Anda di halaman 1dari 8

KITAB MUSARAR

Isining KITAB JANGKA DJOYOBOYO

Prabu sri aji jayabaya

KATA PENGANTAR
YOGYAKARTA, 15 JUNI 2023

Dimas G.R
Besuk yen wis ono kereta tanpo jaran. Tanah jawa kalungan wesi. Prahu mlaku ing duwur
awang awang. Kali ilang kedhunge. Pasar ilang kumandange. Iku tandha jaman jayabaya
wis cedhak.
Bumi soyo suwe soyo mengkeret. Sekilan bumi dipajeki, jaran doyan mangan sambel, kreto
roda papat setugel, wong wadon nganggo pakaian lanang, iku tandhane yen wong bakal
nemoni wolak-waliking jaman.
Akeh janji ora ditetepi, akeh wong wani ngglanggar sumpahe dewe, manungso podo seneng
nyalah, ora ngendahke hukume hyang widhi, barang jahat diangkat, barang suci dibenci.
Akeh manungso ngutamakake real, lali kamanungsan, lali sanak kadhang, lali kabecikan
akeh bapa lali anak, akeh anak wani klawan ibu, nantang bapa, sedulur padha cidra,
keluarga podho curigo, konco dadi mungsuh, manungso lali asale.
Ukum ratu ora adil, akeh pangkat kang jahat jail, klakuan podho ganjil, wong sing apik
podho kepencil, makaryo apik manungso isin, luwih utomo ngapusi.
Wegah makaryo kepingin urip kaya raja, ngumbar nafsu angkara murka anggedekake
duroko, wong bener tengher-tengher, wong salah bungah-bungah, wong apik ditampik,
wong jahat munggah pangkat.
Wong agung kesinggung, wong ala dipuja-puja, wong-wong wadon ilang wadon ilang
wirange. wong lanang ilang lanange, ilang kaprawirane.
Akeh jago tanpo bojo. wanito podho ora setiyo. laku sedeng bubrah jare gagah, akeh biyung
adol anak, akeh wanito adol awak, bojo ijol-ijolan jare jempolan.
Wong wadon nunggang jaran, wong lanang nunggang plangki.rondo seung loro, prawan
saiga lima. Dudho pincang payu sanggang uwang.
Akeh adol ilmu.akeh wong ngaku-ngaku. Njabane putih, jerone dadu. Ngakune suci, sucine
palsu. Akeh bujuk akeh lojo.
Akeh udan salah mongo, akeh prawan tuwo. Akeh rondho meteng, akeh bayi tanpo bapak.
Akeh agomo sing nantang, kamanungsan akeh sing ilang. Omah suci podho dibenci, omah
olo podho dipujo-pujo. Wanito podho wani/lacur ing ngendi-ngendi
Akeh laknat, akeh pengkhianat. Akeh anak mangan bapak. Sedulur nglarak/mangan
sederek. Guru podho disatru. Buruh dadi mungsuh, tangga podho curigo. Kono-kene soyo
angkoro murko
Sing weruh kebubruhan, sing ora weruh ketutuh, mbesuk yen ono perang teko wetan, soko
kulon, soko lor lan kidul, wong becik soyo sengsoro lan mbendul. Wong jahat podho seneng
mangan berkat.
Wektu iku akeh dandang diunekake kuntul. Wong salah dianggep bener. Pengkhianat
nikmat. Durjono sangsoyo sempurno. Wong lugu kebelenggu. Wong mulyo dikunjoro.
Sing curang garang, sing jujur kojur. Wong dagang kemlanggang. Wong judi podho ndadi.
Akeh barang haram, akeh anak haram. Prawan cilik podho ngidam, wanito podho nglamar
priyo. isih bayi wis podho mbayi. Sing priyo ngasorakeke drajate dewe.
Wong golek pangan pindho gabah den interi. Sing kebat, kebat kliwat, seng kasep kepleset.
Sing gawe rame tompo gawe, sing cilik kecelik, sing anggak ketungkak. Sing wedi podho
mati, nanging sing ngawur podho makmur. Sing ngati-ngati sesambat kepati.
Akeh barang klebu luwang, akeh wong kaliren lan wudho, ora nduwe wirang mergo
kepekso. Wong tuku nglenik sing dodol,sing dodol akal-okal.
Pancen wolak-walike jaman. Amenangi jaman edan, sing ora edan keduman. Sing waras
podho nggagas. Wong tani ditaleni. Wong dora podho uro-uro. Begja-begjane sing eling lan
waspodho.
Ratu ora netepi janji, musno kuwasane ilang perbawane. Akeh omah ing nduwur jaran.
Wong podho mangan uwong. Kayu gligen lan wesi podho kolu diroso enak koyo roti bolu.
Yen bengi ora iso turu.
Dagang barang saya laris, bandane saya ludes. Akeh wong kaliren ing sisihe panganan.
Akeh wong nyekel bondho ning uripe sangsoro. Sing edan podho iso dandan, sing bengkok
biso nggalang omah gedong magrong-magrong.
Wong waras lan adil uripe anggagas lan kepencil. Sing ora biso maling podo digething. Sing
pinter duroko podho dadi konco. Wong bener soyo tenger-tenger, wong sayah soyo bungah-
bungah, begjane sing eling. Akeh bondho musno ora karuan larine.
Rawa podho dadi bero, eblis janmo manungso. Eblis majelis manungso soro. Wong bener
thenger-thenger, wong salah bungah-bungah. Begjane sing eling, begjane sing lali, nanging
isih begja sing waspodho.
Mulo den titenono. Manungso jowo mengku ratu, ora bapa ora ibu, titikane nganggo kethu
asirah watu wesi. Pengapesane wanudyo ngiwi-iwi. Jejuluk Sarwo Agung Edi.
Banjir bandhang ono ngendi-ngendi, gunung njeblug tan njarwani, lan ngimpeni gethinge
kepati-pati marang pandhito-pandhito pati geni. mergo wedi kewiyak wadhi. Sopo arane
sejati.
Ratu digdoyo ora tedas tapak palune pandhe siso gurindo. Ning apese mungsuh setan,
tuyul ambregadul, bocah cilik pating pendelik ngubengi omah sorak-sorak koyo nggusah
pitik. Ratu atine dadi cilik. Ngundomono bolo sabrang sing doyan asu.
Patine nunggu sabdo bupatine perang bathara endro. Disabdo mati tan keno mimis, tan
keno panggawe olo, nanging cures ludes mergo lemes. Ketekan bayu priyonggo sinendal
sinambi miring. Patine amargo kecepit saketing daging.
Ono wong tuwo ahli topo agung. Muncul neng tengah gunung kendeng angrasuk busono
ireng, ambiyantu ratu sing dirubung tuyul anggereng. Pandhito iku ajejuluk Condro Siji
Jawa.
Adedagang carang klambi udeng lan lawe benang. Disujudi wong lanang sapirang-pirang.
Umurnyo tan panjang, namung sawarso jowo bang.
Tutupe warso jolu ngolu, warso kaping jingo nem pindho taun masehi. Amargo tinutup kuali
lumuten, kinepung semut ijo danten.
polahe wong jowo kadya gabah den interi. Endi sing bener endi sing sejati. Para topo ora
wani podho wedi anyiarke wewulang endhi margo salah-salah nemu pati.
Hamongso wus warso jili mo warso jowo ngolas molu warso iso. Bakal ono dewa
angejawantah, apengawak manungso, apasuryan pindho bethoro kresno awewatak
bolodewa ageman tri sulo wondho.
Sadurunge teko ono tetenger, lintang kemukus dowo ngalu-alu tumonjo ono kidul wetan
bener, ilang katut bathoro suryo. Jumedhul bebarengan prihatin, sing wis mungkur, yaiku
poro dipati sing ngempet-ngempet sumur dening manungso anak turune setan mabut
prihatine kawulo kelantar-kelantar, iku tandhane putro bethoro endro wus katompo topo
lagi teko. Ing marcopodho ambiyantu wong jowo.
Apeparep pangeran prang, tan pekso anggone nyandang. Ngerahake sakabehing jim setan
kumoro prewangan poro lelembut kebawah prentah saeko proyo, kinen ambiyantu poro
manungso jowo. Podho asesende senjoto Tri Sulo Wondho. Kaderekake Sabdo Palon
Nayaginggong.
Putro kinasih sawargi Sunan Lawu Yo Kyai Ageng Brojomurti, yo Kresno yo Harimurti.
Mumupuhi sakabehinglaku, nugel tanah jowo kaping pindho.
Nyuwun laki rabi ora gantalan ratri mesti amujuti, mundhut sugih katuntun garis. Nyuwun
upo mesti sembodo, garis sabdo ora gantalan. Begjo begjane sing yakin lan tuhu setyo
sabdoniro.
Dewane mung siji, kiblate ngalor ngulon. Yen nyembah nyungkem lan silo, ngedengkreng
karo andremiming. Sambatane anggelak blabar lan olah-olah salah ngematake sayur
mentah. Nanging ugo biso nyembadani ruwet tentreming wong sapirang-pirang, sing
podho manthuk-manthuk.
Pendak suro nguntapake kumara kang katon nebus dosaniro, kaadepake ngarsane kang
kuwoso. Isih timur kaceluk wong tuwo, pandereke gatutkoco sak yuto.
Idune idu geni, sabdane malati sing mbreguduk mesti mati, ora tuwo ora enom podho dene
bayi wani ora andayani. Yen kerso sinujudan wong tanah jowo, nanging mung dipilih sopo-
sopo.
Waskito pindho dewo, biso nyumurupi lahiriro, embahiro, buyutiro, canggahiro pindho lahir
bareng sedino. Ora keno diapusi mergo biso moco ati. Wasis wicoro, pinter wegig tumompo.
Dunung ono sisikile Redi Lawu sisih wetan, wetane Bengawan banjir, adedukuh pindho
Raden Gatotkaca, arupo pagupon doro tundho tigo, kaya manungso sing angleledho.
Yen siro nyebut namine mesti dadi rame, asmane biso ngramekake sing rame, sing
kasinggung iblis wewe.
Adhepe pondhol tan karuan kiblate, mulo yen ngerti jantrane jaman. Abondho bandhu
nanging ora duwe, titihane turonggo asikil limo cacahe, ulese pasuryo bolodowe, gigire
nganggo ules getihe puntodewo.
Yen ketitih playune pindho ibere gatotkaca. Sing nitih yo titihane bathoro Kresno yen nitih
ono wetenge turonggo.
Yen krungu asmane podho gething, yen wus kenal podho nyandhing, suthik-suthik ditinggal
plencing. Begja begjane sing biso nyanding. Biso akas digdoyo tanpo aji keeling. Pindho
manungso digdoyo kaya baru klinting.
Pantes apeparep Bupatine Prang, sing wani bakal wirang. Yen ngluruk tanpo bolo, digdoyo
tanpo aji opo. Lamun menang tanpo ngasorake liyo. Pancen sugih nanging tan abondho.
Wasis, wegig, waskito, ngerti sadurunge winarah, pindho Dewo angejowantah. Biso pirso
embahiro, angawuningani jantrane jaman jowo, ngerti garise siji-sijine umat tan kalepyan
susurupe jaman.
Mulo den, upadinen sinatriyo iku, wus tanpo bapa lan bibi, lola wus apupus wido jowo,
mung ngandelake Tri Sulo, landepe tri sulo putuk, arupo suthik gegawe,ngegawa pati utowo
utang nyowo. Sing tengah sirik gawe kapitunane liyan, sing pinggir tolak colong jupuk
winarno.
Serik den menehi ati malati, biso kesiku. Senenge anggodo, ajejuluk coro nistho, mangertiyo
iku coba, ojo kaino-ino, begja begjane sing dipundhuti. Ateges ditompo jantraniro, kaemong
siro sabroyo.
Ing aran begawan, wong dudu pandhito, sinebut pandhito dudu dewo, sinebut dewe kaya
manungso, kinen anggep manungso, eming duwe doyo, tan opo ditakoni tan dinalekake tan
ono jontro kang disisihake kabeh kajarwakake jlentreh arang-arang terang andrandang.
Ojo ngumun ojo ngungun, yo iku bathoro endro kang pambayun. Turase kuwoso
mbendhung setan. Idune tirto Brojomusti, pisuh kaya ngunduh yoiku kang biso paring
pituduh, marang jarwane jongko kalaningsun. Tan keno den apusi, margo biso manjing
jroning ati, ono manungso serik ojo gelo, iku dudu wektuniro, ngangsuo sumur Ratu Tanpo
Makutho.
Nanging musnae tanpo lari, ing tembe warso jowo ngolas rodas, warso iso jingo ngalu molu
ing sing menangi enggalo den luri. Ojo kongas jaman kandas madeoho den marikelu, begjo
begjane anak putu.
Iki dalane sing eling lan waspodho, ing jaman kalabendu jowo, ojo nglarang dalan wong
ngluri, wong pangawak dewo, dewo pangawak manungso, sing malang-malang bakal cures
ludes sak broyo diomo kumoro. Ojo kleru pandhito samusono. Lurinen pandhito asenjoto Tri
Sulo Wondho. Iku paringane dewo.
Lenggahing pembayun bathoro endro, bebarengan jaman angkoro murko soyo ndadi, kono-
kene soyo bingung, akeh wong kabiluk melu curang, kawulo wani bendoro, buruh wani
juragan, juragan dadi umpan, sing asuworo seru sora oleh bolo. Wong pinter diinger, akeh
wong pinter podho keblinger. Wong olo podho dipujo, wong ngerti mangan ati.
Bondho dadi suwolo, pangkat dadi pikat. Sing menang podho sawenang-wenang rumongso
menang, sing salah mung ngalah rumongso kabeh salah. Ono bupati soko wong asor imane.
Pepatih kepala judi, sing ati suci koyo dibenci, sing jahat pinter anjilat tur oleh hajat, sing
maling thenguk-thenguk nemu gethuk, pitik angrem sak dhuwure pikulan.
Begal podho andugal, rampok keplok, wong omah mitenah sing diomong. Wong jogo
nyolong sing dijogo, wong njaluk dijamin, amargo wedi karmane sing jahat, sing jahil. Wong
cilik kapencil.
Ono janmo ngaku-ngaku dadi ratu, dhuwe bolo lan prajurit. Negarane ambayran
saprowolan umbul-umbul warno jenang gulo. Tinengeran gamane cah angon rojo koyo,
disulutri gamane pandhe-pandhe wojo. Wong suci dibenci, wong jahat diangkat drajat,
timah dianggep perak, emas diangep tembogo, dandang diunekake kuntul, wong dosa
sentosa, wong becik dikecik, maling lepas giring, sing maling kepethuk maling.
Akeh sing tundhung kuwali lumuten, pindho kepikut katut, janji menehi drajat jebule ngajak
mlarat, pinter micoro sing bener digawe olo puntone podho mati ing pinggir kali, tanpo
sirah namung gembung.
Wanito angger wani, jebule kelangan laki, laki mati tan karuwan kubure tan karuwan
dinane, akeh mati tanpo slametan, modin podho ngungsi mergo wedi mati, sing ngurusi
wong mati digawe pati.
Iku balesane semut ijo kang kelangan ngangrang sapto, linuweng ing sumur jolotundho
kang isi boyo. Iku tandane mungkure jaman, jaman sugih kroso wedih, wong wedi dadi
priyayi, senenge wong jahat susahe wong becik.
Nanging manungso podho kuciwo, mergo dakwo-dinakwo. Ratu podho rembugan negoro
endhi sing dipilih lan disenengi. Hera-heru wong jowo kari separo, londo cino kari sejodo.
Cino arang eling, keplantrang dibandem gandring, melu wong jowo sing podho eling, sing
ora eling podho muring, mlayu-mlayu koyo maling keno tuding, mergo tinggal podho
digething. Bareng ayo mulih podho manjing.
Akeh wong ijir, wong cilik sing eman. Selot-selote mbesuke, wolak-walike jaman, wong nyilih
mbalekake, wong utang mbayar, utang nyowo nyaur nyowo, utang wirang nyaur wirang.
Akeh wong dicokot lemut mati. Dicokot semut sirno. Akeh suworo aneh tanpo bolo,
prewangan makhluk alus podho baris, podho rebut gawe bebener garis, tan kasad moto,
tan arupo sing mandegani putrane bethoro endro.
Ageman tri sulo wondho. Momongane dadi nayakane perang. Perang tanpo bolo, sekti
mandraguno tanpo aji, ngluruk tanpo wadyo bolo. Yen to menang tan ngasorake, podho
sugih tan abondho.
Ratu tanah jowo mung siji nanging podho nyawiji. Ageman agodhong pring nom, atetenger
lintang belik, anyekel gaman uleg-uleg wesi lambung, pandereke anyangklong once londo
isine lombok kuning. Bumbung wulung tan rosan gineret kreto tan turonggo.
Nanging kombak mosiking dene suworo gemrenggeng pindho tawon gung, sing nganglang
gatotkaca kembar sewu. Suksmane iwak lodan munggah daratan. Kawulo podho suko-suko
margo adiling pangeran wus teko.
Ratune nyembah kawulo, pandhereke yo podho ngujo, iku momongane Pangeraning Prang.
Sing wis adus wirang nanging kondang, sing ageman Tri Sulo Wondho, genah kiblate
gamblang tur jingglang, ora ono wong ngresulo, gemah ripah loh jinawi, kolobendu wis
mingser/mungkur ganti wuku.

Anda mungkin juga menyukai