Anda di halaman 1dari 118

AN-/

/.

' l

-~;· ·:.. l~ ~I> :~ ~ ~


r:N.E.RBIT _- ~ TAN KHOEN SWIE
KEDIRI
D J A l A N D H 0 H 0 149
anp.R J]osaken R€R m qkesampun
sasab sebah1nq
kaRaton mab]apahJt

' *
kawewehan pepanbmqanmq t]aRIJOS
mJtURUt suRaosJpun seRat wat1sana

Penet6it :
0

TAN KHOEN SWIE- KEDIRI


DJALAN DHOHO 149
Baru sjah peredarannja, bila sudah dibubuhi
tjap tanda tangan Penerbit sebagai dibawah ini :

PEN E RBI T *)

*) Pendjualan ' kuku jang tldak ada tjap tanda tangan sepertl diat01s, dapat
diadjukan kemuka Pengadlfan.
-3-

DARMAGANDUL
1. MIDJIL
I. Anggitira iku datan sami, sawidjine uwong, panemune kawruh
dewe-dewe, mula buku tjrita tanah Djawi, tan patokan sidji,
kaole ro telu.
2. Djedjer sidji lakon tiga kalih, iku omong kosong, djanma 'sidji
jen telu tut ur e, karja kewran kang memule wuri, wong kang
a hli budi, ngahggep tjrita palsu.
3. Kitab Lokapala kang m!'mgeti, das ar s aking kraton, nanging
embuh bener lan lupute, de kang nganggit pudj anggane Adji,
nging pandugamami, bener nora luput. ,
4. Putu Adam putrane N abi Sis, Sajid Anwar mongkol, dinuka-
n a n rama la n ejange, wani mangan wohe kaju b_udi, sengkeran
H jang Widi, neng luhur swarga gung.
5. Sajid Anwar dinangu kang da di, bandjur m{mtar lolos, tekan
'A r ab kang dadya saba be, Saj id Anwa r matur mring Sang
Adji, marga dl'm duka ni, kang sarta t inundung .
6. Mring rama Sis lan Hjang Adam N a pi, sabab mukir mong kol,
or a rnanut maring leluhure, w ani m a ngan woh wit kaju budi,
s engkeran Hjang Widi, n eng luhur swarga gung.
7. Gja ingambil mantu mring Sang Adji, sinrahan k ap:rabon, ing
Dewani aganti parabe, Sangha Prabu Nurtja hja Dewani,
angr atoni edj im, Dewani s adarum.
8. Raning pradja Dewani gina nt i, mring Nurtjahja Katong, ta~ah
Dj awa punika arane, dfme ingk ang djumeneng Narpati, Djawa
Djawi ngreti, k awruh agal alus.
9. Nganggit sastra mung salikur idji, sautjape uwon, ora kurang
tan luwih sastrane, aran s ast ra Endraprawata di, kang mur-
wani nganggit, Sang Nurtja hja P r abu .

-,
.I Dj awa ngudja-haw a karepaning, t jipt anireng ba tos, s edja- ·
r owa saturun -turune, amurwani djumeneng Narpati, anl'mg
tanah Djawi, Sang Nurtjahja P r abu.
11. Apeputra N v r rasa krama djim, woh budi bin3;dog, Sang Nur- _
r asa kang siwi putrane, Sang H j ang E ning mangan woh wit
budi, k rama pu t ri Keling, Sa ng Hjang Ning se!mnu. '
12. Sang Hjang tungga l mangan ·w oh wit budi, akrama djim kaot,
ang ·Rekat a t ama atm adjane, a kajangan telenging djala dri,
Sa ng Hja ng T unggal siwi, aran Sang H j ang Guru.
-4-
13. Nreda mendem mangan woh wit budi, angaku Hjang Manon,
pan djinurung marang Hjang tjiptane, sakarsane Guru dim
djurungi, kalilan nimbangi, jasane Hjang Agung.
14. Pan ijasa suwarga jumani, tjiptane rinodjong, putjak gunung -
Mahmeru kratone, angakoni purwanira nguni, medal asal sa·
king, pundi hawa nepsu.
15. Aran Dewa ngaku · misesani, wudjude sipat roh, Buda-Budi
rane agamane, amangeran tapa digdajaning, angaku Hjang
Widi, tjiptane djinurung.
16. Dewa iku wradine kekalih, tegese sawijos, budi-hawa kang
sidji wudjude, wa,d i-dawa tegese sawidji, mula agamaning,
Buda aranipun.
17. Tegesipun sesebutan Dewi, de: wadine wadon, uwi: wijar
puniku artine, mung sanjari wadine djanmestri, sedeng den
wedali, ndas botjah sagenuk. .
/ 18. Lah timbangen Darmagandul iki; ingkang katjarijos, endi
ingkang bener pamangane, kang tan mangan wgh wit budi:
mati, ing~ang ora bukti, woh wit kaju kawruh. ·
19. Jekti tjubluk kewan daging, ingkang ora mbadog, woh wit
kuldi lir watu uripe, ora obah tan osik tan eling, tan wruh
ala betjik, tanpa hawa napsu.
20. Darmagandul aturira aris, Kjai masa borong, timbang-kula
leres sadajane, mung senengan kang dipun sungkemi, ing salah
satunggil; sam pun ngantos · luput.
21. Lamun seneng .neda woh wit budi, mituruta babon, Buda-Budi
karan agamane, anjebuta Dewa Batara Di, lamun seneng
bukti, woh wit kadjeng kawruh.
22: Anjebuta asmane Djeng Nabi, 'Isa kang kinaot, mituruta
Gusti agamane, lamun seneng neda woh wit kuldi, njebuta
Djeng Nabi, Muchammad Rasulun.
23. Lamun seneng ron kawruh ron budi, anembaha pikkong, mi-
turuta Tjina agamane, manut sarak Sang Radja Li Sin Bin,
ing salah satunggil, patokan tinurut.
24. Wadjibipun tijang gesang niki, sadaja binadog, woh wit budi
elingan wastane, woh wit kawruh wikan afa betjik, woh wit -~'l
kadjeng kuldi, woh kang sipat tukul. J
25. Kang tan nedi woh wit kadjeng katri, sajektine bengong, .. .J
kadi sela punika gesange, boten obah tan osik tan eling, tan
wruh ala betjik, tanpa hawa napsu.
/ 26. Utamine tijang gesang niki, manut alam mmvon, dados boten
pisah ing gesa'nge, jen Chalifah neda woh wit budi, inggih
tumut bukti, woh budi kang tuwuk.
27. Jim Chalifah neda woh wit kuldi, inggih tumut mbadog, woh
wit kuldi kang kebak wetenge, jim Chalifah woh kawruh bi-
nukti, 1nggih tumut bukti, woh kawruh kang tuwuk.
28. i . Alam niki Chalifatu'Uahi,. dahar .uwit kawroh,. inggih tum ut
, . neda saangsale, ma.nut .Ratu agami tan kapir, leres tuwin
sisip, kagungane Ratu. ,
29. Dasar Ratu mangke wus nggelari, mring wadya tuwa nom,
kinim. nedi kawruh sadajane, kang supados wikan lcres sisip,
sadaja nagari, 'sekolah pinanggung. ,
30. . Saupami boten. tumut bukti, woh wit kadjeng kawroh, manut
Nabi 'Isa sarengate, t anda djanma tan umnga uwit, kang
uninga uwit, nut agama Ratu.
31. Tyang tan ma:nut agami Narpati, tijang mateng mogol, boten
mateng ing djawi lebete, manut Ratu amemurih asil, batose
metJ!tJil, sanes adepipun.
32. Mendem neda woh wit tulah sarik, nglirik ngidul ngalo~,
angalap woh 'ing lair batine, boten manut agama Narpati, duk
Djeng 'Isa Nab1, dahar uw.t kawruh.·
33. ' Boten manut agamane luri, woh budi binadog , mung netepi
Tyang Djawi djawale, boten. nami Djawa Djawi ngreti, j im
Djaw1 mangretl, nut agama Ratu.
34. Sabab ngretos Ielakone urip, manut alam mawon, tyang tan
manut agami Ratune, lmdya euna m eual salung warih, woh
tan nemplok 'uwit, nggluntung tanpa dunung.
35. Nami uwoh kang tumeinplek uwit, sinten gadah uwoh, ngaken
Landi tan 'Isa sebute, ngaken Dj3!wi t an njebut Dewa Di,
njebut Rasul Nabi, Djawi wudjudipun. ·
36. Wangun tiga sami den enggeni, dapur wangun kagok, kagok
kagol kapiran ·patine, dados demit anenggani siti, . Djawa
dja'Ya~ kapir, lair batosipun.
_37. Amung dados pakane jumani, gesangipun klor.op, tijang Djawi
n~ng Djawi laire, minum nedi toja tanah Djawi, inggih ka-
wruh Djawi, gi~~lut kang lembut. ·, , · · ·
38. Sabab kawruh pusaka naluri, Bijasa binadog; ngretos ngangge
miwah panginume, sawab kawruh asal saking luri, kedah ani-
wasi, sampun untungipun. · ·
39. Nadyan lepat tan lepat..pribadi, lepat saking babon, tyang .
njungkemi agami !urine, run-,t umurun langkung sewu warsi,
hadyan iku sisip, Allah pa~ing maklum.
40. Tijang ngan§ge aga.mine t a nggi, ngabekti Hjang Manon, katah
lepat. ing tatakramane, matur ik a kalintu puniki, lamun sisip-
s '.sip tambah mangglh bendu.
41.. Jen miturut agamine Wali, minggata den adoh, dateng ~Arab
kumpula bangs~Jle , jen miturut parentah Narpati, Sultan
Demak nagri, lumebet a kubur~
--6..:.:..-
42. Tijang nakal mung wadjib dim usir, sampun suka amor, ing
bangsane luri lan Ratune, wonten Djawi kawruhe ngribedi,
tatane tyang alit, pranatane Ratu.
43. Kitab 'Arab djaman wektu niki, sam pun boten kanggo, resah
sija adil lan kukume, ingkang kangge mutusi prakawis, kitabe
Djeng Nabi, 'Isa Rohu'llahu.
44. Ratu Landi inggih nempel Landi, adat tjarane wong, tata-
pradja miwah agamine, dados uwoh tumempel mring uwlt,
pikukuhing urip, kagunganing Ratu.
45. Nadyan nedi kawruh warni kalih, ler.e s lair batos, manut luri
kalawan Ratune, luri wenang mulang mituruti, Ratu ingkang
wadj.ib, kedah muruk kukum.
46. Tijang nedi wuruk ing sanesing, kautamen mawon, jen tan
nedi tan wonten lepate, wangsul nami tijang bangsa Djawi,
boten ngretos Djawi, pranatmie Ratu.
47. •ratapradja tatane agami, ngluri lawan Katong, tyang punapa
punilm wastane, salewengan tambuh kang den pikir, lair bdin
sisip, pantes manggih kukum.
48. Tijang Djawi ngangge adat 'Arbi, ngangge adat pals on, Dja-
wan 'Arab iriban wastane, wangsul risak kengetane malih,
Djawa djawan kapir, lair batosipun.
49. Raga Djawa isi kawruh 'Arbi, sajektine umor, sabab sanes
wadah lan isine, margi saneh kawruh saking luri, katah salah
ngreti, nedi nginumipun.
50. Lepat-lepat tambah darnel sakit, .panedine kledon, angalap do
ing lair batine, widji djati nempel kadjeng wringin, :Poten dados
wrlngin, inggih tukulipun.
51. Sajektine tukul kadjeng djati, djanggleng delog-delog, widji
Djawi nggih Djawi tukule, sampun nasar Djawi tukul santri,
jen santu!la nami, mriji randa nulll;lt.
52. Suksma Djawi sepuh nutpah Djawi, sampur, ngantos kledon,
djawi lebet tetepa Djawine, sampun nasar malih dados santri,
kenging den wastani, pantun malih ketun.
53. Boten kenging jen kadamel bibit, mung djagi den deplok, den
sirnakken nami lan wudjude, sam pun ngantos dados bibit ma-
lih, mindak marad~ni, tekad megat kawruh. • · ·

2. MEGATRUH
1. Darmagandul nembah lon arsa umatur, mugi Kjai sampun
runtik, kamipurun ulun matur, pandjenenganira , Kjai, kawula
nuwun pitakon.
2. Tyang sadunja mung satunggal wudjudipun, nanging warni-
nipun kalih, namung estri lawan kakung, sami turun Adam
Nabi, pikukuh babon sawijos.
3. Sastranipun seratanira Hjang Agung, tapak ejangipun sami,
gadah tangan miwah suku, netra karna grana lati, gadah
kalam darmagandol.
4. Ingkang estri wonten predji-wadosipun, iku tandanipun jekti,
manusa dunja puniku, warninira amung kalih, wudjucie amung
sawijos.
5. Tjatjahipun sagulma tan kira ng langkung, karana andege
wilis, sakulma patokanipun, pangkat rong las wangsul sidji,
sadisin etung sidji wong.
6. Egul niku tegese ageng pinundjul, manusa ingkang mangreti,
rerupan dunja sadarum, kang ageng inggil pribadi, satunggal
kang aran wong.
7. Kang den teda woh kuldi budi Ian kawruh, sami kula ndika
Kjai, kang beda nugrahanipun, peparlngira Hjang Widi, pang-
kat luhur madya asor.
8. Napa sabab sastra djinis bangsanipun, beda-beda boten sami,
kang kangge ,pikukuh baku, DJaWl ·1'jinten Landi 'Arbi, ngiwa
nengen Ian mangisor.
9. Jen paduka ngaken Djawa Djawi tuhu, ngangge mata batin
sidji, sajekti Kjai sumurup, ingkang dados prabedaning, pur-
wane ingkang tjarijos.
10. Kalamwadi nauri sa.rwi gumuj.u, jen sira takon bah iki, ingsun
dewe tan sumurup, tuture Rahaden Budi, kang nglimput tung-
gal Ian ingong.
ll. Sato galak gamane sijung Ian tjutjuk, ginaduhan sija drengki,
brangasan asugih nepsu, amangsa kewan bangsaning, sija
murka jen binadog. ·
12. Kang tawekal pinaringken roaring kutu, walangtaga sadaja-
ning, lila sabar roaring satu, iwen kewan sipat daglng, kang
kena diingu "mring wong. ·
13. Budi aka l kelingan setijar kawruh, pinaringken roaring djanmi,
tanda kekaf)ih Hjang Agung, pinundjulake sesami, muiane
djanma mangretos.
H. Sastraning J;Ijang mung sagulma tjatjahipun, pinentjar nge-
beki bumi, dadine saking sabda kun, aranira s astra Urip,
binagi da~i sawijos.
15. Kang rumijin sastra Rantjang aranipun, kangge mijat sipat
kadim, ana aran tanpa wudjud, wudjude ginela r sepi, arane
tjinantjang batos. ·
-S'-
16. Sastra Swarawangsit kaping kalihipun, ginaduhke UJ.arang ~
peksi, kang urup ing darat laut, sikap peksi duwe uni, unine
wangsit pasemon.
17. Saunine ik.1 sabdane Hjang Agung, peksi amung darma ang-
.[ng dawuh enget eling pemut, sasmita kang elok gaib, kang
ngreti wong ahli kawroh.
18. Sastra Ardja Ajuningrat kaping telu, tanpa papan . kretas
mangsi, sastrane ngi,mput djro wudjud, sipa t wudjud duwe
nami, namane mawa pangretos.
19. Sastra Endraprawata kaping patipun, dadi saking anggit
djanmi,. kalarn 1antaraning wudjud, tjmorek ing dluwang
mangsi, kang kena dinulu mring wong.
20. Mata loro melolo kinarja ndulu, sipat djanma dojan kuldi,
manut tjara ba,ngsan~pun , jen marsudi kawruh budi, sajekti
b:sa mangretos.
21. Sastra Swarasandi kaping limanipun, swara metu saking ga~b,
lijane wong tan karungu, kang ngrungu kuping pnbadi, mJarsa
swarane wong wadon.
22. Dene sastra Ardja Ajuningrat iku, Rantjang Ian Suwara-
-.wangsit, mung kang ahli budi kawruh, kang sinung wahju
mring_Widi, .punika ingkang mangretos.
23. Dime sastra Endraprawata puniku, karsane Hja,ng Ma h a
Tinggi, manusa dunja sadarum, kabeh pada den lilani, mangan
woh budi woh kawroh.
24. Pan kinarja ringkesan gunggunganipun, sastra jasa ne H jang
Widi, sagulma sun-tutur ngajun, ringkesan katon sakedik,
mrih djanma pada mangretos.
25. Sastra iki kinarja metik woh kawruh, dadi gaman golek bukti,
ngiseni makame Rasul, ingkang isi woh wit .kuldi, sarat kanti
eling ngretos.
26. Jen nganggowa sastra jasane Hjang Agung, sastrane nglimput
djro warni, kehe sastra manut wudjud, ar~nira sastra Urip,
manusa tan ndungkap kawroh.
27. Olja Nabi ing bangsa sadajanipun, metik '\yOh kawruh woh
budi, ingembanan sipat wudjud, tjinorek ing dluwang mangsi,
mrih djanma pada mangretos.
28. Aran dluwang iku medal wangunipun, tegesira ingkang mang-
si, jen dalwang katrapan iku, ing mangsi wangune midjil,
dadi wangsit mangan kawroh.
29. Ara n kalam ngga wa alam isi kawruh, sastra angka warni-
•~-· warni, peparingira Hjang Agung, iku wadjibe sun-bukti, mrih
sugih eling mangretos .

.
-9-
30. Krana djanma kang tan ngreti sastra iku, peparingira Hjang
Widi, satitik mangane kawruh, krana ora ngreti wangsit,
kang tumrap ing dalwang kono.
31. Wong kang kurang mangan woh budi woh kawruh, tjubluk
kaja kewan daging, kurang eling kurang kawruh, makarne
Rasulu'llahi, isine woh kuldi awon.
32. Olja Tjina Khong Tju Kong kumentus niru, sastra jasane
Hjang Widi, kehe sastra manut wudjud, kesiku tan bisa sami,
sastra kurang muni pelon.
33. Olja Nabi ing bangsa sadajanipun, nganggit sastra dipatoki,
tjatjah etung andegipun, mung Olja Tjina pribadi, nganggit
sastra leksan keton.
34. Isili kurang sarta pelo ungelipun, karana Olja kang nganggit,
kesusu mangan woh kawruh, ora mangan woh wit budi, lali
jeii tinitah uwong.
35. Meksa nganggo kuwasanira Hjang Agung, anggajuh kang duwe
wadjib, kesiku tampa penglulu, nganggit sastra jutan ketin,
ingaranan sastra Godong.
36.. Godongira wit budi Ian wite kawruh, pinetik saka satitik,
tinata kinarja kumpul, inganggit kinarja tulis, mula sastra
Tjina ewon.
37. Sastra uwoh woh wit budi woh wit kawruh, Tjina ora di-
paringi, kran.a kesiku ing laku, arsa gawe sastra uwit, arsa
madani Hjang Manon.
38. Pan kesiku nuwun wignja dadi blilu, beda lan OlUa lijaning,
sadurunge mangan kawruh, woh budi pinangan dingin, elin·g
jen tinitah uwong.
39. Ngrasa apes asal eroh alusipun, badan asal saking siti, narima
sihe Hjang Agung, kaju wit kawruh wit budi, sakedik jen
oleh uwoh.
40. Olja Djawa kang mangan woh budi tuwuk, nganggit sastra
dipatoki, laiJ. sastra swara salikur, ora kurang ora luwih, nora
dompo ora pelon.
41. Olja Landa kang mangan kawruhe tuwuk, nganggit sastra di-
patoki, andege tjatjah nemlikur, muni kir'at kandel tipis,
sastra rukun ora pelon.
42. Olja 'Arab ~ang mangan woh kuldi tuwuk, darnel sastra di-
patoki, mandeg tjatjah telung puluh, kurang luwih rangkep
muni, abot enteng ngeses ngorok.
43. Sastraning Hjang Ian sabda panuratipun, dadine wudjud pri-
badi, mila tjeta ungelipun, ora kurang ora luwih, ora dompo
ora pelon.
-10-
41. Kawruh ild aran Drija k itabipun, muni toklak-taklik gatik,
sun -urus kerasing tembung, miturut lemesing dong ding,
• ingsun-kira ora linjok.
45. Kawruh iki la h t :mba ngen Darmagandul, endi ingkang luwih
L.>ggil, anggite Olja sadarum, iku ingkang mratandani, Olja
Buda luhur jektos .
46. Darmagandul andeku nembah umatur, panimbang-kawula Kjai,
n ggih leres sadajanipun, uger medal saking budi, tan wonten
lepat sawijos. '
/
47. K aotipun bu di andap budi luhur, kang nganggit sastra sakedik, ·
ringkes djangkep ungelipun, punika kang mratandani, Olja
budi luhur j ektos. ~ ..,_,~

48. Ingkang nga nggit sastra mawi kirang langkung, Olja madya
kuran g budi, ka ng nganggit sastra kesiku, kirang langkung
pelo uni, tanda Olja budi a sor.
49. J?m sir a rsa m ijat sastrane Hjang Agung, nganggja mata tata
batin, sastra tulisa n Hja ng Agung, tan kena sira-tingali, srana
mata lair mlolo.
50. Jtm matamu · Ioro sira-karja ndulu, ana Allah sipat kalih,
m angka a r ane Hjang Agung, tetepe sebutan sidji, datun ana
Allah loro.
51. Sidji djanma' ija sidji Allahipun, makam Rasule mung sidji,
P a ngeran Kang Maha Agung, ingkang karja bumi langit, kang
pinudji sipat eroh.
52. Ka ng ndadekke sipat samar sipat wudjud, asmane Rabbu'l'ala-
min, j a Ra bbu samawa yeku, Pangran pitung bumi langlt, dja
klir u raose sinom.
3. SINOM
(
1. Ki Da rmagandul turira, mugi Kjai sampun runtik, ka wula
njuwun tetannja, tjarakanne sastra Djawi, sinten kang gadah
a nggit , dene sastra mung salikl].r, napa utjape djanma, sastrane
wonten kang muni, ringkes djangkep mboten pelo ungel tjeta.
2. Ki Kalamwadi ngandika, dawuM Rahaden Bucii, muiane aran
wong Djawa, Djawa Djawi wong mangreti, bisa murwani budi,
mangreti ing agal alus, aluse wus katjandak, agale kabeh wus
ngreti, kang netepi aran Djawa Djawinira. '
3. Manira iku wong djawal, Rab iriban mata kalih, kawignjane
tet urutan, tan bisa murwa ni budi, djanma Djawa saiki, lu-
mrah nganggo mata telu, Djawa 'Arab Walanda, tatane kabeh
dimoti, telu telas · Djawine kaling'an djawal.
-11-

4. Dene sira· atetannja, tjarakane sastra Djawi, kang nganggit


Prabu Nurtjahja, Ratu Agung ing Dewani, kang nedakke pra
Adji, ing djaman turun-maturun, kongsi teka samangkja;
sastra kang salikur idjl, sinung nama maksude ana ing raga.
5. Rumijin ingkang sastra Ha, Endraprawata araning, dumunung
ana ing grana, sastra Purwa N ping kalih, dumunung netra
kalih, Sandipranata ping telu, dumunung an(mg lesan, ping
tjatur araning tulis, ran Pudjanggatarulata ani'mg rema.
6. Ping lima araning sastra, Endradipa pan swaraning, dumu-
nung ing lralih karna, kaping nem araning tulis, Pudjangga-
taruresmi, ni'mg djangga kang kaping pitu, Tundjungresmi
n€mg asta, ping wolu araning tulis, aran sastra Sekarsinom
an(mg dada.
7. Purwakanti kaping sanga, ing weteng dununging tulis, Purwa-
resmi ping sadasa, lempeng lambung la-ulaning, sawlas ara-
ning tulis, Pratignja puser ngg€mipun, Patista kalihwelas, ing
kempung pan dunungneki, tigawelas arane sastra Baskara.
8. Dumunung djenenging djanma, kang katingal saking tebih,
patbelas .sastra Purv,rangka, duhmnung ana ing predji, djalu
kalawan estri, ping limalas aranipun, sastra Pudjanggamurda,
dumunung .ing pupu kalih, ping nembeias Pustakadjamus
ranira.
9. Dumunung plawangan ngandap, sastra Krenda pltuiasing,
dumunung aneng ganta ngan, woiuias Prawlgnjaadi, aneng
bokong dununging, ping sangalas aranipun, ran sastra Gending-
barang, ing tiklek: kalihdasaning, aran Bonang rerante neng
daiamakan.
10. Salikur araning sastra, Sunggingpur bakara titis, murube ti-
gang prakara, dat sipat lawan asmaning, alip tjahjaning urip,
ma miringe makam Rasui, pa pintjang asmanira, teiu sastra
muni sidji, ingkang nganggit ing kuna masa gendenga.
11. Muiane jen dja nma apal, matjane tja raka balik, sarta kelar
Iakunira, pitung dina pitung bengi, mutih Inn pati geni, iku
dadi djaparripun, bungkem sakehing ktwan, Imng sipat buntut
Ian gigit, miwah sijung tan b:sa menga tjangkemnja.
12. Iku aran sastra Purwa, Iumaku lir Sastra-Sandi, anggebug
pada aksara, endi kang ana ing ngarsi, kang dadya san-
danganing, kang ngiaras manising tembung, lawan lmrepe
sastra, dene wudjude saiki, kang wus. Iurrirah diarani sastra
Buda.
J3. Kang tinulis an eng seia, retja guwa tja bak tja ndi, ilm kanggo
djaman Purwa, Iawasira sewu warsi, awit Nurtjahja Adji,
kongsi prapta djainanipun, Maha: Prabu Sindula, Purwatjarita
nagari, nuija ana Bremana sabrang ngedjawa.
-12-
14. Arane Sang Adji Saka, asal saking nagri 'Arbi, nggawa buku
warna-warna, tjrita 'Arab Hindu ~eling, Ian nggawa kitab
adil, kitab Mucharar ranlpun, winulangken wong Djawa, iku
purwanira nguni, djanma Djawa wruh adil Ian tjrita sabrang.
15. Mula Dji Saka ngedjawa, an€mg 'Arab tanpa tanding, kawig-
njan kad1bjanira, ngungkuli Andika Nabi, Muchammad kang
sinelir, maido agama Rasul, miwah para sakabat, kasor kawruli
kadibjaning, milanipun tinundung saking ing 'Arab.
16. Sapraptane tanah Djawa, Dji Saka eram ningali, wudjudira
sastra Djawa, kehe mung salikur warni, tan ana sandanganing,
ganep sesebutanipun, apa utjape djanma, sastrane ana kang
muni, pan rumasa kasoran kawignjanira.
17. Lawan Olja tanah Djawa, kalangkung meranging galih, su-
djud nenuwun maring Hjang, supadya bisa ngungkuli, wig-
njane Olja Djawi, Dji Saka ginandjar wahju, kinen amangun
enggal, warna;nira sastra Djawi, tjarakane nganggowa tjara-
kan lama.
18. Lawan kinen njandangana, sastra kang salikur idji, mawasa
wudjuding' sastra, Ian adate bangsa Djawi, Adji Saka ningali,
sastra Djawa wudjudipun, samja bawa pribadya, tan ana
gandeng sawidji, ora rudjuk amawas adate djanma.
19. Ing wektu iku kang dadya, Ratu Agung tanah Djawi, Sang
Prabu Dewatatjengkar, putra Sang Sindula Adji, rebut deg
inggil, Ian kang rama ora rudjuk, tansah apeperangan, mang-
kono uga wong tjilik, ten-pinaten rebut amal kaluhuran.
20. Patokan patang prakara, mung tiga kang den kukuhi, sanjari
wijaring tanah, sadumuk empluk kang wadi, tiga obah adating,
asor ngelmu kawruhipun, nuli n'gadjak perangan, rebut estri
lawan bumi, nora ngetung pepati katahing erah.
21. Kang lumrah adat wong Djawa, ora kei\a melik-melik, tjine-
rekan linajaran, gawe siku jen tan olih, naleni anarungi,
mepeti kawignjanipun, betjik mengkal anjakra, ngleleti barang
mateni, dipun anggit kinarja sandangan sastra.
22. Durunge nganggo sandangan, aranira sastra Djawi, Tata-
prunggu aranira, sawuse dipun sandangi. D!bjaguru araning,
tegesira ·Tataprunggu, tata punika adat, prunggu atos kang
mangreti, kang wus lumrah adate wong tanah Djawa.
23. Kaku kentjeng tekadira, . kaku atos witjaraning, Dibjaguru
tegesi}a, Dji Saka ni:mg tanah Djawi, ngaku wignja linuwih,
dadya guru dibja pundjul, mangun njandangi sastra, madya-
nirig ingaran sandi, bisa endi Olja Djawa lawan 'Arab.
24. Dji Saka nambahi sastra, kehe .namung kawan idji, arane
sastra stiwara, mrih lemes witjara Djawi, ring~es tjetane uni,
muni e i o lawan u, gunggung Ian tjarakannja, 'salawe l?entet
.
tan luwih, basa bentet iku makna kebak pepak .
-· -13~--

25. Sapungku're Adji Saka; wong Djawa kang ahli budi, sadung-
kape kawruhira, ngowah nambahi ngurangi, kair ibaken rna-
ring, . kalawan sastra ing 'Arbun, miwah sastra Hindija, mrih
ringke3 tjetane uni, amung iku pamriM para pudjangga.
26. Dene kaol kang satengah, kawrU:M lumraM djanmi, tjarakan-
ne sastra Djawa, angg1te Dji Saka Adji, iku wong kurang
. ngreti, tap ngetung etunge taun, Adji ::>aka ngedjawa taun
Djawa s~vu s1dji, ctjanma Djawa wus ngreti ha na .tja ra ka.
27. Iki kawruhe wong djawan, Rab iriban mata kalih, nggung-
.gung w1gnjane wong sabrang, t an nggunggung w;gnjanJa luri,
i1m kawruh wong santri, kang wus pa cta mendem imlhu, sakeh
dora rinata, sakeh ctiare d1tu11si, kabar ngabar d1tular temah
kesasar.
28. Mengkrade Sang Adji Saka, saking nagri tanah Djawi, kasor
prang lim lJamswara, Sri Dewatatjengkar siwi, k1tab Mu-
charar kari, kapriksa marang Sang Prabu, k~tab pikukuh
pradja, adil hukuman prajogi, dya n pinundut mring Prabu
Andaniswara.
29. Dawuh mring para Najaka, awit Djugulmuda Patih, Kapa ka pa
"Nitipradja, , Radjaniti Dadaptulis, Arja Upaj asandi, m iwah
lJerua ug .ujabungalus, lawau .f{.a ng ga Panu...;:sma , kang garwa
Dewi Nginang.n, kang kajangan !aut kidul Ratu lembat .
30. Kin(m nganggit pangadilan, kukum amranata n agri, saga-
duge kaengetan, kawruh kang wus den k awruhi, m1wah Bri
Narapati, lan garwa sanget amesu, nganggit kukum padilan,
sawus1ra angg.t dadi, d1pun wasuh kumpm e dadya satunggal.
31. Jen. lepat endi kang lepat, dumununge ingkang sis:p, jen bener
endi benernja, dumununge bener jekti, lajange dim arani,
Surja'alam aranipun, ja lajang Tihdj agad, j a la jang Telaga-
ening, Titipradja ija la ja ng Djug~lmuda.
32. Kangge para Ratu Djawa , wit Daniswara Na rpati, karaton
Mendangkapmlan, kongsi prapta dina iki, nadya n ratu kum-
peni, ora tinggal lajang iku, · t ibane pangadilan , Sur ja'alam
kang deJ.1. irib, sadurunge Adji Saka angedjawa.
33. Dadi R atu tanah Dja wa, nggawa kit ab kukum a dil, ing sa-
djrone tanah Djawa, durung ana kukum adil, k:mg tcguh rosa
wani, kerinp-an menang prangipun, iku k a ng n a ma R adja,
Ratu Gegunungan r a ning, adilane mung djij at mek sa wasesa.
34. Duk alam Sultan Bint ara, k araton Demak n agar i, iku lajang
Surja'alam, den mungsuh m ring pa ra WaH, den tjampur r ong
prakawis, kapir Islam beda kukum, · tumindak djarah rajah,
ketok tangan ketok sikil, kuku~ s ija mirib kukum 'Arabira.
- -14-
35. Karana Sultan Bintara, agama miturut 'Arbi, ibunira Putri
Tjina, mila pikukuhe nagri, tindake kukum adil, rong prakara
kang tinurut, kukum Tjina Ian 'Ara' tan tepa srira pribadi,
ora ngowel pepati wutahing erah.
36. Mula adil Ratu Djawa, Demak Padjang Ian Mentawis, Karta-
sura Surakarta, ora ngowel ing pepati, mula akeh wadya lit,
pra samja mbebegal Ratu , temah kena dikr€mah, ing Ratu
kang lija djinis, sabab tinggal pikukuh Sang Dinaswara.
37. J ogja s ami ngawruhana, kang matja miwah mijarsi, kang aran
Sri b aniswara, ija Sang Kaskaja Adji, Sri Mapunggung rat
Djawi, . Djugulmuda Patihipun, Ratu Gung Binatara, kang
ga rwa R atu Nginangin, kang mbawahke Ratu djim ing tanah
Djawa.
38. Duk alam kraton Prambanan, Djenggala Segaluh nagri, Pa-
djadjaran Madjalengka, kang kangge pikukuh nagri, Surja-
'alam kang muni, sadurungira den mungsuh, mring Djeng
Sultan Bintara, karta ardja kang nagari, angreh pradja sa-
br ang kanan kering Djawa. ·
39. Sum iwa asok u).Jektya , kaungkulan hukum a dil, kang wus kotjap
Surja 'alam , anggite Sri Na rapati, Daniswara ing nguni, Ian
kasor an dibjanipun, djrih asih kumawula, pendak warsa
Mulud sami, Radja sabrang sumiwi mring Radja Djawa.
40. Wit Demak prapt a samangk ja, sabrang kahan kering Djawi,
t an seba mring tanah Djawa, sabab rusak pikulmhing, tinggal
agama Budi, aganti agama Rasul, apes tan kelar prentah,
' sabrang kanan kering Djawi, sabab kurang dibjane sri gula-
drawa.

4. DANDANGGULA -
1. Darmagandul aturira aris, mugi Kjai sampun pisan duka,
kawula njuwun pitaken, kang dados purwanipun, t ijang Djawi
gantos agami, tilar agami Buda, gantos sarak Rasul, niku
sababe punapa, kados pundi purwane ing nguni-uni, Kalam-
wadi ngandika.
2. Lamun sir a atakon bab iki, ingsun ora ngreti sidji apa, amung
miturut wangsite, Raden Budi guruku, embuh bener lupute
iki, nanging panduganingwang, bener ora luput, krana tjotjog
wudjudira, tilasane isih kena dipriksani, mul.a sun-kira njata.
3. Nanging ingsup wedi matjak tulis, luput-luput tambel awak-
ingwang, krana wong Djawa lumrahe, kang para agung-agung,
jen ambukak rusjaning Adji, djanmeku pinedjahan, milanipun
t almt, tutur tjritane kang njata, purwanira wong Djawa
ganti agami, ambuka rusja Radja.
-15;_
-1 . Darmagandul aturira aris, inggih leres djaman kina-kina, prija
kadjawan limrahe, kang para agung-agung, d!thar wohe budi
Ian kuldi, samangke karsa dahar, woh wit kadjeng kawruh,
k agungan _ panggalih .pandjang, jekti ngowel ing umurira
wadya lit, kang lepat sawatara.
!•. Mandar dados penget tyas prajogi, dados wikan kang leres
kang lepa,L wikan misil kupijane, Ki Kalamwadi muwus, jim
mangkonl"betjik sun-anggit, nanging ingsun sadarma, ngaug-
git nulis muwus, Raden Budi ngarsakena, embuh bener lupute
tjarita iki, jen ora sun-tulisa.
(i.. Ora wurung ingsun d{m dukani, sabab mbangkang prentahe
engetan, tur iku akeh asile, supaja wong kang tjubluk, kaja
ingsun bisa mangreti, tjaritane kang njata, awit purwanipun,
wong Djawa ganti agama, pada tinggal agamane Buda Budi,
ganti agama sarak.
7. Sabab tjrita nagri Madjapahit, anggitira pudjangga ing ·kuna,
pralamb:mg pasemon bae, jim tinulisa tuhu, tjaritane ing
Madjapahit, . ambukak rusja Radja, pudjanggane takut, mula
njemoni kewala, supaja wong bodo adja na mangreti, tjritane
kang sanjata.
H. Mungna djanma Djawi mata sidji, ahli budi ngreti tjritanira,
Madjalengka sabenere, krana wong ingkang tjubluk, nrima
mangan woh kaju kuldi, tan pisan ngreti mangan, woh budi
woh kawruh, mung nrima kabar kewala, ora ndungkap tjrita
kang elok kang gaib, samar kalingan padang.
!). Dawuhira Dyan Budi Sukardi, Kalamwadi kang sinungan
sa bda , kang nganggit nuhs nglairke, kang ngrengga tembung.-
tembung, sarutama kang kinarja wit, saru jen kapijarsa, katah
djanma misuh, utamane rasanira, rasanira ingkang wruh
tui:nantjep batin, katah djanma kedanan. ·
I 0. Bisemillahi-rrahmani-rrahim, mugi para gung Djawi sadaja,
d~pun agung ngapurane, de ulun kumapurun, kumalantjang
peksa kumaki, mangun tjarita kuna, ingkang wus katutup,
tur tanpa p~tokan kitab, tuduh tutur mring sama-samaning
djanmi, tukul saki~g engetan.
1I . Pan mangkene tjritane ing nguni, Brawidjaja Prabu Madja-
lengka, kasamaran paningal6, kalimput ing tyaasipun, kurang
jitna ing tata lair, akrama Putri_ Tjempa, wong agama Rasul,
ing sadjrone sih-sinihan, karon lulut kang garwa asring nga-
turi, kodjah "dateng kang raka. -
12. Muljanipun agama Islami, jen katimbang Ian agama Buda,
sarak Rasul unggul dewe, ature wantu-wantu, Sri Narendra
galih3 gingsir, mjarsa kodjahing garwa, tan kawijos tutuk,
tan lama pulunanira, Putri Tjempa atuwi marang Sang Putri,
kang nama Sajid Rahmat.
-16· -
13. Wus dedukuh 'ancng Ngampelgading, njuwun idi nggelar sa-
rengat, Kangdjeng Rasul agamane, Sang Brawidjaja Prabu,
angideni sapanjuvnming, nenggih Rahaden Rahmat, anulja
dedukuh, Surabaja. N ampeldenta,. anggelarke sarengat :Andika
Nabi Muchammad Rasulu'llah.
14. Nulja akeh maulana prapti, saking sabrang pada angedjawa,
sowan· Rgar sa ning P mnase pra samj31 nj uwun dukuh, neng
pasir nggela r aga m,i, ingidenan Sang Nata, sapanuwunipun,
da ngu-dahgu saja ngreda, tanah· Djawa wong Djawa salin
agamf, tinggal agama Buda.
15. Sajid Kramat dadya agamaning, pagurone wong Islam sadaja,
Benang Tuban dukuhan.:-, Sajid Krarnat puniku, maulana sa-
king ing 'Ar bi, t edak Djeng Rasulu'llah, mula dadya guru,
m ranata agama. Islam, kenjut kerut wong Djawa urut pasisir,
n~geguru Sajid Kramat. ·
16. P ada m a nut agama Islami, tanah Djawa wong Djawa kang
t angga, pasisir ler sapangilen, salin agama Rasul, ·pada tinggal
a gama Budi, wit weta n Ba lambangan, sapangulori1pun, prapta
ing Banten nagar a, pada tinggal agamane Buda Budi, salin
agama 'Arab.
17.. Kena budjuk Dalil alip lam min, andalikal rahebbapihudan,
libmutlakim penak dewe, k edanan mring ashadu, pada tinggal
agama Budi, wus kanggo sewu warsa, pikukuhe luhu.r, a,gama
pribadya, ma t jung dfwe mring Pangran Kang Maha Luwih,
anjebut Budi-Ha.ya.
18. Apan ana putrane Sang Adji, kang patutan saldp.g Putri
Tjina , aneng' Palembang laire, Dyan Patah aranipun, ange-
djawa lawan kang raji, saibu sedje rama, Kus€m namanipun,
angedjawa sowan rama, esmu k§wran panggalih Sri Narapati, '-
paring sebutan :putra. ,.
19. D 5n 3 maratiga ing djinising, j(m miturut rama Sri Nar.§ndra,
Djawa Buda agamane, ngleluri Djawa luhur, putra Radja
kang m idjil ardi; kasebut nama Bambang, jen miturut ibu,
Tjina aran Kaosija, jtm wong 'Arab Sajid ~arib sebutaning,
punika Islam 'Arab.
20. Sri Nar€ndra sigra , animbali, pra Najaka mundut patim-·
bangan, ingkang , dadya prajogane, sebutanireng sunu, Patih
Gadjahmada wot sari, j{m pareng karsa Nata, putranta pu-
kulun, pinaring sebutan J3abah, ngirib-irib leluhur paduka
nguni, pra samja dadi Bambang; · •
21. Putra -dalem ibu Tjina gusti, lair sabrang agamane Islam,
nami Babah prajogine, tegese Babah niku, babar wonten sanes
nagari, suka Nata m ijarsa, ~Patih aturipun, mupakat para Na-
jaka, putr a Nata kang saki.ng P alembang nagri, kasebut Ba-
bah Patah.
t
- 17 -
22. Raden Patah sakalangkung adjrih, jen nampika rama paring
nama, ing tyas sanget mandokole, nanging ing lairipun, sa-
mudana suka tan sipi, ~mana Raden Patah, pan sampun dji-
nundjung, djumeneng bipati D~:tmak, madanani Bupati urut
pasisir, Demak sapangulonnja.
23. Lah ing ngriku purwanira nguni, bangsa Djawa blasteran Ian
Tjimi, pada babah sebutane, puniku awitipun, Raden Patah
ingkang murwani, misuwur ngendi ·njawa, putrane Sang
Prabu, kang lair nagri Palembang, patutane Ian Putri Tjina
ing nguni, kasebut Babah Patah.
24. Den kramakke angsal Ngampelgading, wajahira Kja Geng
Ngampeldenta, ingkang nunggil agamane, kaprenah mantu
putu, Ian Ki Ageng ing Ngampelgading, rinengga patemon-
nja, aneng Madjalangu, sawuse antara warsa, kinen pindah
ing Demak tetep Bupati, dalem dusun Bintara.
25. Rehning Raden Patah awit lair, neng Palembang wus agama
Islam, kalilan nglestarekake, marnag agamanipun, Raden
Kusen djinundjung linggih, anama Adipatya, aneng Terung,
_ lama-lama saja ngreda, pra 'ulama :!pan sampun njuwun nami,
pangkat sebutan Sunan.
26. Mangretine Sunan iku budi, wiwitira kawruh kaelingan, kang
awon Iawan kang sae, jen akeh uwohipun, budi ngreti kelingan
betjik, wadjibe sinuwunan, ngelmu kawruhipun, kawruh lair
kabatinan, wektu iku pra 'ulama tyase betjik, drung ana
karsa tjidra.
27. Tjiptanira Brawidjaja Adji, pra 'ulama melik sarak Buda, dene
Sunan sebutane, lawan klakuwanipun, tjegah dahar kalawan
guling, jen wong agama makam, makamane Rasul, sirik tjegab
mangan nendra, mung nuruti rasane lesan Ian diri, j{;n tjegah
pangan risak.
:~X. Prabu Brawidjaja paring idi, lama-lama agama wus ngreda,
ana nalar elok aneh, gaib samar kalangkung, ora kena dipun
kawruhi, netra ka rna Ian grana, miwah lesan iku, weruhe
saking engetan, djroning utek iku lamun dipun wangsit, Raden
Budi Sukarta.
:~ !l. L uwih-luwih kang matja mijarsi, nganggep tenien atana pi
dora, katimbanga sabenere, jen den anggep saestu, kabeh buku
t jarita Djawi, tan ana kang katjrita, jen doraa iku, saiki isih
wudjudnja, tilasane isih kena den priksani, mula sun-kira
njat a.
::o. Duk alame kraton Madjapahit, Sunan Benang sumedya lelana,
marang Kediri karsane, sabat kalih tut pungkur, sapraptane
h~ring Kediri, tanah ing Kartasana, kalangan ing banju, kali
Brantas nudju bena, saking kulon anjabrang mangetan kali,
sapraptane brang wetan.
-18
31. nDangu djanma kang atengga ganggi, niti-niti agamane djan-
ma, tanah kene ingkang k.angge, apa wus Islam tuhu, apa isih
agama Budi, Ki Bandar aturira, ing ngriki pukulun, kang
kangge againi Kalang, sarak Buda amung ngangge sawat awis,
dene agami enggal.
32. Sarak Rasul inggih bribik-bribik, ingkang limrah tyang ngri-
ki sadaja, sami Kalang agamine, amuljakake:q Bandung, -
Bandawasa dim aken Nabi, lamun dinten Djumuwah, - Wage
Wuje wuku, niku d€m anggep rijaja, k€mdel karja neda etja
seneng ati, tan kesah ~aking wisma.
33. Sunan Benang angandika aris, jen mangkono wong kene sa-
daja, pada gedah agamane, tegese gedah iku, ora ireng lan
nora putih, pantes araning: tanah, Kutagedah iku, Ki Bandar -:..
matur prajoga, dawuh tuwan kula ingkang anekseni, katelah
prapteng mangkja.
34. Tanah salering kuta Kediri, ingaranan tanah Kutagedah, na-
nging samangke lumrahe, kalirunira tembung, ora weruh
tjritane dingin, ran tanah Kuta bedah, kang lumrah misuwur,
Sang Wiku malih ngandika, marang sabat heh sabat mintaa
warih, imbon marang ing desa.
35. Kali ild isih nudju bandjir, banju butek kurang sutjinira,
anglarani jim den ombe, lan isih wajah luhur, arsa wulu lan
salat mami, sabat sidji gja mentar, malbeng dukuh Patuk,
1wisniane amung satunggal, nudju sepi' tan ana wong lanang
sidji, dene kang tengga wisma .
36. Estri sidji prawan mepeg brai, nudju nenun pribadi neng wis-
ma, sabat prapta lon wuwuse, mbok nganten neda banju, ·
ingkang bening imbon abr esih, mbok prawan kagjat mjarsa,
salah tjiptanipun, kinira kakung ndjedjawat, medjanani mbok
prawan rengu nauri, sumaur tembung kllsar.
37. Dika santri mentas saking kali, udjaluk banju imbon marang
desa, ngriki tan wonten limrahe, tijang kang ngingu banju,
djawi ujuh kula puniki, imbon bening saringan, j€m dikarsa
nginum, santri kesah tan pamitan, nggrundel ladjeng matur
dateng Sangha J ogi, kadi kasebut ngarsa. :
38. Sunan Benang dukane tan sipi, dadya njabda ngandilm nju-
pata, lumraha ing tanah kene, muga laranga banju, dene
djanma k9-ng laki rabi, telata saking masa, wajah manak telu,
djaka tuwa, prawan tuwa, sanalika kali Brantas mili mbalik,
ladjeng njimpang mangetan.
39. Nradjang wana tegil dusun sabin, pinten-pinten dus t:n kari-
sakan, katradjang kali ngalihe, kali ingkang rumuhun, dadya
asat prapteng samangkin, Ki Bandar langkung eram, kadig-
dajanipun, Kangdje1;1g Sinuhun ing Benang, sigra ladjcng tin-
dake marang Kediri, katlah prapti'mg samangkja.
- - 19 -
111 Tanah Kutagedah awis wa~, mangulone lakon wolung epal,
limalas pal mangalore, mangidul banju sumur, dene djanma
lmng laid rabi, wus lat saka ing masa, wajah manak telu,
djaka tuwa prawan tuwa, awit saking antuk sabdane Sang
Jogi, Kangdjeng Sunan ing Benang.

II Kawuwusa demit Njai Plentjing, danjang ing Tandjungtani


kang desa, ginubel anak putune, Njai kula asung wruh, won-
t en djanma saking ing Tubin, wastane Sunan Benang, seneng
ngarubiru, sikara tanpa prakara, sija-sija marang makluke
H jang Widi, ngubalke kaprawiran.
I". Lepen ageng kang saking Kediri, dim sotaken sanalika asat,
menggok mangetan iline, ngrisakke wana dusun, Ian ngesotke
tijang ing ngriki, telata saking masa, laki rabinipun, jen dja-
k aa djaka tuwa, lamun estri sampun nunten laki-laki, jim
dereng prawan tuwa.

1:.. Rehning ngriki tanah den wastani, tanah Kitagedah awis toja,
dene teka salah gawe, daweg sami ginanggu, dipun teluh di-
mi'me mati, Nji Plentjing duk mijarsa, aturing nak putu, sigra
·m etuk Sunan Benang, tan kuwawi tjelak sarira lir geni, Iu-
maju nundjimg-nundjang.

1 I. Mring Kediri ngaturi udani, mring Ratune Ki Buta Lotjaja,


manggon guwa Selabaie, sukun e Wilis gunung, ingkang wetan
ingkang den nggoni, mangsuli kang tjarita, kandane kang
wau, Ki Buta Lotjaja djanma, Patihira Sri Djajabaja Nar-
pati, arane Kjai Daha.

If,. Ingkang tjikal-ba kal ing Kediri, Ian kang raji aran Kjai Daka,
Sri Djajabaja dawuhe, aran Daha pinundut, pan kinarja aran
nagari,_Ki Daha pinaringan, marang Sangha Prabu, Ki Patih
Buta Lotjaja, pan kinarja Patihe Sri Narpati, Sang Prabu
Djajabaja.

lti. Buta iku buteng k ang mangreti, buteng iku bodo tan wruh
sastra, Lotjaja iku tegese, lo kowe tegesipun, tjaja kena den
pratjajani, Kjai Buta Lotjaja, · bodo temen mengku, tur man-
tep setya mring R adja, pan muiane kinarja P a tih Sang Adji,
Sang Prabu pjajabaja.

17. A wit ana sesebutan kjai, Kjai Daha teturutanira, ngajahi anak
putune, mjang kanan keringipun, Kjai Daha ingkang den
ungsi, djengkare Sri Narendra, sing Ngastina kratun, ndju-
djug wismane Ki Daha, sinunggata sawadya bala gung alit,
marma gung sih Sang Nata.
- 20-
48. Kjai Daka pinundut kang nami, pan kinarja arane kang desa,
pinaringan djedjuluke, Kjai Gung Tunggulwulung, dadya
S€mapati ngadjurit, muksane Sri Nar€mdra, lawan putranipun,
Ni Mas Ratu Pagedongan, Kjai Buta Lotjaja lawan kang raji, '
kaliM mundut muksa.
49. Ni Mas Ratu Gedongan kinardi, ja Ratune lembut nusa Djawa,
sagara kidul kuta ne, pinaringan djedjuluk, nama Ni Mas Ratu
Nginangin, kajangan ing samodra, sagunge lelembut, daratan
miwah lautan, kanan kering ing tanah Djawa sumiwi, Sri
Ratu Pagedongan.
50. Awit saking karsane Sang Adji, Kjai Buta Lotjaja pinrenah,
manggon guwa Selabale, dene Ki Tunggulwulung, pan pinre-
na h ing Kelut ardi; rumeksa kawah lahar, rikalane metu,
adja ngrusakke desa, duk samana Ki Buta Lotjaja linggih,
munggimg kursi kantjana.
51. Lemek mulja djenar isi sari, kinebutan badak kering kanan,
-ingkang sowan ing ngarsane, Ki Patih Megamendung, putra
kalih sumiweng ngarsi, Pantji Sektidiguna, Pantji Sarilaut,
lagja etja nggunem rasa, lawan Patih miwah ingkang putra
kalih, kaget ing praptanira.
52. Danjang 'l'andjungtani Njai Plentjing, gupuh-gupuh anungke-
mi pada, angaturaken tiwase, Kjai kula undjuk wruh, kari-
sakan lering Kediri, wonten djanma satunggal, sektine ka-
langkung, wastanipun Sunan Benang, saking Tuban sedyane
dateng Kediri, mlana andon asmara.

5. ASMARADANA
1. Katah ature Nji Plentjing, kadya kang kasebut ngarsa, nga-
turaken i'ng susahe, lelembut miwah rQ:anusa, Kjai Buta Lo-
tjaja, mijarsa kalangkung bendu, sanalika srira brama.
2. Sigra denira nimbali, djim peri Ian parajangan, kerigan Ian
nak putune, praptane awor maruta, sakedap wus .samekta,
sikep prabote prang pupuh, sigra budal saJ:alanja.
3. Sakedap pan sampun prapti, ing salore dukuh desa, Buta
Lotjaja pinda wong, Kaki Tjombre wastanira, wadyane tan
katingal, awendran datanpa etung, Buta Lotjaja prijangga.
4. Ngadeg marga ngisor sambi, tan dangu ing praptanira, Sunan
Benang saking eler, Sunan Benang nora s::J.mar, kang ngadeg
tengah marga, demit Ratu sedya ngganggu, katara sarira
brama.
5. Wadya lit kang samja ngiring, lumaju sumingkir tebah, datan
kuwawi panase, tjaket lawan Sunan Benang, miwah Buta
Lotjaja, kaliM sarira latu, Sunan Benang tan kuwawa.

/
- -21-
!5 . Atjaket Ratuning demit, tanapi Buta Lotjaja, datan kuwawi
panase, tjaket lawan Sunan Benang, sabat kalih kantaka,
sakala katisen nggru~uh, ngandika Djeng Sunan Benang.
7. Buta Lotjaja sireki, metuk lawan lakuningwang, ganti aran
Kjai Tjombre, pa wis suwe pada ardta, kaget Buta Lotjaja,
dene Sunan Benang weruh, Ki Tjombre Buta Lotjaja.
8. Ki Buta Lotjaja angling, dene paduka uninga, jen Buta Lo-
tjaja ingong, ngandika Sunan ing Benang, ingsun tan kasa-
maran, jen sira Ratune lembut, Kediri Buta Lotjaja.
9.. Buta LotJaja ngling malih, paduka tijang punapa, dene aneh
wangunane, pating karembjah, dede pangangge Djawa, dapur
wangun vyalang-kadung, dede wangun tijang Djawa.
LO . Sunan Benang ngandika ris, ingsun iki bangsa 'Arab, Sajid
Kramat araningong, wismaningsun Benang Tuban, dene ta
karsaningwang, arsa mring Kediri ingsun, amirsani patilasan.
1.1. Kadatonira Sang Adji, Maha Prabu Djajabaja, ing kene endi
prenahe, nauri Buta Lotjaja, · wetan leres punika, dusun Me-
nang wastanipun, sadaja t ilasan sirna.
12. Tamanan Bag<'mdapatl, m iwa h pa sanggrahan Saba, lawan tilas
kadatone, Ni Mas Ratu Pagedongan, kantun arane desa, pa-
sanggrahan Wanatjatur, sirna wudjude sadaja.
13. Kaurugan siti pasir, lahar saking Kelut arga, wangsul kawula
pitakE'm, padu ka gendak sikara, mring anak putu Adam, njab-
dakke kang boten patut, djaka tuwa prawan tuwa.
1.4. Kalajan njukani na mi, tana h ngr iki Kutagedah, Ian paduka
ngelih lepl'm, njabdakke awis kang toja, tanah ngriki sadaja,
sija-sija tanpa surup, malarati djanma katah.
L5. Pinten susahe tyang urip, lald rabi telat masa, sajekti dangu
pentjarti, titahe Dewa Kang Mulja, wit saking sabda-tuwan,
lawan pinten susahipun, tyang dusun katradjang bena.
L6. Ngalihe lepen Kediri,' njimpange anradjang desa, wana tegal
sawahane, :£4jinten-pinten karusakan, kasusahaning djanma,
lawan pinten susahipun, tijang kaline den esat.
17. Sajekti kirangan wari.h, tam ba h paduka sotena, tanah ngriki
salamine, katekna awis toja, tanah ngriki sadaja, sija-sija
t anpa urus, puniku r;abab punapa.
18. Sunan Bimal'lg ngandika ris, mulane sun-wehi aran, tanah
Kutagedah rane, sabab agamane djanma, tan ireng ora petak,
tegese ag'ama iku, sabab agamane Kalang.
l9. Sun-sotaken larang wa rih, sun ndjaluk banju tan angsai,
mu iane sun:lih kaline, katekana larartg toja, tanah kene sa-
da ja, mula sun-sotaken iku, djaka tuwa prawan tuwa.
-22 -
20. Sabab kang ingsun-djaluki, banju mangsuli tan angsal, botjah
wadon prawan baleg, nauri Buta Lotjaja, punika boten tim-
bang, lawan kalepatanipun, kalawan sabda-paduka.
21. Kang lepat tijang satunggil, tijang katah ingkang susah, boten
timbang ukumane, pumka kitab punapa, ingkang kangge pi-
kekah, leresan putusan rusuh, mlarati ing djanrna katah.
22. Sanjari prakawis siti, saidu prakawis toja, sadumuk empluk
kang wados, sakawan slajaning rembag, niku winih prakara,
putusan-paduka rusuh, atilar JUdanagara.
23. Katura kang gadah nagri, paduka manggih ukuman, kang
mlarat kalangkung abot, sabab angrisakke tanah, sami tuwan-
sotena, ngriki miraha kang banJu, dados adll panggesangan.
24. Laki rabi alit-alit, enggal mentjaraken titah, kawulanira Hjang
Manon, paduka dede 1\larimdra, ngarub1ru agama, tijang dah-
·wen tetep1pun, ambukani nami tanah.
25. Ngowahi tulis nagari, ngandika Sinuhun Benang, .nadyan ka-
tura Sang Katong, Sang .r'r abu ing Madjalengka, ingsun ma:sa
wedija, mungsuh Ratu Madjalangu, ambekis Buta Lotjaja.
26. Rembag-paduka puniki, d ~de rembag ahli pradja, pabena
tyang saba terong, ngendelake jim drgdaja, m bok sampun su-
makehan, kinasrhan mring Hjang Agung, sugih sanak ma-
laekat.
27. Ing sakarsa-karsa dadi, boten tolih kalepatan, sija dahw€m
tanpa wite, ngendelaken j€m d1gdaja, nadyan ing tanah Djawa,
sajekti wonten kang langlmng, prawirane kadi tuwan.
28. Nanging ahli budi sami, adjrih dedukaning Dewa, jen sija sami
bangsane, sikara tanpa prakara, punapa nggih paduka, tung-
gilampun rumuhun, Dji Saka Ratu ing Mendang.
29. Muridipun si idjadjil, dados Ratu tanah Djawa, mung tigang '
. taun lamine, minggat saking tanah Djawa, sadaja sumber
toja, ing Mendang saurutipun, binekta minggat sadaja.
30. Dji Saka tyang saking 'Arbi, paduka tyang saking 'Arab,
milane sami sijane, sami darnel awis toja, paduka ngaken
Sunan, jektl sunpen bu oi luhur, amnh r_a hajunmg djamna.
31. De wudjud-paduka niki, djadjil belis katirigalan, tan tahan
ginoda lare, midjil mubal gelis duka, nik_u Sunaning sona, jen
· Sunan djanma satuhu, simpen budi luhur pandjang.
32. ngGih niki tjobaning Widi, begal Nabi Olja Radja, kang sirna
timbang-antenge, sikara tanpa prakara, afliksa tanpa dosa,
inggih niki marginipun, paduka manggih tjilaka.
33. Tandane paduka mangkin, wus jasa nraka djahanam, jen wus
dados tuwan-angge, siram salebete kawah, wedang kang mulat-
mulat, kula niki bangsa lembut, sanes alam Ian manusa.
.:1. Prandene i:aksih ngengeti, rahajunipmt manusa, paduka wang-
sulken age, lepen ingkang sampun asat, miwah risake tanah,
wangsula kadi rumuhun, jen paduka mboten karsa.
:lG. Mangsulken kadi rumijin, sada ja mantisa Djawa, kang selam
sami sun-teloh, kadjenge pedjah sadaja, kula anjuwun bala,
dateng Kangdjeng Ratu Kidul, Nginangin Ngindi samodra.
::6. Sunan Benang duk mijarsi, ature Buta Lotjaja, rumasa ka-
luputane, sikara tanpa prakara, alon d€mnja ngandika, Buta
Lotjaja wruhanmu, ingsun iki bangsa Sunan.
:n. Tan kena mangsuli angling, ing wuwus ingkang kawedal,
amung sun-wangeni bae, lawase pantja tus warsa, sabdaning-
sun tambara, balija kadi rumuhun, ambekis Buta Lotjaja.
:~8 . Inggih wangsulna saniki, jen tan wangsul sapunika, kadya
kang wau wudj'ude, paduka kawula banda, Sunan Benang
ngandika, tan kena mangsuli wuwus, sun pamit njimpang
mangetan.
a9. Wohe kaju sambi iki, saiki sun-wehi aran, wohira tjatjil arane,
lir botjah ketjil ~ukaran, demit wong petjijtilan, rebut bener
ngadu kawruh, prakara rusaking tanah.
10. Susahe djanma Ian demit, sun-suwun marang Rabbana, woh
sambi loro k.arjane, dadya asem dagingira, sing nom metuwa
lenga, asesemon ulat ketjut, demit padu Ian manusa.
t! 1. Tegese lenga puniki, demit mleleng djanma lunga, dadija seksi
ing tembe, j(m ingsun padu Ian sira, katelah prapta mangkja,
woh sambi. tjatjil ranipun, Sang Wiku malih ngandika.
'12. Dene nggone temu m?-mi, kang ler aran desa Singkal, ing
Irene desa ing Tjombre, dene nggone wadyanira, kang ana
kidul ika, Kuwanguran aranipun, Sunan Benang sigra mesat.
<1:3. Lumumpat wetari banawi, katelah prapta samangkja, tanah
Kutagedah kene, ana desa Kuwanguran, Tjombre lawan ing
Singkal, te~se Wanguran weruh, Singkal singkel nemu akal.
·It!. Buta Lotjaja, nututi, tindakira Sunan Benang, ing desa Bogem
djudjuge, amriksani retja kuda, ndas loro sidji badan, ni!mg
ngisor wreksa trenggulun, woh mateng nedeng nggelasah.
l!i. Sunan Benang ngasta kudi, kepala retja ginempal, Buta Lo-
tjaja ngling songol, puniki ijasanira , Sang Prabu Djajat)aja,
kinarja pralambangipun, tekade djanmestri Djawa.
W. Bendjang alam nusa Prenggi, sinten djanma ningalana, kang
retja niki wudjude, nunten samja sumurupa, tekadipun wa-
nodya, ing tanah Djawi ing mbesuk, paduka angaken Sunan.
- 24 ~-·

17. Sinten kang purun mastani, tanpa tanda upatjara, pratandane


bangsa gede, pajung pedang lan kinangan, ingiring wadya
katah, rentjang kalih ulat mesum, pundi srat pijagem-dika.
48. Saking Prabu Madjapahit, kawula arsa uninga, Sunan Benang
ngandika lon, tanpa tanda lE)jeng lajang, mbekis Buta Lotjaja,
ndikfl tijang ngaku-aku, akudung kwasa Narendra.
49. Tambah dina ngrusak bumi, maoni adate djanma, angrusak
warna wus sae, wus wadjib kawula-banda, katur mring
Madjalengka, suwawi paduka mungkur, ngandika Sunan ing
Benang.
50. SiPa iku bangsa demit, wani padu lan manusa, demit kumentus
arane, nauri Buta Lotjaja, inggih beda punapa, ndika Sunan
kula Ratu, ngandika Sinuhun Benang.
51. Woh kaju trenggulun iki, saiki sun-wehi aran, woh ira kentos
arane, dadija . seksi ing wuntat, jen ingsun kekerengan, padu
lan demit kumentus, prakara rusake retja.
52. Katelah prapta samangkin, uwit trenggulun wohira, puniku
kentos arane, awit saking sabdanira, Kandjeng Sunan ing
Benang, iku tuture guruku, Rahaden Budi Sukardya .
53. Sigra tedak Sangha Jogi, tindak ngaldr wajah 'asar, pan arsa
salat karsane, ana sumur ndjawi desa, tan ana t irnbanira,
ginolingake kang . sumur, ngambil wulu nulja salat.
54. Katelah prapta samangkin, sumber iku ingaranan, sumur gu-
. muling wastane, Sunan Benang kang nggulingna, iku pitu-
turira, Rahaden Budi gurulnl, embuh bener luputira.
.55. Ladjeng tindake Sang Jogi, desa Njaen sampun prapta, mijat
buta retja wadon, neng ngisoring wreksa dadap, nedeilg k ern-
bang wohira, tiba kanan keringipun, ing buta retja mberanang.
56. Sunan Benang aningali, ing wudjude retja buta, kalangkung
eram gedene, sinempal lengene kanan, batukira kinowak, Ki
Buta Lotjaja njendu, ndika niki wong dahwenan.
57. Niku jasan Ratu linwih, Sangha Prabu Djajabaja, kekasihira
Hjang Manon, pinaringan wahju muljo, wignja sugih engetan,
jen 'Araba Nabi Ratu, wruh tjipta kang duung ana.
Paduka patokan tulis, tyang Djawi patokan sastra, betuwah
luri luhure, sami anggegani kabar, luhung anjungkemana,
kabar tulis· saking luhur, tilase kenging kapriksa.
59 . . Tyang njungkemi kabar 'Arabi, tan wikan wudjude ngrika,
wikan dora wikan jektos, nggega udjare tyang nglampra, mila
tuwan ngedjawa, wade kawruh adol umuk, muljane nagari
Mekah.
60. Djanma ingkang tanpa budi, kang utek tletong maesa, ambeke
lir klapa bonor, pratjaja rembug-paduka, menggah tyang kados
kula, ingkang simpen budi kawruh, sun-anggep umuke botjah.
-- 25 -
!il. Dene kawula udani, wudjude nagari Mekah, manusane awis
tjewok, tanah padas awis toja, tanem tuwuh tan medal, panas
banter awis djawuh, tijang ahli budi nalar.
!i2. Mastani Mekah nagari, kenging musibate Allah, nagri tjilaka
arane, tijang njebut sija-sija, dateng asmaning Allah, katah
wade bangsanipun, kinarja budak tumbasan.
!i3. Djinamah kang tanpa kawin, pinadakke sato kewan, tyang
kang sanes agamine, tan enget sami manusa, sami turune
Adam, paduka kesah den gupuh, paduka tijang duraka.
Hi. Wonten ing ngriki marahi, sakit ajan tijang katah, ngadeg
madep ngulon mbengok, sakedap atjelumikan, ndjungkir anga-
ras kisma, sarawejan tangaipun, tyang kalap nglangi daratan.
!i5. N agari Kedir( ngriki, niki nagri sutji mulja, nadyan asrep tan
panase, siti pasir mirah toja, barang tinanem medal, estri aju
djaler bagus, dadya luwes kang witjara.
!i6. Rembag-paduka puniki, dede rembag ahli pradja, rembage
tyang saba terong, pratjaja kang ora-ora, jen ndika arsa
wikan, tengaM djagad satuhu, ing ngriki nggen-kula lenggah.
G7. .Kang jasa retja puniki, Maha Prabu Djajabaja, langkung tu-
wan digdajane, paduka masa bisaa, ngepal lampahing djaman,
paduka kesah den gupl!h, jen tan kesah sapunika.
!i8. Sun-undangake ri-mami, Tunggulwulung Kelut arga, paduka
kawula-krojok, paduka masa menanga, nunten kawula-bekta,
mlebet kawah redi Kelut, sajekti paduka susah. '
!i9. Napa paduka kapengin, manggen sela kados kula, sumangga
mring Selabale, dadosa murid-kawula , Sunan Benang ngandika,
tan sudi nurut rembugmu, sira setan brakasakan.
70. Sanadyan kawula demit, taksih nami demit radja, mulja lang-
geng salamine, paduka dereng kantenan, jen mulja kados
kula, jen tekad-paduka rusuh, aremen sija sikara.
7L. Mila ·paduka ngedjawi, wonten 'Ar a b sanget nakal, dados ka-
sebut tyan&, awon, jen ndika najaka mulja, tan kesah saking
'Arab, mila minggat saking 'Arbun, paduka salah mring Radja.
7'2. Tandane wonten ing ngriki, paduka taksih krejaban, maoni
adate uwong, angarubiru agama, darnel risake tanah, angrisak
warna wus bagus, kasebut angger nagara.
7:3. Sanjari wija;ring bumi, satetes wutahing erah, sadumuk empluk
kang wados, sakedap ewahe adat, agama kina-kina, wadjib
r~neksa ing Ratu, paduka wus nradjang lepat.

7'1. Tyang ngowahi warna betjik, adamel risake tanah, maoni


agamaning wong, agami leluhur kina, wadjib Radja aniksa,
binutjal marang Menadu, ngandika Sinuhun Benang.
------~------------------r ------~-----------------------------

- 26 - -
75. Kembang wohe dadap iki, saiki sun-wehi aran, kembange
tjeiung arane, arane tledung wohira, ingsun ketjeiung .naiar,
Ian sira ketladung rembug, dadija seksi ing wuntat.
76. Sun padu Ian Ratu demit, kaiah kawruh kaiah naiar, kateiah
prapta samangke, woh dadap tledung ranira, tjeiung wastaning
kembang, Sang Wiku ngandika arum, sun pamit mulih mring
Benang.
77. Paduka kesah den aglis, adamei sangaring kisma, jEm dangu
wonten ing kene, adamei resahing katah, anarik Iarang beras,
tambah panas njuda kawruh, Sunan Benang sigra mangkat.
78. Ki Buta Lotjaja mulih, sawadya sami bubaran, ja ta genti ·
tjaritane, nagari ing Madjalengka, Sang Prabu Brawidja ja ,
endjing siniwi wadya gung, pepak wadya _guladrawa.

' 6. DANDANGGULA

1. Patih Gadjahmada tur upeksi, duh pukulun di-dalem tur wi-
kan, Gli-dalem tampi surate, abdi-dalefn Tumenggung, Karta-
sana undjuk upeksi, nagari Kartasana, asat lepenipun, kang
saking Kediri pedjah, njimpang ngetan wonten ler kita Kediri,
ktfmging ing sabdanira.
2. Sunan Benang 'uiami ing Tubin, pinten-pinten dusun kari-
sakan, sampun katur sadajarre, kadi kasebut ngajun, langkung
duka Sri Narapati, Ki Patih Gadjahmada, kinen Iumestantun,
kumisi ing Kart~sana, niti-priksa wadya lit asile bumi, kang
risak saking toja.
3. Sunan Benang kinen animbali, tan aiami praptane tjaraka, Ki
Gadjahmada ature, estu leres pukuiun, . Kartasana kaieban
warih, duta saking ing Tuban, anembah umatur, pukuiun
'uiami Bl'mang, tan pinanggih ing grija kesah Sang Jogi, tan
wikan purugira.
4. Sri Narendra ngandikesmu runtik, iku Patih pra_ 'uiama 'Arab,
ora lamba ing karepe, wiku ndog aranipun, putih ndjaba ing
ndjrone kuning, ora marem dedekah, neres ringgin kurung,
heh Patih sira tundunga, bangsa 'Arab kang ana ing tanah
Djawi, . muridak ngrubedi pradja. "
5. Mung ing Demak I~ ing Ngampeigading, sun-lilani aneng
· tanah Djawa, ngiestarekke agamane, lijane Ioro iku, Iah ulihna
endi asaling, jen ora arsa Iunga, pukulen prang pupuh, mun-
djuk Patih Gadjahmada, inggih leres ing karsa-paduka Gusti,
'uiami Giripura.
6. Tigang warsa tan sowan Sang Adji, boten asok upektining
pradja, sedya reraton karsane, tan ngraos ngising ngujuh,
nginum nedi neng tanah djawi, Ian malih namanira, santri
Giri niku, ngungkuli asma-paduka, apeparab Suhunan Ngae-
nal-jakin, namine tembung 'Arab.
7. Mangretose Sunan iku budi, tegesipun Ngaenal-ma'rifat, jekti
wikan sameloke, nami tingal kang terus, suraose ing tembung
Djawi, nami Prabu Satmata, niku nami luhur, nglangkungi
asma-paduka, ngirib-irib asmane Hjang Maha Tinggi, wikan
tan kasamaran.
8. 'Alam dunja boten wonten kalih, ingkang nami Sang nami
Prabu Satmata, mung Batara Wisnu dewe, kala djumeneng
Ratu, wonten Mendangkasapta Gusti, ngandika Sri Narendra,
pukulen prang pupuh, Ki Patih mundjuk sandika, sigra hudal
Ki Patih angirid baris, mukul prang Giripura.
9. Bubar giris wadya bala Giri, tan kuwawa lumawan ngajuda,
Ki Gadjahmada pamuke, Sunan Giri lumaju, marang Ben~;tng
panggih Sang Jogi, anuwun kekuwatan, lamawan prang pu-
puh, nadahi wong Madjalengka, tan tjinatur perange wong
Madjapahit, lawan ing Giripura.
10. Pan wus kotjap Babad Madjapahit, anggitira pudjungga ing
kuna, amrih gantjang tjaritane, ing wektu masa iku, tanah
Djawa pan meh sapalih, masuk agama Islam, pasisir sadarum,
iring ler saurutira, ing tengahan lan kidul isih netepi, agama
Budi Buda.
11. Pan sinigeg. tjrita Madjapahit, Sunan Benang wus rumasa
lepat, nemu dedukaning Radjeng, tan arsa kendel dangu, aneng
vvisma numpak palwa glis, lan Sunan Giripura, mring Demak
wus pai1gguh, lawan Dipati Bintara, pan ingebang wruhanira
Ki Dipati, saiki prapteng masa.
12. Rusakira kraton Madjapahit, uinurira satus-tigang warsa,
saking panawangku k€me, kang kelar dadi Ratu, muter ing rat
ing tanah Djawi, nggenteni ramanira, kapraboning Ratu,
mung sira iku kang kelar, atif saking karsane Rabbu'l'alamin,
saiki rembug-ing-wang. .
13. Lah rusaken kraton Madjapahit, lawan alus demit ingkan~
samar, adja kawentar ing akeh, sowana Bakda l\!Iulud, ruman-
tija sikeping djurit, sawadya balanira, pasisir sadarum, pra
Sunan para Bupatya,. bawahira kang wus selam sadajaning,
kumpulna ana Demak.
14. Samudana ngedegake masdjid, jEm wus kumpul sun kang ga-
we nalar, marang para Sunan kabeh, miwah para Tumenggung,
sawadyane kang selam sami, sajekti nurut ingwang, Bupati
sadarum, 'umatur Sang Adipatya, kula adjrih ngrisak kraton
Madjapahit,• mengsah bapa tur Radja.
15. Kaping tiganipun ambetjiki, sung nugraha kamukten ing du-
nja, punapa sun-walesake, mung setya-tuhu-u lun, dawuhipun
ejang suwargi, Suhunan Ngampeidenta, tan pareng amungsuh,
Ian rama sanadyan' Buda, apan iku djalaran-ulun dumadi, wu-
djud gesang nenl5 dunja.
I

- ·.28. -·-
16. Bnda kapir kapire pribadi, nami bapa wadjib ingurmatan, lan
der€mg wonten lepate, Kangdjeng Rama mring ulup, Sunan
Benang ngandika aris, sanadyan mungsuh bapa, mbetjiki Ian
Ratu, ora ana walatira, ngrusak kapir buda kawak sira mang-
gih, gandjaran suwarega.
17. Ejangira iku santri meri, ketjipikan saba marang toja, mung
trima teles rambute, sapira kawruhipun, Sajid Rahmat ing
Ngampelgading, botjah klairan Tjempa, masa pada ingsun,
Sajid Kramat Sunan Benang, tedak Rasul lair ing Mekkah
nagari, panutane wong Islam.
18. Sira mungsuh ramanira Adji, nadyan dosa dosa wong satung-
gal, tur Ratu kapir wudjude, jEm kalah bapakamu, sajektine
wong tanah Djawi, pada Islam sadaja, sapira untungmu, s ih
nugrahaning Pangeran, tikel . embuh sihira Hjang Maha
Tinggi, kang tumiba mring sira.
19. Satemene ramanira Adji, luwih sija kaki marang sir a, inglmng
dadi pratandane, sira pinaring djuluk, aran Babah iku tan
betjik, tegese aran ba bah, iku tembung sa.ru, bah-ne mati
bah-ne gesang, widji Djawi ginawa mring Tjina putri, milane
ibunira.
20. Pinaringken Palembang Dipati, Arja Damar wong pranakan
buta, sija mesesa, jektine, teteping galih busuk, ramanira Sri
Narapati, muiane rembug-ingwang, walesen den alus, ing lair
· adja katara, ing batine sesepen. rahe den enting, kletaken ba-
lungira.
· 21. Sunan Giri anambungi angling, ingsun iki kaki linuruga n,
mring ramanira Sang Nateng, tan ana dosaningsun, ingara nan
reraton mami, sabab lawas tan seba, m~rang Madjalangu,
sumbare si Gadjahmada, ~~n katjandak ingsun nedya den
kutjiri, Ian kinen nggujang sona. -
22. Sabab murid ingsun bangsa santri, akeh Tjina kang pada
ngedjawa, neng Giri sun-Islamake, kang muni kitab-ingsun,
jen wong seneng ngeslami kapir, jekti tampa gandjaran, su··
warga ing besuk, mulane keh bangsa Tjina, kang mring Giri
sun-Islamke sadajaning, sun-anggep kulawarga.
23. Praptaningsun kene ngungsi urip, marang sira wedi Gadjah-
mada, Ian ramanira Sang Nat~ng, dene sengit kalangkung,
mring wong santri kang djungkar-djungkir, ingaran lara
ajan, awan sore esuk, jen sira tan ngukuhana, jekti tjamah
agamamu Ahmad Nabi, ·nauri Sang Dipaty::...
24. Niku leres · ingkang anglurugi, tyang reraton tan ngrasa ka-
prentah, mring Ratu kang mbawahake, wus wadjibe den ukum,
linurugan dipun patenf, dika boten rumasa, mangan ngising
ngujuh, wonten djroning tanah Djawa, wus wadjibe den lurugi
dipun ungsir, ngandika Sunan Benang.
29 -
25. Ji'm tan sira-rebut waktu iki, kaprabone putu ramanira, jtm
sira-anti surude, sajekti pasrahipun, mring Dipati ing Pra-
naragi, krana putra ing ngarsa, miwah putra mantu, ing
Pengging Andajaningrat, masa pasrah mring sira kaprabon
kaki, pan sira putra ngandap.
26. Ora wadjib djumenenga Adji, mupung iki ana Iawang menga,
Giri dadi djalarane, angrusak Madjalangu, nadyan mati aprang
Ian kapir, ran mati sabilu'llah, mati nemu aju, nampani su-
warga mulja, pan wadjibe wong lslam mati Ian kapir, njung-
kemi mring agama.
27. Satemene sira wus pinasti, dadi Ratu ani'mg tanah Djawa,
nggentEmi ramamu Radjeng, nanging ing lairipun, kudu sarat
disetijari, rinebut Iawan perang, iku saratipun, jen sira ora
setijar, sajektine sihing Hjang pinundut · malih, sira nampik
sihing Hjang.
28. Ingsung ingkang sadarma ndjurungi, kang wus weruh sadu-
rung winarah, sun-semprong sangkal-bolonge, nerowong
kawruh-ingsun, ora samar ing dalem gaib, sira ingkang katiban,
sihira Hjang Agung, dadi Ratu tanah Djawa, amurwani agama
Buda Abudi, ganti agama 'Arab.
29. Katah-katah· sabdane Sang Jogi, ngebang-ebang marang Sang·
Dipatya, amrih ngadega surane, angrusak Madjalangu, den
misili tjarita Nabi, kang pada ngrusak bapa, kapir nemu aju,
ingsun iki pan wus tuvva, menangana adegira Narapati, paring
idi mring sira.
30. Rahajune adegira Adji, muter ing rat mengku tanah Djawa,
lestarija sabandjure, Sang Dipati umatur, ji'm makaten karsa
Sang Jogi, kawula amung darma, lumampah satuduh, paduka
kang mbotohana, Sunan Benang mesem angandika aris, ja
iku sun-karepna.
31. Jen wus gelem sira sun-botohi, lah kirima lajang mring rinira,
Dipati Terung di'm age, kang rempit tembung alus, lah antepen
arimu iki, apa abot Sang Nata, pa abot sadulur,- tuwa kang
tunggal agama, ji'm adimu ing Terung wus angrembugi, adegira
Narendra. •
32. Gampang banget ngrusak Madjapahit;, suwe ngremet ranti ing
kebdnan, sapa kang den andelake, Senapati adimu, ramanira
wis kaki-kaki, si Gugur isih botjah, Gadjahmada wungkuk, den
tutuk bae palastra, masa kelar nadahi judamu kaki, sigra
Sang Adipaty.
33. Kirim serat mring Terung nagari, tan alami praptane tjaraka,
wus tinampan wangsulane, Sang Dipati ing Terung, pan dju-
murung bijantu kapti, .sakarsane kang raka, ingkang surat
katur, Kangdjeng Susuhunan Benang, suka ing tyas Sang Wiku
sareng mriksani, surate Sang Dipatya.
-- 30 -- •

34:. Nagri Terung: angandika aris, undangana pra Sunan sadaja,


jen ingsun ana ing k{me, Ian Bupati sadarum, samudana nga-
dengke masdjid, tan lama praptanira, pra Sunan sadarum,
lawan sagunging Bupatya, pakumpulan pra samja ngadegken
masdjid, sawuse masdjid dadya.
35. Pra Sunan Ian para Bupati, salat subuh ndjro masdjid sadaja,
sawuse bakda salate, tinutup korinipun, Sunan Benang ngan-
dika aris, sagunge para Sunan, Bupati sadarum, lamun sira
rembug pada, Sang Dipati Bintara sun-angkat Adji, amengku
tanah Djawa.
36. Sarta ngrusak kraton Madjapahit, ngrusak kapir ora nemu
dosa, nampani swarga ing tembe, jen sira pada rembug, be-
tjikira sadina iki, Adipati Bintara, ingsun-angkat Ratu, mupung
wus kumpul sadaja, para Sunan Ian sagung para Bupati,
sawadya sikep ing prang.
37. Para Sunan Ian para Bupati, sabijantu djumurung sakarsa,
Sunan Benang timbalane, Sech Sitidjenar matur, sanget malang
karsa Sang Jogi, rembuge para Sunan, Bupati sadarum, Siti-
djenar pinedjahan, Sunan Giri kang kinen nglawe nelasi, pedjah
nulja njuwara. "'
.38. Eling-eling 'ulama ing Giri, sira ora sun-wales ing kerat,
ingsun-wales dunja bae, den enget sira mbesuk, lamun ana
Narendra Djawi, kanti wong nama tuwa, sun-lawe gulumu,
Sunan Giri duk mijarsa, mengko wani moosuk ingsun ija wani,
masa ingsun muldra.
39. Wus mangkana karsane Sang Jogi, nglestarekke ing sakarsa-
nira, Sang Adipati adege, gja ingidenan sampun, Sang Dipati
djemeneng Adji, amengku tanah Djawa, djedjuluke_ Ratu,
Sang Narpati Djimbuningrat, kang pinudji den embun uwong
sabumi, kang daya patihira.
40. Tijang saking nagri ngatas-angin, adjedjuluk Ki .Patih Mang-
kurat, kang daya gegunungane, wadya Islam sadarum, sena-
pati manggaleng djurit, kekaliM pra Sunan, Ngudung Ian ing •
Kudus, apan sampun ingestrenan, ger gumuruh hurmat mrijem
wanti-wanti,. Sunan huse Ila'llah. '
41. Sareng endjing samekta ngadjurit, para Sunan lan sagung
Bupatya, emba grebegan lakune, rijaja Bakda Mulud, wadya
alit tan ana ngreti, ing wadinira· lampah, amung pra Tumeng-
gung, kang sampun agami Islam, para Sunan rumanti sikep
adjurit, Sunan Giri Ian Benang.
42. Datan t¥mut marang Madjapahit, sajadane wus sepuh tan
kuwat, amung paring idi bae, rahajunira laku, salat kadjat
wonten ing masdjid, amung kang para Sunan, Bupati sadarum,
umiring Sultan Bintara, tan winarna jng marga lampahing
baris, kotjapa Madjalengka.
- 31
13. Patih Gadjahmada sampun prapti>' saking Giri ladjeng man-
djing pura, prapta ngarsane Sang Radjeng, nembah sarwi uma-
tur, abdl-dalem kaduta prapti, mukul prang Giripura, luma-
wan ing pupuh, ,senapatine ngajuda, bangsa Tjinten kang sami
masuk agami, wastane Setjasena.
44. Mangsah mentjhk dedamele abir, sawadyane tri atus sadaja,
sami mentjak kawignjane, brengos tjapang ndas gundul, mawi
sreban pangangge kadji, mangsah prang surak mentjak, kadi
walang-kadung, di-dalem-brondong sandjata, ting djengke-
lang tan tahan nadahi m~mis, pun Setjatjas€ma pedjah . .
45. Sakantune pepati angisis, wadya Giri ngungsi wana arga,
katah ngambang (Samodrane, · santr i Giri lumaju, dateng Be-
nang di-dalem usir, 'ulama Giri Benang, ladjeng numpak prau,
ngambang lajar ing lautan, ulun-ktnt yn ladjeng minggat mring
big 'Arbi, tan wangsul angedjawa.
46. Sri Narendra angandika aris, sira Patih paringa uninga, mring
si Patah dipun age, dawuhna dawuh-ingsun, jen 'ulama Benang
Ian Giri, prapta nagara Demak, den tjekela gupuh, aturna
bandan ngarsengwang, dosanipun Sunan Benang ngrusak bu-
mi, tanah Kartasana.
47. Dosanira 'ulama ing Giri, ora arsa seba mring ngarsengwang,
sedya reraton karepe, Patih sandika mundur, sa praptane ing
_Pantjaniti, ladjeng ngatur parentah, gandek kang ingutus,
mundi nawala Narendra, marang Demak: kasaru tjaraka
prapti, ·saking Pati Bupatya.
'
48. Sigra-sigra kondjuk mring Ki Patih, wus tinampan binuka
winatja, kang ponang serat ungele, sembah sumungkem ulun,
Menak Tundjungpura ing Pati, kondjuk Ki Lurah Patya, wijose
undjuk wruh, samangkja Dipati Demak, Babah Patah sampun
madeg Narapati, wonten nagari Demak.
49. Sunan Benang kalawan ing Girl, ingkang dadya pangadjenge
karsa, kang ngebang-ebang kaliM, angrusak Madjalangu,-
mengsah Ratu lawan sudarmi, samangkja Sang Dlpatya, awrat
gurunipun, angentengaken kang rama, wus ingestren adegira
Narapati, amengku tanah Djawa.
50. Ingkang ngangkat Bupati pasisir, sawa~ane kang Islam sa-
daja, ip.gkang ngideni adege, para Sunan sadarum, saha wadya
bijantu kapti, ambedah Madjalengka, djedjuluke Prabu, Sena-
pati Djil)lbuningrat, kang pinudji kang den embun wong sa-
b~mi, samal.'lgke sampun bidal.
51. M;ukul ing prang nagri Madjapahit, saha bala sakaprabon
juda, wadya tri Ieksa kataM, menggah ip.g kondjukipun, Maha
Prabu ing Madjapahit, sumangga Lurah Patya, surat titi sam-
pun, Pati tanggal kaping tiga, wulan Mulud taun Djimachir
Hanging, sewu tri atus asta.
52. Masa sanga Prangbakat wukuning, Kjana Patih wusnja m aos
serat, ndjetung ndjegreg kerot gedeg, tumengeng tawang· nje-
but ja Batara Dewa Kang Luwih, sun gawok rata ala, wong
Islam sadarum, tan weruh betjikan 'Radja, agamane akal ala-
me wong Girl, munjeng angentup wuntat.

7. PANGKUR
1. Ki Patih wangsul mring pura, prapteng ngarsa nembah uma-
tur aris, duh pukulun Maha Prabu, di-dalem undjuk priksa,
putra-dalem Dipati Demak mangke wus, madeg Nata animg
De:qmk, djedjulukipun Narpati.
2. Senapati Djimbuningrat, para Sunan ingkang ngangkat ngi-
deni, Iawan Bupati sadarum, pasisir kang wus Islam, putra-
dalem sawadya kuswa budal wus, anglurug mring Madjaleng-
ka, akarja buwana balik.
3. Kaget Prabu Brawidjaja, getun ngungun gumun dangu tan
angling, ndjegreg gereng-gereng dangu, nggagas djroning
wardaja, ingkang putra lawan Bupati sadarum, kolu ngrusak
Madjalengka, sakarsane den turuti.
/

4. Ingiden pinaringjan pangkat, dime mangke karja buwana ba-


lik, den luruh datan pinangguh, den nalar-nalar wudar, lair
batin tan ana ingkang tinemu, ingkang dadya sababira, kang
putra Ian pra Bupati. · ·~

5. Kolu ngrusak Madjalengka, ·- sungkawane Ratu Gung kang


linuwih, sinemonan ing Dewa Gung, tyase kombang maesa,
tlas den mangsa tumane kindjir sadarum, wusana alon ngan-
dika, Maha Prabu Madjapahit.
6. Patih apa sababira, ja si Patah Ian Bupati pasisir, kolu ngru-
sak Madjalangu, tan tolih kabetjikan, Patih Gadjahmada
anembah umatur, tjupet pepet tyas-kawula, tan saged mun-
djuk ing Gusti.
7. Dene tebih saking nalar, den saeni walese artgawoni, tjidra Ian
sebutafi buku, pikukuhe tyang Djawa, Djawa Djawi mangreti
agal Ian alus, wadjibe jen binetjikan, sajekti jen males betjik.
8. - Amung lagja bangsa Islam, den betjiki walese angalani, tetep
lawan sebutipun, anjebut asma Allah, mila ala tijang Islam
batosipun, aluse mung kalairan, batosipun 'd judjur masin.
9. Beda sebute tyang Buda, njebut Djagad Dewa Gung Kang
Linuwih, djagad niku raganipun, dewa budi Ian hawa, kang
sinebut rasa budi karepipun, ngluhurake asmaning Edat, niku
pudji kang utami.
-- 33 ~-

10. Jim njebut Nabi Muchammad, / Rasulu'llah panunggul - para


Nabi, Muchammad makaman kubur, kubur rasa kang salah,
mila ewah bengak-bengok endjing surup, nekem dada tjelumi-
kan, djungkar-djungkir ngaras siti.
11. Sadaja teda winada, trantjam tjatjing d€md€mg kutjing sinirik,
pindang '!retek opor lutung, botoke sawer sawa, sate rase
lemeng kirik pindang asu, bekakak babi andapan, gorengan
kodok Ian tjindil.
12. Getjok lintah ingkang mentah, betjek usus sona ingkang
kabiri, kare kuwuk . bestik gembluk, niku winastan karam,
langkung sengit kalamun ningali asu, ulun-kinten terus ing
tyas, batose resik kumresik.
13. Pukulun watawis-amba, mila santri sengit kepati-pati, tan
arsa anggepok asu, ula me kinaramna, mung wadose dtm kar-
sakna lamun dalu, kina lalke tanpa nikah, mula ulame sinirik.
14. Jim ndjamah sami manusa, ingkang boten apsah saking ing
kakim, punika winast an mekruh, jen lawanane sona, jekti
sirna sebutan nadjis puniku, sabab lawanan Ian sona, minggah
kawil}- dateng pundi.
15. Gumudjeng n gguguk Sa ng Nata, tan mangkono kodjahe jaji
Dewi, Putri Tjempa m a ring ingsun, muhi tj~leng Ian sona,
kinaramake iwake tjeleng Ian asu, k r ana napsu asalira, tje-
limg laku tjolong maling.
16. Jen iwakira pinangan, marang djanma tekade anulari, demen
njolong sugih napsu, kaja tjelimg Ian sona, Patih Gadjahmada
nemba h sarwi matur, dene bukune prajoga, lair ·batose tan
sisip.
17. Ngandika Sang Brawidjaja, wruhanira Patih prakara iki, ma-
nira dewe kang luput, nggegampang mring agama, kang wus
kanggo leluhur turun-maturun, kagiwang ing 'aturira, jaji
Dewi Darawati.
18. Jen agama.Rasulu'llah, su~ji mulja katimba~ Ian lijaning,
dadya tyas-ingsun kajungjun, kagiwang aturmg dyah, angi-
di'mi para 'ulama sadarum, mentjarke agama 'Arab, ing
Djawa urut pasisir. ·
19. Sasenengira wong Djawa , mandjing Islam m anir~ tan ma-
ngeni, dene )ki tukulipun, teka nasar belasar, ora ana kabe-
tjikal}- kang tinemu, esah tataning manusa, sun-betjiki anga-
lani.
. I
:.w. Rata ala awonira, ora ana sidji kang ahli budi, iku gawoke
tyas-ingsun, mung mimis tembung ngarsa, ing batine angandut
watu sagenuk, kinarja ngantep kepala, adja kongsi amindoni.
-34 -
21. Djanma Islam watek ~ra, kaja tikus praptane a rsa n grikit ,
ndjaluk mangan urip .lemu, ingsun-umbar angreda, nelasake
pa'riku salumbung bimdung, sun dewe ora kaduman, mati
war eg tanpa tai.
22. Warege mung wareg susah, tanpa tai bcras pariku enting,
·telas dimangsa ing tikus, tekade luwih samar, pudji karja
ngidjir ing pakewuh, salat karja lad-aladan, tufadan panggawe
sisip.
23. Manganggo seta lir setan, putih kuntul ing djro a bang Ian
langking, murih dremis karem ndjaluk, k endel nista: asaban,
pikukuhe miturut sarake Rasul, sarak sarate memintak, ngge-
lar kodjah Dalil Kadis.
34. J?m Ratu lorna belaba, iku Ratu kekasihing Hjang Widi, j?m
Ratu kumet puniku, Ratu satrune Allah, ratjak nritis santri
tjupar kumetipun, mung murah kodjah memara, asil misil
ngarah asil.
25. Deweke wus sumpah tobat, tjegah sirik lorna samining djanmi,
kena musibate Rasul, lawan benduning Allah, sakeh karam
rinamesan maknanipun, mrih kala! kena den untal, sugiha
dagangan daging. ·
26. Heh ta Patih seksenana, sabdaningsun awit ing dina iki, sun-
suwun roaring Dewa Gung, muga winalesena, susahipun wong
Islam iku ing mbesuk·, kuwalika tekadira, tukula wong kutjir
mMndjing.
27. Dene tan wruh kabetjikan, sun-betjiki walese angalani, sab- ·
danira Ratu Agung, sadjrone kasusahan, wus katrima ing Dewa
Kang. Maha Agung, sineksenan ing buwana, pratanda djume-
giug muni.
28. Pater sadjroning bawana, awit iku kuntul ana k ang kutjir,
Sunan 'ulama sadarum, ngrangkep nama walikim, pratandane
katrim'a panedanipun, Maha Prabu Brawidjaja, mring Dewa
Ingkang L inuwih .•
29. Katelah prapta samangkja, para Sunan 'ulama nama Wali,
kuntul kutjir gitokipun, ngandika Sri Narendra, heh ta Patih
paran kang dadi rembugmu, prakara tekaning mengsah, wong
Islam ngrebut. nagari. ,
30. Apa linawan ing aprang, apa ora: Patih matur wot sari, duh
pukulun Maha Prabu, saadjangipun adjang, sinegahan ing
aprang sawontenipun, $ri Brawidjaja ngandika, heh ka-
/ wruhanira Patih.
31. Abot sanggane si Patah, pra Bupati pasisir tunggal kapti,
wus nunkgal agam1;1nipun, rineksa wadya kuswa, Ian wawasen
Senapatining prang pupuh, Dipati Terung nagara, timbangen
den botke endi. •
- 35 -
32. Si Patah kaiawan ingwang, P a tih G9.djahmada matur wot sari,
paninrtJ.bang-amba pukulun, awrat ing padukendra, kang
njengkakken ing ngandap prapta · ing Iuhur, angangkat dadya
manggala, ing Teqmg nama Dipati.
33. Ngandika Sri Brawldjaja, kiraningsun Dipati Terung mbalik,
ngi'mh'mgake marang ingsun, abot saduiur tuwa, pisan duiur
tur tunggai agamanipun, tunggai tanah kaiairan, muiane sun-
kira mbalik.
34. Jim ingsun-Iawana ing prang, kadi Iare ginuju bumi Iangit,
bapa mungsuh Iawan sunu, mendah suraking Dewa, karsan-
ingsun nedya Ioios nora kiwui, sun-tandinga pada muda, lan
jaji Dewa Gung Bali.
35. Ing wuri masa bodowa, Iamun ana perang ing sawatawis, adja
ngrusakke wadya gung, tan Iawas ingsun prapta, asung wikan
mring kekalih putraningsun, Dipati ing Pranaraga, Andaja-
ningrat ing Pengging.
36. Getun ngungun ing tyas-ingwang, ji'm si Patah melik dadi
Narpati, disuwuna krana aius, karaton tanah Djawa, sun-
paringke kranaa betjik puniku, umur-ingsun kari pira, mung
kam\lksan sun-uiati.
37. Teka dipukui ing aprarig, tinggai tata adate bangsa tinggi,
tan ana panantangipun, anganggo adat kewan, nora nganggo
pratingkah bener Ian Iuput, mungsuh bapa pindo Radja, ping
teiu agawe betjik. ,
38. Manira iki wus tuwa, ora keiar ndjenengi ing adjurit, parek
marang surupingsun, adoh ing akalingwang, ngandelake Gugur
durung sampe umur, Iagja etja nggunem rasa, kasaru gegering
ndjawi.
39. Praptane gegaman Demak, para Sunan sareng mangsah nga-
waki, gugup tyasira Sang Prabu, Ioios saking ndjro pura,
Sabdapaion Najagenggong atut pungkur, Kjana Patih Gadjah-
mada, bramantya amangsah djurit.
40. Asta Bupati Najaka, ndjaga pradja pra mi"~tri magersari,
kang sumi\tl ngarsa Prabu, putra magang santana, punakawan
kuli tungguk njandak sampiuk, sareng mangsah nempuk ram-
pak, wus sumedya lebu geni.
41. Nudju tanggal kalihwelas, wu ian Mulud ing wantji tengah
wengi, wong Demak sareng anempuh, saking saiering kita,
para Sunan pra Bupati reba t ngajun, surake ambal-ambalan,
trebang kendange tinitir.
42. Tri leksa wadya ing Demak, tigang ewu wadya ing Madjapahit,
sareng tjampuh· aprang pupuh, bedil muni sapisan, tjaruk
ruket ·tumbak bedll lawan sangkuh, pedang lameng lan kule-
wang, wus rangsang-rinangsang keris.
- 36 -
43. Wong Madjalengka lir kar ang, kadya alun wadya Demak
nagari, kang tinempuh bakuh kukuh, wadya Demakanundjang,
tumpes ngarsa ing wuri prapta kadyaJun, para Sunan Ian pra
Bupatya, pangulu ketib Ian modin.
44. Guru mantri kaum desa, san tri meri tan. pegat mudji dikir,
Ia ilaha ila'llahu, Muchammad Rasulu'llah, Iakwolakuwata
sakinK ing Hjang Agung, djajaa wadya ing Demak, apesa
wong Madjapahit.
45. Sareng m a ngsah nempuh · rampak, pangutjape prang sabil
mungsuh k apir, trebang kendange tinabuh, swara lir Iangit
bedah, santri Sunda sareng mentjak rebut ngajun, pedange
sakawijana, kinarja ageming djurit.
4~. N eng ngarsa kadi kitiran, tinadahan ing wadya Djagapati,
wong Bugis klewang gemipun , rame pentjak-pinentjak, kang
k atradjang lengen putung r aga rampung, wus samja tumpes
ing a pr ang, wong Sunda lawan wong Bugis.
47. Asta Bupati Najaka, ngamuk liwung Iir banteng tawan kanin,
wadya ing Demak gumulung, sareng mangsah anundjan g,
tumpes ngarsa wuri prapta kadya alun, wantune karoban
Iawan , asta Bupati ngem asi.
48. Rahaden L embupangarsa, putra Nata mangsah prang mobat -
mabit, tinadahan Sunan Kudus, rame Iantaran watang, Kjana
Patih Mangkurat nglambung sing pungkur, tinumbak wlikate
tat as, Lembupangarsa ngemasi.
49. Wadya tri atus tumpesan, bangke amor wong Demak Madja-
pahit, bangkehe wong tumpang sungsun, paseban pagelaran,
alun-alun Ier kidul wus ba n djir mares, bangkening wong sung-
sun t umpang, ting glereng sambate kanin.
50. Ki P atih lir liman meta, pa ngamuke singa katradjang ngisis,
ngagem pedang Kjai Bintul, singa pinedang tatas, ingkang
pangga h akatah pinedang- rampung, bangkene wong angge-
lasah, pinedangan Kjai Patih.
51. Giris wadya Dema k mulat, pra Dipatya singa mangsah ngemasi,
kinarubut ngarsa pungkur, ing kering lawan kanan, datan
kewra n Ki Patih pamedangipun, rosa rikat trampil awas, tatag
tanggon ing adjurit.
52. Sarira lir tugu wadja , datan pasah tapak tilasing kikir, t a napi
sisariing palu, mjang tilasing gurenda, kuwat kengkeng atos
a lunju malurut, tan ana bradja tumama, gir'is wadya Demak
ngisis.
-~53. Sinosog ing kering kanail, ngarsa pungkur binendrong saking
t ebih, katiban m imis lir djawuh, lir udan tibeng sela, mimis
wesi wadja balas lawan pr unggu, luluh gepeng sumjur kepjar,
satemah dados gulali. ·
--- 37 --
54. Singa kang tinempuh bubar, angontjati lumaju datan tebih,
kang panggah pinedang r ampung, rangkep ro telu tatas, pijak
ngarsa ka nan kering lawan pungkur, ambendrong saking te-
bihan, tiba ne mimis lir grimis.
55. Tan ana ingkang tumama, pan wus liwung pangamuke Ki
Patih, ngadeg madyaning lun-alun, ngunandika ing drija, wus
rumasa apese ing judanipun, tan tutug djumeneng Patya,
among wa dya Madja pahit.
56. Angles muhun sadjroning tyas, Kjana Patih ngadeg tume-
ng€mg nginggil, sun-suwun marang Dewa Gung, Gusti Sri
Brawidjaja, muga-muga anaa ingkang pitulung, lananga dimira
juda, tulusa djumeneng Adji.
57. Abdi Gusti minta pedjah, bebantene nagari Madjapahit, abdi-
dalem sampun sepuh, tuwuk ingkang kekutjah, duk swargine
rama-paduka Sang Prabu, mangke ngembani paduka, puwara
tiwas ngemasi.
58. Keti ban mimis lir udan, datan ebah ngadege Kjana Patih,
-ndjegreg kadi tugu prunggu, Sunan Ngudung umangsah, ngem-
bat lawung marepeki saking ngajun, Sunan Ngudung amra-
djaja, tart pasa h rinangsang keni. ·
59. P inrang kris dja djanja tatas, kapisanan Sunan Ngudung
ngemasi, ingebjukan _ing wadya gung, sa pira kuwatira, wong
sawidji Ki Gadjahmada wus lampus, n anging kuwandane sirna,
nulja na swara kapj ~rsi.
60. Hi'~h eling-eling wong Islam , d€m betjiki ing Gusti den alani,
ngr ebut pradja amrih lampus, sun-wales sira bendjang, ingsun-
adjar weruh nalar bener luput, sun-damoni sirahira, dJem-·
butmu sun-tjukur bresih.
61. Pra Sunan mandjing ndjro pura, angulati Sang Nata tan
pinanggih, in ndjro pura amung kantun, R atu M::ts Darawatya,
ingatura n binekta mring Ben ang manut, wadya lit mandjing
ndjro pura, ngrajah ing ndjro pura bresih. · -
62. Wong kamJ!ung tan ana ng~awan , R uden Gugur lolos tan
mbekta dasih, Dipati Terung gja r awuh, bjantu ngrabas(mg
pura, buku-buku betuwah Buda tinunu, tan ana ka ri satunggal,
pikukuh agama Budi.
63. Lajone putra santana, mjang Najaka kinumpulaken sami,
sadaja sami. kinubur, sakidul wetan pura, ingaranan Bratalaja
tuturipun, kubure putra pralaja, Rahaden Lembupangarsi.
64. Wong kampung kang teluk aprang, kinumpulke aneng paseban
ndjawi, sadaja kinen umasuk, agama Rasulu'llah, kinen njebut
Muchammad Rasulu'llahu, anjebut asmaning Allah, angutjap
k alimah kalih.
38
65. Wong desa ambj ar sumeba r, b ct eng Bangsal Terung ingkang
ndjageni, wong Islam pradjurit Terung, prep.tahe Sang Dipatya,
jim wong Buda ngungsi beti'mg kin!'m nglampus, wong Buda
ngungsi wanarga, sawusira tigang ari.
66. Sigra budal Sultan ·Demak, marang Ngampel anjare telung
ari, ingkang pinatah ing pungkur, baris neng Madjalengka,
Kjana Patih Mangkurat Dipati Terung, ndjagani pakewuh
wuntat, jen ana wadya kang mbalik.
67. Senapatining ajuda, Sunan Kudus neng beteng Terung baris,
dadya sesulih Sang Prabu, kanti para 'ulama, tigang atus
nderes Kuran sijang dalu, saben dalu salat kadjat, trebangan
tahlilan dikir.
63. Wadya saparo binekta, marang Ngampel pra Sunan mjang
Bupati, samja umiring Sang Prabu, rawuh ing Ngampendenta,
tjinarita Djeng Sunan Ngampel wus surud, amung kantun
ingkang garwa, asal saking nagri Tubin.
69. Putran6 Sang Arja Tedja, nagri Tuban kalih putrane estri,'
· dene putra ingkang sepuh, punika wus kagarwa, Sunan Ngam-
pel: ingkang an em putranipun, puniku sam pun kagarwa, da-
teng Kangdjeng Sunan Kali.
. 70. Dadya prenah ipe tuwa, Nji Geng Ngampel kangdjeng Sunan
ing Kali, sasedanira Sang Wiku, Suhunan Ngampeldenta, aneng
Ngampel pan maksih sinepuh-sepuh, mring wadya ing Sura-
baja, kang wajah sigra wot sari.
'(1. Rinangkul lungajanira, ganti-ganti pra Sunan asung beldi,
· nulja Bupati sadarum, ganti mangsah tur sembah, wusnja tata
lenggah kang wajah umatur, ejang kawula tur wikan, ing
Madjalengka nagari.
72. Pan sampun kawula bedah, Kangdjeng Rama lolos saking
nagari, utawi. pun jaji Gugur, itjal mboten kantenan, Patih
Gadjahmada lumawan ing pupuh, tinadahan para Sunan, Sunan
· Ngudung angemasi.
73. Pinrang kris Ki Gadjahmada, Gadjahmada ugi sampun nge-
masi, ulun sampun madeg Ratu, amengku tanah Djawa, parab-
ulun inggih Senapati Djimbun, inggih Panembahan Plt3mbang,
ngadaton Demak nagari.
74. Sowan-kawula punika, ing paduka ejang anuwun idi, tetep-ulun
dados Ratu, amengku tanah Djawa, run-tumurun prapta wajah
miwah bujut, sampun wonten aralira, sampun wonten kang
njelani.
75. Njai Ageng duk mijarsa, ingkang wajah rinangkul den tangisi,
kagagas sadjroning kalbu, dosa geng tri prakara, mungsuh
Ratu ing sudarma ingkang asung, nugrahan kamukten dunja,
rinusak tanpa prakawis.
- 39 - -

76. Lan enget betjikanira, ingkang uwa Brawidjaja Narpati, para


'ulama sadarum, ingudja ing sakarsa, pinaringan tanah sapa-
metunipun, wong Djawa kang nedya gantya, agama tan den
wangeni.
77. Ing mangkja winales ala, tanpa dosa amung tan arsa ganti,
agama Rasulu'llahu, lolos sak1ng ndjro pura, tanpa dunung
tanpa wadya genahipun, seda lawan sugengira, wusana ngan-
dika aris.
78. Putu sun takon ing sira, sabenere 'tutura kang sajekti, sapa
ramamu satuhu, sapa kang ngangkat sira, dadi Ratu ing tanah
Djawa puniku, Ian sapa ngideni sira, apa · sabab sira wani.
79. Ambedah ing Madjalengka, salah apa Sang Prabu Madjapahit,
dene sira iku purun, sikara tanpa dosa, ingkang wajah alon
denira umatur, saking wartosipun bijang, sudarma-kawula
jekti.
80. Sang Pra]:mjng Madjalengka, Brawidjaja djedjuluking Narpati,
ingkang ngangkat dados Ratu, amengku tanah Djawa, pra
Bupati pasisir sadajanipun, kang ngideni para Sunan, sawadya
bijantu ka,pti.
81. Ambedah ing Madjalengka, prakawise dene tan arsa ganti,
agami Rasulu'llarhu, kawula tan dugija, nji:i:·nakaken tyang
sepuh kang kapir kapur, buda kawak ngangkak-angkak, dawuk
lir kawuk tan eling.
82. Tan nedya agami I;slam, duk mijarsa Njai Ageng andjerit,
kang wajah rinangkul gapjuk, heh putu wruhanira, sira iku
nemu durakeng Hjang Agung, dosanira tri prakara, mungsuh.
Ratu Ian sudarmi.
83. mBetjiki asung nugraha, sira wani ngrusak tanpa prakawis,
anane Islam Ian kupur, sapa kang karja Islam, amung sidji
Pangeran Kang Maha Agung, tan kena pineksa-peksa, djinijat
ganti agami. · ·
84. Lamun durung karsaning Hjang, prapta mati puniku- den
andemi, njun')Skemi agamanipun, jen wus pinarengena, roaring
Allah tan susah ingatag iku, wus mesti karsa pribadya, ui:nasuk
agama Nabi. ·
85. Pangeran Kang Sipat Rahmat, ora ngakim Iawan ora amenging,
wong ganti aganranipun, sasenenging manusa, ora niksa wong
kapir kang ~ra luput, ta•n ngga ndjar marang wong Islam,
kang tumindak ing sajekti.
86. Mung bener Ian luputira, d{m adili Iawan tetepe adil, laiar
luluren asalmu, ibumu Putri Tjina, nembah pikkong wudjud
dluwang retja watu, tan kena sira sengita, mring wong kapir
buda budi. t
- 40 -
'I '"tl , ,.. ,.t :m1 n lapisan, mata santri anganggo mata lmtri,
,,,,d .d loro paningalmu, tan weruh bener lepat, amung djare
1111g :il(u putra Sang Prabu, mula sira kolu baja, angrusak
Lanpa prakawis.
H8. Beda matane wong Djawa, Djawa Djawi anganggo mata sidji,
ngalor leres keblatipun, wikan kang bener lepat, jekti wedi
ing bapa kapindo Ratu, mbetjiki asung nugraha, iku wadjib
den bektimi.
89. Eklasing wardajanira, ora nijat bekti ing Ratu kapir, nijat
bekti bapa Ratu, wus wadjibe manusa, bekti bapa tur Ratu
kang pinisepuh, wong tan bekti Ratu bapa, urip tanpa 'mata
jekti.
90. Putu sun-misili sira, tjaritane Wong Agung Kuparmani, akra-
ma Putri Medajun, putra Prabu Nursewan, kapir kawak
kumawak dawuk wus bawuk, pada lawan ramanira, prandene
di'm adji-adji.
91. Tur iku bapa mratuwa, suprandene Wong Menak wedi asih,
tur geting mring anak mantu, sabab sedje agama, minta sraja
para Ratu kang wus wudu, kini'm njirnakken Wong Menak,
Wong Agung meksa wedyasih.
92. Iku tepa kang utama, kalakuwan kang kanggo wong linuwih,
tan kaja tekadmu putu, bapa disija-sija, dumeh kapir buda
kawak run-tumurun, tan arsa ganti agama, puniku dudu
prakawis.
93. Djalaran rusaking pradja, apa sira wis atur angaturi, putu
marang sudarmamu, kinen ganti agama, ingkang wajah alon
denira umatur, kawula dereng aturan, ngaturi gantos agami.
94. Kang ejang gumudjeng latah, luwih luput putu tindakmu iki,
nadyan pra N abi rumuhun, Ibrahim lawan Musa, miwah Nabi
Mucha:mmad kang sira-panut, pada mungsuh Ian wong tuwa,
prakara ganti agami.
95. Nanging tan sepi aturan, ginelaran mudjidjat temen Nabi,
atas kar saning Hjang Agung, anjalini sat·engat, tan tinurut
wong tuwa bandjur dil1"ungsuh, nadyan mungsuh Ian wong
tuwa, lair batine tan sisip.
96. Balik ingkang kaja sira, lah ta apa mudjijatira kaki, jen njata
Chlifatu'llahu, wenang njalini sarak, atas saking karsaning
Hjang Maha Agung, lah ta sira wetokalila, njatane ingsun-
tingali.
97. Kang wajah alon turira, mboten gadah mudjidjat kados Nabi,
mung nurut sebutan buku, jen njelamke tyang kopar, jekti
tampi gandjaran suwarga mb§suk, kang ejang gumudjeng
suka, udjar djare den ugemi.
-- 41 --

98. Djare bukune wong 'Arab, duning buku pusaka saking Iuri,
mungguh rusake namamu, murtat bapatur Radja, salawasmu
urip anggegandong busuk, kang demen nggeguju samja, kang
geting angisin-isin.
99. · Tanda kawruhira mentah, ora mateng lair terusing batin, mung
nurut pikukuh buku, kalbune tan di'm nalar, mung kasusu
kepengin djumeneng Ratu, muter ing rat tan-a h Djawa, sinome
nora pinikir.

8. SINOM
I
1. Sira santri sesantri'man, dudu santri ahli budi, Dalilmu kitab
ketatab, datan weruh gampang rumpil, ngandelke destar putih,
puniku putihing kuntul, tjemeng pangananira, putih ndjaba ing
ndjro kuning, tanpa guna matja kitab saben dina.
2. Duk swargine ejangira, sira sowan njuwun idi, arsa mbedah
Madjalengka, ejangmii ora marengi, dawuhe wanti-wanti, adja
mungsuh Ian ramamu, saiki jangmu seda, wewaler di'm tra-
djang w_a ni, santri apa walere ejang tinradjang.
3. Sira ndjaluk idi mring wang, tetepmu dadi Narpati, muter ing
r a t tanah Dj awa, ingsun tan wadjib ngideni, bangsa tjilik tur
estri, tan wani ngid€mi Ratu, aran walik buwana, idiku t ambah
mlarati, balik sira wadjib paring idi mring wa"ng.
4. Karana Chalifatu'llah, ing sadjroning tanah Djawi; mung sira
dewe kang tuwa, sautjap~u idu geni, kang mungguh kaja
mami, tuwa tuwas ara nipun, metu awa n kemulan, metu endjing
wedi atis, amung sira ingkang tetep tuwa njata. ·
5. Putu sun-misili sira, tja rita patang prakawis , wong nggege
kaprabon bapa, ing kitab hikajat muni, tjarita tanah Mesir,
pandjenengan Nabi Dawut, putranira kang tuwa , Abe Salam
ingkang nami, mungsuh bapa anggege kaprab<;mira.
6. Dawut k€mgser saking pradja, Abe Salam kang gumanti, _
sawuse antlira warsa, Nabi Dawut sarta dasih, wangsul amukul
nagri, Sang Abe Salam lumaju, angungsi wana-wana, ginawa
mbandang turanggi, pan ketjantol tenggaknja ojoding wreksa.
7. Kudane mberung lumadjar, AM Salam iku karl, tenggaknja .
ketjantol lata, gumantung wreksa ngemasi, iku kukume- Widi,
jen wong DJ.Ungsuh bapa Ratu, malih ana tjarita, · ing tanah
Djawa rumijin, Ratu Mendang Sang Prabu Dewatatjengkar.
8. Anggege kaprabon bapa, Sang Prabu Sindula Adji, kena sab-
dane kang rama, dadi buta angadjrihi, saben ri mangsa djanmi,
tan lama djenenging Ratu, ana Bremana prapta, saking sa-
brang angedjawi, Adji Saka anggelar kuwasa sulap,
9. Wong Djawa asih sada ja , ml'iJr g l>hvntn t j<·ngkar geting, Dji
Saka inga ngka t Radja , Ratune dipun p ~· r ·angi, ambjur sagara
Hindi, salah rupa dadi badjul, mangsa is.i samudra, tan lama
nuli. ngemasi, mungsuh sa rpa Djaka Nginglung wastanira.
10. Tjarita nagri Ma ndura , Sri Basudewa Narpati, kang putra
Rahadt'm Kangsa, nggege kaprabon Rara Dji, mripeksa panu-
wuning, tan kongsi djumeneng Ra tu, nggentE'mi ingkang rama,
asija-sija patining, dinengggala ma r a ng Raden Kakrasana.
11. Tjarita nagri Benggala, Sri Danurdana Narpati, Ian r ama Resi
Wisrawa, prang rebut Ngalengka Putri, tur bapa ingkang
sisip, prandene meksa kasiku, dinukan maring Dewa, dja maneh
kaja sireki, mungsuh bapa sikara tanpa prakara.
12. Sajektine wis tjilaka, matimu mandjing jumani, ing kukumira
Pangeran, ingkang kaja sira iki, embuh kukuming Widi,
marang sira iku mbesuk, Sultan Demak mijarsa, kodjaM kang
ejang estri, analangsa ked~don sampun kelflmpah.
13. Para Sunan pra Bupatya, kang djumurung andjurungi, adegmu
dadi Narendra, Ian mbedah ing Madjapahit, dosa kedik tur
tjilik, niung sidji murtat ing Ratu, sabab sedje agama, dosa-
nira mung sakedik, balik sira dosa gede tri prakara.
14. Iku sira ora nimbang, gelem bae anglakoni, linebokake nglo-
r opan, mring sagung para 'ulami, miwah para Bupati, dene
sira tanpa surup, ingkang nemu tjilaka, malebu naraka geni,
anglakoni dosa geng sira pribadya. ·
15. Tur kelangan Ratu bapa, sebutanmu ora betjik, rusak tatane
manusa , ginuju isining bumi, salawasira urip, sira nggendong
nama busuk, k etudju menang perang, mungsuh bapa sira kaki,
lah itungen gunggungen kluoutanira.
16. Nadyan sira martobata, mring Pangran Kang Maha Tinggi,
kaja tan oleh ngapura, kakehan luputmu kaki, dingin mungsun
sudarmi, kapindo murtat ing Ratu, tri ngrusak kabetjikan, apa
tjatjade Sang Adji, sira-rusak pradjane tanpa prakara.
17. mBetjiki asung nugraha, sira pinutra sajekti, rinengga
rinadjaputra, ingangkat nama Bupati, anerig Demak nagari,
sakarepira tinurut, bener ramamu Buda, kapire mung tata
lair, ing batine wus tetep Islam ngindalah.
18. Ingkang kaja ingsun sira, Islam ngindanas araning, Islame
lair kewala, ing batine isih kapir, kapiran ngapirani, Djawa
dede 'Arab dudu, ran djawan Rab-iriban, nganggo mata tata _
kalih, karja kewran sakaratilmaotira.
19. Dipati ing Pranaraga, Batara Katong pradjurit, iku putra
Madjalengka, Andajaningrat ing Pengging, iku mantu Sang
Adji, karone pradjurit wudu, iku masa trimaa, rusake ing
· Madjapahit, jekti labuh ing bapa rusaking .pradja.
-43 ~

20. Sajekti abot sinangga, angantep tangkeping djurit, labuh bapa


pindo Radja, ping telu ngrebut nagari, wit timur prapta
mangkin, saben dina adjar pupuh, wus wignja ngadu bala,
adju undure pradjurit, balik sira puniku bangsa 'ulama.
21. Kapan nggonmu adjar juda, mung mangeran pudji dikir, salat
kadjat lamun wengja, njuwun karsane Hjang Widi, iku jen
diparingi, bisa metu karamatmu, jen ora pinaringan, ndjeng-
kinga nganti kapesing, tiwas bund~s batukmu tan menang
juda. ·
22. Ngandelake sugih donga, pasa mutih pati geni, amrih mandi
tenungira, iku putu ngapirani, prakarane wong djurit, ingkang
narik asor unggul, mung emutana ngarsa, kang bener Iawan
kang sisip, kapidone sugih gaman Ian bijasa.
23. Timbang tandingira Iawan, akeh kedike pradjurit, bener akeh
wadyanira, iku kabeh bangsa santri, mung adjar antep kendil,
masa petjusa prang pupuh, nga11delke pra Bupatya, pasisir
kang Islam sami, Islam anjar sadate isih tugelan.
24. Samasa t~mpuh ngajuda, tekadira mungup mungil, nimbang
bener Iawa:n lepat, masa meluwa wong sisip, kang bener den
iloni, ambalik wadyane pupuh, iku tan sira timbang, mung
ngendelke sira wani, dudu Iaku prakarane wong ajuda.
25. Miturut sebutan l;ritab, jen wong mati Ian wong kapir, aran
mati sabilu'llah, nampani suwarga bendjing, punika ngapirani,
kang perang sabil satuhu, nalarmu peerangana, patenana
ingkang sisip, Ian pendemen urugana bebeneran.
26. Benera mata satunggal, adja bener mata kalih, samar akali-
ngan padang, adile anganan ngering, jen benerane santri,
nganggo bener mata telu, tegese telu telas, adile mung murih
asil, nadjis mekruh jen enak dikalaiena.
27. Tandan"e beneranira, Ian para Sunan 'uiaini, koiu ngrusak
Madjaiengkl'J., ora pisan angengeti, betjikira Sang Adji, kesusu
enggala lemu, sugih daging dagangan, sadijan rajap jen mati;'
mula tan wruh betjike Ratu Ian bapa.
28. Sanadyan mungsuh Ian kopar, jen sira purwane sisip, wis
mesti mati tjilaka, sanadyan mungsuh Islami, jen nradjang
bener kaki, wus mesti manggih rahaju, dja dumeh kapir buda,
pada turun Adam N abi, wudjudira ja man usa · kaja sira.
29. Wong urip aneng ing dunja, dosane limang prakawis, dosa
Allah Ian Muchammad, kapindo guru Narpati, ping tiga jajah
bibi, garwa putJ;a kaping tjatur, lima marang sesama, dosa
ingkang nomer sidji, wong kang urip nggawa tata raga gelap.
--44 -
30. Wol)g kang dosa guru Radja, wong wani guru Narpati, wong
kang dosa jajah rena, wong wani Ian jaja tJibi, dosa mring
garwa siwi, wong tan ngreksa garwa _s unu, dosa maring se-
s_ama,~ wong sikara tanpa uwit, wong ngilangke kabetjikaning
sesama.
31. Stra timbanga pribadya, tuturku kasebut ngarsi, sira kasebut
'uiama, sajekti wruh bener sisip, Sultan Demak mijarsi, amu-
wun sadjroning kaibu, aion ing aturira, duh ejang kados
punapi, dosa-ulun mring Allah tumpa atumpa.
32. Nji Ageng Ngampei ngandika, sira tan dosa mring Widi, dosa
mring sudarmanira, Gusti Allah mung ngadili, · kang bener
Ian kang sisip, ingkang saiah dipun ukum, sineieh nggon, ma-
Iarat, bineiok aneng ndjro geni, Sultan Demak sangsaja sru
akaruna.
33. Nji A.geng 'malih ngandika, ana misil kadya kang wis, kasebut
kitab Anbija, pandjenengan Dawut Nabi, djumeneng Ratu
Mesir, garwa selir- tjatjahipun, wus sangang dasa sanga, su-
prandne isih melik, n ·ewi Wurjan garwanira ingkang paman.
34. Iman Tabut .wastanira, kang paman den paekani, kin€m mang-
sah ngadilaga, mungsuh Iawan Ratu kapir,· angiawan dudu
tanding, kaFsanira Nabi Dawut, kang paman dtm prih seda,
garwane arsa dem krami, Iman Tabut temah seda ngadilaga.
35. Dewi Wurjan dipun krama, sinemon marang Hjang Widi, ana
djanma kalih prapta, ing ngarsane Dawut Nabi, pra sami
njuwun adil, ingkang sidji aturipun, kawuia gadah m en'da,
pawestri amung satunggil, kakang-kuia punika nggadahi
:q~.enda.
36. Tjatjah sangang dasa sanga, menda-kuia mung satunggil,
punika den melikena, kawuia den paekani, kawuia njuwun adii,
Ieresanipun Sang Prabu, pundi kang Ieres Iepat, Nabi Dawut
duk mijarsi, aturing wong ngandika asemu duka.
~W. Iku aran djanma murka, wedus sidji den meliki, weduse wus
sangang dasa, sanga: satus kurang sidji, musna tijang kekalih,
s akedepan tan kq.dulu, nggraita Dawut Rudja, jen sinemon
mring Hjang Widi, garwanira tjatjah sanga ng dasa sanga .
38. Meiik garwane kang paman, Dewi Wurjan putri sidji, naiangsa
tobat maring Hjang, dosa kang wus den Iakoni, salat tobat
anangi , aneng masdjid sijang daiu, tobat njuwun ngapura,
sasmitanira Hjang Widi, Gusti Allah tan kar..sa paring nga pura.
39. Sabab Da wut ora dos~, marang Hjang Kang Maha Tinggi,
dosa marang pamanira, Iman Tabut kang wus Ialis, garwane
dipun krami, jen Dawut sumedya ndjaiuk, ngapura kaiuputan,
ndjaiuka makium pribadi, mring kang pam:m Iman Ta but
kang wus pedjah.
- 45 -
40. Jen sira njuwun ngapura, duwek-ingsun mung ngadili, ingsun
paring pangapura, ing sira pan dudu wadjib, kang bener Ian
kang sisip, ndi kang salah ingsun-ukum, Nabi Dawut mijarsa,
sasmita kang saking gaib, analangsa kedudon sampun ke-
lampah.
41. Na bu Dawut sigra k esah, ndedagan mring astananing, !man
T abut kang wus seda, rahina wengi anangis, anjuwun nga-
puraning, kaluputanira kang wus, sarta njuwun lilanja, Dewi
Wur jan dipun krami, katjarita waspane Sang Dawut Radja .
42. Saking sangete mratobat , waspane kang tibeng siti, mratani
lemah kuburan, teles kadi den sirami, ana swara kapjarsi,
gaib sa king ndjr oning kubur, Iman Tabut ngapura, luputira
Dawut Nabi, sarta lila garwanipun dipun krama.
43. lim tepa tepa srira, tepane kang dingin-dingin, jen sira rumasa
lepat, mring ramanira Sa ng Adji, njuwuna ngapuraning,
ramanira Sangha Prabu, jen r am amu ngapura, Gusti Allah
mung ngideni, Sultan Demak um atur sarwi karuna.
44. Rehning sampun kalepatan, punapa winuwus malih, amung
piteda h-paduka, ejang kawula-lampahi, kang ejang ngandika
ris, jen sira nurut rembugku, ramamu ulatana, katemuwa
ngendi-endi, atura na kondur marang Madjalengka.
45. Jen ramanira sir karsa, anga sta kaprabon Adji, sira angkata
sawadya, tetepa ka dya ing nguni, kari pira juswaning, sajek-
tine nuli surud, Ian sir a anuwuna, n gapura luputmu kang wis,
jen tan karsa ramamu djumeneng Radja.
46. Smvunen ing lilanira, ing Djawa slra -rat oni, idine kang terus
ing t yas, dadi bet j ik lair batin , t an giniju ing bumi, sira
pa ntjija ramamu, dahar Ian busan anja , gawekna kadaton ardi,
sa prabote mesti adja kongsi kurang.
47. Heh ta putu wruhanira, nadyan wong sa t anah Djawi, angideni
marang sira, tetepmu dadi N arpati, jen or a di'm ideni, ramanira
Sa ngha Prabu, jen tyase ora lila , sira ora kelar kaki, dadi
1
Radja ing Djawa sabandjurira.
48. Adja dumeh Ratu Buda, iku betuwah Narpa ti, sawetane tanah
'Adjam, jen kongsi gerah kang galih, manawa animbali, putra
wajah para Ratu, kanan keringing Djawa, sawadya kaprabon
djurit, isili abot ing sangga ne judanira.
49. Kara na kang para Radja , kanan kering tanah Djawi, kabeh
kawengku santana, pada widji Madja pahit, manawa angengeti,
duwe Ratu pinisepuh, sinija tanpa dosa, anglabuhi lara pati,
sabijantu mukul perang tan ah Djawa.
50. Jekti prang rame gempuran, kadya duk prang Hurubismi,
Madjapahit Ian Blambangan, pira-pira kang pepati, tur Men:;tk
Djingga sisip, prandene pada bijantu, iki wong tuwanira, abener
tur Ratu luwih, sajektine angantep tangkeping juda.
51. Putu lamun sira menang, tetep djumeneng Narpati, jt'm kalah
diojak-ojak, ketjandak dipun pat€mi, wong Islam dikutjiri, tur
sira iku katempuh, rusake wadya bala, kang mati madyaning
djurit, pada nagih kesusahan ana kerat.
52. Rarriamu djumeneng Radja, tan lama surud Sang Adji, ka-
prabon Djawa kelija, sira ora anduweni, muiane rembug-mami,
turuten tuturku putu, antinen surudira, nadyan perang rebut
nagri, mungsuh kadang puniku tan dadi ngapa.
53. Sanadyan mem.lng kalaha, ora ginuju ing bumi, wus lumrah
manusa gesang, lamun sudarma ngemasi, anak arebut waris,
pusakanira wong sepuh, lamun nggege samangkja, Ian bapa
rebut nagari, katah menang isih 'ginuju ing djagad.
54. Ketudju sira menang prang, mungsuh bapakira wonging, mba-
lengkuk suku tetiga, endi sebutanmu betjik, mung nista sebu-
taning, iku sira dipun emut, anradjang ing kanistan, tolehen
asalmu. kaki, bapa Rad~,a Ratu Ag1Jng Binatara.
55. Ibunira Putri Tjina, agama miturut 'Arbi, aran djanget
kinatigan, ora rusak djadjahaning, jen sira kendel isin, mung-
suh bapa kang wus wungkuk, saru nistaning nista, dene
karepku saiki, lah muliha sira mring nagara Demak.
56. Adja lumaku pribadya, ngulati ramamu kaki, thanawa gms
tyasira, kamilulusen ngemasi, betjike Sunan Kali, ingkang
lumaku angruruh, adja anggawa wadya, lumakuwa tjara santri,
jen kepanggja sira genahna kewala.
57. Jen karsa sira turana, kondur marang Madjapahit, ndjudjuga
ing Ngampeldenta, jen ora karsa Sang Adji, dja sira-peksa
' kaki, manawa giris tyasipun, ngandika anjupata, sajekti tam-
bah mlarati, wus bubara sadina iki mangkata.
58. Anulja sami bubaran, sawadyanira tan kari, Djeng Sultan
kondur mring Demak, Sunan Kali angulati,' lumampah tjara
santri, mung sabat kalih kang tumut, nurut pasi!:'ir wetan,
sinigeg Djeng Sunan Kali, Kangdjeng Sultan Bintara tyas
guladrawa. ·

9. DANDANGGULA
1. Sampun prapta ing Demak nagari, Kangdjeng Sultan Bintara
sawadya, umjung gumuruh swarane, kang prapta Ian kang
metuk, suka-suka tyasira ngenting, 'ulama pradja desa, ratjak
kauli[mn, jen djaja prange Gustinja, dikir mulud mbeleh wedus
sapi biri, tahlil dikir trebangan.
-- 47 - --
2. Santri meri ratjak kaul ngemis, pradja desa mring pasar ping
sanga, pating gerandul kasange, sapepakira butuh, Ian kinarja
memule Nabi, nimg desa nggelar kodjah, kadi sarak Rasul,
j€m djanma lorna belaba, ija iku manusa kasihing Widi, wong
kumet satruning Hjang.
3. Pituture tatas teteh titis, pikukuhe wong Islam lelima, sadat
salat Ian djakate, pitrah kaping patipun, lima pasa Ramelan
sasi, tan mangan jen rahina, dene ping nemipun, munggah
kadji marang Mekah, lamun duwe sangune ana ing margi,
wadjib kadji mring Mekah.
4. Lamun tanpa sangu ora wadjib, munggah kadji mring Mekah
nagara, sahadat iku pamrihe, supaja wong sumurup, pur-
wanira awudjud djanmi, awlt ashadualla;· estri lawan kakung,
netepi kalimah sadat, dene salat ngabekti marang Hjang Widi,
ingkang akarja alam.
5. Djakat amrih barlmte redjeki·, peparinge Kang Maha Kuwasa,
iku wadjib ditampakke, djanma miskin puniku, miwah marang
para 'ulami, dene maksude pitrah, ngumbah raganipun anu-
;~ tjekaken !3arira, iku wadjib tinampekake 'ulami, dene sijam
Ram elan.
6. Ambelani prihatine Nabi, nalikane. kabudjeng ing mengsah,
Sang Radja Lakat arane, ngungsi mring guwa suwung, ama-
rengi tanggal ping sidji, n.u dju wulan Ramelan, dene midjili-
pun, Djeng Nabi saking Djro guwa, amarengi sasi Sawal
kaping sidji, midjil ladjeng adahar.
7. Kabeh umat Muchammad mbelani, prihatine marang Nabi-
nira, katelah prapta samangke, punika purwanipun, ana pasa
Ramelan sami, de kang ingaran kara:m, kang tjinegah ikli,
pangan tan kena pinangan, pan tjinegah ing sarak Rasul
puniki, iku maksude karam.
8. Dene kala! sakabehing bukti, ingkang sutji kang kena pi-
nangan, puniku kala! namane, kang aran batal iku, ing
panggawe kang ora dadi, iku arane batal, nadjis lawan mekf.:uh,
kang djember-djember wudjudnja, adja korigsi kagepok rna-
rang ing dii-i, nadjis mekruh arannja.
9. Sipat urip ana banju kalih, angalam do tan kena pinangan,
sipat sUung lan kukune, kang sija ·manganipun, ora kena
lamun binukti, Sultan Bintara panggja, kalawan Sang Wiku,
Kangdjeng Suhunan ing Benang, angandika padardja prap-
tanireki, lakumu mangun juda.
10. Apa asor apa unggul djurit, Kangdjeng Sultan Bintara
ngandika, pangestu-pa duka mangke, asor ing Madjalangu, pra
punggawa kang nglawan djurit, sadaja tumpes ing prang,
saking kaget gugup, amung Patih Gadjahmada, ngamuk
punggung tanpa bala ambek pati, gaman pedang tjuriga.
- 48-
- 11. Para Sunan panggah anadahi, kinarotjok ing katah tan pasah,
ateguh timbul malesed, Sunan Ngudung anempuh, anglarihi
nanging tan titis, Gadjahmada angrangsang, dateng Sunan
Ngudung, pinrang kris djadjanja tatas, kapisanan Sunan
Ngudung angemasi, sigra para Bupatya.
12. Para Sunan sareng angebjuki, kinarotjok Gadjahmada pedjah,
nanging sirna kuwandane, nulja na swara krungu, ingaturken
kang muni peling, suka Djeng Sunan Benang, mesem ngandika
rum, njuwarane wong wis modar, wedi apa besuk wani
mungsuh wong kapir buda.
13. Ora tjidra ing pambatang-mami, Madjalengka sapa kang den
ndelna, jen uwis mbalik si Kusen, si Gugur isih timur, masa
ndadak wanija getih, Gadjahmada wis tuwa, wungkuk wus
mbalengkuk, ditutuk bae palastra, masa kelar nadahi judamu
kaki, muda mepeg diwasa.
14. Para Sunan ladjeng mandjing puri, angulati Djeng Rama
tan panggja, lolos t a n wikan puruge, utawi jaji Gugur, samJa
lolos tan mbekta dasih, kantun wonten ing pura, amung Kang-
djeng Ibu, Prameswari Darawatya, sun-aturi sumingkir mri~
Benang krijin, nurut atur-kawula.
15. Wontendene jaji Adipati, nagri Terung apan wus sadija, ru-
manti sadedamele, ladjeng bijantu kewuh, djarah ngrajah
sadjroning puri, buk u betuwah Buda, ulun-karja kum pul,
kawula-besmi sadaja, dimen sirna pikekah agami Budi, gu-
mudjeng Sunan Benang.
16. Iku bener anggitira kaki, lamun isih buku sarak Buda, won g
Djawa awet kapire, kongsija sewu taun, masa nedya ganti
agami, nut sarak Rasulu'llah, masa nedya emut, anjebut asma-
ning Allah, lawan njebut asmanira Kangdjeng Nabi, Mu-
chammad Rasulu'llah.
17. Masa nedya salat pudji dikir, Kangdjeng Sultan Bintara
ngandika, sadajane beteng-beteng, ing Bangsal lan ing
Terung,, wadya Islam ingkang ndjageni, prentahe ing jaji
mas, Adipati Terung, manawi manusa Buda, ngungsi beteng
kinen numpes sada.~ilning, manawi bangsa islam.
18. Ngungsi beteng ken njukani kori, tijang Buda sami asasaran,
ngungsi sapurung-puruge, angungsi wana gunung, kang
lumawan ulun-perangi, kawula tigang dina, wonten Madja-
langu, ladjeng dateng Ngampel-denta, nuwun idi tetep-ulun
dados Adji, dateng ejang wanudya. '
19. Ingkang tugur wonten Madjapahit, andjageni kang putra
santana, manawi wonten mungkare, jaji Dipati Terung, la\va n
Patih Mangkurat nenggih, wadyane pra Bupatya, sapalih
kawulabekta, ulun kendel ing beteng Terung tri ari, ngatur
pake~uhing prang.
-49-

·•o. Ingkang ulun-angkat St'mapati, ingkang dadya sesulih-kawula,


ing beteng Terung barise, inggih pun Sunan Kudus, Senapati
ladjering djurit, kanti para 'ulama, sadaja tri atus, saben
dalu salat kadjat, nderes Kuran mudji dikir sijang ratri, tahlil
dikir trebangan.
'' I. Para Sunan Ian para Bupati, saha wadya umiring kawula,
sapraptaulun ing Ngampel, wusing mranata ulun, para Sunan
para Bupati, wusira tata lenggah, kawula umatur, kang dados
kasdu-kawula, njuwun idi tetep-ulun dados Adji, amengku
tanah Djawa.
Saha kula ngaturi udani, bedahipun nagri Madjalengka, Ian
Kangdjeng Rama lolose, utawi jaji Gugur, samja lolos tan
mbekta dasih, pedjahe Gadjahmada, lawan Sunan Ngudung,
ejang sanget dukanira, sarwi muwus nguman-uman dateng
mami, miwah Sunan 'ulama.
Winastanan gesang· tanpa budi, dene tan wruh betjikan Sang
Nata, asikara tanpa wite, nanging panimbang-ulun, ugi leres
ejang pawestri, sampun katur sadaja, ing sadukanipun, Njai
Ageng Ngampeldenta, p11rwa madya wusananipun prakawis,
putuse kang pirembag.
Sunan Benang ndjetung datan angling, pan sinamur dja
kongsi kawedar, sakehe kaluputane, mring Ratu Madjalangu,
ing wasana ngandika aris, dene merangi tai:al, nalarira iku,
wong wis modar inguripan, tekadira nglangi tengah mati
pinggir, nganggo tekad urakan. ·
~5 . Wong kang ngreti terus lair batin, mangan gula wus prapta
ing dada, dipun ulu sadajane, embuh dadine pungkur, luwih ·
karsanira Hjang Widi, djanma kang ahli nalar, ngarani sireku,
ingaran bangsa tugelan, ora murni nuduhake bapa kalih,
katanda tekadira.
26. Mungup mungil tan wurung katahil, ing pal'fwuh dadi tiwas-
ira, marga kurang kantepane, sira nurut efiangmu, ejangira
punika estri, tan wenang dadi imam, amurwani laku, prakara
rebut nagara, jen wong wadon weruhe mung ujah tra~i, wus
kotjap djroning kitab.
'27. Uwong kakung manut mring djanmestri, nadyan bodjo sana-
yan wong tuwa, wus mesti dadi tiwase, sabab estri puniku ,
tetep aran myong sadjati, nglowong mung dadi wadah, tan
wenang tinantun, prakara rebut nagara, apa maneh bener
luputing agami, wus mesti sasarira.
Sira aran tijang kang sadjati, tijang iku pikukuhe palwa, ora
kena menglang-mengleng, kudu djedjeg abakuh, aneng tengah
a mikukuhi, sira wus dadi imam, amurwani laku, panutane
Djawa Islam, jen tyasira menglang-mengleng nengah minggir, •
~arja tiwasing katah.
-50-
I

29. Para Sunan lan para Bupati, wus angangkat sira dadi Radja,
ngratoni wong Djawa kabeh, ran Senapati Djimbun, kang
pinudji dimbun sabumi, ndjaluk idi wanudya, asor bangsani-
pun, sanadyan iku wong tuwa, ora wadjib ngideni mring sira
kaki, djenengira Narendra.
30. Dadi sira kena den arani, djanma mulja arep dadi kumpra,
ndjaluk idi wong wadone, pa sira datan weruh, sebutaning
Tadjussalatin, lamun bangsa wanudya, apes bangsanipun, tan
kena tinari karja, dadi sira anglanggar angger agami, sesiku-
ne Chalifah.
31. Upamane ramanira Adji, sira-angkat bali dadi Radga, kadya
kang uwis ing mangke, pra Bupati wus rembug, animbali kang
putra kalih, Dipati Pranaraga, miwah putra mantu, ing
Pengging Andajaningrat, ora wurung sira mesti dipateni, sapa
ingkang malanga.
32. Ngilangake endog mung sawidji, iku andap tur sedje agama,
wus agawe salah gede, murtat mring bapa .Ratu, wus wadjibe
dipun pateni, wus sah sebutan kitab, kukume linampus, tur
ora sira pribadya, sawadyamu kang sami bijantu mbalik, sah
wadjib pinatenan.
33.' Dadi sira kena den arani, djanma rusak lmdu ngadjak-adjak,
anggawa pepati akeh, lamun weruha ingsun, tekadira anengah
mingkir, mulat ing wuri ngarsa, ingsun datan purun, angideni
marang sira, ingsun sengguh mantep tetep lair batin, mantepe
tekadira.
34. Wong kang ngreti terus lair batin, mangan gula wus prapta
ing dada, dipun ulu sadajane, embuh dadine pungkur, luwih
karsanira Hjang Widi, wus sedya lawan perang, mungsuh
bapa Ratu, nadyan bapa Ratu Buda, wus kalalun saradja-
duweke dadi, panganane djanmeslam.
35. Ora ana batal kang ngarami, nadjis mekruh sadajane sirna,
wong kapir asli darbeke, kang wus kasor prang pupuh, djanma
Islam ingkang ndarbeni, nadyan lawan wanodya, wenang den
dol iku, kinarja budak tumbasan, wus kalalun djinamah kang
tanpa kawin, wus sah sebutan kitab.
36. Balik mangke paran ingkang dadi, pungkasane kekentjengan-
ira, tutura sun-rungokake, enake atiningsun, lamun karepira
lestari, angrusak Madjalengka, sun-ideni iku, dadi Ratu tanah
Djawa, sabandjure prapta anak putu bendjing, jen sira wu-
rungena.
37. Sira nurut ejangira estri, ingsun pamit mulih marang 'Arab,
aneng Djawa tanpa gawe, masa wurunga lampus, tur tan
bisa ngelar agami, lah sira utjapena, pajo gotak-gatuk, jen
sira-lestarekena, nggennja ngrusak karaton ing Madjapahit,
mungsuh bapa tur Radja.
-51-
:\K. Nanging sira tetep dadi Adji, salah bapa wenang tinobatan,
njwun ngapura mring Allahe, nadyan mungsuh wong sepuh,
bapa kapir tan ndurakani, lepijanipun ana, para Nabi *u,
Ibrahim Musa Muchammad, pada mungsuh wong tuwa kang
pada kapir, nemu mulja rahardja.
:\9. Lamun _wurung ngrusak Madjapahit, dosa gurunira kang
sanjata, luwih gede durakane, jen wong dosa ing guru, ora
kena den martobati, sabab kang meruhena, dedalan rahaju,
ing urip prapta antaka, Kangdjeng Sultan Bintara sareng
mijarsi, sabdane Sunan Benang. '
10. nDjegreg ndjenger dangu datan angling, pan rumasa kalu-
putanira, kedudon laku tindake, mara mundur kabentus, ing
prakara kang gampang rumpil, tiba kasandung rata, kabentus
ing suwung, kapengkok nalar kang samar, madju mundur
duraka ing lair batin, mangkono osiking tyas.
41. Jen wurunga ngrusak Madjapahit, dosa gurunira kang sanjata,
gede durakane, jen den bandjurna iku, dennja ngrusak ing
Madjapahit, dosa bapa tur Radja, nanging dadi Ratu, salah
kena tinob'atan, ing wusana Djeng Sultan ngandika aris, inggih
kula-ladjengna.
42. ngGen-kawula ngrusak Madjapahit, rehning nguni kula sam-
pun sagah, dateng ejang Nji Geng Ngampel, manawi rama
kondur, ulun-angkat Narpati malih, amengku tanah Djawa,
kadya ingkang sampun, sajekti kawula tjidra, boten wanda
kawula dipun dukani, dateng ejang wanodya.
43. Kados pundi nggen-amba mangsuli, sabab kula tjidra ing
ubaja, Sunan Benang ngandikane, iku lah gampang gumpung,
tradak susah mentjari pikir, benar dan tidak djustak, trus
trang betul sungguh, jen ramanira wus prapta, lah sebaa sira
marang Madjapahit, sawadya sikep ing prang.
44. Krigen kabeh Bupati pasisir, sawadyane sakaprabbn juda,
kira wong tri leksa kehe, para Sunan sadarum, djaken seba
mring Madjapahit, lamun sira wus p~nggja, kalawan ramamu,
sira njuwu"na ngapura, ing sakehe kaluputanira kang wis,
wani bapa tur Radja.
15. Jen wus oleh sira ngapuraning, sakabehe kaluputanira, ra::
mamu angkaten Radjeng, ana ing Djawa-Krimun, adja ana
djro tanah Djawi, mundak ngribedi nalar, adeglra Ratu, dja-
ganen wadjra sanambang, sadinane urunan para Bupati, sa-
wadya sikep ing prang. ·
16. Dimeri seda dimangsa ing demit, an€mg Krimun saking tag-
diru'llah, dene prakara mungkare, kang putra kalihipun,
Adipati ing Pranaragi, Pengging Andajaningrat, lawanen
prang pupuh, wis lumrah manusa gesang, bapa sirna anak
rebut ahli waris, pusaka rebut pradja.
-52-
47. Sunan Giri anambungi angling, inggih leres ing karsa-paduka,
kawula mrajogekake, nanging utaminipun, sampun ngantos
amangun djurit, karja susahing wadya, jen pareng pukulun,
kawula-tenung kewala, Sri Narendra miwah ingkang putra
kalih, karsane sami seda.
4.8. Tijang tiga kang kula-pedjahi, bangsa kapir boten manggih
dosa, amrih wiludjenging akeh, Sunan Benang amuwus, luwih
karepira pribadi, Kangdjeng Sultan Bintara, anambungi wu-
wus, leres Sunan Giriputa, wusnja dados putuse sadaja pikir,
ganti kang winuwusa .
. 49. Tindakira Kangdjeng Sunan Kali, kang madosi Prabu Bra-
widjaja, kalunta-lunta lampahe, sabat kalih tut pungkur, tjara
santri lampah musapir, turut pasisir wetan, mampir dusun-
dusun, denira ngupaja warta, kang kamargen lolose Sri Na-
rapati, mungsuh putra taruna. -

10. SINOM
I
1. Sang Prabu prapta Blambangan, kendel margi pinggir margi,
Ratu Agung Binatara, Njakrawati mukti-sari, mangkja nahen
prihatin, rekasa ing tindakipun, kang munggeng ngarsanira,
dasih kalih datan .tebih, Sabdapalon ~ajagenggong gegudje-
ngan.
2. Kasaru ing praptanira, Sunan Kali angabekti, sumungkem
pada Sang Nata, ngahdika Sri Narapatj., heh Sahit sira prapti,
apa karjamu kang prelu, nututi ing manira, umatur Djeng
Sunan Kali, praptaulun kaduta putra-paduka.
3. Nuwun madosi paduka, kepanggiha pundi-pundi, ing sembah
sungkem kondjuka, ing pada-paduka Adji, anuwun pangak-
sami, . sadaja lrlepatanipun, kamipurun angrebat, kaprabon-
paduka Adji, inggih saking kalimput tyas punggung muda.
4. Kirang priksa tatakrama, kasengsem sanget kapengin, meng-
ku pradja angreh wadya, siniwi para Bupati, mangkja putra
Sang Adji, rumaos ing lepatipun, darbe bapa tur Radja, Ratu
Agung Njakrawati, anjengkakken sing .ngandap aparing
pangan.
5. Ing Demak nama.Dipatya, temah, kalimput ing galih, ngrebat
pradja amrih seda, tangeh malesa prajogi, ing sih-paduka
Gusti, mangkja putra-dalem emut, dar be ' bapa tur Radja,
Ratu Agung Njakrawati, sah sing pradja tan dumunung pre-
nahira.
6. Rumaos manggih deduka, mring Kang Karja Bumi Langit,
mila kawula dinuta, madosi paduka Gusti, kapanggih _pundi-
pundi, paduka ngaturan kondur, rawuh ing Madjalengka,
tetepa kadya ing nguni, mengku pradja siniwi para punggawa.

- 53 -
7. Aweta kinarja djimat, pinundi-pundi pra siwi, wajah bujut pra
santana, kinurmat sinuwun idi, rahajune neng bumi, manawi
paduka kondur, putra-paduka pasrah, kaprabon-paduka Adji,
putra-dalem njaosaken pedjah gesang.
8. Jen pareng karsa-paduka, mung njuwun ngapunten Gusti,
sadajaning kalepatan, Ian njuwun pangkate lami, Demak
nama Dipati, tetepa kadya kang sampun, jen paduka tan
karsa, angasta kaprabon Adji, sinaosan kadaton aneng
:q.galdaka.
9. Ing pundi seneng paduka, aldaka kang den depoki, putra-
paduka kang jasa, sapirantosing maharsi, putra-dalem njaosi,
busana dahar Sang Prabu, nanging njuwi.m pusaka, karaton
ing tanah Djawi, dipun suwun kang lila trusing wardaja. '
10. Ngandika Sang Brawidjaja, sun-rungu aturmu Sahit, nanging
tan ingsun-gatekna, karana wus kapok mami, rembugan karo
santri, pada nganggo mata pitu, kabeh mata lapisan, mula
blero paningaling, mawas ngarsa ing buri ndjenggung kepala.
11. Rembuge mung manis lesan, batine angandut wedi, kinapju-
kake ing mata, pitjeka mataku sidji, mula ingsun-betjiki,
walese lir kenjung buntut, apa salah manira, rinusak tanpa
prakawis, tinggal tata adat tjaraning manusa . .
12. Mtikul prang tanpa panantang, anganggo tataning babi, dudu
manusa utama, Sunan Kali duk mijarsi, ngandikane Sang Adji,
rumasa ing lepatipun, denira melu mbedah, karaton ing Ma-
djapahit, analangsa kedudon sampun kelampah.
13. Ngrerepa ing aturira, saduka-duka Sang Adji, kang dumawah
putra wajah, dadosa djimat paripih, katjantjang putjuk weni,
kapetek wonten ing embun, mandar amewahana, tjahja nur-
buwat kang wening, rahajune kang putra wajah sadaja.
14. Rehnirig sampun kalepatan, punapa sinuwun malih, amung
apunten-paduka, siii.uwun putra Sang Aflji, mila karsa mang-
suli, kalepa"tan ingkang sampun, wangsul karsa-paduka, karsa
tindak ·dateng pundi, angandika Sangha Prabu Brawidjaja.
15. Saiki karsa-manira, arsa tindak marang Bali, keteinu Ian jaji
Radja, Dewa Gung Kelungkung Adji, arsa ingsun-wartani,. si
Patah pratingkahipun, sikara tanpa dosa, lan ingsun-kinen
nimbali, pat-a Radja kanan kering tanah Djawa.
16. Samekta kapraboning prang, Bleleng Lombok Badong Mangji,
Karangasem, Djembarana, Bima Tembora Menggrahi, Sem-
bawa tanah Roti, Timur Ambon Alipuru, Kuwa Ian Puwa-
puwa, Mekasar Menado, Burni, Kemah Butun Ternate Tidore
Wandan .

. -

- 54-

17. Sulu Kute Ian Bandjarmas, Sijak Batak Dajak -Luri, Selajana
Ian Sibawang, Rijo Dempo Tapanuli, Mlabar Petani Atjih,
Minangkabu Bangkahulu, Nijas Lampung Prijaman, Padang-
rendah Padangtinggi, Adipati Palembang sun-wehi wikan.
18. J«'m anake karo pisan, sapraptane tanah Djawi, karo sun-
karja Najaka, sun-angkat nama Bupati, nanging tan wruhing
margi, wani mungsuh bapa Ratu, . sun-djaluk lilanira, anake
ingsun-pateni, sabab murtat ing bapa kapindo Radja.
19. Lan ingsun arsa sung wikan, mring Hongtete Tjina nagri,
jen putrane wis patutan, Ian ingsun lanang sawisji, nanging
tan wruh ing . margi, wani mungsuh bapa Ratu, sun-djaluk
lilanira, putune ingsun-pateni, ingsun ndjaluk bijantu pra-
djurit Tjina.
20. Samekta kapraboning prang, ndjudjuga nagara Bali, jen wis
samekta ngajuda, sawadya kaprabon djurit, manawa pada
eling, labete betjikanipun, manawa duwe welas, mring wong
wungkuk kaki-kaki, jekti prapta ing Bali samekteng juda.
21. Sun-adjak mring tanah Djawa, angrebut kapraboJ!-mami,
nadyan prang gede gempuran, Ian anak ingsun tan isin, manira
· tan ngawiti, tinggal tjarane wong agung, Sunan Kali mijarsa,
dawuM Sri -Narapati, deleg-deleg ngandika sadjroning drija.
22. Tan tjidra Ian dawuhira, Njai Ageng Ngampelgading, si ejang
wungkuk mbregagan, mbregigih nggagahi nagri, tan mijat
wudjud diri, kulit kisut geger wungkuk, lamun iki mbandjura
anjabrang marang ing Bali, ora wurung karja perang brata
juda.
23. Tur Demak masa menanga, krana katindihan sisip, mungsuh
Ratu pindo bapa, kaping telune nibetjiki, jekti wong tanah
Djawi, kang durung Islam satuhu, asih ing Ratu tuwa, angan-
tep tangkeping djurit, jekti asor wong Islam tumpes ing
aprang.
· 24. Wusana alon turira, duh pukulun Sri Bupati, supami tuwan-
ladjengna, rawuh ing nagari Bali, nimbali pra Narpati, jekti
prang gempur-ginempur, punapa boten ngeman, risake nagari
Djawi, sajektine putra-paduka kasoran.
25. Paduka djumeneng Nata, tan lama surud Sang Adji, kaprabon
Djawa kelija, sanes darah-paduka Dji, supaminipun andjing,
rebatan batang ing gembluk, kang kerah fulus kerah, tum-
pesan sami ngemasi, daging manah kateda sanesing sona.
26. Ngandika Sang Brawidjaja, luwih karsane Hjang Widi, ingsun
Ratu Binatara, netepi mataku sidji, tan nganggo mata kalih,
sidji bener paningalku, ingkang miturut sarak, pranatane
bangsa tinggi, jen si Patah ngrasa duwe bapa mring wang.
-55-

~7. Kapengin dadi Narendra, disuwuna krana betjik, karaton ing


tanah Djawa, sun-paringke krana betjik, ingsun wus. kaki-kaki,
wus wareg djumeneng Ratu, nrima dadi pandita, pitekur ana
ing ardi, balik mengko si Patah sija maring wang.
28. Sajekti ingsun tan rila, ing Djawa dipun ratoni 1 Iuwih karsa-
ning Suksmana, pamintanira ing wuri, Sunan Kali mijarsi,
ngandikanira Sang Prabu, rumasa tan katjonggah, ngaturi
Sri Narapati, dadYa muwun sumungkem pada Sang Nata.
29. Njaosaken tjundrikira, duh pukuhin Sri Bupati, supami kar-
santa mek'sa, tan karsa uiun-aturi, tan waged aningali, pra-
tingkah kang agung saru, kawuia njuwun pedjah, suwawi di-
pun teiasi, datan tahan ginudjeng isining djagad.
30. Gesang ambebarang wirang, tan wikan Ieres Ian sisip, meng-
sah Radja pinisepah, kaping tigane mbetjiki, kang kadya
uiun :qiki, gudei bingung anut grubjug, keiu katut ing katah,
saking tjubiuk kirang budi, Iah sumangga kawula katelasana.
31. Kanggeg tyas Sang Brawidjaja, sapandurat tanpa angling,
tebah djadja ·nenggak waspa, lah Sahit lungguha dingin, sun-
pikire kang bening, sun-timbange saaturmu, bener Ian luputira,
karana ingsun kuwatir, aturira manawa palson sadaja.
32. Heh Sahit iku supama, sun kondur mring Madjapahit, si Patah
seba maring wang, getinge tan bisa mari, den·e duwe sudarmi,
Buda kawak kapir kupur, nuli tan ngetung bapa, sun ditjekei
dikebiri, sinung karja atunggu lawang pungkuran.
33. Esuk sore lawan sijang, pinardi sembajang mami, jen tan
ngreti dipun gujang, ing blumbang dipun kosoki, alang-alang
kang garing, iba-iba susah-ingsun, rupa ala wus tuwa, mbe-
kukruk dikum ing warih, sru gumudjeng Djeng Sunan 'ing ,·
Kalidjaga. I

34. Mokai kadya ta punika, kawula ki:mg tanggel bendjing, ma-


nawi putranta sija, ing paduka Sribupati,jctene babing agami,
sakarsa-padw.ka manut, kautamen kewala, manawi paduka
ganti, sarak Rasul anjebut asmaning Allah.
35. Jen tan karsa tan punapa, karana Babing agami, tan muh.u ng
salat sembajang, pikekahipun Isiami, mung sadat patokaning,
nadyan salat dingkal-dingkul, jim dereng ngretos sadat, tetepe
pan maksih •kapir, angandika Sangha Prabu Brawidjaja. ·
36. Sadat iku kaja ngapa, manira durung mangreti, lah ta sira
utjapena, sun-pirenge karna-mami, matur Qjeng Sunan Kali,
nggih punika lapalipun, ngutjap ashadualla, la ilaha ila'llahi,
kaping kalih angutjap ashaduanna.
56 -

37. Mucha mm ada r H.mw lu 'll n h , kg-esc ingsun neksimi, pan ora ana
P a ngera n , a mung A l la h lw ng- sadja ti, Ia n ingsun anekseni,
Djeng Nabi Muchammad iku , t tl. u ~a n ira Alla h , la ilaha ila'llahi,
ja Muchammad Rasulu'lla h ka ng sanj at a .
38. Punika sada t sa rengat, t egese sa r enga t. niki, jim sa re wadine
ndjengat, tarekat taren kang estri, ka keka t nunggil kapti,
kedah rudjuk estri kakung, makripat n gr et os wik an, sarak
sarat Iaki rabi, ngaben ala kaidenna jajah r en a.
39. Ping kalih idining Radja, ping tiga saksi sesami, njuwun idi
bapa bijang, lantarane wudjud mami, njuwun idi Narpati,
wewakilira Hjang Agung, saksi dateng sesama, kauningan ing
sesami, estri niki masdjidilkarem-kawula.
40. ngGeniil.g rasa ulun mulja, keblat-ulun salat kadji, rukuke
r ukuning tekad, sudjude wudjuding baji, mila dipun wastani,
sahadat sarenga t niku, saringan panimbangan, tetimbangan
laki r abi, wadjib prelu nga':"ruhi sadat sarengat.
41. Punika ngelmu pusaka, pikekah Islam agami, kangge lair
kabatinan, ing awal prapta ing akir, mila dipun wastani,
kalimah kalih punika, kang estri sarat mlumah, astanja nje-
pengi wadi, nami sahdat ngesahken roh Ian Dating Hjang.
42. Mila wonten keblat weta n, wiwitane wudjud djanmi, kulon
pun bapa kelonan , kidul kalam ndudul wadi, meteng neng
tengah swargi, lor lair rasa nggenipun, tanggal pisan purnama,
senteg pisan anigasi, gamb;a.rJng
'
wit tjah t jile sampun sulaja.
.

43. Tijang kang nembah mung aran, tan wikan wudjud tegesing,
tetep dados kapirira, sinten tijang nembah pudji, kang sipa t
wudjud wa rni, n emba h brahala ranipun, lair batine sama, wi-
kanna ing lair batin, tijang ngutjap sumurupa ka ng den ut jap.
44. Tegese nami Muchammad, Rasulu'll~h kang sadjati, Mucham-.
mad makam kuburan, .kubure rasa sa ka lir, raga ning djanma
niki, kubure rasa sa darum, mudji bada n pribadya, t a n mudji
Muchammad 'Arbi, r aganing wong wajanga n Dating Pange-
ran. •
45. Wudjud makam kubur rasa, Rasul rasa kang nusuli, rasa
pangan mandjing lesan, Rasule m a ndjing sok margi, alebur
tanpa dadi, leleh luluh dadya endut, kasebut Rasulu'llah, rupa
ala ganda batjin, nami lolah rupa ala ga;nda salah.
46. Rehning .sesebuta nira, Muchammad Rasulu 'llahi, kang dingin
ngawruh1 badan, ping kalih ngawruhi t edi, ping tri ngawruhi
isi, rasa djro suwarganipun, wus wadjibe manusa, mangran
raga rasa tedi, da dos njebut Muchammadar Rasulu'llah .
- 57 -
47. Milarte santri sembajang, anjebut lapal usali, angawruhi asal-
ira, wontene ragane djanmi, asale roh hilapi, rohira Mucham-
mad Rasul, tegese Rasul rasa, wontene raga lan djisim, midjil
saking mahkamane jajah rena.
4.8. Lantaran ashadualla, mila mantE'm minggah hadji, pinardi ngu-
tjap , ngretosa, sahadat kalimah kalih, lamun boten mangreti,
sahadat kasebut ngajun, tan wikan rukun Islam, tan wikan
purwane dadi, awit saking ing lapal ashadualla.
49. Rehning Djeng Muchammad 'Arab, sinung wahju ing Hjang
Widi, mbikak kawruh gaib samar, martani sadaja djanmi,
dados ingkang pinudji, Muchammad nagari 'Arbun, sabab kang
meruhena, tata agami Islami, mudji guru Muchammad kang
lair Mekah.
50. Salat mawas madep kebtat, baitu'llah Mekah nagri, niku tata
kalairan, eninge ing dalem batin, madep keblat pribadi, djro
guwa sir tjiptanipun, puniki baitu'llah, apan ta ragane djanmi,
baitu'llah prau gawejane Allah.
51. Kawula mung darma nganggja, priksa nganggja raga dadi,
boten darnel njilih tumbas, wudjud risake pribadi, rama lan
ibu mukir, boten darnel raga-ulun, mung sami angraosna, en-
deme angadu wadi, gaib samar dadose betu'llah-kula.
52. Wawratane tri prakara, woh budi kawruh Ian kuldi, woh budi
sami kelingan, woh kawruh wignja mangreti,, dene woh Ira~
djeng kuldi, wohipun kang sipat tukul, cha'ku'llah cha'ku'la-
dam, kang wonten darat djladri, niku dados isine makaman
raga.
53. ngGih betu'llah nggih makaman, inggih raga-ulun niki, wudjud
guwa sir-ing tjipta, dedamelane Hjang Widi, sun-bekta wi:t:a-
wiri, manut sir-ing tjipta-ulun, pundi panggenan-kula, ngriku
tengah djagad-mami, dadya keblat raga~ulun i ipatu'llah.
54. Upami tyang manggeni wisma, priksa ngangge grija dadi, sa-
jektine ingkang gadah, narik sewan saben sasi, ongkose
ngangge panti, jen tan bajar dipun ukum, sinija sinikara, ~e­
betake ing buwi,, wadjib prelu ngabekti kang karja badan.
55. Kotjap Tadjusslatin kitab, dosaning wong mring Hjang Widi,
kang durdjana badanira, mbekta raga wira-wiri, tan wikan
kang ndarbeni, salamine duduk pandung, ambekta raga gelap,
den angge tur den kukuhi, wus wadjibe pulisi pradja sikara.
56. Tyang kang dosa guru Radja, jajah rena garwa siwi, mitra
karuh Ian sesama, tepangan sanes agami, dosa saminin,g djan-
mi, agnsal rekes njuwun maklum, tyang ngangge raga gelap,
dosa mring Allah pribadi, kondjuk sinten rekese njuwun nga-
pura.
- 58 -

57. Mila jogjane ngagesang, utaminira ngawruhi, kang sami sadat


sarengat, kangge lair trusing batin, wonten sahadat malih,
kang boten mawi ashadu, sadate tijang pedjah, pisahe suksma
Ian diri, wastanipun sahadat ·tanpa lawanan.
58. Sampun mbekta sampun tilar, djasat-paduka kang mesti, nga-
turna wangsul gaduhan, dc'm katur mring kang nggaduhi, niku
kedah pratitis, wruh purwa wusananipun, sampun kalintu
a lam, panggawene sampun keri, kaelingan kalawan kawignja-
nira.
59. Niku sami kasimpena, djroning guwa sir-ing kapti, kagawa
sa-sir-ing tjipta, langkung karsa-paduka Dji, lamun seneng
lumaris, gantosa makaman baru, agantos lapis enggal, surup
tuwa anem saking, amiturut leluhur-paduka Djawa.
60. Kang agami Budi Buda, kedah tjeta sahadating, jen tan tjeta
sahdatira, ndjilma dados radjasugih, ben dinten den gebagi,
Ian den tedi ulamipun, lamun seneng tan kesah, ngadatona
kubur bumi, amiturut sarengat Nabi Muchammad.
61. Wadjibe manusa pedjah, lajone pinendem mumi, wangsul
mantuka mring asal, asal siti mantuk siti, sal geni mantuk
api, barat wangsul anginipun, banju wangsula toja, kang su-
wung wangsula sepi, dateng gaib kang wudjud tilara aran.
62. Tilara aran tulisan, tilasan pandamel betjik, dadosa tepa
tulada, ing putra wajah ing wingking, mila wadjib ngawruhi
sahdat kekalih puniku, dingin sadat sarengat, Ian sadat pang-
_lebur diri, wastanipun sadat kang tanpa lawanan:
63. Sadat peling wastanira, mung njugkemi supe eling, jen supe
manusanira, jekti sedanja bilahi, nasar mandjing jumani, jen
eling manusanipun, mulja tanpa antara, ing awal praptane
ngakir, datan ewah kaprabon-paduka Nata.
64. Tetep ing 'alame lama, kasebut Dalil Kudini, alip lam min
dallikalla, kitabu'lrahebapami, lara hudanlilmutkim, waladina
tegesipun, alip punika sastra, urip boten kenging pati, lami-
lami mung ngangge alame lama. ··
65. Alame lam min dallikal, jen wuru njengkal kang wadi, teges-
ipun kitabu'lla, natab mlebu ala wadi, tegese rahebapi, rahaba
kang ngangge sampur, hudanlilmuttakima, jen wus wuda
djalu estri, den mutena wadi ala djroning alp..
66. Puniku tembungan 'Arab, tumular mring tanah Djawi, sun-
maknani tjara Ojawa, wredine kadi ing ngarsi, wikan wonten
ing arti, tegese tembung puniku, wonten ing tanah Djawa,
sun-tingali mata batin, keratane kadi atur-kula ngarsa.
-59 -

(i7. Sanese kalih punika, boten :wonten sadat malih, dene kaol kang
satengah, kawruhe para 'ulami, sadate warni-warni, niku ka-
wruhe wong tjubluk, mindak ngribedi manah, praptaning don
aniwasi, karja kewran sakarate maotira.
GS. '
Tegese lapal akebar, tegese Allah mbarengi, dat sipat kalawan
asma, sareng tumindake katri, eling elinging budi, osik osikira
kajun, obah obahe badan, sareng tumindake katri, nggih pu-
nika maksude lapal akebar.
G9. Kawruh Ian kang kinawruhan, kang mudji Ian . ang pinudji,
wus djumbuh wudjud satunggal, boten mawi sipat kalih,
sabdanipun Hjang Widi, tan lijan mung lapai wau, pudjinipun
kawula, langgeng boten ewah gingsir; amung Allah medal
grana boten kendat.
70. Hu tegesipun hu umat, sabdaning Hjang mring umating, te-
gesipun lapal Allah, asmaning Dating Hjang Widi, kawula nje-
but Gusti, tetimbangan sebutipun, langgeng Allah Hu Allah,
napas talining karon sih, inggih napas pudji Ianggeng boten
kendat.
71. Gusti asih i.ng kawula, karaton sinten mastani, Gusti kang
tanpa kawula, kawula asih ing Gusti, sinten kang njebut Gusti,
tanapi kawulanipun, jen Gusti tan wontena, kawula sinten
mastani, pisahipun sahadat tanpa Iawanan. '-,
72. Jen pisaha sija-sija, tyang djedjodon salamining, jen aweta
tetunggalan, niku sirik boten kenging, niku kedah udani, ing
pandjing Ian surupipun, wonten ing lapal akbar, bareng wu-
djud Ian sirnaning, akbar bareng pisahe dat sipat asma.
73. Sirnane warni djro katja, kabekta kang gadah warni, ku~
mandang katut suwara, sirnane padange ratri, kabei>A.a sang
hjang rawi, wus kawengku asmanipun, nenggih Sang Dewa-
brata, kuwasanipun Hjang Widi, den waspada pisahe dat sipat
asma.
74. Salat pudji kang sampurna, dumunung ing djitok djilin~
mung pudji tok elingira, mring Date Rabbu'l'alamin, punika
salat batin,• boten mawi sudjud rukuk, pudji langgeng tan
kendat, boten kawidjil ing lati, amung tjipta ning-ing tyas
madep Rabbana. ·
75. Niku pudjine tyang pana, mring kawruh rasaning urip, wus
wikan samaring padang, sautjape dados pudji, saobahipun
diri, mandji.ng dados salatipun, wus ·,murtja pada ana, anane
sami saniki, katon nglela jen djinupuk datan kena.
76. Nama Prabu Brawidjaja, sarira sadaja mukir, wudjude mung
wudjud asma, inglimput siplJ,ting Widi, raga sakodjur niki,
gadah aran won'ten wudjud, Sang Prabu Brawidjaja, wonten
aran tanpa warni, den waspada murubing dat sipat asma.
- 60-

77. J€m tan wikan murubira, pisahe boten udani, mila wadjiM
ngagesang, utaminipun nglampahi, salat ing tata lair, ingkang
mawi sudjud rukuk, salat ing kabatosan, wus dumunung djitok
djiling, dados timbang lair batos salat Islam.
78. Djanma kang sampun tumeka, ing kawruh kasebut nginggil,
wus djumeneng Radja Kaja, sampun kebak gegawaning, apa
kasukan bukti, pasa mangan nginum turu, ambutjal .b atal
karam, sarak sirik mekruh nadjis, ambek lare tan ngrasa dosa
dinosan.
79. Duraka nggendong gandjaran, laline amengku eling, niaksijat
dados ngibadah, nanging tyas madep mring Widi, saobahipun
diri, tan rumaos darbe kajun, atas saking Rabbana, kawula
darmi nglampahi, inggih niku lampahe tyang pana ing Dat.
80. Utjape kados tyang liwar, mawas lor kidul pinanggih, sautjape
bebanjola n, pralambang pasemon tebih, djanma kang kirang
ngreti, winastan tijang madjenun, wuru ing ngelmu rasa, rasa-
ne kawruhing urip, beda lawan djanma kang pana ing sipat:
81. Sipat lair kawudjudan, ngawruhi sarak Ian sirik, nadjis me-
kruh batal ka r am , sunat prelu den kawruhi, salate tata lair,
ingkang mawi sudjud rukuk, miturut kalimrahan, limrahe
tyang gesang niki, bangsa Islam manut sarengat Muchamad.
82. Sinten djanma t a n ngestokna, sarengat Muchammad Nabi,
mukir ing guru panutan, panutanipun agami, tegesipun agami,
agem-ageman kaprabun, kapraboning ngagesang, kangge nga-
bekti Hjang Widi, kang utami ngangge sarengat Muchammad.
83. Karana widjine rasa, saking Nur Muchammad Nabi, roh ilapi
tandanira, t an kenging dipun ukiri, sipat roh sipat djisim,
sipat samar sipat wudjud, cha'ku'llah cha'ku'ladam, ka ng
wonten darat djaladri, widji rasa midjil saking Nur Mucham-
mad.
84. Njatane ing sapunika, sadaj?- kang sipat lair, midjil saking
makam badan, jajah renane pribadi, wudju,de raga-kami, rna-
kame Rasul satuhu, wadjib ulun-pudjija, amudji Muchammad
'Arbi, mudji guru kang mulang ashadualla.
85. Tegesipun N a bi Adam, kawudjudan saking sepi, awit suwung
dadi ana, tapelipun Adam Nabi, siti gaib kinardi, niku Adam
kang rumuhun, de Adam sapunika, apan, ta wudjude baji,
saking siti tata gaib wudjudira.
86. Dados· wonten tengah swarga, tengah swargane djanmestri,
lair wonten siti Mekah, mlekahe djanmestri, kawula boten
dugi, kuwasanipun Hjang Agung, dadose badan-kita, langkung
saking samar gaib, tan kaduga kawula j?m sumurupa.
,,

-61

87. Lampah tijang pana asma, anjuwungke sadajaning, bij€m


besuk ora ana, ingkang ana mung saiki, aran djanma Iumaris,
saking anom surup sepuh, tan obah saking prenah, gegawane
wus mepeki, saisine dunja boten Iangkung kirang.
88. Pedjah Iawas pati Iawas, awai akir nggih saniki, uwang ba-
rang sandang pangan, geiar paesaning urip, kerat nraka su-
wargi, kabekta sa-siring kajun, prihatin suka duka, wus t u -
mindak saiamining, nggih punika Iampahe tyang pana asma.
89. Saiate tyang pana asma, mung ngawruhi ala betjik, kang
leres tuwin kang lepat, kang sinandang kang binukti, kaska-
jane pribadi, lawan nggaota kang djudjur, tan arsa kawo-
woran, ing barang saiah samenir, datan arsa kapotangan
kabetjikan.
90. Mindak angribeti manah, lumampahe surup diri, metengi
marga kamuljan, mantuk dateng adam sulbi; apan suksmane
djanmi, suibi adam asalipun, wangsula sulbi adam, asal widji
mantuk widji, Iumampahe sampun adoh saking prenah.
91. Lumampah tjipta pangrasa, kelingan sadjroning pati, anggawa
guwa sir tjipta, nurut marga sir-ing kapti, pundi tjinipta
batin, sulbi adam kang djinudjug, kapelenga ing tjipta, ndJu-
djuga ing tjetak tjetik, angentara sagara nikmating rasa.
92. Ambjur laut nikmat rasa, kang wonten tengah suwargi, niku
kawruhe tyang pana, mring asma kamanusaning, salate tata
batin, mung ngawruhi bener luput, kang betjik Ian kang ala "
tan arsa tumindak sisip, datan arsa tjidra mring sesama.
93. Tan arsa anglampahana, salat sudjud ngaras siti, Allahe tu-
mut sembajang, karana ragane _djanmi, murub wudjud sa-
tunggil, dat sipat Ian asmanipun, jen saiat kalairan, ingkang
sami djungkar-djungkir, Allahira pinardi tumut sembajang.
94. Tan wonten Allah sembajang, saiat sudjud mudji dikir, niku
kawruhe ty.ang pana, mring asma kamanusaning, jen saiat ·
djungkar-djungkir, FAllah tumut sudjud rukuk, kawula sija-
sija, dat sipatira Hjang Widi, Gusti Allah pineksa manut
kawula.
95.. Sajektine Iamun duka, pangraose kadi pundi, sanadyana boten -
duka, Gusti. kaparentah abdi, kawula prentah Gusti, katah
saru sikunipun, aran walik buwana, kawula marentah Gusti,
Iamun duka saiate darnel tjilaka.
96. Allah endjing etja nendra, mudjung angeioni selir, winungu
ingadjak saiat, ngambil wulu masuh diri, tan kenging ngentut
ngising, batai toja wulunipun, ngadeg amawas keblat, sudjud
rukuk mudji dikir, jekti duka kawulanipun siniksa.
-62-

97. Gumudjeng ngguguk Sang Nata, endi ana Allah guling, wikan
ora kasamaran, mriksani osiking dasih, kang ala lan kang
betjik, miwah bener luputipun, Sunan Kali turira, nggih puniku
upamaning, sa:lat lair kawula niksa bandara.
98. Awit djanma kang tumeka, ing kawruh kasebut nginggil, si-
nengker Nabi lan olja, sinten mbabarna tan adji, anjuwung-
aken masdjid, angrisak pranata Ratu, milane kineliran, ing
sarak sarengat Nabi, jen kawijak ngrisak pranata agama.
99. Awis djanma purun salat, lan njebut asmaning Nabi, angger
djanma ngaken Allah, milam~ dipun keliri, sarak sarengat
Nabi, kang minangka pager kukuh, sampun ngantos katingal,
murube kawula gusti, jen katingar Ki Surdjani ngaken Allah.
100. Sudjanma kang pana ing Dat, ngawula marang Hjang Widi,
mangeran ing kaelingan, tyang pana sipat puniki, ngawula
makam diri, nuruti makame Rasul, tijang pana mring asma,
angangge cha'ke pribadi, amiturut apa senengane manah.
101. Tijang ingkang ahli sarak, nampik milih ala betjik, tijang kang
ahli sarengat, njaring utjap lair batin, tyang ahli tarekating,
taren nimbang kantja batur, tijang ahli kakekat, anganggo
cha'ke pribadi, tyang makripat amengku betjik lan ala.
102. Ala alamu pribadya, betjik betjikmu pribadi, wus pinasti ko-
drating Hjang, pestening wong sidji-sidji, tan arsa amaoni,
tingkahe djanma sadarum, ala betjiking lijan, tan arsa ngutjap
ngrasani, sanget adjrih maoni kodrating Allah.
103. Dene salat kalairan, ingkang sami sudjud ndjungkir, niku
salat tatakrama, purun betjik boten betjik, maksude dateng
ngelmi, niku duduk salat njaur, kangelane pun bapa, duk
sudjud neng djinem wangi, des sauri sampun ngantos kapo-
\
tangan.
104. Rukune Islam lelima, suku kalih asta kalih, gangsal kalam
wadinira, tepang lawan predji wadi, sinte'n tan anglampahi,
kalimah kalih puniku, boten sah sadat srengat, tan wikan
nikmating predji, sami sadat ewah adat kalimrahan.
105. Rugi gesange neng dunja, tan nedja mentjarken widji, boten
kapir Buda Islam, tan wikan kalimah kalih, mlekah sipat
rong pulih, kalam wadinipun ndjegur, ndjegur tanpa lawanan,
tan wonten estri nimbangi, tan miturut lare budi adatira.
106. Kalamun datanpa sabab, kangelane bapa bibi, saben dalu
ulun-telad, asudjud neng djinem wangi, suka Sri Narapati,
mijarsa ing aturipun, Suhunan Kalidjaga, ing panggalih sam-
pun gingsir, karsa selam matur Sunan Kalidjaga.
- 63 -

107. Supami tyas ngeklasena, mudji Muchammad ing 'Arbi, mawas


betu 'llah ing Mekah, sembah pudjine tan dugi, supami boten
mudji, Muchammad nagari 'Arbun, tetep kapir kapiran, tan
wikan purwane dadi, awit saking ·ing la pal ash~dualla.
108. Sukeng tyas Sang Brawidjaja, mesem angandika a ris, iku
Sahit bener njata, kawruhe wong Islam iki, betjik ing dina
iki, ingsun masuk sa rak Rasul, njebut asmaning Allah, Pa-
ngeran Ingkang Sadjati, s eks e nan~ iki Sahit Islam-ingwang.
109. Sunan Kali tur sandika, Sang Prabu ngandika malih, jen wus
selam djeneng ingwa ng, sun kondur mring Madjapahit, pasrah
kaprabon-mami, s i Pata h kang ingsun djundjung, amengku
tanah Djawa, nggenteni kaprabon-mami, sun mandita gunung
Patjek kang sun-sedja.
110. Sunan Kali a turira, langkung djumurung Sang Adji, kang
dados karsa paduka, mendah sukanipun galih, putr·ant:~ Sang
Dipati, paduka sinunggi ngembun, djinimat pinusaka, pinudji
pinudji-puudi, paring pradja tur k a rsa nunggil agama.
111. Sunan Kali a ngrerepa, a ture arum amanis, luwes kewes arne- -
melas, utaminipun Sang Adji, terusa lair batin, paduka Islam
satuhu, sampun ba tos kewa la, laire" mawija sa ksi, paras rema
agundul kados kawula.
112. Dados boten malih tjipta, njungkemi agami Nabi, paduka
wus karsa Islam, Islama ing lair batin, mawija seksi lair,
a nglampahi lima ng wektu, katingala ing ka tah, paduka gantos
agami, tinuruta ing wadya putra santana.
113. Ratu dados teturuta n, agami Muchammad Nabi: ing bendjang
kalamun seda, gandjaranipun Hjang Widi, ' nikmat wonten
suwargi, mulja tan kenging sinuwun, nugrahaning Pangeran,
pundjul samaning Narpati, kang wus kotja p djroning Tadjus-
slatin kitab.
114. Ngandika Sang Brawidjaja , ja parasen rambut-mami, melu
gundul kttja sira, Sunan Kali ngasta gunting, nulja dipun
parasi, mustakarfira Sang Prabu, kang rema datan pasah,
umatur Djeng Sunan Kali, kados pundi ing karsa-paduka
Nata.
115. Karsa dedawuh iapisan, tan terus ing lair batin, ing batos
wus karoo selam, laire teksih ngekahi, agama Bu.da Budi,
puniku pratandanipun, dene rema-paduka, boten pasah ulun-
gunting, Islam bato~ namill_e Islam bidallah.
116. Islame batos kewala, ing laire taksih kapir, manawi ing lair
Isla m, batosipun taksih kapir, kapir ngindinas nami, utami-
nipun Sang Prabu, lair batos Islama, batosipun mungal-mungil,
angandika Sangha Prabu Brawidjaja .
/

-64 -

117. Heh ta Sahit wruhanira, mula tyas-sun mungal-mungil, masuk


sarimgat Muchammad, sababe mung rong prakawis, sabab
ingkang sawidji, ingsun iki Ratu Agung, miturut marang bo-
tjah, anungsang buwana balik, sajektine ingsun ginuju ing
djagad.
118. Kapindo kang wus sun-priksa, kabeh wong kang. pada sant ri,
rusak wangun adat Djawa, tjahja mesum semu putih, tanda
jen kurang budi, katara ulate mesum, sepa tjahjane anta ,
untu putih demen tjriwis, tjara kritis pada tinggal kautaman.
119. Akendel nradjang kanistan, sabab asil angger olih, ·keh ting-
gal udanagara, tata adat bangsa Djawi, iku manira geting,
mula tyas-sun kapirangu, ananging ka ja ngapa, wuwus-ingsun
wus kawidjil, marang sira wus sanggup ganti agama.
120. Tan kena mangsuli s'abda, ing wuwus kang wus kawidjil, di-
nukanan marang Dewa, ginuju ing bumi langit, Ratu tjidra
ing djangdji, den ukum marang Dewa Gung, dadya pangewan-
ewan, dadi pakaning bilahi, ora kena manira ngontjati sabda.
121. Lah ta sira tutugena, amarasi maring mami, wus eklas lair
trus ing tyas, ingsun masuk sarak Nabi, nulja ginunting
malih, mustakanira Sang Prabu, pasah kang rema telas, wus
paras Sri Narapati, angandika ing da~ih kalih ing wuntat.

11. PANGKUR
1. · Palonsabda Genggongnaja, karo pisan sira sun-pituturi, wiwit
dina iki ingsun, tinggal agama Buda, ingsun masuk agama
Rasulu'llahu, anjebut asmaning Allah , Pangeran Ingkang
Sadjati. ·
2. Kang dadi karsa-manira, karo pisan sira sun-adjak ganti,
agama Rasulu'llahu, tinggal agama Buda, Sabdapalon Naja-
genggong matur sendu, kula rtiki Ratu Danjang, kang rumeksa
tanah Djawi.
3. Sinten kang dados Narendra, nadyan bade kawula emong ugi,
pan wus karsaning Dewa Gung, punika karjaningwang, awit
•.
saking luhur-paduka rumuhun, Sang Wiku Manum nasa, Sa-
kutrem Ian Bambang Sakri.
4. Run-tunmrun prapta mangkja, ulun momong pikukuh ladjer
Djawi, lamun nudju tilem ulun, satus rong atus warsa, nunten
resah perangan sami sadulur, kang datan anedi dja nma , sami
bangsane katedi.
5. Sipat gesang dereng ana, 'alam dunja Semar wus wudjud
krijin, Ian rah jasaning Hjang Agung, winastan Manik Maja,
tinitahken neng dunja ngembani sagung, lelembat miwa h ma-
nilsa, katelah prapta samangkin.
-65-

() . Prapta mangke umur-kula, wonten dunja mpun wolung ewu


warsi, langkungipun tigang atus, amomong ladjer Djawa,
datan wonten kang ebah agaminipun, netepi awit sapisan,
rigestokke agama Budi.
7. Amung ,paduka prijangga, karsa tilar pikukuh adat Djawi,
Djawi ngreti tegesipun, narimah nami djawal, Rab iriban
remen manut nunut-nunut, pamrihe karja kapiran, kamuksan
paduka bendjing.
H. Sabdanipun Wiku Tama, sinauran geter pater ing bumi, sine-
monan ing Dewa Gung, Sang Prabu Brawidjaja, dennja karsa,
· amasuk agami Rasul, rerupan ing dalem dunja, tinambahan
warna katri.

!). Sidji aran suket djawal, pari randa-nunut Ian pari mriji,
angandika Sangha Prabu, kaprije Palonsabda, Genggongnaja
kang dadi kekentjenganmu, apa gelem apa ora, atinggal agama
Budi.
I 0. Anjebut Nabi Muchammad, Rasulu'llah panunggul para Nabi,
kang wus njebut a.smanipun, Allah kang sabenernja, Sabda-
palon Najagenggong matur sendu, paduka masuk pribadya,
kawula boten kadugi.
I I. Tan tahan kula tumingal, adat sija kadya tyang tanah 'Arbi,
sija kukum tegesipun, tur sija dateng raga, ngelminipun am-
pungan sarat sadarum, manawi karja kapiran, kamuksan-
kawula bendjing.
12. Gusti sanget kasamaran, dateng ngelmi adat kalimah kalih,
saderenge bangsa 'Arbun, ngantjik ing tanah Djawa, tanah
Djawi wus njepeng pikukuhipun, Pustaka Kalimasada, kalimah
sadat sadjati.

I :1. Sastranira sastra Rantjang, mung arane tjinantjang djroning


batin, wudjude ginelar nglimput, nglimputi sipat ana, ananira
ginelar wontef'l ing SU)Vung, suwung~ amengku njata, pinudji
sipat dumadi.
I I. Dene kang mastani mulja, .sarak Rasul puniku bangsa 'Arbi,
Ian bangsa selam sadarum, nggunggung badan pribadya,
menggah ulun mastani tyang boten urus, anggunggung be-
tjiking tangga, ngapeske badan pribadi.
I r1. Aremen agami lama, njebut Djagad Dewa Gung Kang Linu-
wih, djagad niku raganipun, dewa budi Ian hawa, wus wadjibe
manusa puniku manut, ing raga budi karepan, dados boten
ngapirani.

' ·~
66

16. Jen njebut Nabi Muchammad, Rasulu'llah puniku aniwasi, Mu-


chammad makaman kubur, kubur rasa kang salah, mung nga-
wula raga wadag wadah endut, mung neda etja kewala, tan
wrin bilahining wuri.
17. Niku agami Muchammad, saminipun agamine Nuh Nabi, nuh
neh remeh . kawruhipun, niku Nabine botjah, remen rumat
abang kuning nedi tuwuk, rasane kawruh kelingan, kelingan
rasane kuldi.
18. Jen wus tuwuk sami ngomjang, kumarumpjung lir kodok
manggih warih, sija-sija sebutipun, dateng Kang Darnel Ge-
sang, manggih rengu tinutup engetanipun, malih bodo ingkang
nalar, mun antuk dagangan daging.
19. Milane Nabi Muchammad, makam badan kubur rasa sakalir,
roh ilapi asalipun, lapi niku lapisan, jen wus risak wangsul
dateng adjalipun, wangsui Prabu Brawidjaja, dumunung
manggen ing pundi.
20. Adam mung tuladaning Hjang, nami Brahim kabraenipun
urip, Musa semu rasa tuhu, 'Isa tangining rasa, wudjud badan
ingaranan Muchammadun, makamap. kuburing rasa, jasane
Rahaden Budi.
21. Dat sipating Hjang Ian rasa, jen pinundut mring Hjang Kang
Maha Tinggi, raga-paduka puniku, tuladan sipating Hjang,
wudjud dadi dadine dewe puniku, Iantaran angadu ala, bapa
bijang boten kardi.
22. Mila ingaranan anak, wudjud ana ananira pribadi, rahab samar
dadosipun, tan kaduga kawuia, ing karsane Latawalhudjya
Kang Ngiimput, wudjud wudjude pribadya, risak risake pri-
badi.
23. Dat sipating Hjang Ian rasa, jen pinundut mring Hjai:J.g Kang
Maha Tinggi, mung kantun pangrasanipun, ingkang pad~ka­
bekta, dateng pundi panggenan-paduka nglimput, napa dados
tuwan tanah, dados demit nebas siti.
24. Dene .kalangkung anista, anenggani dag\ingan daging batjin,
kang wus luluh dados lebu, tetep jen tanpa guna, saking
kirang budi nalar kawruhipun, duk gesange derimg neda, woh
wit kawruh woh wit budi.
25. Pedjah nrimah dados setan, tengga siti ngadjeng-adjeng tyang
ngirim, sadjen slametan Ian kutug, ni1.ar mudjidjat walat,
woh kijanat ing anak putu ing pungkur, kesanglat kenging
wilaiat, sampun seda taksih djail.
~

26. Niku asile punapa, pan wus seda kawula pisali Gusti, -lamun
sae tekadipun, -suwawi dika-djawab, atur-kula puniki dipun
kepangguh, sam pun age-age ngadjak, miturut agami 'Arbi.
-67-

27. Angandika Sri Nar<'mdra, Brawidjaja mulih marang asaling,


asale nur bali mring nur, Sabdapalon turira, inggih niku ka-
wruhe tyang bingung pengung, sidji mung wangsul satunggal,
,saba dunja gesang rugi. ·
28. Duk gesange derimg neda, woh wit kawruh kalawan woh wit
budi, asal sidji mantuk satu, dede pati utama, kang utani:a '
sewu satus telung puluh, satus putus telu tilas, puluh pulih
wudjud malih.
29. Langgeng risak wudjudira, ingkang risak asale roh ilapi,
ingkang langgeng uripipun, pisahe raga suksma, niku nami
sahadat tanpa ashadu, gantine eroh lapisan, sasesurup pesti
dari.
30. Dari niku dari makna, asalira wit wudjud dados djanmi, surup
sumurupe iku, purwa madya wusana, netepana arane djanma
lumaku, boten obah saking prenah, djro guwa sir tjipta lami.
31. Wangsul mantuka mring asal, asalipun suksmane djanma ngu-
ni, sulbi adam asalipun, wangsula sulbi adam, dados wikan
sangkan paran kesah mantuk, tan samar alame lama, bijen
mangke besuk sami. . ·
32. Mung angantukna gaduhan, asal siti wangsula dateng bumi,
api wangsula mring latu, angin wangsula barat, asal toja
puniku wangsula banju, kang wudjud tilara aran, kang su-
wung wangsula sepi.
33. Tilara tulis tilasan, tilasane kasebut tijang betjik, sampun
pedjah dados satu, jen sirna dagingira, namanira puniku wus
tan kasebut, bangka bungker wastanira, widji bungker boten
tiki I.
34. Angandika Sri Narendra, tjiptaningsun nitis djanma linuwih,
Ki Sabdapalon gumuju, punika tyang kesasar, lir kumladih
tumemplek munggeng wreksa gung, tan bawa tantjeb priba-
dya, kamuktene trimah n~mpil.
35. Dede pati kang utama, inggih niku pedjahe tijang nistip, re-
men nempei map.ut nunut, boten bawa pribadya, jen tinundung
kelojongan tanpa dunung, dados setan brekasakan, nempel
sela wreksa wesi.
36. Ngandika malih Sang Nata, a:.ml suwung mulihe marang sepi,
kala ingsun durung wudjud, tan ana apa-apa, ingsun mati
mangkono "ing kantanipun, niku patine tyang kalap, nglowong
tanpa iman ngelmi.
37. Duk gesange kados kewan, wus narimah mangan nginum Ian
guling, melik kuwat lemu bagus, sugih daging dagangan, wus
narima ngambus pukang minum ujuh, mila pedjah taripa
iman, ~irna uripe djro pati.
-68

38. Ngandika malih Sang Nata, sun nunggoni makaman kubur-


mami, kang wus luluh dadya lebu, Sabdapalon turira, inggih
niku patine tyang tjubluk busuk, dados setan ing kuburan,
nenggani dagangi.m daging.
39. Kang wus luluh dados kisma, tanpa wekas niku patine santri,
saking tjupetipun kawruh , kalingan kang ila'llah, boten ngre-
tos gantos roh ilapis baru, suksma bodo wastanira, ngandika
malih Sang Adji.
40. Sun muksa saraganingwang, Sabdapalon gumudjeng matur
aris, j€m tijang agami Rasul, terang tan saged muksa, tan
kuwawi ngrangkep ilguntal raganipun, alema kakehan tindja,
kawraten dagangan daging.
41. Seda muksane tjilaka, nami pedjah tan tilar lajon djisim,
boten sadat tegesipun, tan pedjah boten gesang, boten .saged
gantos roh ilapis barn, mung dados gunungan setan, ngandika
malih Sang Adji.
42. Sun tan njipta apa-apa, ora nijat istijar nampik milih, luwih
karsane Kang Nglimput, minta lakone gesang, Sabdapalon
umatur sarwi gumuju , paduka ambutjal sipat, supe jen tinitah
luwih. '
43. Tilar wadjibing manusa, wus winenang istijar nampik milih,
jen wus nrimah kados wau, sirna sagung pirembag, tanpa
darnel ngupados ngelmi Ian kawruh, amrih sampurnaning
seda, ngandika malih Sang Adji.
44. Tjiptengsun kondur mring kerat, munggah swarga sowan
Hjang Maha Tinggi, kerat Ian suwarga niku, sampun paduka-
bekta, wus mutamat AnbUa sebutanipun, inggih raga:ne ma-
nusa, mengku alam sahir kabir.
45. Duk Tapel Adam wus pepak, kerat nraka suwarga 'aras
kursi, lintang wulan surjanipun, darat lautan arga,, mega
mendung wus pepak sadajanipun, boten mawi langkung ki-
rang, saisine 'alam sahir.
46. Paduka kondur mring kerat, karsa mijos naraka ingkang
' pundi, kerat pundi kang djinudjug, manawi manggih sasar, ika
kene erat mlarat tegesipun, sa-nggen-enggen wonten kerat,
tan wonten kerat kang manis.

12. DANDANGGULA
1. Tegesipun nraka iku margi, mjang narakan m11rgi mulja mla-
rat, kalamun awon tekade, kerat malarat metu, dipun gen-
dong slamine urip, jen sae tekadira, kamuljan kang metu,
ginendong slamine ge~Jang, kerat nraka padukq-gendong pri-
badi, wit lair praptimg seda. .
69 -

2. Lesane t yang niku Iawan margi, pantjadane mulja Ian tjilaka,


wonten lesan plesedane, jen awon utjap-ulun, mung saketjap
narik bilahi, tampi kerat malarat, kauripanipun, jen sae pangu-
tjap-kula, mung saketjap anarik mulja suwargi, gesangipun
neng dunja.
3. , Lepasipun swara saking lati, pitung mimis rikate Iumepas,
tan kenging sun-wangsulake, suwarane djumeglug, sinak-
senan bumi Ian Iangit, tan kenging kawangsulna, dateng lesan-
ulun, jen awon kasebut ala, Iamun sae kasebut nama prajogi,
tinurut sakadjengnja.
4. Sadajane tyang kang tjidra djandji, niku risak Iawange su-
warga, kang binekta saparane, mila tyang kang wus mang.:
guh, ngelmi rasa rasaning urip, kendel tan arsa ngutjap, Ia-
mun boten estu, risake Iawang suwarga, kang djinaga teka
nora njilakani, nggendong kerat malarat.
5. Ran duraka, dorane nekani, ran tjilaka teka tjelanira, krana
tjilaka arane, kerat malarat tukul, dipun gendong slamine
urip, tan kenging kaselehna, kerat mlaratipun, wontene kerat
Ian mlarat, midjil saking tekade ingkang nglampahi, nerak
pandamel lepat.
6. Nraka kerat suwarga kang pundi, ingulatan sadaja binekta,
kagawa sire tjiptane, ginendong rinten dalu, saparane tan
kenging keri, kagawa sir-ing tjipta, guwa sir-ing kajun, tan-
dane mbekta naraka, raganing wong mbekta margi sapa-
raning, babahan nawasanga.
7. Medal margi nggih ambekta margi, dateng kerat nggih
mbekta akerat, jen ngupados suwargane, sangu swarga dja
kantun, katerangna lair Ian batin, kerat suwarga bendjang,
tan kenging ginajuh, mung ;nggajuh kira watara, ingkang
kenging tiningalan sami mangkin, kang wonten wudjudira.
8. Langkung-langkung karsa-paduka Dji, ngedalaken tekad
betjik ala, . wus kabekta narakane, Dewa Gung Maha Agung,
boten a keh Ian boten menging, mung nggelar sipat murah, adil
sarta hukum, jen awon nampeni siksa, Iamun sae ginandjar
mulja suwargi, kontan sami neng dunja.
9. Paduka Dji ntuk gerah puniki, sapunika kerat mlarat prapta,
tan ngentesi bendjing emben, wontene gerah niku, midjil
saking srira pribadi, t an kenging kaparingna, mitra garwa
sunu, wudjude sakit punika, inggih niku sakarat sekaring pati,
atas ing karsaning Hjan~.
10. Sapunika kotonge suwargi, boten kenging paduka semaja,
wulan ngarsa taun maneh, saniki nandjuk-nandjuk, angupa-
-70-

dos woh kadjeng kuldi, kinarja 1s1 swarga, jasane Hjang


Agung, jEm kotong swarga-paduka, _jekti risak betu'llah jasa-
ning Widi; ingkang paduka-anggja.
11. · Kerat-kula ing ainten puniki, kula-gendong ing dinten punika,
suwarga-ulun samangke, dinten niki sun-kandut, boten ke-
nging katampi bendjing, kerat suwarga hendjang, kula tampi
sesuk, tan kenging tampi rangkepan, sangang dinten katampi
saari, nggogragake suwarga.
12. Woh wit kuldi paringing Hjang Widi, kang sun-tampi mung
satjekapira, swarga-ulun sadintene, tanapi keratipuy., ulun-
tampi , sakuwat-mami, tan kenging sun-langkungna, saking
kuwat-ulun, karana kerat suwarga, saben dinten Dewa Agung
kang maringi, salami-kula gesang. ·
13. Langkungane kuldi saben ari, kula-darnel sandang Ian san-
dingan, kasenengan manah anon, tetepe barang nganggur, ulun-
gendong boten kuwawi, sun-kandut boten amrat, tetep barang
nganggur, sun-butjal angraos eman, inggih niku kang karja
rubeding urip, nggajuh kamuljan njata.
14. Sabdapalon tan obah lumaris, neng naraka mbekta kerat
swarga, kagawa sir-ing tjiptane, nggajuh woh budi kawruh,
jen ginajuh tambah manginggil, kanan keringing nraka, woh
kuldi sadarum, sadijan isi sokwarga, nampik milih ngepah
mbutjal saben ari, langkung dados sandingan.
15. , Ngiwa nengen ngambil woh wit kuldi, ingkang munggeng
tepining naraka, tinumpangke sokwargane, sinanding-sanding
mlaku, jen kasengsem mangan woh kuldi, anggajuh tan tu-
meka, woh budi Hjang woh kawruh, katekan mung kawruhira,
paningale ningali roaring Hjang Widi, murub tunggil kang
matja.
16. Murub iku tjaruk dadi sidji, patemone dat sipat Ian asma, ora
djaba ora djero, tan ngisor ora nduwur, kanan kering ngarsa
Ian wuri, adoh tanpa wangenan, luwih parekipun, apan ta ora
gepokan, amung djitok wudjude Hjang Mahq. Tinggi, kalingan
djitokira.
17. Wudjud djitok pudji tok ngalingi, pudjining wong djawan
Rab iriban, Djawa dudu 'Arab dede, angger melek kumruwuk,
kadi kodok amanggih warih, anjebut sija-sija marang De-
wanipun, rinengon Dewa Gungira, pan tinutup terange pa-
ningal batin, sasar anembah kisma. '
18. Sarwi ngutjap kang lapal usali, angawruhi asale roh badan,
roh lapi lapis asale, nur rohe makam Rasul, sokwargane isi
woh kuldi, asale saking lemah, nikmat raosipun, mila sudjud
ngara.§ kisma, nrima kasih mring siti ngudjudke kuldi, ngutjap
alahu akbar. ··
-71-
19. J€m wus ala wus lebar rasaning, wudjud tjemer muliha mring
adjal, woh kuldi siti asall~, tyang ahli budi kawruh, datan
karsa angaras siti, amung kang darnel rasa, aran sarta wu-
djud, kang nggelar sagung kahanan, kang wus ana rinusak
kinarja sepi, pinudji datang pegat.
20. D€m tingali mata batin sidji, madep ngalor leres keblatira,
kawruhe wus daru demble, dar) wudar tegesipun, aru ruwet
sanglit arungsit, demble dados satunggal, jE'm sampun sumu-
rup, tepunge sarak sarengat, Ian tarekat kakekat makripat
jekti, mudji Date pribadya.
21. J€m kang matja mijarsa wus ngreti, sinden daru demble wre-
dinira, njeret dat madate dewe, tjeki de mendol tuwuk; ma-
ngan kawruh wohe Ian budi, sembahe kadya tosan, linabuh
djro latu, sirna brit wudjud satunggal, ingkang mudji kang
pinudji datan kalih, demble wudjud satunggal.
22. Pudjinira dumunung neng djiling, mudji eling mring kang
karja badan, wruha bener Ian lupute, wit mudji mJ;ing Hjang
Agung, nadyan salat adjungkar-djungkir, amudji ratri sijang,
jen dereng sumurup, daru O.emble wredinira, tanpa guna sija
raga Dating Widi, rinengon ing Pangeran.
23. Raganing wong niku tuladaning, sipating Hjang kinarja wa-
jangan, saking cha'ku'llah wudjude, ndadosaken sabda kun,
alantaran alambang-sari, jen sija dateng raga, sija mring
Hjang Agung, jen risak jekti dinukan, jen den pundut boten
wenang angukuhi, raga wajanganira.
21. Tuturira Dyan Budi Sukardi, jeku Allah asmane Datu'llah,
kang nglimput tunggil kang maos, Pangeran Ingkang Agung,
ingkang karja bumi Ian langit, ja Rabbu'l'alamina, sese-
butanipun, Pangeran sadaja 'alam, kang sinebut kang pinudji
sipat urip, jaRabbu'l'alamina.
Njebut Allah Allahe pribadi, boten njebut AllaM wong lija,
njebut Much'ammad Rasule, njebut makam Rasulku, sipat
tijang pun-angge niki, mudji Muchammad 'Arab, tyang kang
purun ngguru, ing lapal ashadualla, menggah ulun saderenge
sampun ngreti, lapal angadu ala.
Jen paduka karem dahar kuldi, mituruti makam Rasulu'llah,
paduka-lampahi dewe, supe jen Ratu Agung, nrimah sugih
dagangan daging, sadijan pakan rajap, Mndjing wonten kubur,
Maha Prabu Brawidjaja, dados demit lenguk-lenguk tengga
siti, duraka tanpa wekas.
' ''l . Sinten karem dahar woh wit kuldi, nurut nrimah makam Ra-
sulu'llah, sirna aran manusane, kasengsem mangan turu, mijat
-72 -

rupan abang Ian kuning, niku kawruhe botjah, ngangge agami


Nuh, nuh neh remeh kawruhira, nrimah gesang asugih da-
gangan daging, lema asring anindja.
28. Mendah kewan wudjud kebo sapi, pedjahira nrima nama lema,
ginunggung etja ulame, wangsul paduka Ratu, ~enging ge-
laripun pun Sahit, lare klairan Tuban, pinten kawruhipun7
lare umur tigang dina, saking bodo nggeguru tijang sing 'Arbi,
kenging gendam ila'llah.
29. Wuru kulhu tabat jam la kunil, sakit ajan sadinten ping gang-
sal, ngadeg madep ngulon mbengok, sidakep asta~ipun, leng-
gah ndeprok ladjeng andjungkir, niku tyang sija-sija, sipate
·Hjang Agung, tan wande manggih ukuman, dipun belok neng
kerat sadjroning budi, tjilaka tanpa wekas.
30. Sri Nare11dra sareng amijarsi, aturipun Kjai Palonsabda, ka-
langkung-langkung ngungune, dangu ndjegreg andjetung, ing
wusana ngandika aris, kang endi wudjudira, kerat nraka iku,
ingkang kena tiningalan, tata lair Sabdapalon matur aris,
wudjudipun punika. "
I .
31. Kerat dunja mung kalih prakawis, kang rumijin inggih kerat
kodrat, satunggal kerat panggawe, kerat kodrat puniku, sa-
dajane bangsa sesakit, tan kenging katampika, utawi kasu-
wun, wudjude sakit punika, inggih niku sakarat sekaring pati,
atas saking karseng Hjang.
32. Kerat kodrat niku warni-warni, jen sinerat kirang mangsi
dlantjang, saking keh aran wudjude, mung tiga ringkesipun,
kerat kodrat wudjude niki, nusa Barong satunggal, kaping
kalihipun, nusa Tarem wastanira, kaping tiga kerat nusa
Kupuh sami, niku kerat katingal.
33. Nusa Barong kang nggendong kang ngindit, tyang kang sakit
bubrah barah raga, batjin blarongan gandane, kerat Tarem
puniku, tyang kang wuta kang nggendong ngindit, merem tan
saged mijat, sadajane wudjud, nusa Kupulj wus kabekta, tijang
lumpuh suku tan bisa lumaris, niku kerat kang awrat.
34. Dene kerat panggawe puniki, aran wudjud dinan tanpa etang,
saking keh aran wudjude, mung gangsal ringkesipun, kerat
nusa Srenggi satunggil, ping kalih nusa Tara, kaping tiga-
nipun, pan kerat nusa Kambangan, ping sakawan nusa Di-
ngang-Tagjan nami, nusa Tembini gangsal.
35. Ingkang nggendong kerat m.1sa Srenggi, tyang kang tampi
ukumaning Radja, berah dondom baturing wong, sregep pa-
gawjanipun, dipun-sereng dipun-gebagi, de kerat nusa Tara,
kabekta puniku, sadaja tijang mardika, njambut darnel sawa-
' tara sasenenging, nimbang kuwate badan:
- 73 -
36. Kerat nusa Kambangan puniki, pinaringken djanma ingkang
mulja, prijaji sudagar gede, mung kambang m laratipun, ka.n g·
nggaota ngupados tedi, tumindak lesan asta, budi nalar ka-
wruh, tan kangelan suku pundak keratipun nusa Kambangan
wastaning, kerate bangsa mulja.
37. Kerat nusa Srenggine tyang sugih, tinumpangke sanginggiling
arga, sinten kang adjeng artane, punika kinen nggebjur, djro-
ning kerat nusa Sarenggi, nusa Srenggine Radja pinaringken
sagung, wadya lit sadajanira, sinten manggon mlebet kerat,
nu~:?a Srenggit, pineksa winisesa.
38. Kerat Tagjan Ian tijang puniki, ing batine niku kerat kodrat,
laire kerat panggawe, jen sampuna anglutuh, remen tandak
boten nampeni, kerate Wadi-bengang, jen sampuna udut, tike
tjandu boten mbekta, kerat Tagjan niku djanma tanpa budi,
njengadja neda kerat.
39. Kerat nusa Tembini mpun pasti, pinal-ingke mring bangsa
wanita, meteng Ian bini bodjone, kerat malaratipun, wawrat
sepuh angandut baji, anglairaken botjah, sipate rong puluh,
sampuna resmen Ian prija, boten ngandut kerate nusa Tern-
" bini, njengadja neda kerat.
40. Kerat Mndjing kerate tyang mati, gaib samar sinten kang
uninga, kerate Dewa enggone, djare tulis ginugu, dluwang
mangsi niku niwasi, kitab tulisan tangan, anggite tyang umuk,
kerat ing Mndjing punika, ingkang nganggit pan dereng
saged udani, nggene kerate Dewa.
41. Kerat nraka bendjing den adjrihi, ngandjeng-adjeng sokwar-
gane kerat, puniku manusa bodo, kerat kang katon wudjud,
rinten dalu dipun tingali, tatane boten wikan, saking kirang
kawruh, sokwargane tijang kerat, mung sega wak sambel
djangan tanpa trasi, kasuwun mring Rabbana. '
42. Kerat kang wus den gendong den indit, sokwargane saparan
binekta, boten wikan narakane, anganggo mata telu, telu telas
itjal kang manik, samar kalingan padang, saking pinteripun,
keputer Jtendele dosa, durakane teka tjela tjilakaning, tiba
kesandung rata.
43. Pan kadjungkel klebu ing jumani, saking adjrih kerat nraka
bendjang, temah silem sasirahe, saking sangete tjubiuk, adjrih
nraka kerate bendjing,/ prenahe dereng wikan, wudjude dereng
wruh tan.wikan in kalairan, wudjudipun naraka punika margi,
kerat tijang malarat.
44. Aneng . dunja kene mlarat diri, sa-nggon-enggon satjiptane
lepat kang teka kerat mlarate, ginendong rinten dalu, sapa-
rane tan kena kari, karana kirang neda, woh budi woh ka-
wruh, itjal namine tyang Djawa, Djawa djawi kang mangreti
lair batin, niku aran wong Djawa.
-74-

45. Tyang kang Djawa Djawi ahli budi, narakane sadaja rinata,
kerate kadamel sae, rinengga swarganipun, mila Prabu ing
nusa Srenggi, naraka pan narakan, margi ·darnel bagus, kerat
bumi sinaenan, sokwargane tyang nusa Srenggi katiti, kaprik-
sa saben dina. - ·
46. Jim tan wikan kerate samangkin, kerat bendjing malih jim
wikana, tan wruh arah lan wudjude, tyang blilu tanpa weruh,
sakeh djare dipun tulis, winartakke ing katah, dora kendel
umuk, anarik sasaring katah, inggih niku kawruhe tyang
mata kalih, ran djawan Rab iriban.
47. Paningale mawas keblat kalih, mata loro blero kawruhira,
samar kalingan pintere, angger melek kumruwuk, dalil kitab
kang den maknani, kang karam rinamesan, mrih kalale gulu,
sugihe daging dagangan, mintak-mintuk sadijan rajap jen mati,
gograg mantuk ing adjal.
48. Wadjib wenang tyang gesang ngawruhi, swarga nraka kerat
kalairan, ingkang katingal wudjude, kerat suwarga besuk,
boten kenging ginajuh budi, langkung karsaning Dewa, ing-
kang karja pandum, wadjibe kang nami titah, nampik milih
swarga nraka kerat lair, sekar pangkur gumantya.

13. PANGKUR
1. Padukendra sampun ~ikan, kerat nraka ijasane Hjang Widi,
pundi pinilih djinudjug, paduka lebetana, menggah ulun sam-
pun ngantos menggah mungguh, lumebet kerat malarat, jen
kenging kula-singkiri.
2. Mantuk dateng kamlaratan, tuwin minggah erat adil nagari,
epat leres djawabipun, masti manggih ukuman, ngangge
rante njanggi karja peksa niku, saben dina njambut karja,
klebet koran nusa Srenggi.
3. Tegese nusa manusa, sereng niku karja awr;at nglangkungi,
enggi gawe tegesipun, ,djanma pineksa karja, roaring Ratu nusa
Srenggi wismanipun, malarat tan angsal arti, sokwargane
mung sakati.
4.. Tanpa ulam sambel djangan, niku kerat kang katon tata
lair, malah kerate tyang lampus, langkung , saking punika,
malarate mila lamun kenging lampus, lumebet kerat malarat,
lan sampun minggah sokwargi.
5. Tetepe paduka sasar, tyang tjilaka · purun minggah sokwargi,
kebo sapi djaran wedus, niku minggah sokwarga, sokwargane
tinedi kalih lumaku, nrimah nami radjakaja, sare kamukten
neng siti.
75-
)

Gesang njanggi karja peksa, tanpa lepat kapragat dipun tedi,


kula priksa kaget ndjumbul, lare wonten pangenan, njepeng
gebag kula tanglet karjanipun, gebage sadijan mala, nggebagi
sang radjasugih.
7. Kang sami minggah sokwarga, sokwargane dim tedi dim kri-
kiti, niku paduka den emut, sampun minggah sokwarga, bok-
manawi bendjing seda ndjilma lembu, tjilaka gesang neng
dunja, Ian sampun sowan Hjang Widi.
8. Tanpa arah nggon kang prenah, tanpa wudjud Ian ganta gatra
warni, asma wudjude puniku, pinudju sipat gesang, wonten
· dunja wonten kerat angelimput, dereng tepang dereng wikan,
daleme Hjang Maha Tinggi.
9. Tepange mung tepang tjahja, lir tjahjane surja lintang Ian
sasi, patemone tjahja murub, djumbuh dados satunggal, boten
pisah puniku boten akumpul, tebihe tanpa wangenan, parek
tan panggih pinanggih.
10. Tan kenging paduk~-gampang, tan kuwawi kawula tjelak
Gusti, mesti geseng dados awu, sampun malih paduka, kawa-
wija tjelak dateng !fjang Maha Gung, pandjenengan Nabi
Musa, ingaken Kalaming Widi. -
. 1
11. Atjelak datang kuwawa, aningali mandeng dateng Hjang Widi,
kantaka satep.gah lampus, milane niku ngilang, amung Date
anglimput saliring wudjud, sampun ngantos katingalan, pa-
duka widji roh djanmi.
12. Sanes bangsa malaekat, asal api kwawi tjelak Hjang Widi,
jen manusa widJilipwn, sal nutpah manut sepah, budi suksma
roh mulja saking Hjang Agung, winenang bawa pribadya, .
tanpa darnel bola-bali.
13. Sowan Hjang Latawalhudjwa; wus winenang tjangkok nagri
pribadi,' jen pradja kongsi wus sepuh, anuwun kongsi enggal,
mlampah terus boten mawi wongsal-wangsul, urip lawas pati
lama, urip sidji pati sidji. '
14. Dene lumrahe manusa, pada melik gandjaran kerat bendjing,
munggah mring suwarganipun, ·Sabdapalon turira, tijang li-
mrah sami loro matanipun, mila blero kawruhira; wudjud me-
leng tanpa manik. ·
15. Samar kalingan ing padang, paningale amawas mata kalih,
tata Djawi tata 'Arbun, ran djawan Rab iriban, tetep kapir
Djawi dede 'Arab dudu, kapiran ing pedjahira, dados demit
tengga siti.
16. Matane Ki Lurah Semar, mata pandom keblat lor leres sidji,
jen wis ngalor keblatipun, wetan kulon Ian tengah, ngisor
nduwur tanapi keblat lor kidul; wus manut leres satunggal,
djarum mapep ngalor lungit.
-76-
17. Mila matane Ki Semar, mata pandom keblat lor leres sidji,.
datan samar kawruhipun' sadajane pangutjap, mawas ngulon
sun pegat bisa kepangguh, datan samar wudjudira, nggih niku
kang nami lapi.
18. Kaprije ing benerira, ingkang aran sebutan urip mati, Ki
Sabdapalon umatur, sareng tumindakira, ingkang urip napase
langgeng lumaku, urip niki tegesira, mashur kang langgeng
tan gingsir.
19. Ingkang mati raganira, angraoske kanikmatan kang ngenting,
seda pedjah lawan lampus, puniku tegesira, sida sahdat pepet
djadjah alam mupus, ganti roh lapi lapisan, mila tyang agami
Budi.
20. Jim raganira wis tuwa, suksmanira metuwa wutuh bresih,
raga wajangan Hjang Agung, kang risak d€m aturna, wangsul
malih dateng pundi genahipun, sampun kalintu ing prenah,
war.gsule asale lami.
21. Anjuwun ganti panganggja, kang prajogi ngungkulana kang
lami) gantos roh ilapi baru, sepah nutpah Hjang Mulja, sam-
pun obah saking tengah djagadipun, apan djagade manusa,
langgeng boten owah gingsir.
22. Kang owah makame rasa', raga wadag kang asal roh ilapis,
Prabu Brawidjajanipun, tan anom boten sepah, langgeng mulja
wonten tengah djagadipun, lumampah tan mawi obah, saking
prenah nggone lami.
23. Wonten djro guwa sir tjipta, wus kagawa sir-ing tjipta kang
wening, lah gawanen gegawanmu, nggegawa mintak raga,
tulis ilang gunggungen etunge kumpul, plesate djare wus
tuwa, mijat_djantung ketek kering.
24. Nurut marga sir-ing tjipta, djudjugira kang tjeta tjetak tjetik,
niki pungkasane kawruh, kawruhira tyang Buda, lebeting rob
medal tjetak marginipun, wonten tjetik kendelira, medal margi
kalam-wadi.
25. Kentir ing sagara rahmat, kang lantaran m':lrga kalam-molahi,
tumiba ing nikmat laut, kang dasar bumi rahmat, wonten
ngriki budi jasane kadatun, betu'llah raga kang mulja, saking
sabda kun dadosing.
26. Dados wonten tengah djagad, djroning guwa endrakilane estri,
mila djanma keblatipun, ing tengah dj;:tgadira, djagading
wong guwa sir-ing tjiptanipun, ginawa saparanira, langgeng
boten owah gingsir.
27. Pepesten umuring pradja, wus pinasti tan kena owah ging~ir,
tinulis ing lohu'lmahful, bedja tjilakanira, datan kena su-
minggah karseng Hjang Agung, kang kirang setijarira, ku-
rang bedjaning ngaurip.
-77-
28. Purwane keblat sa kawan, wetan kulon elor kidul mungkasi,
wetan wiwitan . sun wudjud, kulon bapa kelonan, aran kidul
wadine wadon dinudul, metengi ana ing tengah, lor lairing
djabang baji.
29. Raga lapisan purnama, senteg pisan tenunan wus nigasi, epur
iku makna djumbuh, sawudjud tegesira, nama madep madep
marang wudjudipun, djumbuh pepak sar wa a na, mengku alam
sahir kabir.
30 Apan tanggale manusa , lairira saking tyang sepuh estri, sareng
tanggal dintenipun, kalawan kadangira, kang neng gaib adine
wuragil iku, kang neng ugarep niku kawah, adine ragil ri-ari.
31. Senteg pisan wus tinigas, panigase baji Ian ari-ari, jogja
kinawruhan iku, dulur kang bareng tanggal, gaibira rumeksa
ing gesangipun, niku kawrube tyang Djawa, Djawi kang aga-
mi Budi.
32. Pengete pandjilma surja, lungguh rupa tjahja palawanganing,
den eling sadajanipun, dalu Ian sijangira, sampun samar re-
rupan sadajanipun, sampun sami atetannja, Ian malih pe-
linging sasi.
33.· Lenggah bumi rahmat mulja, lampahira manut tapsiring ati,
dim eling sadajanipun, surup Ian tanggalira, sampun samar
bijim santki Ian besuk, niku kawruhe tyang Djawa, Djawi kang
agama Budi. ·
34. Kang raga ngibarat palwa, tijangira suksma ingkang bediri,
pandom budi tuduh kawruh, lamun palwa lumampah, salah
pandom wils mesti tjilakanipun, palwa rebah tijang pedjah,
pandom pisah Ian tijanging. ·
35. Milane prajogi mapan, maksih gesang palwa maksih lumaris,
jen tan mapan gesangipun, pedjah malih sageda, netepana
aran kamanusanipun, baita raga wus bubrah, tijange pisah
Ian budi.
36. Punika wastaning sahdat, pisahira suksma kalawan budi,
esah pisah tegesipun, budi niku Dating Hjang, jen \\(us pisah
raga budi karepipun, sajogja santun betu'llah, tijange kabekta
ngalih.
37. Dat sipat kalawan asma, j.Em pisaha raga suksma Ian budi,
-- mretagis kang embuh-embuh, jen tunggal kabesaran, ora su-
rup tanggal 4ng salaminipun, niku dim tjeta waspada, kawruh
Djawa sampurna di. '
38. Apan arale kawula, wadjib wenang aturan lawan Gusti, ijasa
betu'llah baru, ngungkulana kang lama, ·raganing wong ing
betu'llah wastanipun, prau gawejaning Allah, saking sabda
kun dadosing.
- 79-

2. Sastra badan gunggunge neng djiling, wus sun~intjeng djiling


tjengel-ingwang, kang sun-pudji terang djitok, sun-parakke
neng punuk, ingsun-timbang ing salang kalih, pundak pandak
wis tepak, wa1ikane kawruh, sun-deleng siku etangan, adja
tugel radjah djadjah lakon urip, dridji ngiperi djiwa.
3. Suluhana-mrih wruh sipat kalih, dipun tetep mantep ideping-
wang, kang alis alus sebute, gatukena neng batuk, ingkang
mudji Ian kang pinudji, murube lankung eram, Dewa karja
rambut, warata gedene pada, mung bedane lemes memes dadya
wangsit, lemes kasaring tekad.
4. Mider ing rat ngulati l{jang Widi, kepanggihe ngedan njeng-
enjengan, kepatak ing baJung batok, ditjantjang ing tjang-
kemmu, dipun keker karnaku kalih, dimota aneng mata,
sinrung djanur irung, ingembun batuk mbun-mbunan, wus
pinetek ing utek dipun tutupi, ngedan enjeng-enjengan.
5. Murubipun njarambahi diri, ngobahaken saosiking manah, ora
samar paningale, kang bener lawan luput, ingkang ala Ian
ingkang betjik, kang bedja Ian tjilaka, kapriksa sadarum,
pinalangan uwang malang, radjeg untu pager gusi den bagusi,
alam lambe wasena.
6. Ilat dadya lad-aladan angling, midjilira swara saking swarga,
tjetakna tutukna ture, lesena djanggut manggut, swara ala
Ian swara betjik, tjetakena ing tjetak, sadajane wuwus, tem-
pelna kuping pilingan, pipi pinggir djagadira den kaeksi,
djagad nem tenggok tenggak.
7. Kalamendjing rasa mandjing midjil, ingkang midjil rasane
pangutjap, kang mandjing rasa bumine, medalna lurung gu-
rung, gulu ngulu hawane ngurip, jen kepak swarganira, iku
bedja untung, asugih daging dagangan, wus binuntel ing kulit
ginandjel gadjih, sinubal balung kuwat.
8. Tinalenan otot tata wradin, dipun belu wulu rambut kasar,
den betjik ngreksa angangge, sipatira Hjang Agung, saparane
wus den pageri, ing ngarsa dawah dada, sinungsun prembajun,
radjege iga wus lega, wus digapit tjangklakan kalih wus pipit,
kang lempeng lempengira.
9. Lempeng iku lempenge mangreti, ngawruhana kang betjik
kang ala, miwah bener Ian lupute, wawasen mata satu, mata
sidji paningal batin, tenganen aneng tengah, elor leresipun,
tengen tenganen kang terang, aran kiwa raganira iku isi, budi
hawa karepan.
10. Wetengira wet-weten kang' betjik, sumurupa jen bangkekanira,
wudjud makam . kubur bangke; pupusen neng pusermu, bedja
untung darma nglakoni, suksma kang duwe bedja, jen kebak
wadukmu, ingaranan untung bedja, lamun kempong kem-
pungmu igaran rugi; tyasira adja maras.
-78 _ '

J?m tijang bait a Djawa, saged mapan santun betu'llah malih,


kang asal roh lapis bagus, jen palwa tijang Islam, nrimah
ndludjur tengga bangke tijang remuk, gesange kantun pang-
rasa, tanpa nalar kawruh eling.
40. P unika tijang tjilaka, boten saged karja senenging ati, boten
mangan nginum turu, tansah susah asajah, tengga lemah tan
ana wekasanipun, tijang bodo tegesira, kirang setijaring urip.
41. Jen djanma niku matija, 'alam dunja suwung- tan ana djanmi,
jen djanma urip puniku, dunja kebak manusa, pan hmampah
dari anom surup sepuh, ganti roh lapi lapisan, sanadyan suk-
smane djanmi.
42. Jen tekad nasar mbelasar, pan kesasar bendjing kalamun
mati, pesti ndjilma dados satu, nadyan suksmane kewan, la-
mun tekad sumedya sedya ardja ju, mentas saking kerat mla-
r at, saged ndjilma dados djanmi.
43. Mung~l serat Purwakanda pandjenehgan Batara Wisnu Murti,
rikala djumeneng Ratu, wonten Mendangkasapta, sa to wa:na
tanapi sagung lelembut, tjinipta dados manusa, kinarja wadya
Sang Adji. ·
I 44. Lan malih tja ritanira, rikalane luhur-paduka nguni, duk Sri
Palasara mangun, kadaton Gadjahaja, sato wa na t a na pi sa -
gung lelembut, tjinipta dados manusa, kinarja wadya Sang
Adji.
45. Mila gandane manusa, beda-beda ganda satunggil-tunggil, mi-
rit kewan gandanipun, paduka njatakena, karingete mesti beda
ga ndanipun, mirib dateng bangsa kewan, puniku t andane jekti.
46. Mungel sastra Tapak-ejang, sastra Ardja-ajuningrat wasta-
ning, dados saking luhur punuk, rnunggeng rageng-sun wuntat,
lah suwawi paduka-waos Sang Prabu, jen paduka tan sageda,
salamine duduk maling.
47. mBekta raga mata gelap, duk mijarsa ndjetung Sri Narapati,
Sunan Kali sigra mungkur, purak-purak tan wikan , Sri Na-
rendra angandika manis arum, lah mara sira matjaa, sastra
tulise Hjang Widi. ,_
48. Manira ajun mijarsa, sun-mirengne karnaningsun .kekalih,
sastra tulisan Hjang Agung, manira ajun wikan, Sabdapalon
umatur sarwi gumuju, suwawi kamirengna, sun-waose tern-
bung manis.

14. DANDANGGULA
J. Sadajane ingkang' sipat kadim, sastranipun nami sastra Ran-
tjang, arane tjinantjang batos, wudjudipun anglimput, ang-
limputi sipat dumadi, sastranipun tjinantjang, tjinantjang ing
suwung, suwunge ginelar njata, njatanira kang pinudji sipat
urip, amung Dewa Kang Mulja.
-80-

11. Peru perangana krana betjik, tingalana mata tata manah,


genahna kalal;l menange, kang bener Ian kang luput, limpa
ingkang limpad mbeneri, kang kebak kebukira, mangan budi
kawruh, ngretija sugih elingan, lah pususen ususmu Ian ning-
ing ati, ati utusaning Hjang.
12. Pan ingutus rumeksa ing diri, aran manah imanmu kang
genah, genah_na bener lupute, denira perang tjatur, njatur ra-
ganira pribadi, purusmu purunena, kapurunanipun, salat mas-
djidilkareman, tuwuhena ing Mekah sipat rong pulih, djembut
kang djembar nalar.
13. Punukira panakna kang titi, wlikatira walikaning gesang,
tepakmu tepa-tepane, geger ngger-anggeripun, Ian lalaren
lulur kang nggligir, la-ula ulatana, sungsungen sungsumnu,
lambung alam njambung gesang, lali eling urip mati den nas-
titi, gantine alamira. ·
14. Bojok bojongira suksma bendjing, tjetakena tjetak tjetikira,
jen ora tjeta djudjuge, silit-kodok alamu, pramulane buntute
djanmi, rongkang Ian silit-kongkang, iku tegesipun, jen tan
tjeta kawruhira, suksmanira mandjing djubur awor tai, klebu
ndut-belgedaba.
15. Surup djalma dari wudjud pretjil, ngerorig mbrangkang neng
toja djembekan, kalebu naraka uwel, dimangsa ula manuk,
suksmanira katut ing angin, krana duk uripira, ora nedya
weruh, kitab tulisan Pangeran, Tapak-ejang kang dumunung
aneng diri, katungkul resmi bodja.
16. Bokongira kang bakuh ngukuhi, surating Hjang gantungen
gantangan, kaweten lakang pupune, tepongen aneng dengkul,
tjengkalana tjangklakan kalih, gares garising badan, mentol
neng kentjetmu, uripmu cha'ke sapala, tansah singkel mang-
gih siku saben ari, ngadeg neng dalamakan.
17. Kuku kukuhana tulis diri, raga badan rega manut nama, jen
adji luwih adjine, jen murah tanpa tuku, pagerana tekad uta-
mi, weruh betjik Ian ala, weruh bener luput, asiha samamu
djalma, tandanana titi ngreti ngati-ati, iku pagering badan.
18. Tanpa gawe botjah kepi pati, uripira ngadeg' tengah 'alam,
makaman kang sira angge, tegese makam kubur, ija kubur
raganing djanmi, kang nggl:!-wa sir-ing tjipta, guwa sir-ing
kajun, rugi untung bedjanira, pasrahena mring kang karja
pati urip, dawa tjendake juswa.
19. Kawruhana tjekekane diri, gunggungira kalih atus asta, iku
gunggunge balunge, sawengkuh kehing untu, tjatjahira tri
dasa kalih, otot ingkang tumerah, sewu· sangang atus, sangang
dasa langkung tiga, iku nurut sebutan Tadjussalatin, mbuh
bener luputira.
-81-

20. Pramulane wong kang ahli budi, lamun mulat warnae manus~,
sinawang Tapak-ejange, ing kono pan tinemu, wateking wong
kang ala betjik, pinter Ian bodonira, males goroh t jlimut,
tjahja wanda ingkang manah, ora tjidra adate kang uwis-uwis,
diri anggawa gana.
21. Djanma Buda puniki piningit, ora kena ji'm djanma ngutjapna,
amitjara sastra kije, kasiku mring Hjang Agung, pramulane
Wisrawa Resi, medjang Putri Ngalengka, b a k~J putra mantu,
ginoda Hjang Girinata, pa n kagimir Ian bakal mantu karon
sih, lestari dadi garwa.
22. · Apeputra pada sala h warni, wani gampang kitab Tapak-ejang,
mulangke mring wong lijane, karsanira Dewa Gung, kitab
Tapak-ejang nl'mg diri, dl'm anggowa pribadya, tan wenang
memuruk, weruh weruhe pribadya, bisa ngreti ija ngretija
pribadi, tulise wis ginawa.
23. Lamun nedya tetep dadya djanmi, mesti pada kitab Tapak-
ejang, wruha seratan Hjang Manon, karana ungelipun, datan
kenglng kawedal lati, sapa ingkang mijarsa, ngret1 warninipun,
Tapak-ejang munggi'mg badan, nadyan kewan mesti djilma
dados djanmi, mila sinengker Dewa.
24. Pituture Dyq.n Budi Sukardi, sapa djanma bisa matja sastra,
ing kitab Tapak-ejange, andjalma kaping pitu, widji djalma
ja tukul djanmi, kalamun ora bisa, matja sastranipun, Tapak-
ejang munggi'mg badan, surup djalma dari wudjud kewan da-
ging, iku djare Dyan Buda.
25. Kitabipun Radja Pali Nabi, iku ngangge tata kalairan, supaja
mangun pangangge, mungguh ing batinipun, ingkang kangge
marang pepati, wadjib amituruta, kitabe Hjang Agung, Ta-
pak-ejang munggt'mg badan, ingkang a r an sastra Endrapra-
wata di, Ardja Rahajuningrat.
26. Mula kodok iku lamun muni, kang kumrumung blumbang tja-
ket wisma, kena tinundung kadya wong, mangkono saratipun,
diparani dipituturi, kodok sira lungaa, saka nggonmu iku,
ngaliha ing•.toja kana, jfm tan ngalih sesuk kono sun-buwangi,
kupat kang suku papat.
27. Adat kang wis tan kongsi ping kalih, kodok iku wus mesti
jim lunga, nanging genahna prenahe, ing ngendi nggone banju,
adja sija samamu urip, miturut tuturira, Ki Budi guruku, iku
djilmane WQng sasar, ingkang sija sebute maring Hjang Widi,
mati djilma tjantuka.
28 Mula kodok iku lamun muni, pakumpulan an€mg djedjembekan,
ka:fig salah laras unine, dim krojok kantjanipun, ditjokoti
kongsi ngemasi, iku adat tjantuka, mula dipun emut, adja
anggegampang pedjah, apan pada tinitah urip nimg bumi,
dja sija tanpa dosa.
,

-82-

29. Ekul iku. senenge ngliwati, saba toja saparane bisa, tandak
mbadut sabangsane, di'm ukum mring Hjang Agung, kin€m
beksa an€mg djro warih, kodok seneng pudjijan, gumrumung
djro banju, pandjilmane santri sasar, ingkang sija sebute rna- ,,
rang Hjang Widi, djilma kul Ian tjantuka.
30. Walang-kadung pandjilmane kadji, klambi djobah rangkep
kalih pandjang, mustaka bendul destare, ting srentik astani-
pun, kapil mudji angetung bresih, sidakep surawejan, kapil
salatipun, tan dumunung kawruhira, mati sasar djilma dadi
walang-kadji, tuture Raden Buda.
31. Sadurunge bedah Madjapahit, durung ana aran kadung-wa-
lang, anane wuse bedahe, karaton Madjalangu, djanma Djawa
mring Mekah kadji, buwang arane Djawa, ganti-sarak Rasul,
aran djawan Rab iriban, Gusti Allah ngudjudken sesemon
gaib, arane kadung-walang.
32. Kadung-kadung satjiptane sisip, ngrasa bisa nglumpati lautan,
teka paran satjiptane, sareng kinarja mabur, mung satjengkal
datan dumugi, akadung tuna dungkap, gebjur alam laut,
anglangut tanpa wangenan, sareng mentas tukul djilma wa-
lang-kadji, lema kageden pantat.

15. PANGKUR
1. Jen paduka maibena, dateng sastra seratane Hjang Widi,
sinten karja badan iku, sinten kang paring aran, amung Dewa
Kang Agung Kang Maha Luhur, jen paduka mai-bena, tetep
jen paduka kapir.
2. Kapiran seda paduka, tan pratjaja seratane Hjang Widi, la-
wan murtat ing leluhur, luhur Djawi sadaja, pedjah sasar
dados demit lenguk-lenguk, dados setan ing kuburan, grija
risak den tenggani.
3. Jen paduka tan sageda, maos sastra serataning Hjang Widi,
bendjing seda djilma satu, samar pangan.gge lama, lamun
saged maos sastrane Hjang Agung, tan samar pangangge
lama, mangke djanma bendjing djalmi.
4. Kasebut kitab Anbija, pandjenengan Nabi Musa karijin, tijang
pedjah wonten kubur, punika tangi gesi:mg, gesangira gantos
roh ilapis baru, gantos roh lapis lapisan, l:aume salah pang-
reti.
5. Kinira djanma kang modar, kang pinendem djro siti gesang
malih, niku kalentune kawruh, malih ingkang wus kotjap,
djroning kitab Tadjussalatin kawuwus, alame djanma walikan,
wong agung kang kirang budi.
-83-

6. Kang narik sasaring katah, dipun ukum paduka mring Hjang


Widi, Ratu Agung dados semut, nadyan widjiling kumpra, -
lamun t€~kad sumedya nedya rahaju, amulja nglangkungi Ra-
dja, paduka Chlifatu'llahi.

7. Kang panggah kekah kang gagah, anggagahi agami saking


luri, manawi paduka masuk, agami Rasulu'llah, tijang Djawi
wus mesti selam sadarum, mesti sasar pedjahira, dados peksi
dandanggendis. '

16. DANDANGGULA
1. Kamirengna sabdane Hjang Widi, kang lantaran lesaning ku-
kila, asung amangsut arane, peksi darma amuwus, ndawuhaken
sabdane diri, pimget melingi lamat, mring djanma sadarum,
pir:;;akna Ian maknanana, saungele peksi nuturke ngengeti,
duk maksih dadya djanma.

2. Manuk iku manuk kang mangreti, manut dateng sipat kawu-


djudan, nggih Iaire nggih batine, batinira satuhu, anuhoni
sabdaning Widi, wola-wali amulang, walikaning kawruh, si-
nemon tembung_ pralambang, mralambangi manusa kasihing
Widi, sampun pedjah kesasar.

3. Peksi kakaktuwa sampun man~it, ngelmi ekak kang sepuh


pribadya, manut kak luri Iuhure, tuhu parentah tuhu, anu-
honi agami luri, djago kluruk parentah, ngukuhana wuruk,
paksi bubut undang-undang, anjebuta marang asmane Hjang
Widi, manut Iakuning edjam.

4. Paksi tilang djilmane tyang muris, remen njolong sadaja woh-


wohan, tyang tjangkem njonjo Iinombok, peksi · tilang linang-
kung, remen nedi woh lombok tjimpling, unine datan lijan,
muni det det tilung, eiing kala dadya djanma, karjanira nde-
deki metil ·Ian maling, gedang suluh adegan.
"'
5. Paksi tengkek djilmane tyang tani, sugih kebo sapi langkung
katah, akarem karja tetanen, mring Dewa boten emut, dipun
ukum marang Hjang Widi, dadya tengkek kukila, seneng
mlangkring kaju, nginggile kaju gujangan, taksih enget anga-
bani kebo sapi, mungel hikija kija.

6. Paksi ganggong pandjilmane djalmi, lanang wadon aseneng


krawitan, lanang ngrebab wadon ~ggender, kang Ianang ungel-
ipun, engek engek langkung kang estri, den ukum ing Pange-
ran, dados ganggong manuk, enget kala dados djalma, karja-
nira ngrebab ngegong saben ari, ardi Kelut nggenira.
-84-
7. Paksi tombok pandjilmaning djalmi, djaler estri remen lampah
djina; aresmen langkung mestine, kang lanang ungelipun, teja
tjep tjep dene kang estri, kur wok wok ungelira, tjewok ngu-
kur. empiuk, den ukum marang Pangeran, dados peksa sri-
bombok wismeng ing rawi, peksi wudjud pangutjap.
8. Redi Kelut panggenaning paksi, mungel gaga mung satitik
bera, kalawan mungel wal katok, punika djilmanipun, djanma
miskin ingkang madati, pangangge · kari sruwal, bera ragani-
pun, den ukum mring Dewanira, dados peksi wal katok muni
ngakoni, duk maksih dados djalma.
9. Peksi tupuk pandjilmaning djalmi, remen putu boten saged
dadah, wusana pedjah putune, sanget wulangunipun, boten
mupus takdiring Widi, den ukum marang Dewa, dados ble-
ketupuk, wisma wreksa ing astana, lamun dalu mondok ihg
klapa kang inggil, tutur putune pedjah.
10. Tekek iku pandjilmane djalmi, kakek-kakek ing ndjro sepi
sepa, ngandelake keh dinane, ambek tumekek luhur, ora
simpen kawruh samenir, anak putune katah, ora ngreti wuruk,
den ukum marang Pangeran, dados tekek neng gowok mungel
ngakoni, lupute dadya tuwa.
11. Luwak niku pandjilmane djalmi, mbedog ajam Ian njolong
woh-wohan, nandur dewe dilebarke, jen mungel utuk-utuk,
akutuka ajam sun-bukti, seneng mangsa woh-wohan, sregep
nandur ngunduh, sabarang woh kang den pangan, sawidjine
nuli den isingken aglis, tukul saparan-paran.
12. Jen wus tukul awoh den sambangi, pinilihan kang mateng
pinangan, angrusak godong epange, kang mentah datan ajun,
den prih tuwa dadija widji, mila dahat tyang kuna, tanah
Kelut gunung, sirikan mateni luwak, sabab luwak mbabarke
bibit wit kuldi, ing wana desa arga.
13. Mandar luwak kuwuk den pepetri, dislameti ing samasa-masa,
luwak kuwuk dimemule, krana pangananipun, awit lair prap-
teng ngemasi, wit kuldi weton wana, luwak kang anandur,
dimangsa sabarang djalma, luwak kuwuk,_ suka lila lair batin,
tyasira tan ngresula.
14. Mirsa adat djanma Kelut ardi, jen angrungu luwak kuwuk
munja, kang nangis tjaket wismane, Ian muni utuk-utuk, den
parani den pituturi, luwak kuwuk lungaa, ing alas sabamu,
jwa mangan ajam tanduran, besuk kowe jen sunat utawa rabi,
sun-sumbang godong gedang. '
15. Adat kang wis Iunga ora bali, salawase nanging saratira, pa-
ger barang manut P<;>djok, den pendemana iku, tjipir garing
sapodjok kalih, den tjublesa dom wadja, njubles mbengok
muwus, luwak kuwuk tingalana, matanira bapak bijungmu
puniki, sun-pendem podjok dadah.
-85-
16. Adat luwak kalih adat djalmi, salerese sae adat luwak, sregep
nandur panganing wong, lila anrus ing kalbu, boten mawi
ngutjap ngrasani, lamun adat-kawula, ngepluk jE'm nenandur,
djalukan tanpa wewehan; muris dremis asap asil angger olih,
murih agenging pantat.

17. PANGKUR
1. Angandika Sri Narendra, dene sira iku tan nganggo · ganti,
makam kubur raga baru, Sabdapalon turira, ulun-tjampur
wadag lawan alusipun, wus djumbuh wudjud satunggal, inggih
nglebet inggih djawi.
2. Langkang sakadjeng-kawula, 'alam wudjud saged sami saniki,
lamun kula nedya wudjud, nggih niki wudjud-kula, lamun
ngadam sapunika itjalipun, saged murtja pada ana, anane
sami saniki.
3. Raga-ulun sipating Hjang, pan sakodjur darbe aran pribadi,
suwawi paduka-dumuk, paduka-wastanana, ingkang pundi
Palonsabda wudjudipun, anglela ampunga padang, padange
wus tan kaeksi.
4. Wudjude Ki Palonsabda, asma nglimput anjarambahi diri,
boten anom boten sepuh, tan pedjah boten gesang, gesangira
anglimput djro patinipun, patine nglimput djro pedjah, lang-
geng samar salamining.
5. Tan samar kalingan padang, boten melik rasane lesan diri,
rasane kelingan kawruh, sun-teda saben dina, jen wus sugih
kelingan mring wign.janipun, rasane kamuljan badan, jekti
angsal langkung manis.

18. DANDANGGULA
1. Kula niki boten saged mikir, temen-temen kula anak dalang,
rama ibu pandjak karo, tegese dalang iku, adjalipun tyang
ilang mati, tegese anak pandjak, rama lawan ibu, apan sare
ngadja-adjak,1 sami ngadu ashadu ala karon sih, kalimah buda
sadat.
2. Pudji-kula kang medal ing lati, langkung saru kamireng ing
katah, sinden tandak daru demble, dar wudar tegesipun, eru
ruwet sangrit arungsit, demble dados satunggal, jen sampun
sumurup, tepunge sarak sarengat, Ian kakekat makripat sam-
pun sajekti, fnudji date pribadya.
3. Wus tjek kije mendol-mendol nedi, woh wit budi sami ka-
elingan, woh kawruh ing kawignjane, bagawan dang dung
dang tuk, likak-likukipun mangreti, kawula ngrasa bisa, beksa
gending angkruk, mangkruk-mangkruk salat kadjat, daru
demble neng dada estri karon sih, krasa ngrasa rumasa.
86-
4. Krasanipun dumunung neng diri, pangrasane dumunung neng
manah, kang rumasa kelingane, ngelmune wus katemu, ngel-
mu rasa ingkang sadjati, sadja:tine kamuljan, awal akiripun,
awal akir· lawas, awal akir kalenggahan sapuniki, salah sadat
sampurna.
5. Ran sarengat ndjengat lamung guling, ran tarekat taren rna-
rang garwa, kakekat pada karepe, makripat wruh sumurup,
sarak sarat alaki rabi, ingidt'm jajah rena, kapindo ing Ratu,
ping tiga saksi sesama, mrih rahaju alaki rabi karon sih, nga-
du ashadu ala.
6. Jen tyang djaler sarengat wadosing, jen tyang estri wadose
sarengat, jen boten mangap estrine, ngelmu boten katemu,
boten buda selam Ian kapir, boten ashadu ala, kalimahe wu-
rung, tangeh wruh rasa kang mulja, kang sinimpen djro mle-
kah sipat rong pulih, djegur tanpa lawanan.
7. Sarak niku isarating urip, nampik milih nggaota istijar, sa-
rengat sesaringane, kawruh kang agal alus, tarekate kang
nimbang nanting, bener lan luputira, kakekate wudjud ka-
repe suksma, kang ngobahke ngosikken Rahaden Budi, wikan
tan kasamaran.
8. Ingkang aran sarengat puniki, patemone badan lawan lesan,
tarekat iku temone, lesan kalawan kajun, kang kakekat iku
nemoni, ati lawan rohira, makripat puniku, temone roh Ian
datira, aran sarak sarate manusa urip, kodjah akal setijar.
9. Tyang kang salat djugkar-djungkir dikir, nang enang tir ko-
lek ing sar€mgat, boten wikan tarekate, kakekate tan pangguh,
makripate tanpa ningali, kalingan ing sakarat, sarat sarak
Rasul, nggega rembuge tyang 'Arab, sakeh umuk tinumpuk
dipun sugkemi, kolek nglangi ing darat.
10. Kolek silem kotak kubur bumi, wus tinampik marang De-
wanira, wajang sija mring kelire, wadjibe wajang iku, boten
k€mging pisah Ian kelir, jen sae wajangira, neng kelir pinang-
gung, jen awon nggletak nE'mg kotal{, salaJUine tan mijat blen-
tjong Ian kelir, nilm wajang tjilaka.
11. Widji awon tan den tanem malih, sirna luluh pinangan ing
lawas, sirna urip djro patine, puniku dipun emut, sampun sija-
sija mring diri, paduka darma nganggja, jasane Dewa Gung,
wudjud wudjude pribadya, lamun risak inggih risake pribadi,
atas saking karsEmg Hjang. '
12. Pudjining wong kang medal ing lati, jen tan wikan maksude
mring badan, angawur-awur sebute, sebut angawut-awut, ta-
wang tuwang katut ing angin, tan teka tan katrima, tambah
manggih bendu, lesan ijasaning Dewa, lawang swarga binukak
kinarja mudji, mring Dewa sija-sija.
- 87 -
13. Sinten tijang mudji nebut nami, jim tan wikan maksude mring
badan tinetepake kapire sinten tyang nembah nebut, sipat
wudjud katon ing lair, sami nembah brahala, pedjahipun ke-
rup, niku dt'm tjeta waslada, dumununge kang mudji Ian kang
punudji, tegese pada ana.
14. Kula niki tanpa njebut mudji, mung ngawruhi kahanane ba-
dan, wit suwung wonten wudjude, wudjud wangsule suwung,
,sastranipun kawula-titi, njatane gegaduhan, sipate Hjang
Agung, sampun ngantos kasamaran, sangkan paran kesah
mantuk surup diri, t'mget alame lama.
15. Kotjap Kadis durjat suksma djanmi, asalipun saking sulbi
Adam, wangsula sulbi Adame, dadosa tapelipun, wonten te-
ngah suwarga nguni, samangkja tapel risak, gantos tapel
baru, wontena tengah suwarga, mlampah terus surup tuwa
anom dari, gantos roh lapis enggal.
16. Lamun suksma wisma djroning siti, anenggani gaduhan wis
risak, wus wangsul dateng adjale, suksmane boten wangsul,
dateng sulbi Adame malih, niku suksma tjilaka, ndludjurnt'mg
djro kubur, kirang kawruh kaengetan, saking bodo gesange lir
kebo sapi, nggt'mipun saba dunja.
17. Raga tuwa suksma muda bresih, suksma muda nemuwa ka-
muljan, suksma: sepuh dtm sepuhke, dimt'me anom bagus, jen
wus anom dinami malih, kawignjan kaprawiran, langkunga
kang sampun, manut sarak luri Radja, sampun supe tata pra-
dja adat djinis, sampun gondjing ing manah.
18. Gondjang-gandjing kagok lara-nangis, suksma-ilang djati-
kendang ngadang, angrawa nunut lampahe, bojong mring
kuwung-kuwung, rangu-rangu neng gunung-sari, sari-rasa
kang mulja, gambir-sawitipun, tjara-balene wangsulna, patjul-
gowang klentung kentul wutuh malih, ganteng sekare tedja.
19. Sekar-gadung lingko-lingko kawit, glejar-glejor nut budjang-
geleman, dilobong ing andong-andong, ganda-rija tuk-koluk,
ela-elo djingga kalongking, lambang-sarine kurang, tokle ru-
djak-sentul, kidung-kidung manis-ladrang, eling-eling jak-
ajakan tjin'gtjing-goling, la-ela sekar-gajam.
20. Sinandunging dengklung mas ginondjing, tjina-nagih gondjing
sumjar-sumjar, djangkrik 7genggong tjeleng-mogok, srundeng-
gosonge mawur eling oleh ketawang bumi, gambuh angem-
bang-mara, wani-wani lawung geger-sore· matjan-galak, gero
rembang gl':.:gak-setra bango-mati, dendang rimonre ilang.
21. Mas salatun ka nti arum manis, sekar-lempang pudjine tjlun-
tangan wus gedog gandrung-manise, babad-kentjenge tlutur,
dak-kandani ki djangkung-koning, kutut-manggung kaloran,
djrone petung-wuluh, elok angkol anglengkara, babon-angrem
debleng-debleng use urip, dolor wudjud kriwilan.
· - 8B-
22. Daru-demble r.a dim sawung-galing, ora kelek ing sarak sare-
ngat, wus angleng loro-lorone, dang-dung-dang-tuke gatuk,
likak-likukira wus ngreti, doblang kaonang-onang, besa re-
meng angkruk, ritjik-ritjik asrunenan, wus saendra pudjine
wong ahli budi, lere-lere slobogan.
23. Dipun tjeta ndjudjug tjetak tjetik, angentira ing sagara rah-
mat, anglambang-sari lampahe, ambjur ing nikmat laut, dasar
bumi rasa mulja di, ing kono tengah djagad, purwakane wu-
djud, aneng guwa endrakila, rangu-rangu lmpan-kapan baja
midjil, metu lawang kaloran.
24. Sasi surup amesti dadari, saking wetan weruha wiwitan, kulon
kelonan purwane, kidul wadi dinudul, ametenga tengahe
swargi, elor laire botjah, purnamane wudjud, senteg pi:;;an wus
tinigas, wis amengku alam sahir alam kabir, rineksa Raden
Buda.

19. PANGKUR
1. Angandika Sri Narendra, ana ngendi dununge Raden Budi,
Ki Sabdapalon umatur, tan tebih boten tjelak, nggih paduka
tulada wajanganipun, wudjude Rahaden Buda, ingaken sarira
tung gil.
2. Dat sipat kalawan asma, niku sareng tumindakipun katri, bo-
ten pisah boten kumpul, langkung karsa paduka, amastani
paduka wus Ratu Agung, masa ta kekilapana, atur-kawula
puniki.
3. Kapan enget budinira, jekti obah apa karepe urip, badane
darma lumaku, ing tata kalairan, angupados woh kuldi wa-
wratanipun, baita raga betu'llah, jasane Rahaden Budi.
4. Mintane Latawalhudjwa, bab agami den bagi tri prakawis,
woh wit budi kang rumuhun, woh kawruh kalihira, woh wit
kuldi punika ping tiganipun, woh budi nami kelingan, woh
kawruh wignja mangreti.
5. Woh wit kuldi niku pangan, jim tyang Djawi tedine woh wit
budi, tyang Hindi nedi woh kawruh, woh 1\'uldi tijang 'Arab,
trimah sugih dagangan daging alemu, sadijan pakane rajap,
kawruhe tan dados widji.
6. Kang neda woh kawruh wreksa, anjungkemi agama srana
srani, njebut 'Isa Rohu'llahu, mangeran ing kawignjan, angger
wignja djadjah katah nalar kawruh, tanpa tjegah mangan
nendra, mung ngawruhi bener sisip.
7. Kang nedi woh kuldi wreksa, anjungkemi agamine Djeng Nabi,
Muchammad Rasulu'llahu, mangeran sandang pangan, sebut-
ipun Muchammad Rasulu'llahu, angawruhi batal karam, sarak
sirik mekruh nadjis.
-89-

8. Angandika Sri Nar{mdra, jen mangkono sira pinasti kapir, Ki


Sabdapalon umatur, kula kapir punapa, tyang netepi agami
betuwah luhur, kang tetep kapir paduka, ambutjal agami Budi.
9. Nami djawan Rab iriban, boten nami Djawa Djawi mangreti,
mangreti ing agal alus, ambutjal nami Djawa, jekti risak wa-
ngun sarta tekadipun, pesti apes gesangira, agamine k'rang
murni.
10. Angandika Sri Narendra, apa sira ora manut ing mami, Ki
Sabdapalon umatur, manut jim adat lama, lamun ngangge aga-
mi enggal tan manut, sababe paduka gantya, agami tan antuk
mami.
11. Napa . paduka kilapan, nami-kula Ki Sabdapalon nild, tegese
sabda pamuwus, palon pikukuh kandang, nami Naja iku ulat
tegesipun, genggong langgeng boten ewah, sautjap-kula pu-
niki.
12. Kenging kinarja pikekah, dados ulat pasemon tanah Djawi,
langgeng ing salaminipun, Sang Prabu angandika, kaja prije
rehning saiki kebandjur, sun masuk agama selam, sineksenan
Ian si Sahit.
13. Tan kena mangsuli sabda, ingsun wirang ginuju bumi langit,
Ki Sabdapalon umatur, paduka lempahana, nalar niku kulo
boten tumut-tumut, Sunan Kali aturira, duh pukulun Sang
Narpati.
14. Apaben Ian panakawan, tanpa darnel mindak ngribedi gaiih,
paduka wus karsa masuk, agama Rasuiu'llah, sutji mulja ka-
timbang Ian sanesipun, manawi tyas nggalih uwas, kang tirta
bedji puniki.
15. Kawuia darnel pratanda, uiun-tjipta jen toja dados wangi, ale-
res agami 'Arbun, jen toja taksih tawa, inggih leres agami
Buda pukulun, kang toja sigra tjinipta, dateng Kangdjeng
Sunan Kali.
16. Sakala kang tirta dadya, sendang arum ganda arum awangi,
Djeng SunaF1 Kali umatur, punika Sri Narendra, pratandane
aleres agami 'Arbun, Sabdapalon aturira, punika Sri Nara-
pati.
17. Inggih kasekten punapa, kasektene ujuh-kula duk wingi, den
pamerake maring sun, jen kula timbangana, kapilare mungsuh .
ujuh wingi dalu, kawula rebat punapa, paduka wus klodjok
djandji.
18. Sampun karsa dados djawan, Rab iriban angagem mata kalih,
remen manut nunut-nunut, tanpa darnel sun-monga, djawan
niku wudjud pantun pinda ketun, kapiran tan bisa dadya,
mung djagi pakan gelatik.
-90-
19. Tanpa darnel ingsun-monga, sabab ngagem pikekah mata ka-
lih,, amata Djawi lan 'Arbun, Radja ngalap do b~kad, jekti
risak adil miwah kukumipun, sirna Radja radjinira, kegiwang
mikurang isin.
20. Kirang nedi uwohira, kadjeng kawruh kalawan kadjeng budi,
kang kirang nedi woh kawruh, jekti kirang kawignjan, ingkang
kirang nedi woh wit budinipun, sajekti kirang kelingan, ge-
sang kadya kebo sapi.
21. Tanpa darnel kekerengan, mengsah lare lair dek wau endjing,
jen kula nedya amungsuh, ngedalken kaprawiran, bedji niki
sun-entut sapisan arus, saidere rolas epal, sitine sadaja
batjin.
22. J~ paduka tan pratjaja, kang kasebut pikukuh buku Djawi,
Manik Maja wastanipun, kang jasa kawah nraka, inggih
wonten nginggile redi Mahmeru, sadaja punika kula, adi Guru
kang ngideni.
23. Ing wektu masa punika, tanah Djawi sitine gondjang-gandjing,
saking agengipun latu, kang wonten dasar kisma, redi-redi
sun-entuti putjakipun, djemblong dados bosan brama, mantun
gojang tanah Djawi.
24. Mila arga tanah Djawa, ingkang inggil putjake medal api,
wonten kawah tlaganipun, toja wedang Ian tawa, inggih kula
kang ijasa waunipun, samangkja maksih wudjudnja, padu'ka
\ njatakna mangkin.
25. Atas karsanira Lata, - walhudjwa kang akarja bumi langit,
lah punapa tjatjadipun, inggih agami Buda, matjung dewe
mring Dewa Gung Maha Agung, lah paduka jektosana, jen
paduka sampun ganti.
26. Aganti agama Buda, jekti apes turun paduka bendjing, sabab
kantun djawan-nipun, Djawa Djawine itjal, remen nurut rna-
nut bangsa sanesipun, wus mesti bendjing kebawah, mring
wong Djawa Djawi ngreti.
27. Paduka kasmaran sadat, kenging budjuk kuljahuli idjadjil,
wuru bendune alkamdu, paduka raosena, mesti tobat wonten
Ii:ubur lenguk-lenguk, sami surup boten tanggal, widji bungker
boten tiki!.
28 Wus tinampik marang Dewa, tinanema tukule djawan mriji,
mung dados pakane manuk, tanpa darnel sun-monga, djawan
niku wudjud pantun minda ketun, mung dados pakane djaran,
den adjar ing lijan djinis.
29. Anjebut lapal ilalah, iki ala salah meksa pinudji, jen salah
tan kenging wangsul, pesti tampi ukuman, dipun tjantjang
wonten kubur lenguk-lenguk, tan wonten wekasanira, dados
demit tengga siti.
- 91 -

30. Sabab paduka kang lepat, gesang trima nembah sela Ian siti,
bengak-bengok endjing surup, angadeg tjelumikan, sija-sija dat
sipatira Hjang Agung, wus mesti tinetepena, putusan ponis
Betawi.
31. Lan paduka jektosana, Mndjing owah hawane tanah Djawi,
tambah panas suda djawuh, suda asile kisma,j kadya Mekah
sabab agama kang dinut, tyas djanma maro mratiga, ming-
grang-minggring mring pepati.
32. Ngelmine kalingan sarat, dados blero angangge tata kalih, ka-
tah dora djamanipun, kendel nista supata, masa rolas tan
kenging kinarja baku, keh tjidra kang para djanma, karja ke-
wrane pra Adji.
33. Awit ing dinten punika, karsaning Hjang djawahing tanah
Djawi, ing saben sadasa windu, sinuda wolung dina, kang su-
padya dadosa ukumanipun, tyang Djawi ganti agama, atilar
agama luri.
34. Bendjing jen sampun mratobat, sami enget agama Buda Budi,
Ian purun nedi woh kawruh, Dewa paring ngapura, wangsul
kadya djaman Buda djawuhipun, lah paduka jektosana, awit
ing dinten puniki.
35. Sang Prabu mjarsa turira, Kjai Sabdapalon amaranani, kedu-
wung sadjroning kalbu, denira karsa tilar, sarak Buda aganti
agama Rasul, kewran ing tyas Sri Narendra, andjetung dangu
tan angling.
36. Wusana arum ngandika, mula ingsun masuk agama Nabi,
Muchammad Rasulu'llahu, kodjahe Putri Tjempa, kabeh umat
Muchammad Mndjing jen lampus, nugraha sih-ing Pangeran,·
swargane ngungkuli kapir.
37. Paduka nurut wanudya, mila katah Ratu Gung nguni-uni,· den
ukum dateng Hjang Agung, Adam Nabi Suleman, Angling-
darma Resi Balhum Watugunung, pra samja manggih tjilaka,
nuruti rembuge estri.
38. Ing buku-buku wus kotjap, lamun kakung nurut maring djan-
mestri, wus mesti tjilakanipun, tangeh manggih rahardja,
sabab estri niku uwong aranipun, ngelowong mung dadya wa-
dah, tan wenang murwani budi.
39. Paduka melik gandjaran, swarga kerat puniku aniwasi, tijang
kerat swar$anipun, mung sakati sadina, tanpa ulam sambel
djangan datang sinung, kerat nggene tyang malarat, boten
tegil sabin.
40. Paduka ngentosi bendjang, Mndjang napa paduka-antos malih,
windu nenem taun wolu, masa wulane rolas, dinten pitu pe-
kenan gangsal puniku, miwah wuku tigang dasa, djam rolas
wangsul satunggil.
/
-92 -

41. Kalenggahan sapunika, lepat mangke ing bendjang inggih si-


sip, putra wajah run-tumurun, nami djawan sadaja, djawan
niku wudjud suket pinda pantun, sadijan pakanan djaran, d€m
adjar ing lija djinis.
42. Jim nakal djawal d€m penal, dipun butjal ing kerat nusa Sreng-
gi, Ambon Banda lan Menadu, ingkang setya ing Radja, kina -
lungan gobog djene perak prunggu, pinaringan blandja arta,
paduka jektosi bendjing.
43. Ngentosi dinten ing ngarsa, dinten ngarsa saniki wus kawing-
king, ngentosi dinten ing pungkur, sampun kladjeng n(mg
ngarsa, sareng puter lampahe djagad tan ketung, j€m djagad
lair gumelar, manusane .nggih lumaris.
44. Bedane buda kapir slam, sipat prija nggih buda selam kapir,
sipat djanma estri kupur, wadosipun wanita, inggih niku wu-
djude sipat rong puluh, erong erong tegesira, puluh niku mak-
na pulih.
45. Saben Nesmen kakung wuda, nesel alam kapir wadose estri,
estri kawon angaken pur, kaget Nata mijarsa, de wredine buda
islam kapir kupur, sipat rong puluh wudjudnja, andjetung
dangu tan angling.
46. Ginagas djroning wardaja, wus rumasa luputira Sang Adji,
denira tan arsa nantun, sadurunge tumindak, dasih kalih pu-
saka betuwah luhur, wusana arum ngandika, wus takdirira
Hjang Widi. ~

47. Sun masuk agama Islam, Sabdapalon sendu dennja nauri,


padune anggebjur laut, muwus mring takdiring Hjang, kirang
budi nalar kawruhipun, wus salah muwus dilalah, takdiru'llah
disungkemi.
49. Takdir lair kabatinan, niku sareng tumindakipun kalih, lamun
lepat lairipun, takdir batine lepat, leres batin laire inggih ra-
haju, takdir kang dereng dumawah, wadjib wenang njetijari.
50. Takdir kang sampun dumawah, lare alit niku saged mastani,
jen wus takdiring Hjang Agung, niku pabene botjah, mung
paduka Ratu Agung ngguru ujuh, tan lingsem ginuju djagad,
tanda Ratu kirang budi.
51. Mendeta misil Ian tepa, tjrita-kula buku sabrang lan Djawi
tan wonten sebutanipun, Ratu Gung ngguru botjah, mung pa-
duka Ratu Agung ngguru ujuh, niku ran waiik buwana, sung-
sang dinukan mring Widi.
52. Pinundut kraton-paduka, sabab lepat mbutjal agami luri, tan
memule ing leluhur, luhur Djawi sadaja, amemule kang para
ageng ing 'Arbun, paduka dede tyang 'Arab, memule dateng
tyang 'Arbi.
-93-

53. Luhur-paduka sadaja, kang wus surud tan wonten paring idi,
nurut garwa ngguru ujuh, narik sasaring katah, dipun ukum
paduka dateng Hjang Agung, putra · ngandap anaap-andap,
ngrebat pradja amrih pati.
54. Punika dedukaning Hjang, kang dumawah paduka ing sa-
mangkin, Sang Prabu duk mjarsa wuwus, ature Palonsabda,
angles ing tyas saha mupus djroning kalbu, kedudon wus ka-
lampapan, wusana ngandika aris.
55. Tan wis jen sira-wuwusa, balik mangke sira kang ingsun-tari,
kang dadi kekentjenganmu, miwah beneranira, rehning uwis
kebandjur ngandikaningsun, sun masuk agama Islam, sinek-
senan Ian si Sahit.
56. Tan kena mangsuli sabda, ingsun wirang ginuju bumi langit,
I\:i Sabdapalon umatur, paduka lampahana, kula pamit kesah
ing sapurug-purug, Sri Narendra angandika, sira lunga rna-
ring ngendi.
57. Sabdapalon aturira, datan kesah amanggen wonten ngriki,
mung netepi nami ulun, nami Ki Lurah Semar, kula nglimput
saliring samar kang wudjud, anglela ampungan padang, den
enget Sang Nata bendjing.
58. Jen wonten manusa Djawa, Djawi angangge mata sidji, nami
sepuh gaman kawruh, niku momongan-kula, tijang djawan
sun-wruhke bener Ian luput, sigra tedak Sri Narendra, arsa
ngrangkul den inggati.
59. Palonsabda Genggongnaja, samja musna kadung Sri Narapati,
kalangkung pangungunipun, ndjetung anenggak waspa, angan-
dika he Sahit kawruhanamu, ing besuk nagri Blambangan,
aran nagri Banjuwangi.
60. Ja iku tengeranira, Najagenggong bali mring tanah Djawi,
anggawa momonganipun, mata sidji kang wignja, wani lung-
gull andjadjari maring ingsun, tan wruh asal sobat kenai, jen
nakal binuwang tebih.
61. Tyasira angkara murka, kumet lorna krenah pitenah dadi, dana
kawruh dana laku, mrih ardja tanah Djawa, Sabdapalon isih
ana sabrang nglimput, tengerane iki sendang, banjune jen
mari wangi.
62. Wong Djawa ganti agama, akeh tinggal agama Islam bendjing,
aganti agama kawruh, Sunan Kali turira, jen makaten uta-
minira Sang Prabu, kawula prajogi mbekta, toja wangi sen-
dang niki.
-94 -

63. Sunan Kali sigra karja, bumbung kalih pring Djawa kang
wus garing, tigang eros pandjangipun, kalih ngisiman toja,
ingkang sidji ingisiman banju arum, ingkang sidji tuja tawa,
tinutup ron pandan sili.
64. Sabat kalih kinen mbekta, sidji sadat ambekta bumbung sidji,
sigra sareng angkatipun, saking ing sendang wangja, Sri Na-
rendra ingkang tumindak ing ngajun, Sunan Kali munggimg
tengah, sakabat kalih kang ngiring.
65. Tjinarita tigang dina, Sri Narendra kalawan Sunan Kali ,
denira arebut kawruh, aneng nggen sendang wangja, wus
mangkana sigra ladjeng Iampahipun, kalangkung rekasanira,
aremben dennja lumaris.
66. Kedalon wonten ing marga, Sumberwaru njare Sri Narapati
endjing binukak kang bambung, ginanda kandanira, maksih
dadi gandane kang wau-wau, ladjeng findake Sang Nata, ing
marga datan winarni.
67 Surup prapta Panarukan, Sri Narendra njare ngrilm saratri,
endjing binukak kang bumbung, ginanda gadanira, datan
owah kadi gandane kang wau, ladjeng tindake Sang Nata, su-
rup prapta ing Basuki.
68. Njare sedalu Sang Nata, sareng endjing toja kapriksa malih,
ginanda kang toja arum, gandane tambah ngambar, sarga la-
djeng tindakira Sangha Prabu, surup prapta Prabalingga,
kendel anjare sewengi.
69. Endjing kang toja kapriksa, bumbung toja tawa kapriksa kri-
jin, datan ewah gandanipun, miwah reose toja, nanging muruh
gandane untuke arum, nanging kang toja meh telas, den inurn·
samargi-margi.
70. Kang toja arum kapriksa, dipun ganda gandane benger batjin,
aor anta raosipun, ingkang toja binuwang, Sri Narendra
angandika manis arum·, heh ta Sahit wruhanira, nagri Pra-
balingga bendjing. ·
71. Loro arane nagara, ija Prabalingga ing Bangerwarih, ing ke-
ne manggone besuk, kumpulan kabeh bangsa, ing Hindija de-
nira marsudi kwruh, kawignjan ing kalairan, denira marsudi
budi.
72. ngGone adjar dadi Djawa, Djawa Djawi mangreti mata sidji,
jen wis sidji matanipun, kabeh manusa Djawa, pada eling aga
rna budi lan kawruh, tegesira Prabalingga, 'Prabawanira wong
Djawi.
73. Kalingan loke prabawa, sarak Rasul kanggo wong tanah Dja-
wi, iku patang atus taun, patang karaton Djawa, ndugkap
limang karaton agama santun, agama kawruh kang kanggja,
tandane gandane warih.
- 95 -

74. Arume mung patang gina, ndugkap limang dina gandane ba-
tjin, wus pinasti ing Hjang Agung, tyasingsun nunut tangga,
demen nurut manut bangsa lijanipun, sun masuk agama 'Arab,
atinggal agama Budi.
75. Ladjeng tindake Sang Nata, sapta ari rawuh ing Ngampelga-
ding Njai Ageng Ngampel metuk angaras pada, sarwi muwus
katah-katah sambatipun, Sri Narendra angandika, wus mene-
nga anak-mami.
76. Mupusa wis karsa Allah, sira ingsun urip darma nglakoni, wis
tinulis lohu'lmahful, bedja tjilakanira, datan kena · sunmiggah
karseng Hjang Agung, nging wadjib manusa gesang, asarat
brangta ing ngelmi.

20. ASI\IARADAN A
1. Njai Ageng Ngampelgading; matur mring Djeng Sri Naren-
dra, ngaturaken saature, kang wajah Sultan Bintara, kadya
kasebut ngarsa, angandika Sangha Prabu, lah ta sira timbala-
na.
2. Si Patah ing ngarsa-mami, Njai Ageng karja surat, sampun
lumampah dutane, ing marga datan winarna, prapta nagara
Demak, surat katur ing Sang Prabu, winatja sinuksm€mg
drija.
3. Sigra undang Sri Bupati, budal marang Ngampeldenta, ja ta
genti winiraos, Raha,den Bondankadjawan, ing Tarub mjarsa
warta, jen nagara Madjalangu, binedah Dipati Demak.
4. Kang Rama Sri Narapati, lolos saking djroning pura, datan
kantenan dununge, kalangkung marmaning drija, Raden
Bondankadjawan, sigra maring Ngadjalangu, sungkawa
namur lampahnja.
5. Sapraptane Madjapahit, ora tjidra kang pawarta, ing Madja-
lengka bedahe, ngupaja warta tan angsal, dununge ingkang
rama, sigra 1adjeng lampahipun, mring nagara Surabaja.
6. Sapraptane Surawesti, Rahaden Bondankadjawan, amijarsa
pawartane, kang rama Sri Naranata, rawuh ing Ngampeldenta,
nanging ing sarawuhipun, ing Ngampel anandang gerah.
7 . . Sigra sowan. saos bekti, kang rama alon ngandika, sapa ta
bekti maringong, Rahaden matur pranata, ulun putra-paduka,
Bondankadjawan ing Tarub, rinangkul lungajanira.
8. Sangsaja amarepaki, gerahe Sri Naranata, wus ngrasa prata
takdire, ing pupute juswanira, alon d€mnja ngandika, heh Sahit
pareka ingsun, sun arsa prapta antaka.
/

-96-
9. Sira a karjaa t ulis, mring Pengging Ian Pranaraga, dim age
suntandanane, narimaa· wus karsi'mg Hjang, bedahe Madja-
lengka, adja ngrebut ing kaprabun, aprang karja rudahing rat.
10. Ngemana rusaking dasih, sebaa marang ing Demak, den rukun
sapungkur-ingong, sapa awit gawe ala, sun-pinta ing Suk-
smana, apesa ing judanipun, Sunan Kali sigra njurat.
11. Wus dadya dipun tandani, tapa asta Sri Narendra, wus
, lumampah t jarakane, Sri Narendra angandika, Sahit sapung-
kuringwang, den bisa momong sireku, marang anak putuning-
wang.
12. Ingsun titip botja h iki, saturune sira-monga, manawa ana
bedjane, iki kang nurunke bendjang, ladjere tanah Djawa,
lawan malih weka singsun, jen ingsun prapta antaka.
13. Sarekna ing Madjapahit, salor-wetane saga ran arana na ku-
buringong, ing astana Sastrawulan, lawan sira-suwurna , kang
sinare aneng ngriku, jaji Radjaputri Tjempa .
14. Lawan ma lih wekas-mami, anak putuningsun bendjang, dja
kawin lijan djinise, adja gawe senapatya, ing prang kang se-
dje bangsa, Djeng Sunan Kali umatur, punapa paduka Nata.
15. Boten paring dawuh idi, ing putra-paduka Nata, Sultan Demak
djumenenge, Narendra ing tanah Djawa, Sang Prabu angan-
dika, ija sun-ideni iku, kandeg t elung pandjenengan.
16. Umatur Djeng Sunan Kali, dawu.h-paduka punika, ulun nju-
wun mangretose, Sri Narendra angandika, tegese Sastrawulan,
sastra tulis tegesipun, wulan iku damar djagad.
17. Tulisira kubur-mami, pan amung gebjaring wulan, jen isih
a na gegebjare, ing wulan dina ing wuntat, wong Djawa pada
wignja, lamun Islam sedaningsun, muiane kon sun njuwurna.
18. Astanane jaji Dewi, Sang Radjaputri ing Tjempa, ingsun wus
den wadonake, si Patah tan nganggep pr~ia, jen ngrasa duwe
bapa, lanang dadi Ratu Agung, tan mangkono sijanira.
19. Muiane ingsun mangeni, turun telu idiningwang, si Patah telu
widjine, Djawa Tjina Ian Raseksa, mula kolu ing bapa, arusuh
ing tekadipun, muiane ingsun mitungkas.
20. Adja kawin lija djinis, ing sadjroning sih'-sinihan, ngobahake
agamane, ngapesake uripira, muiane sun mitungkas, adja lija
bangsanipun, gawe senapati perang.
21. Ngentengke sinira Gusti, ing sadjroning mangun juda, amaro
tjipta tekade, wus telas pituturingwang, patjaken ana surat,
wusnja telas dawuhipun, asta sidakep pribadya.

-91-
22. Wus surudi Sri Narapati, samja mituhu pitungkas, ing Ma -
djalengka sinare, ing astana Sastrawulan, katlah prapta sa-
mangkja, kang mashur sinare ngriku, Sang Radjaputri ing
Tjempa.
23. Dene Putri Tjempa jekti, sedane ana ing Tuban, Karang Ku-
muning sinare, ingkang aneng Madjalengka, iku astananira,
Ratu Agung Madjalangu, Maha Prabu Brawidjaja.
24. Awatara tigang ari, praptane Sultan Bintara, ladjeng panggih
Ian ejange, kang ejang alon ngandika, putu wus bedjanira,
ora menangi ramamu, tan kongsi ngabekti sira.
25. Tan kongsi anjuwun idin, tetepmu dadi Narendra, lawan nju-
wun ngapurane, kabeh kaluputanira, kang uwis kalampahan,
Sultan Demak muwusipun, napa malih winitjara.
26. Sawusira pitung ari, sigra kondur Sultan Demak, sareng la-
wan Sunan Lepen, ing marga datang winarna, prapta, nagari
Demak, ladjeng ngadaton, Sang Prabu, ja ta ganti winuwusa.
27. Andajaningrat ing Pengging, Ian Dipati Pranaraga, sira Sang
Batara Katong, sampun amijarsa warta, _Adipati ing Demak,
ambedah ing Madjalangu, sinamur sowan rijaja.
28. Kang rama Sri .Narapati, lolos saking ing djro pura, datan
kantenan dununge, kalangkung bramantyanira, sigra ngun-
dangi bala, sakaprabone prang pupuh, sumedya rerempon ing
prang.
" 29. Amukul Demak nagari, Iabuh bapa ngrebat pradja, wus ru-
manti pradjurite, kesaru ing praptanira, tjaraka mundi lajang,
tinampan binuka sampun, winatja sinuksmeng drija.
30. Kang sur at dipun sungkemi, sru muwus adres kang waspa,
ndjetung gereng-gereng gedeg, kerot-kerot wadjanira, muka
lir ginaluga, ngandika njupata asru, adja awet ingsun gesang.
31. Mund~k andedawa isin, sun seba maring ing Demak, Adipati
kalih mggok, datan seba marang Demak, tan arsa magut
aprang, sakin,g puteke tyasipun, agerah nulja palastra.
32. Dene kaol ingkang gaib, sedane Andajaningrat, kalawan Ba-
tara Katong, tinenung ing Giri Sunan, jen angrubedi wun,tat,
pandjenengan D.emak Prabu, karija manising rasa.

21 DANDANGGULA.
1. Mula tjrita nagri Madjapahit, ora timba ng Ian gedening pra-
dja , sawijare djadjaha ne, tjinupet tjritanipun, sabab mbudak
rusjaning Adji, putra prang mungsuh bapa, ija: tjrita saru,
inganggit para pudjangga, anjemoni bedahe ing Madjapahit,
pinatjak lajang babad.
98

2. Marga saking kramate pra Wali, kerisira Sunan Giri Pura,


tinarik metu tawone, ngentup wong Madjalangu, Sunan Tjre- ·
bon badonge midjil, tikus jutan awendran, amangani sangu,
miwah bekakas turungga, bubar giris wong Madjalengka
ningali, tikus jutan · awendran.
3. Peti saking Palembang nagari, dipun bukak madyaning pa-
prangan, djumeglug metu demite, neluh wong Madjalangu,
bubar giris den teluh demit, Sang Prabu Brawidjaja, muksa
sedanipun, iku pasemon kewala, satemene bedahe ing Madja-
pahit, kadi kandaku ngarsa.
4. Madjalengka iku wudjud nagri, duduk sindjang ingkang kena
rusak, dikrikiti tikus bae, Ian malih lumrahipun, tawon bubar
den mangsa djanmi, wana angker keh setan, bubrahe ginem-
pur mring wadya kang amrih bodja, amung lagja tjaritane
Madjapahit, pradja gung bedahira.
5. Marga saking tawon tikus demit, iku tanda jen tjarita dora,
pralambang pasemon kabeh, sapa pratjaja iku, tanda djanma
uteke isi, tletong sapi maesa, jen djanma satuhu, kang simpen
utek martega, tan pratjaja nalar aneh ·elok gaib, tan tepung
lawan nalar.
6. Ora tjotjog nalar lair batin, iku pratanda tjarita dora, pra-
lambang pasemon kabeh, j?:m tinulisa tuhu, tjaritane ing Ma-
djapahit, ambuka rusja Radja, pudjnggane takut, mula nje-
moni kewala, mralambangi pralambang pasemon tebih, mang-
kene tegesira.
7. Tikus iku wateke kat-krikit, lama-lama jen diumbar ngreda,
pamangane ngentekake, para 'ulama 'Arbun, praptanira ing
tanah Djawi, amung badan sapata, asowan Sang Prabu, pacta
njuwun panguripan, diparingi, wus Iemu ingkang maringi,
panguripan rinusak. •
8. Tawon iku nggawa rasa manis, gegamane aneng silitira, elo
gowok paturone, puniku semonipun, tata awon wong Islam
iki, mung manis rebut ngarsa, ngentup saking pnngkur, men-
tala angrusak pradja, Madjalengka Ratu ingkang ngurip-urip,
eram gawok kang mjarsa.
9 Dene demit den wadahi peti, saking Plembang binuka ing
rana, djumelug metu demite, tegese ph~mbang iku, mlembang
ngalih ganti agami, peti iku wewadah, simpenan kang brukut,
demit iku makna samar, tukang teluh bedahe ing Madjapahit,
den teluh primpen samar.
10 Ora ana witjara .kawidjil, samudana sowan wektu bakda, apan
ta kinagetake, mula para nung-anung, Madjalengka tumpes
ngadjurit, tan kongsi asadija, mapag perang pupuh, Adipati
Terung nagara, wus bijantu Ian raka Demak Dipati, ambedah
Madjalengka.
- 99 -

11. Bjantu ngrajah sadjeroning puri, buku - Iajang betuwah ka-


radjan, sarak Buda pikukuhe, dipun obong sadarum, d€m prih
sirna adat kang krUin, amung amituhuwa, marang sarak Ra-
sul, iku tjritane kang njata, bedahira ing Madjalengka nagari,
timbangen misil nalar.
12. Ora ana tjrita dingin-dingin, pradja gede kadya Madjalengka,
bedah dt'm entupi tawon, Ian d€m krikiti tikus, bubar marga
den teluh demit, bedahe Madjalengka, apan ta misuwur, dju-
megleg ngluwihi gelap, suwarane warata satanah Djawi, wong
Islam watakira.
13. . Kaja tawon tikus Iawan demit, ora weruh betjikan Sang Nata,
asikara tanpa wite, awit wektu puniku, para Sunan kasebut
Wali, wola-wali walikan, kekarepanipun, mawas kulon milih
wetan, pramulane den betjiki angalani, mring Ratu Madja-
lengka.
14. Wali wolu sanga kang tinari, den memule mring sagung wong
Djawa, udjar puniku tegese, tegese Wali wolu, Sunan wolu
mbeh)la bali, sanga Rahaden Patah, tinari ing kewuh, ingang-
kat djumeneng Nata, sarta ngrusak karaton ing Madjapahit,
mungsuh bapa tur Radja.
15. Mangretine Sunan iku budi, uwitira kawruh kaeiingan, kang
betjik lawan kang awon, jen akeh uwohipun, budi ngreti
elingan betjik, wadjib jen sinuwunan, ngelmu kawruhipun,
jen awoii krenah pitenah, kadya Sunan ingkang ngrangkep
para Wali, angrusak sarakira. -
16. Saratira wong kang den betjiki, sajektine males kabetjikan,
katelah prapta samangke, kristen agama 'Arbun, watek rna-·
nis Iamis andremis, jen sinaru adatnja, pangentupe nepung,
jen modar gja linuruban, mudjur ngalor den teluh sembajang
telkim, melik slawat tri uwang.
17. Beda Iawan umat 'Isa Nabi, wit sapisan ngantjik tanah Dja-
wa, telung prakara bandane, kang dingin bandanipun, budi
ngreti setya basuki, pindo barang Ian uwang, kaping tigani-
pun, t atu dQ':tda tugel djangga, pramulane sarta ju prapta
samangkin, tur akeh dananira.
18. Kiraningsun dina wuri-wuri, banda ujah jekti mulih toja,
wong Djawa sirna antepe, marang agama 'Arbun, pada ganti
agama Srani, ngantjike tanah Djawa, toh wang barang umur,
djedjeg ;:tdil" ora sija, ala nganggur sun-titeni karo guling,
gantenira agama.
19. Pituture Den Budi Sukardi, sadurunge bedah Madjalengka,
kuntul tanah Djawa kabeh, durung ana kutjiripun, sabedahe
ing Madjapahit, kraton ngalih mring Demak, ganti sarak
Rasul, kuntul ana kang kutjiran, kombang-kebo tyasira telas
binukti, tjiples tuma andapan'.
/
-100-

20. Mangretine kebo radjasugih, kombang meneng tanpa duwe


utjap, agereng-gereng unine, punilm semonipun, Brawidjaja
ing Madjapahit, telas raosing drija, mungsuh lawan sunu,
anggereng tan nglawan ing prang, Dewa Luwih aparin~ pa-
semon g!'ib, kombang atine telas.
21. Dipun mangsa ing tumane kintjir, tuma iku mangretine tu-
mari, andapan kawine tjel£mg, Raden Patah puniku, prapta-
nira ing Madjapahit, sumungkem ngandap pada, - nira rama
Prabu, ing rama pinaring manah, dipun angkat Dipati Demak
nagari, wusana makan darah .
22. Mukul perang angrebut n_a gari, tinggal tata, tan lawan pa-
nantang, anganggo tatane tjeleng, tan ngitung bener luput,
nelasaken galih San.g Adji, puniku semonira, tuma mangan
kalbu, tegesira tuma tuman, kalbu ati telas galihe Sang Adji,
den mangsa putra ngandap.
23. Kuntul iku dene den kutjiri, pasemone iku Sultan Demak,
tjumeri-tjeri sengite, mring Ratu Madjalangu, sabab Buda
agama kapir, tan tolih keluputan, Allah paring semu, djitok
kuntul kinutjiran, tegesira tolihen asalmu iki, ibumu Putri
Tjina.
24. Ora kena tyas sumutji sengit, lija bangsa kang sedje agama,
wus pinesti dewe-dewe, amung bener Ian luput, Gusti Allah
kang den adili, mula paring pratanda, Allah dukanipun, dji~
tok kuntul kinutjiran, tegesira tolihen luputmu iki, dosa geng ·--._
tri prakara.
25. Nuduhake jen widji tan murni, widji bangsa kang sedje aga-
ma, muiane rusuh tekade, purwane widji Ratu, Brawidjaja
ing Madjapahit, Ratu Gung Binatara, mula geng tyasipun,
·amelik dadi Narendra, mula susu melik enggal sugih singgih,
ketarik ibu Tjina.
26. Mula kendel tanpa dugi-dugi, ngrebut pradja tan manut pra-
nata, Arja Damar tjampurane, Sang Arja Damar iku, ibu-
nira putri raseksi, seneng jen mangan darah, sija ambekipun,
mila sengit mring wong Buda, pan katocik agami miturut
'Arbi, geting maring wong Buda.
27. Jen murnija djinise wong kalih, sidji bangsa kang sedje aga-
ma, pan ora ana lumrahe, anak mungsuh wong sepuh, mukul
perang ngrebut nagari, ja oleh keluputan, mungsuh bapa
Ratu, ora lawas dipun sija, amung saqab tan arsa ganti
agami, iku dudu prakara.
28. Pangrasane mung agama 'Arbi, ingkang bener bangsa lija-
nira, salah kabeh agamane, ingaran kapir turun, mula Raden
Patah sru geting, mring wong agama Buda, Allah paring
semu, djitok kuntul kinutjiran, tegesira tolihen luputmu iki,
dosa geng tri prakara.
- 101-

29. Mungsuh Ratu kapindo sudarmi, ambetjiki asung kanugra-


han, teka rinusak pradjane, tan ana luputipun, amung sabab
tan arsa ganti, agama Rasulu'llah, iku dudu laku, Allah pa-
ring semon samar, djitok kuntul ana ingkang d€m kutjiri,
katlah prapta samangkja.
30. Sabab kuntul tyas sutji sumutji, panganggone kabeh sarwa
seta, resik inggil paturone, kaju luhuring banju, angger me-
dun awisuh sikil, asta Ian raup muka, nanging tyase ketuh,
atjeq1er pama:nganira, putih djaba ing djro mengku abang
Iangldng, semon Wali sadaja.
31. Abijantu mbedah Madjapahit, tan ngengeti betjikan Sang
Nata, asikara tanpa wite, sinemon ing Hjang Agung, djitok
kuntul dipun kutjiri, iku pasemon samar, elok gaib tuhu,
supaja pada nggraita, luputira pra Wali kang ahli budi,
ngrasaa kaluputan.
32. Jen tan ngrasa luput lair batin, dipun walik imane ing ben-
djang, djilma lir kuntul wudjude, jen lungguh mlangkring ·
kaju, nganggo putih amawa kutjir, mangsa kodok andapan,
klenteng masdjidipun, nembah dluwang retja sela, tinanda-
nan rambut pendek mawi kutjir, iku pasemoning Hjang.
33. Rambut pendek manut adat 'Arbi, rambut dawa manut adat
Djawa, klabang tri santri djilmane, sambungan sarakipun,
sarak Buda kapir mring 'Arbi, mula sinambung a bang, petit
rambutipun, nuturke kapir kambangan, agamane dudu 'Arab
dudu Djawi, aran kapir kambangan.
34. Senengane amung saba warih, ora bisa teles sariranja, saking
kandele sarate, tan pegat sebutipun, angger melek Iesane
tjriwis, angendog saben dina, ora ngreti ngratjut, tan ngreti
ngingu netesnja, ija iku isbate kawruhe santri, kangelan tanpa
guna. . .
35. Mila mangke akeh bangsa kutjir, ija iku sabab alusira, santri
Djawa duk waune, kurang pangane kawruh, suksmanira katut
ing angin, tukul neng tanah Tjina, - mangke pada mantuk,
rambut kla,bangan mratiga, nuduhake jen djilmane santri
Djawi, tukul neng tanah Tjina.
36. Ora manut agamane luri; ora manut agamane Radja, kapir
kambangan arane, bangsa Tjina puniku, djaman dingin tan
ana kutjir, pan samja konde rema, manut luhuripun, sabedahe
Madjalengka, prapta mangke bangsa Tjina pada kutjir, sabab
kadya ing ngarsa.
37. Mula adat Tjina mirit santri, tjupar idjir tan karsa kalongan,
mung seneng nutjuk ngiberke, ambuwang saru siku, tanpa
kering kalamun linggih, adat maksih ginawa, kasantrenani-
pun, ing urip prapteng antaka, adat Tjina Ian adate santri
sami, mangeran dalwang sela.
- 102 -

38. Mara ng Mekah prelu munggah kadji, prapta Mekah n emba h


tugu sela, lir Tjina nembah pikkonge, jim nrima nembah watu,
betjik munggah ing Kelut ardi, ing kono akeh sela, jasane
Hjang Agung, jen nrima nembah kuburan, tanah Djawa a keh
tjandi makamaning, pra olja Ratu Buda.
39. Luwung Tjina sela kang pinudji, wudjud r etja simpen budi
hawa, kang ginambar duk waune, Olja Prijaji Ratu, leluhure
ing nguni uni, ginambar ingurmatan, pinudji sinebut, sinadje-
nan kinutugan, wong memule leluhur kang bangsa betjik, te-
tep djanma utama.
40. Balik bangsa Djawa wektu iki, tan memule leluhure Djawa,
kang agama Buda kabeh, memule bangsa 'Arbun, sedje tanah
tur lijan djinis, tan kebawah keprentah, pinudji sinebut, mula
apes tanah Djawa, den bawahke ing Ratu k ang lija djinis,
puniku sababira.
41. Pituture Den Budi Sukardi, agamane wong Djawa samangkja,
agama srani arane, tegese srani iku, panasaran k a ng den
parani, munggah kadji mring Mekah, prelu nembah watu,
kang muni kitab hikajat, Ian Anbija sing sapa anembah tjuri,
lair batine sasar.
42. Darmagandul aturira aris, ulun taken mring Kasan-tar-nga-
ma1, agami srani kang ngangge, bangsa Walanda niku, agami-
ne sami serani, Ki Kalamwadi modjar, ja bener tuturmu, sidji
nama loro makna, srani Landa srani pangabekti, tan sudjud
kisma sera. .
43. Temen-temen ngabekti Hjang Widi, tan lantaran ing bra hala
sela , nembah Allah sabenere, cha'ku'llah kawruhipun, anga -
wruhi purwane dadi, wudjud saking karseng Hjang, mula
sebutipun, kang muni kitab Anbija, Nabi 'Isa iku putra ne
Hjang Widi, Allah kang nganakena.
44. Sultan Demak waskita ing gaib, jen rinengon sinemon dening
Hjang, rumasa keluputane, sigra mring Madjalangu, a nde-
dagan makam sudarmi, antara tl.gang dina, prenah puser
kubur, wreksa tukul tanpa sangkan, warna papat sidji ireng
semu abrit, terus sekar ronira. •
45. Ingkang sidji wit sekare putih, roning madya sidji rone lem-
ba t, mubeng lir pajung ista ne, sidji godonge lembut, da pur
ojod amawi eri, ana swara kapjarsa, midjil saking kubur, du-
meling udjaring swara, telas kabeh sih-ingsun tresna ing siwi,
den enak resmi bodja. .
46. Dene gadjah ginetak ing kutjing, nadyan matya tata ka-
lairan, lah eling-elingen tembe, j en wus agama lmwruh, ing-
sun-wales wong Islam bendjing, sun-adjar weruh nalar, bener
lawan luput, pranatane mengku pradja, mangan babi k adya
djaman Madjapahit, Sultan Demak mijarsa.
-103 -
47. Getun ndjegreg dangu datan angling , pan r umasa k eluputan-
ira, dennja nuruti rembage, para Sunan sadar um, mungsuh
Ratu lawan sudarmi, punika purwanir a, a na papat ka j u, t e-
lasih lwaan sembodja, turugadjah lawa n godong getakkut jing ,
iku tjaritanira.
48. Pan katelah prapta djaman mangkin, wit sembodja iku wa-
djibira, tinandur kubur enggone, t elasih karjanipun , kirim
kuburira wong mati, getakkut jing r onira, jen ginetak ming-
kup, dapur ane turugadjah , j Em tina rik witira obah satitik,
mingkup k adya r on nendra.
49. Tan adangu nulja m ekar malih, jen t an nga ndel sira njatak-
ena, tuturingsun sada ja ne, getakkutjing ronipun, jen ginet ak
lir nggetak kutjing, mesti mingkup ronir a , k adya godong
turu, dapurane turugadjah, j en tinarik witira obah sa titik,
ron mingkup _kadya nendra.
50. Sultan Demak kondur marang n agri, anala ngsa keluputanira,
kedudon lakon tindake, punika purwa nipun, ana kaju sembo-
dja tlasih, getakkutjong kalawan, ojod gadjahturu, duk dja -
man Buda tan ana, turugadjah getakkutjing lan t elasih,
miwah kaju sembodja .
.51. Mula adil djaman Ratu Dja wi, awit Demak Padjang lan Men-
taram, ing Surakarta watese, tan nganggo owel umur, adil
Tjina kang dipun irib, krana patokanira, kitab ingkang nga-
tur, Sultan Demak ibu Tjina, awit Demak sapangandap datan
salin, patokan kitab Demak .
.52. Sunan Kali waskita ing gaib, jen sinemon dinukan m a ring
Hjang, rumasa keluputane, angagem sarwa wulung, beda la -
wan wali lijaning, manganggo sarwa seta, tan rumasa luput, ·
mung ngrasa sutji kewala, amung Sunan Kali pribadi kang
ngreti, sasmita dukaning Hjang .
.53. Analangsa tobat mring Hjang Widi, ingapura keluputanira,
sinemon orong-oronge, djitok prapta ing punuk, sineselan
tataling djati, punukmu pa nakena, sadjatine ngelmu, t an
susah nggur\' wong 'Arab, ngelmuning Hjang aneng punukmu
pribadi, pudji tok wudjudira .
.54. Wudjud djitok kang ngalingi, pudjining wong Djawan Rab
iriban, Djawa dudu 'Arab dede, angger m.e lek kumruwuk,
kadi kodok amanggih warih, anjebut sija-sija, maring Allah-
ipun, rinengon maring Rabbana, pan tinutup tepange paningal
batin, kalingan djitokira.
55. Dudu pudji sakrenteking ati, dudu lati kang kawedal lesan,
iku pudjine wong bodo, pudji djatine kawruh, angawruhi
djatining urip, urip dadya wajangan, datira Hjang Agung,
manusa wignja punapa, obah osik manusa darma nglakoni,
budi -kang ngobahena.
-104-
56·. Sabda iku m edal saking osik, osik iku medal saking tjipta,
k a ng tjipta iku wedale, puniku sa king kajun, kajun medal
saking ing budi, budi iku Da ting Hjang, Ingkang Maha Agung,
agungira wus samekta, tanpa kurang tanpa wuwuh tanpa
luwih, t an pa a rah panggonan.
57. Dudu sasi iku kang ndama ri, dudu srengenge kang karj a pa-
da ng, tan lijan a mung Kang Darbe, ingka ng ndarb€mi suwung,
suwungira ginelar jakin, graitanen denira, satuhune kawruh,
kawruh k ang mesti utama, utamane ing urip pra pta ning pa ti,
war ana dama r wulan.
--0--

TJARITA BEDAHE .KARATON MADJAPAHIT


Miturut surasane lajan g kuna Walisanga, kang wis salong di-
gantja rake kalaja n tjekak nganggo basa Djawa Kra ma, dening Mas
Hardjowidjojo ing Djaka rta, nalika taun Masehi 1918. Samengko
digubah ing basa Djawa Ngoko dening R. Ta nojo, t a un Masehi
1954.
Kawitaning tjarita, Arja Da ma r ing P alembang kagungan pu-
t r a kakung loro, 1. Raden P a tah, iku sadjatine putrane Prabu Bra -
widjaja ing Madjapahit, gawane Putri Tjina aran Dewi Suba ntji
kang katarimakake marang Adipati ing Palembang asma Arja Da-
mar, 2. Raden Kusen, iku patutane Dewi Subantji karo Arja Damar.
Saka karsane Arja Damar, , Raden P atah kadawuhan djumeneng
R atu ana ing Palembang, nanging Raden Patah mopo. Ingkang rama
paring pitutur kasebut ing tembang kinanti :
, Tataning wong dadi Ratu, kartane marta martani, utama ka-
r atonira, tumindak kalawan ngadil, dedala ne dana rdana, dasih tan
keneng kaswasih".
-, Iderana reh rahaju, karahajoning sesami, samoha sinamadana,.
dimen dumadya usadi, ardaning pra wadya-wadya, tumindak dennja
a ngabdi" . .
, Wadakanen tanduki:Qun, sambang liring najeng wadi, kang wi-
dagda andelena, dadi pandaming pradja di, kang sudama sinadpada,
dim bisa ambeda budi". '
,Rube(]a widaning Ratu, jen suda adating fldil, para wadyane
tan nedya, ngaras padeng Sang Wirja di, suda peneding parasdya,
mung ngudi badan pribadi".
,Sukur bisa tumalawung, mawang palawangan gaib, wrin sa-·
kedep kridaningrat, tumonton katoning batin, bQntos buntas tanpa
kewran, weweran warana awig."
Raden patah sida puguh, wusana bandjur lolos, Raden Kusen
ija nututi lolos bisa ketemu karo kang raka. Lakune satrija loro mau
a na ing dalan kepetuk Sech Sabil, ija iku anake Maulana Kusen ing
Malaka, katelune uwis sarembug sumedya angadjawa, ana ing dalan
kabegal, nanging oleh parmaning P a ngeran rahaju katelune, bandjur-
- 105-

terus marang gunung Rasamuka, wusana oleh pituiungane sudagar


lajar satrija teiu mau bisa tumeka ing tanah Djawa, Raden Patah
suwita marang Sunan Ngampel winuruk agama Islam, dene Raden
Kusen karo Sech Sabil pada suwita marang Prabu Brawidjaja ing
Madjapahit, sakaro-karone pada katrima, Raden Kusen kadadekake
Adipati ing Terung lan kaparingan nama Petjattanda, Sech Sabil
kadawuhan marang Ngampel, ing kono bandjur kaprenahake ana
ing Ngudung bandjur karan Sunan Ngudung.
Raden Patah bandjur pinundut mantu pisan karo Kangdjeng
Sunan Ngampel, daup karo Ratu Panggung. Putrane kakung Kang-
djeng Sunan Ngampel kang peparab Makdum Ibrahim bandjur ka-
prenahake ing Benang, akire karan Sunan Benang.
Kotjapa Raden Patah, matur marang Kangdjeng Sunan Ngam-
pel njuwun panggonan, bandjur kadawuhan dedukuh ana ing Bin-
tara, ija iku panggonan kang tukul glagahe wangi, enggaie tjarita
Raden Patah wis kaiakon dedukuh ana ing Glagahwangi, ora suwe
ing Bintara bandjur dadi kuta kang redja.
Katjarita Sang Prabu Brawidjaja ing Madjapahit midanget
warta, manawa ing Bintara ana wong dedukuh kang se)llune arep
ngembari Sang Prabu, muiane Sang Prabu bandjur dawuh anglurugi
supaja adja nganti ngreda. Adipati Petjattanda bandjur matur, ma-
nawa wong kang dedukuh mau kaprenah sadulure lanang tunggal
ibu sedje bapa, pada patutan saka putri Tjina; Sang Prabu bandjur
enget manawa Putri Tjina kang ka{mringake marang Arja Damar
dek samana wis ngandeg, wusana dawuh animbali Raden Patah, dene
kang diutus Adipati Petjattanda, manawa ora geiem tinimbalan
kadawuhan nglunasi. Enggale tjarita, awit saka ature Adipati Pe-
tjattanda kang akeh-akeh marang Raden Patah, wusana Raden
Patah bandjur sowan marang Madjapahit, ing kono maiah bandjur
djinundjung dadi A<;J.ipati ija ana ing Bintara, sarta kaparingan kanti
pradjurit kehe 10.000, Adipati Bintara uga tampa dawuhe ingkang
rama, manawa ing Bintara besuk bakal dadi karaton, sawise nam-
pani pangandika bandjur kalilan mundur marang Bintara.
Katjarita paz:..a Wali pada musawaratan ana ing Giri Gadjah,
kaja kang ltasebut ing tembang Asmaradana:
,Sakatahing 'para Wali, samja paguneman rahsa, ing Giri Ga-
djah enggone, kang karsa musawaratan, ing bab masiUah tekad,
d{m waspada ing Hjang Agung, wadjib sami njatakena."
,Kang samja angulah ngelmi, lamun bidjaksaneng drija, dadi
wedjang sajektine, tan beda Ian puruhita, mungguh rahsaning rasa,
pralambanging pasang semu, tan lija saking punika."
,Nadyan akeh kang wewisik, wosing wasana wus ana, mung
kari met pratikele, ing sawusira pepekan, Kangdjeng Sinuhun Be-
nang, ingkang miwiti karuhun, Ian Sinuhun Kalidjaga."
•:Sunan Tjarbon mjang kang raji, Pandanarang Seh Lemah-
bang, Ian Suhunan Madjagunge, Suhunan ing Banten lawan, Suhunan
Giri Gadjah, samja agunem ing ngelmu, djenenging masiUah tekad."

-
- 106 _.:..J.

,Djeng Sinuhun Ratu Giri, amiwiti angandika, he sanak-manira


kabeh, pratingkahe wong makripat, adja dadi parbutan, dipun sami
ngeimunipun, pada peiing pinelingan."
,Wong wewoiu dadi sidji, adja na wong kumaiamar, dipun ru-
djuk ing karepe, den waspada ing Pangeran, nenggih Suhunan Be-
nang, ingkang miwiti karuhun, amedar ing pangawikan." -
,Ing karsa-manira iki, iman tokid Ian makripat, weruh ing
kasampurnane, lamun maksiha makripat, mapan durung sampurna,
dadi batai kawruhipun, pan maksih rasa rinasa."
,Sinuhun Benang ngukuhi, sampurnane wong makripat, suwung
ilang paningaie, tan ana kang katingaian, ija djenenge tingai, man-
tep Pangeran Kang Agung, kang anembah kang sinembah."
,Pan karsa-manira iki, sampurnane ing Pangeran, kaiimputan
saiawase, tan ana ing soiahira, pan ora darbe sedja, wuta tuli bisu
suwung, soiah tingkah saking Allah.
,Sinuhun Benang anuli, ngandikani Wali samja, heh sanak-
manira kabeh, punika kekasih 'aiam, jen mungguh ing manira, dje-
nenging roh semunipun, ingkang roh Nabi Muchammad."
,Nora beda ing roh iki, jen sedya mutabangatan, tan beda ing .
panunggaie, kadya paran karsandika, matur Wali sadaja, boten
sanes kang winuwus, sampun atut sabda-tuwan."
,Pundi kang ingaran Nabi, djenenging roh ing semunja, mapan
iku kekasihe, sadurunge dadi djagad, mapan djinaten . tunggai, den
dadekaken karuhun, kang minangka kanjatahan."
,Sinuhun Madjagung nenggih, amedar ing pangawikan, ing
karsa-manira dene, iman tokid Ian makripat, tan kotjap ing akerat,
mung pada samengko wudjud, ing akerat ora ana."
,Njataning kawuia gusti, ija kang mugji kang nembah, apan
mangkono lakone, ing akerat ora ana, jen tan ana imannja, tan .w e-
ruh djatining ngeimu, nora tjukup dadi djanma."
,Djeng Sunan ing Gunungdjati, amedar ing pangawikan, dje-
nenging makripat mengko, awase maring Pangeran, tan ana ingkang
lijan, tan ana Ioro teteiu, Allah pan amung kang tunggal."
,Djeng Sunan Kalidjaga ngling, amedar ing pangawikan, den
waspada ing mangkene, sampun nganggo kumaiamar, den awas ing
Pangeran, kadya paran awasipun, Pangeran pan ora rupa."
,Nora arah nora warni, tan ana ing wudjudira, tanpa masa
tanpa enggon, sadjatine nora ana, Iamun ora anaa, dadi djagadipun
suwung, ora ana wudjudira."
,Sech Bentong samja melingi, amedar ing teliadira, kang aran
Allah djatine, tan ana Iijan kawuia, kang dadi kanjatahan, njata
ing kawuianipun, kang minangka katunggaian."
,Kangdjeng Moiana Mahribi, amedar ing pangawikan, kang
aran Allah djatine, wadjibu'Iwudjud kang ana, Sech Lemahbang
ngandika, adja na kakehan semu, ija ingsun iki Allah."
,Njata ingsun kang sadjati, djedjuiuk Prabu Satmata, tan ana
- 107

lijan djatine, ingkang a ran bangsa Allah, Mol ,'" ' ' 1\l. d" II• '"'" II " .1"
djisim aranipun, Sech Lemahbang angandika."
,Kawula a medar ngelmi, angraosi katungga l:1n , d l· ill ' cl iHtl"'
sadangune, mapan · djisim nora ana, dene kang k a wilj ur:l, Il LII '""
sadjatining ngelmu, sami amijak warana."
,Lan malih sadaja sami, sampun wonten kumala ma r, jckti l a n
ana bedane, salingsingan punapaa, dening sedya-kawula, ngukulri
djenenging ngelmu, sakabehe iku pada."
,Kangdjeng Sech Molana Mahrib, sarwi mesem angandika ,
inggih leres ing semune, punika dede witjara, lamun ta kapirsaa,
dening wong akatah saru, punika dede rerasan."
,Tuwan utjapna pribadi, adja na wong amijarsa, anuksma ing
ati dewe, punika udjar kekeran, jen ta kenaa tuwan, amalangi dje-
nengingsun, bok sam pun · kadi mangkana."
,Nenggih Dj~ng Sinuhun Giri, amedar ing pangandika, pasti-
ning Allah djatine, djedjuluk Prabu Satmata, sampun pantjas wi-
tjara, tan ana pepadanipun, anging Allah ingkang tunggal."
,Ja ta sakatahing Wali, angestokaken sadaja, mapan sami ing
kawruhe, namung sira Sech Lemahbang, tan kena pinalangan, tji-
negah Wali sadarum, tan owah ing tekadira."
,Angandika Sech Sitibrit, pan sampun udjar-manira, dennja
nututi kaprije, dasare ingkang amedar, pamedjange maring wang,
punika wm:uking guru, datan kenging ingowahan."
,Ameksa tan kena gingsir, sinuwalan ing akatah, tan kena
owah tekade, sampun udjar linakonan, pan wus djangdjining Suk-
sma, Sunan Tjarbon ngandika rum, sampun ta tuwan mangkana."
,Punika udjaring djangdji, jekti tinuduh ing katah, nenggih
sampun ing kukume, wong ingkang angaku Allah, angandika Sech
Lemahbang, lah mara tuwan den gupuh, sampun ngangge kalo-
rejan."
,Dasar kawula-labuhi, ngulati pati punapa, pan pati iku parenge,
parenging sih kawinmbuhan, pan tansah kawiesa, kang teka djatine
suwung ana kadim ana anjar."
,Ngulati puna pa malih, ora ana lijan-lajan, apan apes salawase,
anging Allah ingknng tunggal, ja djisim ija Allah, tokid tegese
puniku, apan tunggal kadjatennja."
,Sakatahing para Wali, pra samja mesem sadaja, mijarsa ing
pamuwuse, kukuh tan kena ingampah, saja bandjur mitjara, aniijak
warananipun, nora nganggo sita-sita."
,Angaku djen~ng pribadi, andadra dadi rubeda, ngreribedi
wekasane, nerang anenerak sarak, rembuge angaliga, mawali pra
Wali wolu, winolon kurang walaka."
,Ladjeng abubaran sami, kang para Wali sadaja, kondur rna-
rang ing dareme, mung Dj'eng Sunan Giri Gadjah, kang kawogan
anglunas, kang murang saraking ngelmu, mupung dereng ngantos
lama."
108-

Djeng Sunan Giri njagahi, ing sirnane Sech Lemahbang, jen


s ampun prata masane, adeging Nata ing Demak, ' mbedah ing
Madjalengka, sadaja samja djumurung, ladjeng samja pakumpulan."
,Sagunging kang para Wali, mrih bedahing Madjalengka, dE'me
kang djinago-djago, sira wau Raden Patah, Lembupeteng Madura,
lan sakulawarganipun, kang wus samja tumut Islam."
,Djeng Sunan Ngampel mambengi, mring para Wali sadaja,
lawan putra sadajane, rehing Prabu Brawidjaja, among sasedyanira,
mring para Wali sadarum, pinardikaken kewala."
,Raden Patah matur aris, inggih nadyan makatena, djer tan
nunggil agamine, pangangkah-kula ing mangkja, inggih sanuswa.
Djawa sampun ngantos mawor-sambu, sageda nunggil agama."
Katjarita Kangdjeng Sunan Ngampel seda, kasarekake ing
salore masdjid Ngampel, dene kang anggenteni dadi imam mulja
ija iku Sunan Ratu Giri, karo Sunan Benang. ·
Sunan Ratu Giri karsa djumeneng Nata, dene djedjuluke ija
Sunan Ratu, saha wis sinujudan ing wong akeh, kang dadi papatihe
ija iku anake Adipati Terung kang ana ing Tandes, salin djeneng
Pangeran Palembang. '
Sunan Benang bareng mireng pawarta jen Sunan Giri Pura
djumeneng Nata, iku panggalihe Sunan Benang ora saketja, mula
bandjur tindak marang Tandes ketemu karo ingkang paman Pange-
ran Patih, Pangeran Patih ing Tandes iku kang mundut putra rna-
rang Sunan Giri Pura, Sunan Benang anetah marang ingkang paman,
dening Sunan Giri Pura djumeneng Ratu kang dudu samestine
mangkono kok ora dielikake, ature Sunan Benang mau kanti pa-
ngundat-undat kasebut ing tembang sinom:
,Lamun saestu mangkana, kula pan sewu ngamini, djangdji
mantep rehing sedya, nanging kang ulun-tjalangi, wonten daredah
wingking, potjapane langkung saru, wus aran Waliu'llah, 'ulama
' bangsaning 'alim, temah lali kalinganing solah salah."
,Melik mbalila ing Nata, destun temen den arani, wiku wikuning
antigan, putih djaba ing djro abrit, jen sisip-sisip sembir,, darnel •
pamurunging laku, lelakon katjugetan, roaring kang adarbe bumi,
dados ndadra ngembeti daging awaras."
Dawuh wangsulanipun Pangeran Patih, ija ·ora kurang-kurang
· enggone ambebolehi, ananging sarehne Sunan Giri Gadjah samengko
lagi djinunmg ing Pangeran, saha gede mangunahe, dadi sakehing
beboleh mau tanpa gawe, muiane Sunan Benang kasumanggakake
ketemu karo Sunan Giri Gadjah pijambak, enggale tjarita ija wis
kelakon ketemu, Sunan Benang matur karo kang caka, kaprije mung-
guh nalar-nalare dene bandjur karsa djumeneng Nata iku. Sunan
Giri ngandika, mungguh enggone djumeneng Nata mau saka karsa-
ning Allah. Sunan Benang ora pratjaja sarta njuwun saksi kang
njata. Sunan Giri njaguhi, Sunan Benang bandjur didjak marang
Mekah anerangake saksi mau marang Pangeran Kang Maha Sutji,
pada ngenengake eneng ana ing baitu'llah. Sunan Benang nderek
- 109-

b ae, tindak(· ll:111<ij11r m:1mpir ing Malaka sowan marang kang 6j:1 tq:
Scch Ma11l a na 1 :-~ l mk, ing kono Sunan Giri dinangu prelune mal11r
balaka. Ww·wnn S '.c h Maulana dawuh ma rang sakarone supaja bali
mar·ang· t :wah Djawa bae, ora susah ndju puk saksi m a rang baitu'llah
ing M ltah, tjukup pandjenengane bac kang andadagi dadi saksi
mungguh ing Pangeran, sawise dawuh m a ngkono , Maulana Iskak
bandjur ngandika, manawa enggone Suna n Giri djumeneng Ratu mau
mung minangka sarat amrih rahajune kang bakal anggenteni Nata
ing wuri-wuri, tegese kang arep anggenteni djumeneng N ata mau adja
nganti katara jim anggenteni Ratu kapir. Sunan Giri karo Sunan
Benang pada mituhu. Malah sunan Benang ija bandjur njuwun idi
djumeneng Nata angembari ingkang raka Sunan Giri. Sech Maulana
ija marengake, Sunan Giri kadawuhan ngratoni para 'ulama, dime
Sunan Benang kadawuhan ngratoni agama Ian ngelmU:"' Sunan karo
pisan bandjur kondur angadjawa ndjudjug daleme pijambak-pijambak,
Sunan Benang bandjur djumeneng Nata ana ing Ngampel sesilih asma
Pra bu Njakrakusuma, peparab Ratu Wahdat.
Katjarita ing talatah Madjapahit kambah pailan gede, akeh
wong k a ng pada mati kaliren, Sang Prabu Brawidjaja bandjur utusa n
Kjai Bubak karo Djenal 'Abidin, supaja njuwun sarat marang Suhu-
nnn Ralu Giri Gadjah, nanging Kangdjeng Sunan Giri ora rena pang-
galih{•, dawuh pangandikane, manawa Prabu Madjapahit sowan dewe
am ; 1 :-~ rahn.ke kapral:ione ija karsa njarati, awlt wis atas saka karsaning
Pnn~~r- n1n jcn kaprabon mau kudu sinerenake marang Giri. Kjai Bubak
bandju r (•nggal-enggal mundjuk ing ngarsane Sang Prabu Brawidjaja,
ng11nd.tnl <~ke a pa kang dipangandikakake Sunan Giri mau, dene Dje-
nal ' A hid in isih keri ana ing Giri, enggale tjarita Prabu Brawidjaja
b;~nd.J111 ' 11lnsan anggepuk ing Giri, tetindihing wadya bala aran Arja
L blo1. :~nl c 1wit Arja Leka menang perange, Sunan Giri bandjur njipta
knl nlll l'''".i <'ratan tjinipta dadi keris saha ngamuk dewe, keris mau
diurnnt hnl a m-munjeng. Arja Leka keplaju mundur mundjuk ing
ngat'Ht 111 <'• ~.;:mg Prabu Brawidjaja. Keris Kalam-munjeng tjinipta dadi
kah1n p1111 I"I'Hlan maneh dening Kangdjeng Sunan Giri.
1 ~ " ''" 111 n Prabu An om ing Pal em bang, ija iku putrane Adipati
Petjatl nnd ,, liang dek samana wis kaangkat dadi Papatine. Kangdjeng
Sunan in ~; I :1ri, samengko marng Tandes kanti wadya bala sawatara,
Kangd.it 'll l: ::1111Hn Giri midanget warta, Prabu Anom bandjur tinimba-
lan, an11111 : 11 1: t1<'mu mbalela, atur wangsulane ija gelem uga sowan ing
ngarsard· h '"' l:d.ieng Sunan arranging njuwun lenggah satata. Kang-
djeng 1111 1111 1:iri duka nanging sinamun, muiane Prabu Anom ija
dililani Hllilll I il'llg(;ah Saha tinimba)an tumuli, engga)e wis kalakon
· sowan s:d111 11 ·, ~: data lenggah karo Kangdjeng Sunan, ing kono Kang-
djeng Sllll ll ll 1:111 <luka banget, Prabu Anom diuwus-uwus, temahan
andarodnv 111 11 l1i :;a mangsuli atur apa-apa, malah bandjur mlorot saka
palinggih 11 111 I ,JI :,wan sumudjud, wusana Prabu Anom bandjur kapun-
dut put t'l l t 11 ' 1\angdjeng Sunan, saha malah ditresnani banget,
kaangg<•p pn l ' •;''Plih dewe, bandjur k aparingan peparab Sang Prabu
-110-

Anom Suradiradja. Prabu Anom matur marang ingkang rama njaguhi


angrurah memukul marang para kapir, ananging Kangdjeng Sunan
Giri ora njondongi, amarga rumasa dudu kawadjiban, saha dudu wa-
rise, dadi adjrih sesikuning Pangeran, Prabu Anom njuwun pamit
mulih marang Palembang, ija didjurungi, malah diparingi kanti Pe-
tjattanda tetuwane ing Surabaja, bareng satekane ing Palembang,
Petjattanda bandjur ginandjar tanah Madjapura Ian Balitung. Mung-
guh lelakon mangkono iku, Adipati Terung, ramane Prabu Anom, uga
wis midanget warta, mulane ija banget karenan ing panggalih.
Katjarita ing tanah Pati, wong-wong pada ambalela ing sarak
agama maneh, Kangdjeng Sunan Giri bandjur utusan Ki Panangsang
kadawuhan njirep, ananging Ki Panangsang karoban tanding bandjur
keplaju marang Giri. Kangdjeng Sunan bandjur dawuh supaja ing
Pati kaenengake disik, awit ing wektu iku durung mestine tumiba ing
apese, jen nemenana mundak kesel tanpa gawe.
Katjarita maneh, Adipati Tuban karo Adipati Daha mbalela
ing sarak uga, Ki Panangsang bandjur kautus Sunan Giri kadawu-
han anglurugi, wong Tuban sarehne rumasa karoban lawan dadi ora
gelem anglawan, malah Adipati Tuban bandjur utusan marang Giri
ngaturake panungkul. Sunan Giri banget suka sukur ing panggalih,
Ki Panangsang bandjur kadawuhan bali pinapag ing bodja krama
sarta djinundjung pangkat Arja, mulane bandjur nama Arja Pa-
nangsang.
Katjarita Sunan Giri seda, uga kasarekake ing Girl. Saka kar-
sane Kangdjeng Sunan Benang, sasurude Kangdjeng Sunan Giri,
kang kakarsakake anggenteni putra kang sepuh dewe asma Pange-
ran Dalem, bandjur salin asma nunggak-semi: Sunan Giri kang ka-
pindo.
Sang Prabu Brawidjaja ing Madjapahit midanget warta, jen
Sunan Girl wis seda, saha kang gumanti putrane, samana Sang Pra-
bu duka banget, dene rumaos disingkur karo Sunan Giri, tandane,
ruwet rentenging Giri ora atas saka kauningane Sang Prabu, dadi
kaanggep saja kijat pangramane, mulane Sang Prabu bandjur dawuh
anglurugi, kang diutus arja Gadjahpramada. Enggale Sunan Giri
nganti keplaju marng gisiking sagara, dalah sakulawargane, saha
ana sawidjining sakabat aran Wanapala keplaju 'marang alas Kren-
dawahana bandjur dedukuh ana ing kono. Bareng ing Giri wis su-
wung, sakehing omah-omah bandjur diobongi dening Gadjahprama-
da, malah pasarejane Kangdjeng Sunan Giri Gadjah kadawuha,n
anduduk, nanging ora ana kang kuwawa, awit bandjur pada se-
maput.
Ing pasarejan kono ana wong Giri loro, sawidjine hina sawidji-
ne maneh pintjang, wong loro mau dipeksa karo Gadjahpramada
supaja anduduk pasarejane Kangdjeng Sunan, sarehne wong loro
mau wedi manawa pinatenan mula ija nurut, panduduke ora ana
sangsajane, bareng blabage wis katon bandjur metu tawone awen-
dran jutan saka pasarejan kono, tawon samono mau bandjur pada
111
ngentupi saha mburu marang wong Madjapahit, kabeh pada keplaju
marang nagara Madjapahit, nanging tawon man ija nututi, malah
Sang Prabu dalah putra santana saabdi pisan ija diburu-buru dlming
tawon, enggale Sang Prabu nganti bandjur lolos marang Wirasaba,
kadaton kasuwungake.
Katjarita Kangdjeng Sunan Giri II, bareng ing Giri wis tentrem
bandjur kondur, nanging sarehne sakehing omah wis entek pada
kobong, mula Kangdjeng Sunan bandjur dawuh ngusungi omah-omah
saka Madjapahit kang suwung, uga wis bisa kalakon, ing Giri wis
redja maneh.
Kotjapa Sang Prabu Brawidjaja, bareng tawon wis ilang, ija
bandjur kondur angadaton, paseban Ian omah-omah lijane kang di-
usungi marang Giri disalini anjar, ing kono ija bandjur tata tentrem
maneh.
Para Wali Ian ·para Putra Madjapahit, Prabu Djaranpanoleh ing
Sumenep, Sri Lembupeteng ing Madura, Dewa Kelut ing Bali, Batara
Katong ing Panaraga, pada pepakan ana ing Bintara, rembugan
arep mbedah Madjapahit, kang dadi pangareping rembug prakara
perang Kangdjeng Sunan Benang, Adipati Bintara mung kanggo
Narendra, Sang Prabu Bintara bandjur nuduh utusan anggawa la-
jang marang Adipati Terung, tjaraka wis mangkat. Sapungkure
tjaraka kang mangkat, para Wali bandjur karsa ijasa masdjid kanti
bubuh-bubuhan, Sunan Kali kabubuhan saka sidji, nanging durung
sadija, mula Kangdjeng Sunan bandjur nglumpukake tatal sinabdan
bandjur da'di saka; enggale masdjid wis dadi, nanging para Wali
pada kewran Ian kuwatir manawa ora tjotjog kebiate karo ka'bah
ing Mekah, Kangdjeng Sunan Kali bandjur mbregagah astane kang
sidji ngasta ka'bah ing Mekah, sawidjine ngasta masdjid anjar,
bandjur kabenerake keblate, wis bener. Para Wali bandjur pada
sembahjang, bareng esuke ing masdjid kono ana barang gumantung
tanpa tjanteian, bandjur didjupuk dening para Wali, bareng dibukak
djebul wudjud kiambi takwa saha ana tengere manawa klambi mau
kanggo Kangdjeng Sunan Kalidjaga, muiane Kangdjeng Sunan ja
banget sukur ing Pangeran. Sunan Benang dawuh manawa kiambi
mau tilas pasalatane Kangdjeng Nabi Muchammad, nama Antaku-
suma, saha kang•pantes duwe ija iku sapa kang dadi Ratune tanah
Dja)Va.
Sunan Ngudurig tinuduh mutjuki nglurug marang Madjapahit,
saha wis sinadijan baia kumpul ing Surabaja, nanging diweling karo
Kangdjeng Sunan Benang, supaja manawa perang karo Adipati Te-
rung direw~ng-re'Yangana sawatara, enggaling tjarita Sunan Ngu-
dung wis mangkat anggawa Kjai Antakusuma.
Sang Prabu Brawidjaja ing Madjapahit wis midanget warta jen
dilurugi, bandjur dawuh marang Patih Gadjahmada dinawuhan me-
tukake prang.
Katjarita Adipati Terung, wis nampani lajang saka kang raka
bab arep panggebuge marang Madjapahit, Adipati Terung ija an-
112
djurungi saha bakai amengani kori, mung tindake. kang mangkono
mau nganggo sinamun, supaja ora angatarani. Ature Adipati Terung
kang mangkono mau andadekake kijat saha bungahe Kangdjeng
Sunan Benang, muiane ija ban~ljur ambudalake baia saka ing Demak.
Adipati Terung tampa dawuh timbalane Sang Prabu Brawi-
djaja, kadawuhan mapagake mungsuh, dikanteni ingkang putra
.nama Prabu Anom Atmawidjaja, bandjur budal, enggale Kangdjeng
Sunan Ngudung bandjur perang ajun-ajunan karo Adipati Terung,
Kangdjeng Sunan kalindih bandjur seda, Iajon sinarekake ing saku-
lone masdjid Demak, dene kang ambandjel dadi tetungguling prang
Kangdjeng Sunan Kudus, Adipati Binta-ra sakadange ija melu rna-
rang Surabaja. Ing kono bandjur tata-tata angrampit Madjapahit,
Adipati Bintara sakantja pinrenah djaga sisih lor, Kangdjeng Sunan
Benang Ian para aulija ing sisih kuion, Narendra Panaraga Sri Ba-
tara Katong sarta Prabu Dewa Ketut ana ing sisih kidul, Sri Lembu-
peteng Madura sarta Prabu Djaranpanoleh ana ing sisih wetan.
Sang Prabu Brawidjaja dawuh amepak baia prang pinundjuling
prani pada dadi pangarep, enggaling tjarita bandjur wis kalakon
perang tjampuh, Adipati Bintara bandjur ambeber sreban wasijat
saka Suhunan Gunungdjati, nuli metu tikuse awendran, wong Ma-
djapahit bandjur sar-saran; let sadina bandjur ngetokake keris
Kaiam-munjeng wasijat saka Giri, ing kono nuli metu tawon uga
wendran, ngentupi marang mungsuh; bandjur ngetokake peti kang
saka Palembang, nuli muni djumegur kaja bledeg, ngetokake baju
badjra bumi kaja gondjing. Kangdjeng Sunan Benang bandjur nge-
tokake etjis, saka kono nuii metu gegaman uga wendran saha nga-
muk dewe, peti saka Palembang mau bandjur metu Ielembute anggill
neluh wong Madjapahit, wong Madjapahit pada keplaju, Sang Nata
bandjur lolos marang Pranaraga, ana ing kono angirupi para wong
kang tjedak ing kono saha ngumpuiake baia kang pada sar-saran.
Adipati Bintara sarembug karo Prabu Pranaraga ngaturi serat
ingkang rama surasa diaturi kondur ngadaton, diaturi mukti dadi
pepunden, samono mau manawa karsa malik agama, manawa ora
anjumanggakake. Sang Prabu tampa lajange Adipati Bintara kang
surasane kaja mahgkono mau dukane saja sanget, enggale bandj'ur
kalakon perang maneh, wong Madjapahit karoban tanding, Sang
Prabu keplaju pisah karo garwa putra pada sar-saran, angungsi
urip dewe-dewe, Adipati Bintara terus angiut ingkang rama, wus~:tna
ana ing dalan kepetuk ingkang ibu Putri Dwarawati, Sang Putri
bandjur binojong marang Benang.
, Sang Prabu Brawidjaja kari pijambakan, puteking galih sang-
saja ngranuhi, wusana bandjur singidan marang gunung Sawar,
ana ing kono pandjenengane angukud djagade bandjur seda, saha
mawa prabawa tidem angemu truh tuwin mawa tjahja manter. Tjah-
ja mau diparani dening Adipati Bintara, bareng uninga jen ingkang
rama seda bandjur angrungkebi sarwi asesambat, wusana bandjur
kauningan Sunan Benang, Sang Adipati direrepa, Ian lajone ingkang
I
-113-
raJUa kadawuhan njarekake marang Demak , saha uga kal:lkon Jmng-
mikul lajon Kangdjeng Sunan B€mang karo Adipat i B inlnra pij:uu-
, bak, pasarejane ana ing Demak bandjur kanggo pcrundcn.
Sawise lajone Prabu Brawidjaja kasarekake, par a Wali lmrH I.I u r·
_. __rnpulan, Adipati Bintara kadjumenengake Nata , lmrndjnn lk tll ;ilc
dielih nama Ngawantipura, nanging kanggo sarat Kan gti,J v n ~; ~i u11 11 11
G'iri, II kadjumenengake Nata disik sadjrone 40 dina, prclu n ' lcH I• I:J:"
njelani R atu Kapir karo Ratu Islam. Bareng wis tetep lml nl ocr ·1 0
dina, Sunan Giri lEmgser kaprabon bandjur digenteni Adipati Hill·
ta:ra, djedjuluk Sultan Sjah 'Alam Akbar Brawidjaja Sir u'llah Cit,
lifatu-rrasulu'llah Waha Amiru'lmu'minina Tadju'ddin 'Abdu 'lham: d
Khan, dene kang didadekake Patih putrane Ki Ageng Wana paln
nama Patih Mangkurat, kang dadi Pangulu Kangdjeng Sunan B6-
nang, dene para Wali lijane djumeneng Pudjangga, Kjai Wanapal::\
dadi Djaksa pra\fata.
Katjarita. garwane Sang Prabu Brawidjaja Dewi Herawati sed a
ngenes, lajone kasarekake ana ing desa Karang Kadjenar d€ming
para Wali.
Katjarita putrane Prabu Brawidjaja kang asma Prabu Anom
Atmawidjaja ambalela maneh, sarembug karo Adipati Terung, ban-
djur dilurugi dening Sunan Kudus, Prabu Anom Atmawidjaja ko-
plaju bandjur mandita ana ing gunung Lawu salin djedjuluk J ' i
Ageng Gugur', dene Adipati Petjattanda ing Terung bandjur nungkul
tcrus sowan marang Bintara diirid Kangdjeng Sunan Kudus, saban -
djure katetepake dadi Adipati ing Terung uga, saha mentjarak6
agama Islam. Putrane Adipati Terung putri aju linuwih, kapund nl
ing Sang Nata Kangdjeng Sultan, bandjur kagandjarake marang
Sunan Kudus, sih-sinihan palakramane.
., IU J'llj MtHI'I' \
C"di ri . Dj I. I Hwl.o 1141
~ IIIII l I

Adtt I l 1;1 pn•u •nil'll l'p


... ltn hnd Mol'ltnmnd ,
Ch11lt Hnl_jnli llrnu
11,r.o <latolotjo ...
dill
Djajabaja Primbon ",
MlllllH
Dalang Kanda Bu-
3,GO wana . . .
" (i,

1,50 Hari Wara , 10,


" Iladuni .. :1,.•0
9,- Kawruh Sasadji •I,
, 10,- Katja Paesan (i,
10,- Katuranggan . " f),
" 5,- " t1 ,fiO
" Kidungan
Mardi Laras . (\,
Pawukon
" 10,
Pirasating Sudjana
" (;,
6,-
Sm. " Siti Djenar " ~
.... .,
4,- Tjarukan Djawa
" 5,- Primbon ..
" "
Wedatama
5,-
Wedanatama Wi-
"
" 5,50
" 10,- nardi ,,
Wewadosipun
"
3,50
" 1,- BAHASA DJAWA IHJ
3,75 ·DJAWA:
"
LAMA Asmaralaja ... Rp
Bauwarna .....
5,- Buku Sem.bahjang
Sasmita Warni- "
5,-
warni . . ..
Galug::t Salusur "
5,-
Sari .....
Pangasihan (Ngel- "
lfi,- mi) . . . . . . .
"
1,1\NW-ll JNG VADI\ PI•:NERBlT:
• -q
. /
\

Anda mungkin juga menyukai