Anda di halaman 1dari 3

PEMERINTAH KABUPATEN NGANJUK

DINAS PENDIDIKAN
GUGUS SEKOLAH 05 KECAMATAN BERBEK
Alamat : SDN Sumberurip 1. No. HP.081359680179/085335768093 kode pos 64473

SOAL ULANGAN TENGAH SEMESTER (UTS) GANJIL


TAHUN PELAJARAN 2018/2019
TTD Nilai Muatan : Bahasa Jawa Nama : ..................................
Kelas : III
No : ..................................
Hari / Tgl : Sabtu / 22-09-2018
Waktu : SDN : ..................................

Kantor Pos
Kala dinten liburan kulo dipundhawuhi bapak dateng kantor pos. mapanipun kantor pos sacelakipun
balai kota. Sangking griya kula numpak sepeda. Wonten nglebet kantor pos loketipun kathah sanget,
wonten loket papan kangge ngetung arta, loket kangge ngladosi tiyang-tiyang pensiunan lan sanes-
sanesipun.loket yaiku penggonan kanggo tuku karcis.
Kulo didhawuhi ngentenaken arta kagem paklik ing Semarang. Sepisan kulo tumbas blanko wesel
pos. blanko kulo iseni wonten mejo ingkang sampun dipun cawisaken dening kantor pos. blanko ingkang
sampun kulo iseni kaliyan arta kula aturake, sareng sampun rampung anggenipun naliti, kulo kajeng dipun
peringi resi, kangge bukti kintun arta.
I. Wenehana tandha ping (x) aksara a, b, utawa c sangarepe pratelan kang bener !
1. Bukti kanggo kirim dhuwit diarani apa ?
a. resi b. karcis c. loket
2. Blanko sing dienggo kirim dhuwit diarani apa ?
a. resi b. karcis c. wesel
3. Ngendi mapane kantor pos ?
a. celakipun balai kota b. celakipun griyo kulo c. pinggiripun balai kota
4. Ing ngisor iki sing ora kelebu barang-barang pos yoiku?
a. kayu b. wesel c. resi
5. Panggonan kanggo tuku karcis di arani ?
a. kelas b. stasiun c. loket
6. Rani nyekel pulpen arep di enggo …
a. nulis b. maca c. nggambar
7. Bapake bapak di arani …
a. mbha kakung b. budhe c. Pak dhe
8. Panggonan kanggo dol tinuku diarani …
a. kantor b. pasar c. sekolah
9. Sing tugase ngeterake layang diarani …
a. merpati pos b. kantor pos c. tukang pos
10. Godhong mlinjo jenenge so, yen godhong asem jenenge …
a. lembayung b. klaras c. sinom
11. Kantor pos iku mapane cedhak balai kota. Cedhak koso baline yaiku …
a. dowo b. cedhak c. adoh
12. Ukara pitakon nggunakake tandha …
a. koma (,) b. seru (!) c. pitakon (?)
13. Cacahe pendhawa iku ana …
a. 7 b. 6 c. 5
14. Amarga kudhanan klambine nganti teles …
a. ndhedet b. kebes c. branang
15. Barang ana ing gambar sisih tengen iki digawe saka …
a. janur b. plastic c. kertas
II. Wangsulono pitakon ing ngisor iki !

1. Krama inggile mata yaiku …


2. Arep mlebu omahe wong liyo kudu uluk …
3. Yen guwak sampah sembarangan nyebapake ...
4. Isine duren jenenge pongge, yen isine sawo jenenge …
5. Gamane kalajengking iku …lan …
6. Wong sing nglakokake sepur iku jenenge …
7. Pitik walik saba kebon, arane ….
8. Omah kanggo sembayang umat Islam jenenge …
9. Rumah sakit iku papan kanggo nambani …
10. Sawi, kubis, bayem lan kangkung kagolong …

III. Isenan ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung sing mathuk !

1. Coba gawea ukoro nganggo tembung :


a. Dolanan
b. Sinau
Wangsulan :
a. ..........................................................................................................................
b. ..........................................................................................................................
2. Gaweo ukara pitakon 2 wae!
Wangsulan :
a. ..........................................................................................................................
b. ..........................................................................................................................
3. Coba gaweo tuladha swara (a) jejeg lan swara (a) miring 4 wae!
Wangsulan :
a. (a) jejeg : ..........................................................................................................
..........................................................................................................................
b. (a) miring : ........................................................................................................
..........................................................................................................................
4. Coba gaweo pengalaman sing gawe susahe atimu 2 wae!
Wangsulan :
a. ..........................................................................................................................
b. ..........................................................................................................................
5. Gaweo 2 wae tuladha basa krama!
Wangsulan :
a. ..........................................................................................................................
b. ..........................................................................................................................

I =x1
II =x2 NILAI
III = x 3
Skor Maksimal = 50
Skor Perolehan
x 100 = Nilai ............................................
Skor MAksimal

Selamat mengerjakan
KUNCI JAWABAN UTS BAHASA JAWA KELAS III

I. JAWABAN
1. a. Resi
2. c. Wesel
3. a. Celakipun balai kota
4. a. Kayu
5. c. Loket
6. a. Nulis
7. a. Mbah kakung
8. b. Pasar
9. c. Tukang Pos
10. c. Sinom
11. c. Adoh
12. c. Pitakon (?)
13. c. 5
14. b. kebes
15. a. Janur

II. JAWABAN
1. Soca / paningal
2. Salam
3. Banjir
4. Kecik
5. Entup lan capit
6. Masinis
7. Nanas
8. Mesjid
9. Wong loro
10. Janganan

III. JAWABAN
1. - Aku dolanan layangan ning lapangan
- Aku sinau bahasa jawa
2. - Apa sing nyebabake kecelakaan ?
- Sapa sing dadi korbane ?
3. - (a) jejeg : sapa, raja, lara, apa
- (a) miring : kapan, bayan, mangan, jaran
4. - Ditingal lunga karo bapak.
- Perpisahan karo guru kelas 3 amarga pensiun.
5. Bapak ngunjuk wedang kopi

Anda mungkin juga menyukai