Anda di halaman 1dari 3

Dunga Saka Kucing

Dening : Diana Kholida

Jenengku Erwin, umur 15 taun. Wong tuwoku mung pedagang iwak ana ing pasar.
Dina-dinaku ora adoh saka telung panggonan, pesisir, pasar, lan sekolah. Sadurunge budhal
seklah, aku menyang pesisir kanggo mbantu bapak ngitung iwak sing digawa dening nelayan.
Sawise sekolah aku mampir ing pasar kanggo mbantu beberes barang dagangan ibuku. Akeh
wong ngomong yen aku anak sregep lan bhakti marang wong tuwa, nanging iku kabeh
daklakoni mung amarga kapeksan. Sapa maneh sing mbantu yen ora aku ? Amarga aku anak
ontang-anting. Kadang aku nindakake mung supaya dipuji karo tonggo. Secara ekonomi,
sanadyan mung pedagang iwak, penghasilan wong tuwoku saya luwih saka cukup, mung aku
heran wong tuwoku kuwi cethil. Ora ana barang mewah ing omah. Kanggo ngeterake barang
dagangan, bapak luwiih milih nggunakake becak sing bisa rampung nganthi kaping telu.
Dene asline bapak bisa tuku montor kanggo ngangkut iwak utawa mbayar uwong kanggo
mbantu.

Kadang aku protes karo sipat cethil wong tuwoku. Apa sing aku pingin ora gampang
dakoleh sanadyan aku anak ontang-anting. Wektu aku kepingin handphone kaya kanca-
kancaku, aku kudu melu nelayan nggolek iwak supaya bisa oleh dhuwit. Prakara mangan wae,
aku kerep mangan iwak dagangan. Diselingi mung ora luwih saka tahu tempe lan siji utawa
rong iris pithik. Ora ngerti kanggo apa dhuwit wong tuwaku kuwi, kena apa kok bisa cethil
karo aku. Ana prakara sing nggawe aku iri, yaiku kucing tuwa sing bapak lan ibu temukake
sepuluh taun kepungkur kuwi. Saben dina mesti diwenehi iwak seger, sereal, lan susu. Telung
wulan pisan kandange musti ganti, nanging aku budhal sekolah mung nganggo sepeda onthel.
Kerjane mung ngaong saben dina, nanging aku musti bolak-balik pesisir-pasar.

Dina iki kucing iku kayata lara. Bapak lan ibuku trenyuh kaya-kaya anake sing lara.
Wong tuwaku nggawa kucing tuwa kuwi menyang dokter kewan, aku ya diutus ibu melu
ngeterake. Sawise diperiksa, keadaan kucing kuwi saya apik. Dakdeleng cathetan
pembayaran dokter nganthi Rp.2700000,00,-. boros sangat pikirku yen mung kanggo kucing.
Yen lara terus mati apa susahe ? mung kucing wae.

“Kena apa wong tuwaku welas asih nemen karo kucing kuwi ?Kena apa ora aku ?Apa
aku kudu dadi kucing ?Ahh... aku pingin dadi kucing supaya ibu bapakku welas asih marang
aku.” Grutuku dhewe amarga saking kesele.

Dumadak aku ngerasakake ana sing aneh saka awakku. Awakku berubah dadi cilik
lan akeh wulune. Aku nyoba gawe njerit, namung ora bisa. Sing metu mung suara “meong....
meong....”. Ohh... ternyata doaku terkabul, saiki aku dadi kucing. Aku langsung mlayu
marang ibuku, muter-muter ing sikile ibu kanggo njaluk welas asih. Namung, ibu mung
mesem nyambi nyeluk jenengku lan metu saka omah.

Ora adoh saka panggonan bapak ngitung dhuwit, aku ndeleng telung kotak werna
ireng. Kotak kapisan tulisane “HAJI”, kotak kaping loro tulisane “ERWIN”, lan kotak katelu
tulisane “DINA IKI”. Amarga penasaran aku mbuka telu kotak mau. Wektu mbuka, aku
kaget ternyata kotak-kotak kuwi isine dhuwit. Saka telung kotak, kotak kaping loro sing
nduweni ukuran paling gedhe, lan sing pasti isine luwih akeh. Ing sajroning ana sawetara
buku tabungan, tumpukan dhuwit, lan sertifikat omah nganggo jenengku. Saiki aku ngerti,
yen pira wae penghasilane wong tuwaku, dhuwite sing dientuk bakal dibagi kanggo ngisi
telung kotak iku mau. Kanggo lunga kaji, kanggo masa depanku, lan kanggo kaperluan dina
iki. Tenan, aku ora bisa ngomong apa-apa. Bodohe aku amarga nganggep yen wong tuwaku
cethil lan ora welas asih marang aku. padahal, wong tuwoku mikirake aku nganthi sakmunu
kuwi. Wong tuwoku nabung kanggo pendidikanku, nukokake omah sing bakal dakpanggoni
yen aku wis gedhe, lan rencana kanggo tuku perahu nelayan. Wong tuwaku mikir selagi isih
kuwat mlaku lan ngayuh becak, ora bakal tuku kendaraan utawa mbayar uwong, dhuwite
wong tuwaku dikumpulake supaya ing dina tuwane mengko mung lungguh ngenteni perahu-
perahu nelayan nggone bapak lan ibu ngelayar. Lan sing pasti bapak karo ibu ora gelem
nggantungake dina tuwane marang aku.

Durung mari aku mbisu, kasiret tumindak. Samar-samar aku krungu swara wong
ndedunga karo nyebut jeneng bapak,ibu,lan aku. Aku nggoleki sumber swara lan aku
nemokake saka kucing tuwa kuwi. Ing wayah bengi dheweke ndedunga kanggo kawilujengan
kaluwargaku. Aku nyedhaki kucing tuwa kuwi, lan wiwit nyadar yen dheweke mung
nduweni mata siji. Aku pingin nangikake, nanging aku ora tega amarga dheweke bar turu
sawise saka dokter kewan. Ing nisore kandhang, aku nemukake kertas lan dakwaca tulisane.
Sepuluh taun kepungkur, bapak lan ibuku nemukake dheweke ana ing pesisir kanthi keadaan
catu adus getih amarga dibenturi watu dening wong-wong. Digawa bapak lan ibuku menyang
oah lan dirawat nganthi waras. Nalika wong tuwaku arep menyang ana pasar, kucing kuwi
ngaong kaya-kaya ora ngidini ninggal. Ternyata bener, ana angin puyuh ing pasar, yen wong
tuwaku budhal, baal dadi korban bencana kuwi mau. Sawise sawetara sasi, nalika aku umur
lima taun, aku kepenak dolanan. Moro-moro ana motor sing ugal, banjur kucing kasebut sing
kena lan kilangan salah siji matane.

Aku uga nyadari apa sing kucing tuwa lakokake kuwi ora mung ngaong, nanging
ngaong kanggo nangikake bapak lan ibuku tahajud lan tansah ndedunga kanggo kaluwargaku
nalika lagi turu. Tumindak iku sing ora tau daklakonake. Ohh.. bapak ibu... kula nyuwun
pangapunten.

Ana cahya srengenge sing nyemplung ing kamarku, ternyata apa sing aku rasakake
minangka impen. Banjur, aku langsung mlayu nemuni bapak lan ibuku kanggo mastikake apa
sing ana ing impenanku kuwi bener.

“Pak... buk... panjenengnipun wonten pundi?” Pitakonku sawise metu saka kamar.

“Ana apa ta lhe ? bapak lan ibu ana ing teras” Wangsulane ibu.

Banjur aku langsung mlayu menyang teras.

“Pak... buk... kula badhe tangglet”

“Takon apa? kok kaya gopoh awakmu lhe”


“Napa bener pak yen bapak saben dinten niku nabung damel kaji, kula, lan kaperluan
dina niki?” pitakonku langsung ora nganggo basa-basi.

“Iyo lhe, saben dina bapak lan ibu nyisihake penghasilan saka dagang iwak kanggo
telu kebutuhan iku. Dadine bapak lan ibu njaluk sepuro yen awakmu ora tau ngerasa penak
ngenani kebutuhanmu, iku kabeh wis bapak perkirakake lhe. Ben ing tuwane bapak karo ibu
ora nyusahake awakmu” Wangsulan saka bapak sing nggarai aku isin lan kudu nangis ngadep
bapak lan ibu.

“Terus ngenani kucing tuwa niku....” durung mari takonku langsung ditanggepi karo
ibu.

“Lhee.. ibuk ngerti apa sing awakmu rasakno. Kucing kuwi nduweni jasa kang akeh
kanggo kaluwarga kita. Dheweke sing nulung bapak, ibu, lan awakmu saka bencana.
Dheweke sisan sing mbantu bapak lan ibu tangi tahajud saben wengi” Panjelase ibu ngenani
kucing tuwa iku marang apa sing arep daktakonake.

Sawise diterangake, kabeh ing ngimpiku tansah bener. Dadi impen kuwi dikirim
dening Gusti Allah marang aku kanggo njawab kabeh rasa iri lan kurang syukurku. Aku janji
bakal luwih apik lan bhakti kang tulus marang wong tuwaku. Lan luwih welas asih marang
kucing tuwa kaya kaluwargaku dhewe.

Anda mungkin juga menyukai