Anda di halaman 1dari 3

Nama : Selvi Anuri

Kelas : XII MIPA 5

No : 38

Geguritan

Batik

Batik iku bagus tur apik

Wong nganggo ora sethitik

Saka ngisor tekan dhuwur pada remen

Saka alit tekan gedhe pada temen

Batik pancen endah

Endah disawang , endah dirasani

Lumrah negara tangga pada ngiri

Pada lomba pengin nduweni

Padahal, wong manca wis ngakoni

Batik iku asli Nusantara

Batik ...

Warisan budaya sing kudu dijaga

Dijaga temenanan karo putra bangsa

Ora dienggo guyonan, ora dienggo dolanan

Amarga bisa bisaa kelangan

Aja nganti diaku-aku negara tangga

Bisa gela tekan besok tuwa


Nama : Selvi Anuri

Kelas : XII MIPA 5

No : 38

Ibu

Ibu....

Tetep sabar ngadepi nakal awakku

Tetep ngapurani salah polahku

Ngobati nalika aku lara

Nyemangati nalika aku tanpa daya

Tresna asih ibu

Ora ana kang bisa ngganteke

Kesabaran ibu kang kebak wutuh

Ora bisa daklaleke

Doa ibu kang tulus

Tansah ngiringi awakku

Pangorbanane kang tanpa wates

Ora bisa winales

Ibu ....

Aku mung bisa donga

Mugi Gusti tansah ngelindungi

Ugi maringi keslametan marang ibu

Commented [s1]:

Anda mungkin juga menyukai