Anda di halaman 1dari 3

Berikut adalah contoh soal dari UAS Bahasa Daerah Jawa untuk kelas X SMA:

1. Jinise artikel ing ngisor iki, kajaba…..

A. Artikel Eksplanatif

B. Artikel deskriptif

C. Artikel preskriptif

D. Artikel prediktif

E. Artikel deduktif

2. Arikel sing ngandharake sawijine masalah kang dumadi ing masyarakat, bisa disumurupi apa sing
satemene dumadi. Jinis iki memper kaya laporan utawa reportase, bedane yen laporan mung
adhedhasar kasunyatan wae, yen artikel panulisane nerangake masalah kanthi gamblang bisa awujud
opini iki diarani jenis artikel….

A. Artikel Deskriptif

B. Artikel Preskriptif

C. Artikel Prediktif

D. Artikel Eksploratif

E. Artikel Eksplanatif

3. Predhiksi asil tetandhingan bulu tangkis nasional iku didungkapake sajrone artikel….

A. Artikel Eksplanatif

B. Artikel Eksploratif

C. Artikel Deskriptif

D. Artikel Prediktif

E. Artikel Preskriptif

4. Artikel kang ngewenehi tuntunan marang sing maca kanggo nindakake sawijine babagan saengga ora
keliru uatawa salah. Iki ingaranan jinis artikel….

A. Artikel Deskriptif

B. Artikel Eksploratif

C. Artikel Eksplanatif

D. Artikel Preskriptif

E. Artikel Prediktif

5. Panulise artikel Manawa kaudhal manut structure yaiku…


A. Isi, masalah, dudutan

B. Dudutan, isi, lan masalah

C. Pambuka, dudutan, lan masalah

D. Pambuka, isi, lan dudutan

E. Pambuka, isi, lan masalah

Lingkungan Resik, Uripe Sehat

Lingkungan resik urip sehat nduweni teges lingkungan sing adoh saka kondisi kang nyebabake lelara.
Lingkungan sing resik bisa dadekake urip sehat. Tegese saka lingkugan resik urip sehat yaiku urip
lingkungan sing kita panggoni nduweni kesan becik kanggo sesawangan lan menehi sehat.

Lingkungan sing kita panggoni bisa ndukung lan nduweni pengarh tumrap panguripane manungsa
dhewe. Yen lingkungan kita, wargane duweni pakulinan urip sehat, mesthine iki bakal nuwuhake kesan
luwih becik tumrap pribadi lan masyarakat. Ananging suwalike yen kita manggon ing warga kang duweni
pakulinan kemroh lan seneng omben-omben bab iki bakal nduweni pengaruh psikis lan mental kita.

6. Kepriye carane mujudake lingkungan omah supaya resi?

A. Mbuwang sampah ing panggonan

B. Njaga lingkungan tetep teles lan garing

C. Tansah reresik omah, buwang sampan ing panggonan kan wis disiapake.

D. Sampah dijarake numpuk lan kebak ing panggonane

E. Sampah uwuhake ganda kang kurang enak lan diparani laler utawa coro

7. Kena apa lingkungan sing kudu resik?…

A. Amarga panggonan sehat kuwi bias ndukung panguripane manungsa

B. Amarga saka lingkungan resik bisa ndadekake urip sehat

C. Amarga wargame nduweni kebiasaan resik lan becik

D. Amarga kahanan iki bias nuwuhake sesawangan kang asri

E. Amarga wargame supaya ora kemroh

8. Ing ngisor ini sing kalebu ukara lamba yaiku….

A. Rusake alam bias disebabake dening factor alam

B. Lingkungan alam sing rusak bakal nduweni efek tumrap uriping manungsa lan anduweni potensi bakal
dumadi bencana ing tembene

C. Lingkungan alam kalebu lemah, banyu, alas, lan hawa perlu dijaga supaya sumberdaya alam tetep
lestari lan ngasilake paedah kang maksimal kanggo karaharjane manungsa
D. Karusakan alam sing paling gedhe disebabake dening manungsa katimbang factor alam kang
dumadine ora saben dina

E. Karusakan lingkungan amarga pokale manungsa nyebabake penyakit, bencana, lan kapitunan tumrap
manungsa dhewe

9. Lingkungan resik urip sehat nduweni teges lingkungan sing adoh saka kondisi kang nyebabake lelara.
Lingkungan sing resik bisa dadekake urip sehat. Tegese saka lingkugan resik urip sehat yaiku urip
lingkungan sing kita panggoni nduweni kesan becik kanggo sesawangan lan menehi sehat.

Ukara ing nduur cuplikan saka…

A. Pambuka

B. Dudutan

C. Isi

D. Pambuka lan dudutan

E. Deskripsi

10. Pekarangan kang kebak wit-witan bias gawe omah katon asri lan seger.

Ukara ing nduwur kalebu ukara…

A. Ukara Lamba

B. Ukara camboran

C. Ukara camboran sejajar

D. Ukara camboran rapatan

E. Ukara camboran sungsun

Anda mungkin juga menyukai