, ingkang katon
sasongka jroning supena.
69. Satriya jim ngendi baya, tapa ngum dhasaring warih, durung mangsa mati
raga, pantes yen dadiya iki, jodhoning putra mami, kusumeng ngartikeng
galih, kya patih manjing sajroning talaga.
70. Marengi duk luwarira, kang tapa ngum mring warih, tutupe ing pitung
warsa, kya patih aris merpeki, kang tapa duk ningali, wus nduga lamun jim
agung, dene senening cahya, wus samya tata alinggih, kya patih arum
denira wacana.
71. Hanggar teja sulaksana, pun bapa anila krami, tejaning anyar katingal,
suleksananing asinggih, sinten sinambat ing sih, ing pundi ingkang
kapungkur, tapa ngum jroning toya, punapa sinedyeng galih, Hyang
Nurasa pesaja ing saurira.
72. Ing nama miwah minangko, yen wayah Prabu Nuradi, [253] paparab
Hyang Nurasa, ibu raja putri jim, retna Dewi Nurini, kang rama manusa
tuhu, saking negri Kusniya, Wayah Adam putraning Sis, nama Sayid
Anwar katimuranira.
73. Kesah andon alelana, wusnya krama putri jim, paparab Sang Hyang
Nurcahya, kayang pucaking wukir, ki patih duk miyarsi, kang tapa
rinangkul gapyuk, dhuh babo wayah ingwang, tunggal rone angalingi, pan
kawula angger kadangipun tuwa.
74. Inggih mring eyang paduka, dewani Prabu Nuradi, kula pun patih Parwata,
inggih ingkang amatihi, eyang paduka ngriki, pan inggih kadange sepuh,
mring eyangta Maldewa, paparab raja Rawangin, kang ngratoni sadaya jim
pulo Darma.
75. Sedaya kadang kawula wolulikur kathahneki, akayangan sowang-sowang,
dene sepuh pribadi, Prabu Palija nenggih, kawula panenggakipun, sedaya
sampun mencar, samya kayangan pribadi, dhuh nak angger jatose lampah
kawula.
76. Dinuta ngeyang paduka, inggih sang Raja Rawangin, [254] nalika
sajroning guwa, sawontene yen pinanggih, ngong kinen bekta aglis, mring
ngarsanira Sang Prabu, marmangger sapunika, putrining eyangira ji,
jroning nendra, supena wonten sasongka.
77. Medal saking jroning guwa, tumibeng ngarsa Sang Ngaji, cinandhak anut
kewala, pinaringaken sang putri, sasongka den tampani, den mban
kasemekanipun, binekteng mring papreman, pinangku dipun arasi,
sawungune nendra matur mring kang rama.
78. Marmangger eyang paduka, kula tinuduh ngulati, sawontene jroning guwa,
kula kinten bekta glis, Sang Nata harsa uning, temah ing mangke panuju,
kang wonten jroning guwa, inggih wayah ngong pribadi, dhuh nak angger
mugi-mugi kadhangena.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 123


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

79. Sowan ing ngeyang paduka, mendahta sukaning galih, malah pandugi
kawula, karsaning eyangira ji, mring nak angger sang pekik, ngawekteni
supenanipun, kang putra sang lir retna, denira pinaring sasi, wahanane
kadi sarira paduka.
80. Hyang Nurasa meseming tyas, myarsa ature kya patih, alon denira
ngandika, inggih kawula umiring, ing reh andika nanging, matura maring
Sang Prabu, yen adreng denirarsa, mring kawula animbali, nanging kula
mboten kenging yen nembaha.
81. Miwah yen lenggah angandhap, amargi sampun nam-[255]peni,
ngelmining bapa sadaya, wus aneng kawula sami, ki patih duk miyarsi,
umatur sarwi gumuyu, inggih angger kantuna, ngong matur eyangira ji,
kados pareng namung makaten kewala.
82. Wus mijil saking telaga, lajeng wedalira saking, salebeting guwa wenang,
sapraptanira ing jawi, lajeng measat wiyati, sakedhap lampahira wus,
prapta sajroning pura, ing ngarsa raja Rawangin, matur estu jro guwa
wonten kanthinya.
(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 30 ۩۩۩


KINANTHI

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
1. Pukulun supenanipun, nini putri daradasih, jro guwa wonten isinya,
kusuma jim trahing Nabi, putrining rayi paduka, Dewani Dewi Nurini.
2. Kramantuk manungsa tuhu, saking nagri Malebari, Anama Sayid Anwar,
wayah Adam putraning Sis, jujuluk Sang Hyang Nurcahya, lelana
sangkaning alit.
3. Jajah wana gunung-gunung, mayeng ngubengi pasisir, praptaning pula
Maldewa, lajeng tapa angen rawi, wonten wukir Maerasa, kawruhan yayai
Nuradi.
4. Pan lajeng ingambil mantu, dhaup lan Dewi Nurini, namung patutan
sajuga, warnanira langkung pekik, anama Sang Hyang Nurasa, mila
kantos prapteng ngriki.
5. Lampahe sudarmanipun, inggih ingkang den luluri, lelana jajah wanarga,
mayeng ngubengi pasisir, sapraptaning wukir Jaka, lajeng kendel mati
ragi.
6. Tapa ngum sajroning banyu, lamine wus pitung warsa, neng talaga jroning
guwa, kawula eram ningali, ing pekike warnanira, miwah ta cahyanireki.
7. Kadya basanta mabangun, kukuwunge hanelahi, pu-[256]nika pantes
jodhowa, lan putra tuwan ni putri, mboten wonten kang kuciwa, marma tan
kering samangkin.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 124


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

8. Kang tapa darbe panyuwun, lamun wonten ngarsaji, sampun linenggahken


ngandhap, lan sampun kinen wot sari, mila matur sapunika, dennya
sampun den pasrahi.
9. Ngelmuning sudarmanipun, sadaya wus den tampani, jangjine nadyan
wontena, ngarsaning Ngunjwalati, tan kenging lenggah neng ngandhap,
lawan tan kening wot sari.
10. Sang Nurasa haturipun, yen paduka tan ngilani, kang dadya panuwunira,
lumuh sumiweng ngarsaji, upami pinaripeksa, prapteng pati den lampahi.
11. Duk miyarsa Sang Ngaprabu, suka gumujeng dennya ngling, heh rakyana
patya, pantes mangkonowa ugi, panjaluke kang ngatapa, wayahe yayi
Nuradi.
12. Luwih luhur bangsanipun, kusuma jim trahing Nabi, wayahing Sis buyut
Adam, lah iya kakang den aglis, gawanen mring ngarsaningwang, kang
tapa angum mring warih.
13. Dene ta panjalukipun, iya kakang sun turuti, aja nganggo walang driya, sun
papan neng poncaniti, ing praptane wayah ing wang, patih sandika turneki.
14. Wus mijil saking kadhatun, wau sira kiya patih, mesat marang ing
ngawiyat, ing wuri Sri Narapati, apan ta sampun siyaga, siniwakeng
poncaniti.
15. Wau ta ing lampahipun, patih Parwata wus prapti, [257] ing guwa lajeng
denira, manjing salebeting beji, panggih lawan kang atapa, ki patih lingira
aris.
16. Dhuh angger panuwunipun, eyang tuwan anglilani, padukangger
tinimbalan, sapengker kula wus mijil, ngentosi neng panangkilan, kang
tapa suka miyarsi.
17. Gya kinanthi astanipun, marang ing rakyana patih, mentas saking jro
telaga, saking guwa sampun mijil, prapteng jawi sampun mesat, sakedhap
wus angungkuli.
18. Ngalun-alun gya maniyup, maksih kanthen asta sami, sakidul waringin
kembar, lajeng lampahira aris, marek ing ngarsa Narendra, piyak sagung
kang anangkil.
19. Sang Prabu Rawangi gupuh, tedhak saking dennya linggih, methuk
ingkang lagya prapta, tumundhuk rinangkul aglis, tinarik binekta lenggah,
aneng singasana rukmi.
20. Sang Nata mesem lingnya rum, ingsun atetanya kaki, gonnira nis saking
praja, nora nggawa batur siji, kongsi prapteng puo Darma, nora marek
marang mami.
21. Apata eyangireku, durung warah ing sireki, yen duwe kadang maring
wang, dadak banjur mati ragi, tapa ngum dhasaring toya, lawan kongsi
pitung warsi.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 125


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

22. Lah apa sedyanireku, Hyang Nurasa matur aris, rayi paduka jeng eyang,
pukulun dereng wawarti, nggen kula nis saking praja, pan amung sedya
ngluluri.
23. Jeng rama salampahipun, awit timur denira nis, [258] saking praja don
lelana, mayeng ngubengi pasisir, anjajah guwa wanarga, kalunta pan
sampun lami.
24. Anut saparaning suku, prapteng ngriki aningali, telaga sajroning guwa,
lajeng kendel mati ragi, angum sadhasaring toya, praptanipun eyang patih.
25. Marengi duk luwaripun, tutupe ing pitung warsi, Raja Rawangin miyarsa,
ngunguning tyas ngandika ris, yen mangkono praptanira, kulup aneng
praja mami.
26. Pan wus karsaning kang nuduh, iya Sang Hyang Ngunjwalati, kinen wruh
ing pudjaningwang, den agem tyasira kai, pan nagara pulo Darma, wus
duwekira pribadi.
27. Dene ta lirunipun eyangmu yayi Nuradi, pan iya sariraningwang, aja sira
walang ati, kakang patih wayahira, sun gawa manjing jro puri.
28. Sun weruhne kadangipun, ya nini Rawati, nulya kondur Sri Narendra, Sang
Hyang Nurasa kinanthi, tan kantun rakyana patya, sapraptanireng jro puri.
29. Lenggah munggeng dalem agung, Hyang Nurasa datan tebih, lan kaki
patih munggeng ngarsa, glar parekkan para cethi, jim peri myang
parayangan, sadaya eram ningali.
30. Mring satriya ingkang rawuh, pekik myang cahya-[259]nireki, lir wulan
katrangan mega, kukuwunge anelahi, Raja Rawangin ngandika, heh
kakang rakyana patih.
31. Manjinga kaputren gupuh, timbalana nini putri, ingsun kon aningalana,
mring kadange anyar prapti, teko pulo Maldewa, garjita rakyana patih.
32. Wus tampi ing karsanipun, sigra wau kiya patih, manjing kaputren wus
prapta, panggih lan sang raja putri, gupuh ngabekti mring uwa, kipatih
ngrangkul sarya ngling.
33. Babo nyawa putraningsun, impenira dara dasih, ing sajroning guwa
wenang, nyata ana isine nini, satriyadi ing Maldewa, tapa ngum dhasaring
warih.
34. Lawase wus pitung tahun, warnane kaliwat pekik, paparab Sang Hyang
Nurasa, miwah cahyane nelahi, samengko wus aneng pura, karsane
ramanira ji.
35. Yen padha panujunipun, dhinaupken lan sireki, panggaliye Sri Narendra,
supenanira ing ratri, wahananing jatukrama, kasmaran angemban sari.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 126


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 31 ۩۩۩


ASMARADANA

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
1. Sira nini den timbali, ing ramanira Sang Nata, kinen mulata warnane,
satriya jim ingkang prapta, ing kana ya weruha, panuju lan oranipun,
padha pesajan kewala.
2. Kumenyut sang raja putri, wantuning dyah wus diwasa, karaseng tyas
supenane, kaya na empere uga, timbalane kang rama, sang kusuma
kering sampun, sapraptanireng jro pura.
3. Sakedhap sang dyah ningali, mring kang lunggweng [260] ngarsa Nata,
namung sagebyaran bae, sareng paguting paningal, upama panjang putra,
tumibeng sela kumepyur ing tyas kalihnya.
4. Tumungkul merang sang putri, pinandeng mring tamunira, srimpang-
srimpung ing lampahe, jujug wurine kang rama, awor parekkan kathah,
kang rama mesem lingnya rum, nini den kapareng ngarsa.
5. Bagekna rakanireki, aja sira taha-taha, apan sanakira dhewe, pan wayahe
pamanira, yayi Prabu Maldewa, lawan sira prenahipun kaponakan naking
sanak.
6. Nanging mengko wus sun ambil, dadi putraningsun tuwa, wajib ngabektiya
age, sang kusuma duk miyarsa, timbalane kang rama, tur sembah merang
kalangkung, palarasan undurira.
7. Wangsung mring kaputren malih, lawan sapawonganira, kang rama suka
gujenge, sarya lon dennya ngandika, lah iku putra ningwang, warnane
arinireku, pawestri amung sajuga.
8. Ugungan sangkaning alit, marma gungane kaliwat, yen warnane sedheng
wae, rehning wukir kurang praja, dadi wagu tenaga, pasajan bae akingsun,
lamun panuju tyasira.
9. Sun aturken anyethi, yen tan panuju ing karsa, mung dadiya kadang wae,
Hyang Nurasa duk miyarsa, timbalane sang Nata, dheku sarya lon turipun,
kasuwun kalingga murda.
10. Timabalan Sri Narapati, tan kenging hulun matura, [261] sampun kang
kinarsakaken, nugraha pinaringan garwa, tur putrining Narendra, lamun
botena kasuwun, nadyan pinaring pawongan.
11. Parang kawula nampik, nadyan silih kinarsakna, pejah kawula samangke,
paran hulun yen sageda, suminggah ing sakarsa, yenti yen kawula manut,
ing reh kangdarbe nagara.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 127


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

12. Sukeng tyas Raja Rawangin, miyarsa ing aturira, mesem sarwi ngandika
lon, yen wus panuju tyasiram, sayekti ingsun pasrah, iya mring arinireku,
miwah saisining pura.
13. Kabeh pasrah ing sireki, jro kadhaton pulo Darma, apa sakarsanirangger,
kabeh pan wus darbekira, lah mara putraningwang, pondhongen
garwanireku, aja sira taha-taha.
14. Sagunging parekkan cethi, kabeh padha angiringa, gustinira mring
kaputran, Hyang Nurasa lengser sigra, saking ngarsa Narendra, gumerbeg
pawongan pungkur, yata wau sang lir retna.
15. Wus maharjeng busanadi, lungguh neng kanthil mutyara, aneng ing dalem
kaputren, sampun ngaturan uninga, lamun tetamu prapta kagyat ing tyas
sang retnayu, kapelak tamu praptanira.
16. Sang retna tumurun aris, saking palenggahanira, sang kakung mrepeki
age, sang dyah mendhak arsa nembah, cinandhak astanira, dhuh kusuma
jiwaningsun, gusti sampun awot sekar.
17. Ngilangken langening bumi, sang retna sinambut [262] sigra, binekta mring
papremane, suka sagungging parekkan, jim peri parayangan, wangsul
matur mring sang Prabu, hentyarsarira miyarsa.
18. Miwah rakyana apatih, wus medal saking jro pura, wadya jim winarta
kabeh, yen satriya jim ing Maldewa, kang tapa jroning guwa, wus
pinundhut ing Sang Prabu, minantu jro pura.
19. Dhaup lan sang raja putri, wadya jim suka sadaya, wau kang aneg
kaputren cinaturaken kewala, kang lagya sih sinihan, langening sih tan
winuwus, semana Sanf Hyang Nurasa.
20. Wus Nyipta tanajultarki, mengku minta yoga, kang garwa lajeng wawrate,
prapteng mangsanira babar, jalu pekik warnanya, amawa cahya sumunu,
pinundhut putra kang eyang.
21. Sampun sinungan kekasih, nama Sang Hyang Darmajaka, damar met
pulonamane, jaka met namaning arga, didus lan gege toya, menggal geng
kalawun-lawun, gung subrangta mati raga.
22. Hyang Nurasa sasampuning, lan garwa yoga satunggal, gya nyipta
kahyangan dhewe, aneng jroning guwa wenang, sadhasaring telaga, luwih
saking jro kadhatun, asring kayanganira.
23. Sasat langening swargadi, sarwa retna myang sosotya, tan siwah lawan
gambare, kang saking ing redi dhasar, Sang Hyang Nurasa sigra, lan kang
garwa sru manekung, manungku ing puja mantra.
24. Maladi semedi hening, maneges karsanira Sang, [263] nglangken ponca
driyane, manjing jroning alam marwah, reh ajal kamulanya, saliring rasa
kinumpul, nganakken gaibing rasa.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 128


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

25. Antuk kalih atus warsi, denira manungku puja, kang pinusthi jroning tyase,
minta yoga malih ingkang, linuwih wus katrima, cahya rasa gya tumurun,
kang garwa lajeng wawratnya.
26. Sawusnya ngantara lami, prapteng mangsanira mbabar, jalu tur pekik
warnane, luwih saking ingkang raka, mawa cahya nugraha, kadya kartika
mabangun, praba kang munggwing wadana.
27. mancur ngunguwung nelahi, pan sampun sinungan nama, nenggih Jadji
paparabe, Jadji tegese pan wenang, manut namaning guwa, lan malih
jujukipun, Sang Hyang Wening tegesira.
28. Dene ta cahyanireki, anglangkungi weningira, sor toya jro telagane, wus
tan kalih lan kang rama, kukuwunging wadana, pinuja mantra kalangkung,
wus dinus ing gege toya.
29. Diwasnira kepati, subrongta amati raga, kang rama tumpah ngelmune,
sakwruhira sadaya, myang sagunging pusaka, katampaning putri sampun,
lan sinung pustaka darya.
30. Surat pemutane nguni, slampahira kang rama, miwah kang eyang, sadaya
ingangge sampun, wus dadya kahanan tunggal.
31. Tan kena ingaranan kalih, pama sekar lan wanginya, [264] Hyang Nurasa
ing wangine, ya ananira Hyang Wenang, tan kena pisahane, wus dadya
tunggal sawujud, cinatur mangsa punika.
32. Mareng jaman Nabi, ya Ibrahim kali lilah, dene ing ngalam donyane, etang
saking tahun Adam, nenggih ing tahun surya, kali ewu sangang atus,
lamun ing tahun sasangka.
33. Kalih ewu langkung neki, sangang atus wolung dasa, lan gangsal warsa
punjule, Sang Hyang Wenang sawusira, amilih mring rama, hanggalih
suraosipun, nenggih kang pustaka darya.
34. Dadya karsa angluluri, salampahira kang rama, miwah kang eyang
lampahe, saking katimuranira, denya mrih mati raga, lelana andon
anglangut, witirantuk kaluwihan.
35. Luwih saking sektining jim, pinunjuling tri lokaya, saking matenging tapane,
sawusnya osik mangkana, Sang Hyang wenang saksana, tilar kayanganira
wus, medal saking jroning guwa.
36. Mayeng ngubengi pasisir, lelana jajah wanarga, anut parane sukune,
sakidulipun Kusniya, kang aran pulo Dewa, ingkang ageng pulonipun,
sadaya pan kalih welas.
37. Kajawi kang alit-alit, tan wonten kang kalangkung-kalang-[265kung, wus
jinajah sadayane, marang sira Sang Hyang Wenang, jurang kali myang
guwa, alas-alas gunung-gunung, saben kendel tan lelampah.
38. Saenggene mati ragi, sawarnining tapa-tapa, pan wus linampahan kabeh,
tapa ngalong tapa ngidang, tapa sajroning samodra, tapa geni murub, tapa
saluhuring mega.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 129


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

39. Tapa jejer tapa linggih, tapa melek tapa nendra, tapa ngeli tapa dede, tapa
ngon lampahing surya, tapa angum ing toya, linampahan sadaya wus,
kang kocap pustaka darya.
40. Malah-malah den wuwuhi tapane kang rama, miwah kang eyang tapane,
pirang-pirang atus warsa, dennya kapati tapa, wus kena saciptanipun,
dennya ngungkurken agama.
(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 32 ۩۩۩


PANGKUR

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
1. Dadya hardanira dadra, dennya nedya nutugi sruning budi, nasar-nasare
linantur, dening kang murbeng jagad, Sang Hyang Wenang kang kadya
sukaning kalbu, pinangeran ing sajagad, sinebuta ing sabumi.
2. Dene ta saisining rat, ciptaning tyas wus tanana nimbangi, marang
kaluwihanipun, pan wus nora kapalang, dennya nedya angaku Hyang
Maha Luhur, tanana winalang driya, kabeh saisining bumi.
3. Sawusnya telas sedaya, pulo-pulo sakidul Male-[266]bari, jinajah
sadayanipun, kendel neng pulo Dewa, yeku ugering pulo sadayanipun,
kang sakidul kilenira, ing Kusniya Malebari.
4. Nami dewa namanira, nadyan pulo darma namanireki, ya Darmadewa
ranipun, cinatur pulo dewa, datan wiyar nanging wingite kalangkung,
gununge namung satunggal, alit nanging langkung inggil.
5. Namanipun wukir tunggal, saking tebih kasebut dadi sawiji, dewa tunggal
namanipun, kendelira Hyang Wenang, aneng pucak gunung manungku
manekung, nanedha mung tinekana, sasedyanira dennya mrih.
6. Pinangerana ing jagad, kuneng ingkang lagya nungke semedi, gantya wau
kang winuwus, nenggih ing pulo darma, sira raja Rawangin sumalah
sampun, kaprabon marang sang wayah, Darmajaka gumantyaji.
7. Jujuluk Hyang Darmwasesa, ingkang eyang kayangan aneng wukir, kasub
karatone punjul, Sang Hyang Darmawasesa, sagung wadya bala jim sami
sih lulut, cinatur sampun akrama, dhaup lan putrinireki.
8. Ratu Jim raja Sikanda, langkung endah nama Dewi Sikandi, ing Selong
kayanganipun, sira raja Sikanda, marga saking kasor kaluwihanipun,
marang Hyang Darmawasesa, dadya nungkul atur putri.
9. Runtut dennya palakrama, reroncene ing tingkah [267] tan winarni,
sondhake bae cinatur, mburu lampahing kondha, Sang Dyang
Darmawasesa lan garwa sampun, puputra gangsal kathahnya,
pambajengira pawestri.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 130


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

10. Langkung endah warnanira, apeparab nenggih Dewi Dremani, Dremana


panenggakipun, jujuluk Sang Hyang Dwija, ingkang rayi Triyata nulya
rinipun, nama Hyang Caturkenaka, wuragil Sang Poncaresi.
11. Putra jalu sakawannnya, samya karem subrongta mati ragi, kuneng malih
kang winuwus, anenggih Sang Hyang Wenang, ingkang aneng wukir
tunggal sru manekung, apanta sareng kewala, lan kang raka lampahneki.
12. Dennya krama myang puputra, nging caritanira kinarya genti, Sang Hyang
Wenang sapucaking gunung, ngilangaken poncadriyanya, sang Hyang
Wenang sampun manjing.
13. Nenggih salebeting alam, kang amengku obah osikireki, ing alam
sedayanipun, wus antuk jroning puja, yen katekan barang ing
sasedyanipun, sigra mbabar gambarira, cinipta dadya suwargadi.
14. Gumatung saluhur mega, lan pucaking gunung pan datan tebih,
serakitireng swargagung, wus kapetha sadaya, katon saking mandrawa
prabanya murub, sagunging jim pulo dewa, sadaya wus nganggep yekti.
15. Lamun kang murbeng bawana, wus kawentar saking jum tanah Ngindhi,
myang Keling wus kathah manut, [268] ngidhep mring Sang Hyang
Wenang, nganggep nyata lamun Hyang kang Maha Luhur, kuneng kang
wus akayangan, neng kaswargan luhur wukir.
16. Wonten ingkang winursita, kang jumeneng nenggih ratuning Keling, ejim
kamanungsan tuhu, Prabu Ari namanya, sutaning jim Saroba ing
purwanipun, kapencut rabi manungsa, putrining sang rajeng Keling.
17. Ratuning ingkang kina, rajeng Keling nama raja Wisadik, arinira sang
aprabu, Sangadik ing Benggala, tinanem neng nagri Keling pejahipun,
Wisadik pinrep ing ngaprang, pejah dening Prabu Ari.
18. Tilar putri mung sajuga, apan lajeng kagarweng Prabu Tr, Retna Wisawati
iku, langkung endah warnanya, lan sang Perabu Ari Wisawati sampun,
patutan estri sajuga, peparab dewi Sahoti.
19. Langkung endah warnanira, cahyanira nukmeng wulan nelahi, mangkana
sang Ari Prabu, samana wus miyarsa, lamun wonten neneka neng pucak
gunung, wukir tunggal pulo dewa, ngaku Hyang kang murbeng bumi.
20. Jujulikira Hyang Wenang, bisa nyipta kaswargan luwih adi, datan sumeleh
gumantung, aneng saluhur mega, sagunging jim pulo dewa wus samya
nut, mangeran mring kang neneka, sadaya wus nganggep yekti.
21. Lamun kang murbeng bawana, nadyan jim tanah Ngin-[269]di myang
Keling, kathah kang wus sami anut, ngidhep mring wukir tunggal,
nganggep nyata lamun Hyang kang Maha Luhur, wus tetela
pamyarsannya, langkung duka Prabu Ari.
22. Mesat saking puranira, marang wukir tunggal nedya ngayoni, marang kang
ngaku Hyang Agung, prapta ning pulo dewa, duk ngungkuli swarga
pipindhan sumaput, nibeng bantala kantaka, sawungune mesat mulih.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 131


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

23. Wali-wali kapingtiga, Prabu Ari dennyarsa hangayoni, saben ngungkuli


sumaput, dadya ing tyas rumasa \, yen kasoran barang kaluwihanipun,
dennya tan keneng kungkulan, dadya manut Prabu Ari.
24. Nungkul marang Sang Hyang Wenang, amangeran ing tyas wus nganggep
yekti, lan ngaturaken putrinipun, minangka pratondhanya, Retna Dewi
Sahoti, kagarwa sampun, marang sira Sang Hyang Wenang, duk samana
wadya Keling.
25. Ejim utawi manungsa, sampun mantuk marang ratunireki, sadaya
anganggaep tuhu, yen kang murbeng bawana, yata wau Sang Hyang
Wenang kang winuwus, kang aneng swarga pipindhan, lan garwa dewi
Sahoti.
26. Nekakken ing karsanira, myang garwa nungku muja semadi, kang cinipta
ing panekung, tanajultarkinira, unggah turun ing tuwuh nulya handulu,
ilapatireng Pangeran, cahya ingkang monca warni.
27. Murub ngunguwung prabanya, ireng-putih-abang [270] kalwan kuning,
rasa mulya gya tumurun, kang garwa lajeng wawrat, prapteng mangsanira
lan wawratanipun, mbabar putra mijil Akyan Pramana tegesireki.
28. Asipat kadi manungsa, kinuling-ling ing cahya anglimputi, ingkang
pramana gya dinus, nenggih ing toya gesang, bisa musik nulgya cahya
warna catur, wus ngumpul dadya satunggal, cahya ingkang abang
manjing.
29. Marang ing cahya kang jenar, cahya kuning manjing mring cahya langking,
ireng manjing marang pingul, putih manjing pramana, wus sipat jim amawa
cahya sumunu, sinung nama Sang Hyang Tunggal, kukuwunge hanelahi.
30. Diwasa kapati tapa, salampahe kang rama den luluri, myang kang eyang
lampahipun, hanggung handon lelana, jajah alas jurang guwa gunung-
gunung, tan alami antaranira, ingkang ibu wawrat malih.
31. Prapteng mangsanira mbabar, mijil Akyan kembar jalu lan estri, apan urip
tegesipun, cahyane maya-maya, kalihipun dinus toya gesang sampun,
bisa mosik sinung nama, ingkang sepuh Sang Hyang Ening.
32. Dewi Yati kang wanodya, kalihipun nama cahya nelahi, diwasanipun
kalangkung, subrangta mati raga, jajah alas guwa gunung-gunung, tan pae
lawan kang raka, dennya karem mati ragi.
33. Cinendhak lampahing kondha, reroncene carita tan winarni, Sang Hyang
Tunggal kang winuwus, apan sampun akrama, dhaup lawang ingkang uwa
putrinipun, nenggih Darma wasesa, pambajeng Dewi Dermani.
34. Runtut dennya palakrama, Sang Hyang Tunggal la-[271wan Dewi
Dermani, nalika mangsa puniku, nenggih ing ngalam donya, hamarengi
jaman kenabiyanipun, nenggih Jeng Nabi Suleman, agamanira pan
maksih.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 132


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

35. Sarengat Jeng Nabi Musa, nuju tahun Adam yen tahun rawi, tigang ewu
gangsal atus, lamun ing tahun wulan, tigang ewu nem atus langkung
pipitu, duk semana cinarita, ratuning Jim tanah Indhi.
36. Selong Keling sapengetan, kathah murtat marang ing kangjeng Nabi,
Suleman pra samya manut, marang ing pulo dewa, dennya kasor barang
kaluwihanipun, marang sira Sang Hyang Wenang, wus katur ing kangjeng
Nabi.
37. Suleman ratuning jagad, lamun para ratu jim tanah Ngindhi, sapengetan
pra samya nut, mangeran ing Hyang Wenang, nganggep nyata lamun
Hyang kang Maha Luhur, jeng Nabi kalangkung duka, sigra kinen
anglurugi.
38. Ratuning jim lawan setan, kang kinarya titindhih ing ngajurit, raja Sakkar
namanipun, pan pitung ewu yuta, ejim setan sadaya, kang samya nglurug,
sapraptaning pulo dewa, pinethukaken jurit.
39. Remening prang tan winarna, ejim pulo dewa [272] prang kalindhih,
dennira karoban mungsuh, Sang Hyang Wenang saksana, medalaken
nenggih kaluwihanipun, amasang aji kamayan, pangabaran guna sekti.
40. Pamungkasing kaluwihan, pangapesing setan kalawan ejim, Sakkar
sagolonganipun, kinenan ing kemayan, pitung ewu yuta mamar
netranipun, samya bingung bilulungan, tanpa karkat tanpa budi.
41. Sakkar nulya asrah tobat, sabalane nungkul srah pati urip, katrima
panungkulipun, marang ing Sang Hyang Wenang, ingkang kantun ing wuri
samya lumayu matur ing Nabi Suleman, yen kasor pucunging jurit.
(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 33 ۩۩۩


PUCUNG

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
1. Yen wus nungkul raja Sakkar sawadya gung, mring kang ngaku Suksma,
jeng Nabi duk amiyarsi, langkung duka sigra medalken mujijat.
2. Rinangkepan ing tumbal serananipun, sarat rajah-rajah, myang donga
kang liwih-luwih, sawusira samekta sadayanira.
3. Sigra ratuning angin ingkang tinuduh, ambekta tutumbal, marang pulo
dewa sami, kalih welas pisan pinendheman tumbal.
4. Miwah tanah Ngindhi sapangetanipun, samya pinendheman, gening jim
kang murtat sami, nadyan jroning samodra wus pinendheman.
5. Alas-alas jurang guwa gunung-gunung, datan kalangkungan, antara ing
pitung ari, kangjeng Nabi kabuling istijratira.
6. Bumi horeg sarta sebawa gumludhug, lor kidhul sa-[273]huran, gora reh
hanggegirisi, prahara wor lawan udan poncowara.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 133


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

7. Peteng dhedhet erawati wargyut, jaladri prakempa, lindhu bumi gonjang-


ganjing, pitung dalu ibekan ing sabuwana.
8. Pulo dewa kalih welas pan baledug, caritannya dadya, sewu pulo alit-alit,
miwah tanah Ngindhi sapangetanira.
9. Kathah bumi belah gunung samya guntur, jim setan busekan, tambuh
solahira sami, tan kuwawa nandhang panasing tutumbal.
10. Sanggenipun tangis jim setan gumuruh, dene Sang Hyang Wenang,
sagarwa putrane sami, ngungsi manjing dhasaring bumi kasapta.
11. Datan Kantun lan sakula warganipun, dene raja Sakkar, kombul binekta
ing angin, tibeng ngarsanira jeng Nabi Suleman.
12. Kawuwusa kang kang ngungsi bumi kapitu, nenggih Sang Hyang Wenang,
sagarwa putranireki, lan sakadang warga balane sadaya.
13. Myang telukan Jim Ngindhi kathah kang tumut, mring dhasar pratala,
nenggih ingkeng den ungseni, ratuning jim nanging sipat naga.
14. Hyang Anantawisesa jujulukipun, apan trahing [274] ngejam, punika
ingkang ngratoni, dhasar bumi sadaya kang sipat naga.
15. Sang Hyang Wenang jangji yen slameting laku, ing pangungsenira,
marang dhasaring bumi, putranira estri kinarya hubaya.
16. Dhinaupken nenggih lawan sutanipun, ran Anantadewa, sawusnya
ngantara lami, dennya ngungsi dhasaring bumi kasapta.
17. Duk samana miyarsa ing sedanipun, jeng Nabi Suleman, Hyang Wenang
suka tan sipi, lawan ingkang raka Hyang Darmawasesa.
18. Lan sakula wargane pan pamit wangsul, marang ngalam donya, mring
jaman kajiman malih, Hyang Anantawisesa nenggih jangjinya.
19. Dewi Yati dhaupe lan sutanipun, ananging sang retna, tinantun lumuh tan
sipi, yen kang raka Sang Hyang Ening dereng krama.
20. Dene benjing lamun ingkang raka sampun, hadarbe sisihan, ing sakarsa
anglampahi, Sang Hyang Wenang anut ature kang putra.
21. Hyang Anantawisesa panuwunipun, sampun sinemayan, yen wus krama
Sang Hyang Ngening, Hyang Anantawisesa anut kewala.
22. Marang Sang Hyang Wenang ing sumadosipun, sawusnya mangkana,
Sang Hyang Wenang sigra mijil, nenggih saking dhasaring bumi kasapta.
23. Lan sagarwa putranira datan kantun, sakula warganya, ingkang datan
lajeng naming, Sang Hyang Darmajaka sakula warganya.
24. Susah dening kayanganira wus lebur, nenggih pu-[275]lo dewa maledug
dadya alit-alit, pan ing nguni namung kalih welas.
25. Pan ing mangkya pulo rolas dadya sewu, dadya kendel samya, kayangan
tengah jaladri, Sang Hyang Darmajaka sakula gotrahnya.
26. Yata wau ingkang lajeng lelampahipun, marang ngalamdonya, Sang
Hyang Wenang aneng Keling, Sang Hyang Ening kayangan neng tengah
Selan.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 134


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

27. Sang Hyang tunggal neng Ngindhi kayanganipun, wukir geng watesan,
antarane tanah Ngindhi, lan ing Keling dening jim kathah-kathah.
28. Pan amilih kayangan sasukanipun, ana kayangan, jurang pereng kali-kali,
myang kayangan alas gunung guwa-guwa.
29. Cinarita apan pirang-pirang atus, kang nama jim raja, sasukanira mimilih,
ing kayangan tan pisah sabalanira.
30. Ana ingkang kayangan neng kayu neng watu, ana neng samodra, kang
saweneh maksih kari, akayangan dhasaring bumi kasapta.
31. Kawuwuhan kang kayangan samudra gung, Hyang Darmawasesa,
putranipun kinen sami, angluluri lampahe kang eyang-eyang.
32. Anyiptaha wekasanireng tumuwuh, aneng ngalamdonya, yekti
mbabaraken wiji, nunuwuna sisiyan sajroning pujo.
33. Hami tuhu kang putra sakawan, kesah sowang-sowang, samya mrih
prenah pribadi, denirarsa manungku ing puja mantra.
34. Wus sirantuk lajeng samya sru manekung, manung-[276]ku ing puja,
anyipta tanajultarki, tinarima dening Hyang panuwunira.
35. Pan sakawan pisan antuk jodho sampun, kang manungsa puja, dhaup lan
putrining ejim, Prabu Baniyada gangsal putranira.
36. Ingkang estri sakawan satunggil jalu, nama Baniyara, pambajeng sampun
akrami, dhaup lawan putri jim Bumimariyam.
37. Nama Dewi Sasti suteng raja Wastu, panenggake nama, Dewi Niyari yu
luwih, ingaturaken dhaup lawan Sang Hyang Dwija.
38. Arinipun Dewi Nisoyi ranipun, dhaup lan Tiryata, arine Dewi Nirati,
dinahupaken lan Sang Hyang Catur Kenaka.
39. Ponco Resi lan Dewi Niyati dhaup, catur kramanira, runtut datan walang
ati, kuneng ingkang wus samya amanggih garwa.
40. Gantya ingkang winarna caritanipun, nenggih Sang Hyang Wenang, kang
kayangan tanah Keling, apan sareng lampahe lawan kang raka.
41. Sang Hyang Darmawasesa denira nuduh, mring putra sakawan, amrih
mencaraken wiji, nungku puja catur minta jodho samya.
42. Sang Hyang Wenang enget ing ngubayanipun, lan Antawasessa, ratuning
jim ngratoni, soring bumi kapitu kang sipat naga.
43. ingkang putra Sang Hyang Ening gya tinuduh, amriya wekasan, ing reh
mbabaraken wiji, tinedhaha jro puja sisiyanira.
44. Sang Hyang Ening mituhu sadhawuhipun, kesah [277] angupaya, nggen
kang sampun denira mrih, nungku puja wusnyantuk wukir ngasmara.
45. Sugra wau dennya nglekasken manekung, manungku ing puja, maladi
semedi hening, anrang cipta mung lawan pribadinira.
46. Sampun lami antara dennya manekung, pirang-pirang warsa, nulya
wonten ratuning jim, ingkang prapta angaturaken putrinira.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 135


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

47. Nenggih raja Wastuba peparabipun, putranya yu endah, peperab Dewi


Wastuti, wus katampen mring Hyang Ening kagarwa.
48. Sih sinihan denira akrama runtut, tetep akayangan, neng Ngasmara Sang
Hyang Ening, wus ngaturi uninga marangkang rama.
49. Lamun dennya nunuwun wus antuk, sumamah kalawan, putri jim Dewi
Wastuti, nama raja Wastuba ingkang puputra.
50. Sang Hyang Wenang langkung sukanireng kalbu, anulya kang putra,
nenggih retna Dewi Yati, dhinaupaken lawan Sang Anantadewa.
51. Kuneng gantya winarna ingkang cinatur, nenggih Sang Hyang Tunggal,
kang kayangan aneng Ngindhi, saderenge kang rayi Hyang Ening krama.
52. Apan sampun puputra tiga samya jalu, sadaya patutnya, lan garwa Dewi
Dermani, ingkang sepuh nama Sang Hyang Darmadewa.
53. Nulya Sang Hyang Darmastuti arinipun, warujune nama, nenggih Sang
Hyang Dermanjali, duk samana Sang Hyang Tunggal cinarita.
54. Apan darbe osik salebeting kalbu, dening angsal-[278]ira, saking luluhure
nguni, Nabi Adam angratoni ngalam donya.
55. Maksih jisim jasmani tan badan alus, awit ingkang eyang, dadine badan
rokhani, Hyang Nurcahya krama putri jim Maldewa.
56. Temah dadya saturune badan alus, dadya jim sadaya, nut luluwang saking
estri, pan wus ilang kang bebaku saking priya.
57. Pan rinasa datan eca raosipun, lamun angilangna, labetting luhur kang
saking, Nabi Adam manungsa kakasihing Hyang.
58. Tur kinarya kalipah aneng swargagung, tinurunaken marang, ngalam
donya maksih dadi, angratoni asisining ngalam donya.
59. Wus mangkana sang Hyang Tunggal pan kapencut, hadarbeya yoga, kang
paparengan kakalih, nglabetana luluhure kalih pisan.
60. Ingkang badan jasmani ing wujudipun, manungsa kang bisa, kuwasa
badan rokhani, sarta lawan ngratonana ing tri loka.
61. Ing tri loka puniku ing tegesipun, pan jagad tetiga, sawiji jagad kang
nginggil, kalih tengah titiga jagad kang ngandhap.
62. Kang binasakaken jagad tengah iku, apan ngalam donya, jagad gon
karamehaning, ingkang bangsa jasmani sadayanira.
63. Jagad ngandhap iku ngalam ngadam makdum, kocap [279] jitabsara, aran
jagad sunyaruri, nggen karamehane kono sagung ingkang.
64. Bangsa badan rokhani sadayanipun, paning ariloka, gennipun jagad kang
nginggil, saluhure mega sangandhaping wulan.
65. nGen karamehane benjangira sagung, ingkang pinaringan, gadhah
parengan kakalih, yata wau Sang Hyang Tunggal kang winarna.
66. Lajeng seleh kraton mring putranipun, Sang Hyang Darmadewa, putra
kang sepuh pribadi, Darmadewa iku parabe karajan.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 136


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

67. Dene namanipun apan Sang Hyang Rambu, jujuluk Hyang Rodra,
hadegipun den estreni, marang ratu jum tanah Ngindhi sadaya.
68. Yata wau Sang Hyang Tunggal kang winuwus, nekani Ciptanya, maladi
semadi hening, ngeningaken ing tingal manungku cipta.
69. Sampun manjing jroning alam kang ngamengku, ing obak osiknya, kang
alam sadaya sami, kang nganaken nenggih gaibing Hyang Suksma.
70. Dennya nengkung aneng ing wukir tengguru, hantaraning tanah, Ngindhi
keling lan ing Tibed, kawanatus warsa manekung sarkara.
(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 34 ۩۩۩


DHANDHANGGULA

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
1. Antuk wangsit swara saking gaib, panedhane yen [280] wus tinarima, gya
linuwar semadine, tetep dennya dumunung, neng pucaking tengguru
wukir, sampun nyipta kayangan, lir kadya swargagung, akathah wus
hamangeran, tanah Ngindhi Keling, miwah Tibed, marang ing Sang Hyang
Tunggal.
2. Kuneng kang wus pinangeran sami, ejim miwah manungsanning tanah, ing
Ngindhi Keling Tibede, gantya ingkang winuwus, nenggih wonten ratuning
ejim, ingkang ngratoni marang, sabangsaning yuyu, kayangan jroning
samodra, nama Raja Rasa peparabireki, Prabu Rekathatama.
3. Darbe putri sajuga yu luwih, nama Dewi Rakti namanira, Rekathawati
namane, cahyanira sumunu, angasorken resmining sasi, diwasa dereng
krama, sang retna catur, duk lagya sakeca nendra, asupena katingal
jroning aguling, binekta mring kang rama.
4. Minggah marang ing tengguru wukir, dhinaupaken lawan Sang Hyang
Tunggal, kalangkung pekik warnane, mawa cahya ngungwung, lir
trenggana angikis ratri, tejanira sumunar, wangkawa handaru, kenyut
sajroning supena, katingalan lajeng sinambut sang putri, binekta mring
papreman.
5. Pang inguyu-uyu neng jinem mrik, dereng kantos prapteng sacumbana,
selak wungu dennya sare, sang retna langkung ngungun, supenane
langkung kaeksi, enjangipun gya marak, mring kang rama Prabu,
ngaturken supenanira, duk ing ratri miwiti malah mekasi, kang rama
langkung suka.
6. Nora samar ing tingal wus sidik, suka gumujeng [281] dnnya ngandika,
babo sutaningsun angger, supenanireng dalu, sun tetedha Hyang
Ngunjwalati, muga daradasiha, nini ingsun tutur, sayektine iya ana, Sang
Hyang Tunggal kusujim trah ing Nabi, putraning Sang Hyang Tunggal.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 137


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

7. Paturira lawan putri Keling. Dewi Sahoti kalawan sira, sanak misanan
prenahe, Sang Hyang Tunggal mengko wus, pinangeran marang wong
Keling, denira akayangan, neng wukir tengguru, becik sun turut kewala,
ipenira payo sun aturken nyethi, iya mring Sang Hyang Tunggal.
8. Sang Kusuma tan lengganeng kapti, sakarsanira kang rama Nata, sampun
pinarnah enggene, neng guwa garbanipun, gya humesat marang wiyati,
sakedhap sampun prapta, ing wukir tengguru, ing ngarsanira Hyang
Tunggal, sinapa ris heh bagya sira prapti, apana karsanira.
9. Yuyu raja Prapta ngarsa mami, alon matur Sri Rekathatama, dhuh pukulun
saderenge, pun bapa medhar atur, kados angger sampun udani, ing
sasedya kawula, prapteng ngarsani, mangsata kekilapana, nanging inggih
sanadyan sampun udani, sae matur pesaja.
10. Mila Prapta ing ngarsa sang pekik, ngaturaken denira supena, atmaja
kawula angger, katingal duk ing dalu, hulun bekta sowan mariki, ngong
aturken mawongan, mring sariranipun, kakarsakaken kagarwa, mring anak
angger lajeng paduka ken manijing, jroning swarga kayangan.
11. Punika ger kawula yekteni, ing samangke punika [282] katura, angabdi
mring sarirane, ing galih yen panuju, mulat warnanipun kang abdi, supados
kagarwaa, lan tan panuju kuciwa dening warnanya, sakarsanta matah
karyane kang badi, pun bapa tur sumangga.
12. Inggih tuwan tingal rumiyin, warnanipun atmaja kawula, Rekathawati
asmane, neng guwa garbaningsun, sigra buka sang yuyu kapti, ing guwa
garbanira, sang retna kadulu, pareng paguting paningal, Sang Hyang
Tunggal lawan dyah Rekathawati, neng jroning guwa garba.
13. Kadya kilat barung lawan thathit, sengga panjang putra tibeng sela,
kepyuring galih kalihe, sang dyah merang tumungkul, Sang Hyang
Tunggal mesem lingnya ris, hah ta sang yuyu raja, sihira maringsun,
muga-muga tulusena, denira srah ing atmaja sun tampani, yekti sun karya
garwa.
14. Marang Sang Hyang Tunggal pra samya sih, sih sinihan neng swarga
kayangan, tan winarna reroncene, langenireng jinem rum, Sang Hyang
Tunggal semana mamrih, ing garwa mung lan cipta, kayungyuning kayun,
bineda lawan manungsa, Sang Hyang Tunggal nalika iku nekani, wiyago
tiwikrama.
15. Manjing jroning jagad sunyaruri, nenggih alam [283] madam makdumira,
ngalam ginaib tegese, wang-
wang-awang nguwung-
nguwung-uwung,
uwung, wus tan ana bumi
lan langit, padhang tanpa rahina, peteng tanpa dalu, tanpa keblat papat
miwah, ngandhap nginggil tan ana sawiji-
sawiji-wiji, anulya manjing alam.
16. Wahdat Akadiyat sampun manjing, ngalam arwah anganakken marang,
gaibing rasa kang angreh, ajal kamulanipun, ngumpulaken nenggih

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 138


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

saliring, rasa cinipt tunggal, lan sasmita antuk, patang tus tahun katrima,
panenkunge, gya nyipta tanajultarki, dennira minta yoga.
17. Winantuwa luluhure sami, nugrahaning Hyang dadya satunggal, myang
pusaka sadayane, Sang HyangHyang Nurcahya sampun, manjing Sang Hyang
Nurasa manjing, marang ing Sang Hyang Wenang, sapusakanipun,
ngumpul manjing ing Hyang Tunggal, miwah Dewi Nurini manjing Rawati,
mring Sahoti panjingnya.
18. Mring Rekathawati, sampun manjing, jroning alam Wahdad Akadiyat,
kumpuling poncadriyane, tan antara kadalu, ilapate kang Maha Suci,
cahya kang mocawarna, sadayanya ngumpul, wus dadya wujud satunggal,
nora nana ingaran kawula Gusti, ananing Sang Hyang Tunggal.
19. Ya anane Hyang kang Murbeng Bumi, ananing Hyang kang Murbeng
Bawana, ya Sang Hyang Tunggal anane, wusnya tunggal sawujud, rasa
mulya anulya mijil, cahya warni antiga, kalih urubipun, cahya ireng lawan
seta, ingkang putih tungtung biru sorot wilis, dadu lan kapuranta.
20. Ingkang ireng sorotipun kuning, tungtung wungu [284] sulakipun abang,
madhangi jagad prabane, hangkara abra murub, pan ginantung alam
ginaib, sarta swara lir gentha, lan kekeleng umyung, cahya kang winarni
antiga, nulya pecah dadya jabang bayi kalih, maksih kalimput cahya.
21. Cahya ireng lawan cahya putih, kang satunggal ireng cahyanira, satunggal
putih cahyane, cahya kalih anglimput, hangalabi sadaya sami, cahya kang
mancawarna, abang dadu wungu, ijo biru kapuranta, dadu kuning kasaban
ing ing cahya kalih, ireng kalawan seta.
22. Sareng dennya byar bebayi kalih, anon jagad bumi langit lawan, sasangka
lintang srengenge, babare kalihipun, amarengi jaman ireke, jeng Nabi
Yakariya, maksih agamaku, sarengat Jeng Nabi Musa, nuju tahun Adam,
yen tahun sasi, wus kawan ewu warsa.
23. Sangang atus sangang dasa warsi, langkung sanga yen ing tahun surya,
wus kawan ewu etange, kalawan wolung atus, seket warsa langkungireki,
jaman iku pan gangsal, ratu ingkang agung, kang ngangreh samining raja,
kang satunggal Sultan ing Rumeksarukni, Sultan Abar Istandar.
24. Punika wite kang angiseni, nengiseni, nenggih manungsa ing [285] tanah
Jawa, apan kaprenah wayahe, Sultan Iskandar ing Rum, ya Iskandar
zulkarnaheni, Sultan Adar Iskandar ingkang susunu, mring Sultan Ayar
Istadar, ratu Agung prakosambek Wali mukmin, misesa ing jajahan.
25. Sareng ngakiripun ing Rum Turki, miwah ing Sam Kanangan kabawah,
tanah Herupa mengaler, myang Amerikanipun, pan kabawah marang Rum
sami, ping kalihipun ingkang, jumeneng ratu gung, Sri Maha Raja Yudasta,
ratung agung ing Persi ing sisiwi, Kisra Adarperhasta.
26. Trahing Raja Akisurus nguni, angreh sagung pra raja-raja, tanah Persi
sadayane, sapangetan kawengku, tanah Ngindhi sagung para ji, dumugi

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 139


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

tanah Cina, sapaleripun, dene kaping tiganira, kang jumeneng ratu agung
Sultan Mesir, jujuluking narendra.
27. Sultan Aburiya kang sisiwi, raja Pirngon Sardanus namanya, tedhak
Pirngon sing ibune, angreh kang para ratu, ingkang tanah Aprika sami,
kaping sakawan ingkang, jumeneng ratwagung, peperab Sri Amirmadyan,
tegesipun apan Susunan Madiyin, Sri Maha Prabudaran.
28. Sri Darenusdara kang sisiwi, trahing ratu Babil Raju Darah, angreh tanah
Yahman kabeh, ping gangsale sakidul, samudra geng tanah ing Kabsi,
nama Sultan Askiyar, nenggih kang susunu, Sang Prabu Nujibarihas, luwih
agung karatone andheweki, tanah Kabsi sadaya.
29. Yata wau kang winarna malih, Hyang Wisesaning [286] Tunggal kalawan,
kang jabang bayi kalihe, lajeng diwasanipun, Sang Hyang Tunggal anyapa
aris, nanging datan katingal namung swaranipun, dadya kalihipun nyipta,
lamun ingkang ngandika Hyang Maha Suci, dene datan katingal.
30. Sigra sami sujud matur aris, dhuh pukulun kang Murbawisesa, ing tingkah
tuwan kalihe, kawula wus satuhu, kalihipun kalamun mijil, saking ing
kodrat tuwan, Hyang Tunggal lingnya rum, iy bener aturira, karo pisan
rumasa dadinireki, saking Ingsun kang ningkah.
31. Nanging sayektine sira iki, karo pisan apan yoganingwang, kang ireng sira
sun gawe, yoganingsun kang sepuh, sun paringi aran sireki, parab Bathara
Maya, kang kuning sireku, yoganingsung kang taruna, sun paringi arana
Bathara Manik, yeku paparabira.
32. Duk miyarsa sareng sujud kalih, aneng siti Sang Hyang Manimaya, kakalih
nuwun ature, ing sihnya Sang pukulun, Sang Hyang Tunggal ngandika
malih, sira aneksanana, kahananireku, pan hiya kahananingwang, ing
kahananingsun kahananireki, ananging sembahira.
33. Dumunung aneng asta mami, ngendi-endi adhepira dadya, ing
kahananingsun kabeh, dene peparabingsun, maksih ana ingkang
mengkoni, kang mengku maring wang, kawengku maringsun, iku sira
seksenana, kalihipun sandika samya nekseni, sarta mawi pratondha.
34. Kalih sareng sujudipun sami, madhep marang ing ke-[287]blat sadaya,
nanging sulaya tingkahe, nenggih denira sujud, Sang Hyang Maya
adhepnya maring, keblat sadasa prenah, ing purwa rumuhun, keblat kilen
tegesira, mya Nurwiti ngaler ngilen madhep nuli, nguntara lor adhepnya.
35. Nulya asungsunnya adhepneki, tegesipun keblat kang ler wetan, nunten
pracima adhepe, wetan ing tegesipun, nunten madhep ngidul, kidul
ingaran duksina, gya ganeya ngidul ngilen adhepireki, tegese anunten ing
gegana.
36. Tegesipun adhepe manginggil, nunten pratala madhep mangandhap,
dening Hyang Manik adhepe, nenggih dennirasujud, marang keblat

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 140


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

adhepireki, pan amung sangang prenah, purwa kang rumuhun, nurwiti


nulya nguntara, narasunya pracima bya-bya anuli, duksina lan ganeya.
37. Sangamring madya adhepireki, Bathara Maya aris tetanya, heh Manik apa
karane, nora tumengeng luhur, lan nora tumungkul pratiwi, Sang Hyang
Manik saurira, pan wus genap keblat ngandhap miwah nginggil, wus
kawengku ing tengah.
38. Dadya dudon rebut bener sami, HyangWisesaning [288] Tunggal
ngandika, heh yoganingsun karone, aja padudon padu, pan wus padha
benerireku, yeku dadi sasmita, si Maya ing besuk, pan sapuluh yoganira,
dene arinira si Manik ing benjing, yogane pan mung sanga.
39. Kalihipun gya sujud nuwun sih, Sang Hyang Maya aris aturira, saking
punapa sagede, titah tuwan pukulun, gadhah yoga sadasa dening, datan
mawi sisihan, nadyan silih sampun, tuwan amasthi ing karsa, paring jodho
sinten pawestri kang sudi, warnangong kalintang.
40. Langkung saking sulaya ing warni, lan pun adhisami titah tuwan, pun
Manik pekik warnane, lan cahyanira sumunu, kukuwunge mancur nelahi,
kawula tanpa cahya, warna won kalangkung, cahya cemeng lir wedalan,
Hyang wisesaning Tunggal ngandika aris, heh Maya yoganingwang.
41. Aja munggah kang kaya sireki, lamun ora duweya timbangan, kabeh iki
sayektine, ana timbanganipun, bumi timbang kalawan langit, surya
timbang lan wulan, sagara lan gunung, kulon lawan wetan, lor lan kidul
ngisor dhuwur ala becik, jalu lawan manodya.
42. Busuk pinter panas lawan atis, sapanunggalane [289] kabeh ana, ingkang
dadi timbangane, lan aja ta siraku, banget-banget nahen prihatin, dumeh
warnanira la, pan wus pasthinipun, tan kena yen owaha, cahyanira ireng
ireng lir wedalan yekti, iku dadya prandha.
43. Lamun langgeng hing ananireki, Bathara Maya duk amiyarsa, Hyang
Wisesa handikane, sigra dennira sujud, ngaturaken tobatirareki, lepate
aturira, Hyang Wisesa gupuh, mijilken retna dumulah, pinanjingken aneng
mbun-mbunanireki, sakala Sang Hyang Maya.
44. Mawa cahya mancur anelahi, Hyang Wisesa nganaken pahesan,
sawusnya arum delinge, heh ta Maya den gupuh, tumingala cahyanireki,
ngilowa ing pahesan, Sang Hyang Maya gupuh, ngilo neng pahesan mulat,
cahyanira ingkang ireng ilang salin, kadya tejaning wulan.
45. Hangungwung prabane nelahi, Sang Hyang Maya langkung ngungunira,
sukeng tyas alon ature, lah ta sinten pukulun, cahya ulun ingkang nyalini,
Hyang Wisesa ngandika, heh ta yoganingsun, sira banget kasamaran, ing
pangwasanira kang murbeng pasthi, yo kang lantaran ingwang.
46. Satuhune kuwasa wakmami, anganakken iya kang tan ana, kang wis ana
nyirnakake, dadi misih sireku, darbe kira-kira ing ati, dudu dinalih iya, ya

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 141


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

dinalih dudu, ana dinalih tan ana, kang norana ana pan dalih ireku, meksih
was adhepira.
47. Yen mangkono tan wenang sireki, angratoni jagad [290] marcapada, mung
ingsun hawenangake, angratoni sireku, aneng jagad sunyaruri, yen aneng
marcapada, mung dadi sireku, kawula tinuwanggana, Sang Hyang Maya
miyarsa sanget dennya, jrih ngrasa antuk duduka.
48. Konjem sujudipun wanti-wanti, hatur tobat ing kadudonira, kongsi medal
karingete, tibeng bumi ing besuk, karingete iku pan dadi, baboning lenga
tala. Wussing sujud matur, dhuh Hyang kang murba wisesa, pan kawula
temen-temen ing samangkin, angestoken ing tuwan.
49. Ingkang tuwan langkung kuwasa sayekti, mugi tuwan paringa apura, ing
titah dahat lepate, Hyang Wisesa lingnya rum, wus junjungen sirahireki, iya
wus apura, ing luputireku, aja ta sira sungkawa, yekti nora beda jagad
sunyaruri, lan jagad marcapada.
50. Lawan apa sakarepireki, aneng jroning jagad loro sun paringi paparab
mangkin, Bathara Tinjomaya, jujulukireku, iya Bathara Ismaya, lan Bathara
Samara parabireki, iya Bathara Semar.
51. Bathara Ismaya sujud aglis, langkung saking nuwun aturira, dhawuhing sih
sadayane, Sang Hyang Wisesa gupuh, aneteskan kang toya urip,
tumibeng [291] bumi bengkah, nulya medal kukus, saking ing bumi kang
bengkah, kukus nulya ngalumpuk dadya sawiji neng ngarsa karya brangta.
(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 35 ۩۩۩


ASMARADANA

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
1. Dadya wanodya yu luwih, sinapa mring Hyang Wisesa, wanodya sigra
sujude, dinangu matur pasaja, Hyang Ening kang puputra, Dewi Senggani
ranipun, lumajeng binujung naga.
2. Ananta naga raneki, sutaning Anantadewa, lan bapa saking ibune, apanta
lagya nak sanak, arinipun jeng rama, Dewi Yati ibunipun, kedah remen
mring kawula.
3. Kawula lumuh tan sipi, pun Anantanaga meksa, Hyang Wisesa ngandika
lon, yen sira tuhu nglenggana, kalap Anantanaga, ya sun tulungi satuhu,
ananging sira anuta.
4. Apa ing sakarep mami, siru sun jodhoken lawan, kang aneng wurimu
kuwe, aran Bathara Ismaya, iya nak sanak, nini kalawan sireku, pan iya
kadange tuwa.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 142


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

5. Mring ramanira Hyang Ening, si Maya ingkang puputra, sang kusuma sigra
noleh, mulat marang Sang Hyang Maya, senenging galihira, nembah alon
aturipun, pukulun nenggih sandika.
6. Yen paduka tuhu asih, tutulung ing kawlas arsa, yekti anut sakarsane, tan
adangu antaranya, wonten kukus kang prapta, saking siti bengkah wau,
neng ngarsaning Hyang Wisesa.
7. Kukus ngumpul dadya siji, tan antara dadya naga, [292] kagiri-giri
gedhene, dinangu matur pasaja, saking dhasar pratala, Anantanaga
ranipun, sutaning Anantadewa.
8. Ibu retna Dewi Yati, putrinipun Sang Hyang Wenang, mila ngong prapteng
ngarsane, nunuti estri punika, apan kadang sanak-sanak, lawan kawula
pukulun, Sang Hyang Ening kang puputra.
9. kawula remen sipi, nanging punika lenggana, mila saparan parane, kawula
bujung kewla, mangke ngungsi ing tuwan, sayekti kawula suwun, Sang
Hyang Wisesa ngandika.
10. Wruhanta Dewi Senggani, apan dudu jodhonira, ingkang pinasthi jodhone,
iki lawan si Ismaya, kang aneng wetanira, deneta jodhonireku, misih neng
dhasar samodra.
11. Antinen sadhela dhingin, nulya wonten kukus prapta, sking jroning bumi,
gumolong, lawan wonten kukus prapta, saking ing antariksa, kukus
cemeng kadi mendhung, tibeng ngarsa Hyang Wisesa.
12. Saking ngandhap saking nginggil, kukus sami dadya naga, lira kadya
supena bae, naga kalih praptanira, neng ngarsa Hyang Wisesa, dinangu
samya umatur, kang saking dhasar pratala.
13. Anantadewa raneki, putreng Anantawisesa, kang [293] ngratoni
sakathahe, naga dhasaring pratala, sampun lami ngupaya, suteng ngong
ing icalipun, inggih pun Anantanaga.
14. Temahan mangke pinanggih, wonten ing ngriki punika, lirakadya supena
bae, tuhu lamun Sang Hyang Swara, kang murba hamisesa, ing titah
sadayanipun, nganakken saliring sedya.
15. Kang saking wiyat turneki, nama Sang Anantaswara, kang ngratoni
sakathahe, naga dhasaring samodra, hulun inggih kadangnya,
Anantadewa puniku, suteng Anantawisesa.
16. Kesah hulun sampun lami, ngupados usada, atmaja estri sakite, Dewi
Basu namanira, sakit abuh angerang, kawula titimuripun, purnwanipun
sakit ngarang.
17. Tutulung ing rare estri, lumajeng binujung naga, saking welasing manahe,
anulungi sedyanira, temahan keneng wisa, upasing naga kang bujung,
angidegi pethitira.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 143


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

18. Sampun pinten-pinten janmi, tan wonten saged mulyakna, marma ngong
awaki dhewe, kesahupados usada, sampun lami tan angsal, temah ing
mangke pukulun, hulun prapteng ngarsa tuwan.
19. Datanpa nedya sayekti, kadya supena kewala, won-[294]ten hulun aneng
ngarsane, tuhu lamun Sang Hyang Swara, kang murba hamasesa, ing
titah sadayanipun, sampun tanggel sih paduka.
20. Ing dasih ingkang kaswasih, mugi paring usada, mring suteng hulun sakite,
Sang Hyang Wisesa ngandika, apa wus duwe cipta, sira karone
maringsun, yen kang murba amisesa.
21. Marang sagunging dumadi, kalih pareng aturira, dhuh pukulun satuhune,
tan liyan saking paduka, kang murba hamisesa, isine jagad sawegung,
kang langkung saking kuwasa.
22. Hyang Wisesa ngandika ris, satuhune dhasar nyata, ingsun kang kuwasa
dhewe, bisa nganaken tan ana, nirnakken kang ana, iya sayekti sun
asung, husadane sutanira.
23. Padha ngambila sireki, kang muruh lir untuk toya, aneng sakiwa tengene,
si Maya pan iku uga, panuntuming watgota, lenga tala aranipun, balung
otot ingkang pegat.
24. Kambon iku yekti pulih, lawan dadi kateguhan, kang supaya besuk tembe,
iya anak putunira, padha handuwenana, iya lenga tala iku, panuntunming
ing watgata.
25. Naga tiga turnyaris, kados pundi gen kawula, saged angambil lingsahe,
muruh lir unthuking toya, lembat awor bantala Hyang Wisesa ngandika
rum, lah iya mengko antekna.
26. Lenga tala kinen aglis, ngalumpuk dadya tri tun-[295]dha, Hyang Wisesa
ngandika, lah padha watekna gupuh, telu pisan upasira.
27. Ingkang padha aneng pethit, naga titiga saksana, sareng medalken upase,
ingkang aneng pethitira, Hyang Wisesa ngandika, lah padha nguntala
gupuh, telu pisan lenga tala.
28. Yen anguntala malih, telu pisan upasira, naga titiga nulya ge, samya
nguntal lenga tala, nenggih sapontha sowang, neratas kang lisah laju,
mangen aneng pethitira.
29. Lajeng sami nguntal malih, titiga ing upasira, samya kendel neng talake,
naga toga matur samya, pukulun kados paran, upas kawula tan laju,
kendel neng telak kewala.
30. Boten saged dhateng pethit, Sang Hyang Wisesa angandika, wus pasthi
becik mangkono, perak lawan siringira, yen sira nuju krodha, sumedya
anaut mungsuh, wus parek lang siungira.
31. Lamun nedya amartani, nyakota ing pethitira, lenga tala sayektine, tumus
mring lilidhahira, endi ingkang watgata, dilaten sayekti tungtum, heh poma
Anantaswara.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 144


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

32. Wekasingsun mring sireki, sutanira yen wus mulya, [296] si Basu Hiya
larane, nuli sira dhaupena, lan si Anantanaga, pan wus pasthi jodhonipun,
ten kena yen owahana.
33. Karsaning kang murbeng pasthi, apan besuk sutanira, ayoga akeh
warnane, ana kang rupa manungsa, ana kang rupa naga, ana ingkang
rupa diyu, tur kabeh padha sinungan.
34. Ing guna miwah kasektin, heh Anantadewa sira, aja sira banjur muleh,
mring dhasar bumi kasapta, iya lan sutranira, kandhega neng samudra
gung, nunggal si Anantaswara.
35. Pan besuk putunireki, sutaning Anantanaga, iya kang ngratoni kabeh,
dhasaring bumi kasapta, lan kabeh kang rumeksa, ing bumi kabeh
putumu, lah ta wis padha mangkata.
36. Katri sandika nuwun sih, sareng sujud ing bantala, linilan sigra angkate,
retna dewi Basu sampun, ingusadan lisah tala.
37. ingkang sarta den untali, sekala sakite mulya, pan lajeng dhinaupake,
lawan sang Anantanaga, runtut denira krama, tetep sami kendelipun,
kayangan dhasar samudra.
38. Kuneng wau kang winanrni, nenggih Bhatara Ismaya, pan lajeng
dhinaupake, lan Dewi Senggani sarta, pinaringan kaluwihan, ing guna
myang sektinipun, Sang Hyang Maya wus widagda.
39. Tan kewran ing ajur ajer, panukman myang paniti-[297]san, wus nimpuna
sadayane, nuhmeng agal alus bias, myang jaya kawijayan, wus linilan
pamitipun, sarta kalawan kang garwa.
40. Manjing jagad sunyarusi, ngalam ginaib kajiman, ngadeg sasukanira,
jujuluk Bhatara wungku, lan Bhatara Suryakantha.
41. Gantya kang winarna malih, Hyang Manik ingkang taruna, kang maksih
lunggewng ngarsane, Sang Hyang Wisesaning Tunggal, sapungkure kang
raka, sujud sarya lon humatur, dhuh pukulun Hyang Wisesa.
42. Ingkang murba misesani, isining jagad sadaya, wontenhulun satuhune,
pan saking pangwasa tuwan, karantene puna, tinitah bodho kelangkung,
mongka pun kakang Ismaya.
43. Warnanya awon nglangkungi, tuwan paringi widagda, langkung
kawicaksanane, nimpuna saliring guna, miwah pun naga tiga, samya
pinaringan pinunjul, ing guna kasektenira.
44. Hyang Wisesa ngandika ris, heh ta Manik yoganingwang, sira wis
ngawruhi kabeh, ing sih kamurahan ingwang, iya mring kakangira, miwah
mring naga katelu, sayektine nora padha.
45. Ing sih kamurahan mami, kaya ingkang marang sira, sun luwihken saking
ngakeh, angratoni ing tri loko, dene ta kakangira, miwah si naga katelu,
mung sun wengaken uga.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 145


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

46. Ngratoni jagad sawiji, pan sira jagad titiga, ana [298] paesan tandhane,
mandhapa mring keblat papat, ngilowa ing paesan, apa ta ingkang kadulu,
sajroning paesanira.
47. Sigra wau Sang Hyang Manik, nyandhak paesan kang sarta, madhep ing
keblat mangilen, sumeblak padhang narawang, apa saisinira, jagad kang
kilen kadulu, anrus jabaning angkasa.
48. Kang samar kang gaib-gaib, isine kabeh katingal, anulya madhep
mangalor, sumeblak narawang, lan kang kilen tan beda, nrus jabaning
langit butul, isine katon sadaya.
49. Madhep mangetan pan sami, madhep mangidul tan beda, sama narawang
padhange, nrus jabaning langit pisan, katon saisinira, anulya madhep
mandhuwur, sumeblak padhang narawang.
50. Naranthang trus ing swargadi, isining langit kasapta, apan katingalan
kabeh, anulya madhep mangandhap, anrus bumi kasapta, sadaya
saisinipun, bumi kapitu katingal.
51. Tan ana kalingan siji, Sang Hyang Wisesa ngandika, heh Manik apa kang
katon, iya sajroning paesan, isining keblat papat, ing ngisor miwah dhuwur,
Bhatara Manik turira.
52. Pukulun sadaya keksi, isining keblat sakawan, [299] nrus jaban langit
padhangw, ing nginggil miwah ing ngandhap, tan wonten prabedanya,
isining langit kapitu, miwah ing bumi kasapta.
53. Kang samar kang gaib-gaib, sadayanipun katingal, Sang Hyang Wisesa
lingnyalon, lah apa ana tumimbang, sih kamurahan ingwang, iya kang
marang sireku, wruhanira kang katingal.
54. Isining bumi lan langit, myang isining keblat papat, pan iku kawengku
kabeh, iya mring karatonira, sawiji nora nana, kabeh-kabeh titah ingsun,
nugraha kang kaya sira.
55. Hyang Manik duk miyarsi, sigra sujud ing bantala, kalangkung nuwun
ature, ing sih kamurahan tuwan, angratoni tri loka, tur sinung sih kinen
weruh, isining jagad sadaya.
56. Kang samar kang gaib-gaib, sampun mboten kasamaran, pinaring wruh
sadayane, dhuh pukulun Hyang Wisesa, temen-temen kawula,
angestokken ing pukulun, kalangkung saking kuwasa.
57. Ing sacipta tuwan dadi, ingkang boten kasamaran, saobah osiking rat,
saestu lamun pinunjul, saking titah ing sadaya.
58. Dhawahingsih kang murbengsih, lan hulun pinaring [300] warna, pekik tan
wonten cacadde, cahya umancur lir tuwan, karatone punapa, hulun tan
pinaringan weruh, ing wujude sipat tuwan.
59. Dasih ta namung pinaring, miyarsa swara kewala, Hyang Wisesa ngandika
lon, heh ta Manik wruhanira, sirarsa ngawruhana, iya marang ujud ingsun,
apan iya ujuddira.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 146


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

60. Dene ta wujuddireki, apa iya wujud ingwang, heh ta Manik kapindhone,
sira duweni pangrasa, yen pekik tanpa sama, cahyanira liwat mancur,
luwih tejaning srinata.
(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 36 ۩۩۩


SINOM

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
1. pan kasiku wuwusira, maring Hyang kang murbeng pasthi, sira besuk
nandhang cacad, patang prakara sayekti, kang dhingin cacad ciri, ireng
tatenggokireki, kapindho cacad ira, nganggo siyung lir raseksi, kang
kaping tri apus sikilira kiwa.
2. Kaping pate tanganira, siwah dadi papat benjing, Hyang Manik duk
amiyarsa, sungkawanira tan sipi, sujud sumungkem siti, sarwi karuna
turinpun, ngaturken tobatira, dhuh Hyang kang sipat rahmani, lepat hulun
nuli tuwan apurawa.
3. Sang Hyang Wisesa ngandika, haywa ta sira priha-[301]tin, cacading
patang prakara, apan ta sira ing mangkin, iya wus anetepi, dadi
kenyatahaningsun, ingsun srah wus pracaya, iya marang ing sireki,
amolahna kabeh saisining jagad.
4. Lan sasedyanira ana, ing saciptanira dadi, satuhune sun tan nunggal,
kahanan marang sireki, nanging ta hanglimputi, ingsun marang ing sireku,
tegese ananira, dadi ananingsun yekti, ananingsun iya dadi ananira.
5. Pama kembang lan wanginya, madu lan manisireki, dadine sira wus kena,
lan ingsun ingaran siji, ingaran loro keni,
keni, kang dadi antaranipun, dununge
sembah ira, maring lan kaping kalih, rumangsane wedi tyas ira mring
wang.
6. Lawan sun lilani sira, ing samengko angengkoni, kabeh-kabeh jeneng
ingwang, padha sira gawa sami, amung jeneng sawiji, tan sun lilani sireku,
peparab Sang Hyang Wenang, marma nora sun lilani, mung anawa
bedane ingsun lan sira.
7. Maksiya dadi sebutan, panembahira mring mami, lan samengko ingsun
pasrah, karaton marang sireki, lawan sakawruh mami, saking yang-eyang
ngireki, sagunging kaluwihan, kang ngluwihi saking ing jim, myang pusaka-
pusakaningsun sadaya.
8. Ingsun pasrah tampanana, Hyang Manik asujud aglis, [302] nampani
sagung pusaka, kang saking Malekat Karis, gambare kang swargadi,
wadhahe sosotya wungu, lawan gambar naraka, miwah kang cucupu kalih,
wadhah toya gesang lawan asthagina.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 147


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

9. Miwah sagung cucukulan, kang saking lulmat nguni, kalawan pustaka


darya, serat pemutanireki, kang eyang-eyang sami, nguni lelampahanipun,
kaluwihan kasubdyan kasudiran.
10. Miwah ing sakwruhanira, kang saking Malekat kalih, Aruta lawan Maruta,
sadaya wus den tampeni, Hyang Wisesa ngling malih, sarehning mengko
sira wus, sun pasrahi sadaya, pangwasa wasesa mami, angratoni
saisining jagad raya.
11. Mengko sira sumurupa, lawun duwe kadang maning, liyane saking si
Maya, katelu kakangireki, ibu Dewi Dermani, Darmadewa aranipun, paran
Bhatara Lodra, arine ran Dewanjali, nuli Darmamastuti katelunira.
12. Telu iku maksih padha, kareh karotonireki, apan namung kakangira, si
Maya ingkang tan keni, kawengku ing sireki, marma sun sungi jujuluk,
Sang Hyang Jatiwisesa, dadya timbangireki, aneng Sunyaruri mumpuni
pratala.
13. Yen nukma mring marcapada, kakangira dhemen da-[303]di, kawula
tinuwagana, sagon-gone dennya nitis, wawasen aja pangling, kang
munggwing bun-bunanipun, sotya retna dumilah, murub prabane nelahi,
iya iku manukmane kakangira.
14. Apa barang jinaluke, mring sira turuten aglis, aja kongsi kaputungan, yen
runtika yekti bangkit, ngrusak wingitereki, karya camahing swargagung,
sira gawe tan bisa, rusake kakangireki, cahya ireng langgeng ora kena
rusak.
15. Ala rupane mung jaba, nanging jro asimpen pekik, ninthane simpen utama,
jajirihe simpen wani, jaba ireng lir mangsi, nanging jro cahyane mancur,
jaba katon kawula, nanging jro asimpen Gusti, reged jaba jro kaliwat
sucinya.
16. Marma mongen sabudinya, apan apan besuk kang den mongi, yen nukma neng
marcapada, nora liya darahireki, endi kang den luluti, satriya Pandhita
Ratu, sayekti yen yuwana, sanadyan purwanireki, liwat papa luhur ing
wekasanira.
17. Lan maninge wekasing wang, sira den awas ing benjing, yen telung telung
prakara, wong bibima kang sawiji, tiba warna ping kalih, kaping telune
wong biksu, tegese wong bibima, wong milulu ati siji, tiba warna wong
tanpa kering tegesnya.
18. Wong biksu iku ingkang, luput ing tulah lan sarik, [304] sarupa rupaneya,
yen budine hanganehi,
hanganehi, sira awasna dhingin, saselaning alisipun, lamun
padhang nerawang, anrus sajabaning langit, kayata duk sira ngilo neng
paesan.
19. Saisen-
Saisen-iaening jagad, kang samar kang gaib- gaib-gaib, saha dhepe kang
paesan, keblat papat pan kaeksi, anrud jabaning langit, yeku yeku

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 148


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

panjilmaningsun, Sang Hyang Manik miyarsa, sujud sandika turneki,


wusnya telas pitungkase Hyang Wisesa.
20. Pan antara wonten swara, jumegung ngebeki bumi, sareng sirnaning
paesan, pratandha sirananireki, Sang Hyang Manik sakala, wus sumilih
angengkoki, namanira Sang Hyang Wisasaning Tunggal.
21. Apaparab Sang Hyang Esad, iya Sang Hyang Maha Siddhi, iya Sang
Hyang Suksmanasa, iya Sang Hyang Mahamulu, Sang Hyang Jagad
Pratingkah, ya Sang Hyang Siwandahari, Hyang Pramusesa Hyang Jagad
Karana.
22. Sang Hyang Parasiwapaya, Hyang Isura Hyang Pra-[305]mesthi, Hyang
Pramusesa, Hyang Pramanawiseseki, semana Hyang Pramesthi, dereng
nama Sang Hyang Guru, miwah Hyang Jagad Nata, Nilakantha Utipati,
benjang wonten purwane kang cinarita.
23. Bhatara Manik semana, kagyat dennira ningali, teja neng luhuring arga,
sumunu kalangkung wening, ler wetan prenah neki, saking doh katon
ngunguwung, anulya pirarpekkan, mesat sakedhap wus prapti, genning
teja neng pucaking wukir ngima.
24. Tiningalan ingkang teja, apanta awarni sapi, langkung wingit tingkahira,
Hyang Manik tatanya aris, sapi apa sireki, aneng sapucaking gunung,
tejanira sumunar, lembu Handini nahuri, wruhanira ingsung Pangeraning
jagad.
25. Bathara Manik miyarsa, mesem angandika aris, heh ta sapi aja sira, ngaku
Pangeraning bumi, kasiku marang mami, nora na loro telu, Pangeraning
sajagad, iya mung sarira mami, lembu Dini miyarsa sun wuwusira.
26. Heh manungsa aja sira, maido marang ing mami, lamun Pangeraning
jagad, pan ing mengko wus yekteni, sagung buron wanadri, padha
mangeran maeingsun, nadyan jalma manungsa, wus akeh manembah ing
mami, dadya kudon ngaku Pangeraning jagad.
27. Kalih samya kaberanang, satemahan dadya jurit, [306] ramening prang tan
winarna, dennya angaben kasektin, kasor lembu Handini, barang
kaluwihanipun, kisenan ing kemayan, nglampruk dheprok ing siti,
handharodhog tangi-tangi nora bisa.
28. Wus rumasa yen kasoran, gya sujud lembu Handini, ngaturaken tobatira,
ngrarepa aturira ris, dhuh tuwan nus ayekti, Pangeraning jagad tuhu,
ingkang murba misesa, dhateng sagunging dumadi, hulum sampun
hangestokaken ing tuwan.
29. Lamun Pangeraning jagad, nanging ta panuwun mami, pratandhanipun
wontena, lamun paduka sayekti, Pangeraning sabumi, Hyang Manik
mesem lingnya rum, pratandhane pan sira, nora weruh ing angsal mami,
ingsun weruh mring ajal kamulanira.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 149


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

30. Angsalira duk ing kuna, teka jagad sunyaruri, sutaning jim Gohpatma,
ranira lembu Handini, kapencut angratoni, isining jagad sawegung,
ananging dudu sira, karsaning Hyang Murbeng pasthi, angratoni saisining
jagad raya.
31. Wus pinasthi raganingwang, iya ingkang angrato-[307]ni, sining jagad
pramudita, sireku namung pinasthi, dadya tunggangan mami, lembu Dini
duk angrungu, Hyang Manik wuwusira, dene wruh asalireki, kang ayoga
nama myang sedyanira.
32. Sangsaya jrih sumkemira, sigra sujud wanti-wanti, langkung dennira
nelangsa, kaluputanira nguni, sira lembu Handini, wus tetep dennira
manut, mring Hyang Manik pan dadya, nenggih titiyanireki, maksih sami
neng pucaking wukir ngima.
33. Sagunging kang buron wana, ing wus rumatu sami, mring lembu Dini
tumingal, mangkya tinitihan jalmi, nutut datanpa budi, tingkahira wus
angratu, dadya manut sadaya, sagunging buron wanadri, mring Bathara
Manik ing pangratunira.
34. Semana denya peparab, nenggih Sang Hyang Marma singgih, marma
peparab mangkana, denira wus angratoni, sagung buron wanadri, yata
wau kang winuwus, para ratu kang samya, mangeran lembu Handini, kang
cinatur pengagengipun kewala.
35. Jujuluk Raja Japparan, nenggih kang den kithani, sakidul wetaning ngarga,
praja nut namaning wukir, nenggih Ngima nagari, agenging karatonipun,
sira Raja Japparan, kathah tanah Ngindhi, kang kabawah mring karaton
nagri Ngima.
36. Nanging maksih kaungkulan, genge karatonireki, [308] marang sang Raja
Yudasta, ratu agung nagri persi, angreh sagung para ji, wauta ingkang
winuwus, raja Japparan Ngima, kang mangeran lembu Dini, saben-saben
wiwitane ingkang warsa.
37. Miwah marang ing parbata, sawadyanira ngabekti, marang ingkang
pinangeran, nenggih sang lembu Handini, duk semana marengi, wiwite ing
tahunipun, minggah marang parbata, sawadya punggawa Mantri, samya
ngangge-angge sarta ageganda.
38. Bekta ing sasaratira, dupa-dupa saji-saji, prapta sapucaking arga, raja
Japparan ningali, myang sagung pra dipati, dene ta pangeranipun, tinitihan
ing jalma, nutut anut tanpa budi, dadya kendel rajeng Ngima sawadyanya.
39. Pra samya jetung sadaya, lembu Handini sigra ngling, heh babo sang
rajeng Ngima, aja sira walang ati, wruhanira ya iki, Pangeran ingkang
satuhu, ing luwih kuwasa, ingsun amung angembani, lah dene ge sujuda
sabalanira.
40. Ananging raja Japparan, maksih sumedya ing galih, dangu mangu-
manguning tyas, tan arsa sujud tumuli, nulya pak ampak prapti, mawa

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 150


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

lesus lir pinusus, prahara ngemu toya, tirta reratuning atis, rajeng Ngima
dharadhog sabalanira.
41. Kami kekelen sadaya, akeh kantaka gumlinting, [309] tanana ingkang
kuwawa, kaparag ratuning atis, rajeng Ngima hanangis, ngaturken ing
tobatipun, lawan sabalanira, katarima tobatireki, sakala prahara pak
ampak sirna.
42. Rajeng Ngima wus waluya, sawadya balanireki, sareng sujud ing bantala,
saha sami santi-santi, jroning sujud sinalin, hong hong Hyang
panebutipun, mangarcana tamaya, tegese dhuh sembahan mami, katura
ring Sang Maha Dewa Bathara.
43. Wus tetep raja Japparan, denira mangeran maring, Sang Hyang Manik
sebutira, sawadya balanireki, sarerehan paraji, sadaya wus samya manut,
marang pangagengira, kang wus pinangeran lami, pan tinilar samya
mangeran sadaya.
44. Maring Sang Jagad pratingkah, wus mangkana Sang Hyang Manik, linggar
saking wukir Ngima, anitih lembu Handini, nganglang ing tanah Tibid, pan
anjajah gunung-gunung, saben-saben parbata, geng alit kapyarsa sami,
swaraning wong Tibid kang samya mumuja.
45. Pra samya nembah brahala, sadayanira wong Tibid, kabuyutaning kinarya,
aneng gunung-gunung sami, ing punika marengi, wiwitaning tahunipun,
minggah marang parbata, bekta sasaratireki, nembah marang brahala
kang pinangeran.
46. Purwane ingkang bebakal, ing Tabid nenggih kang [310] kardi, gambare
Latawalhujwa, apan ta wong saking Kabsi, gambare pinapetri, pinarnah
pucaking gunung, kinarya kabuyudan, prapta saturunireki, angluluri pra
samya nembah brahala.
47. Bathara Manik humiyat, mesem salebeting galih, neng gagana nulya
nyipta, angin reratuning angin, sindhung riwut gumeret, prahara gora
gumuntur, lesus meses sasaran, sumawur ing wukir-wukir, nggen brahala
gambaring Latawalhujwa.
48. Ingkang samya pinangeran, marang wong satanah Tibid, katempuh
dresing prahara, sirna siji nora kari, sadayane kang sami, mumuja neng
wukir jetung, Sang Hyang Manik anulya, tumurun saking wiyati, pan
hanjujug wukir gen pengagengira.
49. Sahengga jleg tanpa sangkan, cik ancik lembu Handini, neng tilas gen
kabuyutan, kang wus sirna dening angin, sadayane wong Tibid, wong
mumuja kagyat dulu, wonten jalma katingal, cik ancik sapi sumilih, aneng
tilas gening kabuyutan kula.
50. Kang sirna dening prahara, punapa tuwan kang kar-[311]di, Bathara Manik
miyarsa, mesem denira nahuri, heh ratuning wong Tabid, wruhanira iku

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 151


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

ingsun, Pangeraning wong sajagad, kang nyipta angin sun kardi,


anyirnakken brahala kang sira sembah.
51. Karana kaliwat sasar, panganggepira wong Tabid, teka mangeran brahala,
gambar siranggep sayekti, cubluk datanpa budi, norana loro tetelu,
Pangeraning sajagad, iya mung sarira mami, kang kuwasa karya mucung
ing buwana.
(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 37 ۩۩۩


PUCUNG

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
1. Rajeng Tabid nalikanira angrungu, ngling ingkang mangkana, mring ring
kumel tyasneki, esmu jrih dadya loning aturira.
2. Lah ta inggih lamun paduka satuhu, Pangeraning jagad, lintuning
Pangeran mami, ingkang sampun sirna katubing prahara.
3. Inggih tuwan paring pratandha rumuhun, yen ingkang kuwasa, pucaking
wukir puniki, tuwan akarya inggih wontenipun toya.
4. Kang supados mantepo sami genipun, ngestokken ing tuwan, inggih
kalamun sayekti, Pangeraning jagad kalangkung kuwasa.
5. Sang Hyang Manik sigra dennya nyipta banyu, sapucaking arga, pan
sakala mijil warih, lir pancuran langkung weninge kang toya.
6. Rajeng Tabid tumingal suka kalangkung, lan saro-[312]wangira, pareng
sujud aneng siti, sarwi nebut hong mangarcana jagadraya.
7. Sampun tanggel sih tuwan mring titahipun, sanget kemlaratan, satanah
kawula Tibid, susah saking sanget kekirangan toya.
8. Sang Hyang Manik mesem angandika arum, aja walang siya, wis
mudhuna teka wukir, sun tekani kabeh sapanjalukira.
9. Tanahira ing Tibid wus akeh banyu, sendhang myang telaga, wusnya
ngling Bathara Manik, nulya musna sarta jumegur swaranya.
10. Rajeng Tibid sarowangnya langkung ngungun, lir kadya supena, tyasira
sadaya sami, mudhun saking wukir prapteng prajanira.
11. Langkung suka dene negarane sampun, wonten telaganya, myang
sendhang toyanya wening, wong sapraja jalwestri suka sadaya.
12. Samya warta winartaken wus misuwur, saking bawahira, ing Tibid kang
tebih-tebih, ing purwane wonten sendhang myang telaga.
13. Sasirnaning kabuyutan dening lesusu, aneng ing parbata, ratunira den
turuni, kang satuhu Pangeraning jagad raya.
14. Yeku ingkang akarya ananing banyu, dadya nut [313] saparan, marang ing
ratunireki, ngidhep mring Hyang Manik Pangeran.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 152


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

15. Kuneng kang wus tetep pamangeranipun, wong Tibid sadaya, maring
Sang Bathara Manik, kawuwusa wau kang aneng gagana.
16. Nitih lembu Handini awas handulu, ler wonten katingal, teja sumorot
nelahi, neng ngawiyat ngunguwung ing prabanira.
17. Pinerepekkan prapteng gen teja dinulu, minageng angambang, neng
rawagung tanah Persi, pan samadya candra miyare kang rawa.
18. Lir samodra umbaknya geng wus kadya lun, mina geng angambang,
nenggih ingkang angratoni, buron toya isining rawa sadaya.
19. Geng sawukir mina Tirbah asmanipun, apan pinangeran, maring wong
sanagri Persi, prabaning kang sisik kang katon lir teja.
20. Nawung sunaring baskara hangunguwung, wayanganing mina, saking
mandrawa kaheksi, gebyar-gebyar neng ngawiyat prabanira.
21. Sang Hyang Manik sigra denira tumurun, saking ngantariksa, anitih lembu
Handini, praptaning gen mina geng ingkang angambang.
22. Tinakenan heh iwak apa sireku, sisikmu gumilap, nawung sunaring Hyang
rawi, gebyar-gebyar ngunguwung saking mandrawa.
23. Kaliwat saking wingiting pratingkahmu, kaya wong mumuja, ngambang
nora mobah mosik, mina ingkang ngambang alon saurira.
24. Heh manungsa wruhira iya ingsun, Pangeraning ja-[314]gad, ya kang
murba misesa, ing buwana kang luwih saking kuwasa.
25. Duk angrungu Hyang Manik mesem amuwus, heh ta iwak aja, ngaku
pangeraning bumi, wruhanira iya pangeraning jagad.
26. Namung siji norana loro tatelu, kang luwih kuwasa, iya mung sarira mami,
kang satuhu Pangeraning wong sajagad.
27. Ngratuning kang mina sendhu wuwusipun, heh manungsa aja, sira maido
ing mami, ngong satuhu lamun pangeraning jagad.
28. Pan wus ana ing mengko pratandhaningsun, liyan saking mina, kang wus
mangeran ing mami, ratu agung ing Persi raja Dirdasta.
29. Sabalane wus mangeran marang ingsun, Hyang Manik miyarsa,
pangandikanira aris, nadyan silih mangkono pan dudu sira.
30. Pangeraning jagad kang yekti mung ingsun, kang murba misesa, marang
sagunging dumadi, dangu dennya padudon diya-diniya.
31. Samya ngaku pangeran kang maha luhur, kalah kaberanang, gya ngaben
guna kasekten, sangendhinge ratuning mina kasoran.
32. Wekasaning aprang Hyang Manik sigra wus, anyipta dahana, pan geni
ratuning geni, tikel satus lawan geni ngalam donya.
33. Panasipun miwah ta ing ampuhipun, warna kadi cah-[315]ya, hangalabi
sajembaring, rawa persi kalimput sadayanira.
34. Lir ginadhog rawa geng umob gumludhug, sagung buron toya, saisining
rawa Persi, losoh ajur tumpesan sadayanira.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 153


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

35. Namung kantun ratuning kang mina wau, ingkang maksih gesang,
ananging datan kuwawi, risang Tirbah nandhang panase kang toya.
36. Nedya mabur ratuning mina gya mabur, dhengkelen tan bisa, tur wus
sabaning wiyati, keneng prabawaning Hyang Manik kuwasa.
37. Mina raja tambuh-tambuh solahipun, bingung tan kuwasa, nanengi
panasing warih, sru karuna angaturken tobatira.
38. Dhuh satuhu yen tuwan pangeran hulun, kang murba misesa, dhateng
sagunging dumadi, temen-temen hulun, ngestokken ing tuwan.
39. Yen satuhu Pangeran kang maha luhur, ya kang sipat murah, mugi
ngapura ing dasih, dene purun-purun ngaken kang murbeng rat.
40. Haelas asih mina raja haturipun, dennya nuwun gesang, Hyang Manik
ngandika aris, lah ta hiya lamun temen wuwusira.
41. Ing mengko wus manut marang jeneng ingsun, yekti yen waluya, antuk
sabda mina pati, pan sakala toya mari panasira.
42. Nulya sujud mina raja sarya matur, dhuh Hyang kang misesa, kang asih
dasih kaswasih, paran karsa sagunging bala kawula.
43. Buron toya lir saisining rawagung, minane sada-[316]ya, geng alit samya
ngemasi, losoh ajur saking panasing kang toya.
44. Ingkang dosa pan amung kula pukulun, nyenyami ing tuwan, ngaken
pangeraning bumi, sakathahing mina lit tan tumut dosa.
45. Punapa ta punika botena antuk, pangapunten tuwan, Hyang Manik lingira
aris, dheni ingsun sayekti lamun ngapura.
46. Sigra wau Hyang Manik denira mundhut, ingkang toya gesang, tinetesken
ngranu aglis, meratani sajembare ingkang rawa.
47. Buron banyu saisine ing rawa gung, gesang pari purna, tanana kalong
sawiji, mina raja tumingal langkung sukanya.Sang Hyang Manik
ngaturaken manjing rawa gung, anyipta kayangan, kaswargan sajroning
warih, mina raja sangsaya jrih sungkemira.
48. saisining rawa gung wus samya ngratu, Hyang Manik semana, jujuluk
Hyang Utipati, denira wus angratoni buron wana.
49. Mina Raja Tirbah osiking jro kalbu, nedya akarya tandha, dene saciptane
dadi, ingsun matur apa wruh ing ngangsalingwang.
50. Dene lawas durung ana dhawuhipun, kalamun weruha, sayekti wus
angarani, dadya matur dhuh Gusti Pangeraning rat.
51. Dasih tuwan dahat saking kami purun, anunuwun te-[317]dah, saking
kapencut ngabekti, ing sudarma tan wonten kang ngakenana.
52. Mecah saking hatiga kawula ruruh, kang yogeng kawula, tan wonten
ingkang ngakeni, sagung mina Tirbah salebeting rawa.
53. Pan satunggal Gusti boten wonten purun, kawula ken bapa, miwah hulun
kabekteni, taken pejah gesange meksa tan angsal.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 154


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

54. Boten wonten ingkang uninga pukulun, wau duk miyarsa, Hyang Manik
meseming galih, wruh kalamun pitakening mina raja.
55. Namung nedya nyoba mring sariranipun, dadya ris ngandika, sayekti
ingsun udani, mina Tirbah iya kang yoga ing sira.
56. Uripira nanging prasasat wus lampus, mati sasat gesang, karana
samengko iki, jalma tuhu sira rupa mina Tirbah.
57. Tedak Nabi Saleh dadya nakoda gung, juragan lir raja, sugih myang
keringan neki, lamun dagang hanggawa kapraboning prang.
58. Prajurite wong tutukon wolung ewu, wismane lir kutha, ing Sabliston tanah
Persi, nakoda gung aran juragan Ngumaran.
59. Duwe anak wanodya amung tetelu, padha ayu endah, pambarep Dewi
Humari, dhaup lawan prenah kadange nak sanak.
60. Aran Raden Turhan ingkang asusunu, Sang Raja Japaran, ing Ngima
kuthanireki, pan kadange tuwa iku mring Ngumaran.
61. Wuragile Dewi Humani ranipun, kramantuk Dastandar, [318] raja muda
nagri Persi, atmajane tuwa mring raja Jirdasta.
62. Panengahe Dewi Umayi ranipun, wahdat tanpa krama, wus prasetya tanpa
krami, lamun ora laki kang murbeng bawana.
63. Dadya lunga teka praja don anglangut, anjajah wanarga, saenggoning mati
ragi, lawas-lawas dadi manungsa kajiman.
64. Hiya saking mantenging tapanipun, ngajur ajer bisa, mumpuni guna
kasekten, wus angrasa ing rat tanana memadha.
65. Ing guna myang sekti kaluwihanipun, dadya duwe cipta, iya badane
pribadi, pan kapencut pinangeraning sajagad.
66. Pan kasiku dennira sedya angaku, kang murbeng bawana, sinalin
sipatireki, rupa Tirbah tinibakaken ing rawa.
67. Pan rinatu sagunging kang buron banyu, mupusing wardaya, ananging
maksih duweni, cipta ngaku lamun pangeraning jagad.
68. Tinurutan ratu sagung Persi anut, sang raja Jisdasta, sawadya balanireki,
hamangeran marang hing mina sarkara.
(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 38 ۩۩۩


DHANDHANGGULA

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
1. Duk miyarsa gya sujud saryajrit, ratuning mina [319] lara karuna, melas
asih sesambate, dhuh lae Gustiningsun, kang satuhu pangeran mami,
ingkang murba misesa, ing jagad sawegung, ingkang mboten kasamaran,
ing saobah osik ing sagung dumadi, Gusti mugi tulusna.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 155


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

2. Haparing sih ing dasih kaswasih, ruwatipun cintraka kawula, mulyawa


kadya waune, prasetya ngong pukulun, tuwan jura panjingna kowi, ing reh
datan lenggana, siyang dalunipun, tuwan Pangeran kawula, Sang Hyang
Manik pangandikanira aris, iya ingsun tarima.
3. Hangsalira manungsa ing uni, ya muliya warnaning manungsa, mina raja
sasampune, hantuk sabda gya larut, cintrakane byar mulih dadi, wanodya
ayu endah, cahyanya sumunu, gupuh anungkemi pada, reroncene, ing
tingkah datan kawarni, cinatur Dewi Uma.
4. Kinen manjing aneng salebeting, sosotya wungu wadah ing swarga,
cinatur cendhake bae, raja Jirdasta sampun, hamiyarsa saking haturing,
wadya kang juru rawa, yen pangeranipun, sang Tirbah ingmangkya sirna,
nulya wonten jalma linuwih kaeksi, hanitih lembu pethak.
5. Saged manjing salebeting warih, inggih ngaken [320] pangeraning jagad,
Sang Hyang Manik peparabe, mawa cahya sumunu, lir trenggana angikis
ratri, tejanipun sumunar, wangkawa handaru, kadya ta dede manungsa,
pantes lamun pinangeran ing sabumi, yen dulu wingitira.
6. Nanging raja Jirdasta ing Persi, maksih sandeya ing galihira, myarsa wong
juru ature, ingkang kesthi ing kalbu, maksih pangeranira ing lami, dadya
nagaranira, tinekan pageblug, marang Hyang Manik sekala, wong ing
Persi gering esuk sore mati, gring sore esuk pejah.
7. Hawuyungan sapraja ing Persi, raja Jirdasta kacandhak gerah, sanget
kalajeng sedane, sangsaya kekesipun, wong ing Persi kathah kang
ngungsi, marang ing nagri liyan, wau kang winuwus, Sang Raja Muda
Dastandar, sasedane kang rama darbeni osik, witing pegering prapta.
8. Marga saking tan manut tumuli, mring Hyang Manik denira mangeran, pra
dipati sadayane, myang para wajir sampun, tinimbalan marang ngarsaji,
sang juragan Ngumaran, pangarsaning rembag, raja Muda nut kewala,
miwah sagung satriya kang pra dipati, sigra kinen sanega.
9. Sasarate dennyarsa mastuti, mring Hyang Manik [ 321] kang luwih
kuwasa, dupa miwah sajen-sajen, sekar lan burat arum, wus samekta
budhalira glis, sira raja Dastandar, sawadya bala gung, sapraptanira ing
rawa, dupa sajen-sajen tinata ing pinggir, sekar myang ganda wida.
10. Nulya tata lenggahing semedi, sareng samya ngobar dupanira, lumekas
mangsah pujane, sidhakep astanipun, ngaturaken sembahe sami, mring
Hyang Manik Bathara, tetep ira sampun,mangeran sadayanira, nulya
wonten cahya mijil saking warih, salebeting kang cahya.
11. Wonten jalma nitih lembu putih, jerum munggwing ngudayaning toya,
gumilang-gilang cahyane, raja Dastandar dulu, sawadyane garjita sami,
yen kang murbeng buwana, sigra dennya sujud, dhuh Sang Hyang Maha
Bathara, kang satuhu pangeraning wong sabumi, ingkang langkung
kuwasa.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 156


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

12. Kang anitah sagunging dumadi, ingkang murba misesang buwana, temen-
temen ing samangke, hulun sadaya sampun, hangestokken ing tuwan
sami, pangran hulun kang murba, miseseng tumuwuh, dhuh mugi tuwan
paringa, ing mulyane praja ngong Persi samangkin, kalangkung karisakan.
13. Pageblug ageng kathah ngemasi, lyaning bala pan bapa kawula, kenging
penyakit pejahe, wadya ing Persi sampun, kathah ngungsi liyan nagari,
Hyang Manik mesem ing tyas, hangandika arum, heh rajeng Persi
Dastandar, yen wus pada temen-temen sira sami, mari nembah ing mina.
14. Wus mangeran kabeh marang mami, sayektine yen [322] nagaranira, Persi
mari pagebluge, lah duluwa sireku, jroning rawa kedadehaning, kang
padha nembah Tirbah, yeku patinipun, raja Dastandar gya mulat, jroning
rawa katingalan kang ramaji, siniwi jroning toya.
15. Mung sanginggiling puser kang maksih, katingalan sipating manungsa,
sangandhaping puser kabeh, awarni ulam banyu, myang sadaya ingkang
sumiwi, rajeng Persi Dastandar, jungkel arsa muwun, ngaturken ing
tobatira, solah tingkahira kang lepat ing uni, dennya nembah ing Tirbah.
16. Sang Hyang Manik angandika aris, heh Ngumaran duwe anak sira,
wanodya tatelu kehe, matur raden satuhu, sang Ngumaran matur ngastuti,
dhuh Sang Maha Bathara, apanta saestu, atmaja hulun tatiga, sami estri,
pambajeng nama Humari, kramantuk raden Turhan.
17. Kadang hulun sepuh kang sesiwi, raja Japparan narpati Ngima, ingkang
wuragil namane, Ngumani akramantuk, raja muda Persi puniki, ingkang
pamadya nama, Humayi pukulun, wahdat datan arsa krama, pratiknyane
purun anglampahi laki, lamun dhaup lan Allah.
18. Nunten kesah ing dalu dennya nis, sampun lami gen [323] hulun ngupaya,
dereng kendel prapteng mangke, tan wonten wartanipun, kados lamun
sampun ngemasi, Hyang Manik mesem ing tyas, angandika arum, upama
atmajanira, ana bisa nekakaken ing saiki, apata kaulira.
19. Sang Ngumaran sujud matur aris, inggih punaka sakarsanira, pukulun
kang manggihake, atmaja hulun katur, Sang Hyang Manik gya dennya
mangsit, nenggih mring Dewi Uma, kinen medal sampun, mijil saking jor
sosotya, marek marang sudarmanira ngabekti, Ngumaran duk tumingal.
20. Nora samar mring sutanireki, gya rinangkul pan sarwi karuna, rajeng Persi
sabalane, sadaya ngungun jetung, kagawokan dennya ningali, gaibing
pratingkah, kaelokanipun, mring Hyang Manik kuwasanya, saciptane tan
kena cinakreng budi, saciptanira dadi.
21. Tuhu lamun hyang kang murbeng bumi, bisa nganaken ingkang tan ana,
kang wus nyirnakake, sadaya sami sujud, wadya Persi wewah dennya jrih,
Hyang Manik kuwasanya, wus inggep tuhu, lamun kang murbeng buwana,
angandika alon sang Bathara Manik, heh juragan Ngumaran.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 157


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

22. Yeku sutanira si Umayi, duk lungane teka ing na-[324]gara, kaliwat luput
ciptane, wahdat pratiknyanipun, nora laki lamun tan olih, Hyang Murbeng
Bawana, lelana don nglangut, sanggane sru mati raga, saking matenging
tapanira pinati, dadyantuk kaluwihan.
23. Hamumpuni ing guna kasektin, malah dadya manungsa kajiman, bisa
manjing ajur ajer, rumasa ing tyasipun, wus tan ana ingkang madhani,
kabeh isining jagad, mring kasektenipun, satemah anduwe cipta, pan
kapencut iya badane pribadi, sinebuta ing jagad.
24. Yen Pangeran ingkang murbeng bumi, pan kasiku salin rupa Tirbah,
tinibakaken rawa kene, iya banjur rinatu, marang sagung burun ing warih,
ananging ta tyasira, pan durung kena wus, denira mrih pinangeran, sining
jagad sadhela yen den turuti, rajeng Persi Jirdasta.
25. Sabalane amangeran sami, hebat dene kang basa jalma, mantepe ing
panembahe, dene prasetyanipun, nora laki yen datan olih, lan Hyang kang
murbeng jagad, pan uja jinurung, iyeku atmajanira, wus pinasthi yen dadya
timbangan mami, den suka ing tyasira.
26. Sang Ngumaran wau duk miyarsi, Sang Hyang Manik [325] ing timbalira,
myang rajeng Persi wus dene, kaliye bareng sujud, tur sumangga
sakarsaneki, Hyang Manik wuwusira, lah wis pamit ingsun, padha kariya
raharja, sabalamu muliha marang nagari, sun harsa nganglang jagad.
27. Dewi Uma sigra wangsul manjing jroning sotya Sang Hyang Manik sigra,
wus musna saking ngenggene, sarta swara jumegur, sang Ngumaran sang
rajeng Persi, samya kari hanggana, lan lamen ing kalbu, maring ing
Pangeranira, kang wus musna kadya tumuruta sami, mangkana sampun
budhal.
28. Saking rawa rajeng Persi, saha bala prapteng prajanira, jalwestri langkung
sukane, dennya mantun pageblug, tentrem malih nagari Persi, bala kang
ngili samya, wus kathah kang wangsul, mantuk marang wismanira, miwah
para ratu ingkang tebih-twbih, ingkang sampun kabawah.
29. Marang raja Dastandar ing Persi, nadyan ratu kang dereng kabawah,
samya kasengsem wartane, kathah kang samya manut, marang Persi
mangeran sami, Hyang Manik sembahira, kuneng ta kang sampun, harja
malih Hyang Manik lampahira.
30. Pan Hanitih ing lembu Handini, neng gagana pan arsa hanjajah, tanah
Ngindhi, Selong Keling myang Cina, pirang-pirang ratu, tanah Tatar
pangalernya, iya pira-pira kathing para ji, nanging agamanira.
31. Para ratu hapan warni-warni, ana maksih manut Nabi Nuh, ana manut
[326]Nabi Ibrahim, myang manut Nabi Musa, kathah warnanipun, ana kang
nembah brahala, ana ingkang mangeran marang ing geni, ana mangeran
mega.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 158


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

32. Ana ingkang mangeran ing angin, ana ingkang mangeran trenggana, ana
mangeran srengenge, myang mangeran sitangsu, ana ingkang mangeran
thathit, ana ingkang mangeran, ing kayu myang watu, ana kang mangeran
harga, pangagenge sadaya kang den dhatengi, mung Sang Manik
Bathara.
33. Kang datan manut sangkaning aris, kinasoraken barang kadibyannya,
kinenan pangabarane, ingkang wus samya manut, saciptane tinekan sami,
marma glis para raja, sengsem pra samya nut, warta winartanken samya,
marang para ratu ingkang tebih-tebih, kapencut tyase samya.
34. Dadya tumut kang wus manut sami, amangeran mring Hyang Manik
samya, tanah Ngindhi sadayane, samya wus nganggep tuhu, yen
pangeran kang murbeng bumi, wusnya ngidhep sadaya, para ratu-ratu,
sinalin pratingkahira, ing panembah panebutireng semedi, hong
mangarcana maya.
35. Sang Hyang Manik sigra hong renggani, patilasan-[327]ira ingkang rama,
Sang Hyang Tunggal kahyangane, neng wukir Tengguru, sedheng tengah-
tengah geneki, lan prajaning pra raja, kang wus samya manut, sadaya
samya hakarya, kaliyutan aneng ing Tengguru wukir, tepung imbanging
ngarga.
36. Pamujane kang para Narpati, sasukane denira mrih papan, miwah ta
ingkang ginawe, para ratu gung agung, pra samya mas ingkang kinardi,
ana ingkang suwasa, kathah warnanipun, salaka miwah kuningan kang
saweneh pakaryane samya akik, kang pradipati sela.
37. Saben-saben kang putra para Narpati, nenggih wiwite ing tahunira, samya
prapta sadayane, bekta sasaratipun, dupa-dupa myang saji-saji, sekar lan
ganda wida, neng wukir Tengguru kang pinanta jroning puja, nora liyan
mung tinurunana sami, marang pangeranira.
38. Sang Hyang Manik sigyarsa ngyekteti, tetepipun pinangeran jagad,
anglahirken kuwasane, buka sosotya wungu, wawadhahe ingkang
swargadi, cahya awarna teja, kang mijil rumuhun, nglimputi sadayanira,
sabuwana tan katon sawiji-wiji, kalimputan dening cahya.
39. Sasirnane cahya kang nglimputi, para ratu kang [328] samya mumuja,
sami salin pandulune, miwah pangraosipun, marcapada wus tan kaeksi,
sarta saisinira, alas gunung-gunung, surya sasi wus tan ana, para ratu
salin alamira sami, padhang tanpa rahina.
40. Wus tan ana arip lan ngelih, namung ngrasa nikmat lan manpaat, para ratu
sadayane, tan antara kadulu, Sang Hyang Manik pra samya linggih, lan
garwa Dewi Uma, jroning swarganipun, gumulang-gilang cahyanya, para
ratu sareng sujud mangastuti, samya matur mengrepa.
41. Dhuh Pangeran kang sayekti, ingkang murba wiseseng buwana, kang
anitah sadayane, wonten pundi pukulun, ing panggenan hulun ing

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 159


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

mangkin, jagad ing madyapada, musna tan kadulu, Hyang Manik


handikanira, heh wruhanta iyeku ngalam ginaib, besuk panggonanira.
42. Yen wus mulih mring kamuksan sami, dene jagadira marcapada, jagad
pengampiran bae, jagadira kang tuhu, pan ing besuk ya jagad iki,
langgeng tan keneng owah, ing satutugipun, matur ingkang para raja, yen
makaten titahta sadaya sami, lumuh lamun wangsula.
43. Dhateng jagad marcapada malih, malih, suka wonten ing [329] ngriki
kewala, boten wonten pangelihe, boten rumaos lesu, lawan boten rumaos
arip, tan darbe manah murka, ing pangraos hulun, namung nikmat lan
mupangat, Sang Hyang Manik pangandikanira aris, pan iku ora kena.
44. Lamun ora kelawan ngemasi, saking dening kamurahan ingwang, sira sun
weruhken kene, dene mengko wus weruh, iya kabeh baliya maning, mring
alam madyapada, hangreh ing wadya gung, pan sira sun titah raja,
ngrasanana ing kamukten den padha jrih, harjaning prajanira.
45. Hanulya byar kang para Narpati, wangsul ningali ing madyapada, langkung
sami pangungune, budhal saking tengguru, saya mantep sagung para ji,
denira nganggepnyata, yen kang Maha Luhur, nalikanira semana, Sang
Hyang Manik dennira tetep ngratoni, nenggih jagad triloka.
46. Jagad tengah ngandhap miwah nginggil, ajujuluk Sang Hyang Jagadnata,
dennya wus ngratoni kabeh, sagunging para ratu, sapangetan tanah ing
Ngindhi, kalawan apaparab, Hyang Bathara Guru, ngirib namaning
parbata, duk semana medal birahinireki, mring garwa Dewi Uma.
47. Denirarsa nuwuhaken wiji, ngangge sajiwa kadya manungsa, kang garwa
lajeng wawratem prapteng semayanipun, babar jalu putranireki, mawa
prabawa gonda, ing sabuwana rum, Bathara Sambu namanya, babaripun
tahun Adam hamarengi, lamun ing tahun surya.
48. Kawan ewu wolung atus warsi, wolung dasa nenem [330] langkungira, yen
tahun wulan etange, pan sampun gangsal ewu, tigang dasa sakawan
nenggih, antawis kalih warsa, babar malih jalu, nalikane babarira,
prabawani sampun sinungan kakasih, nenggih Bathara Brama.
49. Sasampuning kalih warsa malih, babar jalu nenggih putranira, Bathara
Hendra putrane, mawa prabawa lindhu, nuli kalih warsa malih, kang garwa
apuputra, samya mijil jalu, Bathara Bayu namanya, nalikane babar
prabawanira ngin, antara kalih warsa.
50. Ingkang garwa hanggarbini, nulya wonten swara kapiyarsa, heh
yoganingsun den age, manungkuwa manekung, aneng sajroning ngalam
ginaib, sira mintawa yoga, kang prajurit punjul, aywa sajiwa lir jalma, lan
garwanta sajiwa jisim jasmani, manungsa pungkurena.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 160


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 39 ۩۩۩


PANGKUR

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
1. Nganggowa asmara cipta, jatining jim, pan wus badan rokhani, pintanen
jroning panekung, iya lan garwanira, sinungan atmaja ingkang dibya mung,
kang mumpuni kaprawiran, ing jaya kawijayanti.
2. Dadya payunging buwana, rumeksawa hayuning bumi-bumi, mamayuwa
sing tumuwuh, panggempang kala murka, panggempure gelah-gelah
memala dur, mongka ugering triloka, pangrunah ingreh tan yukti.
3. Wruh wangsite Hyang Wisesa, hamituhu Sang Hyang [331] Guru nulya
glis, mangsah nglekasken panekung, hangeningaken cipta, wus jumeneng
kalawan pribadinipun, bumi langit wus tan ana, miwah ing sawiji-wiji.
4. Mung ilapat ingkang ana, yen katrima pamintaning semedi, pan angkara-
kara murub, cahya kang manca warna, saking gaib nglimputi sadayanipun,
garjita Hyang Jagadnata, lawan kang garwa nulya glis.
5. Nglekasken asmara cipta, ingkang garwa apan lajeng garbini, praptaning
mangsa pan sampun, babar wawratanira, mijil jalu ing triloka
gumalundhug, jaladri kolah prakempa, horeg lindhu bumi gonjing.
6. Sarta lan prabawa toya, banjir bandhang sabuwana wor angin, prahara
gora gumuntur, geter pater puteran, gegeteri dhedhet erawati wagwut, sru
sru hibekkan ing triloka, gunung-gunung pareng muni.
7. Miwah sagunging surupan, ngantariksa sadaya samya mijil, baskara lawan
stengsu, lintang-lintang sumebar, teja ndaru wangkawa myang kuwung-
kuwung, laban kalawan lilidhah, obar-abir kilat thathit.
8. Nalika sareng babarnya para ratu sadaya tanah [332] Ngindhi,
sapengetaning kang nuju, siniweng balanira, samya rebah saking
dhadhamparipun, miwah Sang Hyang Jagadnata, babaring putra marengi.
9. Lenggah made swara rebah, nulya swara wau kapyarsa malih, heh ta babo
yoganingsun, yeku atmajanira, paringana peparab, Bathara Wisnu, lawan
Bathara Kesawa, tegese panah linuwih.
10. Katrima manekungira, jro semedi maring murbeng pasthi, marma sira mau
rubuh, teka ing bale swara, miwah para ratu kabeh iya rubuh, teka
dhampare padha, tan ana wenang ngungkuli.
11. Hiya mring atmajanira, duk lahire yeku panjingireki, nugraha kang luwih
gung, wahyu kaprajiritan, marma ing triloka sebawa gumludhug, isen-isen
telung jagad, muni kabeh hangumarti.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 161


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

12. Mring lahire sutanira, miwah sagung rurupaning wiyati, mijil kabeh pan
pandulu, ngaturken pratandhanya, mangastuti marang ing sutanireku,
dewa payunging buwana, hamaratani ing sabumi.
13. Sang Hyang Guru langkung suka, ingkang putra wus dinus toya urip,
diwasanira kalangkung, pekik myang cahyanira, anglangkungi kang raka
sakawanipun, cinarita Dewi Uma, miwahta Sang Hyang Pramesthi.
14. Sawusnya puputra gangsal, pan atebih birahinireng [333] resmi, kuneng
gantya kang winuwus, nenggih Bathara Maya, ingkang aneng jagad
sunyaruri, sampun puputra jalu pan sanga, wurragile sajugestri.
15. Pambajengipun anama, Hyang Bongkokan anulya ingkang rayai, nama
Sang Hyang Temburu, anulya Hyang Kuwera nulya Sang Hyang Mahyati,
nulya rinipun, peparab Bathara Siwah, anulya arinireki.
16. Bathara Surya anulya, Sang Hyang Candra nulya Yamadipati, nulya rinira
jujuluk, Bathara Kamajaya, dewa ingkang dadi ratuning bagus, wuragilipun
wanodya, ran Dewi Darmanastiti.
17. Sadaya wus kinen samya, ngeja wantah marang marcapada glis, suwiteng
Bathara Guru, myang putra wayahira, Sang Hyang Darmajaka pan sumiwi
sampun, miwah putra wayahira, ingkang paman Sang Hyang Ngening.
18. Sadaya wus sinung prenah, sowang-sowang dennya sumusung sami, ana
ngalas ana gunung, kang samya binakalan, ana dadya Pandhita myang
dadya ratu, ana maksih dadya dewa, miwah putranya pribadi.
19. Wus tinurunaken samya, ngeja wantah neng marcapada sami, Bathara
Sumbu kang sepuh, ngedhaton Sambupura, Sang Hyang Brama
Bramapura kithanipun, Bathara Hendra Ngendrapura, Bathara Bayu pan
sami.
20. Nebut namanipun samya, ya ing Bayupura prajani-[334]reki, pan amung
Bathara Wisnu, kang dereng ngeja wantah, maksih tetep aneng ing
kayanganipun, wus samya sami sisihan, dhaup lan sanak ping kalih.
21. Putranira Sang Triyagnya, kang wanodya gangsal samya yu luwih, Dewi
Swagyana kang sepuh, dhinaupaken lawan, Sang Hyang Sambu Rarasati
kang panggulu, dhaup lan Bathara Brama, pamadya Dewi Iyati.
22. Dhaup lan Bathara Hendra, sumindine paparab Dewi Ratih, warnendah
pan sampun dhaup, lan Sang Hyang Kamajaya, wuragile Dewi Sri ayu
pinunjul, dhinaupaken kalawan, Sang Bathara Wisnumurti.
23. Dene ta Sang Hyang Triyagnya, kang puputra nenggih Hyang Poncaresi,
Hyang Poncaresi puniku, putreng Hyang Darmajaka, dene garwanira
Hayang Bathara Bayu, putraning Hyang Surenggana, apaparab Dewi
Sumi.
24. Hyang Surenggana punika, pan arine Sang Hyang Triyagnya nenggih,
liyane saking puniku, kathah putra wayahnya, Sang Hyang Ngening miwah
putra wayahipun, nenggih Sang Hyang Darmajaka, bisan binesanan sami.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 162


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

25. Ana dhaup lan nak sanak, sanak misan miwah sanak kaping kalih, kang
saweneh ana dhaup, lan putrining manungsa, cinarita tanah Ngindhi ing
puniku, ejim kalawan manungsa, meh saengga nunggil jinis.
26. Srawungan sadina-dina, sapocapan manungsa lawan [335] ejim, miwahta
sabrayatipun, Hyang Darmajaka lawan, Sang Hyang Ngening Sang Hyang
Maya Sang Hyang Guru, kang samya angeja wantah, marang marcapada
sami.
27. Tegese angeja wantah, nora nganggo warana miwah nitis, apa ing
sawujudipun, warnanira manungsa, nanging maksih nenggih ing
kajimanipun, bisa ngilang myang ngambara, miwah manjing ajur-ajir.
28. Pan wus sapraptiganingrat, para ratu kang wus kawengku sami, mring
Hyang Bathara Guru, jajahan tigang warsa, ingkang kilen nagri Persi
watesipun, ingkang wetan wates Cina, apanta kadya ginaris.
29. Kang nebut Dewa Bathara, lawan ingkang maksih anebut Nabi, tanah
Turki watesipun, nenggih kang wetan pisan, pangilene apan dharatan nem
tahun, ana manut agama Dam, ana manut Nabi Brahim.
30. Ana kang anama Musa, pan sadaya taksih kekah tan keni, pinrih ing putra
Hyang Guru, kang sami ngeja wantah, Sambu Brama Batharendra miwah
Bayu, sadaya ngelar jajahan, mangilen gitik ing Turki.
31. Rame pinethuk ing prang, ratu ing bang kilen kathah kang ngemasi, ana
tilar prajanipun, ngungsi mangilen samya, pan satunggil tan wonten kang
purun teluk, kadya wus karsaning suksma, sanes lawan tanah Ngindhi.
32. Jajahan kang tigang warsa, mung pangagengira [336] kang den dhatengi,
mring Hyang Bathara Guru, tan ana mawi aprang, mung kinenan
pangabaran telukipun, miwah ing pangram-eram sinungan wruh ing
swargadi.
33. Warta winartanken samya, marang para ratu kang sami, kalulun kelu
samya anut, maring pangagengira, hamangeran maring Hyang Bathara
Guru, sanes lawan para raja, sapangilen wangkit Turki.
34. Jajahaning kang nem warsa, langkung kekah mring agamanireki, tan ana
kang purun manut, nagri Nekweh kancikan, mring Bathara Sambu Hendra
Bayu, kang tan pejah madyaning prang, sampun kesah tilar nagri.
35. Semana Hyang Jagadnata, sinung wangsit yen amung tanah Ngindhi,
ingkang sinung wenang mengku, jajahan tigang warsa, kilen Persi Turki
sapengilenipun, jajahan nem warsa, tan sinung wenang mengkoni.
36. Ing bang kulon para raja, pan sinengker mring Hyang kang murbeng
pasthi, lawan iki meh tumurun, kang dadi mungsuhira, iya tanah kulon
kalahiranipun, apeparab Nabi Ngisa, kang angaken Rohullahi.
37. Nanging ta amung sadhela, iya dennya tumitah ha-[337]neng bumi, Hyang
Guru sawusirantuk, ing wangsit kang mangkana, para putra sakawan

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 163


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

ngundurken sampun, kang sami ngelar jajahan, wangsul mring prajane


sami.
38. Yata wau kang winarna, marang ratu Turki ingkang wus sami, kabur
saking prajanipun, tuwin para Pandhita, ana ngungsi alas-alas gunung-
gunung, ana ngungsi nagari lyan, semana miyarsa warti.
39. Yen mungsuhe wong bang wetan, kang ngebrokki ing nagarinira sami,
sadayanira wus mundur, dadya kang para raja, ingkang ngungsi kathah
kang wus samya mantuk, marang ing nagaranira, sadaya samya prihatin.
40. Sanadyan dereng aprang, para ratu sakilenipun Turki, miyarsa susah
kalangkung, dene ta para raja, wani ngaku Pangeran kang Maha luhur,
tuwin kang para Pandhita, samya nuwun Hyang Widi.
41. Henggale tumurunira, Nabi ingkang wus kacetha ing tulis, Nabi Ngisa kang
linuhung, kang ingaken Rahullah, anyirnakna mengsah kang ngaku Hyang
Agung, pandongane tinarima, pra Pandhita myang paraji.
42. Nulya wonten ayating Hyang, lamun badhe anitahaken Nabi, Nabi Ngisa
kangpinunjul, kang ingaken Rohullah, tur hamengku sarengat ingkang
linuhung, kang nyirnakaken mungsuhira, iya kang ngaku Hyang Widdhi.
43. Wus nyantuk wangsit mangkana, asrep tyase sagunging kang prihatin,
gancanging carita sampun, nenggih jeng Nabi Ngisa, linahiraken saking
garbaning kang ibu, aneng tanah Jaliliyan, nenggih nagari Serani.
44. Senen ping nemlikur tanggal, pan ing wulan Desem-[338]ber hamarengi,
tahun Adam gangsal ewu, pitulikur langkungnya, nanging para Pandhita
myang para nujum, miwah para raja-raja, kang wus antuk wangsit nguni.
45. Maksih samya kasamaran, lamyn Kangjeng Nabi Ngisa wus lahir, kuneng
gantya kang winuwus, nenggih Hyang Jagadnata, kang kayangan haneng
ing wukir Tengguru, ingkang sampun pinageran, mring sagung para
Narpati.
46. Ing tanah Ngindhi sadaya, ing puniku Sang Hyang Guru marengi, animbali
putranipun, sakawan kang wus samya, ngeja wantah Sambu Brama
Hendra Bayu, wus samya munggeng ngarsanya, dinangu wartanireki.
47. Marcapada manawa na, tanah kulon bocah ngaeh-anehi, sabarang
pratingkahipun, myang sagung para raja, kang nganehi guna
kasektenipun, tur sembah putra sakawan, tan wonten wartosireki.
48. Malah ingkang para raja, ing samangke dhedhep samya prihatin, keter
sanget kawusipun, duk aprang lan kawula, tutumpesan nagrine kawula
remuk, dereng dugi atur ira, kasaru wonten kaheksi.
49. Lintang saking ngantariksa, pan kakejer neng lu-[339]hure sarya ngling,
hehbabo Bathara Guru, wruhanta Nabi Ngisa, pan wus lahir saking
garbane kang ibu, mengko wus yuswa sawulan, iya iku ingkang ngluwihi.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 164


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

50. Ing guna kasektenira, wusirang ngling lintang cumlarot anglis, mangilen
ing purugipun, Sang Hyang Guru garjita, sigra mesat saparaning lintang
tinut, kang kantun putra sakawan, Hyang Guru harsa hudani.
51. Ing warnane Nabi Ngisa, kang cinetha badhene angluwihi, marang ing
sariranipun, ing guna sektinira, tan winarna ing marga lampahira wus,
prapteng tanah Jaliliyan, dumane nagri Serani.
(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 40 ۩۩۩


DURMA

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
1. Lintang wau maning wismeng Dewi maryam, Sang Hyang Guru hudani,
tinut manjing wisma, miwah putra sakawan, lintang musna tan kaeksi,
mulat wanodya, dennya lenggah pribadi.
2. Dewi Maryam duk lagya nggendhong kang putra, ananging Hyang
Pramesthi, myang putra sakawan, maksih samya nyiluman, Hyang Guru
osiking galih, lah iki baya, kang cinetha ngluwihi.
3. Marang ingsun hing guna kasektenira, namung lumrah babayi, wus umur
sawulan, nora bisa lumampah, Sang Hyang Guru sasampuning, osik
mangkana, apus sukune siji.
4. Ingkang kiwa mung kantun sadami gengnya, kagyat [340] Sang Hyang
Pramesthi, mulat sukunira, apus sampun angrasa, yen keneng sikuning
bayi, langkung runtiknya, mring bebayi Jeng Nabi.
5. Pinrih sirna lawan saibune pisan, sigra Sang Hyang Pramesthi, anyipta
dahana, wali-wali tan dadya, sagung kasektenireki, kang pangabaran,
sadaya tanpa dadi.
6. Miwah putra sakawan iya mangkana, sektine tanpa dadi, parek nora bisa,
sumaput panonira, mupusing tyas Hyang Pramesthi, ngrasa kasoran,
nulya ngatingal sami.
7. Ngaturaken pratondha mring Dewi Maryam, panungklireng batin, sup lan
sutra-sutra, supayane kanggeya popoke kang jabang bayi, wusnya
mangkana, Sang Hyang Guru gya pamit.
8. Lan kang putra sakawan sigra humesat, wangsul mangetan malih, Sang
Hyang Girinata, langkung sungkawanira, dennya kasor lan bebayi,
mendahta wusa, prapteng diwasa benjing.
9. Mung sakedhik Hyang Guru ecaning driya, dene wangditing uni, denira
tumitah, nenggih neng ngalamonya, jeng Nabi Ngisa tan lami, anulya
musna, yeku kang den gugoni.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 165


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

10. Kuneng Sang Hyang Guru kang wus wangsul marang, kayanganira malih,
neng Tengguru harga, sagunging para raja, sadaya tanah ing Ngindhi,
tetep tan owah, dennya mangeran sami.
11. Kawuwusa wau Kangjeng Nabi Ngisa, roncene tan winar-[341]ni,
katimuranira, diwasane kewala, kang cinatur sasampuning, mengku
sarengat, sagunging kang paraji.
12. Tuwin para Pandhita nunuwun samya, sirnanipun tumuli, mungsuh ing
bang wetan, jim kang ngaku Pangeran, jeng Nabi Ngisa nuruti, nulya
dedonga, ngatas karseng Hyang Widdhi.
13. Katarima nulya katuran ayat, rumasuka den aglis, ejim ing bang wetan, ya
kang ngaku Pangeran, Jeng Nabi medalken aglis, mukjijatira, lempung
kang ginalintir.
14. Pinusthi neng asta dadya manuk dara, sinamitan nulya glis, mesat mring
ngawiyat, lajeng miber mangetan, Hyang Guru wus sinung wangsit, yen
badhe prapta, dutanira Jeng Nabi.
15. Mukjijate apan rupa manuk dara, amawa upas mandi, pan ratuning upas,
sigra Hyang Jagadnata, nimbali para putra sami, kang ngeja wantah,
sadaya sapun prapti.
16. Putra wayahira Sang Hyang Darmajaka, putra wayahe Hyang Ngening,
myang putra wayahnya, nenggih Bathara Maya, sadaya wus samya prapti,
andher ing ngarsa, para garwanya sami.
17. Ngumpul wuri ngayap marang Dewi Uma, tan antara kahekti, ingkang
peksi dara, saking kilen sangkanya, cumlorot mencok ngarsaning, Hyang
Girinata, kang peksi basa jalmi.
18. Handawuhaken kang timbalan Nabi Ngisa, sadaya den [342] timbali, tan
kena mopowa, kinen anuta samya, ing agama Kangjeng Nabi, Ngisa
Rohullah, haja kabanjur musrik.
19. Ejim dadak ngaku Pangeraning jagad, Hyang Guru langkung runtik,
ngejepi mring Brama, gya nubruk paksi dara, oncat mesat mring wiyati,
gya para dewa, sadaya nututi.
20. Peksi dara kalangan medalken wisa, saking tutukireki, dubur myang
talingan, samya medal wisanya, kelabing elar mawangi, dumamanu wisa
sumebar kadya riris.
21. Dewa-dewa tan ana bisa mareko, kang samya anututi, katiban wisa,
namung kantaka, mung sakedhap gya tangi.
22. Sang Hyang Girinata lawan Dewi Uma, myang sagung widadari, katiban
wisa, tan ana ingkang tawa, widadari ting jalerit, geger puyengan, tambuh
paraning ngungsi.
23. Bilulungan sanggene ngungsi katiban, ing wisa meratani, iya tan
palastra,nanging sakethi lara, panase kang wisa mandi, ratuning upas,
panase satus geni.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 166


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

24. Tanah Ngindhi wangkit Persi, sapangetan, jajahan [343] tigang warsi,
kabeh kaweratan, katiban riris wisa, nadyan jagad sunyaruri, ejim kang
samya, nunut ing Hyang Pramesthi.
25. Kagegeran saenggen-enggen katiban, ing riris wisa mandi, myang
manungsanira, lawan jim nora beda, tan ana ingkang ngemasi, amung
kantaka, nanging sakethi sakit.
26. Sabuwana gumer gumuruh swaranya, tangise setan, ejim, myang jalma
manungsa, nadyan jim ingkang samya, aneng jagad sunyaruri, geger
busekan, katiban wisa mandi.
27. Sang Hyang Guru lawan sakula gotrahnya, ngumpul salajeng neki, ngidul
ngetan samya, tinut ing peksi dara, kalangan luhurireki, ngudani wisa,
langkung kawelas asih.
28. Ing samarga dewa ting galereng samya, hapsari ting jalerit, langkung
kawlasarsa, mangkana pelajengnya, wus langkung saking jaladri, kang
para dewa, manggih pulo sawiji.
29. Maksih sepi dereng kahisenen jalma, panjangipun nglangkungi, kathah
gunungira, geng alit warna-warna, semana Hyang Wisnu murti, sejatinira
tan keneng wisa mandi.
30. Palajenge mung katut kathah kewala, wusnya langkung jaladri, medal
welasira, mring sagung para dewa, miwah mring para hapsari, samya
karuna, kalangkung kawlas asih.
31. Dadya cipta runtik marang peksi dara, dennya wus [344] langkung saking,
samudra geng meksa, kang peksi pangungsirnya, kalangan luhurireki,
ngudani wisa, nanging Hyang Wisnu ajrih.
32. Nglangkungana karsaning Hyang Jagadnata, Hyang Wisesa gya mangsit,
Hyang Guru ngandika, nolih wuri mangatag mring Wisnu tutulung aglis, ing
para dewa, sigra Hyang Wisnumurti.
33. Nyandhak cakra linepasaken saksana, kang paksi dara keni, ing cakra suh
sirna, mukjijat Nabi Ngisa, wangsul dadya lempung malih, kang lemah
dara, jumegur tibeng wukir.
34. Gara-gara rug rug rug hagraning ngarga, gumuntur geng geteri, ketug
watu gelap, geter pater puteran, geter dhedhet erawati, bantala molah,
prakempa kang ngudadi.
35. Bayu bajra prahara gora ruhara, sendhung riwut gunerit, lesus asasaran,
wor udan poncawara, pedhut sumaput nglimputi, ing sabuwana, peteng lir
tengah wengi.
36. Para dewa myang widadari sadaya, kekes ing tyas kuwatir, wusnya tiganf
dina, sirnaning gara-gara, sumyaringkang riris aris, baskara babar,
sedhengnya meh mengahi.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 167


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

37. Hogar tyase pra dewa kekaring samya, dangu sang saya dadi, panasing
baskara, karasa ing sarira, labete kang wisa masih, rungsang sadaya,
bingung ngupaya warih.
38. Saking panas ngahang ngarsa nginum toya, dangu-da-[345]ngu ningali,
pucaking parbata, wonten telaganira, muncar toyanipun wening, gya para
dewa, pra samya rebut dingin.
39. Sapraptaning talaga pating kurangsang, kumroyok nginum warih, tanana
wiweka, jatine kang talaga, pan dudu toya sayekti, upasing dara, duk
cinakra ing uni.
40. Mung Hyang Wisnu dara tibeng pucak harga, mulih asal ing siti, upas
warni toya, kalangkung weningira, pan ratuning wisa mandi, dewa sadaya,
sawusnya ngunum warih.
41. Saking mandining upas pejah sadaya, semana Hyang Pramesthi, tumut
nginum toya, duk lagya prapteng tenggak, karasa panas tan sipi, linepeh
sigra, upas wus medal malih.
42. Nanging tengakira belang-belang pethak, labeting wisa mandi, semana
denira parab Sang Nilakantha, dene tinggal ciri putih, nulya na swara,
Hyang wisesa sung wangsit.
43. Heh ta yohaningsun age tetesana, iya kang banyu urip, dewa kang
palastra, ing besuk yen wus tata, gonira kayangan sami, neng kene padha,
yeku kang banyu urip.
44. Hinumena marang sagung para dewa, sawarege pra sami, tan entek
kalongnya, banyu urip joggana, banyu tawa yekti dadi, banyu urip padha,
dene telaga iki.
45. Pan kedadehane upas manuk dara, patine tibeng wu-[346]kir, ing besuk
pan dadya, iya banyu walirang, umob panase lir api, Hyang Jagadnata,
sawusira winangsit.
46. Ngambil toya gesang tinetesken, lathine kang ngemasi, wus gesang
sadaya, kadya saking anendra, gumaregah samya tangi, kadya supena,
Hyang Guru hanjarwani.
47. Yen patine marga dennya nginum toya, dudu banyu sayekti, upas manuk
dara, mukjijat Nabi Ngisa, sirnaning upase maksih, dadya telaga, ngungun
ingkang miyarsi.
48. Wus mangkana lajeng Sang Hyang Jagadnata, kang para dewa ngiring,
mangetan lampahnya, anganglangi parbata, sang alit mawarni-warni,
langkung sukanya, anom manissing wukir.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 168


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 41 ۩۩۩


DHANDHANGGULA

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
1. Prapteng wates wetan lampahneki, Sang Hyang Guru alon angandika,
dawa temen pulo kiye, mung kuciwane ciut, keh gununge mawarni-warni,
harana tanah Jawa, pulo iki patut, dene dawane kaliwat, yeku purwanira
katelah samangkin, hingaran pulo Jawa.
2. Sang Hyang Guru ingkang amestani, nulya wangsul [347] ngilen
lampahira, para dewa sadayane, kendel neng wukir Lawu,
Lawu Sang Hyang
Guru resep ningali, semana durung karan nenggih gunung Lawu, kang
ngarani durung ana, pulo Jawa pan amung isi dhadhemit, setan lan
brekasakan.
3. Pan ing nguni sampun den iseni, mring Sultan Rum wong sewu somah,
nanging sirna tumpes kabeh, siji tan ana kantun telas samya pinangan
dhemit, kajawi saking setan, tanah Adhem ing Rum, pulo Jawa tanah
panas, dadya tumpes wong ing Rum datan kuwawi, aneng ing tanah
panas.
4. Pan ing benjang den iseni malih, yen wus Hajisaka hangejawa,
hangejawa sapisan
marang turune, Sultan Ngerum wau, pan wong Ngindhu kinarya isi, kang
sami tanah panas, iku lulusipun, Jawa kaisenen manungsa, nora mati
dene brekasakan mawi, pinasangan tutumbal.
5. Kawarnawa wau Hyang Pramesthi, lajeng kendelira hakayangan, wus
karan gunung lawune, bubuka sosotya wungu, wawadhahe ingkang
swargadi, gambar nulya binabar, neng pucaking gunung, semana Hyang
Girinata, lan kang garwa Deiw Uma wus ngrenggani, swarga jonggring
selaka.
6. Para dewa dereng den lilani, yen misaha ing ka-[348]yanganira, pan
maksih kinumpul kabeh, aneng ing gunung lawu, sakathahe dewa kang
prapti, miwah jim lawan setan, kang bubar rumuhun, katiban ing upas
dara, ana ngetan ana ngalor dennya ngungsi, mangkya wus nusul samya.
7. Ejim setan satanah ing Ngundhi, ingkang nusul marang pulo Jawa, tanpa
wilangan kathahe, sewu ing yutanipun, lawan yuta kaping sakethi, sayuta
wendra bara, bara ping sahuluk, maksih kathah jim lan setan, tanah
Ngindhi kang nusul mring tanah Jawi, Sang Hyang Guru parentah.
8. Para dewa kinen ngumpul sami, aneng swarga hing Jonggringsalaka, wus
hander munggwing ngarsane, sadya kinen nginum, satuwuke kang toya
urip, saking cupu tinundha, neng gelas jumerut, munggeng ing bangku
mutyara, dewa ingkang ageng-ageng kinen rumiyin, anginum satuwukira.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 169


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

9. Suka-suka para dewa sami, ngrasa nikmat sumrah sariranya, yoya tul
langkung asrepe, sarta mawa ganda rum, yata wonten ditya kang dadi,
wawerining ngawiyat, nama Rembu Culang, momor mindha rupa dewa,
tumut nginum kang toya gesang duk lagi, prapta aneng tenggaknya.
10. Kawistara Hyang Candra hanuli, matur Hyang Wis-[349]nu pan ora samar,
sigra cinakra tenggake, pedhot sirahe mumbul, Rembu Culung pan maksih
urip, wus kambon toya gesang, ran Rembu Kulawu, lamun ujaring desa,
marma wonten grahana surya lan sasi, yeku ingkang mamongsa.
11. Yen grahana sami den bendrengi, andang tulungira marang wulan,
wusnya wradin sadayane, para dewa kang nginum, satuwuke kang toya
urip, prandene nora telas, maksih bak kang cupu, sawusira nginum toya,
para dewa pinatah sawiji-wiji, nenggih ing karyanira.
12. Kang pinatah rumeksa ing bumi, putranira Hyang Anantanaga, lan Dewi
Basu patute, wewolu kathahipun, jalu pitu wanodya siji, nama Hyang
Ontoboga, putra ingkang sepuh, rumekseng bumi kasapta, lan ngratoni
sagunging Naga kang sami, wonten dhasar pratala.
13. Panenggake kineng ngratoni, sagung naga sajroning samudra, Hyang
Ananta Basurane, anulya arinipun, Manikhara asipat jalmi, bumi kaping
nemira, ingkang raseksinipun, nulya arinira nama, Dheranpalan sipat ditya
rukmesaning, bumi kang kaping gangsal.
14. Nulya arinira akekasih ran Dewi Pratiwi, rumeksa ing bumi [350] kang
kapisan, apanta kawengku kabeh, mring kadange kang sepuh, Ontaboga
kang nguningani, mring arine sadaya, dene kang tinusuh, rumekseng
keblating jagad, wus pinatah dewane sawiji-wiji, nenggih ingkang rumeksa.
15. Jagad ingkang wetan akekasih, Sang Hyang Maha Dewa kang rumeksa,
Mahadewi batharine, salaka kithanipun, manuk kuntul santen jaladri,
sastra ha na caraka,
caraka legi pasaranipun, Sang Hyang Sambu kang rumeksa,
aneng jagad kidul kithane tembagi, Betharane Swagnyana.
16. Manuk ulung pasarane paing, sagara getih akasaranira, data sawala
maliye, Hyang Kamajaya tunggu, jagad kulon Bathari Ratih, kuthanira
kencana, sagarane madu, manukipun pan kapodhang, pasarane epon
aksaranireki, padha jayanya.
jayanya
17. Bathara Wisnu kuthane wesi, neng jagad lor wage pasarannya, Bethari
Hesri kanthine, nila senganipun, manuk gagak sastranireki, nenggih maga
bathanga,
bathanga Hyang Bathara Bayu, ingkang pinatah rumeksa, jagad tengah
kanthi Bathari Sumi, kaliwon pasarannya.
18. Apan sadaya sastranireki, jiro lupat nem pitunya,
pitunya [351] wolu sanga
sapuluhe,
sapuluhe kuthanira parunggu, tasik wedang manuke gogik, Bathara
Prittanjala, ler wetan gennipun, aksaranira, bya ebyu,
ebyu kidul wetan Hyang
Kuwera ang nenggani, sastrane narasunya.
narasunya

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 170


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

19. Kidul kulon Bathara Mahyati, nenggih ganeya aksaranira, ingkang lor kulon
dewane, Sang Hyang Sicah ranipun, kang tinengga sastra mursiti,
mursiti ingkang
angon baskara, dewanira sampun pinatah Bathara Surya, Sang Hyang
Candra nenggih ingkang angon sasi, dene jroning samodra.
20. Hyang Baruna kang rumeksa nenggih, Batharendra nenggih kang kinarya,
werana ing karatone, nenggih kadewanipun, Sang Hyang Brama pinatah
mungging ngarsa hanampenana, ing sadhawuhipun, sadaya wus
pinepekan, pakaryane dewa ing sawiji-wiji, miwah ingkang rineksa.
21. Wonten putranira Sang Hyang Ening, amumpuni guna kaprawiran, empu
Ramadi namane, pinatah karyanipun, pandhe aneng gunung Merapi, kinen
karya gegaman, karsaning Hyang Guru, gegamaning para dewa, paron
dhengkul palu kepel supit driji, kang kinarya dahana.
22. Medal saking tungtunging pangaksi, sepuh idu sa-[352]king lilidhahnya,
apanta dinilat bae, ububan grananipun, tosanira saking Mahribbi, hingaran
wesi baka, pan wus nggawa ampuh, cinarita sampun kathah, kang wus
dadya sarta lan sektinireki, gagaman warna-warna.
23. Gada bindhi dhendha lawan gandhi, alugara musala trisula, konta cakra
candrasane, nenggala lawan limpung, warna-warna sagung jemparing,
suka kang para dewa, sadayanya sampun, anyepeng gegaman, wus
mangkana Hyang Girinata winarni, pun arsa nganglang jagad.
24. Pang anitih lembu Handini, amung lawan garwa Dewi Uma, margeng
gagana lampahe, pulo Jawa wus tepung, gya nganglang jaladri, neng
luhuring samudra, nuju wanei surup, soroting kang baskara bang, candhik
ala ngenani we amuwuhi, lelangening amudra.
25. Sang Hyang Guru anon lelangening, kang samudra mangu-mangu ring
tyas, honeng rarasing karesmen, apan sawontenipun, ingkang putra
Hyang Wisnu nguni, tebih marangasmara, kalih-kalihipun, namung lagya
sapunika, Sang Hyang Guru kepati ing tyas den nyapti, sajiwa lan kang
garwa.
26. Nanging Dewi Uma tan nglanggati, karsaning raka mamrih asmara, maksih
tebih galihe, mring langening kung lulut, Sang Hyang Guru meksa dennya
mrih, kang garwa gya cinandhak, anulya pinangku, rinasuk asmara cipta,
duk kinenan sang dyah mengo anginggati, sarya rengu turira.
27. kadingaren paduka puniki, darbe karsa teka lir [353] raksasa, ngangge
saenggen-enggene, wonten ing gigir lembu, bok inggiha sareh sakedhik,
Sang Hyang Guru salaka, lajeng mawi siyung, yayah kadya anepata, Dewi
Uma duk mestani lir rasaksi, nanging Hyang Girinata.
28. Wus kalajeng kamanira mijil, tan tinampen tumibeng samudra, jumegur
kang we hora reh, umob kadya kinebur, Sang Hyang Guru merang ing
galih, ngemu runtik mring garwa, sigra dennya kondur, samudra maksih
walikan, gara-gara gumuruh kagiri-giri, kagyat kang para dewa.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 171


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

29. Dene swarga pan kadya ginonjing, nulya sami kinen amariksa, kang karya
gara-garane, kang para dewa gupuh, mesat lampahira wus prapti, gene
kang gara-gara, teleng samudra gung, wonten murub kangalan, lira
baskara mapanas sedheng nengahi, sawusira tetela.
30. Samya wangsul aturi udani, lamun ingkang karya gara-gara, teleng
samudra enggene, wonten katingal murub, lir baskara sedheng nengahi,
tan saged marpekana, panase kalangkung, punapa ta wastanira, neng
samodra makaten warnanireki, panas kadya dahana.
31. Sang Hyang Guru mesem ngandika ris, ingkang ka-[254]ton murub neng
samodra, pan kama salah arane, payo baliya gupuh, hanggawa
kapraboning jurit, kang murub neng samudra, prihen sirnanipun, hurugara
ing gagaman, tur sandika para dewa wangsul aglis, sarta kapraboning
prang.
32. Sapraptaning telenging jaladri, gya kang murub para dewa sigra, pareng
dennya bedhama dandhi, konta lugara candrasa, parasu lan limpung,
musala lori lugra, tibeng teleng samudra kang murub kadi, kinebur
toyanira.
33. Para dewa pan maksih ngurugi, ing sanjata ingkang neka warna, pinrih
tumuli siranane, kama salah kang murub, hingurugan sagung jemparing,
nora saya cilike, malah saya wuwuh, gengira kabina-bina, ing urube kama
salah malah ndadi, ditya geng saparbata.
34. Pan sadaya gagamaning jurit, dadya awakira kama salah, dhendha kang
dadya sirahe, samoga dadya gulu, grana limpung kupinge piling, cakra
kang dadya gunetra, bindi dadya pupu, nenggala lawan trisula, ingkang
dadya bahunira, kanan kering, gada kang dadya dhadha.
35. Sagung jemparing sadaya dadi, wulu-wulu kumrusuk kanginan, ana kang
dadya untune, janggelek nuli lungguh, lir parbata munggeng jeladri, ngulet
wahing lir gelap, segu lir galudhug, mintar saking jro samodra, marepeki
mring para dewa sarya ngrik, sru nguwuh takon bapa.
36. Para dewa kang den parepeki, pra samya jrih lumayu sasran, kama salah
ngetutake, dewa sapurugipun palayune pan sampun prapti, ngarseng
Sang Jagadnata, gugup aturipun, yen kama salah tan kena, [355] pinrih
sirna ngurugan sagung jenparing, malah dadya rasaksa.
37. Geng sawukir warnanya ngajrihi, mentas saking labeting samudra,
nguwuh taken sudarmane, sarya greng lir galudhug, marma mawur dewa
samya jrih, dereng dugi turira, gugup pan kasaru, praptanira kama salah,
pra jawata sadaya ngungsi neng wuri, kama salah tumingal.
38. Mring Hyang Guru maksih tetep linggih, datan obah saking genira, sang
kama salah nulya ge, marpeki ngarsanipun, prapta lajeng janggelek
linggih, gumelar tatanya, heh sapa sireku, dene cahyamu gumawang, cilik
menthik lungguh neng ngarsa pribadi, sapa ta haranira.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 172


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

39. Sang Hyang Guru sahurira aris, wruhanira sun ratuning jagad, ya dadya
pangerane, sagunging kang tumuwuh, Sang Hyang Jagadnata ran mami,
kama salah lingira, yen nyata sireku, pangerane ing sajagad, yekti wruh iya
kang yoga ing mami, ngendi gonne tuduhna.
40. Sang Hyang Guru mesem lingira ris, lamun sira [356] adreng takon bapa,
iya ingsun tuduhake, nanging ta saratipun, kudu-kudu sira ngabekti,
nungkemi ngestu pada, iya mring kang tuduh, kama salah saurira, yen
turut nanging yen goroh sireki, pasthi sira sun mangsa.
41. Lah ta iya nungkemana aglis, pangkoningsun kama salah sigra, majeng
nungkemi padhane, binedhol rambute, lan thi athi ing kanan kering, asru
jumbul tumenga, tangginas Hyang Guru, gya cinandhak siyungira, kang
kakalih pinethet pucuke keni, ginurog ilatira.
42. Upasira sadaya pan mijil, wus inguculaken kama salah, dheprok lungguh
neng ngarsane, bayune kabeh racut, pan ngalumpruk datan pa budi,
pucuk siyung lan upas, cinipta mor sampun, dadya sanjata kalihnya, kanan
konta ingkang kering pasopati, rambut dadya kendhengnya.
43. Sang Hyang Guru angandika aris, heh ta kama salah wruhanira, sira iku
sejatine, pan iya yoganingsun, mengko ingsun paringi, jeneng
Batharakala, manggona sireku, aneng ing Nungsa Kambangan,
ngratonana brekasakan lan dhedhemit, kabeh sira wengkuwa.
44. Kang liningan humatur wotsari, langkung kasuwun [357] kalingga murda,
dhawuhing sih sadayane, punapa ing satuduh, tur sandika hulun lampahi,
nanging hulun nenedha, ing papancenipun, kang dados tedha kawula,
myang sagung ingkang samya hulun ratoni, samya brangta ing tedha.
(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 42 ۩۩۩


ASMARADANA

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
1. Sang Hyang Guru ngandikaris, iya aja walng driya, memangsanira ing
tembe, iya wong sawidk prakara, sun pancekken sira, ingkang dingin
memangsanmu, wong kang ngrubuhaken dandang.
2. Kapindho mangsanireki, wong nugelaken pipisan, myang gandhik kaping
telune, wong kang nguger-uger lawang, kadang ro padha lanang, paing
pat wong metu bungkus, ping lima wong metu kembar.
3. Miwah wong kang metu dhampit, kembar lanang lan wadodya, ping nem
kembang sepasang, kadang ro padha wanodya, ping pitune gedhana,
gedhini kadangira mung, loro jalu lan wanodya.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 173


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

4. Ping wolu wong ontang-anting, tanpa kadang bapa biyang, kang kaping
sanga arane, sendhang pit-apit pancuran, anmung telu kadang, siji wadon
loro jalu, ping sepuluh telu kadang.
5. Wadon loro lanang siji, ran pancuran kapit sen-[358]dhang, dene kaping
sawelase, ingaran wong saromba, kadang pat padha lanang, ping rolas
srimpi ranipun, kadang papat wadon padha.
6. Ping telulas den arani, iya wong mancala putra, kadang lima lanag kabeh,
ping patbelas wong mancala, putri kadange lima, padha wadon tanpa jalu,
ping limalas wong pipilan.
7. Wadon papat lanang siji, ping nembelas wong paelangan, lanang papat siji
wadon, ping pitulas julung sungsang, lahir tengenge wayah, ping wolulas
julung pujud, lahir nuju surup surya.
8. Ping sangalas julung wangi, lahir nuju metu surya, tiba ungker rong
puluhe, ping salikur wong jampina, wong lahir pitung wulan, tiba sampir
ping rolikur, kalung usus lahirira.
9. Ping telulikurireki, ingaranan wong margana, aneng ing paran lahirira, ping
pitlikur wong wahana, lahir neng paromahan, ing kaping lima likur, wong
simah iya salewah.
10. Ping nemlikur bule putih, ping pitulikur wong kresna, ireng mulus ing
tegese, ping wolulikur wali kang, ireng, iya iku wong bajung, ping
sangalikur wong eungkuk, ping telung puluh wong dhengkak.
11. Wong bacu tegesireki, ping telung puluh sajuga, [359] wong wuji iku wong
cebpl, ping behro yen lawang menga, anuju candhik ala, ping teluh puluh
tatelu, made datan pa lingkaban,
12. Tapan klasa miwah lampit, kaping telung puluh papat, kampung tanpa
tutup keyong, kaping telung puluh lima, kasur tanpa prawana, tanpa sasap
tegesipun, ping teluh puluh nemira.
13. Papajangan tanpa samir, ping telung puluh pitunya, lambung pari myang
kapase, nora sinungan dhedhasar, telung puluh wolunya, wawadhah
datanpa tutup, kaping telung puluh sanga.
14. Wong sok buwang tuma urip, ping patang puluh yen ana, wong ngadeg
tengah lawange, ping patang puluh sajuga, wong lungguh pipi lawang,
ping patang puluh ro iku, wong sok jetung sangga uwang.
15. Kang kaping patang puluh tri, wong sok ngobong kulit bawang, ping
patang puluh papate, wong natabaken wawadhah, ping patang puluh lima,
wong sok dhemen ngobong rambut, ping patang puluh nemika.
16. Wong sok ngobong galarneki, kaping patang puluh sapta, wong sok
ngobong kayu kelor, dene ingkang kaping patang, puluh wolu yen ana,
wong taberi ngobong balung, kaping patang puluh sanga.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 174


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

17. Wong nyapu wuh gya den basmi, ping seket wong bu-[360]wang uyuh,
seket siji yen ana wong, buwang wuh aneng ngalongan, ping seket ro yen
buwang, wuh teka jandelanipun, ping seket telu yen ana.
18. Wong turu wetuning rawi, ping seket papat yen ana, wong manak nuju
begange, ping seket lima yen ana, turu suruping surya, ping seket nem
wong ngaturu, nuju tengange wayahnya.
19. Ping seket pitu wong hangi, aninggal sega neng ngiyan, ping seket wolu
lamun wong, hanggorohi darbekira, kang kaping seket sanga, wong tinggal
beras neng lesung, ganepe kaping sawidak.
20. Kang dadi mangsanireki, wong daleya karyanira, rubuh memehane wyan,
Bathara Kala miyarsa, kang dadya mangsanira, langkung sukanireng
kalbu, pamite sapun linilan.
21. Nembah manguswa pada glis, mesat mring Nungsa Kambangan,
cinendhak prapta lampahe, lajeng kendel hakayangan, sagunging
brekasakan, sadaya wus samya ngratu, maring ing Bathara Kala.
22. Kawuwuse Hyang Pramesthi, ungkure Bathara Kala, kondur mring ndalem
swargane, pan katangi runtikira, mring garwa Dewi Uma, purwanira mawi
siung, amarga saking garwa.
23. Duk nganglang jagad ing nguni, pinurweng ngasmara cipta, nora
nglanggati katsane, mengo sarwa anepata, angarani lir ditya, murkane ing
karsanipun, satemah siung lir ditya.
24. Maksih kapusthi ing galih, dukanira mring kang garwa, rawuh neng dalem
swargane, Dewi Uma methuk [361] sigra, tundhuk mendhak neng ngarsa,
gya cinandhak remanipun, sinendhal gelunge wudhar.
25. Dewi Uma sru dennya jrit, reyab-reyab remanipun, nulya cinandhak
sukune, kalih pisan gya sinungsang, sirahira neng ngandhap, sarwi
ngandika Hyang Guru, warnanira yu utama.
26. Ananging rambutireki, reyab-reyab lir rasaksa, miwah swaraning panjrite,
wus kaya pangriking ditya, sakala Dewi Uma, keneng sabdaning Hyang
Guru, salin sipat lir raseksa.
27. Sarta ngrik kadya raseksi, hingucalaken saksana, hanjrit ningkemi padane,
melas asih sambatira, dahat nuwun apura, ngaturaken tabatipun, Hyang
Guru awlas ing garwa.
28. Pangandikanira aris, wis aja sira karuna, pupusen yen wus pasthine, sira
awarna rasaksa, nanging jaba kewala, wadhagira iku besuk, dadi jodhone
si Kala.
29. Alusira apan maksih, iya dadi garwaningwang, Hyang Guru anyipta age,
ing garwanira kang uwa, sang Hyang Catur Kenaka, Dewi Laksmi
namanipun, jim Laksana ingkang sasuta.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 175


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

30. Ratu jim sipat raseksi, Dewi Laksmi cinarita, [362] kalangkung endah
warnane, kembae lawan Dewi Uma, sang dyah sampun patutan, titiga pra
samya jalu, nulya lami longkangira.
31. Prapteng mangke tan sisiwi, punika ingkang cinipta, binekteng angin
praptane, sampun munggweng ngarsanira, Dewi Laksmi saksana, pinecat
nyawanira wus, pinanjingaken raganira.
32. Uma kang sipat raseksi, nyawanira Dewi Uma, pan sampun pinanjingake,
mring Dewi Laksmi raganya, wus nama Dewi Uma, dhasar kembar
warnanipun, Laksmi lawan Dewi Uma.
33. Tetep sang dyah dennya dadi, garwaning Hyang Jagadnata, dene ta Uma
ragane, kang sipat ditya sinungan, nama Bathari Durga, tinarimakaken
sampun, marang ing Bathara Kala.
34. Runtut dennya palakrami, Durga lan Bathara Kala, wau ingkang winiraos,
nenggih Sang Hyang Jagdnata, cinatur laminira, sampun gangsal welas
tahun, denira neng pulo Jawa.
35. Semana miyarsa warti, lamun Kangjeng Nabi Ngisa, sampun tetep ing
sedane, namung tiga welas warsa, dennya mengku sarengat, jeng Nabi
lajeng pinikut, kinarya pangewan-ewan.
36. Marang sang Raja Herodhis, pinenythang marga pra-[263]patan, sedanira
sinembeleh, tetepe dennya tumitah, haneng ing ngalam donya, jeng Nabi
Ngisa pan amung, tigang dasa tigang warsa.
37. Langkung apes Kangjeng Nabi, duk cinepeng ratu kapir, tanpa males ing
sedane, wusirantuk warta nyata, jeng Nabi sedanira, Hyang Guru suka
agupuh, ngundhangi para jawata.
38. Wangsul marang tanah Ngindhi, wus samekta sigra budhal, kebut pra
jawata kabeh, nenggih saking pulo Jawa, jim peri parayangan, kang samya
ngungsi rumuhun, ing mangke wangsul sadaya.
39. Mantuk marang tanah Ngindhi, kang kantun neng pulo Jawa, pan mung
dhemit lami bae, setan miwah brekasakan, maksih tetep sadaya, nenggih
dennira hangratu, marang ing Bathara Kala.
40. Mung punika ingkang maksih, kantung neng Nungsa Kambangan, wau
ingkang winiraos, nenggih Sang Hyang Jagadnata, myang sagung para
dewa, wus prapteng wukir Tengguru, lajeng hambabar swarga.
41. Para ratu tanah Ngindhi, jajahan kang tigang warsa, datan ewah
panganggepe, nenggih dennira mangeran, marang Hyang Jagadnata,
nanging ing wukir Tengguru, pan sampun kathah kang risak.
42. Kabuyutaning para ji, duk tinilar laminira, ing gangsal welas warsane,
dadya sagung para raja, sadaya samya prapta, kang celak wukir
Tengguru, mangun kabuyutanira.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 176


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

43. Sang Hyang Guru yasa malih, kayangan wukir Kelasa, [364] apan gunung
tanah Selong, gambaring swarga binabar, sagunging para raja, kang celak
sadaya sujud, prapta neng wukir Kelasa.
44. Karya kabuyutan sami, aneng imbanging parbata, cinatur cendhake bae,
reroncene tan winarna, buru lampahing konda, mangsuli caritanipun, Sang
Resi Catur Kaneka.
45. Kadya sareng lampahneki, lan ing babar Manikmaya, nanging gantya
winiraos, Sang Rsei Caturkenaka, titiga putranira, pra samya jalu kang
sepuh, paparab Kanekaputra.
46. Mumpuni guna kasektin, myang jaya kawijayan, miwak kawicaksanan,
anglangkungi ingkang rama, panenggak Resi Paksa, Pritanjala kang
waruju, putra titiga pan samya.
47. Patut saking Dewi Laksmi, sawusnya puputra tiga, pan lajeng lami
longkange, pirang warsa tan puputra, kang garwa nulya musna, cinipta
maring Hyang Guru, kinarya lintuning Uma.
48. Raganira Dewi Laksmi, pinanjingan nyawa Uma, sang Dewi Laksmi
nyawane, pinanjingken raga Durga, ingkang awarna ditya, Catur Kenaka
winuwus, sapengkerira kang garwa.
(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 43 ۩۩۩


PANGKUR

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
1. kalangkung wiyoganira, nanging sampun pinupus [365] jroning galih,
saben oneng garwanipun, Sang Hyang Caturkenaka, korud kamanira
winadhahan cupu, ingaran retna Dumilah, musthikaning sosotyadi.
2. Ing saben-saben mangkana, honeng garwa korud kamanireki, nulya
winadhahan cupu, sawusnya ing antara, winarisken cupu marang putra
sepuh, ginegem neng asta kanan, retna Dumilah tan kaeksi.
3. Nalika Hyang Jagadnata, hangrengganu wukir Tengguru nguni,
sasampuning para ratu, tanah Ngindhi sadaya, samya manut mangeran
maring Hyang Guru, tedhaking Hyang Darmajaka, myang tedhakira Hyang
Ening.
4. Miwah putra Sang Hyang Maya, ingkang aneng jagad sunyoruri, kang
aneng jro samudragung, sadaya manut samya, mring Hyang Guru aneng
wukir Tengguru, kinen lajeng ngejawantah, aneng marcapada sami.
5. Pinernahken sowang-sowang, panggenane dennya bebakal sami, ana
ngalas ana gunung, desa aneng nagara, ana dadya pandhita myang
dadya ratu, mung resi Kanekaputra, ingkang tan arsa sumiwi.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 177


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

6. Marang ing Hyang Jagadnata, lajeng pamit mring rama mangun teki, tapa
aneng samudra gung, tan telas dening toya, pan pitekur aneng
ngudayaning alun, mustika retna Dumilah, ginegem asta maksih.
7. Pan wus pirang-pirang warsa, dennya tapa neng [366] telenging jaladri,
wusnya gentur tapanipun, tejanira sumunar, ngayah wiyat kawistara mring
Hyang Guru, sigra kinen amariksa, marang telenging jaladri.
8. Nulya samya pinariksa, pra jawata wangsul atur hudani, kang mawi teja
sumunu, lamun maharsi tapa, neng samudra pitekur tapane bisu, boten
teles dening toya, Hyang Guru kagyat lingnya ris.
9. Yeng mangkana wong kang tapa, timbalana iya mring ngarsa mami, lamun
mopo tan lumaku, wasesanen kewala, aja nora kagawa mring
ngarsaningsun, sandika kang para dewa, wangsul sadaya wus prapti.
10. Hing ngarsanira kang tapa, pra jawata handhawuhaken sami, tineter-teter
meksa tan sumaur, kaku tyasing para dewa, kang tapa cinadhak aglis.
11. Nedya binopong kewala, hingaturaken marang ing Hyang Pramesthi,
wanti-wanti kang hanjunjung, kang tapa datan obah, kinalihan kinapatan
kajunjung, pineksa-peksa tan kangkat, senendhal-sendhal tan osik.
12. Kaku tyasing para dewa, muring-muring dadya sa-[367]mya gitiki, ana bithi
ana jagur, kang tapa datan obah, dadya krodha pra jawata nyandhak
gupuh, sagung gagamaning aprang, ana gada ana bindhi.
13. Hana dhendha myang bedhana, hana malu-malu mamrem mapiling,
nenggala parasu limpung, hana nyakra nyantan ana tumama, kang tapa
meksa tan osik.
14. Krodha Sang Bathara Brama, medalaken geni ratuning geni, saking sarira
sru murub, binesmi kang atapa, datan pasah eca dennira pitekur, wulu
salomba tan gigal, wus sirep urubing ngagni.
15. Sangsaya wuwuh kang tapa, cahyanira sumunu hanelahi, dadya jrih
sadaya mundur, sagunging pra jawata, sampun prapta ing ngarsanira
Hyang Guru, wus katur sahaturira, tiwase lampahireki.
16. Hyang Girinata saksana, hangawaki tumurun sampun prapti, satelenging
samudra, ngarsanira kang tapa, mesem ing tyas Hyang Girinata wus
weruh, kang sinedya tapanira, pangandikanira aris.
17. Heh babo mati raga, tapanira dene kepati-pati, apa ta kang sira jaluk, age
sira ucapna, sun turuti apa sasedyanireku, yen amriha wicaksana,
kawicaksananireki.
18. Wus ngluwihi ing sajagad, yen amriha sira guna [368] kasektin, apan ta wis
luwih punjul, ing guna sektinira, lah ta apa kang sira sedya ing kalbu, apa
sira mrih sisihan, mara pilihana sami.
19. Saisine swarga loka, widadara kalawan widadari, kabeh padha ayu-ayu,
kang tapa datan obah, maksih ngeca-eca dennira pitekur, ngling malih
Hyang jagadnata, lah iya ingsun wus uning.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 178


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

20. Tanpa gawe temening wang, nama Guru dadya ratu swargadi, tan wruh
sadurung tinutur, marmane sira tapa, sedyanira bisawa padha lan ingsun,
dadi ratuning swarga, sinebuta ing sabumi.
21. Tapawa saleksa warsa, ingsun nora tapawa ing sahari, mongsa bisawa
sireku, madhani jenegingwang, dadi ratuning swarga jer kari sepuh, ana
maning kang atuwa, kang teja lan cahya wening.
22. Bumi langit parengira, ana maning iya ingkang ngungkuli, kang tuwa
dhewe pan amung, ananing Hyang Wisesa, duk miyarsa kang tapa pitekur
jumbul, Sang Resi Kanekaputra, gumuyu latah dennya ngling.
23. Ya ingsun Kanekaputra, sadurunge beta sudhah hudani, dhi haran
Pramesthi Guru, guruning para dewa, yen amunge wruh ing kono bae
durung, waspada jatining tunggal, tunggal wisesa dinalih.
24. Dinalih sepuh priyongga, henggonira bestu hestu-
hestu-[369]ning sisip, sisip
satemah kasiku, siniku mungguh hing Hyang, Hyang Wisesa duk misihe
awang-
awang-uwung, bumi langit durung ana, kang ana dhingin punapi.
25. Nglingnya Sang Kanekaputra, tanpa ngucap jetung wasana mamrih,
mamriya Bathara Guru, pinardiya dening Sang, tapa lemnggah heh kakang
nedha wak ingsun, ing pangawruh jaten nana, kang durung ana ing kami.
26. Lan maninge sira kakang, ingsun gawa munggah marang swargadi, para
jawata sedarum, kabeh sira rehana, sapa ingkang nora nurut ing rehireku,
kabeh dera suralaya, kajaba yoga mami.
27. Sadaya matur sandika, Hyang Kanekaputra umatur aris, anenggih ingkang
pangrungu, denireng Hyang Wisesa, karsaning Hyang tan ana
pralamilanipun, kabeh sinung tetimbangan, ing ngandhap timbangan
nginggil.
28. Bumi kalawan akasa, elor kidul wetan kulon nimbangi, sagara timbang lan
gunung, geni timbang lan toya, padhang peteng rahina kalawan dalu,
baskara lawan basanta, mung lintang kang datan mawi.
29. Jalu timbang lan wanodya, bapa biyung nini tim-[370]bange kaki, bibi
paman ala ayu, kumet timbangan loma, namung uwa tan ana
timbanganipun, dadya timbaganing lintang, sadurunge wus pinasthi.
30. Wus pinasthi lawan sira, apan anyar kapedhak Hyang Pramesthi, Hyang
Girinata lingnyarum, lah kakang payo munggah, mring swarga Resi
Kanekaputra wus, manut ing Hyang Girinata, sareng mesat ing wiyati.
31. Sapraptanireng, Hyang Kanekaputra tetep ngluruhi, mring para dewa
sadarum, pra samya asih tresna, marang Resi Kanekaputra sumuyud, yata
wonten kang winarna, suteng Rembuculung nguni.
32. Kathahipun kawan dasa, maksih dadya wawerining wiyati, ngrurusuhi
karyanipun, rasaksa kawan dasa, sampun katur marang Hyang Pramesthi
Guru, sigra denira parentah, marang ing jawata kalih.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 179


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

33. Bathara Wisnu lan Brama, kinen numpes ditya kang ngrurusuhi, sutanira
rembu Culung, dadya werining wiyat, gya tumandang Bathara Brama lan
Wisnu, rumabaseng wil kang samya, dadya reregeding wiyati.
34. Rembu Culung sutanira, kawan dasa tinupes ing [371] ngajurit, namung
satunggal kang luput, ngungsi mring marcapada, lajeng tapa Pathutjantaka
ranipun, kuneng Hyang Girinata, nenggih kang sampun ngrenggani.
35. Kayangan wukir Kelasa, gantya ingkang winursita ing kawi, wonten
gegempalan catur, apan sareng lampahnya, lan ing Ngindhi nanging ta
gantya winuwus, wonten ratu karem dagang, trahira Nabi Ismangil.
36. Hing Nlajan nagaranira, lamun dagang bekta kaprabon jurit, Raja Sarkil
namanipun, anut agama Ngisa, ing puniku sang raja Sakil anuju, kesah
dagang reringkesan, tan mawi kaprabon jurit.
37. Mung bekta kapal satunggal, kang sinedya dagang mring tanah Ngindhi,
ngiras watak harsa weruh, ratu kang ngaku Allah, kang kayangan aneng
ing wukir, Tengguru, lampahira sampun prapta, laut geng tanah Ngindhi.
38. Katempuh ing angin topan, remuk palwanira sang raja Sarkil, tumpes
awaking perahu, yata wonten kocapa, anenggih Empu Honggajali apanuju,
pandhe aneng ing gagana, welas denira ningali.
39. Juragan remuk palwanya, tumpes rowangira tan ana kari, mung kantun
pangagengipun, satunggal dereng pejah, kombak kambul kalempit
kagulung alun, Sang Raja Sarkil saksana, sinember saking wiyati.
40. Sampun binekteng dharatan, sanget dennya kantaka [372] muntak warih,
dangu enget pungun-pungun, mulat ing ngarsanira, wonten jalma amawa
cahya sumunu, pekik tur maksih taruna, cinipta badhe kinanthi.
(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 44 ۩۩۩


KINANTHI

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
1. Sarkil wus handugeng kalbu, yen puniku kang nulungi, bisane prapteng
dharatan, dadya atetanya aris, dhuh angger sinten paduka, tutulung ing
kawlas asih.
2. Pundi kawijilanipun, lan sinten sinambat ing sih, kang tinaken pasaja, yen
putreng Empu Ramadi,
Ramadi Honggajali namanira,
namanira wayahipun Sang Hyang
Ening.
Ening
3. Lah ta paduka puniku, saking nagari ing pundi, punapa nangkoda dagang,
punapa namung lumaris, ing pundi, kula pan dede nangkoda, sejatosipun
Narpati ing Nrajan praja kawula, paparab Sang Raja Sarkil.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 180


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

4. Lampah kawula satuhu, pan inggih sedya sumiwi, mring kang samya
pinangeran, dhateng para ratu Ngindhi, ngiras ambekta dagangan, kaselak
manggih bilahi.
5. neng laut palwa ngong remuk, rencang sadaya ngemasi, sanadyan badan
kawula, sayekti lamun ngemasi, yen sampun tinulungan, mring nak angger
sang apekik.
6. Dhuh dhuh hadhuh putraningsun, kang asih ing ka-[373]walas asih,
punapa kang sun walesnya, pan kawula utang urip, parenga boten pareng,
nak angger kula aturi.
7. Tedhaka mring prajaningsun, ing Nrajan nagari langip, sawontene
kawularsa, mamales dhawahe kang sih, satetes toya ing Nrajan, lan
wonten suta ngong estri.
8. Dewi Sakka wastanipun, sajuga awon kang warni, punika lamun
kaparenga, kawula turken anyethi, hangger dhumateng paduka,
Hanggajali duk miyarsi.
9. Raja Sarkil wuwusipun, mesem ing tyas hanahuri, pukulun ing sih paduka,
pan inggih sampun kapundhi, ing samangke tyas kawula, dereng nedya
nambut krami.
10. Raja Sarkil lingira rum, sanadya hangger sang pekik, inggih dereng arsa
krama, kedah-kedah kula turi, pinarekka dhateng Nrajan, boten ketang
mung sahari.
11. Huningaa raosipun, toya ing Nrajan nagari, satuhunipun kawula, sasat
ngluwari punagi, yen hangger meksa tan arsa, mring pun bapa anglengani.
12. yekti ngong tan purun mantuk, ing sapurug hatut wingking, dadosa
panyahur kula, rehning sampun utang urip, Empu Hanggajali myarsa,
adrenge Sang Raja Sarkil.
13. Langkung kepyan jroning kalbu, ing wasana hanu-[374]ruti, sigra sareng
hangkatira, areruntungan wong kalih, Hanggajali susah ing tyas, dene
dangune neng margi.
14. Dadya lon dennya humatur, kalangkung susah puniki, yen kamsiha lampah
dharat, yekti yen lami tan prapti, paduka tuduh kewala, prenahe Nrajan
nagari.
15. Saking ngriki leresipun, amrih enggalipun prapti, paduka kawula bekta, ing
mangke margeng wiyatti, raja Sarkil cinandhak, binekta mesat wiyatti,
neng marga datan winarna, wus prapteng Nrajan nagari.
16. Jujug panangkilanipun, kagyat wadya ningali, ing praptaning ratunira, dene
ta amung pribadi, pan amung bekta satriya, satunggal kalangkung pekik.
17. Pan ing nguni kesahipun, dagang mring nagari Ngindhi, bekta baita
satunggal, ing mangkya praptanireki, saking jaleg tanpa sangkan,
wadyanya kang dherek nguni.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 181


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

18. Satunggil datan kadulu, Sang Raja Sarkil jarwani, marang sagung
wadyanira, tiwase lampah ireki, katempuh ing angin salah, palwa remuk
neng jaladri.
19. Tumpes awaking perahu, siji tan ana kang keri, [375] mung sarirane kang
gesang, tinulungan Hanganjali, binekta mentas dharatan, ngungun wadya
kang miyarsi.
20. Raja Sarkil gya ngedhatun, tan kantun pung Hanggajali, animbali
putranira, Dewi sakka sampun prapti, ing ngarsanira kang rama,
tumungkul dennira linggih.
21. Marang mulat ing tetamu, wau Empu Hanggajali, mulat marang Dewi
Sakka, kasmaran sajroning galih, tuhu yen ayu utama, ruruh ing pasemon
wingit.
22. Sang retna pan sampun mundur, Raja Sarkil lingiraris, lah ta paran
putraning wang, miyat warnane kang rayi, matura ingkang pasaja, punapa
seneng ing galih.
23. Punapa boten panuju, matur Empu Hanggajali, pasaja ing senengira,
sukeng tyas Sang Raja Sarkil, ing solah datan winarna, cinatur Mpu
Hanggajali.
24. Pan wus dhinaupaken sampun, nenggih lan putrinireki, rinengga
patemonira, sira Empu Hanggaji, lawan Retna Dewi Sakka, apanta lajeng
garbini, duk lagya nyidham kaworan, Empu Hanggajali pamit.
25. Mring kang rama nuwun mantuk, dhateng tanah Ngindhi malih,
hingampah-ampah tan kena, rehning maksih sinung kardi, marang ing
Hyang Jagadnata, karya gagamaning jurit.
26. Mung meling sapengkeripun, yen lahire kang ja-[376]bang bayi, den
namanana Sengkala, wusnya meling Hanggajali, mesat saking nagri
Nrajan, wangsul dhateng ngindhi malih.
27. Kang tinilar samya ngungun, cinatur sang raja Sarkil, awlas mulat mring
kang putra, dene ta dennya garbini, ngantos prapteng sangang warsa,
jabang bayi dereng lahir.
28. Telas gendhinging dhudhukun, kang nggarap sang raja putrio, pan maksih
seger kewala, miwah kang para maharsi, medal japa mantranira, raja
Sarkil sru prihatin.
29. Dungkap ing sadasa tahun, dennya sang retnadi, pan maksih seger kewla,
giyuh ing tyas raja Sarkil, kesah saking prajanira, tan hambekta bala siji.
30. Jajah wana gunung-gunung, nedya ngupaya jejampi, manggih ingkang
para tapa, tan wonten ingkang kadugi, sung husada Dewi Sakka, babarken
dennya garbini.
31. Wus mangkana lampahipun, pinangihan hing Ngijrail, sung sasmita niyup
nyawa, nyebul astane kakalih, nulya musna tan katingal, garjita sang raja
Sarkil.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 182


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

32. Sinebul bunanipun, ngestokken rakiting nguni, [377] kang asung sasmita
musna, panyebulira kaping tri, jabang bayi mijil sigra, jalu warnanya
apekik.
33. Hamawa cahya sumunu, sarta wus kapanggih resik, tanpa bing-bing
miwah erah, kang sarta ibunereki, tan mantra yen mentas babar, pan
lajeng rencang tarincing.
34. Jabang bayi datan ayun, nesep mring ibunereki, pirang inya datan arsa,
pan amung nesep driji, sinungan nama Sengkala, nglestarekaken ing
nguni.
35. Ingkang rama welingipun, menggah geng kang jabang bayi, lir dinus ing
gege toya, kalis sagunging sasakit, tuhu yen rare kajiman, sabisanira
lumaris.
36. apan lajeng saged mabur, dedolanan mring wiyati hanenggih Jaka
Sengkala, wus yuswa sadasa warsi, eram kang samya humiyat, cendhake
bae winarni.
37. Sinemahken marang wiku, pan kenen mulange ngaji, eram kang para
pandhit, landhepe ing tyasireki, barang ingkang den wulangna, tan alami
nulya bangkit.
38. Kitab gung ngagung wus putus, tan ana den pakewuhi, sagunging para
Pandhita, tumpak ngelmunira sami, malah kawicaksanannya, pasang
limpating lulungit.
39. Hangluwuhi ingkang mumuruk, umur kalih welas war-[378]si, mothah
marang ingkang eyang, taken sudarmanireki, linimur-limur tan kena, yen
kang eyang tan jarwani.
40. Pamit kesah ndon anglangut, ngupaya marganing pati, kang eyang kewran
ing driya, ing wasana hanjarwani, dhuh wayah ingsun Sengkala, wus
diwasa sira mangkin.
41. Nora kena ngong lilipur, iya kulup sun jarwani, pan dudu jalma manungsa,
sejatine apan ejim, iya kang yoga ing sira, kusuma jum trahing Nabi.
42. mPu Hanggajali ranipun, putraning Empu Ramadi, maksih mambu
akrabira, sang Hyang Pramesthi, jiin kang padha pinangeran, marang para
ratu Ngindhi.
43. Dhaupe lawan ibumu, sudarmanira ing nguni, purwane sung lunga
dagang, iya marang tanah Ngindhi, katempuh ing angin salah, remuk
palwaningsung kaki.
44. Wadyaningsu saperahu, tumpes siji nora kari, namung ingsun tinulungan,
marang sudarmanireki, sun gawa mulih marang Nrajan, ingsun dhaupaken
nuli, iya lawan ibunira, duk ngidam kaworan kaki.
45. Nuli pamit wong tuwamu, mulih marang tanah Ngin-[379]dhi, sun handheg-
handheg tan kena, rehning maksih sinung kardi, marang ing Hyang
Jagadnata, karya gagamaning jurit.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 183


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

46. Mung mekas bae maringsun, manawa sira wus lahir, kinen ngarani
Sengkala, marma sira iku kaki, sun jenengken Sengkala, pucunge ramanta
nguni.
(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 45 ۩۩۩


PUCUNG

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
1. Duk miyarsa Sengkala suka kalangkung, dene sudarmanya, kusuma trah
Nabi Sis, nembah matur lamun makaten eyang.
2. Hulun pamit dateng aduka pukulun, harsa ngabektiya, inggih dhateng ing
sudarmi, hangupaya mring Ngindhi mugi paringgiha.
3. Ingkang eyang alon pangandikanipun, lamun adreng sira, nora kena sun
gandholi, kudu-kudu ngupaya sudarmanira.
4. Sayektine nora bisa raganingsun, ngampah karepira, karana ngapa wus
wajib, iya ingsun jumurung donga kewala.
5. Mugi-mugi sira gelisa kapangguh, lan sudarmanira, pakaryane pandhe
wesi, neng gagana yen ora luhur samudra.
6. Sawusira linilan ing pamitipun, gya jaka Sengkala, mring kang eyang
hangabekti, mundur lajeng mesat marang ing gagana.
7. Kang tinilar sadaya sami wulangan, ibu miyang kang eyang, lam-lamen
wadya sanagari, kari tis-tis koncatan ing sotyanira.
8. Kuneng nagri ing Nrajan ingkang winuwus, lampahe [380] Sengkala, wus
prapta tanah Ngindhi, neng gagana mulat luhuring samudra.
9. Wonten teja saking mandrawa sumunu, winawas jro teja, wonten sujalma
alinggih, sarwi pandhe aneng saluhuring toya.
10. Datan mawi abahan mung paron dhengkul, kepel palunira, kang kinarya
supit jriji, spuh idu ububan panasing grana.
11. Tanpa geni mung pinandeng wesi luluh, garjita jroning tyas, Jaka Sengkala
mrepeki, prapta lajeng tumundhuk neng ngrasanira.
12. Empu Hanggajali kagyat dennya dulu, wonten rare prapta, pekik cahyanya
nelahi, saking wiyat bisa lungguh luhur toya.
13. Kendel dennya pandhe hatetanya rum, heh sireku sapa, bisa prapta
ngarsa mami, sira jinising jim apa ta manungsa.
14. Hangakuwa ngendi pinangkanireku, miwah sedyanira, kongsi prapta
ngarsa mami, sapa namanira miwah kang ayoga.
15. Kang dinangu pesaja ing aturipun, wartine jeng eyang, ing Nrajan sang
raja Sarkil, kangjeng ibu manungsa ran Dewi Sakka.
16. Sudarma ngong jinising jim wartinipun, Hanggajali nama, pinangkane
saking Ngindhi, sinung nama saking welinging sudarma.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 184


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

17. Pun Sengkala duk lagya wawrat jeng ibu, tinilar, [381] jeng rama, mantuk
dhateng Ngindhi malih, lamun lahir kinen mastani Sengkala.
18. Dene prapta kawula Ngindhi pukulun, mung nedya ngupaya, ing sudarma
yun ngabekti, neng gagana kawula ningali teja.
19. Jroning teja kawula wawas pukulun, paduka katingal, pandhe neng luhur
jeladri, sami lawan welingipun kangjeng eyang.
20. Yen jeng rama inggih pandhe karyanipun, neng luhur samudra, milanipun
kawula glis, marek ngarsa paduka sedya nyatakna.
21. Hanggajali miyarsa suka kalangkung, yen mangkana sira, kulup putra
ngong pribadi, kang sun tinggal wetengan neng nagri Nrajan.
22. Hiya ingsun kulup sudarmanireku, Sengkala saksana, marek ing ngarsa
ngabekti, ngaras pada rinangkul lungayanira.
23. Wus mangkana kang putra tinundhung mantuk, marang nagri Nrajan, tut
wuri ngibunireki, ngrasa ana suka wibaweng nagara.
24. nanging ingkang putra lenggana kalangkung, kedah nut sudarma, anglebur
tapak ireki, ngrasa ana pratingkahing mati raga.
25. Ingkang rama nglegani putra dennya nut, salampah jantranya, tansah hing
rahina wengi, ngawasaken satingkahira kang rama.
26. Dennya pandhe karya gegaman prang pupuh, tan ma-[382]wi abahan,
mung tinangan bisa dadi, garap wesi kadya balethok kewala.
27. Dadya matur Jaka Sengkala wot santun, punapa wontena, pukulun
ingkang nimbangi, sining jagad ing guna sekti paduka.
28. Ingkang rama sarwi mesem, sahuripun, kulup iya ana, apan eyangmu
pribadi, kang mumuruk, kabeh guna sekti ingwang.
29. Hiya padha hanglakoni karyanipun, Sang Hyang Jagadnata, peparab
Empu Ramadi, kinen karya gagamaning para dewa.
30. Duk miyarsa Jaka Sengkala wotsantun, lamun makatena, kawula anuwun
pamit, sowan dhateng rama paduka jeng eyang.
31. Hulun nedya hanglebura tapakipun, supados angsala, ing pamulang guna
sekti, ingkang rama alon dennira ngandika.
32. Hiya ingsun jurung, sedyanireku, nuli ulatna, enggone eyang ireku, kang
pandhe gagana, karya gagamaning jurit, iya namung ingsun lawan
eyangira.
33. Wusnya sinung tedah Sengkala wot santun, mundur saking ngarsa, lajeng
mesat ngawiyatti, pan kakejer ngawasaken keblat sakawan.
34. Dangu-dangu ningali teja sumunu, neng luhuring [383] mega, jro teja
wonten linggih, sarwi pandhe gagaman tanpa abahan.
35. Pan wus kadya kang rama pratingkahipun, Sengkala wus duga, yen iku
eyangireki, lajeng marek ing ngarsa angaras pada.
36. Sang Hyang Empu Ramadi kangyat handulu, alon hatetanya, lah ta sapa
sira iki, prapta banjur anungkemi padaningwang.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 185


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

37. Kang dinangu nembah alon aturipun, kalamun kang wayah, putranipun
Hanggajali, patut saking putri Nrajan Dewi Sakka.
38. Purwa madya wasana pan sampun katur, dhaupe kang rama, nenggih lan
ibunereki, ingkang eyang miyarsa kalangkung suka.
39. Yen mangkana sira iku wayah ingsun, patut putri Nrajan, kaliwat trima
mami, sira perlu seba marang jeneng ingwang.
40. Haran mengkono wus kalakon sira kulup, apanggih lan ingwang, sartane
wus hangabekti, becik nuli baliya sudarmanira.
41. Lamun ora miluwa ibunireki, sakarepmu ana, iya ing Nrajan nagari,
ingkang wayah tur sembah sanget lenggana.
42. Yen wangsula mring rama miwah mring ibu, sedya ngong tan liyan, pejah
gesanga sayekti, namung nedya nglebur tapake jeng eyang.
43. Wus mangkana Sengkala ing siyang dalu, tansah lunggweng ngarsa,
ngawasken tingkah ireki, ingkang eyang dennira karya gegaman.
44. Mung kinarya sarat nganggo paron dhengkul, palu [384] kepelira, jatine
ingkang sayekti, dadine kang gagaman sarta lancipta.
45. Eram ing tyas Sengkala dadya umatur, dhuh eyang punapa, sadya isining
bumi, wonten ingkang nimbangi sekti paduka.
46. Ingkang eyang mesem dennira sumaur, sayekti ya ana, kulup ingkang
ngungkuli, marang ingsun putraning Hyang Jagadnata.
47. Gagedhunging dewa ran Bathara Wisnu, iku wus tan ana, ing tri loka kang
nimbangi, kasetene myang guna prawiraning prang.
48. Pinarnahken jagad lor kayanganipun, kaprenah wakira, Bathara Suman
prajurit, lan sudarmanira lagi sanak misan.
49. Dene Sang Hyang Jagadnata lawan ingsun, lagya nak ing sanak, eyangira
Sang Hyang Ening, pan arine tumulidene Hyang Tunggal.
50. Duk miyarsa Jaka Sengkala won santun, yen makaten eyang, kawula
anuwun pamit, sapunika mugi tuwan lilanana.
51. Badhe sowan inggih meing Bathara Wisnu, supaya mulata, pratingkah ing
guna sekti, pinten banggi yen angsala wulangira.
52. Ingkang eyang pangandikanira arum, lah iya sebaha, kulup pan ingsun
jurungi, yekti lamun kena ing sasedyanira.
53. Lamun puruhita mring Bathara Wisnu, nora kukura-[385]ngan, kulup ing
guna kasektin, nanging kudu laku brangta marang tapa.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 186


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 46 ۩۩۩


ASMARADANA

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
1. sangkala suka tan sipi, wus den ideni kang eyang, nanging sajroning
galihe, sanadyan Sang Hyang Kesawa, kalamun maksih ana, kang
ngungkuli sektinipun, tan arsa yen guronana.
2. Sigra denira ngabekti, ngaras padane kang eyang, wus mundur saking
ngrasane, lajeng mesat mring ngawiyat, mring nguntara samudra, katon
tejane sumunu, yayah sundhula ngakasa.
3. Jroning teja den tingali, nenggih swarga kayangan, pan sosotya cemeng
kabeh, rarenganireng kayangan, miwah dhedhasarira, ting paluncar ting
palancur, ting pancorot ting pancurat.
4. Winaneng sosotya wilis, lir mega ngemu sudarma, ting parelik ting parelok,
sajroning swarga kayangan, katingal wonten lenggah, mungging palongka
jumerut, Hyang Wisnu lawan kang garwa.
5. Kusuma retna Dewi Sri, Jaka Sengkala praptanya, sampun handuga
galiye, yen iku Sang Hyang Kesawa, lajeng marek ing ngarsa, nembah
ngraup padanipun, Bathara Wusnu tan samar.
6. Yen putreng mPu Hanggajali, alon denira ngandi-[386]ka, bageya
pulunaning ngong, apa ta padha raharja, kulup kang sira tinggal, aneng ing
Nrajan ibumu, miwah ta sudarmanira.
7. Apa dene yangireki, kang ing mengko lagi padha, hanglakoni ayahane, iya
Hyang Jagadpratingkah, pandhe aneng gagana, lan padha luhuring laut,
karya gagamaning prang.
8. Sengkala eram tan sipi, dene sidiking paningal, dereng winarah wus
weroh, nembah alon aturira, sing sapengker kawula, sadaya sami rahayu,
Hyang Wisnu malih ngandika.
9. Heh kulup praptanereki, mring sun amung nedya, ing guna miwah
kasekten, luput ing sasedyanira, endah apa kayangan, sarwa sonya sarwa
suwung, angurta nuli muliya.
10. Marang ing Nrajan nagari, tan ana kang kukurangan, sakarsanta ana
kabeh, den mungguh kasubdiyan, guna kaprawiraning prang, kurang apa
wong tuwamu, apa dene eyangira,.
11. Mumpuni guna kasektin, Jaka Sengkala tur sembah, dhuh pukulun
satuhune, sampun lami gen kawula, humiring kangjeng rama, miwah jeng
eyang pukulun, wus tuwuk gen hulun miyat.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 187


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

12. Ing guna kasektinireki, pang ing mangke tyas kawula, pejah gesang nedya
nderek, hanglebur tapak paduka, satuduh tan lenggana, ajura den kumur-
kumur, Hyang Wisnu mesem ngandika.
13. Heh ta iya apa maning, yen wus dhasar sira sedya, [387] nut laku
jantraning ngong, lah payo sira meluwa, sun gawa nganglang jagad,
Bathara Wisnu wus weruh, jroning tyas Jaka Sengkala.
14. Yen maksih ana ngungkuli, datan arsa puruita, marmanya linantur bae,
wineruhken sektinira, binekta nganglang jagad, Jaka Sengkala tan kantun
binekta sapurugira.
15. Nulya lumebeng jaladri, jajah sajroning samudra, binekta mring ajur-ajer,
wusnya jajah jro samudra, manjing bumi kasapta, jinajah sadayanipun,
anumung sakedhap kewala.
16. Sengkala eram tan sipi, wus nyipta yen ora ana, saisining jagad kabeh,
kang dadya Sang Hyang Kesawa, ing guna sektinira, dadya lon denya
humatur, pukulun kawula tanya.
17. Punapi isining bumi, wonten nimbangi paduka, ing guna myang kasektene,
kadya supena kewala, raosing tyas kawula, atut wingking ing pukulun,
nalikanya nganglang jagad.
18. Miwah manjing jro jaladri, namung sakedhap kewala, jajah jroning
samudra rob, utawa manjing bantala, jajah bumi kasapta, mung sakedhap
nunten butul, Hyang Wisnu mesem ngandika.
19. Kulup lamun tanah Ngindhi, ejim utawa manungsa, [388] Resi para ratu
kabeh, sanajan para jawata, sawiji nora nana, kang nimbangi raganingsun,
wus karsaneng Sang winenang.
20. Tinitah dewa prajurit, ananging kulup ya ana, dudu tanah Ngindhi kene,
kang ngungkuli raganingwang, ing guna kasektinira, apan pawong
mitraningsun, Ngusmanaji namanira.
21. Putraning Sri risang Ngajid, yeku kulup guruningwang, kasok wulange
maring ngong, risang Ngajid ngambil putra, ingsun pan kinakadang, iya lan
putrane jalu, Ngusmanaji wus gumantya.
22. Panggedhening Banisrail, nut agama Nabi Ngisa, kareh ing rum karatone,
Ngusmanaji wus dumadya, paguron para raja, Jaka Sengkala wot santus,
pukulun yen makatena.
23. Kawula anuwun pamit, mugi tuwan lilanana, mring Banisrail samangke,
yen sembada kawularsa, pukulun puruita, mring Pandhita kang dibya
nung, kang nglangkungi ing paduka.
24. Ngusmanaji Banisrail, Bathara Wisnu ngandika, iya sun jumurung bae, sira
nedya puruhita, yekti yen ora cuwa, Ngusmanaji wiku punjul, tumuli sira
mangkata.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 188


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

25. Jaka Sengkala wot sari, mangaras pada kalihnya, wus mundur saking
ngarsane, mesat saking ing nguntara, neng marga tan winarna, cinendhak
lampahira wus, ing Banisrail wus prapta.
26. Lajeng tumameng ngarsaning, Ngusmanaji lagya mu-[389]lang, marang
ing para muride, kagyta praptane Sengkala, marang ing para muride,
kagyat praptane Sengkala, lajeng marek ing ngarsa, ngaras pada
kalihipun, sawusira kinen lenggah.
27. Ngusmanaji tatanya ris, heh kulup tigas kawuryan, dene tembe ingsun
tumon, ing ngandi pinangkanira, miwah ta kang ayoga, prapta aneng
ngarsaningsun, paran ingkang sedya.
28. Lan sama namanireki, Sengkala matur pasaja, saking Ngindhi pinangkane,
mPu Hanggajali kang yoga, nama Jaka Sengkala, putri Nrajan ibunipun,
Ibnu Sarkil sang dyah Sakka.
29. Mila ngong prapta sumiwi, ing ngarsa Maha Pandhita, saking tyas dahat
mudhane, pan sumedya puruhita, anglebur tapak tuwan, anglampahi ing
satuduh, Ngusmanaji ngandika.
30. Yen mangkono sira kaki, bapa jim ibu manungsa, nging seje agama, tanah
Ngindhi nama Ngindhu, kabeh-kabeh nebut dewa.
31. Nagara ing Banisrail, nut agama Nabi Ngisa, yen sira nunggal maring
ngong, yekti kudu manut sira, agama Nabi Ngisa, Jaka Sengkala wot
santun, yekti yen anut kawula.
32. Resep ing tyas Ngusmanaji, mring sira Jaka Sengka-[390]la, dene jim
luhur bangsane, sembada pekik warnanya, pasang limpat grahita, wiweka
pratameng tanduk, cinatur Jaka sengkala.
33. Siyang dalu tansah mungging, neng ngrasa Maha Pandhita, barangkang
den wulangake, sami sakala sagednya, kitab gung agung samya
kacandhak samuradipun, dhasare duk aneng Nrajan.
34. Pangraosira wus inggil, mangkya nyengkaken kewala, tumpalk ngelmunira
kabeh, Ngusmanaji mring Sengkala, samana duk miyarsa, kitab
lalampahanipun, nenggih Kanjeng Nabi Ngisa.
35. Kawit duk babarireki, Jeng Nabi prapteng akeratnya, Jaka Sengkala turnya
lon, pukulun titahing suksma, punapa ta wontena, nimbangi panutan
ingsun, Jeng Nabi Ngisa Rohullah.
36. Ngusmanaji mesem angling, kang ngungkuli iya ana, muni kitab jus
halgubes, Nuringrat lahir ring Mekah, Nabi Nayakeng jagad, Mustapa
ingkang rinasul, iya Jeng Nabi Mukamad.
37. Pun Nabi Kabib
Kabibullahi,
ullahi, besuk jaman akhir padha agama loro rasane, umate
Nabi Mukamad, lan umat Nabi Ngisa, nora nana endhek dhuwur, apan
timbangan kewala.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 189


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

38. Jaka Sengkala turnya ris, yen makaten nuwun te-[391]dah, panggenanipun
samangke, Jeng Nabi Nayakeng jagad, inggih ta kang tumibeng, ing Nabi
panutan hulun, destun arsa huninga.
39. Sru gumujeng Ngusmanaji, durung ana ngalam dunya, Nuringrat besuk
lahire, kurang limang atus warsa, ananging jroning kitab, jus halgubes wus
amuwus, lamun kongsi sira nyebad.
40. Hiya marang Kangjeng Nabi, Mukamaddinilmustapa, hananging ana
sarate, kudu sira marang Lulmat,
Lulmat anginum banyu gesang, ya wus bener
sira iku, jinis jim tan keneng pejah.
41. Hananging kitab wus muni, yen sira weruh ing Lulmat, adus lan nginum
banyune, ingkang muni jroning kitab, iya luhurira, Sayidin Anwar rumuhun,
kang miwiti wruh ing Lulmat.
42. Kongsi nginum banyu urip, anulya Sultan Iskandar, lan Nabi Kilir rowange,
nanging Jeng Sultan Iskandar, tan kongsi nginum toya, mung Nabi Kilir
kang nginum, anuli Jeng Nabi Ilyas.
43. Ingkang kongsi nginum warih, pungkasane apan sira, kongsi nginum
banyune, besuk jaman akhir ana, ing Sam Sultan Mashuran, prapteng
Lulmat nora nginum, ing banyu mundur kewala.
(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 47 ۩۩۩


DURMA

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
1. Duk miyarsa Jaka Sengkala turira, sandika ha-[392]nglampahi, ing reh
jeng paduka, kawula nuwun tedah, ing Lulmat gen toya urip, pundi
prenahnya, Ngusmanaji lingnya ris.
2. Keblat papat lor kidul kulon myang wetan, kabeh iku sayekti, iya ana
Lulmat, tegese apan tanah, kang tan pisan-pisan kaki, kasongan surya,
marma peteng tan sipi.
3. Lawan adhem angluwihi sabuwana, kongsi kenthel kang warih, lir watu
atosnya, yen nora lan nugraha, sayehti tan bisa prapti, tanah ing Lulmat,
saking peteng lan atis.
4. Nanging ana sarate yen parpateng Lulmat, ana burone kaki, singa barong
seta, iku sira cekela, bathuke nganggo ciuci, sira bedhela, paten lengane
kaki.
5. Gonen boreh lan sipatena ing netra, yekti yen luput ngatis, lan sira
angambah, ing peteng kotan padhang, dene gonne banyu urip, yen sira
mulat, papeteng kang nglimputi.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 190


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

6. Kaya mendhung ireng ngendanu limengan, pating parentul mili, wetune


kang tirta, saking sagara rakhmat, iya iku banyu urip, sira nginuma, lah ta
wis mangkata aglis.
7. Ingsun jurung pandonga ing lakunira, rahayunireng margi, prapteng paran
pisan, gupuh Jaka Sengkala, ngaras pada mundur aglis, saking
ngarsanya, lajeng mesat wiyatti.
8. Ngaler leres sineru kras iberira, cinendhak sam-[393]pun prapti, nenggih
tanah Lulmat, mendhung cemeng limengan, peteng dhedhet hanglimputi,
tanpa watesan, sarta adhem tan sipil.
9. Mangu ing tyas dadya kendel lampahira, de maksih sajatining,
pepetenging Lulmat, sarira wus karasa, kekes asrepe tan sipi, enget ing
driya, welinge Ngusmanaji.
10. Kinen ngambil sarat singa barong seta, tan antara ningali, singa barong
seta, medal saking ing Lulmat, rembyak wulu mawar putih, angangah-
angah, solahira ngajrihi.
11. Nander nubruk binarengan gya cinandhak, jilingira pinuntir, gumrebrug gro
rebah, bathuke tiningalan, menthol mawi uci-uci, binedhel sigra, lisahira
ingngambil.
12. Sinipatken ing netrane kalih pisan, sakantune kinardi, boreh ing sarira,
weradin sadayanya, sawusira sigra manjing, sajroning Lulmat, sampun tan
ngrasa atis.
13. Myang peteng pan sampun katingal padhang, sadaya pan kaeksi,
salebeting Lulmat, lampahnya saya nengah, Jaka sengkala wus prapti,
telenging Lulmat, genne kang toya urip.
14. Kadya mendhung ngedanu dhedhet limengan, pating [394] parentul sami,
kang medal warihnya, Sengkala wus handuga, lamun iku banyu urip, sigra
denira, adus lan banyu urip.
15. Srirane ngrasa yen nikmat manpangat, Sengkala darbe osik, pan arsa
weruha, pungkasane ing Lulmat, watese kang ler pribadi, isine apa, sigra
dennya lumaris.
16. Pan sinerang ngaler leres lampahira, lamine tan winarni, lampahe neng
marga, cinendhak pan meh prapta, watese kang ler pribadi, pungkasing
Lulmat, kaelokaning Widdhi.
17. Ngaler leres lampahe Jaka Sengkala, saking ngarsa udani, watese ing
Lulmat, wekasan lampahira, prapteng Banisrail malih, katingal lenggah,
gurune Ngusmanaji.
18. Langkung ngungun tyasira Jaka Sengkala, ljeng marak ngarsi, nembah
ngaras pada, sawusnya kinen lenggah Ngusmanaji ngandika ris, kulup
bageya, dene ta age parapti.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 191


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

19. Lah ta paran lakunira marang Lulmat, apa ta bisa prapti, goning toya
gesang, lan apa kongsi sira, adus nginum banyu urip, Jaka Sengkala,
nembah humatur aris.
20. Hinggih angsal hulun pangestu padyka, kawula saged prapti, inggih tanah
Lulmat, kantos nginum toyanya, miwah adus toya urip, saged kawula,
pukulun kantos manjing.
21. Jroning Lulmat ngestokken weling paduka, lisah-[395]ing uci-uci, singa
barong seta, ingkang kawula karya, sipat lan kawula kardi, boreh sarira,
dadya tan ngraos atis.
22. Miwah mulat papeteng katingal padhang, sadaya pan kaeksi, salebeting
Lulmat, sasampuning kawula, adus nginum toya urip, gadhahi cipta, pan
kapencut udani.
23. Pungkase ing Lulmat ingkang ler pisan, lumampah hulun prapta,
papantese ler medal, saking pepeteng ningali, paduka lenggah, mila
ngungun tan sipi.
24. Dene Banisrail kidul prenahira, lampah kawula nguni, angaler kewala,
inggih saking ing Lulmat, mangkat ngaler leres malih, prapteng watesnya,
temah ing Banisrail.
25. Ngusmanaji ngungun miyarsa turira, pangandikanira ris, kulup nora kena,
kaelokaning Hyang Suksma, yen ginayuha ing budi, wong kaya sira,
miwah wong kaya mami.
26. Pan wus lepas saking watara duduga, kaelokaning Widdhi, bisane kawula,
saking pamolahing Hyang, heh Sengkala sira mangkin, pan ingsun karya,
dadya sor-soran mami.
27. Paparab sira Sang Pandhita Isak, nagara Banisrail, pipitu kehira, kang wus
nama Pandhita, ing samengko ngong genepi, wolu lan sira, lungguh
sarsoran mami.
28. Duk miyarsa Sengkala nekem sirahnya, dahat den-[396]nya nuwun sih,
kasapta Pandhita, suka jumurung samya, ing karsa sang Ngusmanaji,
marang Sengkala, sadaya pra samya sih.
29. Dennya maksih taruna wus wicaksana, ing kawruh sarasaning, kitab
sadayanya, pasang limpat grahita, sembada warnanya pekik, sudireng
tapa, nimpuneng guna sekti.
30. Kuneng Banisrail gantya winursita, nenggih Sang Kesarumi, Sulta Rum
paparab, Ibnu Ayar Iskandar, Kistabul kithanireki, maksih taruna, hambeg
lir wali mukmin.
31. Prenah buyutira jeng Sultan Iskandar, Iskandar Dilkarmaheni, ratu gung
wisesa, tanah ing Rum sadaya, sinembah samining aji, semana lagya,
nimbali mring ngapatih.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 192


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

32. Prapteng ngarsa sultan Rum alon ngandika, heh paran bapa patih, ing
nguni jeng rama, dennira darbe karsa, ngiseni wpng pulo Jawi, saleksa
somah, tumpes tan ana kari.
33. Kongsi prapteng sedane, sun arsa nutugena, ngiseni manungsa, mring
pulo Jawa, patih matur wot sari.
34. Pan kawula ndherek ing karsa paduka, langkung oweling Gusti, pulo tanah
Jawa, yen tan kisen manungsa, kathah wukiripun Gusti, kang medal toya,
dados sumber myang kali.
35. Nanging sahenipun paduka nglampahana, Pandhita [397] kang angirit,
wongsaleksa somah, sami bekta sarat, tutumbal amrih sirnaning, kang
brekasakan, dhadhemit tanah Jawi.
36. Jeng Sultan Rum karemaning tyas miyarsa, ing ature kya patih, iya wus
prayoga, tumuli kongkonana, animbali Ngusmanaji, lan pra Pandhita,
kabeh ing Banisrail.
37. Lan saosa sira wong saleksa somah, sandika kya patih, medal saking
pura, lajeng sennya utusan, marang nagri Banisrail, lan parentah, mring
sagung pra Dipati.
38. Kinen sami saos wong saleksa somah, wauta lampahneki, duta ingkang
marang, Banisrail wus prapta, animbali Ngusmanaji, sakancanira, sadaya
sampun kerid.
39. Praptaning Rus Ngusmanaji dhinawuhan, timbalan Sri Bupati, kinen
hangiridda, wong Rum saleksa somah, den isekna pulo Jawi, lawan
masanga, jimat tutumbal sami.
40. Hamrih sirnanira dhemit tanah Jawa, sandika Ngusmanaji, bekta
rerehannya, Pandhita kawan dasa, ingkang saking Banisrail, lan
winewahan, Pandhiteng Rum nagari.
41. Kawan dasa miwah Pandhita urunan, kang saking pra Narpati, nenggih
kalih dasa, kalempaking Pandhita, kang bedha mring tanah Jawi, satus
sadaya, bekta tutumbal sami.
42. Miwah wong saleksa wus bekta, sasanguni-[398]ra sami, winot ing baita,
sadaya sampun numpak, ing palwa wus layar sami, saking Rum mencal,
palwa gung sangsal angin.
43. Tan winarna lamine layar samudra, cinendhak sampun prapti, ing pulo
Semontra, wong Rum saleksa somah, pra Pandhita rembag sami, adum
ing lampah, denira numbali.
44. Miwah dennya badhe hamrenahken samya, tanah kang den iseni, lajeng
dennya layar, marang Nungsa Kambangan, Pandhita ingkang umiring, pan
kalih dasa, manungsa badhe isi.
45. Dening Nungsa Kambangan rong ewu somah, pandhitane pendhemi, ing
jimat tutumbul, banten kawitnya, nenggih kang den pendhemi.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 193


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

46. Sapangetan prapteng wates Balambangan, kang sami den pendhemi, ing
jimat tutumbal, panggusah brekasakan, pamburak setan dhedhemit, para
Pandhita, tan ana tolih wuri.
(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 48 ۩۩۩


PUCUNG

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
1. Palembang Nungsakambangan, myang ing tanah Jawa [399] sampun
waradin, pinasangan tumbalipun, tan wonten kalangkung, alas-alas guwa-
guwa gunung-gunung, kali pereng jurang-jurang, kang angker kang singit-
singit.
2. Sadaya wus pinendheman, ing jijimat sarat panggusah iblis, kabul ing
istijratipun, tumbaling pra Pandhita, gunung-gunung pereng muni
gumaludhug, rug rugrug harganing harga, hareg lindhu gonjang ganjing.
3. Sadaya kang pinendheman, ing tutumbal jurang myang kali-kali, guwa-
guwa medal kukus, kumelun ngamak-ampak, peteng dhedhet nulya na
swara gumuruh, kadya sambating karuna, tangising setan dhadhemit.
4. Tan ana kuwawa nandhang, ing panase jimat pendheman sami,
tutumbaling Pandhita mpuh, geger sagung lalembut, pan gumriwis ngungsi
mring sagara kidul, miwah lalembat Palembang, sadaya ngungsi jaladri.
5. Nungsakambangan tan beda, Sang Bathara Kala kalulun ajrih, lan sadaya
balanipun, sagung jim brekasakan, samya ngungsi marang ing sagara
kidul, saking tan kuwawa nandhang, panasing tutumbal sami.
6. Lir den obong pangrasanya, sasampuning sirep datan kapyarsi, nenggih
swara kang gumuruh, tangise kang lalembat, pra Pandhita sadaya
mrenahken sampun, panggenanipun manungsa, tanah ingkang den
babadi.
7. Sangkep sabekakasira, Pandhitane maksih samya [400] nenggani,
parentahira Sulta Rum, kinen ngantarakkena, tigang wulan nenggih denira
atunggu, yen wus nora nana pejah, yeku den tinggala malih.
8. Semana Pandhita Isak, aneng gunung kendheng panggenaneki,
manungsa ingkang tinunggu, apan rong ewu somah, sinengkelan
kunirawuk tanpa jalu, wong Rum kawitira babad, nenggih aneng kendheng
wukir.
9. Cinatur pan sampun kathah, isen isen saking Rum kang ngemasi, pan ora
sakit tineluh, ing dhemit brekasakan, saking tanah adhem sanget nagri ing
Rum, dineken ing tanah panas, marmanya datan kuwawi.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 194


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

10. Sanadyan Pandhitanira, ingkang tengga iya kathah ngemasi, sapraptaning


tigang tengsu, wong kang saleksa somah, ingkang gesang namung kantun
kalih atus, Pandhita satus kang tengga, mung kalih dasa kang kari.
11. Sakantunipun kang pejah, pan sadaya mantuk marang Rum malih, cinarita
angkatipun, mantuk Pandhita Isak, saking wukir kendheng nyengkalani
sampun, jalma sirna mati sunya, lan kaliwat babad nguni.
12. Apan maksih tunggil warsa, kawarnawa wong Rum [401] kang wangsul
malih, lamine datan winuwus, dennira neng lautan, pan cinendhak wus
prapta nagari ing Rum, Ngusmanaji sarewangnya, jujug ing rakyana patih.
13. Onadhita kang kalih dasa, apan lajeng binekta mring jro puri, parpta
ngarsanira Prabu, Ngusmanaji tur sembah, dhuh Gustiku Sultan Rum
ingkang pinunjul, saking para raja-raja, atur tiwas ingkang abdi.
14. Nlampahi karya Narendra, angiseni manungsa pulo Jawi, abdi paduka
saking Rum, ingkang saleksa somah, pejah ingkang sangang ewu wolung
atus, mung kalih atus kang gesang, Pandhita kang numbali.
15. Satus kantun kalih dasa, dene jimat tutumbalpanggusah iblis, awit
Somantra pukulun, dugi Nungsakambangan, alas-alas jurang-jurang
gunung-gunung, tan wonten kang kalangkung, sadaya dipun pendhemi.
16. Kados lamun katarima, ingkang sarat jimat tutumbal Gusti, alas-alas
gunung-gunung, kang sami pinendheman, pan sadaya sareng mungel
gumaludhug, rug-rugrug swaraning ngarga, lindhu ingkang bumi gonjing.
17. Samudra prakempa, sadayane tanah kang den pendhemi, medal kukuse
kumelun, dhedhet sapulo Jawa, nunten wonten swara kapyarsa gumuruh,
kadya sambating karuna, gumuruh mangidul sami.
18. Aturing badi paduka, pun Pandhita Isak ingkang [402] udani, dhateng
swara kang gumuruh, pan tangising lalembat, samya ngungsi dhateng ing
saganten kidul, marma pun Isak uninga, punika apan jinis jim.
19. Amung ibune manungsa, putri Nrajan bapa ejim sayekti, apan tunggil
jinisipun, lawan Hyang Jagadnata, ing Tengguru kang ngaken Hyang
Maha Luhur, ingkang samya Pinangeran, dhateng para ratu Ngindhi.
20. Pan sampun lami pun Isak, dennya ngaos wonten ing Banisrail, tyasipun
pan sampun teguh, anut agama Ngisa, murtat tilar saking agamaning
Ngindhu, marma nunten ulun karya, Pandhita ing Banisrail.
21. Taruna wus wicaksana, ing pangawruh ngelmu kang gaib-gaib, kitab
agung-agung wus putus, lan sampun wruh ing Lulmat, ngantos nginum
toya gesang pukulun, abdi paduka pun Isak, dhedhasaripun Jinis jim.
22. Imbuh nginum toya gesang, kaceta ing kitab apan meningi, Nuringrat
tumurunipun, inggih ing ngalam dunya, babaripun nenggih Jeng Nabi
panutup, Mukamaddinil Mustapa, kirang gangsal atus warsi.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 195


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

23. Babare bumi Mekah, abdi tuwan pun Isak kantos manjing, sakabat mring
Kangjeng Rasul, Sultan Rum duk miyarsa, ngungun ing tyas wasana
ngandika arum, ngendi kang ngaran Isak, konnen maju ngarsa mami.
24. Ngusmanaji ngawe sigra, nembah majeng Isak ma-[403]rang ngarsaji,
Sultan Rum reseb ing kalbu, marang Pandhita Isak, risang Ibnu Ayar
Iskandar lingnya rum, heh Isak kayapa paran, tuturmu mring Ngusmanaji.
25. Lalembut ing tanah Jawa, brekasakan miwah ingkang dhadhemit, ngungsi
mring sagara kidul, lah ta pinangan ngapa, bocak ingsun ing Rum kabeh
padha lampus, tur sembah Pandhita Isak, satuhu atur ngong Gusti.
26. Lalembat ing tanah Jawa, brekasakan setan miwah dhadhemit, giusis
mring saganten kidul, nadyan Bathara Kala, kang ngratoni lalembat
sadayanipun, kayangan Nungsakambangan, pan Bathara Kala Gusti.
27. Sutaning Hyang Jagadnata, ingkang pinangeran dhateng wong Ngindhi,
tutumbal pra Pandhita tampuh, pasah tumameng Kala, gumdam-gumdam
ngungsi mring saganten kidul, tan kuwawi panasira, dede tumpesipun
Gusti.
28. Wong ing Rum saleksa somah, boetn saking binadhog dhadhemit, tanah
asrep sanget ing Rum, dineken pulo Jawa, tanah panas mila kathah
ingkang lampus, wong Rum boten tahan panas, sanes lawan tanah
Ngindhi.
29. Wonge samya tahan panas, duk miyarsa anglengger Sri Bupati, kya patih
nambungi wuwus, heh Isak kaya paran, ing bisane lestari karsa Sang
Prabu, Pandhita Isak turira, kajawine den iseni.
30. Wong kang sami tanah panas, ingkang tahan pu-[404]nika pan wong
Ngindhi, sami panas tanahipun, ing Persi sapangetan, lamun wonten
inggih ing karsa Sang Prabu, kula kadugi ngupaya, wong Ngindhi sadasa
jinis.
31. Ingkang sami tanah panas, kang kuwawi wonten ing pulo Jawi, duk
miyarsa sang aprabu, linge Pandhita Isak, mring apatih suka ngandika
Sang Prabu, iya yen mangkono Isak, ongsa bodhowa sireki.
32. Bisane kisen manungsa, pulo Jawa ya wong sapuluh jinis, kang kaya
aturmu mau, haywa ge mulih sira, marang ing Rum lamun pulo Jawa
durung, bisa kausen manungsa, Isak sandika turneki.
33. Wus medal saking jro pura, pra Pandhita lawan rakyan patih, Isak lajeng
lampahipun, saking ing Rum kewala, sigra mesat marang ing gagana
ngayuh, anapak ing dirgantara, ing marga datan kawarni.
34. Cinadhak pan sampun prapta, lampahira nenggih ing tanah Ngindhi, jujug
ing sudarmanipun, lajeng nungkemi pada, ngaturaken ing sasolah
tingkahipun, unduring saking nguntara, lajeng marang Banisrail.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 196


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

35. Puruhita marang Ngusman, Aji pangageng ing Bani-[405]srail, lajeng mring
Lulmat anginum, nenggih kang toya gesang, sahantuke saking Lulmat pan
jinunjung, kinarya Pandhita Isak, sosorane Ngusmanaji.
36. Nulya humiring gurunya, Ngusmanaji dhateng ing pulo Jawi, dinuta mring
Sultan ing Rum, hangiseni manungsa, binaktanan mring Sultan wong
saking ing Rum, katahe saleksa somah, lawan malih den bektani.
37. Satus kathahing Pandhita, ingkang badhe mendhem tutumbal sami, amrih
sirnaning lalembut, praptaning pulo Jawa, kawit kilen Palembang
sapengetanipun, dumugi Nungsakambangan, sadayane den pendhemi.
38. Sarat tumbaling Pandhita, alas gunung guwa kang singit, tutumbaling
Pandhitampu, sagunging kang lalembat, samya ajrih ngungsi seganten
kidul, sanadyan Bathara Kala, inggih ajrih tumut ngungsi.
39. Antawising tiganf candra, wongsaleksa somah telas ngemasi, namung
kantun kalih atus, satus Pandhitanira, namung kantun kalih dasa lajeng
mantuk, wangsul dhateng Rum sadaya, sapraptaning nagari.
40. Sultan Rum ndangu kang kadya, sababipun dene wus den tumbali, teka
maksih wingitipun, wong Rum saleksa somah, ingkang gesang namung
kantun kalih atus, lan satu Pandhitanira, mung kalih dasa kang wuri.
41. Kawula matur pasaja, lamun boten saking binadhog [406] dhemit, tanah
asrep nagri ing Rum, dineke pulo Jawa, tanah panas marma kathah
ingkang lampus, saking tan kuwawi panas, kajawine tiyang Ngindhi.
42. Den isekna pulo Jawa, sami tanah panas yekti kuwawi, karenan tyasnya
Sultan Rum, miyaran tur kawula, ing wekasan kawula ingkang tinuduh,
ngupaya titiyangira, ingkang sami tanah Ngindhi.
43. Inggih kalih leksa sami, lajeng kinen ngisekna pulo Jawi, marmanya
kawula saguh, lamun kalampahana, mung lahira kewala jeng Sultan ing
Rum, ingkang ngiseni manungsa, ing batin kang dhandhang gendis.
(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 49 ۩۩۩


DHANDHANGGULA

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
1. Inggih Sang Hyang Jagadnata ngriki, kang ngiseni wong ing pulo Jawa,
hanggadhahi salajenge, ing Rum tebih kalangkung, mongsa dadak saged
ngawruhi, isining pulo Jawa, saben-saben tahun, saking ngriki pan celak,
ing sadintenipun saged hangawruhi, marma kawula sagah.
2. Duk miyarsa Empu Hanggajali, nenggih marang hature kang putra, rinasa
ana benere, lamun mangkono kulup, payo seba ngeyangireki, pantes iku
banjura, matur ing Hyang Guru, saksana sareng lumampah, sampun
prapta ing ngarsa Empu Ramadi, Isak ngaras pada.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 197


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

3. Nembah matur Empu Hanggajali, ngaturaken hatu-[407]re kang putra,


purwa madya wasanane, sadaya sampun katur, duk miyarsa Empu
Ramadi, ing ature kang wayah, angandika arum, lah payo sun irid padha,
becik banjur katur mring Hyang Pramesthi, sigra sareng lumampah.
4. Katur minggah marang ing suwargi, pan jumujug mring Kanekaputra,
sawusnya katur ature, katri ingirit laju, mring ngarsane Sang Hyang
Pramesthi, Resi Kanekaputra, nenggih kang umatur, ngaturken ature
Ngisak, purwa madya wasana wus katur sami, kang dadya panuwunnya.
5. Sang Hyang Jagadnata ngandika ris, kaya paran mangkono aturnya,
kakang pikiren becike, Kanekaputra matur, inggih sae dipun turuti, inggih
ing pulo Jawa, sae papanipun, pantes kaisen manungsa, kathah wukir
ingkang sami medal warih, owel lamun suwunga.
6. Mongsa dadak Sultan Rum ngawruhi, saisenipun ing tanah Jawa, ing
sadinten sadalune, saking tebih kalangkung, apan celak saking ing ngriki,
pantes yen kawengkuwa, dhateng yayai Guru, ngandika Hyang Jagadnata,
iya kakang sun turut pikrneki, anuli parentaha.
7. Ingsun mundhut wong sapuluh jinis, sajinise wong [408] ngrong ewu
somah, yen wus pasrahena kabeh, marang si Isak iku, kang ngisekna
mring ulo Jawi, Resi Kanekaputra, sandika turipun, sadaya wus mudhun
samya, saking swarga sapraptanira ing Jawi, lajeng dennya parentah.
8. Marang ratu sapuluh nagari, pinundhutan wong ngrong ewu somah,
sapalwa lawan sangune, sarta bekakasipun, gegamane babad wana dri,
sadaya wus samekta, wong jinis sapuluh, wong Siyem lawan wong Cina,
wong Lumayu wong Ngindhu lawan wong Keling, Selong lan wong
Kamboja.
9. Wong Borneo gedhah lan wong Persi, pan wus jangkep kalih leksa somah,
sapalwa lawan sangune, lan sabekakasipun, wus sinrahken sadaya sami,
marang Pandhita Isak, lajeng layaripun, ingmarga tan winursita, laminira
layar aneng ing jaladri, prapteng pulo Bawean.
10. Samya kendel tata-tata sami, dennya badhe ambage manungsa, tanah
Jawa waradine, Pandhita Isak sampun, nyengkalani nalika prapti, aneng
pulo Bawean, nenggih celeng lampus, sawusira tata-tata, lajeng layar
sapraptaneng pulo Jawi, wong kalih leksa somah.
11. Apan lajeng pinernahkan sami, panggonane dennya babad wana, lan
malih wonten arine, Sang Isak sanes ibu, pan titiga samya humiring, sami
guna prawira, Bratandang ranipun, Brarunting lawan Braradya, puniku
kang kinen amrenahna sami, panggenaning manungsa.
12. Marang tanah kang dipun babadi, kawita tengahing [409] tanah Jawa,
dennya bagi manungsane, saleksa somah, sampun, mangetane apan
weradin, prapteng Nungsakambangan, nenggih telasipun, kantun kang

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 198


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

saleksa somah, pinernahken mangilen sampun weradin, dugi pulo


Palembang.
13. Duk semana maksih tepung bumi, pulo Jawa lan pula Somantra, miwah
Nungsakambangane, cinatur sawusipun, wong rong leksa somah weradin,
dennya mrenahken samya, ing panggenanipun, dennya sami babad wana,
Sang Pandhita Isak pan maksih ngantosi, neng pulo pawinihan.
14. Pawinihan ya Nungsa Tembini, pulo Krimun arane samangkya, Isak nalika
praptane, neng Pawinihanipun apan lajeng dipun cireni, sengkalannya nir
jalma, palwa sadaya wus, mantuk marang prajanira, myang Bratandang
Braradya lawan Brarunting, wus kinen wangsul samya.
15. Tur uninga maring Hyang Pramesthi, namung kantun Sang Pandhita Isak,
neng pulo pawinihane, prapta duta saking Rum, pangiride Sang
Ngusmanaji, kang dinuta nalika, Isak sagahipun, yen satuhu pulo Jawa,
saged lulus sadaya jalmi, Isak pan tinimbalan.
16. Langkung sukanya Sang Ngusmanaji. Panggalihira [410] lan Pandhita
Isak, dene tetep pasagahe, ing pulo Jawa sampun, sadayane kaisen jalmi,
lulus bae tan ana, wonge ingkang lampus, Isak sampun dhinawuhan,
tinimbalan mantuk marang Banisrail, aturira sandika.
17. Wus mangkana risang Ngusmanaji, sigra mancal saking tanah Jawa, lan
sarowangira kabeh, risang Isak tan kantun, tan winanrna lamining margi,
cinendhak sampun prapta, ing nagari Ngerum, jujug marang kyana patya,
apan lajeng ingirid manjing jro puri, prapteng ngarsa jeng Sultan.
18. Ngusmanaji humatur wot sari, ngaturaken lampahing dinuta, yen Isak tuhu
lampahe, ing pulo Jawi sampun, sadaya kaisen jalmi, kathahe kalih leksa,
somah apan lulus, boten wonten ingkang pejah, duk miyarsa Sultan Rum
suka tan sipi, risang Isak ginanjar.
19. Pira-pira kang raja branadi, miwah Ngusmanaji sarewngnya, wus tampi
ganjaran kabeh, linilan wedalipun, lajeng mantuk mring Banisrail, tan lami
antaranya, Ngusmanaji lampus, sampun ngaturi uninga, mring Sultan Rum
pejahira Ngusmanaji, kang kinarsakken dadya.
20. Pangagenge nagri Banisrail, mring Sultan Rum Sang Pandhita Isak,
gumantya ing satabone, Ngusmanaji kang lampus, sinung nama Sang
Kusumaji, nglurahi pra Pandhita, sadaya jumurung, sakarsanira jeng
Sultan, risang Isak gumantya neng Banisrail, sarta pinaring nama.
21. Kusumaji Raja Pandhita di, nama sembada lan wan-[411]danira, pekik
sumunu cahyane, kuneng gantya cinatur, ingkang sampun amanggih
singgih, antuk sihing Narendra, gantya kang winuwus, nenggih Sang
Hyang Jagadnata, apan sareng lampahe lan tanah Jawi, duk kaisen
manungsa.
22. Nanging carita kinarya genti, duk semana Sang Hyang Jagadnata, pan
sampun netepi kabeh, dennya nama Hyang Agung, putra nenem kinarya

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 199


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

wakil, dennya ngratoni marang, sagunging tumuwuh, minongka weranira,


putra sepuh Bathara Sambu ngratoni, sagung manuk sadaya.
23. Bathara Brama ingkang ngratoni, sakathahe kang jalma manungsa,
Batharendra tetep bae, dadya werananipun, hangratoni ing dewa sami,
Bathara Bayu ingkang, dadya ratunipun, sagunging kang buron wana,
Sang Bathara wisnu ingkang hangratoni, sagunging jim lalembat.
24. Bathara Kala ingkang ngratoni, sagung jim diyu berkasakan, mring Kala
pangidhepane, semana Sang Hyang Guru, lagya lenggah jroning
swargadi, siniweng pra jawata, kang tansah neng ngayun, Bathara
Kanekaputra, Sang Hyang Guru pangandikanira aris, heh kakang kaya
ngapa.
25. Dene tanganira ingkang siji, salawase nora megar-megar, kang tengen
ginegem bae, apa wadine iku, dene betah kukuh tan sipi, kakang
panggegemira, apa dhasar iku, iya tangan salaina, Hyang kanekaputra
gumujeng tur neki, tan darbe calaina.
26. Mila sanget gen ulun gegemi, salamine boten me-[412]gar-megar, ing
labet wonten isine, pusaka ngong satuhu, pan ratune sosotyadi, nama
Retna Dumilah, ngandika Hyang Guru, yen mangkono egarena, tanganira
kakang sun arsa udani, ratune kang sosotya.
27. Hyang Kanekaputra humatur aris, inggih sumongga nanging den yitna, gen
tuwan nampeni mangke, pan sanget luyunipun, bok manawi marucut
mangkin, tan kenging tinututan, ngandika Hyang Guru, haywa sira walang
driya, sayektine kakang yen sun ati-ati, anuli ulengena.
28. Hyang Kanekaputra nolih wuri, mangsit marang kang para jawata, kono
den prayitna kabeh, bok manawa marucut, yayi Guru dennya nampani, ing
kono tampanana, ing parucutipun, sandika kang para dewa, mapan urut
mangandhap prayitna sami, nulya Kanekaputra.
29. Majeng ngarsanira Hyang Pramesthi, ngaturaken kang retna dumilah,
Hyang Guru nampani age, aneng ngarsa marucut, pra jawata sigra
nadhahi, gantya-gantya anyandhak, sadaya marucut, lajeng kang retna
dumilah, tibeng bumi prayitna Dewi Pratiwi, sinongga datan kena.
30. Lajeng amblas ing bumi kalih, tinadhahan [413] mring Hyang Kusika, tan
kena marucut bae, manjing bumi ping telu, Sang Hyang Gangga gupuh
nadhahi, marucut datan kena, kang sosotya laju, manjing bumi kang
kaping pat, Hyang Sindhula prayitna gupuh nadhahi, sinongga ngastanira.
31. Pan Marucut lajeng Manjing bumi, kaping lima Sang Hyang Dherampalan,
gupuh wau payanggane, aneng asta marucut, lajeng manjing kaping nem
bumi, gupuh Hyang Manik Ara, nyongga tibanipun, maksih marucut
kewala, lajeng dhawah Retna Dumilah pan manjing bumi kasapta.
32. Sang Hyang Onbaboga mangap aglis, anadhahi kang Retna Dumilah,
sampun katampen tibane, ing tutukira laju, manjing guwa garbanireki,

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 200


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

ingkang retna dumilah, lajeng lebetipun, aneng cupu astagina, Sang


Hyang Ontaboga gupuh hangingkemi, nalika angapira.
33. Gandaning tutuk dennya asru amrik, anglangkungi wewangining dunya,
anrus ing swarga ngambare, wau ta Sang Hyang Guru, langkung saking
cuwaning galih, Resi Kanekaputra, dhinawuhan sampun, lan sagung para
jawata, kinen sami nututi tibanereki, ingkang Retna Dumilah.
34. Saenggone poma den kapanggih, tur sandika kang [414] para jawata,
sareng wau tumurune, prapteng madya pan wus, manjing bumi panggih
lan Dewi, Pratiwi tinakonan, ature manjing ing, bumi ping kalih, lajeng para
jawata.
35. Manjing bumi ping kalih kaping tri, bumi ping sakawan kaping lima, kaping
nem sami ature, sadaya pan marucut, nenggih dennya sami nadhahi,
ingkang Retna Dumilah, lajeng tibanipun, manjing ing bumi kasapta, pra
jawata ajeng lampahnya wus panggih, lan Sang Hyang Ontaboga.
36. Hyang Kanekaputra lingira ris, yayi Ontaboga wruhanira, lakuningsun iki
kabeh, dinuta ing Hyang Guru, anututi kagunganeki, ya kang Retna
Dumilah, den asta marucut, tumiba aneng bantala, banjur manjing jro bumi
sun tututi, ingsun pan wus tatanya.
37. Marang ari-ari nira sami, ngaku bae yen nadhahi padha, Retna Dumilah
tibane, nanging kabeh marucut, ingkang Retna Dumilah manjing, mring
bumi kaping sapta, yekti yen sireki, mustikaning srinata.
(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh
Pupuh 50 ۩۩۩
SINOM

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
1. Lamun wus ana ing sira, kang Retan Dumilah yayi, sun jaluk age ulungna,
timbalane Hyang Pramesthi, banget-banget mring mami, satibane aywa
luput, ingkang Retna Dumilah, kagawa ing laku mami, duk miyarsa mesem
ing tyas Ontaboga.
2. Osiking driya mangkana, jajal sun cobane dhingin, [415] sektine dewa
sadaya, ingsun pan arsa udani, dadya saurira ris, kakang pan ingsun
satuhu, ingkang Retna Dumilah, kagungane Hyang Pramesthi, sampun
wonten guwa garbaning wang.
3. Manjing jroning astagina, karaket lan jantung mami, paran yen kula
medalna, yen adreng karsanireki, usungen awak mami, marang
ngarsaning Hyang Guru, upamine kawula, inggih marega pribadi, boten
saged kakang minggah mring sawarga.
4. Nglingnya sru Kanekaputra, nora kadadeyan yayi, kang mangkono
wuwusira, akon ngusung mring swargadi, samono gengireki, sapa kang

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 201


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

kelara ngusung, prasasat ngusung jagad, bok aja sembrana yayi, yen
kasuwen yekti dadi duduka.
5. Anuli sira ulungena, Ontaboga tan nahuri, gya lineker buntutira, mesem
api-api guling, pra jawata ningali, sadaya anjetung, samya kewran ing
driya, Bathara Wisnu lingnya ris, gone api-api tur Ontaboga.
6. Sejatine iku nyoba, ing guna sektinireki, sagung ingkang para dewa, iya
ingkang den ayoni, marma tinilar guling, Kanekaputra lingnya sru, ya bener
wuwusira, iku ingkang den ayoni, guna sektinira kabeh kang tinandha.Aja
pijer meneng padha, lah payo den osak-asik, [416] ing sajroning guwa
garba, yekti yen nuli kapanggih, Ontaboga kang guling, ageng panjanging
cinatur, muket ing ngalam dunya, temu gelang lawan mulih, leng irunge
kathahe pan sangang dasa.
7. Leng irunge kang satunggal, lalempahan kalih sasi, punika kandhaning
kina, dhene kang namung nulat ing catur, wau kang para dewa, sadaya
wus samya manjing, guwa garbanira Sang Hyang Ontaboga.
8. Prapteng jro guwa garbanya, sadaya den osak-asik, tan wonten kang
kalangkungan, kang samar kang lukik-likik,wus tita tan kapanggih, pra
jawata mijil sampun, saking ing guwa garba, sadaya sungkaweng galih,
dene retna dumilha dereng kepanggya.
9. Kanekaputra sru mojar, ragane norana sekti, iya mung si Ontaboga, liwat
saking mejanani, aja kakeyan pikir, lah payo padha den usung, ginawa
mring sawarga, ing ngarsane Hyang Pramesthi, apan ora kurang guna
sektinira.
10. Si Brama kang dadya solang, si Hendra kang dadya tali, si Bayu dadi
pikulan, si Wisnu ingkang angungkil, dewa sakawan sami, mangun
tiwikramanipun, Brama wus dadya salang, Hendra wus dadya tetali, Sang
Bathara Bayu wus dadya pikulan.
11. Ontaboga wus ingangkat, mring Wisnu pada saw-[417]ji, tinrapaken neng
sasalang, titiga sampun miranti, aneng pikulaneki, dewa kabeh kang
ngangusung, ingangkat sampun kangkat, saking ing kasapta bumi,
sampun prapta aneng ngalam madyeng pada.
12. Pinikul ing para dewa, binakta mawan wiyati, dangu-dangu Ontaboga,
neng pikulan sangsaya lit, namung saula kisi, nulya tan kadulu, resi
Kanekaputra, langkung runtik jroning galih, marang Sang Hyang Ontaboga
wus angrasa.
13. Yen kinarya gagujengan, winirangaken tan sipi, rembag kang para dewata,
samya lajeng tur hudani, marang ing Hyang Pramesthi, Ontaboga
tingkahipun, wus lajeng lampahira, kang para jawata sami, sampun prapta
ngarsaning Hyang Jagadnata.
14. Sang resi Kanekaputra, lagyarsa matur ningali, yen Bathara Ontaboga,
wus aneng ngarsanireki, sirahe den lenggahi, maring Hyang Bathara Guru,

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 202


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

Sang Hyang Kaneka, sru ningali angling sarya nudingi, heh mangkono
tingkahira Ontaboga.
15. Apata isining jagad, mung sira dhewe sinekti, liwat dennira mejana,
mimirang-mirang tan sipi, Sang Hyang Guru lingnya ris, apanta sarya
ngrarapu, kakang Kaenkaputra, aja dadi tyasireki, ingsun kakang banget
jalukken apura.
16. Lupute si Ontaboga, miwah dewa kabeh sami, iya [418] den padha
ngapura, para jawata miyarsi, kendel sadaya jrih, Hyang Girinata lingnya
rum, lah mara Ontaboga, sira wetokna den aglis, saking garbanira kang
retna dumilah.
17. Sigra mangap Ontaboga, retna dumilah wus mijil, saking tutuk Ontaboga,
tinampen ing Hyang Pramesthi, binuka datan keni, astagina tutupipun,
seretipun kalintang, winengkang-wengkang tan keni, pinaringaken mring
resi Kanekaputra.
18. Tinapen lajeng binuka, winengkang-wengkang tan keni, saya rapet
astagina, pra jawata ganti-ganti, buka meksa tan keni, Hyang Kanekaputra
matur, prayogi pinaringna, Ontaboga kang darbeni, astagina genne kang
retna dumilah.
19. Mesem Sang Hyang Girinata. Lah iya Ontaboga glis, cupunira astagina,
iya bukanen tumuli, Ontaboga turnya ris, kawula anuwun bendu, darmi
gadhuh kewala, yen bukaha tan kadugi, Sang Hyang Girinata legeg tan
ngandika.
20. Manekung jroning wardaya, maladi semedi hening, maneges karsanira
Sang, Hyang Wisesa kang pinusthi, cupu nulya binanting, ingkang
astagina sumyur, ingkang retna dumilah, apan dadya rare estri, luwih
endah wayahe mangrusak taman.
21. Sasirnaning astagina, ing swarga wonten dumadi, [419] ran bale si
marakata, sang retna sinung kakasih, marang ing Hyang Pramesthi, Ken
Tisnawati ranipun, karem sadina-dina, sang retna tan liyan saking, neng
sajroning kang bale si marakata.
22. Kuneng ta datan winarna, Niken Retna Tisnawati, mangkana Hyang
Jagadnata, apanta sampun udani, yen pulo tanah Jawi, mangkya
manungsanya sampun, samya tangkar-tumangkar, dereng wonten kang
ngratoni, tatanipun maksih lir manuk kewala.
23. Marma nalika semana, jamanipun den wastani, anenggih jaman kukila,kukila
dene manungsanireki, maksih resah lir peksi, mangkana Bathara Guru,
sigra dennya parentah, mamatah dewa kang sami, kinen ngejawantah
marang tanah Jawa.
24. Dene ta ingkang pinatah, ngeja wantah maradini, marang pulo tanah Jawa,
ana putra wayahneki, kang paman Sang Hyang Ening, ana putra

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 203


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

wayahipun, nenggih Hyang Darmajaka, myang para putranireki, ingkang


raka sakawan kweh ngeja wantah.
25. Dene ingkang kinarya, ratu aneng tanah Jawi, putraning Bathara Rodra,
punika ingkang pinilih, marang Hyang Pramesthi, jujulukira ing ratu, Sang
Prabu Mangukuhan,
Mangukuhan maksih taruna tur pekik, akukutha aneng ing
Mendhang Kamulan.
Kamulan
26. Pra samya sujud sadaya, manungsa kang den rato-[420]ni, mring Sang
Prabu Mangukuhan, tan ana mangkelang budi, sadaya ajrih asih, anggepe
mring ratunipun, sampun macak punggawa, dene kang kinarya patih,
arinipun Jakapuring namanira.
27. Kang dadya timbanganira, ran Dewi Darmanastiti, putrinira Sang Hyang
Maya, panggih nak-sanak sang dewi, lan kang raka Narpati, langkung
endah warnanipun, kuneng Mendhang Kamulan, gantya kang winarna
malih, sasengkeranira Sang Hyang Jagadnata.
28. Antara ing lama-lama, sang dyah ayu Tisnawati, pan sampun birahi
sandhang, citrane saya kaheksi, tuhu yen ayu luwih, wedana sawang
sitangsu, dening hapsari swarga, ratih-ratih rarasati, lawan Tisnawati sor
rebuta cahya.
29. Wus yuswa patbelas warsa, Hyang Guru tyasnya kagimir, supe marang
Dewi Uma, tan lyan niken Tisnawati, kang dados rosing ati, gumantung
tuntung jejantung, sampun saketha garwa, taruna Ken Tisnawati, duk
semana Sang Dyah arsa cinengkraman.
30. Pangandikanya sor kilang, Sang Retna ingarih-arih, dhuh masmirah pun
kakang, bisa temen karya brangti, sang retna atur bekti, ing pada jeng
Sangahulun, nunuwun sih paduka, yen estu sih marang dasih, ing
kaswasih wonten panuwun kawula.
31. Dhuh masmirah jiwaningsun, apa kang sira karsa-[421]ni, sang retna
humatur nembah, tan nyuwun kang adiluwih, kang ulun suwun Gusti,
sandhang kang tan keneng kusud, panganan kang tinedha, sapisan tuwuk
saurip, lawan malih nuwun gamelan kathoprak.
32. Ngandika Hyang Jagadnata, iya nimas sun tekani, kabeh panjalukira,
anging antinen ta dhingin, Hyang Guru prentah aglis, Hyang Citragotra
ingutus, marang Nungsakambangan, ririkatan animbali, mring Bathara
Kala lawan sutanira.
33. Anama Kalagumarang, lan Durga pututireki, cinatur Bathara Kala, tanah
Jawa sasampuning, kisen manungsa sami, mantuk saking tasik kidul,
wangsul Nungsakambangan, mangkana lampahireki, Sang Bathara
Citrgotra sampun prapta.
34. Nenggih ing Nungsakambangan, lan Bathara Kala panggih, dhinawuhaken
saksana, kang timbalan Hyang Pramesthi, kalamun den timbali, Kala

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 204


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

lawan sutanipun, nenggih Kalagumarang, sandika aturireki, sampun kerid


mring Bathara Citrogatra.
35. Neng marga datan winarna, cinadhak pan sampun prapti, ing swarga
Jongringsalaka, ngarsanira Hyang Pramesthi, Hyang Guru ngandika ris,
heh Kala sutanireku, ya si Kalagumarang, sun pundhut karyanireki,
ingkang patut pan amung atmajanira.
36. Mudhun marang marcapada, ngupaya pundhutan mami, [422] Bathara
Kala tur sembah, sumongga ing asta kalih, Hyang Guru angling malih, heh
Kalagumarang gupuh, mudhuna marcapada, sira sun duta ngulati,
sesandhangan ingkang den anggo sapisan.
37. Iya kan tan kena luwas, den angge sajege urip, kapindho lan pepanganan,
ingkang sapisan binukti, wareg sajege urip, ping tri goleka sireku, ya
gamelan kathoprak, haywa sira age muluh, lamun durung olih gonira
ngupaya.
38. Hiya kang telung prakara, kang den pundhutan mami, lan sun wenangaken
sira, apa sasolahireki, aneng ing ngendi-endi, sakarepira sun ugung,
ngong karya dhudhugalan, haywana sira keringi, tur sandika kalih mundur
saking ngarsa.
39. Kala lajeng antukira, mring Nungsakambangan malih, wau sang
Kalagumarang, praptaning jawi hanjungkir, nungsang lampahireki, suka
latak dennya muwus, heh dewa Suralaya, aja na wani ing mami, ngong
samengko pan kinarya dhudhugalan.
40. Dewa kang samya kapapag, dinugang dipun jaguri, ana bojone sinuwak,
kang saweneh den idoni, dewa pra samya runtik, anepata wuwusipun, heh
ta Kalagumarang, ingsun tetedha sireki, aja bisa sira mulih mring swarga.
41. Harupawa satokewan, geter pater nanhuri, yayah [423] kadya neksenana,
ya ta wau kang lumaris, Kalagumarang prapti, neng wukir nguntara nuju,
Retna Dewi Sri siram, neng talaga Nilawening, katingalan dening sang
Kalagumarang.
42. Kalangkung dennya kasmaran, Kalagumarang nulya glis, mrepeki kang
lagya siram, Dewi Sri kagyat ningali, mentas lumajeng aglis, prapta
ngarsanireng kakung, lajeng nungkemi pada, Bathara Wisnu tanya ris, ana
paran lumayu nimas matura.
43. Kang garwa matur wot sekar, kawula mring taman sari, siram telaga nila,
pun Kalagumarang prapti, kawula den purugi, nunten lumajeng langkung
dennya jrih, Kalagumarang wus prapta, ing ngarsa Hyang Wisnumurti,
asru denira angling, sapa duwe bojo wau, kang adus aneng taman,
Bathara Wisnu nauri, iya ingsun ngling malih Kalagumarang.
44. Heh Wisnu ingsun kasmaran, mring garwanira Dewi Sri, aweya nora
aweya, sun jaluk garwanireki, apan sun karya rabi, nahuri dhingin, lah iya
sok gelema, sarat sun turine dhingin, lah den age nimas sira mareneya.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 205


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

45. Sang Dyah harsa nglenggana, sanget ajrih marang [424] laki, nulya
lenggah wurinira, Bathara Wisnu lingnya ris, nimas wruhanireki, apanta
sira jinaluk, mring Kalagumarang, keringan tan ana wani, pan kinarya
dhugalan Hyang Jagadnata.
46. Dewi Sri seret turira, leng pejahana rumiyin, lamun kawula wus pejah,
sumangga karsa ing wuri, Hyang Wisnu lingira ris, iku sun tari tan purun,
kalapa marang sira, Kalagumarang sru ngling, pilih wonge tinari gelem
sarkara.
(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 51 ۩۩۩


DHANDHANGGULA

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
1. Yekti akeh pepanggiling estri, heh ta gelema nora gelema, sayekti sun
peksa bae, nolih Bathara Wisnu, mangsit marang garwa kabisik, lamun
sira lenggana, lumayuwa gupuh, mring nagri Mendhang Kamulan,
anuksmaha mring garwanira Sang aji, Sang Prabu Mangukuhan.
2. Sang kusuma mituhu ing laki, sigra medal ing jawi lumajar, Hyang Wisnu
sareng musnane, Kalagumarang dulu, langkung kroda sigra nututi, marang
Sri lumajar, manjing ing wanagung, binujung saparanira, kalingan mung
sakedhap nulya kaeksi, binujung saparannya.
3. Palajenge pan sayah Dewi Sri, aneng wana apan [425] mek kacandhak,
Bathara Wisnu nulyage,musthi sanjatanipun, apan dadya oyod panjalin,
tibeng ngarsane Kala, gumarang kasrimpung, tiba kalumah rumangkang,
sang Dewi Sri nolih muwus nepatani, kaya celeng solahnya, Nulya keneng
sotira Dewi Sri, pan sakala salin warnanira, gumarang arupa celeng,
angadeg-ngadeg rubuh, nulya ngilo toya ningali, warna sipat weraha,
gumarang angadhuh, wus mangkene raganingwang, rupa celeng mongsa
mundura wak mami, nadyan silih ngungsiya.
4. Lak-lakan naga maksih sun ungsir, marang ngendi ingsun tut kewala, Dewi
Sri lumajeng age, Mendhang Kamulan rawuh, lajeng nuksma garwaniraji,
wau Kalagumarang, kaliban tan weruh, siyang dalu angupaya, Sng Hyang
Wisnu sigra manitis, ing Prabu Mangukuhan.
5. Kuneng ingkang wus dumunung sami, panukmane neng
Mendhangkamulan, ing swarga Hyang Pramesthi, wus nora kasamaran,
lamun dutanipun, keneng soting para dewa, lawan keneng upatanira Dewi
Sri, nandhang mala cintraka.
6. Rupa celeng wus tan nedya mulih, Sang Hyang Guru tyasira kasesa,
dennya honeng garwane, Tisnawati sinambut, pan rinungrum ingarih-arih,

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 206


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

Sang Hyang Guru karsanya, nekani salulut, Tisnawati sru lenggana, neng
ngembanan humatur angasih-asih, yen dereng kadhatengan.
7. Ingkang dados panuwunereki, sasandhangan kang [426] tan keneng
luwas, kangge salami-lamine, sapisan tuwukira, sajege tumuwuh, lawan
gamelan kathoprak, Tisnawati suka pejah tan ngladosi, pinurwa ing
ngasmara.
8. Sang Hyang Guru meksa denira mrih, marang garwa nekani sajiwa,
winasesa ing karsane, Tisnawati gya lampus, pejah aneng embanan
maksih, ngungun Hyang Jagadnata, nalongsa ing kalbu, miyat ing garwa
palastra, sigra mundhut nenggih kang tirta pangurip, wonten swara
kapyarsa.
9. Heh ta yoganingsun Hyang Pramesthi, wus mupusa yen wus karsaning
Hyang, garwanta iku layone, nuli petaken gupuh, alas nagri ing Mendhang
kawit, kagyat Hyang Jagadnata, animbali gupuh, Bathara Kanekaputra,
prapteng ngarsa Hyang Guru ngandika aris, heh kakang arinira.
10. Si Tisnawati mengko ngemasi, layone iki sigra gawaa, mring Mendhang
Kamulan age, pasrahana kaki Prabu, Mangukuhan ing Mendhang kawit,
layone den pendhema, aneng ing wanagung, alas kentring Krendhayana,
den bubuka papane mendhem den becik, miwah pangreksanira.
11. Sira kakang nunggonana dhingin, lah ta apa thukulane benjang, si
Tisnawati layone, pinencara den gupuh, barang thukulane ing benjing,
neng kentring Krendhayana, sasengkeraningsun, Kanikaputra sandika,
layon Tisnawati sampun den tampeni, binekta mudhun sigra.
12. Mring marcapada pan sampun parpti, panggih lan [427] Sang Prabu
Mangukuhan, layon wus pinaringake, satimbalan Hyang Guru, wus
dhinawuhaken pra sami, Sang Prabu Mangukuhan, peparentah gupuh,
mring wadya Mendhang Kamulan, pra dipati kinen bubuka den aglis, alas
ing Krendhayana.
13. Titindhihe patih Jakapuring, sawusira samya binabadan, nulya ingobongan
kabeh, lajeng pambubakipun, sawusira gadhangan dadi, layon nulya
pinarnah, ing pametakipun, sinungan gubug kang tengga, titidhihe maksih
raden Jakapuring, tugur aneng ing wana.
14. Sapraptane mongsa ingkang wiji, Niken Tisnawati layonira, apan thukul
sadayane, wajane thukul jagung, gen prejine pan thukul pari, sirah thukul
kalapa, aren puseripun, kathah lamun cinatura, thuthukulan ing layon
mawarni-warni, nulya sami pinencar.
15. Ingkang dadya juru sawah nenggih, pangajenge apan wong titiga, ke empu
Cakul namane, ki Tuwa lan ki Buyut, Jakapuring ingkang nindhihi, wiji
nulya pinencar, pari miwah jagung, sadaya wiyar tebanya, kawuwusa jawat
ingkang nenggani, aneng jagad lor wetan.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 207


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

16. Darbe osik salebeting galih, sira Sang Bathara [428] Prit Tanjala, dene wus
lami suwunge, nenggih Bathara Wisnu, myang raka Sang Kanekasiwi, lami
datan katingal, Pritanjata gupuh, mesat saking kayangannya, jagad
ingkang ler wetan nedya ngulati, mring Hyang Kanekaputra.
17. Mayeng aneng gagana ngungkuli, nenggih alas Krendhayana, Pritanjala
ing iberi, miyat ngandhapipun, thuthukulan mawarni-warni, sarta kongas
gandanya, ngambar marbuk arum, langkung denira kacaryan, Pritanjala
gya malih peksi prit, niyup maring mangandhap.
18. Prapta mencok neng pari nisil, Pritanjala kalangkung kacaryan,
ngraosaken pari esane, sarta mawi ganda rum, kawuwusa wau Dewi Sri,
ingkang sampun anukma, ing garwa Sang Prabu, cinatur sasampunira,
thuthukulan Tisnawati mencar sami, Dewi Sri ngalih sigra.
19. Pan angalih nukma marang pari, tunggil Tisnawati wus rakitan, wau ta
kang warni celeng, Kalagumarang weruh, yen Dewi Sri nukmeng garwaji,
Mendhang Kamulan mangkya, ngalih nukmeng pantun, gya wau
kalagumarang, lajeng manijing sabin pari den gulungi, sinisih kinekemah.
20. Sang Hyang gya musthi jemparing, dadya [429] tunggak wuluh pan
angrangap, Gumarang nujah solahe, katunggak jajanipun, sumamburat
rahira dadi, wawereng gagadhingan, lelodhoh lan busung, puser menthek
sangit walang, yitmanira Gumarang manjing sakwehing, suteng puthtut
jantaka.
21. Yata Pritanjala kang winarni, saya kacaryan saba ing sawah, nisil tan ana
kandhege, kawruhan kang atungu, gya sinawat ampungan munggwing,
dangu aren tan kena, sigra kyai buyut, lan ki tuwa matur radyan,
Jakapuring yen kagungandalem pari, wonten kang purun mangsa.
22. Warni peksi alit ulese langking, Jakapuring kagyat duk miyarsa, payo sun
arsa wruh dhewe, sareng mangkat katelu, prapteng sabin kagyat ningali,
peksi sangsaya kathah, samya nisil pantun, ki buyut sigra anyawat, peksi
emprit miber mencok kolang kaling, ki buyut aturira.
23. Sampun adat punika kang peksi, yen sinawat miber gya ampungan, dangu
kinarya pangungsen, Jakapuring sru wuwuse, lamun tansah dadya aling-
aling, kayu sun wehi aran, aren lawan nanggung, aren dadya palerenan,
yen binalang dangune anenanggungi, ngalingi ing bebalang.
24. Becik sira pagasa tumuli, dangu tansah dadya apungannya, kang
memangsa ngleburake, nulya hingandhan gupuh, dangunipun pinagas
mijil, toya nulya dinilat, manis raosipun, nulya kinen madhahana, kaki tuwa
terampil gya mecok epring, tambelang tinadhahan.
25. Kinendelken tambelang sawengi, enjing den un-[430]dhuh tambelang
muncar, anulya den aturake, Jakapuring lingnya rum, endi kakang sun
arsa uning, tutupe gya binuka, kongas gandanya rum, dyan Jakapuring
lingira, iki pantes katur marang Sri Bupati, dudu sira kang mangan.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 208


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

26. Nulya mantuk patih Jakapuring, datan kantun waragang binekta, wus
prapteng prajala lampahe, marek ing ngarsa Prabu, Jakapuring matur wot
sari, pukulun tur uninga, nenggih wedalipun, kagungandalem deresan,
kajeng nanggung katura ing paduka ji, tambelang tinampanan.
27. Wus binuka bumbung sumpelneki, kongas gandanya ingkang waragang,
Sang Nata aris ature, mring Hyang Kaneka sunu, tuwan bekta minggah
swargadi, katura Sang Winenang, paran dhawuhipun, Sang Resi
Kanekaputra, sigra mesat lampahen saengga thathit, ing marga tan
winarna.
28. Prapteng Jonggring Salaka ngarsaning, sang Hyang Guru aris angandika,
heh kakang apa na gawe, kang dinangu umatur, marma ulun prapta
sumiwi, ing ngarsanta dinuta, ing putra pukulun, Sang Ngaprabu
Mangukuhan, hangaturaken ponang toya medal saking, dangu kagungan
tuwan.
29. Sang Hyang Guru mesem lingira ris, mara bukanen kakang kayapa, nulya
binuka tutupe, mancurat toyanipun, anyiprati lathinireki, Resi Kanekaputra,
dilat sarya guguk, nyata manis tetemenan, Sang Hyang Guru
ngandikesmu runtik nanging, sinamur pagujengan.
30. Ya wong ala warnane tan becik, pan sakala Hyang [431] Kanekaputra,
nulya asalin sipate, lathi nyameh tur gingsul, dedeg cebol bokonge canthik,
sartane salin swara, kagyat jroning kalbu, Sang Resi Kanekaputra, nulya
ngilo paesan warnanya salin, sigra matur ngrarepa.
31. Kanging punapa hulun puniki, asalin warna awon kalintang, Hyang Guru
mesem wuwuse, mongsa kena winangsul, karsaning Hyang kang murbeng
pasthi, dadi dewa kebayan, lan sinung jujuluk parab Bathara Narada, dene
rada sembrana lawan pinaring, rikat miber lir barat.
32. Kuneng wau kang winarneng kawi, garwanira Sang Hyang Jagadnata
Dewi Uma nalikane, duk maksih gesangipun, Tisnawati apan kalindhih,
denira rebat tresna, mangkya pejahipun, Dewi Uma kalangkung suka,
Tisnawati wedana dadya rejeki, dhinahar Hyang Narendra.
33. Dewi Uma meri jroning galih, tansah dennya nutuh sarira, raganingsun
katuwane, dene Dewi Sri iku, dadya ketan, lan Tisnawati, dadya Pari
samangkya, Dewi Uma sampun, moring sabin panedhanya, dhinahara
mring kang gedhe-gedhe sami, dadya suket jawahan.
34. Kuneng mangsuli cariteng nguni, Rembu Culung a-[432]nak putunira, pan
kawandasa kathahe, dadya werining luhur, sang Hyang Guru parentah
aglis, mring Hyang Wisnu lan Brama, anak Rembu Culung, sadaya kinen
numpesa, gya tinumpesan among mrojol satunggil, agungsi mring
marcapada.
35. Ngungsi guwa tapanya pinati, puthut Jataka wus pirang warsa, cinatur
sanga sutane, pambajeng warni tikus, ules putih den peparabi, nenggih

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 209


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

tikus jinada, gengira sawdhus, balane tanpa wilangan, kang panggulu


atmajanya warni babi, tembalung namanira.
36. Balanipun iya tanpa wilis, arinipun awarni kukila, tanpa wilangan balane,
nunten maesa danu, pan anama sang Kalamurti, kala srenggi arinya, warni
bantheng lawung, jaruju awarna kidang, kang awarna menjangan anama
randhi, pas bulus grages kura.
37. Sabalane samya kuru aking, sanget dennya kekirangan pangan, sadaya
mungging ngarsane, karuna siyang dalu, mothah marang ramanireki, ditya
puthut Jataka, welasnya ke;angkung, mulat ing atmajanira, siyang dalu
tansah neng ngarsanireki, sami lara karuna.
38. Ditya Puthut Jataka lingnya ris, aja nangis babo sutaningwang, sun tuturi
sira mangke, kena ana praja gung, aran Mendhang Kamulan kaki, murah
sandhang pan pangan, ing kene nak ingsun, kena den ungsi kawula,
nanging padha jaluka krananing becik, den nganggo krana lila.
39. Sakathahing sato suka sami, putra kang titiga [433] pamit sigra, mangkat
lawan sabalane, neng marga tan winuwus, nagri Mendhang Kamulan
prapti, kang tengga samya nendra, wanci tengah dalu, pan wus wantun ing
drubiksa, dhasar ngelih ting kurangsang rebut dhingin, samya lumebeng
sawah.
40. Saka ngrenjah nubruk hanggulangi, angemah nisil ingkang kukila, jinada
rampak lebune, kumrasak kumarusuk, swaranira hanggegirisi, mawor
lawan prahara, ruhara gumuruh, kang tengga kapati nendra, samya kagyat
kumrusuk satengah sabin, swara sru kumarasak.
41. Kyai tuwa ingkang tangi dhingin, amiyarsa swara jroning sawah, gumuruh
dudu wedine, kituwa gupuh-gupuh, nyangking kudhi, celeng tembalung
nerajang, saking ngarsa ki tuwa kgyat anjelih, angangar kudhinira.
42. Lumumpat ngiwa sinerot wani, kinudhi dhase celeng tan pasah, kudhi wus
putung pesine, ki tuwa jaluk tulung, langkung kagyat dyan Jakapuring, ki
buyut samya medal, lan ki empu Cakut, sarowange samya medal,
canggah renteng geranggang penthung suligi, obor kadi rahina.
43. Celeng kethen gya nerajang wani, sinabet penthung [434] lan arit bapang,
kuthila kebat lumpate, kathah wong ingkang tatu, sinahut kuthila pra sami,
dhinodhos ing weraha, niba samya rubuh, pinerang kudhi tan kena,
ingkang bener kudhi tan kena, ingkang bener pamarange tan nedhasi,
dadya giris lumajar.
44. Ki buyut matur mring Jakapuring, dhaweg lumajeng atur uninga, mring
raka paduka raden, pan dene wadosipun, pirang-pirang sato kaeksi, yen
sadasa tri dasa, kenging yen pinagut, dene puniku awendran, dadya-
dadya kelu ing tyase ki Jakapuring, mantuk sarowangira.
45. Tan winarna ing marga wus prapti, Jakapuring laju mring ngayunan, mring
raka katur tiwase, dennya pinatah tunggu, ing kagungan Sri Narapati,

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 210


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

sadaya kang taneman, samya lebur, minongsa ing sato kewan, warni tiga
buburon kang mongsa pari, kang ageng sabregada.
46. Ules cemeng cocotipun jubir, jebres-jebres wulune awadhag, lir ki singa
cung buntute, akathah tunggilpun, sabregada asipat jalmi, mawi buntut
apanjang, ulese kaluwuk, kebat cukat tur waspada, inggih kathah tunggile
kang asipat jalmi, solahipun gigila.
47. Ingkang sabregadanipun alit, pusuh binuntutan tampar, lir saged miber
solahe, tanpa wilis pukulun, pangagenge maletuk putih, tan pasah dening
braja, samya teguh timbul, Sangprabu Mangukuhan, ngungun ing tyas
pangandikanira aris, yen mangkono yayimas.
48. Udhangana sawadya nireki, den samakta sagagamanira, wong Mendhang
Kamulan kabeh, aja ana kang kantun, tur sandika dyan Jakapuring, medal
jawi parentah, wong Mendhang wus kumpul, sarta sagagamanira, mya
tengara budhal saking ing nagari, Sang Prabu Mangukuhan.
49. Ginarebeg ing wadyanireki, sampun prapta kentring krendhayana, gen
sabin pategilane, sareng surak gumuruh, kagyat buron wana miyarsi,
sareng medal nerajang, ngamuk nunjang nempuh, tan ana braja tumama,
wadya Mendhang Kamulan ingkang nadhahi, akathah kang kacurnan.
50. Sikil karowak weneh jariji, rantas sinaut marang kuthila, ana kang putung
sikile, sinaut ing tembalung, myang dhinodhos den rarangkangi, nanging
tan ana pejah, sanget kawusipun, Sang Prabu Mendhang Kamulan, enget
marang wirayat kondur tumuli, bodol sabalanira.
51. Celeng kuthila nututi, kang kacandhak gigire karowak, saya sanget
palayune, tunjangan rebut dhucung, sampun tebih prapteng nagari, kendel
neng pagelaran, pra dipati ngayun, Sangprabu Mangukuhan, agandika
mring rayi dyan Jakapuring, yayimas lumakuwa.
52. Marang Mendhangagung ing saiki, marekka kakang [436] Andhong
dhadhapan, lan iki Gadhing mangukira, sira nyuwuna tulung, yen
kagungan Sang Hyang Pramesthi, pari jagung minongsa, ing buburon iku,
warna tri tanpa wilangan, balaningsun Mendhang Kamulan keh kanin, sun
adu tan kuwawa.
53. Bektiningsun aturna yayi, mring si kakang tumuli mangkata, kang yayi tur
sembah lengser, lampahira sineru, kuneng ingkang lagya lumaris, gantya
ingkang winarna, dhukuh Mendhangagung, nenggih Ki Andhong
Dhadhapan, lagya lenggah lawan Ki Gadhing Mangukir, putra kalih neng
ngrasa.
54. Raden Sengkan dyan Turunan nenggih, pan kasaru kang rayi prapta, dya
patih Jakapuring, lajeng dennya tumunduk, prapteng ngarsa raden
ngabekti, mring kang raka kalihnya, ngaras padanipun, sira dya Sengkan
Turunan angabekti marang radyan Jakapuring, sawusnya tata lenggah.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 211


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

55. Angandika Sang Pandhita kali, yayi patih apata dinuta, mring rakanira
sang rajeng, dene gupuh lakumu, nora nganggo aweh udani, jakapuring
tur sembah, pan ninggih ingutus, ing arinta Sri Narendra, kang rumiyin
ngaturken kang pangabekti, ing kalih tur uninga.
56. Rareksane arinta Sang aji, kagunanipun Hyang Jagadnata, tetaneman
sadayane, ing mangke kathah lebur, pan minongsa sato wana dri, warni
tigang bregada, kang ngrisak puniku, kang sipat jalma manungsa, buntut
panjang puniku ules kulawus ping kalih, andhap wulune wadhag.
57. Ules cemeng cocotipun jubir, ping tigane alit [437] ules pethak, angelacar
bubuntute, sadaya teguh timbul, rimpaduka sampun nindaki, kinerik wadya
Mendhang, sagagamanipun, nanging ta datan kawawa, mengsah lawan
sato ingkang tigang warni, wadyane kweh kacurnan.
58. Marma age kawula tinuding, tur uninga sarta nuwun tandang, paduka
ngaturan age, sareng ing lampah ulun, ri paduka sanget kang weling,
sampun ta tan katuran, ngandika sang wiku, yayi patih nora susah, ingsun
dhewe tutulung mring yayi aji, sigra nolih ing wuntat.
(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 52 ۩۩۩


PANGKUR

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
1. Gya Raden Sengkan Turunan, mesat marang babadira wus panggih,
lawan meng amenganipun, kakalih wus binekta, prapteng ngarsaning rama
kalih wot santun, Sang Rsei Andhong Dhadhapan, meng amengane
satunggil.
2. Nama pun kaewayuyang, mengamenganira gadhing mangukir,
candramawa namanipun, dene kaewayuyang, dedeg kakkeng brojol
wetengipun nyempluk, sarta pawakane gempal, gulu keren kuping cipir.
3. Kopekipun daleweran, bathuk banyak netrane jeleh nenggih, apan cemeng
ulesipun, kukuncunge apanjang, irung sunthi raine anjeruk purut, dene kae
candramawa, dedegipuin andhap alit.
4. Iya kokkong gulu panjang, sirah cilik karemira [438] panarit, sinengkelang
gigiripun, malah kalingan cerma, yen nyepuhi neng pawirungan
merkungkung, ngasah lumarah neng wungkal, ngandika sang resi kalih.
5. Iki yayi tampanana, bocahira karo iku sun kardi, tutulung mring yayi prabu,
wus samya winangsitan, kalihipun ngandika malih sang wiku, lawan sun
gawani sira, talumpak tateken mami.
6. Dhapur myang landhehanira, gegodhine myang sarungane yayi, kabeh iku
kanggo semu, ajana mung winastan, ing arane werdine ingkang
pinangguh, raden tur sembah sandika, talempak wus den tampani.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 212


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

7. Winangsit yen ana karya, werangakne kinen mocota aglis, aneng ngarepe
kang mungsuh, raden Sengkan Tueunan, anambungi mring kang paman
aturipun, kula ngaturi punika, bumbung saeros kinardi.
8. Yen karya awrat sambetna, ing bantala yekti yen ulun prapti, wusnya telas
welingipun, Jakapuring tur sembah, mundur saking ngarsa rikat
lampahipun, wus prapteng Mendhang Kamulan, lajeng tumameng
ngarsaji.
9. Wus katur sawelingira, nenggih ingkang raka Sang Resi kalih, Sang Prabu
suka handulu, bantu kalih warnanya, pants lamun iku ngentasana kewuh,
ingadu aprang lan kewan, pinaringan segah sami.
10. Sawelingipun kang raka, Sang Wayuyang kareme leri putih, condramawa
karemipun, apan toya dawegan, sampun kinen asowa mring pondhokipun,
Sang Prabu ngundhangi sigra, ing bala keprabon jurit.
11. Wus amekta sigra budhal, parpta ing gen pakebonan ing sabin, sreng
suraknya gumuruh, kagyat sato tumingal, ing manungsa gya nander
nerajang nempuh, wadya ing Mendhang Kamulan, sadaya samya nedhahi.
12. Sinosog ing ganjur watang, sato kewan ana tedhas siji, sadaya pan teguh
timbul, kuneng kang maksih aprang, kawuwusa kang maksih neng
pondhok kantun, wayuyang lan condramawa, suka nginum-ngunum sami.
13. Leri lan banyu dawegan, kapiyarsa marang garwa niraji, yen bebantu
kalihipun, wayuyang condramawa, tan humiring tedhakira Sang Prabu,
maksih neng pondhok kalihnya, gya Dewi Darmanastiti.
14. Tedhak mring pondhokanira, condramawa lan wayuyang wus panggih,
maksih samya suka nginum, leri lan banyu degan, Dewi Darmanastiti
ngandika rengu, heh wayuytang condramawa, mangkonp solahireki.
15. Dene teka ngenak-enak, nora melu humiring Sri Bupati, bebantu apa
gunamu, wedi prang lawan kewan, anggur karo padha muliya sireku,
matur raka kang kalihnya, pimilala tanpa kardi.
16. Wedi prang lan sato kewan, ingsun dhewe kang [440] nusul Sr Bupati,
condramawa duk hangrungu, miwah kae wayuyang, Dewi Darmanastiti
dudukanipun, ngrasa yen kadudonira, kaliye pra samya nangis.
17. Tur sembah sigra umesat, nusul marang tedhake Sri Bupati, kadya kilat
lampahipun, sakedhap sampun prapta, ing paprangan kagyat denira
handulu, yen wadya Mendhang Kamulan, kamuk ing buron wus ngisis.
18. Agupuh kae wayuyang, sirahira siniram toya leri, teles awakira nurut, ing
suku kinalalar, nulya medal segawon ulese jamus, dalir sirahipun pethak,
ing gigir buntut myang sikil.
19. Tekeng gulu wetengira, trusing cocot nenggih dipun wastani, belang
wayuyang sighra wus, condramawa gya nyandhak, toya degan siniramken
sirahipun, warata mring awakira, kinelalar nulya mijil.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 213


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

20. Kucing ulesipun pethak, dalir cemeng sirah tumekeng gigir, nerus marang
buntutipun, lajeng trus sikil pisan, lajeng marang gulune malih atepung,
wasta kucing candramawa, kalih sami den abani.
21. Mring sira kae wayuyang, condramawa asu kalawan [441] kucing, pareng
nander kalih mungsuh, celeng tembalung mulat, marang asu dhasare wus
antuk buru, marma datan mawi taha, nander papag tempuh kalih.
22. Celeng sinaut wus pejah, wuri prapta celeng samya nyembuli, sinaut ing
ngarsa pungkur, sona kesit tan kena, lamun males naut namung bucek
lampus, ampuh kadi dumung sarpa, saweneh celeng tang kongsi.
23. Sinaut ingpejahira, mung jinegug kewala hanggulinting, papati tumpang
asungsun, bebathange weraha, katingalan dening kang celeng tembalung,
yen balanya kathah pejah, mangsah krodhanya tan sipi.
24. Gya nempuh saking ngiring, dhadhos nyaut sona rikat ngindhani,
tembalung nututi nubruk, sona rebah katunjang, kinakahan kang sona
males naut, congore ingkang watgota, celeng tembalung gulinting.
25. Sawadyanira suh sirna, sang kuthila mulat krodha tan sipi, sabalane
pereng nempuh, kang sona ginagila, datan kewran belang wayuyang
anaut, jugug marang ing kuthila, panggedhene wus ngemasi.
26. Balane pupulih samya, nanging datan antuk kiwul ing jurit, sonampuh
panautipun, kang aneng pepenekan, mung jinujug tibeng siti lajeng
lampus, jinada uleng-ulengan, ruket ing prang lawan kucing.
27. Sagendhingipun kasoran, ingkang ules putih sam-[442]pun ngemasi,
balane mawur maledug, lumayu tinututan, tumpes kabeh pranging tikus
tanpa kiwul, surak wong Mendhang Kamulan, saking sukanya ningali.
28. Sirnane kang buron wana, Sr Narendra seseban aneng sabin, kae
wayuyang neng ngayun, kalawan condramawa, Sri Narendra ngandika
arum, yayi patih drawana, si kakang gadhing mangukir.
29. Wekase marang ing sira, dhapur apa iya tumbake iki, Jakapuring nembah
matur, tan mawi winastanan, binorongaken ing Jeng paduka pukulun,
mesem Sang Prabu ngandika, iya ingsun kang ngarani.
30. Talempak iki yayimas, dhapur pencok sahang deder pring gadhing,
sinulam gogodhinipun, warongka kayu sawa, sawadine kang kikirim mawa
semu, pasemone pencok sahang, abot sinongga ing wuri.
31. Ujare sun pinrih awas, siji-siji landheyane pring gadhing, suwarnane
gadhing iku, putih asemu jenar, pasemone manungsa iku yen durung,
buwang sahat lan luamah, satemahan dadi kuning.
32. Kuneng lagya guneman, ditya Puthut Jataka kang winarni, ginubel
atmajanipun, lembu lawan maesa, pan awasta pun Kalamurti kang sepuh,
kala srenggi ingkang taruna, pagubele nuwun pamit.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 214


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

33. Nusul mring Mendhang Kamulan, miyarsa yen kada-[443]nge tumpes


tapis, sumedya bela tumutur, Puthut Jataka lingnya, iya kaki nanging den
prayitneng kewuh, kupinge wus tinutupan, nenggih wutanipun kalih.
34. Pamriye ywa kongsi, mring srenggala benjang panjugugneki, kalih sareng
angkatipun, krodha samarga-marga, lamun manggih sela geng tinubruk
sumyur, kaliye langkung prakosa, pra samya bebalung wesi.
35. Balitung otote kawat, wulu edon kulit tembaga abrit, netra kumala kang
sungu, purasani tracaknya, waja sepuh bol karah aggetih pulut, kruranya
samarga-marga, sato kakalih ngajrihi.
36. Gung ngambul ngundha kakayan, kang samarga wana lir den babadi,
saengga angin tateli, lampahira sang kala, marti arenggani datan winuwus,
marga pan sampun andungkap pasabinan aningali.
37. Sang Prabu lagya seseban, aneng tegil kagyat denya ningali, buron
gengira kelangkung, kalih sungunya panjang, Sr Narendra gya ngatag
mring kalihipun, ayuyang lan condramawa, pareng denira ngabani.
38. Mring suta kinen tumandang, asu belang wayuyang lawan kucing, pareng
nander kalihipun, sampun ayun-ayunan, nora taha srenggala nulya anaut,
kupingira ingkang kena, ginebegken mesat tebih.
39. Wangsul anaut gagondhang, gya tinajuh tibeng siti cinukit, ingundha
kombul mandhuwur, tibanira sinongga, mring sang kalamurti gya ingundha
muluk, kang siningat timbal-timbal, marang ing kala srenggini.
40. Tibaning siti kalihnya, gya den iles kelesden uli-uli, asu lan kucing
ngalumpruk, tangi-tangi tan bisa, condramawa lan wayuyang kagyat dulu,
sutanya kalih sor ing prang, sigra mesat ing wiyatti.
41. Kalih lir lumarap lir kilat, candramawa anander marang kucing, wayuyang
nander ing asu, mudhun nulya siniram, toya leri ki condramawa anambut,
dawegan kucing siniram, kalih samya den koseki.
42. Nenggih roning wuluh pugag, nulya tangi kalih samya kikirig, wulu rontog
dadya asu, kathah awarna-warna, belang cemeng putih loreng pirang atus,
kucing iya tan prabeda, ulese mawarni-warni.
43. Sadaya mangsah kumerab, Kalamurti lawan Kala Srenggini, bingung kalih
ginarumung, dening asu lan sona, krodhanira ngobrak-abrik bijig nubruk
sinaut datan tumawa, kadya ypa aneng lathi.
44. Tinon kadi semut canthang, lan cecathak minggah aneng wukiring, ki
Jakapuring handulu, yen tan wus ing ngaprang, sigra nyandhak pring sak
ros binanting seru, dyan Sengkan lawan Turunan, kagyat denira miyarsi.
45. Gya mesat sakedhap prapta, ing ngarsane kang pa-[445]man Jakapuring,
mesem suka wuwusipun, kulup sira bageya, raden Sengkan Turunan
umatur nuwun, lajeng marek ngarsaneng Nata, dyan kalih samya
ngabekti.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 215


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

46. Sang Prabu suka tumingal, ing wangune nenggih kang putra kalih, semune
sudireng kewuh, Sang Nata hangandika, kulup sira sun jaluk karyanireki,
sirnakna kalilip ingwang, sato ingkang wani-wani.
47. Angrusak rareksaningwang, tetanduran kagungan Hyang Pramesthi, raden
kalih nembah matur, patikbra nuwun duka, lumangkunga saking ing ngarsa
Sang Prabu, saged tumindak yen sarta, tuduh tuwan kang kapundhi.
48. Mesem Prabu Mangukuhan, iya kulup sira sun karya wakil, sabisa-
bisanireku, ing prang payo den enggal, tur sandika raden kalih nembah
mundur, ngadeg madyaning payudan, ngusap dakaripun kalih.
49. Mijil oyod panjangira, pitung dhepa langkunge tigang nyari, warnanira gilig
lurus, alus kadya ngongotan, yen wong kuna hangarani oyod iku, pan iya
oyod dedawa, wong mangke samya ngarani.
50. Agawe lemese basa, pan katular-tular dalasan mangkin, ingaran panjalin
wuruk, saking wuruk wong kuna, gya amangsah raden kalih pecutipun,
samya pinandhi neng asta, eram sagung kang ningali.
51. Ing pecut raden kalihnya, lamun ngadeg kadya te-[446]ja kaeksi, yen
malengkung lir kakuwung, yen kumelab lir kilat, lamun mobat mabit lir
thathit kang pecut, yen sumelet kadya gelap, kalamurti aningali.
52. Sujalma ngadeg neng papan, kalamurti krodha anander aglis, kala
srenggini tan kantun, kalih hambeg sudira, kalamurti narajang nedya
anubruk, mring raden Sengkan pinapag, sru pinecut dhas ireki.
53. Kalasrenggini nerajang, marang raden Turunan anulya glis, pinecut
pepathakipun, sato kakalih rebah, sanget dennya kantaka neng siti dangu,
condramawa lan wayuyang, gupuh denira ngeluhi.Leng irunge kalih pisan,
tinangsulan tampar kekah anuli, cinancang ing kayu agung, kalih samya
karuna, kuneng puthut jataka ingkang winuwus, apan ta wus nora samar,
kalamun sutanireki.
54. Kalamurti lawan kala, srenggini kang sumusul mring pupulih, ing mangke
sampun kapikut, aprang lan raden Sengkan, lan Turunan kang mapag ing
pamukipun, tinalen tan bisa solah, irung kineluhan sami.
55. Puthut Jataka karuna, anelangsa luputira ngideni, mring suta sedayanipun,
denira mrih memangsan, bingung tyase puthut jataka angadhuh, kagagas
tumpesing suta, madeg krodhaning ngajurit.
56. Gya mangkat saking pratapan, sutanira Ujungran-[447]dhing tan keri,
samarga ngrik ngadhuh-adhuh, prapta gen pasabinan, geger wadya
mendhang Kamulan handulu, mring ditya puthut jataka, warnanya
hanggigilani.
57. Katuring Sri Naranata, datan obah sawdyanira maksih, Jakapuring kang
tinuduh, methukaken ing yuda, sigra nyandhak talempakira ingunus,
sarungannya kajeng sawa, sinuntak brangtannya prapti.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 216


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 53 ۩۩۩


ASMARADANA

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
1. Teksaka endah warni, ulese amanca warna, pan kadya coraking cindhe,
lajeng manjing pasabinan, sirna tanpa karana, puthut jataka ngrik laju,
nander mring ngarsa sang Nata.
2. Kang munggeng ngarsa Sangaji, maledug sadaya bubar, kekes ajrih
sadayane, tan ana kang lumawana, ngunsi wuri Narendra, puthut jataka
handulu, mring Prabu mendhang Kamulan.
3. Cahyanira anelahi, winawas saking mandrawa, wus ilang Mangukuhane,
Bathara Wisnu kang ana, angagem rudaksana, puthut jataka lumayu,
ngunsi manjing wana pringga.
4. Sri Narenda anututi, lan sawadya balanira, sarta gumuruh surake, anut ing
salasahira, puthut jataka nilap, nebih palayune nikung, nulak wangsul tan
karuwan.
5. Wangsul marang sabin malih, dhelik neng mindining [448] sawah, puthut
jataka sektine, ing ajur-ajer tan kewran, nadyan aling-alingana, sada sak
ler tan kadulu, pan ditya bangsa lalembat.
6. Wau ta ingkang nututi, Sang ngaprabu Mangukuhan, lawan sawadya
balane, ngosak asik jroning wana, wus tita tan kapangya, Sri Bupati nulya
kundur, wangsul marang pagubugan.
7. Sawadyanira tan kari, kaki tuwa lonthang-lanthung, lumaku sarya
sisindhen, dhuh nyata yen edan beryan, buta pathut jataka, dilecek wedi
maring sun, lumayu agungsi wana.
8. Iya cobak jangan lari, kalu sudhah saya gusar, amungsuh buta mecothot,
jangan satu jangan duwa, sun makan lan sega wedhang.
9. Ki buyut wuwuse bengis, bisa temen adol umbak, mau sapa rep
madodong, malah dadi pipikulan, ki tuwa sru anyentak, singa wonge lamun
durung, katemu sapisan-pisan.
10. yen sudah campur sekali, rong kali takut mangapa, mapan sudah tate,
saya kali saya tidhak, betane pangi buta, kendhati dhadhah sarebu, sapa
laki takut ngapa.
11. Dennya lumampah angari, andulu wewedi sawah, tan wruh yen ana isine,
sinendhal sarwi lumampah, nyeret turut galengan, puthut jataka
ngruruntuh, kipu cakut gudandapan.
12. Ki tuwa noleya aglis, wurimu iku anapa, ki tuwa [449] sugal saure, mongsa
baya lumayuwa, ki buyut asru mojar, ki tuwa tan wurung lampus, endhase
cinaplok buta.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 217


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

13. Ki tuwa dupi anolih, niba jrit lajeng kantaka, kang mulat sadaya kaget,
nyana ki tuwa wus pejah, sinaut ing jakapuring, katur mring Prabu
Mangukuhan, gya wangsul sabalanira.
14. Puthut jataka ningali, yen Sang nata sanget duka, gumeter lajeng
handheprok, harsa lumayu tan bisa, keneng pangaribawa, pratanira
Sangprabu, ki tuwa sampun rinebat.
15. Dinalih yen nandhang kanin, ki tuwa pan binayang, puthut jataka ngelosot,
Sang Nata asru ngandika, ditya puthut jataka, yen maksiha wani iku, pasthi
yen duwe tenaga.
16. Den iki becak-becik, ki tuwa nora karowak, kalenger karepe dhewe, puthut
jataka ngrarepa, nuhun patik Bathara, anjalmawa kaping pitu, dadosa abdi
paduka.
17. Kami puruna ing Gusti, milane ulun tan nedya, lumajeng tebih lan rajeng,
sakarsa paduka Nata, sung tedha ing ngapura, ngandika Prabu
Mangukuh, yen mengkono karepira.
18. Sumedya ngabdi ing mami, iy ausn prenahken sira, manggana nglumbung
longane, yen ana wong ngumpet karya, yeku bageyanira, wong duwe pari
rong atus, mung ngakoni karobelah.
19. Kang seket sira duweni, lan sanak putunira, [450] neng lesung panjaka
pawon, neng latar myang taretepan, dalan gedhe pawuhan, enggone anak
putumu, sandika puthut jataka.
20. Sang Nata ngandika malih, mring sagunging wadya bala, poma kabeh
wekas ingong, pawestri kalamun adang, ywa lali tinggal sega, neng
tumang utawa nutu, neng lesung tinggala beras.
21. Sajimpit miwah mususi, sabangon tinggala beras lan yen angi aja supe,
tinggala sega aneng iyan, kineng linge Sang Nata, warnanen wau kang
pantun., kang lebur pinangan ngama.
22. Sinasah dipun ideri, nenggih marang ula sawa, gesang pari purna kabeh,
tan kalong wuwulenira, tiningalan anglayap, ula sawa sawusipun, mider
sawiyaring sawah.
23. Angleker lajeng ngemasi, aneng satengah galengan, katingalan ing Sang
Katong, yen ula sawa palastra, ngungun Sri Mangukuhan, purwanira ana
lumbung, dene walangsungsan ula.
24. Sasampuning ula mati, wonten pawestri katingal, lan gene ula tan adoh,
kadya widadari kendran, parabe luwih endah, cahyanya sumunar mancur,
kadya banguning kartika.
25. Wayah duk rumaja putri, sembada dedeg pideksa, [451] sekar sungsang
jejamange, maketha buka dri mubyar, akalung sri winulat, nanging sang
dyah maksih pinjung, wastra di manca warna.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 218


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

26. Maharja dhinandhang gendhis, susupene mamanisan, asengkang bapang


kaniten, anting-anting gelang kana, kancana sinasotya, Sang Prabu tyasira
kenyut, marang niken luwih endah.
27. Arsi denira marpeki, sarya rum dennya ngandika, dhuh atma jiwa ngong
hangger, mirah intene pun kakang, ingkang sawang kumala, asiha mring
dasihipun, eman temen neng pagagan.
28. Wong kuning anemu giring, emen sarira kataman, ing surya asru bentere,
suwawi kawula bekta, marang Mendhang Kamulan, muktiya neng jro
kadhatun, pun kakang srah jiwa raga.
29. Sang retna matur wot sari, kapundhi wonten mustaka, sih paduka mring
dasihe, kawula anuwun duka, langkung dahat lenggana, yen kantos
binekta kundur, mring pura Mendhang Kamulan.
30. Lamun estu Sri Bupati, sih ing dasih kawlasarya, anrus ing lahir batine,
kang abdi kinarya garwa, wonten panuwun kula, enjing sonten sangprabu,
tedhaka mring pasabinan.
31. Meng-ameng ngideri sabin, pratondha lamun sang Nata, satuhu sih ing
dasihe, ken endah luwih sawusnya, umatur nulya musna, Sang Prabu
kalangkung ngungun, jetung dangu tan ngandika.
32. Nulya kundur Sri Bupati, saking kentring Krendha-[452]yana, gen kebon
pasabinane, budhalan sawadya nira, sapraptanireng praja, Sang Prabu
lajeng ngedhatun, para dipati sowang-sowang.
33. Mantuk mring wismane sami, cinatur mendhang Kamulan, sangsaya
gemah harjane, madya samya bubak wana, sawiyaring tebanya, pencaring
pari lan jagung, miwah wiji sadayanya.
34. Pinaringken ing wadya lit, bawah ing medhang Kamulan, dhusun-dhusun
sadayane, tan wonten kang kalangkung, kinen nanem sadaya, satibane
wiji tulus, tan ana pinangan ama.
35. Sri Narendra sampun kardi, sabin myang tegal daleman, nglestarekaken
welinge, inguni ken luwih endah, ya kang musneng galengan, enjing
sonten sangaprabu, sarta kalwan kang garwa.
36. Meng-ameng ngideri sabin, tinut ing wadya kang samya, ananem
sadayane, enjing sonten tan na pegat, ngideri sabinira, sagen-engen
samya tulus, wedaling tanemanira.
37. Lami-lami meradini, ing sapulo tanah Jawa, Tisnawati thukulane, kang
sampun kisen manungsa, sadaya samya prapta, sowan marang ing Sang
Prabu, nuwun nular wiji samya.
38. Sadayane den paringi, tinanem neng tanah Jawa, pra samya tulus wedale,
tular-tinular sangsaya, wiyaring tebanira, satibane wiji tulus, tan wonten
peksi kang mongsa.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 219


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 54 ۩۩۩


DHANDHANGGULA

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
1. Sampun katur mring Hyang Pramesthi, lamun wiji-[453]wiji sadayanya,
Tisnawati thukulane, pinencar-pencar sampun, pananeme ing wiji-wiji,
Sang Prabu Mangukuhan, langkung tulusipun, tan wonten pinangan ama,
anak putu putu jataka kang ngrusuhi, sampun sirna sadaya.
2. Pan ing mangkya pulo tanah Jawi, ingkang sampun kaisen manungsa,
samya nular sadayane, marang Prabu Mangukuh, binaktanan sadaya
sami, tinanem tanahira, inggih samya tulus, tan wonten pinangan ngama,
Sang Hyang Guru miyarsa suka tan sipi, Hyang Nrada gya dinuta.
3. Marang Mendhang Kamulan dhawuhi, Prabu Mangukuh sinung paparab,
Raja Kano jujuluke, paparab Sri Mapunggung,
Mapunggung miwah Dewi Darmanastiti,
sinalin namanira, paparab Dewi Tulus, lan pinaringan malih garwa, Dewi
Subur runtut datan walamg ati, dennya memaru samya.
4. Wus mangkana prameswari aji, kalih pisan pan sampun puputra, samya
satunggal putute, kang saking Dewi Tulus, pan wanodya nama Dewi Si,
langkung endah warnanya, kang cahya sumunu, kang saking garwa
taruna, Dewi Subur jalu warnanya apekik, nama raden Sedana.
5. Putra kalih wus diwasa sami, nanging dahat tebih marang krama, lamun
tinantun kaliye, mring kang rama Sang Prabu, aturipun retna Dewi Sri,
datan arsa akrama, lamun datan antuk, kadya rayi Sedana, ingkang rayi
lamun tinari pan sami, ature yen tan angsal.
6. Ingkang kadi kang raka Dewi Sri, suka wahdat sa-[454]lama tan krama,
Sang Prabu langkung dukane, kang putra gya tinundhung, kinen kesah
saking nagari, panarkane kang rama, marang putranipun, dennya sami
lumuh krama, jalu estri minalih dhasar wus lami, wor jiwa nunggal karsa.
7. Marma dahat dukanya Narpati, maring kang putra raden Sadana, ing
dhingin kesahe, ing wuri gya sumusul, ingkang raka retna Dewi Sri, ing
dalu kesahira, saking jro kedhatun, horeg wadya sanagara, mendhang awit
kesahe putra lan putri, myang kang ibu kalihnya.
8. Langkung sami sungkawaning galih, nanging ajrih matura mring raka, de
maksih sanget dukane, kuneng gantya winuwus, nenggih wonten ratu
raseksi, denira kukutha, neng Mendhang Kamuwung, nama Prabu Ujung
kala, ananira tanah Jawa, hanyarengi, duk kaisenan manungsa.
9. Sang Hyang Guru nulya amewahi, dewa samya kinen ngeja wantah,
aneng tanah Jawane, Sri Bupati Mangukuh, kang jinenengaken Narpati,

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 220


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

ana nama Pandhita, Umbul miwah buyut, anulya diyu raksasa, trahing
Ngandojali, kweh tumutur sami, marang ing tanah Jawa.
10. Prabu Ujungkala hamiyarsi, lamun ratu ing Men-[455]dhang kamulan,
Sang Prabu Mangukuhane, jujuluk Sri Mapunggung, darbe putra sajuga
estri, langkung endah warnanya, kang cahya sumunu, diwasa dereng
akrama, apeparab kusuma retna Dewi Sri, Yaksendra gya utusan.
11. Papatih nenggih kang tinuding, mawi surat mring Mendhangkamulan, pan
anglamar ing lampahe, parentahnya Sang Prabu, panglamare lamun
tinampik, kya patih tan linilan, yen mangsula mantuk, sakancane yen tan
bekta, putri Mendhang Kamulan retna Dewi Sri, lebura ing ngayuda.
12. Tur sandika kya patih wus mijil, saking pura sapraptaning jaba, parentah
marang kancane, kya patih Ujung Kuwung, namung bekta kalih bupati,
nama Wil Ujung Kawang, ksang satunggilipun, Wil Ujung Kawing
namanya, namung bekta bala nyatus punggawa tri, samya wil pipilihan.
13. Wus samekta sakaprabon jurit, nulya budhal saking nagara, anasak wana
lampahe, neng marga tan winuwus, pan gineru lampahnya prapti nagri
Mendhang Kamulan, katur ing Sang Prabu, praptaning wil raja duta, Sri
Mapunggung sigra miyos poncaniti, siniweng wadya bala.
14. Kyana patih kerit Jakapuring, prapteng ngarsa katur surat ira, mring Sang
Prabu binuka ge, sinukma jroning kalbu, wus kadriya raosing tulis, Sang
Prabu angandika, mring Ki Ujung Kuwung, heh ditya duta matura, mring
ratumu gone nglamar nini putri, ingsun tutur pasaja.
15. Wus katrucut ing mengko ni putri, pan wus lunga [456] teka ing nagara,
sun tundhung lawan adhine, panglamre ratumu, luwih adreng kang muni
tulis, tan kena tinampika, lamun wus katrucut, laki kinen megatena, lamun
lagi papacangan nini putri, sun kinen murungena.
16. Yen maksiha aneng tangan mami, nora ewuh sarehning wus lunga, apa
ratumu karepe, yen maksih dreng ing kayun, ya den golekana pribadi,
apan ingsun wus lila, kya patih turipun, pukulun yen makatena, boten
susah kawula atur udani, ing putra Sang Yaksendra.
17. Pan kawula tan kalilan gusti, yen mantuka dhateng ing nagara, Sri
Ujungkala dhawuhe, yen tan saged pukulun, bekta putra tuwan sang putri,
leng lajeng ngupayaha, ing putra Sang Prabu, Sri Mapunggung angandika,
iyaapa kang dadi karepireki, ariningsun wus lila.
18. Patih Ujung Kuwung anulya mit, nembah mundur saking ngarsa Nata,
lawan punggawa kaliye, Sang Prabu angedhatun, patih Ujung Kuwung,
sapraptaning jawi kitha, saha bala pan lajeng nasak wanadri, ngupaya
sang lir retna.
19. Kawuwusa kusuma Dewi Sri, sawdale nguni saking [457] pura, lajeng
manjing alas gedhe, solahe kawlas ayun, lan kang rayi dereng panggih,

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 221


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

mangkana lampahira, sang retna kapethuk, lan sagung bala rasaksa,


ingkang samya nelsah nasak wanadri, samya giyak sadaya.
20. Wus anarka kalamun Dewi Sri, kyana patih lan kalih punggawa, marpeki
arsa tetaken, sang dyah kagyat lumayu, wil tri atus sigra nututi, binujung
saparannya, sang Dyah neng wan gung, ananging datan kacandhak,
pelajenge kesit lir tan ngambah siti, ditya tebih kantunnya.
21. Medal saking wana sang retnadi, anon dhukuh duk lagya bebakal, nanging
wus kathah wismane, ran dhukuk mendhang tamtu, sang dyah sayah
nedya angungsi, manjing jro padhukuhan, anjujug ing lesung, ki buyut
wengkeng tumingal, yen lesunge wonten pawestri alinggih, langkung
endah warnanya.
22. Mawa cahya sumunu nelahi, ki buyut wengkeng eram humiyat, marpeki
harsa tetaken, wus prapta gening lesung, pan ki buyut marek tanyaris,
hangger tigas kawuryan, ulun tembe dulu, punapa jim perayangan,
lenggah lesung punapa si widadari, isining ngendraloka.
23. Tedhak marang dhekahe pun kaki, punapa ta hangger kang kinarsa, sang
dyah pasaja sahure, kalamun putrinipun, Sang ngaprabu ing Mendhang
Kawit, tinundhung mring kang rama, neng alas kapranggul, ing ditya
kinuya-kuya, praptaningsun neng kene nedya angungsi, kaki yen saguh
sira.
24. Angukuhi marang awak mami, angres ing tyas ki [458] buyut miyarsi,
lamun makatena hangger, paduka gusti ningsun, putreng nata ing
mendhang Kawit, kang angreh tanah Jawa, sampun walang kalbu, kawula
kang ngekahana, sapintena kathahing mengsah raseksi, kang bujung
paduka.
25. Kawula kang naggulangi jurit, hangger nunten manjinga ing wisma,
angayemna sarirane, sampun wonten ing lesung, sang kusuma saurira ris,
ya kaki resikana, wismamu karuhun, ingsun kaki datan arsa, manjing
wisma yen ora kabeh wus resik, regede buwangana.
26. Buyut Wengkeng sigra manjing panti, kang rareged nulya binuwangean,
wusnya resik sadayane, sang dyah ngaturan sampun, manjing wisma
lenggah Dewi Sri, aneng ing papajangan, buyut wengkeng gupuh medal
sawijining dhadhah, sabature wong rongpuluh sarya sami, lan
sagagamanira.
27. yata wau ditaya kang nututi, anut sapurugira sang retna,ingkang den
ambet gandane, marma sapurugipun, sang lir retna ditya udani, marma
kang tilas kambah, gandanya mrik arum, tinurut ganda wus medal, saking
wana manjing dhukuh sang retnadi, gandanira angambar.
28. Ditya tigang atus kang nututi, anon tudhuih saja-[459]wining dhadhah, ana
wong raki gamane, watara mung rong puluh, wil tri atus sareng krura ngrik,

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 222


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

buyut wengkeng rowangnya, dereng kongsi methuk, ing aprang mawur


sadaya, giris miyat solah tandanging raseksi, lawan karoban ing prang.
29. Wong rong puluh palayune gendring, manjing wana tan na tolih wisma,
mung kari ki buyut dhewe, langkung ing krodhanipun, gya narajang
mangsah lan kudhi, tinadhahan ing ditya, ki buyut ngamuk, kalangkung
teguh wentala, datan ana gagaman ingkang nedhasi, kuwat pangamukira.
30. Buyut wengkeng pangamuknya ngukih, lan kudhine kweh ditya kang
pejah, ing wuri nangkebi prange, kanan kering pan amyuk, pira kuwatira
wong siji, ki buyut panagamukira, ing prang wus kapikut, binonda
sasukunira, pan inguger aneng uwiting nongka nuli, ditya wus manjing
dhadhah.
31. Nanging sira kusuma Dewi Sr, nalika prang wong rong puluh bubar, sigra-
sigra ing wedale, sang dyah dennya lumayu, pan wus tebih manjing
wanadri, ngaler nikung ngetan, langkung kawlas ayun, wau punggawa
raseksa, padhukuhan wisma den osak-asik, sang dyah wus tan kapangya.
32. Lan ingambet gandanya wus mijil, punggawa ditya sabalanira, sigra nututi
lampahe, anut sapurugipun, gonda ingkang tinurut sami, lajeng manjing
ing wana, wau kang winuwus, Dewi Sri palajengira, neng satengah wana
panggih lan kang rayi, nenggih raden Sadana.
33. Ingkang rayi gya rinangkul aglis, lara-lara den-[460]ira karuna, nuturken
ing sasolahe, ing wit wekasanipun, sakesahe saking nagari, praptaning
tengah wana, kapethuk ditya gung, binujung kinuya-kuya, ingkang rayi
kalangkung ngungun miyarsi, awlas miyat ing raka.
34. Sarta langkung onengira kalih, Dewi Sri lan raden Sedana, kang rayi
mesem ature, dhuh kang bok kadang ingsun, ingkang pinindha Ratig
swargadi, sarining Ngendraloka, sampun sajembarireng wanadri, kawula
tan suminggah.
35. Sang kusuma suka duk miyarsi, sarwi mesem denira ngandika, ginablogan
pungkurane, andelna yen amuwus, bisa gawe rasaning ati, sang dyah
sinambut sigra, mring raden pinangku, rirungrum hingarasan, tan winarna
ing dalu denira sami, nekani ngasmara.
36. Dhasar sami kayunira kalih, rden Sedana marang kang raka, dennya
nekani onenge, nutug dennya mong lulut, enjang luwar dennira saresmi,
siram marang petirtan, soring nagasantun, sawusa pra samya lenggah,
tana etang pringganira neng wanadri, mung ketang wurinira.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 223


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

۩۩۩ Pupuh 55 ۩۩۩


PANGKUR

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
1. Kuneng rahaden kang lagya, sih-sinihan lan kang raka Dewi Sr, kagyat
wau praptanipun, wadya bala rasaksa, dyan Sedana wus duga yen ditya
mungsuh, kang raka gya ingaturan, singidan kinen umanjing.
2. Kancing gelungira radyan, hru garudha sang dyah [461] wus tan kaheksi,
wau patih Ujung Kuwung, marpeki sru tatanya, baya sira putrane Prabu
mangukuh, aneng ngendi sang lir retna, mau neng ngarsanireki.
3. Iku bakal garwanira, rajeng Mendhang Kamuwung ratu mami, payo
ulungena den gupuh, yen sira arep gesang, yen tan aweh pasthi bilahi
sireku, raden Sedana lingira, iya iku kadang mami.
4. Putri ing Mendhang Kamulan, sira jaluk haya yen ora keni, lamun ingsun
durung lampus, ki patih duk miyarsa, langkung krodha raden sedana
tinubruk, prayitna mesat tan kena, tinubruk nengen angering.
5. Kya patih langkung bramantya, Ujung Kawang kalawan Ujung Kawing, ing
ngawe sawadyanipun, sumahab sareng mangsah, mangembuli raden
Sedana kinrubut, gya nyandhak sanjata dibya, linepasaken tumuli.
6. Ujung Kuwung Ujung Kawang, Ujung Kawing kaparas ing jemparing, tri
ditya wus lampus, wadya tri atus ditya, miyat patih lan punggawa kalih
lampus, krodha sareng dennya mangsah, ambyuk ngarubut ing jurit.
7. Raden Sedana tan kewran, ngiwa nengen anglepasi [462] jemparing,
wadya rasaksa kweh lampus, miwah ingkang kabranan, sakarine kang
ditya giris lumayu, mantuk marang prajanira, nedya tur tiwasing jurit.
8. Tinut ing saparanira, marang raden Sedana sampun tebih, prapteng
dhukuh Mendhang tamtu, raden kendel lampahnya, aningali wong kathah
pra samya rubung, sareng wau praptanira, raden Sedana tanya ris.
9. Heh sira iku wong apa, padha nangis lan iki kang ginodhi, aneng witing
nangka iku, apa kang dadi purwa, buyut Andhong alon wau aturipun,
puniku kadang kawula, buyut Wengkeng kang ginodhi.
10. Ing nguni sor prang lan ditya, mila aprang nanggulangi rasaksi, wit saking
sang retnaningsru, putri Mendhang Kamulan, binajung ing ditya, haminta
tulung, kasor prang lajeng binandha, aneng wit nongka ginodhi.
11. Prapta kawula pan nedya, kiwul ing prang nanging giris ningali, wil tigang
dasa kang tunggu, ing gogodhen wit nongka, dereng dangu bubare pan
kapiluyu, praptane ditya kang samya, lumajeng saking wandri.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 224


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

12. Punika sarenge bibar, pan hanjujur mangilen purugneki, lampahe kadya
kaburu, kuwur rebat ing ngarsa, gih punapa paduka ingkang bubujung,
raden Sedana lingira, ya ingsun kaki kang ngungsir.
13. Raden ngunandika ing tyas, enget aturira Sang ret-[463]na nguni, raden
angling heh kaki wruhanireku, sun putreng Mendhang Kamulan, ya raden
Sedana mami.
14. Kang bok putrine kang tuwa, Dewi Sri samengko wus basuki, amarga
saking sireku, nguni nanggulang lampah, prang lan ditya ya banget tarima
ningsun, wis padha sira kariya, aja maras tyasireki.
15. Rsaksa kabeh wus sirna, ingsun banjur mring nagri Mendhang Kawit, dyan
Sedana wusnya muwus, sigra lajeng lampahnya, ingkang kantun buyut
Wengkengsuka ngungun, cipta nugrahaning dewa, lan ki buyut Andong
wilis.
16. Kuneng kang wus samya suka, aneng Mendhang tamtu gantya winarni,
dyan Sedana lampahipun, dalu kendel semana, neng Parbata kang raka
ngaturan sampun, Dewi Sri wus mijil sigra, saking grudaning kang rayi.
17. Kaliye wus samya lenggah, dyan Sedana mesem aturireki, dhuh kang bok
paran ing kayun, Sang retna angandika, iya apa yayi sakarsanireku, sun
darma nurut kewala, anggere sarira mami.
18. Mati urip aja pisah, lawan sira wus dadya setya mami, kang rayi lon
aturipun, dhuh kang bok yen kawula, maksih ajrih yen mangke lajenga
mantuk, kados jeng rama paduka, dukane maksih dhatengi.
19. Kang bok kalamun sembada, kula harsa lajeng ngung-[464]sir rasaksi,
prapta ing prajanipun, ratune ingsun tigas, nadyan mantuk mring
Mendhang Kamulan lamun, kawula wus angsal karya, ngaturken
murdanireki.
20. Ujung kala ditya mengsah, ratu Mendhang kamuwung kula cangking
murda katur rama prabu, mendah sukaning driya, pasthi lamun kula
benjang madeg ratu, mengku ing Mendhang Kamulan, nanging kang bok
atur mami.
21. Paduka dipun narima, sakarsane jeng rama ngong lampahi, arining karsa
pukulun, tuwin sasedya kula, sih siniyan lan kadang katekan sampun,
nutugi bekti kawula, ing kadang tuwa karonsih.
22. Agampil kang bok ing benjang, yen kula antuk nugraha luwih, karsaning
Jawata luhung, mengku Mendhang Kamulan, yakti boten kewran ing
sasedya ulun, gen kawula sih kakadang kadi tan kacuwan sami.
23. Sang dyah anut ing arinya, sawusira kang raka kinen manjing, wangsul
jroning kancing gelung, garudhanira radyan, sawusira raden Sedana
agupuh, mesat lajeng lampahira, anut salasahireki.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 225


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

24. Ditya kang samya lumajar, pan angilen anut ing kendheng wukir, semana
lampahira wus, mendhang Kamuwung prapta, Prabu Ujungkala duk mijil
manguntur, dangu ature kang prapta, ditya kang kaplajeng sami.
25. Wus katur saaturira, ing wiwitan prapteng weka-[465]sanneki, yen
punggawa kalih lampus, katiga lan hapatya, aprang lawan Sedana aneng
wanagung, putraning Mendhangkamulan, ingkang ngekahi sang putri.
26. Langkung prawiraning yuda, dyan Sedana kinembulan ing jurit, ditya tri
atus ngarubut, kadya tan ngambah lemah, jemparinge ngiwa nengen kang
tumanduk, tan pegat saking gandhewa, marma ditya tumpes tapis.
27. Kagyat Prabu Ujungkala, duk miyarsa krodhanira tan sipi, sigra
ngundhangi wadya gung, kang punggawa rasaksa, harsa nglurug
Mendhang Kamulan, ginempur, ing dalu samya siaga, samekta kaprabon
jurit.
28. Wauta ing praptanira, dyan Sedana lajeng manjing jro puri, Sang Prabu
Mendhang Kamuwung, kaondure manjing pura, lajeng nendra ing dalu
tinigas sampun, Ujungkala wus palastra, kang murda lajeng cinangking.
29. Mring sira raden Sedana, sawusira mijil humesat aglis, saking ing
Mendhang Kamuwung, ing wuri kagegeran, tanana wruh pejahe sang
Yeksa Parbu, punggawa ditya pra samya, tambuh-tambuh solah neki.
30. Kuneng wau kang winarna, lampahira raden Sedana nenggih, ing marga
datan winuwus, gancange kang carita, prapteng nagri Mendhang Kamulan
nujwesuk, Sri Bupati Mangukuhan, neng paningrat duk siniwi.
31. Tan kathah kang mungging ngarsa, mung kang rayi [466] dyan patih
Jakapuring, lan wadya pangarsa prabu, wuri cethi parekan, angandika
sang Nata wartaning jawi.
32. Ing Mendhang tamtu rame prang, mungsuh ditya sapa lawan ing jurit,
Jakapuring awot santun, inggih wartaning kathah, palajenge ditya saking
Mendhang tamtu, wonten ing wana rame prang, wil tumpes kedik kang
kari.
33. Kilap lawan ing ngayuda, ulun sampun nuduh punggawa kalih, nalika
mring Mendhang tamtu, kados mangke praptanya, duk miyarsa sang Nata
ngungun ing kalbu, kasaru geger ing jaba, praptane sang raja siwi.
34. Suka wong Mendhang Kamulan, katur marang Sang Nata den timbali,
prapteng ngarsa awot santun, tumungkul dennya lenggah, sagung wadya
kang sewaka sukeng kalbu, praptanira raja putra, myang sagung parekan
cethi.
35. Sri Bupatu Mangukuhan, mesem ing tyas wesana ngandika ris, heh
Sedana sutaningsun, prapta sira bageya, matur nuwun raden Sedana won
santun, Sang Nata malih ngandika, selawasira mring ngendi.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 226


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

36. Lunga tan nganggo wawarta, lan bakyunira mengko neng ngendi, dene
sarenti praptamu, gawa mustaka ditya, ingkang putra raden Sedana wot
santun, pukulun Sang Binathara, kang asih ing kawlas asih.
37. Mila ngong prapta sumiwa, ngarsang Nata mung nedya atur pati, yen
marengi karsa Prabu, nuwun pangaksama, kalepatan kawula mring jeng
pukulun, ing pejah gesang katura, sakarsanta anglampahi.
38. Ping kalih atur uninga, mila kesah ulun tan mawi pamit, jrih lamun
kasereng bendu, duduka Sri Narendra, mila lami kawula neng wana gung,
mung miminta pangaksama, sih ing Jawata kang luwih.
39. Anunten putra paduka, kakang mbok prapta kawelas asih, neng wana
binujung diyu, kawula kang marwasa, inggih saking pangestu paduka
Prabu, tan awrat linawan ing prang, wil tri atus kweh ngemasi.
40. Sakantune kang rasaksa, bibar mawur pra samya rebat urip, mantuk
dhateng prajanipun, kawula nut lampahnya, Prabu Ujungkala ing
Mendhang Kamuwung, krodharsa ngrebaseng yuda, Sang retna wus kinen
mijil.
41. Lajeng marek ngarsa nata, nembah lajeng tumungkul dennya linggih, pan
arsa nungkemi suku, Sang retna jrih kalintang, den ingkang rama tan
ngawe asteku, dadya sumengkem pratala, Sang Nata rengu dennya
ngling.
42. Ya banget tarimaningwang, marang sira Sedana de-[468]ne prapti, sartane
bisa sireku, buwang kalilip ingwang, marga saking prang cidra lakunireku,
sekti prang bisa ngambara, kesitmu lir manuk sriti.
43. Lan sira Sri Sutaningwang, saking bektinira maring sun nini, sapraptanira
wot santun, lumungsur lungguhira, wus saengga ula sawa ingsun dulu,
sabdaning Nata Pandhita, sakala putra kalih.
44. Keneng sotira kang rama, dyan Sedana pan dadya manuk sriti, mesat ing
wiyat anglangut, Dewi Sri apan dadya ula sawa lajeng galeser mring
pungkur, manjing marang pasabinan, kagyat kang samya ningali.
45. Jakapuring lawan sira, Prameswari kaliye marek aglis, nangis sungkemi
suku, nunuwunken apura, dhuh Sang Nata paran karsanta pukulun, duka
nora tulus duka, teka dadak nepatani.
46. Putra samya salah rupa, lah ta pinten putra paduka aji, leheng pejah awak
ingsun, yen tan paring aksama, ing ruwate cintrakane kalihpun, Sang Nata
mesem ngandika, wis padha mupusa yayi.
47. Yen wus pasthi sutanira, salah rupa karsaning Hyang linuwih, tan kena
rinuwat iku, Sri dadya ula sawa, si Sedana dadya manuk sriti iku, pasthi
crah lan ula sawa, karsaning dewa linuwih.
48. Nging padha sinunga karya, ula sawa pan kinen [469] ngreksa pari, singa
kambah pari tulus, manuk sriti karyanya, endi wisma kang den ambah
manuk iku, sinung rejeki kang sarta, akuwat sabarang kardi.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 227


======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

49. Mulane padha mupusa, pira-pira sutanta karo sami, sinung karyaning
dewa gung, nadyan sariraningwang, kaya paran yen tan mupusa ing kalbu,
pan darma bae kewala, badan iki anglakoni.
50. Apan saking karsaning Hyang Sang Winenang hiya kang murbeng pasthi,
mung yayi karo sireku, den banget pujanira, nunuwuna nugraha puputra
jalu, gonira ngandheg tri wulan, dadiya brangtaning nagri.

Sidoarjo, 10 Juli 2011


Kasalin dening Mas Kumitir

==== @@k ====

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 228

Anda mungkin juga menyukai