Anda di halaman 1dari 1

MAMPANGATE APEL PAGI NANG SEKOLAHAN

Kegiatan apel pagi kayane urung akeh sing nglakoni khususe nang tingkat Sekolah Dasar
( SD). Padahal menawa dimatna utawa dirasakna mempangate gede banget kanggo warga
sekolah yakuwe kanggo njaga sekaligus ningkataken didiplin, tanggung jawab, cinta nusa lan
bangsa, nduweni jiwa patriot ,sehat lan sapanunggalane.

Biasane apel pagi dilakoni sedurunge pelajaran diwiwti. Nangkono didiplin wektu warga
sekolah bisa dijaga. Umpamane sekolah wiwiti pelajaran jam 07.00WIB mula kudune jam 06.45
WIB kabeh wis temata siap kanggo ngklakoni apel pagi, wektu sing dibutuhna apel pagi jane ora
suwe nung sekiar 15 menit wis cukup.

Wektu sing ming 15 menit kuwe bisa dinggo nglakoni susunan acara kaya dene sepisa
ndonga bareng-bareng. diterusaken ngucapna moto sekolah lan sejenise sing tujuane kanggo
aweh motivasi maring kabeh warga sekolah khususe maring bocah-bocah supaya tumbuh
kepercayaan dirine wiwiti milu pelajaran sing garep dilakoni. Kaping pindhone kanggo mriksa
utawa neliti hal-hal sing ana kaitane karo disiplin sekolah terutama nang babagan ketertiban,
kebersihan, lan kerapian. Sing kaping telune bisa kanggo aweh informasi menawa ana hal-hal
sing kudu disampekna maring warga sekolahan.

Apel pagi menawa dilakoni rutin garep-garep ngraketaken rasa kekeluargaan sepada-pada
warga sekolahan, umpamane ana sing ora mangfkat garep gampang lan enggal dingerteni dening
sing liyane. Nang kegiatan apel pagi uga bisa nglatih khususe babagan baris-berbaris gerakan-
gerakan sing ana nang tempat kayadene : hadp kanan, hadap kiri, balik kanan, lencang kanan,
lencang kiri, hormat, istirahat. Lan sapanunggalane merga gerakan kue dilakoni saben dina
mengkone bocah-bocah garep apal maring gerakan –gerakan sing biasa dilakoni nang sajerone
baris.

Menawa kabeh siswa, guru, lan pegawai sekolah pada melu ngkaloni apel pagi saben
dinane wis mesti kabeh warga sekolah garep teyeng ningkataken didiplin lan rasa tanggung
jawab nang awakw dewek-dewek sing tumuse dadi garep terwujude didiplin sekolah.

nama : BERKAH FAJARYANTO, S.Pd.SD


NIP : 197304022014061004
Alamat : SD NEGERI 4 JEMBANGAN,
Punggelan. Banjarengara 53462
No.Hp : 081327082161

Anda mungkin juga menyukai