Anda di halaman 1dari 3

PEMERINTAH PROVINSI JAWA TIMUR

CABANG DINAS PENDIDIKAN WILAYAH KAB. NGAWI


SEKOLAH MENENGAH KEJURUAN NEGERI 1
KASREMAN NGAWI
KOMPETENSI KEAHLIAN : TEKNIK KOMPUTER DAN JARINGAN,
AKUNTANSI, JASA BOGA DAN TATA BUSANA
Alamat : Jl. Raya Ngawi Caruban Km.6 Ds. Cangakan, Kec. Kasreman,
Kab. Ngawi Telp. (0351) 7708062 Kode Pos : 63281
e-mail: smkn1kasreman@yahoo.co.id

LATIHAN SOAL
SEMESTER GANJIL

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa

Kelas / Semester : X / Ganjil

Materi : Wacana Non Sastra Artikel

Lingkungan Resik, Uripe Sehat


Lingkungan resik urip sehat duweni teges lingkungan sing adoh saka kondisi kang
nyebabake lelara. Lingkungan sing resik bisa ndadekake urip sehat. Tegese saka lingkungan
resik urip sehat yaiku urip lingkungan sing kita panggone nduweni kesan becik kanggo
sesawangan lan menehi sehat. Lingkungan sing kita panggone bisa ndukung lan nduweni
pengaruh tumrah panguripane manungsa dhewe. Yen lingkungan kita, wargane duweni
pakulinan urip sehat, mesthine iki bakal nuwuhake kesan luwih becik tumrap pribadi lan
masyarakat. Ananging suwalike yen kita manggon ing warga kang duweni pakulinan kemroh lan
seneng omben-omben bab iki bakal duweni pengaruh psikis lan mental kita. Kahanan iki bisa
diselaki yen wis mbangun bale wisma amarga lingkungan kaya mau bisa nduweni pengaruh
tumrah sesrawungan putra-putri kita.

I. Wangsulana pitakonanan-pitakonan ing ngisor iki kanthi trep!


1. Kena apa lingkungan sing kudu resik?
a. Amarga panggonan sehat bisa dukung panguripane manungsa
b. Amarga saka lingkungan resik bisa ndadekan urip sehat.
c. Amarga wargane nduweni kebiyasaan becik
d. Amarga kahanan iki bisa nuwuhake sesawangan kang asri.
e. Amarga wargane supaya ora kemroh
2. Kepriye carane mujudake lingkungan omah supaya resik?
a. Mbuwang sampah ing panggonan.
b. Njaga lingkungan tetep teles lan garing.
c. Tansah reresik omah, mbuwang sampah ing panggonan kang wis disiapake.
d. Sampah dijarake numpuk lan kebak ing panggonane.
e. Sampah nuwuhake ganda kang kurang enak lan diparani laler utawa coro.
3. Ukara kang nuduhake sifat ora resikan yaiku....
a. Lingkungan sing kita panggoni bisa ndhukung lan nduweni pengaruh tumrap panguripane
manungsa dhewe.
b. wargane nduweni pakulinan urip sehat, mesthine iki bakal nuwuhake kesan luwih becik
tumrap pribadi lan masyarakat.
c. Kahanan iki bisa diselaki yen wis mbangun bale wisma amarga lingkungan kaya mau bisa
nduweni pengaruh tumrah sesrawungan putra-putri kita.
d. Lingkungan resik urip sehat nduweni teges lingkungan sing adoh saka kondisi kang
nyebabake lelara. Lingkungan sing resik bisa ndadekake urip sehat
e. Kita manggon ing warga kang nduweni pakulinan kemroh lan seneng omben-omben bab iki
bakal nduweni pengaruh psikis lan mental kita.

4. Pekarangan kang kebak wit-witan bisa gawe omah katon arsi lan seger.
Yen dideleng perangane,Ukara ing dhuwur kalebu ukara....
a. Ukara lamba
b. Ukara camboran sajajar
c. Ukara camboran rapatan
d. Ukara camboran sungsun
e. Wangsulan a, b, c. lan d salah
5. Ing ngisor iki kang kalebu Ukara sing kalebu ukara lamba yaiku ....
a. Rusake alam bisa disebabake dening faktor alam.
b. Lingkungan alam sing rusak bakal nduweni efek tumrap uriping manungsa lan anduweni
potensi bakal dumadi bencana ing tembene.
c. Lingkungan alam kalebu lemah, banyu, alas lan hawa perlu dijaga supaya sumberdaya alam
tetep lestari lan ngasilake paedah kang maksimal kanggo karaharjane manungsa.
d. Karusakan alam sing paling gedhe disebabake dening manungsa katimbang faktor alam
kang dumadine ora saben dina.
e. .Karusakan lingkungan amarga pokale manungsa nyebabake pageblug/penyakit, bencana
lan kapitunan tumrap manungsa dhewe.
6. Manungsa nduweni akal budi kanggo nyukupi kabutuhane.
Yen diudhal ukara ing dhuwur pada karo ing ukara ngisor yaiku
a. Gunung jeblug mujudake salah sawijine aktivitas vulkanisme lan dumadine gejala alam.
b. Karusakan alam sing paling gedhe disebabake dening manungsa katimbang faktor alam
kang dumadine ora saben dina.
c. Indonesia minangka negara berkembang uga ngalami rusake alam kang duweni dampak
negatif tumrap karaharjane panguripan.
d. Akeh dahuru kang anjalari rusake lingkungan hidup, salah sijine amarga gunung jeblug.
e. Kewan-kewan alas anjalari tumrap isen-isening alam
7. Panulise artikel manawa kaudhal manut Strukture yaiku ....
a. Isi masalah, dudutan
b. Dudutan, isi lan masalah
c. Pambuka, dudutan lan masalah
d. Pambuka, isi lan dudutan
e. Pambuka, isi lan masalah
8. Sampah elektronik kudu diolah kanthi bener lan pamisahane komponen kudu diselektif kanthi
bener. Amarga ana zat-zat sing mbebayani ing sajrone komponen elektronika sing
mbutuhaken penanganan khusus lan ora bisa kacampur karo sampah liyane.
Ukara ing dhuwur cuplikan saka ..
a. pambuka
b. dudutan
c. isi
d. pambuka lan dudutan
e. deskripsi
9. Artikel sing ngandharake sawijine masalah kang dumadi ing masyarakat, sahingga bisa
disumurupi apa sing satemene dumadi. Jinis iki memper kaya laporan utawa reportase, bedane
yen laporan mung adhedhasar kasunyatan wae, yen artikel panulisane nerangake masalah
kanthi gamblang bisa awujud opini iki diarani jinis artikel ....
a. Ekploratif
b. Eksplanatif
c. Deskriptif
d. Prediktif
e. Preskriptif
10. Panulise artikel manawa kaudhal manut strukture yaiku ....
a. Isi masalah, dudutan
b. Dudutan, isi lan masalah
c. Pambuka, dudutan lan masalah
d. Pambuka, isi lan dudutan
e. Pambuka, isi lan masalah
11. Artikel sing ngandharake sawijine masalah kang dumadi ing masyarakat, sahingga bisa
disumurupi apa sing satemene dumadi. Jinis iki memper kaya laporan utawa reportase,
bedane yen laporan mung adhedhasar kasunyatan wae, yen artikel panulisane nerangake
masalah kanthi gamblang bisa awujud opini iki diarani jinis artikel ....
a. Ekploratif
b. Eksplanatif
c. Deskriptif
d. Prediktif
e. Preskriptif
12. Karusakan alam sing paling gedhe disebabake dening manungsa katimbang faktor alam kang
dumadine ora saben dina. Owahe iklim global dadekake Negara-negara maju duweni
kawigaten gedhe tumrap rusake Alam. Manawa iklim global owah, bab iki nyebabake
munggahe suhu amarga akumulasi gas emisi ing atmosfer utawa uga bisa kaistilahake
Global warming (pemanasan global). Indonesia minangka negara berkembang uga ngalami
rusake alam kang duweni dampak negatif tumrap karaharjane panguripan. Karusakan
lingkungan amarga pokale manungsa nyebabake pageblug/penyakit, bencana lan kapitunan
tumrap manungsa dhewe.
Gagasan pokok ing cuplikan wacan mau yaiku
a. Karusakan lingkungan amarga pokale manungsa nyebabake pageblug/penyakit, bencana
lan kapitunan tumrap manungsa dhewe.
b. Karusakan alam sing paling gedhe disebabake dening manungsa katimbang faktor alam
kang dumadine ora saben dina.
c. Manawa iklim global owah, bab iki nyebabake munggahe suhu amarga akumulasi gas
emisi ing atmosfer utawa uga bisa kaistilahake Global warming (pemanasan global).
d. Indonesia minangka negara berkembang uga ngalami rusake alam kang duweni dampak
negatif tumrap karaharjane panguripan.
e. Owahe iklim global dadekake Negara-negara maju duweni kawigaten gedhe tumrap
rusake Alam

II. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi bener lan pener!
1. Apa bedane ukara lamba lan ukara camboran!
2. Gaweya tuladha ukara camboran sajajar 5 wae!
3. Apa kang diarani artikel?
4. Miturut jinise artikel kaperang dadi pira lan jlentrehna!
5. Goleka ana ing kalawarti artikel sing gegayutan karo lingkungan, banjur analisise artikel
mau!

Anda mungkin juga menyukai